6.
Merga
wiwit cilik Sudimin tansah diweleg “doctrine” dening Diman Bandhat yen sing
bakal bisa urip kepenak kuwi wong sing pinter, mangka Sudimin saben dina ya
tansah ngangen-angen supaya bisa dadi wong sing pinter. Kareben uripe bisa
kepenak, bisa mangan sedina kaping telu sega beras lawuhe tempe goreng, bisa
nganggo klambi utawa sruwal sing ora tambalan. Nalika tangane wis gaduk kuping,
bola-bali dituduhne marang wong tuwane yen dheweke wis wayahe disekolahne. Mula
pas tahun ajaran anyar, nalika dening Diman Bandhat, Sudimin diterne menyang
Sekolahan cedhak Lumbung Baledesa, sing kondhang nganggo sebutan Sekolahan
Pasopati, lakune Sudimin sumrinthil rindhik asu digitik.
Wiwit
sekolah neng Pasopati, Sudimin sing bocah ndesa kuwi wiwit duwe kanca “bocah
kutha” sing omahe cedhak pasar. Lan Sudimin sing duwe penganggep yen bocah
kutha kuwi luwih akeh kaweruhe tinimbang bocah ndesa, banjur seneng niru solah
bawane bocah-bocah kutha, ya carane dolanan ya carane srawung. Mung siji sing
ora ditiru dening Sudimin cara uripe bocah kutha ya iku sing kondhang nakal lan
seneng tukaran. Kerep wae sawuse mulih sekolah Sudimin dijak dolan lan dolanan
kanca-kancane sing bocah kutha lan uga kerep wae Sudimin genti ngajak dolan lan
dolanan bocah-bocah kutha kuwi menyang ndesa. Merga Sudimin ya wani nuduhne nek
bocah ndesa kuwi uga nduweni kaluwihan tinimbang bocah kutha, kaya upamane
nglangi neng kali lan golek welut neng sawah. Mula sanadyan bocah ndesa,
nanging Sudimin ora diremehne dening kanca-kancane, jalaran ora sethithik
kancane sing padha njaluk diwuruki carane nglangi nek wayah adus neng kali. Kanca-kancane Sudimin akeh sing padha eram lan
njaluk diwarahi nalika Sudimin nuduhne kawegingane slulup, gogo urang utawa
nglangi nyengkrek lumawan banyu sing mili santer ing mangsa banjir.
mBaka
sethithik rasa minder ing atine Sudimin wiwit suda. Luwih-luwih sawise Guru lan
kanca-kancane padha ngakoni yen ing sekolahan Sudimin klebu bocah sing pinter,
ora kalah karo kanca-kancane sing bocah kutha, malah kepara manggon ing
sadhuwure, ing babagan carane nampa piwulang saka gurune. Ya ing wulangan Berhitung,
Bahasa Indonesia, Civick, Ilmu Bumi, Ilmu Alam, Ilmu Hayat lan
liya-liyane. Mula nek ing jaman kuwi
akeh bocah-bocah sing duwe panganggep nek selolah kuwi ora kepenak, banjur
seneng mbolos, nanging nek mungguhe Sudimin sekolah kuwi “gaweyan” sing
nyenengake. Sing sok-sok krasa ana ora senenge sekolah kuwi ya nalika Sudimin
kerep ditimbali supaya ngadhep Pak Guru neng Kantor merga durung bisa nglunasi
dhuwit urunan sasen sing wis nunggak nganti telu utawa patang sasi.
“Kowe
ora prelu susah Min” ngendikane Pak Suwaji nalika Sudimin ketok ndhingkluk
sajak arep nangis merga pas wayahe sekolahan ngaso ditimbali ngadhep lan didangu
dhuwit urunan sing wis nunggak telung sasi “nek pancen karo Bapakmu durung
diparingi ya ora apa-apa, merga sok ana bocah kaya kowe kuwi, durung mbayar
urunan, jebul dhuwit olehe maringi wong tuwane sing kanggo urunan kuwi entek
kanggo jajan lan tuku dolanan”.
“Nanging
kula saestu kok Pak Waji” Sudimin matur alon karo panggah ndhingkluk “kalih
Bapak dereng disukani, jane kula nggih isin, nanging Bapak mila dereng angsal
arta kangge urunan kula niku”.
“Ya
wis, kowe ora prelu isin” wangsulane Pak Waji sabar “Pak Waji ora duka lan ora
nangih, mung mundhut pirsa wae. Nek pancen Bapakmu durung oleh dhuwit kanggo
urunanmu ya mbesuk wae nek wis oleh, gek ndang dilunasi utawa dicicil. Sing
baku kowe kudu sansaya sregep olehmu sinau lan nek Pak Waji pas nerangne ngana
kae sing luwih migatekne, nek kurang cetha kowe kudu wani matur takon. Wis kana,
nek arep dolanan karo kancamu ya dolanan kana, nanging ora pareng nakal lho ya?”.
“Inggih
Pak Waji, matur nuwun” ature Sudimin sing banjur mundur alon-alon.
Nalika
kuwi Sudimin wis kelas papat, dadi ya wis rada gedhe, wis bisa ngrasakne angele
wong tuwane golek dhuwit kanggo urip lan kanggo ngragati olehe sekolah. Sudimin uga bisa ngrasakne nek Guru-gurune
padha asih marang dheweke, kanthi tlaten gurune nggolekne silihan buku wacan
sing tau dienggo dening murid- murid sing wis munggah kelas. Kurikulum jaman
semana ora bola-bali ganti, dadi buku pelajaran pancen bisa diwarisne.
Sudimin
ya wiwit ngerti nek tenane ngono, Bapakne wiwit lara-laranen dadi ya kerep ora
bisa nyambut gawe dadi buruh dinan. Nanging jenenge Diman Bandhat pancen ya
wong lanang sing ora tepung karo jenenge urip pasrah marang kahanan. Ngerti nek
wong lara kaya dheweke ora payu kerja, dheweke ya ora gelem leren anggone golek
lulup digawe bandhat. Ewa samono panggah wae, asil anggone dodolan bandhat
tetep ora bisa nutupi butuhe urip. Kanggo kabutuhan saben dina kari njagakne
polahe simboke Sudimin, Sudinem. Nek anane buruh tandur Sudinem ya melu tandur,
nek wayahe watunan, Sudinem melu buruh matun. Kerep wae, jatah kiriman panganan
sing ditampa nalika kerja, dening Sudinem ora dipangan, nanging digawa mulih
diwenehne anak-anake. Dheweke dhewe milih ora mangan, sing satemene uga
ngrasakne luwe. Kajaba melu buruh-buruh nyang sawah, Sudinem uga kerep ramban
semanggi sing thukul neng sawah-sawah, dijupuki lan di dol marang sing mbutuhne
semanggine kanggo jangan bening lan jangan seger-segeran. Nanging bola-bali,
arep polahe anteng kitiran, nanging kegawa saka nasib sing durung kabeneran,
mbaka sethithik utange kulawargane Diman Bandhat marang tangga teparo sansaya
mundhak akeh, Utang sing digunakne kanggo ndawakne umur, merga kanggo mangan
sing ora bisa wareg.
“Ketoke
kowe arep omong ta Le?” kandhane Diman
Bandhat nakoni anake lanang, nalika Sudimin lungguh suwe neng sisihe bapake
sing lagi ngglethak mergs mbarengi larane weteng kumat “eneng apa? Omong wae,
mbok menawa coba tak rungokne”.
Sudimin
ora enggal aweh wangsulan marang Bapake. Ilate isih angel dienggo nata ukara
sing arep dikandhakne. Pancen nalika kuwi Sudimin wis ngerti banget kahanan
panguripane kulawargane. Sudimin, duwe niyat arep metu anggone sekolah, murih
bisa ngrewangi wong tuwane, murih bisa nyuda rekasane bapak lan simboke. Wingenane
Sudimin wis omong bab kuwi marang Sudinem, wong tuwane wedok. Simboke bisa
nampa lan nyarujuki apa sing dadi karepe Sudimin, nanging Sudinem panggah ora
bisa aweh wangsulan minangka putusan. Mula Sudinem banjur ngandhani Sudimin
supaya kandha marang bapake. mBoke Sudimin ya kandha nek ora wani ngandhakne
niyate Sudimin ngono kuwi marang Bapake Sudimin, jalaran Bapake Sudimin kuwi
nek wis kadhung duwe kekarepan angel dieluk, mbuh dadine bakal ditekad lan sing
wani memalangi mesthi bakal diamuk saora-orane bakal digrambyang nganggo
srengen.
“Ya
omong wae ta Le” sawuse Sudimin ora enggal wangsulan, Sudinem melu guneman
ngongkon anake lanang supaya ngandhakne sing dadi karepe “mumpung Pakmu rada
longgar larane”.
“He
eh” Sudimin wangsulan alon, banjur ditutugne guneman marang Bapake “tak pikir-pikir
kok sansaya suwe, aku sansaya kepengin metu wae olehku sekolah ta Pak?”.
“He?
Apa?” Diman Bandhat semaur banter, atine kaget krungu kandhane anake lanang
sing didama-dama bisoa dadi wong pinter kuwi “Kowe kepengin metu saka
sekolahmu? Nek kowe ora gelem sekolah banjur kowe arep ngapa?”.
“Iya
Pak, aku kepengin Ngongon wae” wangsulane Sudimin karo semu wedi “wingenane aku
krungu Lik Kasmun omong-omongan karo Pakdhe Jiman jarene Pak Ngari mbutuhne pangon,
nek olehe pangon saumuranku jarene wonge wani aweh aji telung tahun setengah,
banjur mengko nek nambah disuda setengah tahun maneh……”.
Karo
ngglethak merga awake isih krasa lemes, Diman Bandhat ngrungokne kandhane
Sudimin sing nyethakne pawadan anggone nembung arep metu saka sekolahe. Diman
Bandhat ngrumangsani nek minangka bapak dheweke ora sembada nggone ngragati
anak. Wis pirang-pirang sasi kuwajiban asok urunan wae dheweke durung bisa
nglunasi, mbok menawa ya merga kuwi sing ndadekne Sudimin isin lan ora krasan
maneh dadi bocah sekolah. Nanging iki mau, Sudimin ora ngrembug bab urunan sing
nunggak, ora kandha nek isin karo kanca lan gurune merga pethok urunane isih
kothong. Malah Sudimin ngandhakne yen ana wong sing mbutuhne tenaga pangon,
jangkep sak regane pisan. Diman bandhat malih nggagas, lan tuwuh pitakonan ing atine,
sajake wis ana wong sing obong-obong klaras garing, mbujuki anake lanang supaya
metu saka anggone sekolah, sapa wong kuwi?.
Ana
candhake.