Total Tayangan Halaman

Rabu, 14 September 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (095)

95.

Olehe guneman mangkono kuwi Kang mBok Setyawati karo suwara sing rada dhuwur, semune nundhung Guru lan wong liyane klebu aku lan Lancur supaya enggal-enggal lunga ninggalake papan sing dadi wewengkone Ratu Kraton Katentreman kuwi. Wis tak badhe sadurunge, Guru mesthi ora manut nuruti apa sing dikandhakne Kang Mbok Setyawati ngono wae, Panjenengane kuwi wong waskitha sing bisa maca tulisan tanpa aksara sing manggon ana atine wong sing diajak guneman, klebu Kang mBok Setyawati. Lan aku percaya yen Guru bakal mbudidaya murih Kang mBok Setyawati lan aku tumuli bisa mangwasani Ngelmu Sejatining Sih, kanthi sarana ndhaupake aku lan Kang mBok Setyawati.

 

“Ratu” Kanthi suwara sing sareh Guru ngendika, aweh wangsulan marang panundhung aluse Kang mBok Setyawati “aku ngerti yen kanggo mutusake percaya utawa ora marang sing wis tak kandhakne mau Ratu mbutuhake wektu, embuh kanggo nggagas embuh kanggo samadhi nyuwun pituduhing Gusti, nanging hara kora kudu nganti sasen-sasen ta? Lan maneh papan wewengkon ndika sing temene mapan ing jagad maya iki jembare tanpa watesan, kanggo nindakne laku nggagas utawa samadhi ndika bisa milih papan sing ora ana sing bisa ngganggu. Mula prayogane Ratu tumuli nindakne laku kanggo nemokne putusan magepokan karo sarana sing wis tak kandhakne mau. Lan aku njaluk idin marang ndika, yen aku arep nunggu wangsulan saka Ratu ana papan kene. Dadi aku ora arep lunga sadurunge oleh wangsulan saka ndika Ratu Kraton Katentreman”.

 

Ratu Kraton Katentreman kuwi ora enggal semaur aweh wangsulan marang Guru, malah banjur tumungkul karo ngeremake mripate, ora guneman apa-apa. Dumadakan tanpa tak ngerteni sangkan parane, weruh-weruh Ki Jurudah lan Ki Prasanta abdi dalem Kraton Katentreman, wis ngadeg ana ngarepe Guru karo ulat sing katon peteng, wong loro kuwi katon mencereng nyawang marang pasuryane Guru. Nanging Guru babar pisan katon ora migatekne marang wong loro kuwi, malah cengar-cengir kaya padatan, bola-bali kukur-kukur mustakane sing ora gatel. Kang mangkono kuwi mesthi wae ndadekne abdi-abdine Kang mBok Setyawati kuwi katon sansaya muring.

 

“He Kala Canthuka” dumadakan karo maju sajangkah Ki Jurudah nggetak Guru kanthi njangkar asmane, mesthi wae atiku sing dadi panas, tak lirik Lancur ya katon ora trima Guru disewiyah dening Ki Jurudah. Alku tumuli ngadeg tata-tata ing sandhinge Guru, samono uga karo Lancur sing wis siaga neng keringing Guru karo sikep sing waspada.

 

“Gajege iki rak Ki Jurudah biyen kae ta?” kaya wong nambong Guru malah genti takon kango mangsuli panggetake Ki Jurudah “kupingku durung pati amoh Ki Jurudah, nek ndika ngajak guneman aku ora prelu bengak-bengok kaya wong nggusah manuk ngono kuwi, nanging nek olehmu mbengok kuwi kegawa saka kahananmu sing wis suda rungon ya ora apa-apa, wong pancen wong sing suda rungon kuwi nek guneman kudu banter ben kupinge melu krungu”.

 

“Aja ngawur kowe Canthuka” wangsulane Ki Jurudah kasar “aku ora budheg kaya pandakwamu kuwi……”.

 

“nDika aja kleru tampa, aku iki ora ndakwa, mung nocogne kahanan, wong sing senengane yen guneman nganggo bengak-bengok kuwi adate lagi suda pangrungune. Nek ndika pancen ora kaya pangiraku ya sokur aku melu seneng, dene upama aku ngajak guneman ndika, ora kudu ndadak nganggo bengak-bengok”.

 

“Setan alas ora tatanan” Ki Jurudah misuh banter “ora sah ndadak kakehan gunem sing tanpa guna, tak cekak wae, kowe gelem tumuli minggat saka kene apa ora he?” .

 

“Mengko dhisik” Guru wangsulan sareh “ndika nakoni aku kaya ngono kuwi wis mikir apa durung upama aku aweh wangsulan rupa pitakonan he?”.

 

“Kowe ora prelu mangsuli kandhaku Canthuka” Ki Jurudah nggereng banter “sing mbaku kowe aja kesuwen njejemberi endahing Taman Pangayoman iki, tak wenehi wektu sapanginang kowe karo kanca-kancamu kuwi kudu lunga ninggalne Taman iki, ngerti?”.

 

“He he he he……” Guru ngguyu njegigis sajak ngece banjur disusul grenengan marang awake dhewe “lagi tumon saiki iki aku, ana ana batur gedibal ping sanga likur, wani nrucak marang satriya siswane Brahmana dibya, apa dumeh lagi kasampiran panguwasa ya?”.

 

“Kowe grenengan apa Canthuka?” Ki Jurudah takon karo nggetak “nek wangsulan sing cetha, aja mung grenengan kaya wong dodol upas ngono kuwi!”.

 

“Raden Kala Canthuka” durung nganti Guru mangsuli panggetake Ki Jurudah, Ki Prasanta amul rembug ngundang asmane Guru.

 

“Iya ana apa Ki Prasanta?” Guru aweh wangsulan kanthi suwara panggah sareh.

 

“Oraa ndika pamerne, aku lan kadangku iki wis ngerti nek ndika kuwi siswane Gusti Patih Maudara sing jumeneng Resi ing Paluamba” Ki Prasanta nyambung rembuge “anane adhiku wani tumindak kasar marang ndika kuwi, ora merga ndika siswane Resi ing Paluamba, jalaran Sang Resi kuwi nyata wikan ing babagan tata krama apadene suba sita, beda adoh karo wewatakane sedulure anom Sang Resi sing wis mutokne ndika kae, kajaba wonge julig, licik uga wuta ing reh tatakrama, wangune lekas ndika dina iki ora tumuli lunga ninggalne papan kene iki merga kegawa saka watak wantune Patih Logender lan anak-anake lanang sing kabeh duwe wulu ana atine kae apa?”.

 

Bener-bener beda karo padatan, Guru sing sasuwene iki ora tau ngrewes diunekne apa wae dening wong-wong lan bocah-bocah cilik sing kerep ngundang kanthi sebutan wong edan, kajaba mung karo cengar-cengir karo ngguyu, dina iki pasurytane Guru katon mbrabak abang nganti tekan kuping, kegawa saka panasing penggalihe krungu rembuge Ki Prasanta mau. Socane Guru katon murup mirsani praupane Ki Prasanta, kaya-kaya abdi Kraton Katentreman kuwi arep diklethak-kletaka sirahe.

 

“Iblis malaningrat kowe Prasanta” pangandikane Guru keprungu sereng marang Ki Prasanta “aja langap-langap waton bisa ngucap kowe Iblis, aku ora bakal lara ati mbok unekne kaya apa wae, nanging nek wong sing wis entek awune jinempana ing angin, sing nyatane kuwi kabeh leluhurku, mbok undhat-undhat kaluputane sing wis tinebus klawan ilanging jiwa lan ragane, nanging panggah isih mbok gunem ing ngarepku, padha wae kowe niyat ngenping lara nggenjah pati, selak kangen karo panasing Yamaniloka”.

 

Bubar ngendika mangkono kuwi tanpa ngenteni wangsulan, Guru banjur mundhut slendhang sutra ireng sing mau tak gujengi pucuke karo Lancur sing wekasan bisa tekan kene. Ing astane Guru, dumadakan Slendhang kuwi dadi kaku, bisa ngadeg dadi kaya pedhang, lan……..

 

“Nya saiki tampanana Prasanta!” Guru ngendika seru karo nyabetake slendhang sing wis dadi kaya pedhang ngarah marang ragane Ki Prasanta sing ora adoh karo papane Guru jumeneng.

 

Ki Prasanta katon pucet saking kagete, wangune ora duwe panyana yen bakal disabet nganggo slendhang pusaka dening Guru. Nanging wis kasep, obahing slendhang sing disabetake Guru kahiring suwara gumuruh kaya bledheg sewu muni bebarengan kuwi wis sansaya cedhak karo gulune Prasanta.

 

“Dhaaaaag……Glegeeeeeerrrrrr……” nalika Ki Prasanta wis katon pasrah, dumadakan ana cahya ijo sing ngerti-ngerti ngadhang ing ngarepe slendhang ireng gegamane Guru. Tumempuke cahya ijo lan slendhang ireng sing diasta dening Guru kuwi nuwuhake suwara kaya gunung njeblug kairing ana lindhu gedhe sing ngoregne papan kono.

 

Guru katon kontal memburi watara telung jangkah adohe, pucuking slendhang katon madhul-madhul kaya diwudhari tenunane. Sauntara Ki Prasanta sing ora sida kena sabetan slendhang jebul isih ksababan, temah konclang watara limang dhepa adohe, tiba neng lemah ngathang-athang durung bisa tangi. Lan ora adoh saka papan sing mau dipidak dening Ki Prasanta, katon Kang mBok Setyawati nyekeli slendhang sutra warna ijo maya-maya, lagi ngadeg lan nyawang tanpa kedhep marang Guruku, Ki Tanpa Aran ya Raden Kala Canthuka.

 

“Wis sansaya cetha yen sedyamu arep adol gendhung ing wewengkonku kene, Raden Kala Canthuka?” alon-alon nanging cetha dirungokne Kang mBok Setyawati nyelathu Guruku.

 

“Aja salah tampa Ratu” wangsulane Guru karo suwara rada kedher “abdi ndika wis kebacut nggone guneman marang aku, dadi kapeksa arep tak padhakne dosane”.

 

 

Ana candhake. 

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (094)

 


94.

Krungu pangandikane Guru sing mangkono mau, atiku krasa dadi rada adhem. Jebul Guru ora mutung krungu wangsulane Kang mBok Setyawati sing ora mbutuhake pambiyantu saka Guru kanggo bisa mangwasani Ngelmu Sejatining Sih. Malah Guru kober nyethakne yen panjenengane ngajeni banget marang wong tuwane Kang mBok Setyawati luwih-luwih marang Eyange. Alon-alon mripatku nglirik pasuryane Kang mBok Setyawati, kepengin ngerti kepriye sikepe sawuse krungu wangsulane Guru sing kaya mangkono mau. Ora ana owah-owahan babar pisan, pasuryane Kang mBok Setyawati panggah katon sumunar mencutake ati, mung kuwi wae.

“Ing ngarep wis tak kandhakne ta Kala Canthuka?” alon nanging cetha Kang mBok Setyawati aweh wangsulan marang Guru “sanadyan aku ora mbutuhake banget-banget marang apa sing arep ndika kandhakne, nanging aku uga ora arep kumalungkung banjur wegah ngrungokne apa sing arep ndika kandhakne. Mung wae, perkara aku bakal nggugu lan percaya sing ndika arani sarana kuwi mau utawa orane gumantung marang dudutan sing bakal tak gagas sawuse aku ngrungokne apa sing arep ndika kandhakne!”.

 

“Matur Nuwun Ratu” Guru ngendika karo mesem “samengko arep tak wiwiti klawan crita kawicaksanan sing ditempuh dening Sang Maharsi Doradruwasa sing mbok menawa wae durung ndika uningani”.

 

“Apa kuwi Kala Canthuka?” Kang mBok Setyawati katon kepengin ngerti karo sing arep dikandhakne Guru.

 

“Ya iku kawicaksanan sing magepokan karo rasa tresnane Sang Maharsi marang siswa-siswane ya iku nalika dumadi pralaya ing Dalem Kabayanan Bulak Pandhe” wangsulane Guru nutugne nggone crita “nalika uninga nalika samana putra wuragile Kebayan Bulak Pandhe sing jeneng Andalu arep suduk jaja jalaran ora kuwat ngampet lara wirang awit pokale Makara lan andhahane, Sang Maharsi tumuli ngetog kekuwatan kanggo nylametake aluse Andalu murih ora dadi bangsa alus sing klambrangan ing alam antara, jalaran Sang Maharsi uga wis pirsa yen satemene Andalu kuwi wis kinodrat dadi jodhone Raden Bagus Suwanda, siswa wuragile Sang Maharsi sing nalika iku lagi arep budhal menyang Keduwang. Mula sawuse ragane Andalu tumiba ing lemah dadi bathang, aluse Andalu banjur tinuntun dening Sang Maharsi menyang Keduwang sing nalika samana mbarengi karo tekane Ratu Pangayoman menyang Keduwang lan tanpa paring weruh marang ndika Ratu, Sang Maharsi wis kepareng mratitisake aluse Andalu nyawiji marang jiwa raga ndika Kang mBok utawa Dhiajeng Setyawati. Coba ndika eling-eling ana kedadeyan apa nalika ndika jumujug ing patunggone Sang Maharsi sing nalika samana lagi nindakne laku ambesut raga jalaran lagi lelana sarana mangraga suksma?”.

 

“Sanadyan durung bisa tak tampa kanthi wutuh” Kang mBok Setyawati aweh wangsulan karo suwara sing ketara yen tulus ing tumeka ati “sing ndika critakne lan sing ndika takokne kuwi ana sing rada memper karo kahanan sing tak temoni, ya iku mbarengi aku mlebu ing patunggone Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa, panjenengane dumadakan wungu saka anggone sare malah banjur jengkar saka patunggon banjur mapan sare maneh ana ing pringgitan lan sadurunge sare luwih dhisik ndhawuhake supaya aku miwiti miyaki rontal ngidungake kakawin sarta kidung suci piwucale para Brahmana duking kuna. Nanging dhawuhe kanjeng Eyang Resi kuwi lagi bisa tak lakoni sawise Kanjeng Eyang Sare, jalaran nalika iku dumadakan aku ngrasakne geter pater sing gawe gonjang-ganjinge jero dhadhaku temah aku meh wae rubuh kantaka lan sawuse ragaku asat saka anggonku adus kringet adhem, lagi gonjang-ganjing kuwi mbaka sethithik ilang lan aku bali pulih kaya sadurunge lan bisa nindakne sing didhawuhne Kanjeng Eyang Resi, nanging wektu kuwi Kanjeng Eyang wis sare maneh”.

 

Aku mung ndomblong wae krungu wangsulane Kang mBok Setyawati sing nyritakne kedadeyan ing Keduwang nalika Kanjeng Eyang nindakne laku ngambara kanthi angragasuksma. Sauntara Guru tak sawang katon cengar-cengir sajak kaya padatan ngana kae.

 

“Ya nalika ndika ketaman rasa gonjang-ganjing ing sajroning dhadha kuwi, mbarengi nyawijine aluse Andalu marang jiwa raga ndika Ratu” Guru paring katrangan mungguh sing dialami Kang mBok Setyawati nalika samana. Atiku dadi sansaya eram marang kawaskithane Guruku, ora krsa atiku dadi mundhak mongkog dene aku wis klakon dadi siswane Guru sing nyata waskitha iki.

 

“Kuwi sing ndika kandhakne marang aku Kala Canthuka?” dumadakan Kang mBok Setyawati wangsulan karo mesem sing aneh, katon ora tulus eseme “kanggo mercaya kandha ndika sing iki utawa kanggo nggorohake aku isih mbutuhne wektu sing rada suwe. Nanging ora ana alane yen ndika tutugne dhisik sing arep ndika critakne iki!”.

 

“Iya Ratu, bakal tak tutugne nggonku arep kandha” Guru sajak ora nggagas marang esem sepa saka Kang mBok Setyawati mau “lan satemene nalika Sang Maharsi paring dhawuh marang ndika murih paring tuntunan marang Raden Bagus Suwanda kanggo ngaweruhi isining Ngelmu Sejatining Sih nalika iku, Sang Maharsi luwih dening uninga lamun ndika satemene uga durung pati pana kanthi sampurna ngelmu kang tinulis tanpa aksara rinembug tanpa ukara kuwi. Dhawuh supaya ndika paring tuntunan kuwi mung minangka sasmita, yen satemene ndika lan Raden Bagus Suwanda bisa sembada lebda lan pirsa sari pathining Ngelmu Sejatining Sih lamun ndika nyawiji dadi siji ing lahir trusing batin. Lire, ndika kudu dadi jodhone Raden Bagus Suwanda lan Raden Bagus Suwanda kudu dadi jodhone Ratu Setyawati Panguwasa Kraton Katentreman”.

 

Guru banjur kendel ora ngendika apa-apa maneh, wangune ngenteni tumanggape Kakang mBok Setyawati marang apa sing dingendikakne iku mau. Aku dhewe rumangsa lega sawuse Guru mungkasi nggone ngendika, rasa kuwatir sing sinurung gagasan neka-neka marang Guru wis ilang tanpa nisa. Guruku Raden Kala Canthuka iki nyata yen Guru Sejati sing welas lan asih marang siswane. Uga Satriya sing bawa leksana, lire bisa anetepi pangandika ora mung nuruti kersaning priyangga, ketitik sanadyan tau kasmaran lan ditampik malah kena sot pisan jalaran anresnani Kang mBok Setyawati, nanging malah saiki mbales kabecikan marang wanita sing ditresnani nanging males kanthi panampik sing nglarani ati kuwi kanthi mbukakne wiwaraning sasmita saka Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa sing durung dingerteni dening Kang mBok Setyawati. Jroning ati aku memuji sarana nguwuh-uwuh jenenge Andalu, kanthi pangajab supaya aluse Andalu sing wis nunggal sajiwa karo Kang mBok Setyawati kuwi tumuli ngobahake jatining rasane Kang mBok Setyawati murih nggugu apa sing lagi wae didhawuhake dening Guru iki mau.

 

Nanging tak enteni nganti sauntara ora mung Guru sing ora nyuwara, sanadyan Kang mBok Setyawati uga ora enggal nanggapi apa sing didhawuhake Guru kuwi mau. Ana karep arep kandha marang Kang mBok Setyawati ing ati iki, nanging aku ora wani.

 

“Apa wis cukup sing ndika kandhakne Kala Canthuka?” sawuse kahanan sepi sauntara, dumadakan Kang mBok Setyawati guneman takon marang Guru.

 

“Uwis Ratu, ya mung kuwi sing arep tak kandhakne marang ndika” wangsulane Guru karo mesem sajak karenan penggalihe “piye apa isih ana sing kurang cetha sing mbutuhake katrangan kanggo nggenahne karepe?”.

 

“Cukup Kala Canthuka” Kang mBok Setyawati wangsulan karo mesem “kabeh sing ndika kandhakne wis tak ngerteni sing dadi karepe. Saiki ndika tak lilani ninggalne papan kene luwih dhisik!”.

 

“Aku durung arep lunga Ratu” Guru wangsulan karo cengar-cengir kaya padatan “aku isih kepengin krungu panemu ndika ngenani apa sing lagi wae tak kandhakne iki mau”.

 

“Kala Canthuka” Kang mBok Ratu wangsulan karo suwara sing rada dhuwur “ing ngarep wis tak kandhakne, yen kanggo bisa mercaya utawa bisa nggorohake crita sing ndika kandhakne kuwi, aku mbutuhne wektu rada suwe, dadi ora bisa aku aweh wangsulan dina iki, sesuk utawa sesuke, sedina rong dina munggahe  nganti tekan sepasar, lan kanggo njupuk dudutan kudu percaya utawa kudu nggorohake critamu kuwi mau, aku mbutuhne suwasana sing sepi samun, dadi ndika kudu lunga luwih dhisik saka kene murih ora ngregon-regoni nggonku arep njupuk dudutan saka critamu mau”.

 

 

 

Ana candhake.


SENDHANG MIUSTIKANING WARIH VI (093)


 93.

Diunekne ngono kuwi Guru mung kari bisa cengar-cengir, wangune rumangsa yen wis diwelehne dening Ratu ing Kraton Katentreman kuwi. Nanging sajake kang mBok Setyawati ya ora pati seneng ndedawa nggone gawe dolanan pangrasane Guru sing sela kora sabar anggone ngenteni wangsulan, ketitik Ratu Kraton Katentreman kuwi tumuli nutugne olehe guneman :

 

“Mula sing dadi dhawuhe Eyang ing Paluamba biyen kae ora ana lupute, nanging gandheng aku uga kaparingan nalar lan budi sing jangkep dening Kang Maha Agung, aku banjur duwe dudutan yen sing dikersakne dening Eyang ing Paluamaba biyen kae, kuwi sikep sing dicakne marang wong sing ora tau kandha goroh lan ora seneng guneman sing ora jumbuh karo kahanan sing satemene mung jalaran saka nuruti ati sing melik, kesusu selak muluk barang sing katone melok. Ewa samono, kandhane wong sing sok goroh kuwi uga durung karuwan yen goroh kabeh, sabab saala-alaning wong mesthi duwe kabecikan lan sabecik-beciking wong uga mesthi duwe cacad utawa kekurangan. Mula, sadurunge aku ngandhakne percaya lan orane marang apa sing arep ndika kandhakne, aku kudu luwih dhisik krungu apa sing dadi kandha ndika kuwi Raden Kala Canthuka. Lan sawise aku krungu klawan kupingku dhewe, lagi bisa tak gawe dudutan aku kudu percaya apa kudu nggorohake”.

 

Guru manthuk-manthuk, karo palarapane bola-bali dijengkerutne. Wangune Guru lagi menggalih utawa nata ukara kanggo mangsuli katrangan sing dikandhakne Kang mBok Setyawati iki mau. Aku rada gumun, jebul ngadhepi Ratu ing Kraton Katentreman iki, Guru sing padatan yen mangsuli sapa wae bisa ceplas-ceplos ora ndadak dipenggalih luwih dhisik, nanging bareng arep paring wangsulan marang Kang mBok Setyawati ketara yen mbutuhne nata ukara luwih dhisik. Ana sethithik pangira sing tuwuh ing atiku, apa merga Kang mBok Setyawati sing ayune ora karuwan iki isih ndadekne Guru kagungan pangarep-arep kepengin ketetsan sih saka Ratu ing Kraton Pangayoman iki? Yen pangiraku iki bener, prasasat Guru wis mentala muthes rasa tresnaku tenan, awit aku ngrumangsani sanadyan mbok menawa wae aku isih menang bagus ing babagan rupa, nanging aku bakal ora menang yen kudu rebutan tresna mungsuh Guruku sing kagungan sewu cara iki.

 

“Lha yen kaya mangkono sing dadi wangsulane Ratu” sawuse kendel rada suwe Guru banjur ngendika, olehe ngendika beda karo padatan, nanging ketara yen kuwi ucape wong sing ganep nalare, dudu gunemane wong sing gendheng “Ratu isih durung percaya marang aku, siswane Kanjeng Eyang Resi ing Paluamba iki?”.

 

“Tak baleni ya Raden Kala Canthuka” Kang mBok Setyawati wangsulan karo mesem, manis banget “yen sing dhawuh lan ngendika kuwi Kanjeng Eyang Resi ing Paluamba, samedhang datan ana kang karempit, kabeh bakal tak percaya lan tak gugu yen iku mesthi benere, jalaran kanjeng Eyang ing Paluamba kuwi kajaba ora tau ngendika goroh, uga ora kagungan melik sing mamrihake hawa napsune dhewe. Beda karo ndika Raden Kala Canthuka, sing aku uga wis ngerti lan kepara wis apal kaya apa lakuning urip ndika sasuwene iki, dadi bares wae, aku bisa percaya lan nggugu sing dadi kandha ndika lamun sing ndika kandhakne jumbuh karo paugeraning nalar sarta ora nerjang pepacuh kapitayan sing tak rasuk”.

 

Sepisan maneh Guruku, ya Ki Tanpa Aran sing kagungan asma asli Raden Kala Canthuka iki manggut-manggut karo nyokoti lathine dhewe. Guru pranyata durung kuwawa nundhukne Kang mBok Setyawati supaya ngandel karo apa sing arep dikandhakne. Ing batin aku ya semu maido marang Guru, ya gene Guru ndadak ndedawa crita, ora enggal ngendika wae yen sranane bisa mangwasani Ngelmu Sejatining Sih, aku karo Kang mBok Setyawati kudu padha-padha anggone ngepek sisihan. Aku kudu ngepek Kang mBok dadia sisihanku, samono uga Kang mBok Setyawati kudu ngepek aku dadia gurulakine?. Apa olehe ora enggal ndhawuhake mangkono mau jalaran Guru wis ngowahi lekas sing jarene arep methukne aku karo Kang mBok Setyawati lan aweh pambiyantu supaya aku klakon bisa ngrabeni Ratu Panguwasa Taman Katentreman iki ? Lire wis owah jalaran Guru isih kagungan rasa kapencut marang sedulur nak dulure kuwi?. Rasaning atiku dadi sansaya ora karu-karuwan, jantungku sansaya krasa dheg-dhegan.

 

“Yen mangkono” Guru banjur ngendika maneh marang Kang mBok Setyawati “apa ora luwih becik tak wurungake wae ciptaning ati suciku kango nuduhake dalan marang Ratu marang kasampurnaning kawruh Aji Sekti Ngelmu Sejatining Sih iki? Sanadyan satemene aku ya weruh dhewe, Ratu Setyawati durung paya-paya sampurna nggone angawruhi Ngelmu Sejatining Sih iki?”.

 

“He he he…..” Kang mBok Setyawati gumuyu lirih nanging keprungu renyah, guyu sing endah, sing bisa gawe rasaning atiku sansaya kayungyun marang sing duwe guyu kuwi.

“Apa sing ndika guyu Ratu?” dumadakan keprungu suwarane Guru takon nganggo suwara sing sajak ora karenan penggalihe midhanget guyune Kang mBok Ratu sing renyah kuwi.

 

“Aja gampang rumangsa Raden Kala Canthuka” Kakang mBok Ratu wangsulan karo ngempet guyune “aku mung nggeguyu awakku dhewe. Ya gene kanggo nindakne jejibahanku dhewe aku kudu ngrungokne kojahe wong liya sing ora ana sambung rapete karo jejibahan sing kudu tak ayahi iki. Saiki babar pisan tak wangsuli pitakon ndika Kala Canthuka, yektine aku ora butuh krungu karo apa sing arep ndika kandhakne kuwi, nanging aku uga ora banjur kumalungkung ngangep yen arep ndika kandhakne kuwi ora ana gunane. Mula wangsulanku, kari sakarep ndika wae, ndika gelem guneman ngandhakne sing ndika arani srana murih enggal bisa nguwasani Ngelmu Sejatining Sih marang aku ya becik, dene ora gelem ngandhakne ya ora ana alane. Lan murih ora katut kalepetan dosa merga kaluputan ndika sing wis wani ninggalne kuwajiban rumeksa  Candhi ing Gunung Kumitir, kapeksa aku kudu nundhung ndika saka papan sing dadi wewengkonku iki”.

 

Krungu wangsulane Kang mBok Ratu sing canthas lan cetha kuwi, atiku dadi masgul sakala. Guru wis dikongkon ninggalne Taman Pangayoman kene, banjur aku kudu kepriye. Yen Guru banjur lunga saka kene, minangka murid aku kudu ndherek mbuh menyang ngendi parane, mangkono iku cetha yen wis nugel tekadku kanggoi bisa ngaweruhi Ngelmu Sejatining Sih klawan wutuh. Lan yen aku kudu lunga saka kene, ateges aku bakal kelangan pangarep-arep kanggo bisa mengku Kang mBok Setyawati dadi sisihanku. Karo meneng aku wiwit nimbang-nimbang, apa sing kudu tak lakonoi sabanjure. Tetep setya marang Guru, apa kudu murtad cukup tekan semene wae anggonku dadi muride Ki Tanpa Aran sing asma asline Raden Kala Canthuka iki?.

 

“Apa sing ndika kandhakne kuwi mau pancen wis bener Ratu” dumadakan Guru ngendika sing suwarane keprungu sabar lan sareh “tumrap ndika iya awit durung sumurup kang sanyatane, wis bener yen ndika ngandhakne ora mbutuhake kandhaku sing arep medhar srana murih ndika tumuli bisa nyampurnakne Ngelmu Sejatining Sih kuwi. Kudune, minangka wong sing ora kepengin dadi Kebo Gerang Nantang Pasangan, luwih kinurmat kanggoku tumuli lunga saka papan kene. Nanging, bareng aku kelingan kabecikan sing tau tak tampa saka Rama lan Ibu ndika temah aku isih dikeparengake urip nganti saiki, ora dikatutake dosane wong tuwa lan eyangku, malah banjur direngkuh kanthi becik dening Eyang ndika ya pepundhenku Kanjeng Eyang Resi ing Palu Amba, aku rumangsa bakal kaya Munyuk sing mendem Kecubung yen aku nganti nuruti panasing ati banjur tumuli lunga saka kene ngono wae”.

 

“Apa sing ndika karepake karo tembung ndika sing keri iki Kala Canthuka?” Kang mBok Setyawati nugel gunem kanthi pitakon sing canthas suwarane.

 

“Aku panggah arep ngandhakne apa sing bisa dadi sarana nggon ndika bisa tumuli mangwasni Ngelmu Sejatining Sih mau. Mung wae sepisan maneh aku takon, apa Ratu kersa paring palilah marang aku ngandhakne apa sing arep tak kandhakne mau?”.

 

 

 

Ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (092)

 



92.

Kang mBok Setyawati ngguyu rada banter, nanging ketara yen dudu sing tulus, guyu ngece semu ngremehne marang apa sing lagi wae dingendikakne Guru, ya Raden Kala Canthuka sing sadurunge iki tak sebut asmane Ki Tanpa Aran. Rada suwe lan rada dawa anggone gumuyu Ratu Kraton Katentreman kuwi, nganti Guru katon rumangsa yen disepelekne. Kamangka sing tak weruhi sasuwene iki, Guruku iki ora tau nggatekne patrape liyan marang panjenengane, panjenengane ora tau nggagas pangalembana utawa panacad saka liyan. Nanging beda, dina kuwi Guru katon ora karenan krungu digeguyu lan disepelekne dening Kang mBok Setyawati, wanita ayu tanpa cacad sing umure wis atusan tahun nanging nggadhuh kanugrahaning Hyang Agung rupa nom tan kena ing tuwa iki.

 

“Heh Ratu Kraton Katentreman” dumadakan Guru ngendika banter ngendheg guyune Kang mBok Setyawati “apa sing ndika geguyu? Aja dumeh ndika sasuwene iki tansah winongwong ing dewa temah ora tau kepleset marang tumindak dosa banjur ndika rumangsa luwih mulya tinimbang wong sing tau kecemplung ing juranging kanisthan kaya aku iki. Apa ndika wis lali marang pituture Eyangmu Resi Paluamba sing ndhawuhake yen kang gumelar ing jagad iki anane mung sarwa owah gingsir? Durung karuwan wong sing suci bakal suci selawase lan durung mesthi nek wong wis tau tumindak ala bakal selawase dadi ala?”.

 

Aneh banget, krungu pangandikane Guru ngono kuwi, Kang mBok Setyawati sakala meneng. Pasuryane didhingklukne, mripate diremne, banjur ambegan rada landhung wola-wali.

 

“Gusti mugi paringa pangaksama dhumateng titah ingkang nembe supe” alon-alon keprungu Ratu Kraton Katentreman kuwi nyebut, banjur ngelekne mripate. Karo nyawang marang Guruku, wong ayu kuwi banjur guneman alon nanging keprungu cetha “banget panuwunku marang ndika Raden Kala Canthuka sing wis ngelingake aku sing lagi lali, lan tak jaluk ndika gelema aweh pangapura awit laliku temah wis nyenggol rasa pangrasa ndika”.

 

“Ora prelu ndika atur panuwun marang aku Ratu” Ki Tanpa Aran aweh wangsulan karo cengar-cengir maneh “awit tuhune dudu aku sing ngelingne ndika, nanging mung Sih saka Hyang Agung sing tumurun lan ngobahake ati ndika sing bisa ndadekne ndika kelingan. Lan ndika uga ora kudu njaluk pangapura marang aku, awit ndika ora luput marang aku sarta ora gawe kapitunanku, malah ndika luput marang salira ndika dhewe temah saupama ndika ora enggal bali eling, ndika dhewe sing bakal nandhang kapitunan”.

 

“Bener apa sing ndika kandhakne kuwi Raden Kala Canthuka” wangsulane kang mBok Setyawati karo pasuryan sing sajak seneng lan kang mangkono kuwi sansaya nambahi ayune wong ayu sing tanpa cacad iki, ndadekne atiku sansaya ora karu-karuwan rasane merga saking sansaya kansengseme marang Ratu Panguwasa Taman Pangayoman iki “nyata ora luntur saka telenging atimu pitutur luhur sing tau ndika tampa saka Kanjeng Eyang ing Paluamba. Saiki ndika kandhakne wae apa sing ndika karepake klawan tembung ndika sing arep aweh pambiyantu marang aku lan Dhimas Suwanda magepokan karo Ngelmu Sejatining Sih peparinge Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa sing durung sampurna anggonku bisa nampa mau?”.

 

“Eman Ratu” Guru wangsulan karo panggah cengar-cengir nganyelake “lekas ciptaning ati suci sing tak kandhakne ing ngarep mau ora gampang bisa tak tindakne, jalaran ana sarat sing kudu ana, lan sarat kuwi bisane ana lan bisane ora ana gumantung marang ati ndika apa dene atine Raden Bagus Suwanda, sing nganti dina iki aku durung weruh wujude”.

 

“Aja ndedawa mangsa lan aja kakehan ngronce ukara sing tundhone malah dadi ora cetha Kala Canthuka” Ratu Kraton Katentreman kuwi nyaut pangandikane Guru karo ngincangne alise “diage kandhakna apa sarat sing kudu ana kuwi?”.

 

“Sarate ndika apa dene Raden Bagus Suwanda kudu percaya karo sing bakal tak kandhakne mengko, Ratu” wangsulane Guru “mau aku wis rembugan karo Raden Bagus Suwanda, putra angkate Tumenggung Jatikusuma iki wis kandha yen percaya banget marang apa sing wis lan arep tak kandhakne marang dheweke, saiki kari Ratu Katentreman sing ana ngarepku iki kersa apa ora percaya karo apa sing arep tak kandhakne mengko?”.

 

Kang mBok Setyawati katon bola-bali njengkerutne palarapane. Wangune lagi nggagas utawa nimbang-nimbang anggone arep aweh wangsulan marang Guru. Jroning ati aku ngarep-arep banget, muga-muga wong ayu kuwi gelem lan nggugu apa sing arep didhawuhne Guru ya iku Ngelmu Sejating Sih peparinge Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa kuwi lagi bisa temen-temen manunggal marang aku lan marang Kang mBok Setyawati, lamun aku karo dheweke wis bisa manunggal dadi siji, urip bebojowan. Nanging dumadakan, mbuh sapa sing mbisiki atiku, aku banjur kelingan sing mau diucapne dening Kang mBok Setyawati yen biyen Raden kala Canthuka sing saiki wis dadi guruku iki, tau kasmaran lan kepengin mengku garwa Dewi Setyawati sing isih kaprenah sedulur nak dulure dhewe iki. Ana rasa kuwatir jroning atiku, kuwatir yen nganti mengko Ratu Panguwasa Taman Pangayoman iki wis muni gelem percaya marang Guru, banjur Raden Kala Canthuka ngandhakne manawa sarat sabanjure Dewi Setyawati admajane Raden Damarwulan iki kudu dadi jodhone Raden Kala Canthuka putrane Raden Layang Seta. Yen sabanjure jebul Kang mBok Setyawati percaya, harak sida ajur mumur rasaning atiku?. Ora krasa gagasanku banjur nglambrang tekan ngendi-endi.

 

“Kepriye Ratu?” dumadakan anggonku nglamun dibuyarake karo suwara pitakone Guru marang kang mBok Setyawati sing wis rada sauntara ora enggal aweh wangsulan marang Raden Kala Canthuka, guruku. Aku ndengengek, bali nyawang marang Ratu Kraton Katentreman sing sansaya katon mencorong prabane.

 

“Ngene ya Raden kala Canthuka” alon-alon Kang mBok Setyawati wiwit guneman aweh wangsulan marang Guru.

 

“Iya Ratu, ndika dhawuhake wae panemu ndika, aku bakal sabar ngrungokne apa sing bakal ndika dhawuhake” wangsulane Guru karo mesem.

 

“Sanadyan aku durung tau krungu yen didhaku murid dening Kanjeng Eyang Resi ing Paluamba, nanging jagad ora bisa nyelaki manawa aku iki wayahe Pandhita sing tau tate jumeneng minangka Pepatih ing Nagara Majapahit kae” kaya wong ngetung beton Kang mBok Setyawati olehe ngucapne wangsulan marang Guru “dadi apa sing dingendikakne dening Eyang Resi ing Paluamba sing tau tak rungokne, kuwi klebu ngelmu sing kudu tak ugemi dadi paugeraning uripku”.

 

“Iya, Ratu” Guru nigas kandhane Kang mBok Setyawati “aku wis bisa nampa karo sing ndika dhawuhake iki. Banjur apa sambung rapete karo sing tak kandhakne ing ngarep babagan sarat sing kudu ana mau?”.

 

“Sabar dhisik Kala Canthuka” Kang mBok Setyawati wangsulan karo mesem, sanadyan esem kuwi ora ditujokne kanggo aku, nanging weruh esem kuwi ndadekne kaya rontog-rontoga isenisening dhadhaku, gebyaring untune Ratu Panguwasa Taman Pangayoman iki nyata ngemu perbawa tresna sing tan bisa kinaya apa mungguh ing kaendahane “salah siji pitutur sing tau tak tampa saka Kanjeng Eyang ing Paluamba biyen nyebutake, yaiku salah siji sing bisa ngregeti ati sing suci yaiku nalika ati kapencokan sipat dhemen ngingu pandakwa ala marang sapa wae, lire gampang nganggep wong liya kuwi wong ala, gampang nggorohake utawa ora percaya marang apa sing dikandhakne dening liyan, mung jalaran saka pangaribawane rasa ora seneng utawa gething marang wong mau. Dadi gampang ora percaya utawa gampang nggorohake tembunge wong liya merga sengite marang wong liya mau, bisa ndadekne rereget sajroning ati”.

 

“Dadi Ratu Kraton Katentreman percaya karo sing arep tak kandhakne mengko?” Guru mundhut pirsa katon pasuryane sumunar nuduhne yen penggalihe lagi kalegan.

 

“Aja kesusu gawe dudutan Kala Canthuka” sepisan maneh Kang mBok Setyawati wangsulan karo mbalangne esem, sanadyan mung kasababan rasaning atiku dadi sansaya ora karu-karuwan “rembugku durung tutug, jare ndika mau arep sabar ngrungokne apa sing arep tak kandhakne?”.

 

 

Ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (091)


91.

Ora kedhep anggonku namatake pasuryane wong sing ayune babar pisan tanpa cacat kuwi, wiwit pucuk rambut nganti dlamakan sikil ora ana perangan sing ora nengsemake marang mripat sing ngulati. Kang mangkono kuwi sansaya adoh angen-angenku nggone nglambrang, mendah mulyaning uripku yen ta klakon Ratu Katentreman iki wis klakon dadi sisihanku. Tak ulati karo ora guneman apa-apa, wangune Kang mBok Setyawati krasa yen ing atine uga ana rasa sing mbok menawa wae padha karo rasa sing tumanduk ing atiku. Pasuryane wong ayu kuwi dadi rada mbrabak abang sing sansaya muwuhi ayuning rupane. Genining asmara sing ngobong jantungku sansaya mundhak mulat-mulat rasane.

 

“Dhimas Suwanda” Kang mBok Setyawati guneman maneh, suwarane keprungu rada banter “aku iki takon marang sliramu! Ya gene si adhi ora tumuli wangsulan? Malah ngingeti pun kakang kaya durung tau tepung wae. Ya gene Dhimas Suwanda bali maneh menyang Taman Pangayoman kamangka durung jangkep patang puluh dina kaya sing wis tak welingake kae? Malah tekane si adhi bebarengan karo Kala Canthuka Dhanyang Candhi Gunung Kumitir sarta nggawa kanca yen ora kleru panyawangku iki tilas andhahane Tumenggung Jatikusuma he?”.

 

Aku rada kaget krungu pitakon sing kaping pindhone saka Kang mBok Setyawati iki, jebul wong ayu kuwi wis ngerti marang Lancur sing nyata tilas abdi dalem Katumenggungan. Banjur Kang mBok Setyawati nyebut jeneng Kala Canthuka, Dhanyang Candhi Gunung Kumitir barang, apa asmane Guru sing sasuwene iki diarani dening Lancur nganggo sebutan Ki Tanpa Aran kuwi, Kala Canthuka lan nduweni panggonan ana ing Candhi Gunung Kumitir?.

 

“He he he…….” Durung nganti ilang rasa kaget lan gumunku, dumadakan Ki Tanpa Aran sing saiki wis dadi guruku kuwi ngguyu ngekek banjur ngendika marang Kang mBok Setyawati sing semune melehake “dadi uwong kuwi mbok ya gelem ngoilo ta dhiajeng……..”.

 

“Awuku luwih tuwa tinimbang awumu Kala Canthuka” durung nganti tutug Guru anggone ngendika wis dipunggel dening Kang mBok Setyawati karo suwara sing canthas “simbahmu kae isih kaprenah adhine Eyangku Resi Paluamba, dadi benere kowe ngundang aku iki mbakyu, ngerti?!?”.

“Sepisan maneh tak aturi ngilo heh Ratu Kraton Katentreman” Guru aweh wangsulan “sanajan bener yen Eyangku Rekyana Patih Lo Gender biyen isih adhine Eyangmu Rekyana Patih Maudara sing banjur mandhita dadi Ki Ajar Paluamba, nanging sadurunge oleh ibumu Ramamu kuwi tau dadi adhine ipe wong tuwaku, merga ngrabeni Bibi Anjasmara, dadi miturut awu sing anyar ndika kuwi isih adhiku tiba nak dulur, mula aku ngundang ndika nganggo sebutan Dhiajeng”.

 

Krungu sing dingendikakne Guru ngono kuwi, aku lagi ngerti yen satemene Guruku sing sasuwene iki dianggep wong sing ora waras lan ora genep nalare iki, jebul isih trahing kusuma, isih kaprenah wayahe paraga Pepatih ing Nagara Majapahit, pepatihe Kanjeng Sinuhun Prabu Putri Ratu Ayu Kencanawungu, jaman atusan taun kepungkur. Lan nitik sing dingendikakne Guru iki mau, Kang mBok Setyawati ateges putrane Raden Damarwulan putra mantune Rekyana Patih Logender, sing wusanane jumeneng nata ing Majapahit kanthi sebutan Prabu Brawijaya Wikramawardana, apa malah Kang mBok Setyawati iki admajane Prabu Brawijaya Wikramawardana patutan karo Ratu Ayu Kencanawungu sing ora kersa nglenggahi dhampar keprabon Majapahit nalika samana?.

 

“Wasis ilatmu ngrakit ukara, Kala Canthuka” Kang mBok Setyawati mangsuli pangandikane Guruku, kanthi suwara sing nuduhne sengiting atine “pancen ora arep tak selaki yen Kanjeng Ibu Anjasmara kuwi isih bibimu, adhine wong tuwamu, nanging kowe kudu ngerti yen aku iki putrane kanjeng Ibu Kencanawungu wayah dalem Sri Brawijaya dudu putune mBahmu Si Patih Logender menungsa sing tan weruh ing kabecikan kae. Banjur apa sing mbok karepake aku kudu ngilo nalika aku ngenteni wangsulan saka Adhiku Dhimas Suwanda he?”.

 

“He he he……” Guru ngguyu maneh, tumuli ngendika aweh wangsulan “ndika mau maido marang Gus Wanda merga ora enggal mangsuli pitakon ndika, nanging ndika ora rumangsa luput nalika aku alok sapa aruh marang ndika lan ndika ora mangsuli nanging malah nakoni Gus Wanda. Kamangka adile ndika kudu mangsuli marang aku luwih dhisik lagi ndika ndangu marang Gus Wanda sing jarene isih kadang ndika kaprenah nom sapaguron kuwi. Mula ndika tak aturi ngilo luwih dhisik, aja kesusu maido marang Gus Wanda sing temene anggone ora enggal aweh wangsulan jalaran weruh lan ora seneng nerjang pranataning adil”.

 

“Sepisan maneh aku ngakoni Canthuka, pancen lemesing ilatmu temen wis bisa niru lemesing ilate mbahmu” Ratu Katentreman kuwi semaur karo mesem ngece “tak akoni ing babagan iki sing mbok kandhakne ora luput. Saiki rungokna wangsulanku : kang sepisan tanpa nganggo ukara kaluputanmu midak Taman Pangayoman wis tak ngapura ketitik aku ora nibakne pidana apa-apa marang kowe, kapindho nduwe karep apa kowe wani mlebu taman kene? Sumurupa yen kowe isih arep nutugne sedyamu jaman semana, ya iku jaman sadurunge kowe nampa jejibahan ngreksa Candhi Gunung Kumitir biyen, mangka aku ora arep aweh wangsulan kajaba rupa pidana sing jumbuh karo prasetyamu marang Kanjeng Eyang ing Paluamba, ya iku sirahmu bakal tak pisah karo gembung. Gembungmu bakal tak buwang menyang segara lor murih dadi mangsane buron segara, dene sirahmu bakal tak cemplungne menyang kawahe Gunung Lawu kene. Ngerti?”.

 

Tak lirik, Guru katon lagi nggeget untu, nahan duka, pasuryane sedhela malih dadi abang mbranang kaya kembang wura-wari abang, sedhela malih dadi ireng kaya dhuwet mateng. Nanging kahanane Guru sing mangkono kuwi mau ora suwe, kira-kira sapanginang, pasuryane Guru bali kaya padatan, malah banjur cengar-cengir maneh mimbuhi lucune. Lan wektu kuwi, aku babar pisan ora mudheng urut-urutaning crita sing dikarepake Kang mBok Setyawati mau. Lagi sawuse aku atusan taun candhake aku ngerti, yen jebul jaman biyen Guruku sing asma asline Raden Kala Canthuka kuwi tau kayungyun lan kepengin ngepek bojo sedulur nak dulure ding aran Setyawati, nanging ora kasembadan. Jalaran, kajaba Setyawati ora gelem, uga dening wong sing ngopeni Guruku nalika ditinggal mati wong tuwane, ya iku Resi Paluamba ya Eyange Setyawati, Guru didukani merga duwe karep arep ngrabeni Setyawati. Saking nemene anggone ndukani, temah ora sengaja banjur nibakne sot sing ndadekne Raden Kala Canthuka anjur duwe lara kaya wong song ora ganep nalare nganti saiki iki. Kamangka nalika samana resi ing Pakuamba mung ngendikakne yen lekase Raden Kala Canthuka arep ngrabeni Setyawati sing uga putrane pepundhene kuwi kaya lekase wong edan sing ora ganep nalare. Nanging merga mandining sabda binarung karo Maha Adile Hyang Agung, pangandikane Resi ing Paluamba kuwi tumiba dadi sot sing ndadekne getune sing ngendika lan sedhihe sing disotne. Mula banjur ana ila-ila, ala menga becik muni, prayogane uni sauna kuwi sing ngati-ati.

 

“Aja kaduk ati lan nemen-nemen anggon ndika nibakne rasa sengit marang aku, Ratu Katentreman” sawise mendha dukane Guru banjur ngendika maneh kanthi suwara sing keprungu sareh, aweh wangsulan marang Kang mBok Setyawati “sanadyan aku ora pati percaya yen ndika bisa nibakne pidana sing ndika kandhakne mau, jalaran Canthuka sing saiki wis beda adoh karo Canthuka jaman samana, nanging aku uga ora bakal wani nyelaki prasetyaku marang Eyangmu Resi Paluamba, awit satemene saglugut pinara sasra wis ora ana rasa kepencut sajroning atiku marang pulasaning pasuryan ndika sing katon mencorong kuwi. Malah satemene nggonku mrepegi papan kene iki amarga kasurung dening ciptaning ati suci, aku kepengin asung pambiyantu marang siswa-siswane sawargi Sang Maharsi Doradruwasa, ya iku ndika lan Raden Bagus Suwanda, murih tumuli lebda nggone nggadhuh Aji Sekti sing diarani Ngelmu Sejatining Sih”.

 

 

Ana candhake

 

 

 

 

Jumat, 09 September 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (90)


90.

Wangune Guru uga pirsa marang apa sing lagi tak rasakne apa dene sing dirasakne dening Lancur. Ketitik panjenengane banjur nyekikik maneh, kukur-kukur mustakane, banjur mapan lenggah ing pasuketan, gage-gage aku lan Lancur nututi melu lungguh, ora adoh ing ngarsane Guru, ngeringake lawanging gapura taman sing dijaga dening Macan Putih loro kuwi.

 

“nDika satemene ya bisa males genti ngunekne aku” ngendikane Guru karo cengar-cengir lucu “lha wong nuturi kok malah kosok balen karo sing dilakoni? He he he , sadurunge ndika males ngunekne ngono, tak dhisiki wae, aku lali nek olehku kandha mau satemene ya ora ana gunane malah sansaya nyuwen-nyuweni laku sing kudune tumuli ditindakne. Pancen lali kuwi kerep wae njalari menungsa dadi nggladrah kaya aku iki, nggladrah ngono kuwi nek diumbar lan ditutug-tutugne entek-entekane ya banjur gendheng, aku bisa muni ngono kuwi merga aku wis nglakoni dhewe he he he”.

 

“Naminipun tiyang supe menika boten saged dipun lepataken Guru” wangsulanku rada mbantah pangandikane Guru “jer supe menika dede pikajengipun piyambak. Samangke mumpung dereng kesupen, kaparenga Guru paring dhawuh kados pundi caranipun mlebet dhateng Taman Pangayoman menika?”.

 

“Huh…., eling-eling wong sing rumangsa waras, sing lali dheweke kok arep ngluputne liyane” Guru grenengan alon banget sing ditujokne marang salirane dhewe, nanging kegawa aku kena pangaribawane Kyai Bancik sing isih tak sengkelit aku bisa krungu karo sing dingendikane guru kuwi.

 

“Carane mlebu taman kuwi gampang Gus” sawise grenengan dhewe Guru tumuli paring wangsulan “ya liwat dalan mlebu sing wis dicawisne dening sing gawe taman”.

 

“Lajeng kalihan sima kalih menika kados pundi?” aku nyuwun pirsa.

 

“Ora sah nggagas sing neka-neka!” Guru jumeneng saka anggone lenggah banjur ngendika, paring prentah “ayo ndika tutne lakuku!”

 

Aku karo Lancur bebarengan ngadeg banjur mapan ing pungkure guru, siaga ngetutne tindake.

 

Kaya ora migatekne marang Macan Putih sing ana kiwa tengene Regol, Ki Tanpa Aran jumangkah arep mlebu menyang jerone taman, aku karo Lancur ngetutne ana pungkure. Rumangsa nek ora digatekne Macan loro kuwi tangi saka anggone njerum, banjur nggereng sajak arep nubruk aku wong telu. Aku siaga samono uga Lancur, beda karo Ki Tanpa Aran sing babar pisan ora kengguh dening panggerenge Macan loro sing gedhene padha karo kebo babon kuwi. Malah Guruku sing sok-sok kaya wong ora ganep nalare kuwi, nyedhaki papane Macan sing nuduhne yen lagi nesu kuwi. Keris Kyai Bancik wis tak dudut saka sengkelitanku, ukirane tak gujengi kenceng siaga ngadhepi bebaya. Lancur uga wis ngliga pedhange sing mau cemanthel ana lempenge.

 

“He he he….” Guru ngguyu banjur ngendika kaya ditukokne marang Macan loro sing lagi ngadhang laku kuwi “wiwit biyen kok isih panggah seneng dedolanan kaya ngono ta? Lha nek sing disuguhi dolanan ngono kuwi liyane aku ngono yap antes-pantes wae, lha nek sing dipapagne nganggo dolanan kuwi aku? Rak malah jeneng ngeceh-eceh tenaga  sing tanpa guna ta?”.

 

Dumadakan Macan Putih sing gedhene sak Kebo babon kuwi nglumba nubruk Guru, aku kaget semono uga Lancur. Ora sranta, aku karo Lancur kepengin ngalingi Guru saka pangrangsange Macan loro kuwi, kanthi mapanake Keris Kyai Bancik kanggo mapag panubruke Macan, samono uga sing ditindakne Lancur karo pedhang sing ana tangane.  Aneh. Macan sing nglumba kuwi bisa ngendhegne obahe dhewe, murungake nggone nubruk malah banjur mbalik mundur. Genti nata awake sing mau cetha ngarah marang Guru, nanging bareng tak papagne karo Lancur banjur nggereng banter katone genti arep nubruk aku karo Lancur .

 

“Aja ngeceh-eceh tenaga Gus Wanda karo Ki Lancur!” Guru ngendika rada banter “carane ngadhepi wong dolanan kuwi ya kudu nganggo dolanan!”.

 

Aku karo Lancur ora semaur, merga durung ngerti karo sing dikersakne Guru kanthi ngendika mangkono kuwi. Nanging aku panggah samekta ing gawe, sawayah-wayah Macan kuwi nubruk aku, sabisa-bisa aku kudu bisa ngendhani, merga manut petungane nalarku, yen nganti kena ditubruk dening Macan putih kuwi tan wurunga aku bakal cilaka.

 

Dumadakan Guru katron wis ngasta selendhang ireng sing mau tak cekeli pucuke karo Lancur. Kanthi obah sing ora bisa digambarake merga saking cepete, weruh-weruh Macan loro kuwi wis kejiret dening slendhang sing jebul dawa banget kuwi. Pucuke slendhang kekarone padha-padha naleni sikil ngarepe macan putih sing gedhe-gedhe kuwi. Luwih nggegirisi maneh bareng Guru banjur ngebatake slendhang kuwi mendhuwur. Katon entheng wae, Macan loro sing kecancang sikil ngarepe dening pucuke slendhang kuwi katut obahe slendhang banjur kaya dibandhilake, mencelat memburi. Luwih aneh maneh, bareng tumibane macan loro kuwi pas ngenani wit asem sing dienggo rambatan ula puspapajang sing gedhene sagedebog gedhang kapok, ing mburine regol. Wit asem kuwi rungkat saoyod-oyode, lan embuh menyang ngendi tibane, sing cetha Macan Putih loro, wit asem karo Ula Puspapajang kuwi wis ilang saka panduluku. Tanpa krasa aku ndomblong saking anggonku ngrasa eram weruh kasektene Guruku, Ki Tanpa Aran sing nyata nggegirisi kuwi.

 

“nDika aja padha gampang gumunan weruh dolanane wong sing wis ngapusi pandulu ndika iki mau” Ki Tanpa Aran paring dhawuh marang aku lan Lancur sing uga isih semlengeren weruh kasektene Guruku iki “awake dhewe wektu iki mapan ing Jagad Maya ora manggon neng jagad nyata. Macan Putih karo Ula gedhe sarta wit asem sing wis ilang kuwi mau satemene mung dolanan, dolanane wong sing mapan ing Jagad Maya. Dadi cethane kabeh-kabeh mau anane ya mung wewayangan wae cinipta dening angen-angen sing kapulas mawa daya kekuwataning batin, lha cara kanggo ngadhepi wewayangan kaya mangkono mau uga nganggo wewayangan kang padha. Dadi kang ana iku satemene dudu, singpadha ndika tonton kuwi satemene suwung ora ana apa-apa babar pisan”.

 

Sanadyan durung ngerti kanthi tenanan apa sing didhawuhne Ki Tanpa Aran iki, nanging kanggo ngenaki ati aku banjur manthuk-manthuk kaya wis ngerti sing dikersakne Guru iki, Tak lirik Lancur uga padha, mung manggut-manggut sajak weruh-weruha.

 

“Saiki ayo mlebu menyang papan sing dijenengne Taman Katentreman iki” Guru banjur ngajak mlebu menyang jero Taman. Aku karo Lancur tumuli ngetutne tindake Guru.

 

Nanging lagi wae teka Regol, Guru aweh sasmita ngajak mandheg. Saka ngarep krasa ana angin sumilir sing nggawa ganda arum, gandane lenga cendhana wangi sing carob lan ambune kembang melathi. Angin kuwi nampeg praupan, gandane sing ngaleg-aleg ndadekne ati ora karu-karuwan. Ana rasa samar wor rasa kuwatir, samar yen ana apa lan nguwatirake bab apa? Ora cetha.

Dumadakan banjur katon ana cahya ijo maya-maya, tumiyup saka langit sinusul cahya putih sing ndadekne balerenge mripatku, kapeksa aku merem kanggo ngeman mripat sing balerengen iki.

 

“Sing gedhe pangapuramu dhiajeng aku teka ing Tamanmu kene tanpa luwih dhisik asung kabar marang slirane” aku melek, merga krungu Guru ngendika. Cahya putih sing mau ndadekne aku merem wis ora ana, sing katon saiki Kang mBok Setyawati sing lenggah ing watu gedhe ing ngisor wit Soka karo mripat manther marang papanku sing ngadeg awor lan Ki Lancur lan Guru. Aku dadi ngerti yen sing diajak ngendikan guruku mau jebul Kang mBok Setyawati sing lagi wae teka ditutne cahya ijo maya-maya lan cahya putih sing mbalerengi mata.

 

“Ya gene Dhimas Suwanda bali menyang Taman kene maneh?” Kang mBok Setyawati ora mangsuli pangandikane Guru malah takon marang aku “malah yen ora kleru baline si adhi ngajak apa bareng-bareng karo wong tuwa sing kudune ora kena ninggalne gaweyan ngreksa candhi ing Gunung Kumitir ? Ana apa Dhimas?”.

 

Ditakoni ngono kuwi, aku ora enggal aweh wangsulan, jalaran kajaba durung nata ukara kanggo wangsulan, wektu kuwi aku lagi kasengsem nyawang kasulistyane Ratu Kraton Katentreman sing saka rumangsaku mundhak sansaya ayu lan sansaya nengsemake.

 

 

Ana candhake.

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...