Total Tayangan Halaman

Jumat, 02 September 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (086)



86.

Aku ora tumuli aweh wangsulan marang pitakone Ki Tanpa Aran kuwi. Jalaran aku isih nggagas, kono kuwi papan ngendi?. Nek nitik ana Ki Tanpa Aran lan Ki Lancur sing mrepegi aku, kira-kira wae anggone Kang mBok Setyawati mbalangne ragaku mau, nganti tekan laladan sing ora adoh karo Padhukuhan Bulak Pandhe sing isih cedhak karo Kutha Majapahit. Nanging mosok iya? Aku disawatake nganti samono adohe? Antarane papan sing disebut klawan jeneng Taman Sendhang Pangayoman karo Kutha Majapahit kuwi adoh banget, yen diparani sarana laku ndharat bisa mbutuhake wektu sepuluh dina luwih.

 

“nDika kuwi isih waras Gus” Ki Tanpa Aran sing pitakone durung tak wangsuli kuwi guneman maneh “upama mencelate raga ndika kuwi nganti tekan Majapahit utawa Bulak Pandhe, mesthi wis ora wutuh maneh. Dadi ndika saiki iki ya isih mapan sing ora adoh karo panggonane wong ayu sing ndika gandrungi kae mau”.

 

Jebul Ki Tanpa Aran nyata wong sing waskitha tenan, tanpa ana sing ngandhani wong sing ketoke ora genep nalare kuwi ngerti sing lagi tak gagas, malah dheweke uga ngerti yen satemene aku banget kayungyun ndulu kasulistyane sedulurku tunggal guru kae.

 

“Ngaturaken genging panuwun awit katranganipun Kyai” aku guneman minangka wangsulan marang apa sing dikandhakne Ki Tanpa Aran lagi wae mau.

 

“Satemene panuwun kaya sing ndika kandhakne kuwi ora pati ana gunane Gus” wangsulane Ki Tanpa Aran karo cengar-cengir “jalaran aku ora mbutuhne, nanging kareben kaya lumrahe wong sing waras nalare, panuwun ndika wis tak tampa. Saiki aku genti sing arep takon, sanajan wangsulan saka pitakonku iki mengko ya ora ana gunane kanggo aku, dadi upama ora ndika wangsuli utawa wangsulan sing ndika wenehne ora jumbuh karo sing ana angen-angen ndika, aku ya ora apa-apa”.

 

Wong setengah tuwa kuwi kumat maneh, omongane dadi sakarepe dhewe. Nanging aku ngerti yen satemene apa sing ana waliking ukara sing diucapake dening Ki Tanpa Aran kuwi ana bab-bab sing satemene wigati. Mula kanthi kurmat aku banjur wangsulan klawan blaka :

 

“Kula badhe nindakaken lampah kados ingkang dipun dhawuhaken dening Kang mBok Setyawati, kados ingkang sampun ndika pirsani Kyai”

 

“Sapa sing ngandhani ndika yen aku wis ngerti omongane Setyawati marang ndika kuwi? Aja kemeruh marang apa sing satemene ora ndika weruhi Gus!” Ki Tanpa Aran guneman karo nyentak krungu wangsulanku sing mangkono kuwi mau.

 

“Inggih nyuwun pangapunten Kyai” aku wangsulan alus “mila boten wonten ingkang nyriyosi, namung awit saking panginten kula kemawon, ingkang adhakanipun ndika sampun pirsa sanadyan boten wonten ingkang atur uninga”.

 

“He he he he” Ki Tanpa Aran ngguyu karo cengar-cengir “ya ngono kuwi kawitane dadi wong gendheng kaya aku iki, seneng percaya marang pangira sing durung nyata mung wewaton pakulinan, nek ndika kepengin sansaya edan ngono kuwi becik banget ditutugne, mengko suwe-suwe ndika rak kaya aku iki he he he”.

 

“Nyuwun pangapunten Kyai” aku gage wae njaluk ngapura lan nyritakne kanthi bares apa sing kudu tak lakoni “estunipun anggen kula dhateng Kraton Katentreman kala wingi menika rak inggih kados ingkang sampun kula aturaken dhateng ndika nika, inggih menika badhe netepi sesanggeman dhateng Kang mBok Ratu. Nanging jebul kula kaanggep lepat, jalaran sampun nerjang pepacuh, damel pejahipun Ki Suwela lan Makara. Wekasan kangge nebus kalepatan kasebat, kula kedah nindakaken lampah Sabar Narima, ingkang dangunipun sekawan dasa dinten kapetang wiwit dinten menika”.

 

“Heh…heh…heh….” Ki Tanpa Aran ngguyu maneh “wong kaya Setyawati ngana kae, rumangsane dheweke ora tau tumindak luput. Dadi nek ana wong kleru gage wae anggone ngluputake, sansaya yen kasampiran wewenang aweh pidana. Kamanga nek nek tak gagas, lakon sing kudu ndika lakoni kuwi kuwih abot tinimbang laku sadurunge. Nanging bawane ndika wis kadhung kayungyun marang pasuryan, dedeg piadeg lan slaga sing memper karo praupan lan solah bawa sing dadi duweke anak prawane Ki Anggara, ndika tanpa mikir dawa tumuli nyaguhi ngono wae. Apa ndika kira-kira kuwawa nindakne laku kuwi kanthi becik lan bener ?. Atake, tiwas ndika lakoni ngaya-ngaya jebul isih diluputne maneh dening Ratu Kraton Katentreman, sing semuci-suci kae?”.

 

Ditakoni ngono kuwi, aku ora bisa aweh wangsulan. Tak gagas-gagas pancen ya ana benere apa sing dikandhakne Ki Tanpa Aran kuwi. Banjur yen aku wis rampung nindakne laku patang puluh dina nanging meksa dianggep durung bener dening Kang mBok Setyawati, mangka gelem ora gelem aku kudu nglakoni maneh laku panebusing kaluputan sing dikandhakne Kang mBok Ratu luwih abot lan luwih suwe maneh nganti matikel-tikel yen ditandhing karo lakon sing lagi wae arep tak ayati iki. Yen mangkono banjur besuk kapan aku bisa kasembadan nampani tuntunan kanggo nyampurnakne ngelmu Sejatining Sih peparinge Kanjeng Eyang Doradruwasa?.

 

“Aku satemene bisa wae aweh pitutur marang ndika, gegayutan karo laku sing kudu ndika lakoni iki Gus” bareng nganti suwe aku ora bisa mangsuli pitakone, Ki Tanpa Aran banjur guneman maneh “nanging aku wedi marang walat, kuwalat merga saka nggonku kumenthus, wani nuturi siswane Resi Suci Doradruwasa sing kabare wis makahyangan, kamangka sing tak tuturi kuwi ya dudu apa-apaku, dudu muridku pisan”.

 

“Menawi makaten menapa Ki Tanpa Aran kersa nampi saupami kula nyuwun murih saged dados siswa jengandika? Saestu kanthi suka gembiraning manah kula badhe nglampahi sedaya dhawuh jengandika Kyai, menawi kula saged katampi dados siswa jengandika” gage wae aku matur, kepengin maguro marang Ki Tanpa Aran.

 

“nDika kepengin dadi muride wong ora waras kaya aku iki?” Ki Tanpa Aran takon karo gumuyu nyekikik.

 

“Kula boten mastani jengandika menika gerah engetan Kyai” wangsulanku alus “lan kula boten badhe mirengaken kojahing tiyang sanes ingkang badhe mada dhateng kula, bakenipun kula sampun pitados bilih kangge nggayuh kasampurnaning gesang menika kula kedah meguru dhateng jengandika Ki Tanpa Aran”.

 

Bubar guneman ngono kuwi aku banjur sujud ing ngrasane Ki Tanpa Aran karo matur :

 

“Dhuh Guru, kaparenga nampi sembah pangabekti saking siswa jengandika pun Suwanda”.

 

“Menawi Gus Wanda ingkang dereng dangu anggenipun tepang kalih ndika, sampun katampi dados siswa, mangka kula ugi nyuwun murih kula ugi saged dados siswa ndika Ki” dumadakan Lancur sing wiwit mau mung meneng wae, bareng weruh aku sujud ing ngrasane Ki Tanpa Aran banjur melu ndheprok banjur niru lekasku, sujud lan njaluk supaya ditampa dadi siswane wong sing kerep ngaku yen duwe nalar ora pati ganep kuwi.

 

“Edan….edan…edan…..” Ki Tanpa Aran grenengan dhewe “kabeh-kabeh wis padha arep edan, merga padha niyat meguru marang wong edan. Nek ngene iki apa ora edan tenan?”.

 

“Guru mugi kaparenga nampi sembah kula pun Suwanda” isih karo sujud aku matur.

 

“Inggih Guru, mugi sembah kula pun Lancur” Lancur nerokne apa sing lagi wae tak kandhakne.

 

“Iya-iya, iya” Ki Tanpa Aran ngguyu ngakak banjur aweh wangsulan “wis tak tampa kabeh, saiki ndika wong loro wis dadi muridku lan wiwit dina iki ndika wong loro wis tak idini sinau dadi wong gendheng kaya aku. Saiki ndika gek padha tangi kabeh merga ora ana gunane suwe-suwe sujud ngono kuwi”.

 

Aku banjur tangi, mapan lungguh, timpuh ing ngarepe Ki Tanpa Aran, Guruku. Lancur uga banjur tumindak sing padha, lunguh timpuh ing prenah mburiku.

 

“gandheng Gus Wanda saiki wis dadi muridku, mangka aku arep aweh tutur, ya kuwi pituture wong edan marang wong gendheng, sing ana sambung rapete karo laku sing didhawuhake dening wong ayu sing jarene duwe nalar sing waras, nanging satemene dhawuh sing diucapake cengkah karo lakuning nalar sing isih waras” Guruku Ki Tanpa Aran banjur wiwit guneman, arep aweh pitutur marang aku, magepokan karo laku sing kudu tak lakoni dhawuh saka Kang mBok Ratu Setyawati.

 

 

 

Ana candhake

Kamis, 01 September 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (085)


85.

Nganti rada sauntara Kang mBok Setyawati mung kendel karo mesam-mesem dhewe sing nuduhake rasa seneng ing sajroning atine. Sanadyan satemene aku ya ora ngerti apa sing ana sajroning atine Ratu ing Kraton Katentreman iki, nanging pikiranku dadi sansaya nglambrang tekan ngendi-endi. Ing atiku tuwuh pangarep-arep sing ora ana sambung rapete karo sing lagi wae dadi rembug antarane aku karo Kang mBok Ratu. Tuwuhing pangarep-arep ing ati iki, iya jalaran saka saking kepengine atiku sing kayungyun marang kasulistyaning sedulur tunggal guru iki, bisa jumbuh karo sing dikarepake Kang mBok Setyawati. Lire bisaa atiku lan atine Kang mBok Ratu jumbuh lan nunggal karep, aku kapencut marang Kang mBok Setyawati lan Dheweke uga kasengsem marang aku. Kuwi pangarep-arep ing atiku sawuse weruh eseme wong ayu sing pait madu iki.

 

 “Sepisan maneh pun kakang arep takon” nalika angen-angenku wis adoh olehe klambrangan dumadakan Kang mBok Setyawati ngajak guneman “apa sing dikandhakne Dhimas Suwanda lagi wae iki mau bisa tak percaya? Lire, Dhimas Suwanda temen bakal nindake sarat masrut sing bakal tak kandhakne murih Dhimas bisa nampani tuntunan kanggo ngaweruhi Ngelmu Sejatining Sih kuwi?”.

 

“mBok inggih Kang mBok Ratu sampun sanget-sanget anggenipun cubriya kalihan kula” aku wangsulan karo mesem “sanadyan kados menapa, kula menika jejering satriya ingkang kedah saged bawa leksana. Liripun, menapa ingkang sampun kula aturaken tartamtu badhe kula wujudi, sanaosa kedah mawi pangurbanan, sampun malih namung dumugi sakit sanaosa ngantos pejah, kula boten badhe blenja ing kasagahan”.

 

“Bagus!” Kang mBok Setyawati ngalembana, banjur nutugne rembug “jalaran ngene ya Dhimas, yen kongsi si adhi blenja marang kasaguhan, kuwi bisa ndadekne Si Adhi kaanggep luput, lan kanggo ndandani kaluputan kuwi mbutuhake pangorbanan sing gtedhene tikel tekuk saka gedhening pangorbanan sing dadi sarat masrut sing bakal tak kandhakne lan bakal ditindakne Dhimas Suwanda dina iki”.

 

“Inggih Kang mBok” wangsulanku manteb “suwawi enggala kadhawuhaken, menapa ingkang kedah kula lampahi? Kula aturi pitados, sawanci-wanci sampun cetha dhawuhipun Kang mBok Ratu dhateng kula, mangka sanadyan kedah colok lintang sambung obor, dhawuh menika tartamtu kula lampahi” .

 

“Yen mangkono” Kang mBok Ratu wiwit ngadhakne sarat masrut kanggo nebus kaluputan sing wis tak lakoni ya iku gawe patine Ki Suwela lan Makara wingenane kae “kang sapisan, Si Adhi prayoga ngeremne netra, nyawijekne pangrungu, muri hora tumpeng suh nggone Dhimas Suwanda nampa dhawuh sing bakal tak kandhakne”.

 

“Sendika ngestokaken dhawuh” aku wangsulan banjur wiwit ngeremne mripat, nyawijekne pangrungu, mung mligi arep ngrungokne apa sing bakal dikandhakne Kang mBok Setyawati.

 

“Kanggo ngresiki dosa sing wis kebacut dhimas lakoni” Kang mBok wiwit ngandhakne sarat masrut sing mau dikandhakne, sawise aku meneng karo merem “Dhimas kudu nindakne laku sabar lan narima. Lire Dhimas kudu bisa mujudne urip kanthi nglakoni : kang kapisan lila lamun kelangan nora gegetun. Kapindhone trima yen ketaman sakserik sameng dumadi. Dene jangkepe kang kaping telu yaiku Legawa nalangsa lan pasrah marang purbaning Hyang Suksma. Sartane Dhimas kudu tansah ngugemi gegebenganing kapitayan lamun apa kang ana lan dumadi sarta kang tumanduk marang Dhimas Suwanda, kabeh kuwi ora ana sabab liya kajaba mung awit saka kersa Hyang Kang Maha Agung kang tan pisan-pisan kagungan kersa gawe cilakaning titahE. Mula bener laku kang bakal dhimas tindakne iki satuhune laku langgeng kang kudu linakonan dening sanggyaning titah kang murih marang katentremaning urip lan jatining kamulyan langgeng, nanging mung titah kang piniji nampa nugraha wae sing bisa nglakoni, jalaran titah sinandhangan sipat lali iya lali kang tekane awit saka pambujuking hawa nnapsu patang prakara. Mula murih akeh elinge lan sethithik laline, sajroning patang puluh dina iki Dhimas kudu bisa nindakne laku mau lan ora kena lirwa sethithik-sethithika. Lan panggonan kangge nindakne laku patang puluh dina kuwi ora ana ing kene, nanging ing sajabaning wewengkon Kraton Katentreman lan Taman Sendhang Pangayoman. Yen ta apa sing tak kandhakne iki mau temen-temen bisa Dhimas wujudi, mangka sawise lepas saka wektu patang puluh dina,  tanpa Dhimas jaluk, Dhimas bakal katuntun mlebu ing Kraton Katentreman liwat dalan Taman Sendhang Pangayoman lan ing kono bakal tak wiwiti anggonku aweh tuntunan marang Dhimas Suwanda murih ngaweruhi Ngelmu Sejatining Sih. Kajaba saka iku, Dhimas uga bakal nampa kanugrahan agung saka Hyang Suksma Kawekas lumantar pun kakang, embuh apa lan kaya apa wujude pun kakang durung ngaweruhi”.

 

Kang mBok Setyawati mandheg olehe ngandhakne sarat masrut sing kudu tak lakoni. Nanging aku durung wani nyelani guneman apa-apa, aku isih ngenteni mbok menawa isih ana dhawuh liya sing magepokan karo sing arep tak lakoni iki.

 

“Sabanjure” temenan ora suwe Kang mBok Setyawati banjur nutugne olehe guneman “Dhimas Suwanda bakal tak sawatake saka papan  kene, ing ngendi Dhimas tumiba ya ing kono Dhimas kudu miwiti nindakne laku sing tak kandhakne mau”.

 

Krungu kandhane Kang mBok Setyawati sing pungkasan kuwi, aku banjur mbukak mripatku. Tak sawang Ratu Kraton Katentreman sing ayune ngungkuli Sang Hyang Bathari Ratih kuwi wis mudhun saka kursi gadhing sing mau manggon ing awang-awang. Malah saiki wis ngadeg ing ngarepku, neng tangane katon ana angkin ireng ditekuk lan dicekel nganggo tangan kanane. Nanging mung sedhela aku bisa ngulati kahanan kuwi, awit dumadakan angkin ireng kuwi dikebutake marang dhadhaku. Ora ana rasa apa-apa, nanging aku kaya disurung dening kekuwatan sing gedhe, ndadekne panduluku dadi peteng dhedhet lelimengan, babar pisan ora ana cahya sing bisa ndadekne mripatku weruh apa-apa. Jebul ora mung panduluku wae sing dadi peteng, nanging klebu pancadriya lan panca indraku uga dadi ora bisa digunakne, pangganda, pangrungu, pangecap lan pangrasaku babar pisan ilang. Mung angen-angenku sing isih bisa mlaku kanthi rada sampurna.

 

Nganti sawatara suwene kahanan sing tumanduk marang aku kuwi lumaku. Nganti weruh-weruh aku wis ora ana ing papan sing mau tak lungguhi, kang mangkono kuwi ambarengi mbalike pandulu lan pancadriya sarta panca indraku. Aku dadi weruh yen wektu kuwi aku mapan ana dhasaring jurang sing jero, kiwa lan tengenku mung wujud gegampengan sing wangune angel lamun diliwati kanggo munggah, mentas saka dhasar jurang kuwi. Sauntara kupingku krungu suwara sing aneh-aneh saka kiwa tengene papan kuwi, kaya ana suwara guyu carup lan suwara tangis, suwara panjerit lan suwara panggresah wor suh dadi siji, nanging ora cetha dirungokne. Hawa adhem sing krasa njekut wiwit bisa tak rasakne nggremeti ragaku nimbus menyang bebalung lan jerohanku.

 

Nganti suwe aku ora tumindak apa-apa, angen-angenku isih repot nggagas aku iki ana ngendi? Lan aku durung bisa mikir apa sing kudu tak tindakne.

 

“Heh..heh…heh….” dumadakan aku dikagetne anane suwara guyu sing cetha, aku tau ngerti sapa sing kulina ngguyu kaya mangkono kuwi, nanging sapa aku isih lali. Tak sawang arahe suwara guyu, ora katon ana menungsa. Aku banjur ngadeg, arep nyedhaki asale suwara guyu mau kanggo ngerteni sapa satemene sing lagi ngguyu mau.

 

“Dadi wong waras kuwi aja seneng kagetan lan aja dhemen gumunan” dumadakan ing mburiku keprungu wong guneman kanthi suwara sing cetha. Ora sranta aku noleh memburi.

 

“Wis suwe ndika ana kene mau Gus?” jebul sing guneman mau Ki Tanpa Aran, wong sing solah lan slagane kaya wong sing ora ganep nalare kae. Ki Tanpa Aran ngadeg karo mbanda tangan memburi, ditutne Lancur sing kanthi sikep sing padha, mung mripate wae katon manther nyawang marang aku.

 

 

 

Ana candhake.

 

Rabu, 31 Agustus 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (084)


84.

Sadurunge aku aweh wangsulan marang kabeh pandakwane Kang mBok Setyawati, aku mbutuhake wektu sedhela kanggo nata ukara murih bisa runtut. Kanthi mangkono bakal keprungu yen dirungokne, ora waton muni madoni marang sing ndakwa mung waton ngeyel kaya lumrahe wong rebut bener. Lan sawuse ukara tinata kanthi rapi ing atiku, Kang mBok Setyawati bali tak sawang praupane, saka rumangsaku praupan kuwi sansaya sumunar anelahi, ka[rebawan dening ayuning rupane.

 

“Sira arep omong apa Suwanda?” sadurunge lambeku menga, Kang mBok Setyawati ndhisiki takon karo rada mencereng, ketara yen lagi nesu.

 

“Sedaya ingkang jengandika dhawuhaken kala wau, mila boten wonten ingkang badhe kula selaki” aku wiwit aweh wangsulan “nanging mugi kaemutan Kang mBok, Suwela miwah Makara ingkang sampun pejah kanthi kados ingkang jengandika dhawuhaken menika, saestu boten pantes menawi dipun bela. Jalaran, sampun malih namung dipun pejahi kanthi cara ingkang kados makaten, kapejahana mawi cara ingkang kejemipun tingkel ping sadasa pisan, estu dereng timbang kalihan dosa lan kalepatan ingkang dipun lampahi dening tiyang kalih menika. Dados anggen kula sampun nyidrani kasagahan kula boten badhe damel pepati kasebat, inggih awit kapeksa dening kawontenan, murih jejeging adil. Menapa lepat menawi wonten tiyang ingkang malesaken sakit wirangipun tiyang ingkang luhur pakartinipun dhateng tiyang ingkang culika sarta candhala ing budi kados Suwela kalihan Makara menika?”.

 

“Manis tembungmu Suwanda” Kang mBok Setyawati mesem, sanadyan olehe mesem kasurung rasa sengit, nanging mungguhku esem mau nyata isih pait rasane madu tinimbang eseme wong ayu iki “sira nyoba endha saka pandakwa sing nyata, nanging sumurupa dhawuh saka Kanjeng Eyang Resi mung siji ora kena gawe pepati mung kuwi. Dadi embuh sabab apa ora kena kanggo pawadan kanggo mbenerake yen  nyatane dhawuh kuwi ora bisa sira leksanakne. Karo maneh, sing wenang duwe wewenang ngecakne lakuning pangadilan kuwi ora sadhengah uwong klebu kaya sira kuwi, nanging mung kang sinampiran panguwasa dening Hyang Suksma sing wenang nibakne pidana marang wong sing kaanggep luput. Sartane kawruhana lan ngelingana, yen sira ora lali karo dhawuh piwulange Bapakmu angkat ya Tumenggung Jatikusuma, Gusti Tumenggung nate paring piwulang yen satuhune manawa males ala marang wong tumindak ala, kuwi kabeh dadi ala lan ora ana sing diarani kabecikan. Males kabecikan klawan tumindak sing becik, kuwi aran wis lumrah lan tibane dadi timbang. Yen ana wong sing tumindak ala marang sira, kamangka sira kuwawa males, nanging sira kepara milih asung pangapura lan mbudidaya murih wong ala kuwi bisa bali liwat dalan sing bener temah gelem mertobat lan nggedhekne panggawe becik, ing kono lagi kena diarani sira kuwi klebu siswa sing bisa nglakoni piwulange Panembahan Satiban sing dilunturake marang Tumenggung Jatikusuma sing wekasane diwarahake marang sira. Nanging nyatane piwulang-piwulang kuwi babar pisan ora ana sing sira tindakne. Apa ngono kuwi sing diarani titah kang bisa ngabekti marang guru sarta wong tuwa? He? Suwanda, wangsulana!”.

 

Apa sing dikandhakne Kang mBok Setyawati ngono kuwi, tuhu jumbuh karo unine piwulang sing tau tak tampa saka sawargi Kanjeng Rama Tumenggung. Dadi aku ora bisa umbal guneman kanggo aweh wangsulan kanggo mbenerake tumindakku sing nyatane diarani luput gedhe dening Kang mBok Setyawati sing uga kanthi dhasar piwulang sing tau tak tampa. Nanging nek nitik saka unine piwulang sing diampil dening Kang mBok Setyawati iki mau, kudune nadyan aku wis tumindak luput sing gedhe, isih ana pangarep-arep kanggo nampani pangapura. Isih ana pangarep-arep aku bisa ndandani kaluputan mau minangka srana panebusing dosa. Mula aku banjur duwe gagasan, tinimbang udur rembug sing sayekti tanpa guna, luwih becik aku ngakoni sakehing kaluputanku lan saguh nampa pidana apa wae, waton wekasane aku bisa oleh pangapura banjur Kang mBok Setyawati tumuli aweh tuntunan marang aku magepokan karo ngelmu sing wis tinurunake marang aku dening Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa nanging durung tak ngerteni apa sing dadi isine, ya kuwi Ngelmu Sejatining Sih. Lan bares wae, wektu kuwi ing angen-angenku satemene bab nampa tuntunan ngelmu kuwi bisa dikandhakne ora pati baku, aku isih luwih kepengin kanthi nampa tuntunan jlentrehing Ngelmu Sejatining Sih iki, bisa dadi sarana nggonku bisa cecaketan karo sedulur tunggal guruku sing wis gawe gonjang-ganjinge atiku iki. Lan sasuwene cecaketan mengko, aku kudu bisa nelukne atine wong ayu iki temah kanthi legawa gelem dadi tetimbanganing uripku.

 

“Dhuh Kang mBok Ratu” wekasan aku guneman, suwaraku tak gawe trenyuh murih bisa nyenggol pangrasane sing taka jak guneman “samangke kula saged angakeni kanthi tulusing manah bilih kula saestu sampun dados titah ingkang duraka lan kebak dosa. Inggih awit saking menika, pejah gesang kula sawetahipun wonten ing asta jengandika Kang mBok Ratu, badhe kadhawahan pidana menapa kemawon wujudipun, kula namung saged pasrah kanthi rila legawaning manah, sadaya badhe kula lampahi kanthi boten badhe angresula, namung mugi wonten sih wilasa saking jengandika Kang mBok Ratu, saderengipun kula pejah mugi Kakang mBok kepareng maringaken tuntunan dhumateng kula murih kula saged mangertosi Ngelmi Sejating Sih piwucal pungkasan dhateng kula saking Kanjeng Eyang Maharsi Doradruwasa”.

 

Wangune tembungku sing tak ucapne nganggo suwara sing nrenyuhake kuwi wis bisa nundhung rasa sengi ting atine wong ayu sing lungguh neng kursi gadhing kang mapan inga wang-awang kuwi. Tak sawang pasuryane Kang mBok Setyawati wis padhang kaya pasuryan sing tau tak sawang sepisanan nalika aku kepethuk ing Keduwang jaman semana. Pasuryan sing katon sumunar kablebet cahya ruruh kang merak ati, pasuryan sing jebles karo praupane Andalu putrane sawargi Wa Anggara ing Bulak Pandhe. Sansaya ngrembaka tuwuhing pangarep-arepku marang kasaguhane Ratu Kraton Katentreman aweh tuntunan marang aku murih bisa mangwasani Ngelmu Sejatining Sih.

 

“Dhimas Suwanda” kaya siniram tirta wayu sewindu rasaning atiku krungu tembunge Kang mBok Ratu Setyawati sing dumadakan guneman, nyeluk jenengku nganggo sebutan “dhimas” kanthi suwara sing alus lan endah sing ngungkuli endahing kidungane para hapsari ing kaswargan.

 

“Kawula nuwun inggih Kang mBok?” gurawalan aku tumuli mangsuli.

 

“Satuhune sagedhe-gedhening dosa sing wis dilakoni dening Dhimas Suwanda, yekti isih gedhe pangapura sing kudu dhimas tampani” Kang mBok Setyawati nutugne anggone guneman sing ndadekne senenging atiku.

 

“Kaparenga pun Suwanda ngaturaken sewu gening panuwun Kang mBok” aku tumuli aweh wangsulan karo nyembah lan nungkulake sirah, ing batin surak-surak saking rasa seneng sing tanpa upama sing tak rasakne.

 

“Pun kakang ora bakal nyelaki jejibahan sing kadhawuhake Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa” kang mBok Ratu nutugne anggone ngendika, “ya iku aweh tuntunan marang Dhimas Suwanda murih bisa manunggal klawan Ngelmu Sejating Sih, nanging………”

 

“Nanging kados pundi Kang mBok?” ora sranta aku nugel rembug nganggo pitakonan, jalaran Kang mBok Setyawati ora enggal nutugne tembunge.

 

“Nanging ana sarate” wangsulane Kang mBok Setyawati sabanjure “sawuse Dhimas Suwanda kacemplung ing juranging dosa, Dhimas Suwanda kudu luwih dhisik ngresiki jiwa lan raga, yen wis lagi bisa pun kakang aweh tuntunan marang si Adhi”.

 

“Menapa ingkang kedah kula lampahi Kang mBok?” aku gage semaur “sanadyan saupami kangge ngresiki jiwa lan raga kula saking lumuting dosa kedah mawi sarana dipun obong ing samodraning latu, saestu kanthi suka gambiraning manah pun Suwanda badhe anglampahi ambyur ing samodraning latu kasebat”.

 

Kang mBok ratu ora enggal guneman aweh wangsulan marang kasaguhan sing tak kandhakne iku. Mung ing lathine katon ana esem sing sumringah nuduhne senenging atine, ya esem kuwi sing ndadekne aku sansaya njahe wana, piyang payingan sajroning ati.

 

 

Ana candhake



Selasa, 30 Agustus 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (083)



83.

Weruh tekane Kang mBok Ratu Setyawati sing lenggah ana kursi gadhing inga wang-awang, sumeleh tanpa landhesan gumantung tanpa canthelan ngono kuwi, Ki Prasanta sing maune ngadeg pasang kuda-kuda siaga ngadhepi aku, banjur ndheprok lungguh neng lemah. Adhepe diinger marang prenahe Kakang mBok Ratu, malah Ki Jurudah sing mau nglemprak, ngglethak sing katon tanpa daya, kanthi trengginas uga banjur tangi lan lungguh kaya patrape Ki Prasanta. Aku sing wiwit pisanan ketemu karo Kang mBok Setyawati wis duwe rasa seneng, senenging priya marang wanita, awit pasuryan, dedeg piadeg sarta slagane Kang mBok Ratu sing babar pisan ora slewah karo Andalu, dadi rada dheg-dhegan. Ana rasa aneh sing nggremet sajroning dhadhaku. Luwih-luwih bareng weruh peranganing gulu mangisor sing ketutupan slendhang tipis rupa ijo maya-maya, lan slendhang kuwi tansah obah kena sumribite angin, ndadekne dhadhaku krasa kumesar. Bares wae, aku banget kasengsem ndulu Kakang mBok Setyawati sing saka rumangsaku luwih ayu tinimbang Bathari Ratih sing jarene dewaning wong ayu ing kahyangan cakrakembang kae. Saking kasengseme atiku, ora krasa aku ndomblong ora kuwawa omong, lali marang sakehing kedadeyan sing lagi wae kelakon, lali marang endahing sesawangan sajroning taman sing mau kober gawe ngungunku.

 

“Suwanda, ya gene sira sing jejer dhayoh, teka wani gawe gendra ing papan kene?” kanthi sorot netra sing landhep, Kang mBok Ratu tanpa tedheng aling-aling nakoni aku.

 

“Nyuwun pangapunten Kang mBok Ratu” karo rada glageban aku aweh wangsulan “inggih saderengipun pangabekti kula mugi kunjuk ing ngarsa jengandika langkung rumiyin. Namung mugi kauningan saha mugi diagung ing pangaksaminipun menawi kula dereng mangertos kalihan dhawuh pangandika jengandika ingkang mastani damel gendra menika”.

 

“Wasis banget sira ngobahne ilat Suwanda?” tanpa mangsuli nggonku atur bekti kang mBok Setyawati semaur sengit, nanging saka rumangsaku pasuryane Kang mBok Setyawati malah wuwuh manise, ndadekne atiku sansaya sengsem ndulu pasuryane “sira wis wani ninggal tata krama lan tumindak murang tata, pamer kasudiran lan kadigdayan, adol gendhung marang kulawarga Kraton Katentreman, nanging sira bisa api-api ora ngerti karo tembungku sing ngandhakne yen sira wis gawe gendra? Licik sira Suwanda!. Apa pancen wis thukul lekas ing atimu nedya nyoba kasekten ana Kraton Katentreman kene he ?”.

 

“Nyuwun pangapunten Kang mBok” kanthi tembung sing alus aku aweh wangsulan “saglugut pinara sasra boten wonten ing manah kula badhe nindakaken kados ingkang jengandika dhawuhaken menika kala wau. Parandene kedadosan antawisipun kula kalihan Ki Jurudah ingkang nembe kemawon menika niki wau, inggih mbok menawi awit saking salah tampi kemawon. Mugi Kang mBok Ratu kersa paring pangaksami dhateng kula pun Suwanda”.

 

“Salah tampa?” Kang mBok Ratu njedhirne lathine, mimbuhi patute, sansaya nengsemake yen disawang “apa mbok kira aku ora weruh kabeh sing wis sira lakoni he?”.

 

“Menapa menika Kang mBok Ratu?”

 

“Ngertia Suwanda” Kang mBok Setyawati guneman maneh “wiwit sira budhal menyang Majapahit sing jarene sira mung kepengin weruh kahanane sawuse Sinuwun Prabu kendhang jengkar saka praja, nanging kanyatane malah sira kanthi ati sing lega wis nyidrani janjimu marang Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa sing mbok kandhakne ing ngarepku kae, nganti kedadeyan dina iki kanthi bandha ngelmu gadhuhan lan pusaka silihan sira wis wani murang tata ing papan kene, ora ana sing kliwatan, kabeh wis tak ngerteni. Ngerti?”.

 

Bareng Kang mBok Ratu ngucap kaya mangkono kuwi, aku dadi meneng. Jroning atiku kandha lan sujana yen wis ana wong sing wadul marang Kang mBok Setyawati kanthi gawe crita sing ngayawara. Jalaran saka rumangsaku, aku ora nindakne laku cidra marang Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa kaya sing didakwakake Kang mBok Ratu iki. Mung nek bab anggonku wis kerengan karo Ki Jurudah lan kober tantangt-tantangan karo Ki Prasanta, mbok menawa bisa wae diarani nek aku wis ngendel-ngendelne dumeh kagadhuhan ngelmu kanuragan saka Sawargi Rama Tumenggung lan kaampilan gegaman rupa Keris Kyai Bancik lan Slendhang Sipat.

 

“Ya gene sira ora gage wangsulan Suwanda?” Kang mBok Setyawati bali takon maneh sawuse rada sauntara aku meneng, nggagas apa sing dikandhakne mau.

 

“Makaten Kang mBok” aku wangsulan alon, karo ora leren nggonku nguwasi Kang mBok sing saka rumangsaku saya mencutne ati wae iki “Menawi mekaten ingkang jengandika kersakaken, estu bilih sampun wonten kedadosan salah tampi. Liripun makaten, mila kula akeni menawi kula sampun kerengan kalihan Ki Jurudah ingkang sakalangkung rame, lan menawi menika kula kaanggep lepat, kula saestu namung saged tadhah dosa lan siaga nampi menawi kedah kapringan pidana saking jengandika kang mBok Ratu. Nanging, menawi kula kadakwa sampun nyidrani kasagahan kula dhateng Kanjeng Eyang Panembahan Resi Doradruwasa, kados ingkang kula ucapaken ing ngarsa jengandika, menika saestu boten leres. Malah anggen kula daya-daya sowan mriki menika inggih awit kula badhe netepi kesagahan kula nampi piwucal ngelmu peparingipun Kanjeng Eyang Doradruwasa lumantar tuntunan saking Kang mBok Ratu. Nanging mugi kauningana Kang mBok, sasampunipun kula saged dumugi ing Taman Pangayoman awit saking daya lan pangaribawanipun Kalpika peparing jengandika nenggih Kalpika Mustikaning Tirta, lan kadhawuhan ngrantos timbalan jengandika dumadakan Ki Jurudah rawuh mrepegi kula lan kanthi sikep degsura badhe ngrebat Kalpika Mustikaning Tirta saking tangan kula, satemah dados kerengan kala wau”.

 

“Dadi sira isih kepengin nggadhuh Ngelmu Sejatining Sih kuwi Suwanda?” Kang mBok Setyawati nakoni aku karo mencep, dhadhaku dadi sansaya krasa kumesar. Jroning ati tuwuh gagasan, baya mulyaning uripku yen aku bisa kasembadan mengku sedulur tunggal guruku iki minangka jatukramaku.

 

“Dhuh Kang mBok, kenging menapa boten? Saestu kula anggen kula daya-daya dumugi mriki menika namung badhe nyuwun katuntun dening jengandika murih kula saged maris ngelmu Sejatining Sih menika” wangsulanku alus lan anoraga.

 

“Nadyan satemene sira ora gelem yen tak arani, nanging kanyatan sing ana ora bisa diselaki Suwanda” kandhane Kang mBok Ratu karo mripat sing nyawang praupanku kanthi landhep .

 

“Menapa menika Kang mBok?”

 

“Kaya sing wis tak kandhakne ing ngarep” Kang mBok Setyawati aweh wangsulan, “sira wis nyidrani janjinira dhewe sing sira kandhakne ing ngarepku nalika sira arep budhal menyang Majapahit kae. Ya iku sira saguh netepi piweling saka Eyang Resi Doradruwasa minangka sarat kanggo nampa tuntunan Ngelmu Sejatining Sih, ya iku sasuwene sira durung bisa ngaweruhi werdining Ngelmu Sejatining Sih, sira ora dikeparengake gawe patining titah wujud apa wae utawa dadi sarana matining titah rupa apa wae. Nanging kanyatane, apa sing wis sira tindakake marang Ki Suwela lan Makara, ora mung gawe pati wae sing sira lakoni, nanging malah wis tumindak siya sing ngluwihi wates. Sawise klakon gawe patine Suwela lan Makara kanthi cara sing keliwat siya, isih mbok tambah klawan tumindak sing luwih siya maneh, kanthi mongkog sajroning ati sirahe Suwela lan Makara mbok panjer ing papan kang rame temah gawe giris atine sing padha weruh. Saiki arep nganggo cara apa sira bakal nyelaki apa sing tak kandhakne iki he Suwanda?”.

 

Aku njegreg ora wangsulan, pancen nalika semana, ketang rasa sengit lan nesuku marang Ki Suwela lan Makara sing wis tumindak siya marang Kanjeng Ibi Nyi Tumengung, Wa Nyai Kebayan Bulak Pandhe lan luwih-luwih marang Andalu, aku wis mentala tumindak kaya sing diucapne Kang mBok Ratu mau. Nanging kudune Kang mBok Ratu bisa aweh biji klawan adil, lakon sing tak ntindakne kuwi kabeh mung sadrema aweh piwales, ora merga aku sing seneng tumindak siya lan nistha. Iki sing arep tak kandhakne marang Kang mBok Ratu, kanggo mbuktekne yen ora sawutuhe kabeh kuwi luputku. Luputku bisa dianggep ilang merga anane pawadan sing yekti tinemu ing nalarku.

 

 

Ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (082)


82.

Slendhang Sipat wis tak cekel nganggo tangan tengen, banjur tak puter ing dhuwur sirahku kanggo aweh sasmita marang Ki Jurudah supaya waspada yen pancen dheweke isih ngeyel arep meksa aku supaya masrahne Kalpika Mustika Tirta marang dheweke. Nadyan sasmita kuwi rupa pepeling, nanging satemene uga ngemu sasmita supaya Ki Jurudah tumuli murungne karepe, awit yen nganti mbacutake nggone arep ngrebut Kalpika Mustikaning Tirta saka tanganku, tan wurunga dheweke bakal lebur tanpa dadi ketiban slendhang pusaka peparinge Wa Anggara warisan saka Kanjeng Eyang Begawan Satiban iki.

 

Ki Jurudah katon mangu-mangu nyawang kekuwatane Slendhang Sipat sing tak tuduhne kanthi tak puter ing dhuwur sirahku kuwi. Nangi ora suwe, abdi dalem Kraton Katentreman kuwi mencolot mundur, banjur ngeremne mripate karo tangan sikep sembah kalbu sing ditemplekne ing prenah dhadhane. Dumadakan ora kawruhan sangkane, tak sawang ing tangane Ki Jurudah wis ana tali tampar saka benang lawe, tamparan patang warna sing keker, ya iku warna abang, ireng, kuning lan putih. Kaya lekasku nalika aku ngetokne slendhang sipat mau, Ki Jurudah banjur muter lan ngubengake tampar sing dicekel ing dhuwur sirahe. Ana suwara kaya sindhung riwut sing arep ngorak-arik isining bumi lan disusul saka kadohan mbuh saka ngendi asale, ana suwara pating jlerit, kaya suwarane titah sing lagi nampa pasiksan ing Yamani loka.

 

Kanthi nuduhne tamparan benang lawe sing rupane patang warna kuwi, aku dadi ngerti yen Ki Jurudah milih nutugne adu katiyasan karo aku, Pusakaku Slendhang Sipat dikembari nganggo pusakane sing wujud tali tampar lawe kuwi. Aku dadi nora sabar maneh, banjur mencolot maju nyaketi papane Ki Jurudah sing wis siaga karo pusakane.

 

“Aku wis ngelingne Kisanak” kandhaku sawise tekan ngarepe Ki Jurudah “aku babar pisan ora kepengin kowe nemu cilaka ing papan kene, nanging jebul kowe malah mamerne pusakamu. Saiki ora ana pilihan liya kanggoku kajaba kudu nglumpuhake kowe ing papan kene, ya muga-muga wae, kowe ora nganti koncatan nyawamu merga saking bodhomu kuwi”.

 

“Aku ngerti Suwanda” karo mesem sajak ngece Ki Jurudah isih kober mangsuli kandhaku “Slendhang sing rupane kuning neng tanganmu kuwi nyata yen pusaka dibya, yasane Begawan Satiban sing kasektene nganti bisa nyundhul langite para Jawata aja maneh mung wujude titah ora wedia yen nganti kena walate Slendhang Sipat sing ana tanganmu kuwi, sanadyan dewa wae mbok menawa ora bakal wani nyoba. Nanging kapeksa aku kudu wani ngadhepi, jalaran mandine gegaman kuwi dumunung ana sing nyolahne, luwih-luwih gegaman sing wujud pusaka yen sing nggunakne wong sing resik atine kaya Ki Kebayan Bulak Pandhe utawa luwih-luwih Panembahan Satiban, kekuwatane Slendhang kuwi ya kaya sing wis tak kandhakne mau. Nanging nek sing nggunakne kowe, aku sethithik wae ora ana rasa wedi tak kandhani. Mung murih rada timbang, aku kapeksa ngetokne gegamanku Tampar Napsu Papat uga peparinge guruku, nadyan mbok menawa ora duwe pangaribawa kaya gaman sing mbok gawa, nanging merga kanggo ngadhepi menungsa ora tata kaya kowe kira-kira ora bakal Tampar Napsu Papat iki agawe kuciwa”.

 

Disuwarani kaya mangkono kuwi, aku wis ora ngrewes maneh. Karo nerjang maju, Slendhang Sipat tak puter banjur tak sabetake marang ragane Ki Jurudah. Aku percaya, yen nganti Ki Jurudah ora ngendhani mesthi bakal rubuh neng lemah kentekan daya kekuwatane, malah mbok menawa wae, yen ana kurang bejane bisa dadi lan patine. Nanging jebul Ki Jurudah malah maju sejangkah mapagne sabetan Slendhang Sipat sarana muter Tampar Napsu Papat duweke.  Kaya ana gunung ceblok saka langit suwarane nalika tumibane Sledhang Sipat ketadhahan Tali Tampar Napsu Papat. Rasane dhadhaku kaya ketiban watu gedhe, kaya – kaya arep rontog kabeh isen-isene. Malah aku banjur kesurung memburi, tiba jengkeng kaya kentekn tenaga. Sauntara Ki Jurudah malah jempalitan jungkir walik memburi wola-wali, sing wekasane tiba klumah neng dhuwur lemah. Saka kadohan tak sawang ana getih kenthel sing rupane ireng diutahake dening abdi dalem Kraton Katentreman kuwi. Kang mangkono kuwi aweh pratandha, nadyan katone Ki Jurudah ora bucik kulite nanging wis ana tatu anyar sing angrem ana jerohane. Aku dhewe samono uga, yen ndelok rasane iki, kira-kira isen-isening dhadhaku uga wis ana sing onya.

 

Nganti rada sauntara suwene aku ora kuwat bali ngadeg lan ambegan kanthi lancer. Kahanane Ki Jurudah uga ora akeh bedane, isih panggah gumlethak neng lemah ora obah, mung merga mripate isih ketok bola-bali kedhep wae sing nuduhne yen Abdi Dalem Kraton Katentreman kuwi isih durung pecat nyawane. Tangane tengen isih katon kenceng nggoceki Tampar Napsu Papat pusaka piyandele. Wasana nadyan ambeganku durung tumata kanthi becik, aku luwih dhisik bisa ngadeg. Kanthi loon-lonan aku jangkahne sikil arep nyedhaki papane Ki Jurudah, jroning tekadku arep tak tari sepisan maneh. Milih pasrah bongkokan lan murungne karepe nggine arep ngrebut kalpika Mustikaning Tirta saka tanganku, banjur nglarapake aku menyang ngarsane Kang mBok Ratu Setyawati, apa milih tak lunasi nyawane ana papan kene.

 

Nanging dumadakan ora weruh asal-usule, ing ngarepku ana cahya kumleyang lan sawise mandheg jebul Ki Prasanta wis ngadeg jejeg ana ngarepku. Tangane tengen nyekeli buntut sapi sing wis garing, sing lumrahe digunakne wong-wong kanggo nggusah laler.

 

“Aja kesusu rumangsa wis menang kowe Suwanda” kandhane Ki Prasanta karo mesam-mesem sajak ngremehne kekuwatanku “lan aja mbok kira nek sedulurku lanang kae wis tanpa daya kaya kowe, ngertia anggone ngglethak kae satemene mung aweh kalodhangan marang kowe murih bisa nata ambeganmu sing wis meh mencelat kuwi, ngerti?”.

 

“Eh, Ki Prasanta tak jaluk ndika aja melu-melu celeng keboloten, iki perkaraku karo Ki Jurudah, luwih becik ndika sumingkir sauntara saka kene, kajaba yen ndika pancen kepengin tak katutne dosa ndika sing kudu lebur dening Slendhang Sipat sing ana tanganku iki” wangsulanku karo suwara sereng.

 

“Bocah ora bisa nyawang kahanan kowe kuwi Suwanda” Ki Prasanta guneman karo ngguyu ngece “lakumu wae isih moyag-mayig durung jejeg lan ambeganmu iya isih pedhot-pedhot ngono, kok bisa-bisane kowe nantang lan nggiri-nggiri aku karo Slendhang Sipat Gadhuhan?. Ngertia Suwanda, sanadyan pusaka sing saiki dadi gadhuhanmu kuwi nduwe daya pangaribawa sing ngegirisi, nanging ora bakal bisa ndadekne kowe beja, ora bisa ndadekne kowe banjur mesthi unggul ing yuda, jalaran daya lan pangaribawane pusaka sing saiki mbok kuwasani kuwi, panggah winatesan dening Sing dadi Sumbering Daya lan Pangaribawa, ya iku Sang Dzat Kang Murbeng Dzat, Ya Gusti Sing Maha Nasa. Yen laku jantramu tansah nurut piwulange Gusti mangka senjata sing mbok kuwasani bisa muwuhi kekuwatanmu, nanging yen lakumu wis singular ninggal piwulang nerjang pepacuhe kaya sing wis mbok lakoni sasuwene iki, mangka pusaka kuwi bakal bisa nyepetake nggonmu tumiba ing juranging kasangsaranmu dhewe”.

 

Akeh-akeh Ki Prasanta nggone guneman, nadyan rupane ya panguman-uman nanging isih ana selipaning ukara sing wujud pitutur lan pepeling marang aku. Nanging kabeh gunemane Ki Prasanta kuwi mungguhku kaya uyah sing cemplung menyang segara. Ora pantese mung saabdine sedulurku tunggal guru, aweh pitutur marang aku. Luwih-luwih, anggone guneman babar pisan wis ninggalne suba sita, babar pisan nganggo tembung ngoko lan malah wani njangkar marang aku pisan.

 

Aku arep aweh wangsulan ngiras pantes ngelingne mungguh drajatku karo drajate Ki Prasanta kuwi ora padha, nanging sadurunge lambeku menga lan ngucapake tembung, dumadakan ana cahya padhang warna ijo maya-maya sing nutupi papan kono mau, lan nalika cahya ijo kuwi wiwit suda ing awang-awang bisa tak sawang, ana kursi gadhing sing dilungguhi wanita sing ayu sulistya ing warna ……Kang mBok Setyawati sing lagi ngulati aku lan Ki Prasanta.

 

 

Ana candhake. 

 

Senin, 29 Agustus 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (081)


 


81.

Aku ngadeg, karo malangkerik, Ki Jurudah tak sawang karo mripat murup. Nanging wangune Ki Jurudah ora pati nggagas nggonku nesu, abdi Kraton Katentreman kuwi sajak ayem, karo lambene nyebik sajak nyepelekne marang aku. Aku banjur mlaku nyedhak, arep tak coba ngajak rembugan kanthi apik-apikan sepisan maneh karo Ki Jurudah abdine Kang mBok Ratu Setyawati iki.

 

“Nuwun sewu Kisanak” kandhaku sawise cedhak “menapa leres ingkang jumeneng ing ngajeng kula menika Ki Jurudah, ingkang nate kepanggih kalihan kula nalika wonten ing pratapanipun Sawargi Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa nika?”.

 

“Ya gene kowe takon kaya mangkono He Wanda?” tak takoni kanthi alus, Ki Jurudah malah wangsulan karo nyentak “gajege wiwit sepisan mau kowe wis ngerti nek aku iki Jurudah, abdi dalem Kraton Katentreman kene, lan wis tak kandhakne mungguh sing dadi sedyaku nemoni kowe neng kene. Ya gene kowe mbaleni pitakonan sing ora ana gunane kuwi he?”.

 

“He Ki Jurudah” disentak kaya bocah cilik lan dijangkar kaya wong pidak pejarakan ngono kuwi, aku wis ora kuwat ngempet maneh panasing getihku sing wiwit umob “yen nyata kowe ngemban dhawuh saka Kang mBok Ratu Setyawati kaya sing wis mbok kandhakne mau, apa buktine he? Aja waton bisa mangap kanthi sikep sing wis ninggal tatakrama lan kasusilan ngono kuwi. Sumurupa, Akik Mustikaning Tirta sing ana drijiku iki, mung bisa tak aturne marang Kang mBok Ratu, merga iki akik pusaka ora sembarang wong pantes nampani, luwih-luwih menungsa sing sakdrajate abdi kaya kowe kuwi”.

 

“Keparat!” Ki Jurudah misuh banjur guneman “dadi cethane kowe ora percaya yen tekaku kene iki merga netepi dhawuh saka Gusti Ratu? Lan kowe wis wani nantang dhawuhe Gusti Ratu kanthi ora gelem masrahne akik Mustikaning Tirta marang aku?”.

 

“Sing ora tak percaya ora mung kuwi” wangsulanku karo mesem nyepelekne “klebu yen kowe kuwi Ki Jurudah aku ya ora percaya, Ki Jurudah kuwi ngerti unggah-ungguh lan tata krama, ora kaya kowe ngono kuwi”.

 

“Ora sah ndadak kakehan pawadan kowe Suwanda” Ki Jurudah sansaya nesu, nanging aku wis siaga ngadhepi yen dheweke arep tumindak kasar marang aku “cekake kowe gelem masrahne akik Mustikaning Tirta marang aku kanthi becik-becik apa ora? he?, apa pancen kowe nedya golek dhadhakan perkara rumangsa yen kowe kuwi duwe kasekten sing tanpa tandhing?”.

 

“Aku ora duwe pawadan Kisanak” wangsulanku karo ngece “tak kandhani sepisan maneh, akik iki ora bakal bisa kasenggol dening menungsa sing asor drajate kaya kowe kuwi, nek kowe pancen arep nekad ngrebut akik iki saka aku, tak dadekne sayembara : sembada kowe nyenggol akik Mustikaning Tirta yen kowe wis bisa nglangkahi bangkene Raden Bagus Suwanda”.

 

Krungu panantangku kaya ngono kuwi, praupane Ki Jurudah sing mau abang mangar-mangar sansaya malih dadi semu ireng, saking nesune. Karo lambe sing kedher merga nesu, Ki Jurudah banjur guneman banter :

 

“Eman banget yen kongsi taman sing asri iki keselehan bangkene manungsa kaya kowe kuwi Suwanda, sanadyan ya mung sagebyaring that-thit. Ayo yen nyata kowe wong perwira, adhepana aku neng papan sing jembar sanjabane taman iki!”.

 

Bubar muni ngono kuwi, Ki Jurudah banjur mbalikne adhepe, mlaku arep ninggalne taman. Rumangsa ditantang adu kasekten lan kaprawiran, aku ya ora gelem ngalah. Ki Jurudah tak tutne saka mburine.

 

Jebul ora adoh ing jabaning taman ana papan sing lempar kaya ara-ara nadyan ora pati amba. Ki Jurudah mandheg banjur tata-tata, madhep menyang aku karo pasang kuda-kuda. Aku wis wegah guneman maneh, aku uga banjur tumuli arep ngladeni Jurudah sing wis siaga ngajak adu atosing balung wuleting kulit kuwi.

 

Malah aku banjur kepengin enggal bisa nglumpuhne Jurudah, murih wong kuwi weruh yen sing diadhepi iki dudu wong sing loro saudhon telu saurupan. Jurus-jurus lan aji jaya kawijayan sing tau tak tampa saka Rama Tumenggung Jatikusuma, sing sumbere mili saka ngelmu kanuragan peparinge Kanjeng Eyang Begawan Satiban saka Gunung Argapura nuli tak siagakne.

 

Nalika panyawangku isih weruh yen Ki Jurudah wis siaga kanthi kuda-kuda sikil kering ana ngarep, karo tangan sing kanan ngepel kenceng, aku tumuli tumandang maju karo ngirimne jurus kapisan, kaya obahing kilat sikilku ngemba badher nyaut mangsa nerjang ngarah weteng. Sanadyan jurus iki nduweni daya sing nggegirisi, parandene ora tak kirimne kanthi lamba, nanging isih tak rangkepi klawan kekuwataning aji Surung Gunung peparing saka rama Tumenggung. Aku wis ngandel yen kanthi jurus lan aji iki bakal ndadekne Ki Jurudah mencelat banjur ora kuwat tangi. Nanging jebul panyanaku kliru, sadurunge sikilku klakon ngorak-arik isen-isening wetenge Ki Jurudah, Abdi Kraton Katentreman kuwi wis ngangkat sikile sing kanan mendhuwur karo maju, sauntara tangan loro-lorone ngepel ngampingi dhengkule. Temah sikilku ora sida nyenggol wetenge, nanging malah nanggor dhengkul sing nyata bakoh adeg-adege. Tempuke kekuwatanku sing ditadhahi panangkise Ki Jurudah, ndadekne Ki Jurudah kontal memburi kira-kira limang jangkah, adage katon sempoyongan, kuda-kudane ambyar. Sauntara aku dhewe, ngrasakne kaya lagi wae nyadhuk watu gedhe nganggo sikilku sak bantere, aku mbendal memburi kira-kira telung jangkah, wetengku krasa lara malah brada munggah menyang dhadha, adegku uga banjur koming. Nanging vaku isih bisa nguwasani kahanan, dadi aku ora nganti tiba utawa ngadeg kanthi sempoyongan.

 

“Jurusmu Badher Nyaut Mangsa sing mbok rangkepi aji Surung Gunung isih adoh saka sampurna Suwanda” karo mapan nata kuda-kudane Ki Jurudah isih kober maido marang aku “malah nek oleh tak arani, kuwi mau mung jurus Wader Pari nungsung banyu sing mbok rangkepi nganggo aji Surung Grobag, karo-karone mung pantes kanggo nggusah jingklong utawa laler sing ngganggu wong turu”.

 

“Setan kowe Ki Jurudah” krungu pamaido sing nglarakne ati kuwi aku misuh, nanging aku pancen ya ngakoni nek satemene Ki Jurudah iki ora kaya sing tak kira sadurunge, nyata yen dheweke  nduweni ngelmu kanuragan sing cukup lan kekuwatan sing ngedabedabi. Nanging aku babar pisan ora wedi, jalaran ngelmu kanuraganku tak nkira isih mapan adoh ing dhuwure Ki Jurudah. Aku tumuli nata sikil kanggo masang kuda-kuda maneh.

 

“Ayo saiki genti tampanana iki Jurus Kodhok Pencolotan saka Kraton Katentreman” dumadakan Ki Jurudah ngobahne tangane, kepelane tangan tengen kaya kodhok pencolotan arep ditibakne menyang praupanku.

 

Aku luwih prayitna, kepelan sing polahe kaya kodhok lagi pencolotan kuwi bisa tak endhani kanthi gampang sarana ngiringake sirahu mangiwa. Nanging jebul sikile Ki Jurudah uga banjur digunakne, aku sing lagi ndhoyongne awak, didugang ngarah wetengku. Kaya sing ditindakne Ki Jurudah mau, aku gage wae aweh panangkis nganggo dhengkul kiwa. Nanging bawane kuda-kudaku ora jejeg, aku kontal memburu watara limang jangkah banjur tiba neng lemah. Ki Jurudah ora kober nguber jalaran panangkisku mau jebul bisa mbalekne kekuwatane, Ki Jurudah uga mbendal memburi watara telung jangkah, banjur adage uga dadi goyah. Kuda-kudane katut ambyar.

 

Sawise antarae aku lan Ki Jurudah wis padha bisa ngira-ira mungguh sepira kekuwataning mungsuh, mangka banjur padha nutigne olehe ngunggar kasudiran adu jaya kawijayan. Nganti oleh seket jurus kepara luwih, antarane aku lan Ki Jurudah padha dene olehe durung bisa ngasorake mungsuh. Nanging aku isih nduweni petung yen ora suwe maneh, Ki Jurudah mesthi bisa tak rubuhake. Jalaran sing tak gunakne iki mau kabeh lagi ngelmu-ngelmu sing tak tampa saka Rama Tumenggung nalika aku isih dadi punggawa ing dalem Katumenggungan biyen. Kamangka kajaba ngelmu-mgelmu kuwi, aku wis ngerti yen jebule pusaka Kyai Bancik lan Slendhang Sipat sing saiki wis nyawiji karo aku iki bisa tak gunakne minangka piranti sing kekuwatane nyata luwih nggegirisi.

 

Alon-alon aku rada ngedohi Ki Jurudah, ora merga aku wis miris, nanging aku nedya nglolos Slendhang Sipat sing tumali ing lempengku, arep tak gunakne kanggo ngadhepi Ki Jurudah, supaya abdi kraton Katentreman kuwi bisa tumuli tak kalahake.

 

 

Ana candhake

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...