Total Tayangan Halaman

Selasa, 06 Desember 2022

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (003)


 

3.

Andhok neng warung sate nggone Kang Mungin ora pati suwe, merga tenane ngono olehe Sudimin ngajak kulawargane jajan neng kono kuwi kajaba butuh arep mangan uga Sudimin kepengin pethuk karo Mungin. Mula karo mangan, ngrahabi sing disuguhne neng ngarepe, Sudimin bola-bali tolah-toleh nggoleki sing duwe warung, nanging sing digoleki ora ana katon, banjur takon marang salah siji saka rewange warung sing kapinujon lagi ngladeni wong tuku ing sacedhake.

 

“Pak Mungin boten wonten ta Mas?” ngono pitakone Sudimin marang karyawane warung sate kuwi.

 

“Anu, dereng rawuh Bapak” wangsulane karyawan kuwi sopan “kala wau meling menawi anggenipun tindak wande mriki radi kasep, criyose badhe mampir dhateng Panti rumiyin”.

 

“Panti?” Sudimin miterang rembug “Panti Asuhan ta ?”.

 

“Inggih” wangsulane karyawan mau “teng caket daleme Kang Mungin nika sak niki rak wonten Panti Asuhan enggal, cabangipun Panti sing wonten kilen mriku niku”.

 

Sudimin manthuk-manthuk, pancen wis rada sauntara kae Mungin kober aweh kabar nek ana priyayi ing cedhak omahe sing makaf-ne pekarangan sak omahe kanggo Panti Asuhan. Lan mesthi wae, kanthi anane panti asuhan sing anyar kuwi mengko kabutuhan dhuwit kanggo ngragadi bocah-bocah sing dimong ing panti bakal tambah lan butuh dipikirake murih bisa mlaku kanthi becik.

 

“Sampun Bapak?” peladen kuwi takon apa sing ditakokne Sudimin wis rampung “menawi sampun, kepareng badhe nglajengaken damelan”.

 

“Uwis, uwis Mas, matur nuwun” Sudimin gage anggone aweh wangsulan. Jroning atine thukul pangalembana marang peladen warung sing duwe tata krama jangkep kuwi. Sudimin ngira, ngono kuwi mesthi merga saka piwulange Mungin marang para karyawane supaya wong-wong sing teka ing warunge padha seneng atine. Salah siji saka cara ngecakne ilmu pemasaran sing penting. Sudimin banjur nutugne anggone mangan.

 

“Nuwun sewu, kok njanur gunung, kadhingaren” dumadakan ora weruh sangkan parane, sing lagi wae dirasani wis linggih neng dhingklik ora adoh karo papane Sudimin sakulawargane banjur aruh-aruh “niki wau saking dalem mawon menapa saking tindak pundi Bapak?”.

 

Sudimin sing ora ngira nek Mungin wis teka rada kaget, semono uga Wiwin apa dene Yahya sing banjur padha ndengengek nyawang Mungin karo manthuk mesem, sing uga ditanggapi karo sikep sing padha dening Mungin.

 

“Lagi wae sampean mau tak takokne, Mas Mungin” Sudimin mangsuli pitakone Mungin “jare isih mampir nyang Panti Asuhan sing anyar?”.

 

“Inggih Bapak” Mungin mbenerne pitakone Sudimin “namung mampir sakedhap, ngaturne titipan buku-buku kangge lare-lare Panti. Lha niki wau Bapak kok jangkep kalihan Ibu lan Mas Yahya menapa?”.

 

“Iya, iki mau jan-jane rak saka priksa neng nggone Dokter Sigit kana” wangsulane Sudimin “lha ndelalah aku kelingan nek butuh kepethuk karo sampean, mula mesisan tak jak mampir kene”.

 

“Saking nggene Dokter Sigit?” Mungin rada mlengak “ingkang gerah sinten Bapak?”.

 

“He he he ora ana sing lara kok” Sudimin wangsulan karo ngguyu.

 

“Lho kok?”

 

“Ingkang gerah nggih Bapake Yahya niku Mas Mungin” genti Wiwin sing nyaut rembug “ning wong ya jenenge Pak Sudimin, dadi ya ngana kae”.

 

Mungin mesem krungu rembuge Wiwin sing ngono kuwi, pancen prasasat kabeh wong sing tau cedhak karo Sudimin padha ngerti pakulinane wong kuwi, selawase ora tau gelem sambat lara lan ajeg mesthi moh nek dikongkon berobat menyang panggonane dokter.

 

“Wong ya pancen ora lara, mosok kon omong nek lara?” Sudimin sing aweh wangsulan “kaya sing dikandhakne Dokter Sigit mau, sing baku aku iki mbutuhne leren sedhela, mangan sing cukup. Merga tensiku lagi mudhun, lha mangan sate iki mengko tekanan darahku rak banjur munggah maneh”.

 

“Inggih Bapak” Mungin wangsulan “nanging Bapak inggih kedah kathah aso salira, dhahar ingkang ajeg, sampun ngantos kados padatan inggih awit menggalihaken kabetahanipun tiyang kathah, lajeng Bapak boten ngreken sayahing salira, saben dalu nglembur meh dumugi enjing”.

 

“Lha niku lho Mas” Wiwin guneman maneh “Mas Mungin mawon inggih pirsa, menawi panjenengan niku asring supe kalihan kesarasanipun piyambak”.

 

“Iya” Sudimin mung semaur cekak karo mesam-mesem, kanggo ngendheg rembug sing miturut panemune ora ana gunane kuwi.

 

Ora let suwe olehe padha mangan wis padha rampung Sudimin banjur kandha marang Mungin nek butuh arep asok urunan kanggo kabutuhane Panti Asuhan sing kulina dijupuk Mungin.

 

“Lha kok kathah sanget Bapak?” Mungin takon sawuse nampani dhuwit sing diulungne Sudimin lan dietung cacahe.

 

“Iya. Gepitan eketan kuwi cacahe kaya padatan sing tak longne saka Gaji sing tak tampa saben sasine” wangsulane Sudimin nyethakne bab dhuwit sing diulungne “lha sing gepitan atusan kuwi, merga aku oleh rejeki liya saka anggonku seminar neng Medan, Semarang karo keri dhewe neng Makasar.  Jatah kanggo Ibune Yahya ya wis tak sisihne dhewe, sing iku jatahe bocah-bocah Panti”.

 

Mungin banjur nggawekne Kuitansi sing nyebutne yen dheweke wis nampa titipan saka Sudimin supaya dipasrahne menyang Bendhara Panti Asuhan. Sanadyan mung wujud dluwang sasuwek, nanging kuwi prelu kanggo njagani menawa ana sing lali.

 

“Matur nuwun Bapak” kandhane Mungin karo nglebokne dhuwit mau menyang tas cilik sing tansah dislempangne ana pundhake “mugi Gusti tansah paring berkah dhumateng Bapak lan Ibu tuwin kulawaga sadaya lan mug-mugi pisumbangipun Bapak saged migunani tumrap sedaya adhik-adhik lare Panti”.

 

“Aamiin” wangsulane Sudimin “aku ya matur nuwun banget marang Mas Mungin sing wis kersa tak titipi, ora liwat ya lemah teles wae ya?”.

 

Sudimin banjur pamitan, wengi kuwi sing mbayari mangane Wiwin. Neng dalan padha nutugne olehe ngrembug bab usahane Mungin sing sansaya suwe katon sansaya ngrembaka. Luwih-luwih Yahya sajak kasengsem lan kepilut karo usaha sing dilakoni Mungin. Merga nek dietung-etung kanthi tenanan ngono, pengasilane Mungin kuwi bisa uga luwih akeh tinimbang pengasilane Pegawe Negeri Golongan Telu A.

 

“Kajawi menika Mas Mungin ugi saged mbikak lapangan kerja lho Buk?” kandhane Yahya karo panggah maspadakne dalan sing ana ngarepe “ingkang wonten mriki mawon niku wau boten kirang saking lare gangsal, dereng ingkang wonten cabang Karangmalang napa”.

 

“Iya Nang” wangsulane Wiwin karo mesem “pancen samubarang gawe kuwi nek ditandangi kanthi tenanan, gemi nastiti lan ngati-ati, sinartan rasa tanggung jawab sing gedhe, tundhone ya kaya sing ditemu dening Mas Mungin kuwi mau. Pancen ing jaman saiki isih luwih akeh nom-noman sing uripe kepengin dadi reh-rehaning liyan tinimbang nyambut gawe sing ngabdi marang awake dhewe. Akeh wong pinter sing sepi kuwanen, temah pasrah mung kepengin dadi telukan, mung sabab wedi marang ayang-ayangane mungsuh sing ora katon”.

 

“Ibumu wiwit ngandhakne paugeraning urip wewaton disiplin Ilmune Le?!?” Sudimin amul rembug karo mesem “pancen nek miturut Layang Wulangreh ing jaman Sinuhun Pakubuwana papat ngasta Layang kuwi, akeh para sinoman sing pengin dadi priyayi utawa dadi abdi dalem. Saben selapan dina kuwajian seba lan uga ana kuwajiban cundhuk kemit lan kuwajiban-kuwajiban liyane, kamangka kekucah utawa asil sing ditampa minangka abdi dalem kuwi satemene uga ora mingsra kerep wae ora cukup kanggo nutup kabutuhaning urip, nanging panggah akeh sing kepengin dadi abdi dalem, mung jalaran sing dadi abdi dalem kuwi kinurmatan minangka kawula sing kulina saba ing platarane ratu, kulina nganggo beskap komplit sakerise pisan. Mula ana unen-unen akeh wong sing beteke kepengin bisa nganggo keris, banjur nglilakne tegal utawa sawahe diiris. Padha karo lelakon ing jaman saiki iki”.

 

Yahya mung meneng wae krungu apa sing dikandhakne Bapak lan Ibune. Apa sing dadi kandhane wong tuwane kuwi cetha yen ngritisi kahanan, mligine ngritisi pola pikire generasi muda, klebu para sarjanane pisan, sing akeh-akehe nek wis rampung anggone sekolah banjur kepengin nyambut gawe dadi….. abdi. Klebu dheweke, sing sawise lulus saka Universitas King Abdul Aziz neng Madinah, banjur dijaluk dening kampus sing saiki dadi papane nyambut gawe supaya dadi dosen neng kono. Lan nalika samana ya Bapake ya Ibune, padha dene olehe paring panyengkuyung, nalika dheweke matur taren nek arep mulang dadi PNS ing kampuse nalika nempuh S1 biyen.

 

Ana candhake.

 

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (02)


 

2.

Metu saka panggonan prakteke Dokter Sigit, wong telu ora bablas mulih menyang omah. Sudimin ngajak anak bojone andhok neng warung sate nggone Kang Mungin. Sing dienggo pawadan jalaran mau Dokter Sigit mung kandha nek larane Sudimin kuwi salah sijine merga kekeselen lan kurang leren, tekanan darahe mudhun nek ha-be ne normal. Lan kanthi golek sate wedhus ngono kuwi dikarepne bisa ngunggahne tensi.

 

“Kareben tensiku bisa rada munggah Bu” kandhane Sudimin marang Wiwin “wong ngendikane Pak Dokter Sigit mau jarene tensiku mblorot kari wolung puluh”.

 

“Inggih Mas” wangsulane Wiwin “nanging sing langkung baku niku, Panjenengan kedah pinter ngatur wekdal, sampun merga kasengsem kalih damelan lajeng supe leren, lali dhahar. Upami sakdangune niki, dhahare panjenengan niku boten kathah klendrane, lajeng sare kalih ngasone ajeg, kula kinten boten ngantos panjenengan gerah. Lan sing langkung baken malih, panjenengan kedah nurut kalih tausiahe Ustadz Zamzuri  sing kerep didhawuhne pendhak Ahad enjing ing Pengaosane nika”.

 

“Sing endi kuwi?” Sudimin takon.

 

“Anggene udut niku dikendeli!” wangsulane Wiwin “udut niku manpangat kalih kapitunane kathah kapitunane. Langkung-langkung kados Panjenengan niku, aba sampun nyedhot udut kalih nyruput kopi, lajeng kesupen anggenipun badhe dhahar”.

 

“He he he……” Sudimin ngguyu karo wangsulan “iya, nanging nek digagas, awake dhewe iki ya lucu”.

 

“Lucu dospundi Bapak?” Yahya sing lagi nyetir melu nrambul takon.

 

“Lucune ki ngene lho” wangsulane Sudimin “lha aku iki diparingi awak waras dening Gusti Allah kuwi pirang-pirang puluh tahun, ora tau semanta apa-apa. Lha bareng lagi diparingi mumet sethithik lan sedhela wae, kok banjur sambat ngaruara, ngresula, wong sa omah melu bingung kabeh, jan ora sumbut karo nalika diparingi waras ngana kae. Lucu apa ora coba?”.

 

Yahya karo Wiwin padha ora ana sing semaur. Ibu karo anak kuwi wis padha apal karo modhele Sudimin wong sing ora tau ngresula ngadhepi lelakon urip sing kaya apa wae. Selawase urip bebarengan karo Sudimin, Wiwin durung tau nampa tembung sing kasar saka sisihane kuwi. Durung tau Wiwin disrengeni merga dianggep tumindak luput marang kakunge. Samono uga sing dirasakne Yahya, durung tau Yahya nampa duka saka wong tuwane lanang, disrengeni utawa digetak, babar pisan durung tau kedaden. Upama Yahya ndilalah tumindak sing kurang pas karo tatananing urip, kanthi sabar lan sareh sarta tlaten Bapake kuwi aweh pitutur murih becike.

 

“Niki siyose mampir nggene Kang Mungin napa nggene Bu Hajah Nani?” sawuse meneng rada sauntara Yahya matur takon, wetenge uga wis krasa yen njaluk diiseni.

 

“Warunge Bu Hajah Nani kuwi kesuwen olehe antri. Nggone Kang Mungin wae” wangsulane Sudimin ditutugne karo kandhan-kandhan “sing nduwe warung sate kuwi jenenge Mungin, biyen bocah Panti Asuhan Aisiyah, bareng wis lulus saka Pondhok banjur diparingi pawitan dening Pak Satata Kepala SMP sing daleme Jejeran kae. Pawitan kuwi ora diparingne loko-loko, nanging utang sing ora nganggo anakan, nyaure dicicil saben sasi, karo diwelingi nek olehe bakulan ana bathine sing sebagian didhawuhi supaya disumbangne neng Panti Asuhan sing biyen dadi panggonane kuwi. Nganti saiki wis mlaku limang tahun luwih, olehe nyumbang Kang Mungin menyang Panti Asuhan ora tau lowok tur grafike munggah terus lan saiki Warunge Kang Mungin mundhak reja, mundhak laris, sing ngrewangi dodolanbya sansaya tambah, kabeh biyen asale bocah Panti Asuhan, adhi-adhi angkatane Mungin”.

 

“Lha Panjenengan kok nggih apal sanget Mas?” Wiwin nyelani takon “Warung Sate Kambing Kang Mungin niku sak niki bikak cabang teng Karangmalang napa lho? Kinten-kinten nembe sewulan niki”.

 

“Iya ta?” wangsulane Sudimin “kenalku karo Mungin kuwi wis suwe banget, biyen bocahe rak oleh tugas saka Panti, marani sumbangan saka para donatur sing ora kober transfer utawa rawuh menyang Panti. Lha aku salah siji sing saben tanggal telu dipethuki Mungin, kerep wae Mungin tak wenehi dhuwit tip karepku kareben di enggo tambah sangu, nanging jebul dening Mungin dhuwit tip kuwi malah disumbangne menyang Panti pisan, sing crita Pak Pardi bendhahara Panti. Ya lumrah wae merga bocah sing temen tur sregep, olehe bukak usaha warung bisa berkembang, bisa bukak cabang neng papan liya”.

 

“Leres Bapak” Yahya bali melu guneman “salah setunggal Mahasiswa kula nggih wonten kok ingkang ndherek Kang Mungin, larene nggih tekun dados anggene ndherek dados rewang teng warunge Kang Mungin niku ketingale nggih kalih didamel sinau”.

 

“Ya sokur ta nek ngono” wangsulane Sudimin “nek ana bocah nom sing ngono kuwi Bapak neng ati melu bungah, adhakane bocah nom sing gelem ngono kuwi ing mbesuke bakal dadi wong sing sukses migunani tumrap awake dhewe lan wong-wong kiwa tengene. Dadi masa depane Indonesia iki ora pati mutawatiri”.

 

“Inggih Bapak” Yahya mbenerne kandhane wong tuwane “lare niki teng kampus nggih gathekan, kenging diwastani Mahasiswa ingkang pinter lan ugi kritis, boten kok kuliah namung betahe mpun dugi kampus ngoten nika”.

 

“Pancen apa-apa kuwi kudu bisa mlaku bareng” kandhane Sudimin maneh “ya kudu tlaten, sregep lan tekun. Merga ya akeh bocahe jan-jane ngono ya pinter, nanging nek wegahan  banjur kepencut marang barang-barang sing nengsemake ati nanging ora ana gunane, dadine kapinterane ya terus mandheg. Bareng wis kebacut dadine wong ya wong sing mung pinter maido, rumangsa wis pinter dhewe nanging nek dipasrahi gaweyan ya akeh mlethone”.

 

“Lha rak tiyang kina-kina sampun nate dhawuh ta Mas?” Wiwin melu urun rembug “lare sing temen niku dados tiyang inggih dados tiyang ingkang migunani, awit sing sapa temen bakal tinemu apa sing dadi panjangkane, dhasare temen tur inggih tekun, niku sing sae. Sing gelem teteken tekun bakale tekan kang sinedya, niku unen-unene sing meh sedaya tiyang apal nanging sok kathah ingkang namung mandheg dumugi lathi kemawon”.

 

Sudimin ora semaur, mung neng atine ana rasa mongkog dene dening Gusti Allah kaparingan jodho, sisihan kajaba duwe rupa sing nyenengake lamun disawang, omong-saomong mung nglereg marang pitutur luhur sing aweh panuntun murih anjog ing kabecikane urip. Kathik ngonowa, kabeh sing dikandhakne uga dibarengi klawan tumindaksing kena digawe tepa palupi.

 

Sudimin banjur kelingan lelakon uripe, sing saiki wis keneng diarani kepenak lan mapan. Kabeh mau bisa ditemoni awit iya anggone nglakoni urip, wiwit cilik nganti saiki wis umur sewidakan luwih, tansah gegondhelan pituture para pinter jaman kuna, senadyan ta siji loro pitutur kuwi uga ana sing wis ora jumbuh karo kahanan sing sansaya maju lan sarwa modern, nanging meksa isih akeh sing becik upama dilanggengake. Luwih-luwih sawise Sudimin gelem melu nyinaoni piwulange Agama sing dirasuk, jebul piwulange agama ngono ora winates mung ing tata cara manembah marang Gusti, nanging luwih akeh sing mulangake carane urip sing becik. Jalaran urip neng ngalam donya kuwi ora urip ijen, nanging uga ana barengane urip, iya sing padha-padha rupa manungsa lan uga sing wujud titah liyane, titah sing bisa obah lan sing ora bisa obah, kewan, tanem tuwuh, banyu, geni, gunung, sawah segara lan liya-liyane. Yen kepengin bisa urip sing becik, menungsa kudu bisa nglakoni urip murih beciking sasama, ora mung mburu butuhe dhewe.

 

Jaman cilikane biyen, Sudimin ora duwe pangira yen bakal urip neng Kutha gedhe kaya saiki kuwi. Ora ngimpi yen bisa lungguh lan jejagongan karo wong-wong sing duwe palungguhan kang kinurmatan dening sesamaning titah. Jeneh Sudimin biyen dilahirne dening Sudinem anake Midin Jenu sing dirabi dening Diman Bandhat. Simboke Sudimin gaweyane sing ajeg ya mung buruh-buruh neng sawahe wong sugih, ya buruh tandur, ya buruh matun, derep lan liya-liyane. Bapakne sing kajaba dadi buruh srabutan, ing kalaning lodhang luru lulup waru banjur ditampar digawe bandhat banjur didol neng pasar, mula bapakne Sudimin sing asline duwe jeneng Murdiman, banjur luwih akeh sing ngundang dadi Diman Bandhat, tegese Murdiman sing kerep dodolan Bandhat.

 

Ana candhake.

 

Isih ana sing pirsa apa kuwi : Lulup? Bandhat?

 

 

 

 

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (001)

 



1.

Wis dadi watak, dadi nek dikandhani ya angel, sanajan olehe wangsulan ya muni “iya” nanging panggah wae ora ditindakne. Wis telung dina sirahe krasa lara, kerep kliyengan, neng awak lemes, Nanging ya ora digatekne, pas mbeneri sambat nek sirahe kliyengan dikandhani dening sisihane supaya priksa nyang nggone dokter, nanging ya ora ditindakne, kalah karo gaweyan sing wis disaguhi dadi tanggung jawabe. Mung bola-bali nggon githoke diblonyohi lenga kayu putih, merga pangirane ya mung masuk angin. Wingi pas tekan omah, mulih saka anggone mulang neng Kampus, bubar njagangne sepedha motore, ora bablas mlebu omah nanging ndadak leren dhisik neng garasi, merga panyawange krasa peteng dhet-dhet, meh wae Sudimin tiba. Tujune wektu kuwi ngepasi Warji, sopire, ana garasi sing banjur nulungi merga weruh nek Sudimin arep tiba. Sudimin sing mung meneng wae kuwi banjur dituntun alon-alon mlebu omah.

 

“Lho kenging napa Mas?” Wiwin sing weruh nek kakunge mlaku mlebu omah kanthi dituntun sopire, kaget, ora sranta banjur takon.

 

Sudimin ora semaur, wetenge krasa muneg-muneg, kaya arep muntah, mripate diremne. Praupane katon pucet kaya enjet.

 

“Anu niki wau Bapak ketingale badhe dhawah Bu, lajeng kula tampani lan kula dherekne mlebet” bareng sing ditakoni ora semaur, Warji matur marang bendarane wadon, ngandhakne kahanane Sudimin.

 

“Tulung sampean dherekne nyang kamar pisan Pak Warji” wangsulane Wiwin sing banjur mrentah Warji supaya nggawa Sudimin mlebu kamare.

 

“Nggih” Warji banjur nuntun jurgane mlebu kamar, Wiwin ngetutne neng mburine.

 

“Ketingale Bapak nembe masuk angin Bu” kandhane Warji sawise Sudimin dipapakne neng amben paturone “nek boten nggih kesayahen”.

 

“Iya, bener kuwi Pak” wangsulane Wiwin karo lingih neng sisihe Sudimin sing ngglethak karo ngeremne mripate “wong bar kundur saka Medan kae ora leren sesuke banjur nyang Semarang, bar saka Semarang esuke bablas menyang Makassar wingi sore lagi tekan omah. Gek Bapake Yahya kuwi nek ora dielingne kerep wae olehe dhahar klendran”.

 

“Inggih Bu” Warji pamitan arep nutugne gaweyane sing ditinggal, ngelapi mobile neng garasi “kula tak teng garasi malih”.

 

“Iya matur nuwun lho Pak Warji” wangsulane Wiwin sing banjur nata kemul kanggo ngemuli kakunge.

 

“Ibune……..” alon-alon lambene Sudimin obah.

 

“Inggih Mas?” gage wae Wiwin semaur karo ngingeti kakunge.

 

“Tulung aku gawekna Teh panas, ketoke aku masuk angin iki” kandhane Sudimin njaluk digawekne wedang “sirahku kliyengan, wetengku pating kruwel”.

 

“Inggih” wangsulane Wiwin karo ngadeg banjur mlaku menyang Pawon arep nindakne sing dadi prentahe kakunge.

 

Sudimin bali ngeremne mripat maneh, sirah sisih mburi krasa sansaya lara, wetenge sansaya kruwel-kruwel lan panyawange dadi sansaya ora cetha. Awak sakujur rasane dadi tanpa daya.

 

“Mangga diunjuk rumiyin Mas” ora nganti suwe Wiwin wis bali mlebu kamar maneh karo nggawa wedang teh neng cangkir muk gedhe, sauntara tangane kiwa nggawa lepek sing banjur dienggo ngeler wedange Sudimin.

 

“Selehna kono dhisik, aku rung pati bisa melek iki” wangsulane Sudimin panggah karo merem rapet.

 

Wiwin tanggap, nyandhak sendhok dienggo nyendhok wedang sing mau digawa banjur dicedhakne lambene kakunge.

 

“Nggih sampun dingge melek rumiyin, mangga diunjuk alon-alon, kula sendhokne” kandhane Wiwin karo nyedhakne sendhoke menyang lambene kakunge. Sudimin mbukak lambene, wedang sing didulangne Wiwin diombe. Oleh limang sendhokan, Sudimin kandha nek wis cukup.

 

“Panjenengan niku campur-campur Mas” Wiwin guneman karo nyelehne sendhok neng lepek “nggih masuk angin, nggih kesayahen, malah kinten-kinten pas tindak dhateng Medan, Semarang kalih Makasar wingi niku panjenengan supe boten dhahar……..”.

 

“Iya” Sudimin wangsulan cekak, mbenerne apa sing dikandhakne sisihane, mripate bali diremne.

 

“Mula kagungan raga niku mbok dijagi piyambak” setengah srengen Wiwin guneman maneh “ragane awake piyambak niki mpun boten nom malih, sampun dipadhakne kalih jaman siyen, jeneh panjenengan niku nggih mpun meh sewidak langkunglan kula nggih mpun seket gangsal, dados napa-napa niku kudu dingati-ati dhewe. Nggih empun mangke kula dherekne priksa teng nggene Dokter Sigit, kula tak salin dhisik”.

 

“Lha sliramu apa lara ?” karo isih merem Sudimin takon “kok ngajak neng nggone dokter Sigit ki?”.

 

“Mriksakne kalih ngobatne panjenengan niku lho” karo rada anyel Wiwin wangsulan “wong genah nek sing lara ki panjenengan ngoten kok? Malah nakoni bojone”.

 

“Alaaah, wegah” Sudimin wangsulan sajake bar ngombe wedang panas limang sendhok mau larane wis rada suda “wong mung masuk angin ngene wae kok ndadak arep menehi dhuwit dokter barang, mengko dienggo turu sedhela rak ya mari dhewe, wong kesel kuwi tambane dienggo leren, ora kok sithik-sithik nyang dokter njaluk suntik terus ngombe pil utawa obat. Ngono kuwi ora becik, medic kuwi tegese upas utawa racun, nek kakehan obat medic padha wae karo numpuk racun neng awak”.

 

“Mas Panjenengan niku nek dipernahne garwane mbok sing nurut” Wiwin sing wis apal karo tekune kakunge semaur alon “sing ngerti tenan bab kuwarasan lan carane nambani sesakit niku nggih dokter, merga pancen sekolahe dokter riyin niku nggih ing babagan niku, nek kepengin waras takone nggih teng dokter, sampun dikira-kira piyambak. Sami mawon nek betah ngertos babagan  Ngelmu Komunikasi niku nek nyuwun pirsa sing leres nggih dhateng tiyang sing kaluwihane ing babagan niku, kados panjenengan upamane………”.

 

“Lha nek kepengin luwih ngerti bab Babad utawa Geguritan takone menyang Doktoranda Wiwin Winarah, ngono ta?” Sudimin sing wis bisa melek kuwi nyauti kandhane sisihane karo mesem, praupane isih katon abang dluwang.

 

“Gene ya wis pirsa ngoten kok?” Wiwin wangsulan karo rada njedhirne lambene, rada anyel “sampun kula tak salin riyin, gek ndang bidhal teng nggene dokter Sigit, Pak Warji kula kandhanane riyin”.

 

“Iya, ora sah kesusu mengko bar-bar surup wae ben disopiri Yahya” Sudimin ngandhani sisihane “bocahe iki mau neng ngendi ta?”.

 

“Mas ngersakne didherekne Yahya?” Wiwin mandheg ora sida metu nggoleki Warji, sopire.

 

“Ya karo sliramu barang ta Bune” wangsulane Sudimin “dadi sok-sok ki wong saomah metu bareng barang ngono lho?”.

 

“Nggih sampun menawi makaten” Wiwin bali linggih neng sisihe kakunge “sakedhap malih Yahya rak nggih wangsul, padatan menawi dinten jumuah ngeten niki jam sekawan sampun dugi, kajawi menawi teng kampuse wonten damelan sing kedah ditandangi piyambake”.

 

Sudimin ora wangsulan maneh, alon-alon banjur tangi, mapan lungguh, semendhe neng tembok kamare. Rasa lara ing sarandhuning awake krasa wis kurang. Wedange diranggeh banjur disruput dhewe.

 

Pancen kulawargane Sudimin kuwi kena diarani kulawarga Dosen. Sudimin klebu dhosen Senior neng kampuse, nek dietung-etung wiwit ketampa mulang dadi Dhosen neng kono nganti dina iki, ora kurang saka patang puluh tahunan, klebu olehe disekolahne menyang negara manca kanggo ngrampungne S2 lan  S3 ne.  Wiwin Winarah, sisihane sing umure kacek limang tahun luwih nom, uga dadi Dosen Sastra lan Basa Jawa Senior neng Kampus sing beda karo papan nyambut gawene Sudimin lan kober diragati negara ngangsu kawruh neng negara Walanda kanggo nempuh S2 ne. Yahya, Anake lanang, sing jeneng jangkepe Muhammad Yahya Sudimin, sawise bali olehe ngangsu kaweruh neng Madinah negara Ngarab, uga banjur mulang dadi Dosen Bahasa Arab neng salah sijining Universitas ing kuthane.

 

Wong saomah duwe mobil loro, ngereh Sopir siji. Nanging Sudimin sing duwe watak rada beda karo wong liyane, sasuwene duwe mobil durung tau numpaki mobile menyang papane nyambut gawe. Dipilih nunggang Sepedha motore sing wis rada tuwek tahune. Sing mangkono kuwi mau uga banjur nular menyang sisihane sing mulang neng kampus sing beda, Wiwin uga meh saben dina pilih numpak Pit Motor jinis Matic. Tujune Warji tanggane sing didadekne sopire, wonge ora lumuh, dadi luwih akeh nandangi gaweyan liya neng omah kuwi, karo sok-sok lan oleh palilah juragane Mobile disopiri ngladeni nek ana wong mbutuhake sewan mobil. Merga saka temen lan pintere nggone mapanake dhiri minangka abdi, kulawarga Sudimin kuwi wis nganggep nek Warji, sopire kuwi kulawarga dhewe. Dening Sudimin Warji saanak bojone dikongkon manggon neng omah cilik sing mapan tunggal sapekarangan karo omah sing dipanggoni Sudimin lan anak bojone.

 

 

ana candhake

Jumat, 30 September 2022

SASTRA JENDRA YUNINGRAT PANGRUWATING DIYU (004)


04.

Resi Wisrawa terhenyak sejenal mendengar perkataan Prabu Gardapati yang ternyata memiliki kecerdasan berpikir itu, Raja Gardapura itu dengan cepatnya bisa menangkap nasehat Wisrawa, lalu mengubah niatannya dalam mencari berkah darinya. Kembali Wisrawa termangu dibuatnya, hati kecilnya mendorong untuk memberkati Raja negeri Gardapura itu, namun nalarnya berkata lain. Nalar yang dibalut nafsu mementingkan diri sendiri itu mengingatkan bahwa kalau sampai dia memberkati Prabu Gardapati berarti dia telah siap untuk berkhianat kepada kesanggupan yang telah disampaikan kepada anak tunggalnya, Prabu Danaraja. Nalarpun mengingatkan, boleh jadi karena berkah darinya Prabu Gardapati akan berhasil memperistri Dewi Sukesi dan dengan demikian berarti Danaraja, anaknya sendiri, menjadi terkalahkan oleh Raja negeri Gardapura tersebut. Agak lama batin Resi Wisrawa berdebat hebat, dia harus memilih mana yang harus diutamakan dalam menjalankan darma, yakni darmaning asepuh yang harus membantu anak satu-satunya agar berhasil menyunting seorang putri untuk dijadikan istri, dan darmaning brahmana yang harus memberkati sipapapun juga yang sudah berniat untuk menjadi kawulaning gusti dan berusaha untuk mendekat kepada Sang Hyang Maha Kawasa.

 

Setelah cukup lama merenung, akhirnya pilihanpun jatuh pada kecintaan orang tua pada anaknya. Resi Wisrawa memutuskan untuk menolak permohonan Prabu Gardapati yang minta diberkati.

 

“Terpaksa aku harus mohon maaf padamu Sang Prabu” berkata Resi Wisrawa setelah diam agak lama “aku terpaksa tidak bisa memenuhi keinginan Anda untuk aku berkati, bahkan aku sarankan pada Anda, agar Anda mengurungkan niat untuk melamar puteri Prabu Sumali itu, lebih baik jika Anda segera pulang ke negeri Gardapura. Anda bisa mencari wanita lain untuk Anda angkat menjadi Permaisuri”.

 

Prabu Gardapati terkejut mendengar jawaban Resi Wisrawa yang seperti itu. Sambil memandang wajah Resi Wisrawa, dia mencoba untuk bertanya :

 

“Maaf Sang Resi, keberangkatanku dari rumah ini karena aku mengikuti saran dari Nujumku agar memperistri Dewi Sukesi dan mengangkatnya menjadi Permaisuri Gardapura. Tetapi di sini justru Sang Resi memberiku nasehat dengan saran yang bertolak belakang dengan saran nujum negeri Gardapura, apa yang menjadi alas an Sang Resi memberiku nasehat dan saran tersebut?”.

“Baiklah Sang Prabu” jawab Resi Wisrawa “aku harus berterus terang padamu, sesungguhnya akupun akan menuju negeri Langka dan akupun berniat untuk meminang Dewi Sukesi pada Prabu Sumali……..”

 

“Apa?” Prabu Gardapati memotong perkataan Resi Wisrawa dengan suara yang agak keras “Anda sebagai seorang Brahmana yang telah setua ini mau melamar seorang Puteri yang masih gadis? Apakah aku tidak salah dengar Sang Resi?”.

 

“Jangan keliru Sang Prabu” Resi Wisrawa menjawab sambil tersenyum “aku meminang Dewi Sukesi bukan untukku sendiri, aku sudah tua dan sudah pernah menikah bahkan sudah dikarunia seorang putera yang usianya tidak bertaut jauh dengan usia Anda, dialah Prabu Danaraja Raja Negeri Lokapala, untuk puteraku itulah aku melamar Dewi Sukesi, aku ingin Dewi Sukesi menjadi istri puteraku sekaligus menjadi Permaisuri Negeri Lokapala”.

 

Tiba-tiba Prabu Gardapati yang semula duduk bersimpuh di tanah, berdiri. Lalu ditatapnya wajah Resi Wisrawa dengan berani.

 

“Jadi hanya karena itu Anda tak mau memberkati diriku?” dengan suara dingin Prabu Gardapati bertanya.

 

“Ya” jawab Wisrawa pendek,

 

“Ha ha ha ……” Raja negara Gardapaura itu tiba-tiba tertawa, lalu berkata “maafkan aku Resi Wisrawa, dengan sangat terpaksa aku cabut rasa hormatku pada Anda. Karena ternyata aku sudah salah sangka, Anda tak lebih dari manusia yang berjiwa rendah, namun berani berpakaian layaknya seorang Brahmana. Anda tidak layak menyebut diri sebagai Resi, karena Anda masih mementingkan kebutuhan diri sendiri, kebutuhan keduniawiyahan yang taka da sangkut pautnya dengan darma seorang brahmana. Sekarang dengarkanlah, aku akan berkata padamu : kalau tadi Anda telah menyarankan agar aku pulang saja dan mengurungkan niatku melamar Dewi Sukesi, maka saat ini juga saran Anda itu aku kembalikan, pulanglah ke Girijembangan lanjutkanlah pertaubatanmu kepada Sang Hyang Maha Kawasa, buang jauh-jauh rasa inginmu menjadikan Dewi Sukesi menjadi menantumu, karena ketahuilah sungguh bukan anakmu itu yang ditakdirkan oleh Jawata menjadi suami Dewi Sukesi, melainkan diriku inilah orangnya yang akan menjadi suami puteri negeri Langka itu”.

 

Gemertak gigi Resi Wisrawa menahan amarah yang membakar jantungnya. Perkataan Prabu Gardapati itu dirasakan sebagai hinaan yang keji kepadanya. Namun Resi dari pertapaan Girijembangan itu masih menahan diri, disabar-sabarkan hatinya yang sedang menyala.

 

“Prabu Gardapati” dengan suara yang dibuat dengan suara biasa Resi Wisrawa berkata “memang harus kuakui, sebagai manusia aku masih memiliki rasa cinta kepada anakku satu-satunya dan berusaha mencarikan istri yang layak buat anak itu tidaklah bertentangan dengan darma seorang brahmana. Adanya aku tak mau memberkati dirimu, itu karena aku sudah terlebih dulu menyanggupi keinginan anakku sebelum bertemu denganmu di sini ini tadi, jadi tidak dapat disalahkan bila terpaksa aku menolak permintaanmu. Adapun saranku padamu untuk mengurungkan niat dan pulang ke Gardapura, itu hanyalah sekedar saran, aku tak akan memaksa Anda untuk mematuhinya ………..”.

 

“Berbeda dengan saranku padamu Resi Wisrawa” Gardapati memotong perkataan Resi Wisrawa “saranku tadi justru wajib untuk Anda jalankan, khusunya yang berkaiatan agar mengurungkan niat datang ke negeri Langka. Dan aku siap memaksa Anda untuk membatalkan niat Anda melamar Dewi Sukesi, ya memaksa Anda dengan cara apapun juga”.

 

“Anda berani memaksaku Prabu Gardapati?” tanya Wisrawa dengan nada keras karena marahnya “berarti Anda telah menantang Resi Wisrawa?”.

 

“Tidak ada pilihan lain Resi Wisrawa” jawab Prabu Gardapati sambil menyingsingkan kain panjangnya “siapapun yang menjadi pesaingku untuk mendapatkan Dewi Sukesi harus kusingkirkan, kalau perlu harus kumusnahkan dari muka bumi ini agar tidak selalu merintangiku, termasuk dirimu”.

 

Meskipun sudah menjadi Brahmana, namun Resi Wisrawa adalah mantan seorang raja, mantan prajurit dan senapati perang yang tak pernah terkalahkan, sudah terbiaasa berkelahi melawan segala macam musuh, baik berupa manusia maupun raksasa. Maka mendengar tantangan dari Prabu Gardapati seperti itu, taka da sedikitpun rasa jerih di hatinya. Bahkan darah mudanya Kembali memanas, jantungnya terasa seperti terbakar dibuatnya. Segera dia menambatkan kudanya di batang perdu yang tak jauh dari tempatnya, lalu hanya dengan sekalim loncatan dia sudah berdiri di hadapan Prabu Gardapati.

 

Tiba-tiba dari barisan pasukan negara Gardapura itu, berloncatan lima orang prajurit dengan senjata di tangan mengepung Resi Wisrawa.

 

“Baiklah kalau ternyata kalian sudah tanggap” Prabu Gardapati berdesis kepada kelima prajurit yang baru datang itu.

 

“Kami siap dan menunggu dhawuh Paduka Gusti” sahut salah seorang dari kelima prajurit itu.

 

“Singkirkan tua bangka tak tahu malu itu!” Prabu Gardapati memberi perintah “kalau terpaksa  boleh kalian kirimkan dia ke dasar neraka biar bangkainya menjadi makanan binatang buas di hutan ini”.

 

“Dhawuh Paduka siap kami laksanakan” jawab prajurit tadi dengan hormatnya.

 

Gardapatipun kemudian menyingkir agak menjauh, memberikan ruang kepada prajuritnya untuk bertindak mengusir Resi Wisrawa. Kelima prajurit itupun kemudian segera merapat mendekati Resi Wisrawa yang juga sudah siaga dengan sikap sempurna.

 

“Hai orang tua, ketahuilah!” salah seorang prajurit yang tampaknya berpangkat paling tinggi mulai bicara pada Wisrawa “aku dan keempat orang ini adalah Senapati pengawal Kerajaan Gardapura, namaku Tumenggung Sabukgada, lalu siapakah engkau ini wahai orang tua yang tak tahu diri ini?”.

 

 

bersambung
 

Kamis, 29 September 2022

SASTRA JENDRA YUNINGRAT PANGRUWATING DIYU (003)

 

03.

Raja negara Gardapura itu menundukkan wajahnya sebentar, tak lama kemudian kembali menengadah menatap Wisrawa, lalu sambil menyembah diapun menjawab :

 

“Seperti yang telah kukatakan di depan, pastilah hanya karena menghormati pepatah bahwa tidak baik jadinya kalau “ndhisiki kersa”, Tuan menayakan hal itu padaku. Baiklah Sang Resi sesungguhnya kepergianku ini menuju negeri Langka atau negeri Alengka, Adapun tujuanku ialah melamar putera Prabu Sumali yang bernama Sukesi untuk kuangkat menjadi permaisuri di negaraku. Karena meskipun saat ini istri-istriku sudah puluhan jumlahnya, namun ada satupun yang memenuhi syarat untuk kuangkat menjadi Permaisuri. Adapun Dewi Sukesi, menurut wangsit yang diterima ahli nujumku, entah siapapun suaminya kelak Dewi Sukesi akan melahirkan putera-puteri yang semuanya memiliki kesaktian di atas rata-rata manusia dan raksasa, bahkan kesaktian putera-puteri dewi Sukesi kelak bisa disejajarkan dengan kesaktian Sang Hyang Surapati, Senapati Agung Kahyangan Jonggirisalaka. Nah, setelah aku sampaikan dengan jujur apa yang Tuan tanyakan, sekarang aku mohon Sang Resi segera berkenan memberiku berkah, agar keinginanku menyunting Dewi Sukesi itu bisa terlaksana”.

 

Mendengar jawaban Prabu Gardapati seperti itu, Resi Wisrawa sedikit agak terkejut. Sebagai seorang Brahmana, dia tak layak menolak permohonan siapapun juga yang minta berkah kepadanya, termasuk kepada penjahat sekalipun dia tak boleh menolak. Namun ketika berkah yang diharapkan dari Raja Gardapura itu agar bisa dijadikan penghantar untuk mempersunting Dewi Sukesi, hati Brahmana yang sudah faham berbagai macam Ilmu kasampurnan itu menjadi bergetar. Ragu. Karena kalau sampai karena berkah yang dia berikan kepada Prabu Gardapati itu bisa membuat keinginan Gardapati terlaksana, maka sama saja dia telah menggagalkan keinginan anak tunggalnya yang sedang jatuh cinta kepada puteri Prabu Sumali itu. Wisrawa membayangkan, goncangan apa yang akan terjadi di jiwa Danaraja, anak lelakinya, kalau sampai dia gagal melamar Dewi Sukesi, bahkan karena berkahnya Dewi Sukesi justru menjadi istri orang lain, yakni Prabu Gardapati, Raja di Gardapura, yang kalau dilihat tatarannya hanyalah raja di sebuah kerajaan kecil yang jauh di bawah kerajaan Lokapala yang dipimpin oleh anaknya itu.

 

Ingin rasanya Wisrawa marah dan menampar mulut Gardapati yang lancang itu, namun Wisrawa masih ingat, bahwa dalam hal ini tidak ada satupun kesalahan yang dilakukan oleh Raja negara Gardapura itu. Dia hanya meminta untuk diberkati, sedangkan berkah itu sendiri  ada padanya dan tak ada seorangpun yang mampu memaksan dirinya untuk memberikan berkahnya pada Prabu Gardapati. Maka Wisrawapun tak jadi marah, hanya saja berkali-kali dia menarik napas panjang, untuk menata hati dan Menyusun kalimat yang bijak sebagai jawaban atas permohonan Prabu Gardapati yang minta diberkati itu.

 

“Ma’afkan diriku Sang Prabu” akhirnya dengan suara yang rendah Wisrawa berkata “Aku minta Sang Prabu jangan salah memaknai berkah, karena sesungguhnya, yang namanya berkah itu tidak memiliki kekuatan apa-apa termasuk tidak serta merta membuat apa yang Anda inginkan tercapai setelah Anda aku berkati. Kethuilah Sang Prabu, yang bisa mengabulkan segala keinginan dan cita-cita setiap titah, itu hanyalah Hyang Maha Kawasa, sesembahan segenap titah dalam wujud apapun termasuk yang berwujud Dewa. Adapun berkah yang diberikan oleh Dewa dan para Brahmana kepada seseorang itu bisa terkabul atau tidaknya tergantung kemahaadilan Sang Hyang Maha Kawasa. Jadi kuharapkan Anda tidak usah terlalu berharap kepada yang Namanya berkah yang diberikan oleh siapapun termasuk dariku”.

 

“Ampun Sang Resi” Prabu Gardapati menyembah sambil berkata “aku tahu yang Anda sampaikan itu memang benar adanya, namun berkah itu sendiri bisa dijadikan lantaran dalam memohon kepada Sang Hyang Maha Kawasa. Aku menyadari betul, bahwa sebagai manusia biasa, kedudukanku sangat jauh dari Sang Hyang Maha Kawasa, karena jiwa dan ragaku banyak tercurahkan untuk mengejar kesenangan hidup di dunia ini saja, nama Sang Hyang Maha Kawasapun sangat jarang aku ucapkan, kecuali di saat-saat aku membutuhkan sesuatu yang aku tak mampu mewujudkannya. Berbeda dengan para Dewa dan para Brahmana termasuk Tuan sendiri yang cahaya Tuan tampak terpancar penuh wibawa, hal itu karena Tuan memiliki hubungan yang sangat erat dengan Sang Hyang Maha Kawasa, maka bila Tuan berkenan memberkatiku, diriku yang hina inipun akan terbalut oleh berkah yang Tuan berikan, sehingga Hyang Maha Kawasapun dengan segera berkenan memperhatikan diriku yang mudah dikenali lantaran berkah yang Tuan berikan”.

 

“Apa yang ada di pemikiran Anda itu sungguh sangat keliru Sang Prabu” Wisrawa menjawab perkataan Prabu Gardapati dengan nada yang serius.

 

“Pikiran yang mana yang keliru Tuan?” Gardapati balik bertanya.

 

“Semuanya tidak ada yang benar Prabu Gardapati” jawab Wisrawa “bahkan jalan pikiran Anda itu telah menyeret Anda untuk merendahkan Sang Hyang Maha Kawasa, Anda harus faham itu dan sebaiknya Anda segera mohon ampunan atas kesembronoan Anda yang telah menghina Sang Hyang Maha Kawasa itu”.

 

“Ampun Sang Resi” Prabu Gardapati menyembah lagi “sungguh tidak ada sedikitpun di hatiku untuk merendahkan Sang Hyang Maha Kawasa Dzat Yang Maha Tinggi lagi Maha Mulia itu. Namun Tuan telah menuduhku kalau aku telah menghinaNya, bisakah Tuan membuktikan kebenaran tuduhan Tuan padaku itu?”.

 

“Baiklah Sang Prabu” Wisrawa menjawab sambil tertawa “dengarkanlah baik-baik, akan kutunjukkan pada Anda bahwa Anda benar-benar telah menghina dan merendahkanNya. Di depan Anda mengakui bahwa sebagai titah biasa Anda memiliki hubungan yang tidak akrab dan tidak dekat dengan Sang Hyang Maha Kawasa, bahkan namaNya saja jarang Anda sebut, kecuali di saat Anda terbentur masalah yang sulit diatasi”.

 

“Benar, memang demikianlah keadaanku Tuan” sahut Gardapati memotong kalimat Wisrawa “apakah mengakui keadaanku yang seperti itu lantas menjadikan aku pantas dituduh menghinaNya?”.

 

“Nanti dulu, kalimatkupun belum selesai” sambil bersungut-sungut Wisrawa menjawab “dengarkan dulu, jangan tergesa membantah sebelum kalimatku berakhir”.

 

“Ma’afkan aku Tuan” Prabu Gardapati cepat-cepat minta maaf “silakan Tuan lanjutkan, aku akan mendengarkan”.

 

“Yang kedua” Wisrawa melanjutkan berkata “Anda meminta agar aku memberkati Anda, karena Anda mengira aku ini memiliki hubungan yang lebih akrab dengan Sang Hyang Maha Kawasa, inilah wujud penghinaan Anda pada Sang Hyang Maha Kawasa, karena secara tidak langsung Anda telah menuduh Sang Hyang Maha Kawasa mudah dikelabuhi dengan berkah titah-Nya, Anda telah menuduh Sang Hyang Maha Kawasa mudah dibujuk dan dirayu oleh makhlukNya, sehingga dengan mudahnya mengikuti untuk mengabulkan keinginan hamba-Nya yang hanya numpang berkah hambaNya yang lain. Itulah kekeliruan Anda Sang Prabu, kalau Sang Prabu berkenan mengikuti saran saya selaku seorang Brahmana, mohonlah pengampunanNya atas kesalahan yang ada di perkiraan Sang Prabu itu. Berusahalah untuk bisa mendekat padaNya, agar Dia berkenan memperhatikan apa yang menjadi keinginan Anda”.

 

Prabu Gardapati tertunduk lesu mendengar nasehat dan saran dari Wisrawa itu, nampaknya apa yang dikatakan Wisrawa telah dibenarkan pula oleh jalan pikirannya. Namun tak lama kemudian, Raja negara Gardapura itu kembali menengadahkan wajahnya, dan sambil tersenyum ramah diapun berkata :

 

“Terimakasih Panembahan, dengan segala rasa senang nasehat dari Sang Resi akan aku laksanakan. Namun sebagai seorang pendosa, saya tetap mohon pertolongan Panembahan, berkatilah diri ini, agar perjalanan ruhani saya untuk mendekatkan diri kepada Sang Hyang Maha Kawasa dapat berjalan lancar, sehingga apa yang aku minta kepadaNyapun akan semakin mudah terkabulnya”.

 

 

 

Bersambung.

 

Rabu, 28 September 2022

SASTRA JENDRA YUNINGRAT PANGRUWATING DIYU (002)


02.

Resi Wisrawa tersenyum melihat sikap anak lelakinya yang sinar matanya memancarkan sinar keraguan atas perkataan yang baru saja disampaikan itu. Sambil Kembali duduk di kursinya, Pendeta yang berwajah sangat tampan itu berkata :

 

“Ketahuilah anakku, sesungguhnya Prabu Sumali Raja Raksasa yang teramat sakti yang sekarang menduduki singgasana di negeri Langka itu adalah sahabat ayah, Tidak sekedar sahabat tetapi sudah melebihi saudara sendiri, dia sering minta saran dan pendapat ayah untuk menjalankan roda pemerintahan di negaranya, dia juga sangat sering minta nasehat ayah dalam hal kedudukan kawula dengan gusti. Jadi hampir bisa dipastikan, kalau ayah meminta puterinya untuk dijodohkan dengan anak ayah, beliau akan dengan senang hati akan mengabulkannya”.

 

“Oh, begitukah ceritanya Ayahanda?” sahut Danaraja dengan tersenyum, hatinya mulai tenang, gundah gulana di hatinya mulai menyisih “sungguh Ananda hanya bisa berterima kasih pada Ayahanda bila Ayahanda berkenan melamar Dewi Sukesi untuk Ananda”.

 

“Tidak usah dirimu berterima kasih puteraku” jawab Resi Wisrawa sambil tersenyum bahagia “sudah menjadi kewajiban seorang ayah untuk mencarikan jodoh untuk anaknya, dan ayah juga merasa sangat senang ketika dirimu menjatuhkan pilihan pada Dewi Sukesi untuk mendampingi hidupmu”.

 

“Baiklah Ayahanda” kata Danaraja selanjutnya “untuk mengawal perjalanan Ayahanda ke Langka, akan Ananda perintahkan prajurit-prajurit pilihan serta untuk hadiah kepada Prabu Sumali akan Ananda persiapkan intan permata secukupnya untuk Ayahanda bawa”.

 

“Tidak perlu anakku” jawab Wisrawa “Ayah masih mampu menjaga diri, Adapun hadiah untuk Raja Langka itu, sebaiknya kau simpan dulu, baru nanti bila saatnya tiba kau serahkan sendiri hadiah itu. Hubungan antara ayah dengan Prabu Sumali itu sudah sangat akrabnya, sehingga basa-basi semacam itu sudah tidak terlalu dibutuhkan lagi. Sekarang, ayah minta gembirakanlah hatimu agar dirimu lebih baik lagi dalam menjalankan tugasmu sebagai raja untuk melayani negara dan rakyat di Lokapala ini. Ayah hari ini juga akan berangkat ke negeri Langka menemui calon mertuamu, Prabu Sumali”.

 

Danaraja mengantarkan keberangkatan ayahnya sampai gapura depan istananya. Para prajurit yang sedang berjaga ikut melihat perubahan sikap raja mereka yang beberapa hari ini tampak dingin dan kaku, hari itu berubah menjadi berseri-seri. Para prajurit itu mengira, kedatangan Resi Wisrawa yang dulu pernah menjadi Raja di negara itu, telah berhasil memberikan pencerahan kepada puteranya yang diamanati untuk melanjutkan memegang pemerintahan di negara Lokapala itu.

 

Perjalanan Resi Wisrawa ke Langka hanya sendirian, dengan mengendarai seekor kuda, Pendeta itu berangkat ke Langka, yang jaraknya boleh dibilang cukup jauh juga. Melewati berbagai rintangan, menyeberangi beberapa kali, kadang mesti mendaki karena jalan ke arah Langka harus melewati gunung dan perbukitan, menuruni lembah dan jurang, juga menyusup ke dalam rimbunnya hutan belantara yang liar. Dan itu berlangsung beberapa hari.

 

Ketika perjalanan Wisrawa sudah lebih dari separuh perjalanan, di sebuah padang berperduan, tiba-tiba Pendeta itu dikejutkan dengan suara gemuruh, suara iring-iringan prajurit sagelar sepapan yang berasal dari arah yang lain, namun tampaknya bertujuan ke arah yang sama dengan yang dituju Wisrawa. Sebagai seorang yang berjalan sendirian, Wisrawa memilih menghentikan lari kudanya,  untuk memberikan jalan kepada iring-iringan prajurit sagelar sepapan yang lengkap dengan segala macam bendera dan tanda kebesaran negaranya itu, Wisrawa menepi ke pinggir jalan, sambil matanya mengawasi iring-iringan prajurit yang semakin dekat berjalan ke arahya. Dalam hati Wusrawa bertanya-tanya, ma uke manakah rombongan prajurit itu dan dari negara mana mereka berasal? Namun, karena Wisrawa ingat dengan niat semula bahwa dia mengemban tugas untuk melamarkan anaknya, pertanyaan dalam hatinya itu sengaja disisihkan dulu, karena di samping asal dan tujuan rombongan prajurit itu bukan urusannya, dia juga tidak ingin pertanyaan-pertanyaan dalam hatinya itu mengganggu tujuan untuk menikahkan anaknya dengan puteri di negeri Langka itu. Maka Wisrawa telah berniat untuk mendiamkan saja rombongan itu lewat dan kalau perlu dia akan mencari jalan lain yang menuju Langka jika ditengarai rombongan itu bisa memperlambat perjalanannya.

 

Namun Wisrawa menjadi agak terkejut dan merasa heran,  tiba-tiba rombongan prajurit sagelar sepapan itu mendadak berhenti. Jarak antara tempat Wisrawa berhenti dengan rombongan prajurit itu kira-kira dua puluh langkah. Dari sebuah kereta kencana yang ditarik oleh delapan ekor kuda, seorang yang mengenakan busana layaknya seorang raja turun. Tanpa diikuti seorang pengawalpun, raja yang baru keluar dari kereta kencana itu berjalan sambil terbungkuk-bungkuk mendekati Wisrawa yang masih duduk di punggung kudanya.

“Hamba menghaturkan sembah Pukulun” ketika kira-kira jarak antara Resi Wisrawa dengan raja yang baru turun dari kereta itu sepuluh langkah, raja itu menjatuhkan diri berlutut sambil menyembah kepada Wisrawa.

 

Tentu saja Wusrawa menjadi terkejut dan terheran-heran dibuatnya. Wisrawa sama sekali belum mengenal raja itu dan tentu saja Wisrawa juga tidak tahu apa maksud dari raja itu sehingga menghaturkan sembah padanya, seperti seorang punggawa yang sedang menghadap di depan rajanya.

 

“Maaf Sang Prabu” sahut Wisrawa menanggapi orang yang menyembahnya itu “kusebut ndika itu Sang Prabu, karena menilik busana yang ndika kenakan, ndika itu adalah seorang raja. Dari negeri manakah dan siapa sebutan Sang Prabu ini?”.

 

“Ampun Pukulun meski hamba tahu bahwa pertanyaan pukulun ini tak ubahnya seperti cangkriman, namun hamba sungguh dengan senang hati akan menjawab cangkriman paduka” raja itu menjawab sambil menyembah “hamba ini Gardapati, pemimpin kerajaan Gardapura yang berupa kumpulan pulau-pulau kecil di seberang laut utara itu, sekali lagi perkenankanlah hamba mengahaturkan sembah pada Pukulun. Hamba sungguh merasa beruntung, setelah melihat sinar teja yang memancar dari tubuh Pukulun, hamba tahu Pukulun adalah Dewa dari Kahyangan yang turun ke bumi”.

 

“Anda keliru Sang Prabu” jawab Wisrawa setelah dia tahu kalau raja yang ternyata bernama Gardapati itu telah salah sangka padanya, mengira kalau dia adalah Dewa dari Kahyangan “aku tidak seperti yang Anda sangka. Aku hanyalah titah wantah,  manusia biasa, namaku Wisrawa seorang petapa di Girijembangan. Jadi silakan Sang Prabu berdiri dan jangan bersikap seperti itu padauk, karena aku sungguh bukan Dewa seperti yang Anda sangka”.

 

Prabu Gardapati menengadahkan wajahnya, memandang ke arah Resi Wisrawa, diamatinya wajah Brahmana yang teramat tampan itu dengan sungguh-sungguh.

 

“Jadi benar Anda bukan seorang Dewa Sang Resi?” dengan agak ragu Prabu Gardapati bertanya “sungguh tak menyangka di dunia ini ada manusia yang memancarkan cahaya yang teramat indah dan penuh wibawa, seperti Anda ini. Maka meskipun Anda mengatakan bahwa Anda hanyalah titah sawantah, namun aku berkeyakinan kalau Anda adalah titisan Dewa Yang Mulia, maka tolonglah diriku ini wahai Sang Resi Wisrawa, berkatilah diri ini agar kepergianku dari Gardapura tidak sia-sia dan kelak kepulanganku bisa membawa hasil yang gemilang seperti yang aku harapkan”.

Wisrawa mengernyitkan dahinya, dia belum mengerti maksud dari perkataan Prabu Gardapati yang minta agar diberkati agar berhasil apa yang diharapkan itu.

 

“Apa yang Anda maksudkan Sang Prabu?” akhirnya Wisrawa bertanya “Anda telah keluar meninggalkan negara Anda di Gardapura, Anda hendak pergi ke mana? Dan apa yang Anda cari dalam perjalanan Anda sampai menyeberangi laut ini?”.

 

 

bersambung

 

 

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...