Total Tayangan Halaman

Rabu, 24 Agustus 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (075)


 

75.

Sawise Lancur tak kandhani yen aku duwe kabisan sing bisa ndadekne ora bisa disawang dening mripat wantah lan bisa ndadekne barang apa wae ilang saka panduluning wong liya, mesthi wae ora tak kandhakne yen kuwi mau merga dayane Keris Kyai Bancik, Lancur seneng banget. Lan kanthi lega lila dheweke manut ing babagan andum gawe iki. Nanging Lancur kandha yen olehe arep mbuwang bangkene Suwela lan Makara sing wis tanpa sirah kuwi ngenteni mengko bengi yen wis wayah sepi uwong. Awan iki dheweke kepengin melu nandangi nyunduki sirahe Makara lan Suwela sarta vmanjer ing dalan prapatan, malah kepara aku mung dibagei supaya nyranani murih tandang gawe iki ora kaweruhan wong liya wae, dene kabeh gaweyan liyane arep ditandangi dening Lancur. Aku uga banjur nyaguhi panjaluke Lancur kuwi mau.

 

“Manawi makaten jengandika kasekecakna rumiyin anggenipun lenggah ing papan mriki, kula badhe pados bongkotan deling saha nugel gulune iblis kalih ingkang sampun dados bangke nika” kandhane Lancur karo ngadeg banjur menyat ninggalne aku.

 

Saungkure Lancur, mripatku bali  nyawang marang papane Ki Tanpa Aran sing mau glethakan ana pasir gisik kali karo dolanan ula bandotan. Aku ngadeg, Ki Tanpa Aran tak cedhaki. Jebul wong sing katone ora genep nalare kuwi lagi turu, malah ngorok sesenggoran, sauntara Ula bandhotan emprit sing wasis ngekrokne gulune kuwi gremetan ing awake. Ula kuwi kaya nurut sarandhuning awake Ki Tanpa Aran, wiwitane mlaku saka sirah banjur mudhun nganti tekan sikil, banjur mbali mlaku munggah maneh, karo ilate melet-melet. Aku banjur ngalih rada ngadoh, ora wani ngganggu wong sing lagi turu kuwi, mung sajroning ati rumangsa eram dene Ula bandhotan emprit sing kondhang galak lan duwe wisa sing bisa gawe patine sapa wae sing kena dicokot, katon lulut marang Ki Tanpa Aran.

 

Dumadakan saka kadohan lamat-lamat aku krungu suwarane wong sing lagi nembang, ngidungake pada Dhandhanggula :

 

Wiwit biyen tumeka saiki

Padha wae tekune manungsa

Yekti tan ana bedane

Kaya sing dadi atur

Dhuk ing kina marang Hyang Widhi

Yen penggawene jalma

Amung gawe kisruh

Dhemen ngutahaken ing rah

Amung awit nuruti pingining ati

Kuwasa lir Hyang Suksma.

 

Mung jalaran pengin nguwasani

Padha-padha titahing Hyang Suksma

Manungsa ilang sipate

Temah lali ing dhawuh

Sesanggeman kang den saguhi

Sadurunge tumitah

Wajib nyebar hayu

Hayuning rat saisinya

Saben ari wajib mbudi mring basuki

Basukining sasama

 

Tembang sing keprungu ora banter nanging cetha kuwi, cetha aweh pasemon marang lelakon sing lagi dumadi. Aku banjur kepengin ngerti sapa sing ngidungake tembang dhandhanggula iki?  Nanging kaya sing uwis-uwis, saben-saben aku krungu suwarane wong nembang ing papan sepi ngono kuwi, ajeg kangelan bisa ngerteni saka ngendi asale suwara. Aku banjur ngalih panggonan, mbok menawa suwara tembang kuwi ana candhake lan sokur-sokur yen aku banjur ngerti sapa sing ngidungake. Nanging sawuse aku ngalih panggonan suwara tembang kuwi wis ora keprungu maneh. Aku banjur golek sindhenan kanggo ngepenakke nggonku lungguh.

 

Karo lungguh sendhen watu gedhe sing ana pinggir kali kuwi, pikiranku nglangut mecaki lelakon sing taksandhang iki. Ya gene teka ana lelakon sing kaya mangkene iki? Ya gene kudu ana kraman sing kajaba gawe bedhahing Majapahit lan kendhange Kanjeng Sinuhun, uga gugure Rama Tumenggung lan tumpese Wa Anggara sakulawargane pisan?. Ya gene nggonku duwe gegayuhan bisa urip tentrem karo Andalu, gegayuhan sing prasaja ora sing neka-neka, jebul ora kasembadan? Malah Andalu kudu mungkasi uripe srana ngliwati dalan sing banget gawe ngeresing ati ?.

 

“Raden, kula pun Andalu ingkang sowan” dumadakan ing ngarepku katon Andalu teka karo mapan lungguh timpuh ngaturaje sembah marang aku.

 

“Andalu…….” Aku kaget, rasa seneng sakala ngebaki dhadhaku.

 

“Inggih Raden” wangsulane Andalu kanthi suwarane sing renyah “kula ngaturaken genging panuwun, dene Raden sampun kepareng nagihaken utangipun Ki Makara ingkang sampun damel sakiting manah kula”.

 

“Iya Nimas, kabeh mau tak lakoni ya awit saka rasa tresnaku marang sliramu sing ora bakal luntur nganti langit runtuh” wangsulanku karo ngesotne lungguhku kepengin ngusap sirahe Andalu.

Nanging Andalu ngendhani, karo mundur gegantilaning atiku kuwi banjur guneman :

 

“Inggih Raden, sanaosa taksih dereng timbang menggah kasangsayanipun Ki Makara manawi katandhing kalihan tumindakipun dhateng kula, nanging saestu kula sampun lega lan kula ngaturaken genging panuwun dhumateng jengandika Raden pangayoman kula ing donya ugi ing delahan, samangke Raden kantuna rahayu, Andalu tansah ngrantos jengandika ing korining tapet loka”

Bubar muni ngono kuwi, Andalu dumadakan ilang saka panduluku.

 

“Andalu….Andalu…….” ora krasa aku nguwuh uwuh nyeluki jenenge Andalu,

 

“Sampun Gus, sampun” dumadakan Lancur wis ngadeg neng ngarepku, banjur aku dirangkul kenceng, karo dikandhani “sampun kesangeten anggen jengandika mrihatosaken Nini Andalu, kula aturi pitados dhateng kula, Sedaya ingkang jengandika tindakaken tamtu kapirsanan dening Nini Andalu saking mrika, kula pitados bilih Nini Andalu sampun nicil ayem lan lega awit jengandika sampun saged males sakit lan lingsemipun Nini Andalu awit pakartinipun Makara ingkang murang tata”.

 

“Iya Ki Lancur” aku aweh wangsulan alon “lagi wae aluse Andalu teka ing papan kene, ngaturake panuwun marang aku awit wis klakon bisa males lara wirange marang  Makara. Nanging, durung tutug nggonku bisa sapajagong karo Andalu, Andaku wis nglungani, Andalu ngenteni tekaku ing korining Tapet Loka. Furung mari kangenku marang Andalu, Ki Lancur…….”.

“Sampun-sampun Gus, taksih wonten prakaryan ingkang kedah jengandika tindakaken murih sansaya leganing penggalihipun Nini Andalu, Gusti Tumenggung, Ki Kebayan Bulak Pandhe” kandhane Lancur ngelingake aku.

 

“Samangke kula nengga dhawuh jengandika Gus Wanda” kandhane lancur sabanjure “sirah kekalih sampun kula pisah saking badanipun, bongkotan deling kangge manjer sirahipun iblis kekalih menika ugi sampun samekta, sawanci-wanci Gus Wanda ngersakaken bidhal, sadaya sampun samapta”.

 

“Yen mangkono luwih becik budhal saiki wae Ki Lancur” kandhaku aweh wangsulan ngiras prentah marang Lancur ngajak budhal manjer sirahe Ki Suwela lan Makara ing dalan prapatan tengahing desa Bulak Pandhe.

 

Ora mbutuhne wektu suwe kanggo manjer sirahe wong loro kuwi, sedhela wis rampung tanpa ana sing meruhi jalaran sanajan ora adoh saka papan kanggo manjer sirah kuwi akeh warung sing rame merga wong sing padha blanja, nanging ora ana siji-sijia sing weruh apa sing ditindakne Lancur sing tak tunggoni. Pangaribawane Keris Kyai Bancik nyata kena diejibake temenan.

 

“Ketingalipun sampun cekap Gus” kandhane Lancur karo nyedhaki aku, sawuse anggone manjer sirahe Suwela lan Makara wis rampung.

 

“Cukup Ki Lancur” wangsulanku “saiki iki awake dhewe lan sirah loro sing ndika panjer kuwi durung ana sing bisa meruhi, mula muri hora konangan wong, ayo sumingkir rada ngadoh dhisik lan bakal tak bukak panyawange wong-wong sing liwat kene murih padha weruh yen ing pinggir dalan kuwi wis tinandur bongkotan pring sing nguwohne sirah”.

 

Sawise aku karo Lancur ngadoh lagi aku matah Kyai bancik supaya sirah loro kuwi bisa disawang nganggo mripat wantah. Lan klakon nalika ana wong sing weruh, sakala njerit kamigilan banjur bengok-bengok ngundang kanca-kancane. Ora suwe papan kono dadi rame, wong-wong padha kiaweden semu gila carup lan rasa giris, merga meruhi sesawangan sing oral umrah kuwi.

 

“Wis Ki, saiki ayo padha lunga saka kene” kandhaku marang Lancur “ndika bakal tak terne bali maneh marang papan pandhelikan ndika, lan sawise kuwi aku ya arep nerusne laku dhewe”.

 

Lancur ora wangsulan, dheweke ngerti nek wektu kuwi dheweke luput saka panyawange manungsa jalaran saka pangaribawaku, mula dheweke ya banjur mlaku nurut dalan sing mau diliwati, arep bali menyang pinggir kali maneh.

 

Ana candhake.

Selasa, 23 Agustus 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (074)



74.

Ana rasa gumun ing atiku nalika wong sing katone ora genep nalare kuwi caket banget karo aku, ingatase sandhangan sing dienggo ketok luthuh, reged, rambute kaya gimbal lan nganggo iket sing suwek rowak-rawek, kulite busik kaya duwe sisik, nanging saka ragane kuwi mijil ganda arum kaya gandane lenga saka kayu cendhana. Pancen satemene wis suwe aku weruh wong sing dening Lancur diwenenehi jeneng Ki Tanpa Aran iki, ya iku nalika aku isih mapan ing dalem Katumenggungan minangka putra angkate Rama Tumenggung, wong kuwi kerep mlaku liwat neng dalan lan kala-kala mandheg neng ngarep Dalem Katumenggungan, luru gogrokan woh pelem utawa jambu banjur dipangan. Nanging ya lagi dina iki aku lungguh cecaketan karo dheweke sing pranyata nduweni ganda sing kaya gandane cendhana.

 

Lagi wae aku ngrasakne gumune atiku, dumadakan saka waliking suket sing ana gampenging gisik kali kuwi, njudhul ula cilik rupane ireng lan ing tenggoke ana rupa putih, cetha nek iki ula mandi sing jeneng ula bandhotan emprit. Ula kuwi kaya uler kilan mletikne awake, pencolotan sing wekasane tumiba ing pangkone Ki Tanpa Aran, aku kaget lan nedya aweh pitulungan supaya ula kuwi ora nganti nyathek wong sing katone ora pati genep nalare kuwi. Nanging jebul aku kalah kebat, kanthi gampang Ki Tanpa Aran nyaut ula sing sajak galak kuwi, gulune ula dijepit nganggo driji panuding karo jempolane.

 

“Dadi uwong kuwi aja gampang gumunan. Mundhak gampang keblithuk dening sing satemene mung wewayangan semu” Ki Tanpa Aran grenengan dhewe, karo guneman ngono kuwi, ula sing dijepit nganggo driji banjur dilebokne menyang kanthongan amoh sing nemplek ing klambine. Aku dadi sansaya gumun, babar pisan ora jumbuh karo unining grenengane wong setengah tuwa kuwi.

 

“nDika kuwi rak putrane Gusti Tumenggung Jatikusuma ta Gus?” tanpa maelu karo gumuning atiku, Ki tanpa Aran dumadakan nakoni aku.

 

“Dede Ki” wangsulanku bares, tak sengaja nggunakne tatakrama sing jangkep, ya iku tatakramane wong nom guneman karo wong sing luwih tuwa “jejer kula namung putra angkat kemawon”.

 

“Ya wis” Ki Tanpa Aran guneman maneh sajak ora nggatekne karo wangsulanku “mbuh anak angkat mbuh anak tenan kanggoku ora ana bathi utawa tunane. Mung wae, minangka wong sing ndelok, aku duwe wewenang alok, ora nuturi uga ora ngongkon, merga aku dudu sapa-sapane sapa wae, aku mung alok lan ora mbutuhne dirungokne utawa ora dening sing tak lokne”.

 

Aku sansaya ora mudheng karo sing dikandhakne wong sing nyata-nyata katon yen ora pati waras iki. Ewa samono aku ora bisa ora migatekne karo apa sing lagi wae dikandhakne, aku duwe pangira yen tembunge wong setengah tuwa kuwi dudu tembung sing lumrah, nanging tembung sing ana gegayutane karo lelakon sing lagi tak sandhang.

 

“Nuwun sewu Ki” aku rada nyaketne lungguhku karo wong kuwi banjur takon “menapa ingkang ndika kersakaken kalihan ingkang nembe ndika dhawuhaken menika kala wau?”.

 

“He he he” Ki Tanpa Aran ngguyu banjur guneman maneh “menungsa kuwi neng ngendi-endi kok padha wae ya? Pengin ngerti sing durung karuwan yen ana sambung rapete karo uripe. Nek ndika takon karepku apa? Aku dhewe ora ngerti aku iki duwe karep apa ora, butuhku mung ngunekne suwara nganggo lambe, ya kuwi sing mau tak arani mung alok merga aku mentas ndelok”.

 

Alok merga mentas ndelok?” aku mbaleni tembunge wong kuwi, banjur tak tutugne nganggo pitakonan maneh “nDika nembe kemawon mirsani menapa Ki?”.

 

“Lha merga aku duwe mripat, ya kabeh wewayangan sing mampir ing mripatku gelem ora gelem ya mesthi tak delok ta Gus?” karo setengah nyentak Ki Tanpa Aran aweh wangsulan sing ndadekne aku sansaya ora mudheng karo omongane wong kuwi.

 

“nDika dadi bingung dhewe ta?” bubar nyentak Ki Tanpa Aran banjur takon karo ngguyu “aku dhewe ya kerep bingung kok. Saking kerepe aku bingung, suwe-suwe aku dadi wong sing edan utawa ora waras ngene iki. Nek ndika ora kepengin edan ya aja kerep-kerep rembugan karo wong gendheng. Wis aku arep ngglethak dhisik, aku ya ora butuh ngerti ndika karo Lancur kuwi arep menyang apa, merga kuwi dudu perkaraku”.

 

Bubar muni ngono kuwi Ki Tanpa Aran banjur mudhun saka watu sing dilungguhi, mapan ngglethak neng dhuwuring wedhi gisiking kali kuwi. Ula sing mau dilebokne kanthong klambine dijupuk banjur ditumpangne ing dhadhane. Ula bandhotan sing duwe wisa mandi kuwi banjur nggremet alon dlusupan ana klambine Ki Tanpa Aran sing rowak-rawek. Aku mung bisa nyawang karo ora ilang-ilang rasa gumunku.

 

Sawise ditinggal glethakan dening Ki Tanpa Aran, aku lagi kelingan marang Ki Suwela lan Makara sing mau diseret dening Lancur lan tekan kene kober dithuthuki tutuke nganggo pedhang banjur didublag pasir kali dening Lancur. Aku ngadeg arep ndelok kepiye kahanane wong loro kuwi. Wagune Lancur uga wis tanggap karo karepku, Lancur melu ngadeg, banjur nututi aku nyedhaki Ki Suwela lan Makara sing mau digletakne kira-kira let sepuluh jangkah saka papanku jagongan karo Ki Tanpa Aran.

 

Bareng tak delok jebul wong loro kuwi wis ora duwe ambegan kabeh, wis padha mati. Mripate melek amba, nanging sing rupa ireng ing maniking mripat ora katon, mripat kuwi ketok kaya mecothot arep metu saka tlapukane. Saka cangkeme sing kebak wedhi, katon ana rupa abang, wangune ana getih sing arep metu nanging katutupan wedhi, dadi ya mung ana getih sethithik sing ndlewer metu saka pinggir lambe.

 

“Ketoke wis padha mati kabeh Ki Lancur” kandhaku marang Lancur.

 

“Inggih Gus” wangsulane Lancur “estunipun dereng marem raosing manah kula, nanging jebul iblis kalih menika kaselak sami pejah saderenge ngraosaken pasiksan ingkang radi timbang kalih dosanipun”.

 

“Wis ora prelu digetuni, saiki tak kira luwih prayoga yen mayit loro iki enggal dirukti” kandhaku marang Lancur sing isih durung ilang cuwane kuwi “dipendhem ana ngendi becike?”

 

“Dirukti Gus?” Lancur takon semu ngece “boten pantes iblis menika dipun pendhem, kange nglegani bentering manah kula dhateng kekalihipun, bathang kalih niki badhe kula pocok gulune, mengke sirahe badhe kula sunduki mawi bongkotan deling lan kula panjer ing prapatan tengah dhusun mrika, murih dados pangeling-elingipun tiyang kathah, tiyang ingkang gadhah teku iblis kados Ki Suwela miwah Ki Makara ngaten menika, benjing badhe manggih lelampahan ingkang makaten menika. Lan badanipun mangke badhe kula bucal dhateng jurang, ing wana sakidulipun Bulak Pandhe mrika, murih dibadhog sato wana panunggalaning sima lan srenggala”.

 

Tak gagas-gagas apa sing dikandhakne Lancur kuwi mula wis trep nek Ki Suwela apa dene makara oleh piwales sing mangkono kuwi. Wewayangane Andalu dumadakan kumlembar ing angen-angenku, Andalu sambat-sambat nalika diprawasa dening Makara lan kanca-kancane. Andalu sambat njaluk sih kawlasan supaya ora dirusak kasucene, nanging mung diwangsuli karo guyu-guyu sangar guyune menungsa sing lagi kerasukan iblis. Wasana aku sansaya sarujuk karo karepe Lancur sing arep nyunduki sirahe wong loro kuwi nganggo bongkotan pring banjur dipanjer neng dalan prapatan tengah desa. Malah aku banjur duwe gagasan, nedya andum gawe karo Lancur, murih slameting laku lan ora konangan wong, Lancur wae sing mbuwang awake Suwela lan Makara menyang alas kidul ndesa, dene gaweyan manjer sirahe wong loro kuwi neng dalan prapatan, bisa tak tindakne kanthi gampang. Nganggo kekuwataning keris Kyai Bancik, gaweyan kuwi bisa tak lakoni tanpa dingerteni dening sok sapaa wae.

 

 

Ana candhake

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (073)

 


73.

Ki Suwela lan Makara sing isih durung bisa tangi lan sikile wis dicancang nganggo tampar lulup dening Lancur, nyawang marang aku karo sunaring mata nuduhne njaluk kawelasan. mBok menawa wae, jroning atine wong loro kuwi ana rasa kisruh jalaran nggambarake kaya apa dadine yen klakon diseret dening lancur digawa menyang pinggir kali kaya sing tak takokne marang Lancur iki mau.

 

“Anakmas Suwanda mugi wontena rasa kamanungsan dhateng kula, kula boten badhe suwala menawi kedah kapejahan wekdal sakniki ugi, nanging mbok inggiha sampun dipun siksa langkung rumiyin kados ingkang dipun aturaken dening tiyang nistha kados Lancur kala wau” kandhane Ki Suwela karo ambegan melar mingkus jalaran ngempet rasa lara ing awake.

 

“Sampun dipun rewes, ucapipun setan ingkang ableger menungsa menika Gus” sadurunge aku kober aweh wangsulan marang Ki Suwela, Lancur luwih dhisik nyaut gunem “estu badhe kula seret tiyang kalih niki dhateng tepining lepen, papan anggen kula ngingah lingsang saha slira ingkang sampun wancinipun kula sukani tedha”.

 

“Lancur aku njaluk ngapura…….” Makara sing maune mung meneng karo nangtis saiki kawetu kandhane njaluk ngapura marang Lancur “aku ngakoni luput lan dosa karo kowe Lancur, aku janji ora arep mbaleni tumindakku sing wis njalari sisihanmu tumekeng pati. Lan aku janji Lancur, yen kowe gelem aweh pangapura marang aku sarta gelem aweh kalodhangan marang aku kanggo urip, akua rep mertobat lan bakal nggugu sakabehing apa sing dadi prentahmu. Kajaba saka kuwi, separo saka bandha donya duwekku, kalebu para selirku, bakal tak pasrahake marang kowe kanggo nebus kaluputan lan dosaku”.

 

“Ora mung kuwi nak Lancur” Ki Suwela ngimbuhi rembug “separo saka kabeh kaduwekanku uga bakal tak pasrahne marang kowe. Kowe uga bakal tak pupu minangka anakku sing ing tembe mbesuke sing bakal maris kabeh duwekku samangsane aku kapundhut dening Dewa, nanging aku lan kakangmu Makara aja mbok siksa lan aja mbok pateni ya?”.

 

Keprungu ngasih-asih njaluk diasihi suwarane Ki Suwela karo Makara sing njaluk urip marang Lancur. Nanging Lancur malah ngguyu ngakak sajak ngece marang wong loro kuwi.

 

“nDika njaluk ngapura Ki Makara?” kandhane Lancur ing sela-selaning guyune “wiwit kapan ndika weruh lan ngerti tembung kuwi?. Satemene, nek aku ngono bisa-bisa wae aweh pangapura marang ndika Ki Makara, luwih-luwih marang Ki Suwela sing wis sepuh kuwi, tak umbara paling-paling ora nganti seket tahun ya wis bakal mati………”.

 

“Bener kuwi nak Lancur….” Ki Suwela nyaut rembuge Lancur “sliramu ora usah ndadak kangelan mateni aku, ora suwqe maneh aku mesthi wis mati kegawa saka umur sing wis tuwa iki. Najan ta mangkono, aku ora bakal blenja ing janji, separo saka kaduwekanku mesthi bakal tak pasrahne marang sliramu tenan, lan sliramu bakal dadi anakku sing wuragil……..”.

 

“Rembug kula dereng rampung Ki Suwela” Lancur wangsulan karo ngguyu “sing oten saged ngapura dosa ndika kalih Ki dosane ki Makara niku dede kula, nanging semah kula. Lan kula nggih boten ajeng mejahi ndika kalih Ki Makara, kula namung badhe nyukani tedha dhateng kewan ingon-ingon kula sing empun radi dangu luwe lan betah nedha perangan raganing manungsa sing asring kangge tumindak dosa lan nistha”.

 

Krungu anggone padha omong-omongan antarane Ki Suwela karo Lancur, satemene aku arep melu udhu rembug. Aku kepengin melehake Ki Suwela sing durung suwe nggone kandha yen gelem wae dipateni, nanging aja nganggo disiksa luwih dhisik. Nanging bareng krungu tembunge Makara sing nembung njaluk urip marang Lancur, banjur malih salin ukara. Ki Suwela melu-melu njaluk urip kanthi ngudhokne separo saka barang kaduwekane sarta arep mupu lancur dadi anak wuragile. Nanging durung kongsi lambeku menga, kedhisikan karo Lancur sing guneman marang aku :

 

“Nuwun sewu lan nyuwun pangapunten Gus, manga kula dherekaken pados papan ingkang radi ayom ing tepining lepen kilen mriku, ngiras nglaras gendhing-gendhing panembrama ingkang badhe dipun sekaraken dening semah kula kalih Nini Andalu saking alam antara mrika…….”.

 

Krungu jeneng Andalu diunekne dening Lancur, rasa sengitku marang Makara lan Ki Suwela bali murub ngobong kanepsonku maneh. Lan durung nganti aku aweh wangsulan marang Lancur, Lancur wis ndhisiki obah karo mlaku tangane nggeret tampar lulup sing wis nyencang sikile Ki Suwela lan Makara. Wong loro kuwi melung-melung sambat njaluk tulung, nanging lancur babar pisan ora ngrewes, malah saka lambene keprungu suwara gegandhangan ura-ura, kaya ura-urane kadang tani nalika lagi mluku lan nggaru sawahe ngana kae.

 

Olehe golek dalan Lancur tumuju pinggir kali kaya sing dikandhakne mau, jebul milih ngliwati panggonan sing akeh ri bandhil lan bebondhotan, kang mangkono mau sansaya ndadekne sengsarane wong loro sing diseret nganggo tampar lulup kuwi. Wekasane nalika lakune wis tekan nggon sing dituju, ya iku ing ngisoring jurang, ing gisiking kali, Lancur ngendhegne nggone mlayu. Nanging Ki Suwela lan Makara wis ora karuwan wewujudane. Kekarone padha olehe semaput lan ora eling. Semaput sing ora ethok-ethok, nanging semaput sing jalaran temen-temen ora kuwat lara . Wong loro sing wewujudane wis ora karuwan kuwi dening Lancur diseret nyedhak banyu. Lancur dhewe banjur nyemplung neng kali, Ki Suwela lan Makara padha disirati nganggo banyu kali.

 

Kesiram siratan banyu kali, wong loro kuwi wiwit eling. Nanging panggah durung bisa obah, mung sambate wae sing ngaruara nganggo suwara sing wis lirih banget. Upama aku ora kelingan sepira sedhih lan ngrekasane Andalu nalika diprawasa dening Makara lan Wa Nyai Kebayan sing dirodhapeksa dening Ki Suwela, kira-kira aku wis ora mentala nyawang kahanane  lan ngrungokne sambate wong loro kuwi. Nanging bareng aku kelingan panandhange Andalu lan tumindake wong loro sing wis nyidrani kasetyane marang Rama Tumenggung, sarta ngelingi yen wong loro kuwi wis aweh prentah supaya mateni aku, samangsa-mangsa aku teka ing Bulak Pandhe kene, sambat lan rerupane Ki Suwela lan Makara tak anggep ya mung lumrah wae.

 

Bareng Ki Suwela lan Makara wis wiwit eling saka anggone semaput, Lancur mencolot munggah, mentas saka kali. Suwela lan Makara sing ing sela-selaning sambate isih kober misuh-misuh sarta nyepatani Lancur, dicedhaki. Kaya mau, Lancur ndudut pedhang saka wrangkane, nggunakne gigire pedhang, lambene Makara lan Suwela banjur digedhig. Sisa-sisa untune wong loro kuwi padha prothol ketiban linger pedhange Lancur. Digedhig nganggo linger pedhang, wong loro kuwi ora meneng olehe sambat nanging malah sansaya banter anggone padha misuh-misuh lan ngucapne sepata marang Lancur. Lancur dadi kaya wong sing wis kesetanen, tangane loro pisan ngraup wedhi ing gisiking kali kuwi, genti-genten tutuke Syuwela lan Makara didublak lan dijejeli wedhi nganti kebak, ndadekne suwarane wong loro kuwi entek.

 

“Heh…heh…heh…. “ dumadakan ana suwarane wong ngguyu, sakala aku noleh menyang arahe suwara. Jebul ing saka dhuwur gampeng katon ana wong setengah tuwa sing rupane ora karuwan mencolot mudhun lan tumapaking sikile presis ing ngarepe Lancur sing lagi kesetanen ndublag Suwela lan Makara nganggo pasiring kali.

 

“Ki Tanpa Aran?” ora krasa aku nyebut jeneng kuwi alon.

 

“Nggih Gus” wong tuwaku semaur karo ngguyu “niku nami kula sing nyukani Lancur andhan jengandika niki. Sekedhap nggih? Kula ajeng omong kalih Ki Lancur riyin!”.

 

“Badhe dhawuh napa Ki?” Lancur gage takon.

 

“Cukup!” Ki Tanpa Aran wangsulan setengah nyentak “sedhela maneh wong loro kuwi modar dhewe, ndika tinggal, ayo njagongi Raden Bagus Suwanda dhisik, ngancani aku!”.

 

Bubar wangsulan ngono kuwi, Ki Tanpa Aran banjur mapan lungguh neng wedhen sacedhake anggonku ngadeg. Ngerti Ki Tanpa Aran linggih, aku ya banjur mapan lungguh marep marang wong sing kaya wong ora genep nalare kuwi. Lancur uga banjur melu nyedhak lan mapan lungguh ing cewdhakku.

 

 

Ana candhake.


Senin, 22 Agustus 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (072)


 72.

Sauntara Lancur leren anggone crita, mripatku genti ngulati Ki Suwela lan Makara sing durung eling saka anggone semaput, kekarone isih meneng ora obah. Najan ing ati ana rasa sujana, yen anggone meneng ora obah wong loro kuwi ora semaput temenan, nanging ngenteni lenaku kanggo mlayu utawa kanggo males nyerang aku, nanging aku ora pati kuwatir. Mula kekarone isih tak umbar ora tak uthik-uthik babar pisan.

 

“Pranyata anggenipun ngupakara ngantos kula saged pulih kados makaten menika mbetahaken wekdal ingkang radi dangu” Lancur nutugne anggone crita, kawigatenku mbalik marang critane Lancur maneh “lan nalika kula sampun mantun, kula pamitan dhateng ingkang ngupakara menika menawi badhe wangsul, nanging tiyang ingkang kados tiyang boten genep nalaripun niku suka wangsulan lan ngabari bilih kula sakniki sampun boten gadhah griya lan boten gadhah kulawarga malih jalaran griya kula dipun obong lan semah kula dipun bradhat dening brandhalan kengkenanipun Makara. Mila tiyang wau lajeng meling, mangke menawi kula mbetahaken papan kangge ngaso prayogi wangsul malih dhateng papanipun tiyang kasebat, inggih papan kangge ngupakara kula menika”.

 

“Lha wong sing aweh pitulungan marang ndika sing katone kaya wong ora genep kuwi satemene sapa?” aku nyelani takon.

 

“Dugi sepriki kula inggih dereng ngertos Gus” wangsulane Lancur, karo nutugne critane “jalaran saben-saben kula taken sinten piyambakipun menika, tiyang kala wau namung wicanten bilih piyambakipun menika namung kawulanipun Gusti lan dereng gadhah nami, Pramila lajeng kula sebat Ki Tanpa Aran”.

 

“Banjur ndika sida bali menyang omah ndika sing jare Ki Tanpa Aran wis diobong wonge Makara kuwi, apa ora?” aku takon maneh.

 

“Siyos lan kula lajeng ngertos bilih kawontenaning nagari Majapahit sampun ewah” wangsulane Lancur “kula mireng kabar bilih Gusti Prabu sampun kendhang jengkar saking praja jalaran nagari kabedhah dening wadya bala saking Keling, Gusti Tumenggung sakulawangsanipun sami gugur ing madyaning palagan lan rencang-rencang kula ingkang suwaunipun dados abdi ing dalem Katumenggungan sami dipun cepeng lan dipun kunjara malah ugi kathah ingkang sampun dipun pejahi dening mengsah ingkang sampun mimpang ing perang. Ingkang taksih gesang merdika Kantun titiyang ingkang manut dhateng ki Suwela saha Ki Makara, ingkang saguguripun Gusti Tumenggung dening Prajuriting mengsah kapitados nggentosi kalenggahan jengandika Gus Wanda”.

 

“Sing nggenteni kalungguhanku Makara apa Ki Suwela?” aku nyela takon.

 

“Ki Suwela ingkang kabantu dening Ki Makara, Gus” wangsulane Lancur “dene kalenggahan Tumenggung ketingalipun dereng wonten ingkang nyulihi, ngrantos dhawuh saking Kedhiri rumiyin”.

 

“Lha sawise ndika ngaweruhi kahanan sing wis owah ngono kuwi ndika banjur kepriye?” aku takon.

 

“Kula ngertos, bilih kula menika kalebet tiyang ingkang dipun mengsahi dening Li Suwela lan Ki Makara, mila dening tangga tepalih ingkang estunipun taksih setya dhateng Gusti Tumenggung lan sengit dhateng tiyang kalih menika, kula dipun criyosi supados ngungsi pados slamet rumiyin, ngiras pantes ngrantos wartos kunduripun Kanjeng Sinuhun saprelu ngrebat nagari saking pangwasnipun mengsah. Gandheng kula boten gadhah papan kangge mlajar pados gesang, lajeng kula mbalik wangsul tumut Ki Tanpa Aran ingkang manggen ing guwa ingkang mapan ing gampenganing lepen, boten tebih saking mriki, Saben dina kanthi sesidheman kula gresek tedhan ing sakanan keringipun lepen menika, andilalah niki wau pas kula medal pados tedha kula sumerep klebatipun Paman Dhukut Pekathik Katumenggungan ingkang kabaripun ical sareng lan guguripun Gusti Tumenggung, ing papan menika. Pramila lajeng kula purugi nanging boten wonten, malah kula sumerep jengandika nembe paring pangandikan dhateng iblis kekalih menika” Lancur mungkasi nggone crita.

 

“Hm………” aku unjal ambegan landhung sawuse ngerti lelakone Lancur sing uga wis cilaka merga panggawene Makara.

 

“Menawi kaparengaken kula badhe nyuwun palilah saking jengandika, Gus” Lancur dumadakan kandha yen arep njaluk palilah marang aku.

 

“Palilah baba pa Ki Lancur? Aku dhewe wektu iki wis ora kasampiran panguwasa apa-apa, malah kepara uripku ya ora beda karo ndika, ya iku dadi burone wong sing lagi menang perang, yen ana kurang bejane aku bisa kecekel lan dipateni dening Prajurit Kedhiri utawa Keling di dadekne pangewan-ewan kanggo nambahi kekesing atine para kawula ing Majapahit, mligine sing manggon neng Padhukuhan Bulak Pandhe kene” wangsulanku marang Lancur lan nggenahne nek aku wis ora wenang aweh palilah apa-apa sing gegayutan karo tata pengrehing praja.

 

“Kula ngertos Gus” wangsulane Lancur karo mesem pait “ingkang kula kajengaken, mugi kula dipun parengaken males rasa sakit miwah wirang kula dhateng Ki Suwela lan Ki Makara saderengipun tiyang kalih menika pejah ing asta jengandika, mbok menawi kanthi kula saged tumut mbales sakit wirang menika mange saged ndadosaken tetreming alusipun semah kula ingkang dipun pejahi dening Ki Makara sasampunipun dipun risak kasucenipun minangka semah kula”.

 

Aku ora enggal bisa aweh wangsulan marang panjaluke Lancur sing tak anggep lumrah kuwi. Jalaran sawise wong loro, Ki Suwela lan Makara padha semaput ngono kuwi, aku banjur rada repot olehku arep aweh panyiksan marang sakarone, kanggo nagihne lara wirange Andalu marang Makara lan lara wirange  Wa Nyai Kebayan marang Ki Suwela.

 

“Yen panjaluk ndika kuwi tak turuti, banjur apa sing arep ndika tindakne marang wong loro iki Ki Lancur?” sawuse meneng sedhela, Lancur banjur tak takoni.

 

“Estunipun tiyang kados Ki Suwela lan Ki Makara menika, ngantos dipun pejahi kaping satus kemawon dereng saged kangge nglunasi utangipun dhateng kula” wangsulane Lancur karo ngguyu pait “nanging kula sampun badhe trimah, menawi saderengipun tiyang kalih menika pejah, menawi langkung rumiyin kula saged makani kewan ingah-ingahan kula ingkang wujud Slira, kanthi ngrikiti pajaleranipun tiyang kalih menika”.

 

Lagi wae rampung olehe kandha Lancur nyebutake apa sing arep ditindakne, tanpa tak nyana babar pisan, dumadakan Ki Suwela lan Makara sing mau isih padha semaput banjur mletikne awake memburi lan tumuli bisa ngadeg, nadyan ora jejeg.

 

“Pancen Setan tenan kowe Lancur” karo ngadeg sing semu sempoyongan Ki Suwela misuhi Lancur “dumeh aku wis kaya mangkene, banjur kowe arep tumindak sing siya lan nistha kejem ngungkuli setan marang aku lan anakku Makara?. Titenana wae, kowe mesthi bakal tak gawe cilaka sing ngluwihi anggonmu arep gawe cilakaku iki mau!”.

 

“Ha ha ha……” Lancur ngadeg karo ngguyu “sing ndika kandhakne niku kuwalik Ki Suwela, dina niki lakone mpun benten kalih dina wingi lan wingenane, dina niki sing cilaka dede kula malih, nanging ndika kalih anak ndika niku. Ha..ha ….ha”.

 

Karo ngguyu ngono kuwi, dumadakan Lncur ngliga pedhang saka wrangka sing gumantung neng lempenge. Ki Suwela lan Makara sing adage durung jejeg kuwi dicedhaki, banjur disabet nganggo pedhang, nanging dipilih ora nganggo mripate pedhang sing landhep, dadi olehe nyabet nganggo gigire. Dadine kaya keneng sabetan teken wesi, Ki Suwela lan Maraka gentenan nggone rubuh neng lemah, golung koming kaya pitik disembeleh, karo melung-melung sambat lara, jalaran kekarone padha olehe wis pepes balung tangan prenah sadhuwure sikute.

 

Lancur ngguyu kaya kalegan atine, banjur ngetokne dhadhung tamparan saka lulup waru saka kanthongan klambine, sikile Ki Suwela lan Makara sing padha kroncalan kuwi disaut, banjur ditaleni kaprenah dhuwur polok.

 

“Nuwun sewu Gus Wanda” Lancur genti madhep marang aku karo kandha sawise rampung olehe naleni sikile wong loro kuwi “tinimbang ing mriki, mengke saged kadenangan tiyang, kula kinten langkung prayogi menawi  tiyang kalih menika dipun beta dhateng papan sacaketing sudhung kula kemawon”.

 

“Dadi wong loro iki arep ndika seret menyang pinggiring kali kono apa Ki Lancur?” pitakonku nggenahne karepe Lancur sing ngajak nggawa Ki Suwela lan Makara menyang papan sing kira-kira angel dingerteni dening wong liya.

 

 

 

Ana candhake

Minggu, 21 Agustus 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (071)


 71.

Rada sauntara suwene wong loro kuwi padha glenteran ana lemah angel anggone bisa tangi, pancen anggonku nyrampang sikile mau rada tak rosani. Nanging wangune wong loro kuwi uga isih lamur panyawange, mbok menawa saking anggone ngempet rasa lara sing tumiba ing saradhuning ragane, ketitik durung ana sing ngulati aku, kamangka aku isih ngadeg ana sacedhake lan wis ngatonake wujud sing bisa disawang nganggo mripat wantah. Mung pisuhe wae sing padha pating pecothot metu saka lambene Suwela lan Makara ngunekne tembung saru lan lekoh sing gawe gila saupama ana sing ngrungokne.

 

Aku banjur mlangkah maju, ngadeg neng kaprenah sisih ngarepe wong loro kuwi, banjur lon-lonan sirahe Ki Suwela tak jambak rambute, tak dengengekne mendhuwur murih wong kuwi bisa nyawang praupanku. Karo tak penthelengi.

 

“Elho…..?” Ki Suwela mbengok kaget bareng liringing mripate tempuk karo panyawangku.

 

“Menapa ndika pangling kalih kula Ki?” aku takon, nanggapi rasa kagete Ki Suwela nganggo suwara sing anyep, tanpa ana rasa seneng babar pisan.

 

“Niki Bendara saking jagad alus, menapa estu Raden Bagus Suwanda?” karo isih pringisan ngempet rasa lara Ki Suwela genti takon. Sauntara tak lirik Makara wiwit bisa tangi saka anggone glenteran, banjur mapan lungguh neng lemah klawan ngrekasa, mripate nyawang aku kanthi kebak rasa gumun.

 

“Sinten malih sing dadi Bendara ndika Ki Suwela?” aku wangsulan karo mesem ngece “wiwit wingi aku ngubengi Kutha raja nggoleki ndika lan anak lanang ndika sing tau dadi mitraku jaman aku ngawula ing Dalem Katumenggungan biyen, jalaran aku krungu warta sing digawa mBok Bakul, jare ndika lan Makara kepengin kepethuk aku? Malah saking anggon ndika kepengin ndika wis prentah marang para prajurit Keling supaya ngrewangi nggoleki aku? Nganti saben dalan mlebu menyang Padhukuhan Bulak Pandhe dijaga rapet dening Prajurit lan wong desa malah kuburan wae uga ora luput katut melu diuwasi dening andhahan ndika. Saiki bareng klakon kepethuk, malah pitakonan ndika keprungu aneh lan keneh-keneh? Ana apa Ki Suwela?”.

 

Akeh-akeh anggonku guneman, tak sengaja ora nganggo basa krama lan migunakne suwara sing rada sereng, murih wong kuwi ngerti nek aku iki wis dudu rewange maneh malah wis dadi mungsuh sing siaga mateni utawa dipateni.

 

“Nyuwun pangapunten Anakmas” karo gemeter Ki Suwela nyoba aweh wangsulan “inggih saderengipun kaparenga kula ngaturi kasugengan sarawuh jengandika ing papan mriki, salajengipun mugi anakmas Suwanda uninga, anggen kula kados makaten menika estunipun awit saking wontenipun prakawis aneh ingkang dumadakan kula panggihi lan prakawis aneh menika nyata boten saged kula mangertosi mawi nalar kula”.

 

“Wiwit biyen ndika kuwi pancen wasis yen olah rembug Ki Suwela” aku wangsulan sengol babar pisan ora nyambung karo apa sing lagi wae dikandhakne Suwela “sing baku esuk iki aku wis bisa ketemu karo ndika lan anak ndika Kakang Makara kuwi. Aku ngerti, yen ndika apa dene Kakang Makara duwe karep gawe cilakaku kanthi maneka cara klebu ngerigne prajurit kraman lan wong-wong ing padesan supaya nggoleki aku sing miturut kabar sing digawa telik sandi ndika, aku wis mlebu ing Desa kene. Mula saiki aku uga kepengin banget ngrampungne perkara antarane ndika lan anak ndika karo aku, ing kene dirampungne, aku apa ndika sakloron sing kudu koncatan nyawa. Nanging sadurunge ndika utawa aku sing tumekeng pati, aku bakal luwih dhisik malesake lara wirange Rama Tumenggung Jatikusuma marang Ki Suwela sing wis nyidrani kasetyane, malesake lara wirange Bapa lan Biyung Kebayan Bulak Pandhe marang ndika Ki Suwela sarta nagih utange Kakang Makara marang Andalu. Ngerti?”.

 

Kaya wis semayan sadurunge, krungu tembung sing tak kandhakne mau, dumadakan Makara sing wis bisa tangi lan lungguh neng lemah sarta Ki Suwela sing wis bisa tak lungguhne kanthi tak jambak rambute mau, bebarengan ndhengkluk lan bali rubuh neng lemah, ora obah, semaput. mBok menawa wae kang mangkono iku jalaran saking wedine lan rasa giris ing atine wong loro kuwi wis ora bisa disuyudi maneh. Aku dadi rada getun, nggetuni ya gene wong loro kuwi gampang temen anggone padha semaput lan ora eling apa-apa, dadi saupama tak pateni mesthi kanthi gampang matine, ora ndadak ngliwati panyiksa kaya sing wis tak tata lan tak rancang sadurunge.

 

“Nuwun sewu, kula ingkang sowan Gus Wanda……..” dumadakan ora tak ngerteni sadurunge, saka waliking grumbul ora adoh saka papan kono, mecungul banjur njrunthul sawijing pawongan sing banjur ndheprok neng ngarepku karo nyembah. Pawongan kuwi ketok ora karuwan rupane, awake kuru, sandhangan sing dienggo wis katon kumel, reged, rambute awut-awutan setengah gimbal. Bareng rada suwe tak waspadakne, aku lagi kelingan yen wong kuwi jebul Lancur salah sijine punggawa dalem Katumenggungan, andhahane Makara.

 

“Apa ora kleru panyawangku? Iki harak Ki Lancur sing tau dadi abdi ing dalem Katumenggungan bareng karo aku kae ta?” tembungku nakoni paraga sing lagi wae teka kuwi.

 

“Leres Gus” wangsulane Lancur karo rada ndengenek nyawang praupanku “kula abdi jengandika pun Lancur” .

 

“Lha Ki Lancur kok bisa tekan papan kene? Lan ya gene kahanane Ki Lancur dadi kaya mangkono kuwi? Beda adoh karo kahanane Ki Lancur sing tau tak ngerteni sasuwene iki?” aku banjur takon, kanggo sawantara kawigatenku marang Ki Suwela lan Makara sing wis kebacut semaput dadi rada klendran.

 

“Radi panjang wangsulan ingkang saged kula aturaken dhateng pandangunipun Gus Wanda makaten menika” wangsulane Lancur karo suwara sing serak “inggih kawiwitan saking kedadosan nalika kula kerengan kalih Ki Makara ing latar dalem Katumenggungan ingkang ugi kapirsanan dening jengandika Gus Wanda menika”.

 

“Iya, iya aku eling, jaman awake dhewe bubar niti priksa papan panggaotane Waraka sing disuwunake Layang Palilah lan arep diaturake marang Rama Tumenggung” aku kelingan sawengi sadurunge aku lunga ninggalne dalem Katumenggungan, didhisiki dening kedadeyan kerengan antarane Lancur karo Makara. Sing dadi jalarane amarga Lancur ora sarujuk yen Makara kepengin ngerteni isine lapuran marang Rama Tumenggung sing ndadekne Makara nesu.

 

“Lha piye kedadeyan sabanjure? Awit nalika kuwi aku banjur lunga saka dalem Katumenggungan nindakne jejibahan liya saka Rama Tumenggung” pitakonku sabanjure marang Lancur.

 

Lancur banjur ngandhakne, yen sedina sawuse dheweke kerengan karo Makara sing banjur dipisah dening Ki Kebayan Bulak Pandhe kae, omahe Lancur ditekani wong brandhalan sapirang-pirang  sing jebul kongkonane  Makara. Lancur dikrubut lan banjur dipilara nganti ora bisa obah. Bojone dibradhat lan digawa lunga dening para brandhalan mau. Sauntara lancur diseret banjur dibuwang neng kali turute kali sing ora adoh saka papan sing saiki tak pidaki.

 

“Sakniki kula sansaya manteb kalih kapitayan bilih pati uripe manungsa menika estu ing astanipun Hyang Ingkang Maha Gesang, Gus Wanda” Lancur nutugne anggone crita “kula ingkang sampun dipun kinten pejah dening para brandhalan nalika samanten lan dipun buccal dhateng lepen kilen niku, jebul taksih manggih pitulungan saking Hyang Agung. Kula dipun panggih dening satunggaling tiyang ingkang asring saba ing sakanan keringipun Dalem Katumenggungan, gresek tetedhan, nanging titiyang sami boten wonten ingkang ngertos nami saha griyanipun, awit tiyang menika kathah ingkang mastani bilih tiyang ingkang boten waras nalaripun utawi tiyang ingkang edan. Lha dening tiyang kala wau, kula dipun beta dhateng panggenanipun lan dipun upakara ngantos garing tatu-tatu ing saranghuning badan kula, saha pulih tenaga lan kekiyatan kula”.

 

Lancur leren sedhela anggone crita, nelesi gorokane sing garing, sarana ngulu idune dhewe. Aku dhewe banjur manthuk-manthuk jalaran rumangsa eram karo apa sing dicritakne Lancur lagi wae iki mau lan mesthi wae aku ya banjur kepengin krungu apa sing dadi bacutaning critane Lancur sing dumadakan marani aku nalika aku arep nindakne petung karo Ki Suwela lan Makara. Aku duwe pangira yen critane Lancur iki mengko bakal ana sambung rapete karo lelakon sing arep tak tindakne.

 

 

 

Ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (070)


 


70.

Amarga nggagas pidana apa sing trep kanggo iblis sing awujud manungsa loro kuwi, aku rada suwe ora guneman apa-apa. Ki Suwela lan Makara sing isih lungguh ndheprok neng lemah karo ndhingkluk marikelu ing ngarepku, wangune uga nggagas yen aku wis bisa nampa pawadan sing dikandhakne kanggo nyelaki tumindake sing lekoh lan njenjemberi kuwi. Ketitik nalika tak lirik, kekarone padha meneng lan wis ora suntrut banget kaya mau. Kang mangkono kuwi, nyata nambahi rasa pangigit-igitku marang Suwela lan Makara sing temen-temen julig lan ora duwe jiwa satriya babar pisan.

 

“Suwela lan kowe Makara” aku banjur guneman, tembungku tak sareh-sarehne “sawise ngrungokne kabeh sing mbok critakne iki mau, aku banjur duwe dudutan yen satemene anggonmu wong loro wis tumindak sing nyebal saka angger-anggering kamanungsan, mligine sing mbok tindakne marang kulawargane Ki Kebayan lan Gusti Tumenggung, kuwi mung sabab saka kapeksa. Jalaran sabab sira sakloron nglakokne prentah sing mbok anggep prentah saka bendaramu, mula miturut panemumu upama ana walat lan pidanane dudu sira sakloron sing kudu nampa luwih-luwih kulawarganira, nanging walat utawa pidana kuwi kudune ditibakne marang sing wis mrentah sira sakloron. Apa ya mangkono he?”.

 

“Tuhu wicaksana ingkang jengandika dhawuhaken menika dhuh Bendara” Suwela wangsulan karo nyembah sajak atine wiwit nicil ayem, merga krungu dudutan sing tak kandhakne iki mau “lakar kados makaten kanyatanipun, nanging kula ugi ngrumaosi bilih ambok bilih kula lan anak kula pun Makara ugi kapidana, kula ugi sampun saged nglenggana namung kemawon dhumawahing pidana kedah linandhewsan kukum adil jumbuh kalihan sepinten dosa lan kalepatan ingkang kula lampahi ingkang jejer namung minangka pirantining para prajurit saking Kedhiri lan Keling”.

 

“He he he wasis wicaramu, manis tetembunganmu Suwela” aku wangsulan karo ngguyu lirih, ngempet kanepson sing wis ngobong jantungku “sumurupa yen aku nggugu marang apa sing sira kandhakne iki mau, aku dadi ngrumangsani yen jejerku neng kene iki ora beda karo jejermu sing mung piranti, ora duwe wewenang apa-apa kajaba mung ngemban prentah ngayahi wajib sing didhawyuhne dening bendara. Mula dina iki aku njaluk marang sira sakloron ngenteni ana kene, aku arep ngadhep bendaraku lan ngaturake kabeh apa sing wis tak rungu saka kowe, ngiras pantes nyadhong dhawuh pidana apa sing kudu tak tibakne marang Ki Suwela lan Makara sing jebul mung piranti iki. Kepiye?”.

 

“Kula kekalih namung saged ndherek menapa ingkang jengandika dhawuhaken Bendara, jer nyatanipun kula kekalih sampun ing sangandhaping pangwasa jengandika” Suwela wangsulan praupane nuduhne yen atine wis wiwit ayem.

 

“Sokur yen kowe wong loro wis ngrumangsani, kalungguhanmu wektu iki sing wis sajroning pangwasaku. Mula yen nyatane mengko sira sakloron wani-wani nyidrani apa sing wis sira kandhakne, mangka aja takon dosa”.

 

Bubar wangsulan ngono kuwi aku banjur mlaku ngalih, wong loro kuwi tak tinggal. Lan nalika tekan waliking watu sing sak gajah gedhene, sing ngaling-alingi panyawange wong loro kuwi marang blegerku, aku banjur ngecakne pangaribawane Keris Kyai Bancik sing bisa nyingidake wujudku saka panyawange manungsa wantah.  Aku tumuli mencolot menyang dhuwuring watu sing mau tak enggo lungguh, karo nggagas ngrancang anggonku bakal aweh pasiksan marang Suwela lan Makara kanthi pasiksan saabot-abote, sing mbok menawa wae pasiksan sing luwih dening kejem sing durung tau dicakne dening sapa wae. Karo ngangen-angen rancanganing pasiksan sing arep tak tibakne marang wong loro kuwi, mripatku ora kendhat nguwasi saparipolahe Suwela lan Makara, kupingku tansah tak tilingne kanggo ngrungokne apa sing bakal diucapake wong loro kuwi sasuwene api-api tak tinggal lunga.

 

“Menapa awakipun piyambak estu saged pikantuk pangapura saking dhemit kala wau Rama?” dumadakan Makara takon marang bapakne.

 

“Aku dhewe ora wani ngejibne Makara” wangsulane Suwela alon “sing baku awake dhewe kudu golek slamet luwih dhisik”.

 

“Pados slamet kados pundi Rama?”.

 

“Satemene nggonku ngulur wektu kanthi crita akeh-akeh mau, jalaran aku weruh pangapesane para dhemit ing wanci srengenge isih katon ngene iki” Suwela ngandhani anake “ya iku dhedhemit kuwi ora kuwat lan ora pati betah nahan hawa panasing srengenge, mula saupama iki mau dhedhemit sing memba warna wiwit saka wujud Kebayan Bulak Pandhe, Tumenggung Jatukusma lan wekasan memba dadi pekathik Dhukut mau, ora enggal lunga saka kene mesthi bakal lebur awit saka panasing srengenge”.

 

“Menapa leres makaten Rama?” Makara takon semu ora percaya.

 

“Iya aku nate dicritani dening Ki Jumok , Dhukun Prewangan sing dadi pujanggane kulawargane dhewe kae bab perkara iki” wangsulane Suwela manteb “sadurunge ngilang Dhedhemit mau meling marang awake dhewe supaya ngenteni neng papan kene lan aku uga wis nyaguhi”.

 

“Dados awakipun piyambak panggah mapan ing mriki ngrantos duginipun dhedhemit kala wau Rama? Ngantos benjang menapa? Menapa ngantos mangke sasampunipun srengenge serap?” Makara takon maneh “raosing badan kula sampun oten kanten-kantenan, otot, balung lan daging sarandhuning badan kraos sakit sedaya, sirah ugi tansah klemun-klemun, sakedhap-sakedhap kraos mumet ingkang boten kantenan, kula boten mangertos badhe kados pundi kedadosaning raga kula menawi boten tumuli pikantuk usada”.

 

“He he he……” sanajan ketara yen wis ora duwe tenaga Suwela meksa awake kanggo ngguyu lirih, banjur wangsulan karo mesam-mesem “aku karo kowe iki manungsa sing duwe nalar jangkep Makara, bisa nggunakne utek kanggo mikir, ora kaya dhedhemit sing goblog mau he he he”.

 

“Kersanipun Rama?” Makara durung mudheng karo sing dikarepne wong tuwane.

 

“Dhedhemit mau saiki wis bali menyang papane sekawit, miturut petunganku dheweke mesthi banjur mulihake tenagane sing kebacut diobral neng ngarepe awake dhewe mau. Dadi saiki awake dhewe kudu enggal lunga ninggalne papan kene, kaya sing tak kandhakne neng ngarep, awake dhewe kudu golek slamet luwih dhisik” Ki Suwela banjur ngadeg, isih katon ngrekasa anggone bisa ngadeg kanthi jejeg.

 

“Ayo saiki awake dhewe marani Kaki Jumok, njaluk tulung supaya dipageri nganggo ngelmune, murih dhedhemit mau lan kanca-kancane padha bawur matane temah ora ana sing padha weruh marang awake dhewe lan kabeh kulawargane dhewe” kandhane Suwela ngajak anake ninggalne papan kono lan golek pitulungan marang papane Dhukun Prewangan sing dadi pujangga kulawargane.

 

“Menapa Ki Jumok, kinten-kinten saged mrantasi prakawis menika Rama?” karo melu ngadeg sing sajak ngrekasa, Makara takon.

 

“Mesthi bisa” wangsulane Ki Suwela “biyen kedadeyan kaya mangkene iki tau tak alami, ya iku nalika jaman aku negori wit-witan ing kebon Sigitan biyen, sing kayu-kayune tak enggo bebalungane omah sing saiki dadi lumbung kae. Nalika samana, dhedhemit sing manggon neng wit-witan kuwi padha ngamuk lan gawe geger ing omahe dhewe , malah meh wae kowe lan sedulur-sedulurmu arep didadekne tumbal dening para dhedhemit sing omahe tak obrak-abrik kuwi. Nanging awit oleh pambiyantune Kaki Jumok, dhedhemit sing ngamuk kuwi padha dilumpuhake lan digawe bawur mripate, sing wekasane sawuse dingapura dening Kaki Jumok dhedhemit kuwi padha kanthi lila legawa ngalih panggonan rada ngadoh mapan ing wit gedhe sing dituduhne dening Kaki Jumok. Dadi nek mung ngadhepi dhedhemit sing mendho kaya sing lagi wae kawanen iki mau, tak kira luwih gampang tumrape Kaki Jumok”.

 

Krungu olehe padha rembugan antarane Suwela lan anake ngono kuwi mau, cetha yen wong loro kuwi pancen wis ora kena digawe becik maneh. Kudu tumuli disirnakne saka lumahing bumi iki muri hora sansaya ndadra nggone padha nyebar duraka. Nanging sadurunge mati, wong loro kuwi kudu ngrasakne lara lan wirang sing tanpa upama luwih dhisik.

 

Karo ngatonake wujudku sing asli ya iku wujude Raden Suwanda, aku mencolot. Sikile Ki Suwela lan Makara sing mlaku klawan ora jejeg kuwi tak srampang nganggo sabetaning sikilku saka mburi. Wong loro tiba glangsaran ana lemah, banjur padha misuh-misuh, awit ngira wis ana sing nggangu gawe marang dheweke.

 

 

 

Ana candhake.

 

 

 

 

 

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...