Total Tayangan Halaman

Selasa, 06 Desember 2022

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (007)


 

7.

Diman Bandhat kepengin tangi, kepengin olehe guneman bisa luwih gampang, nanging awake jebul durung kuwat. Mula ya sawuse mbudidaya tangi meksa ora bisa, ya banjur bali ngglethak karo ngempet rasa larane awake. Nanging rasa lara kuwi dadi ora pati krasa, merga pikirane ora tumuju marang lara sing njaluk dirasakne kuwi, nanging tumuju marang anake lanang sing lagi wae kandha yen duwe karep arep metu saka anggone sekolah. Pikirane Diman Bandhat ya tekan ngendi, ngendi takon-takon sajroning ati, ngliling wong-wong sakiwa tengene nganggo pangeling-elinge, sing wis didakwa ngobong blarak. Mbebujuki supaya anake kayungyun marang urip sing oleh pengasilan. Mau Sudimin wis nyebut jeneng loro, ya iku jeneng Kasmun sing omahe ana sisih wetan let telung surup karo omahe, siji maneh jeneng Jiman buruh srabutan sing tau dadi kanca rewange Midin Jenu, Maratuwane, nalika durung ana larangan golek iwak neng kali migunakne jenu. Salah siji saka wong loro kuwi pantes disujanani dening Diman Bandhat, dinakwa wis ngiming-imingi anake karo kepenake urip mengko nek wis oleh opah saka anggone dadi pangon.

 

“Lha kowe dikandhani apa karo Pakdhe Jiman karo Lik Kasmun?” Diman Bandhat banjur nakoni anake lanang.

 

“Aku ora dikandhani apa-apa Pak” wangsulane Sudimin “wong aku ya ngepasi liwat ana sandhinge wong loro kuwi sing jagongan neng lincak ngarep warunge mBah Kemis. Aku mung krungu wae apa sing lagi dirembug wong loro kuwi”.

 

Atine Diman Bandhat sing mau arep nesu marang Jiman utawa Kasmun ora sida, wong loro kuwi jebul ora tumindak kaya apa sing dinyana. Lha nek dudu wong loro kuwi, banjur sapa sing wis ngojok-ojoki Sudimin supaya metu saka sekolahe lan ngongon neng nggone wong sing duwe kebo akeh?.

 

“Oh, iya Pak” Sudimin mbaleni kandhane “mau Pakdhe Jiman nakokne Bapak sing jare ora ketok metu, banjur tak warah neng Bapak lagi gregesen ngono”.

 

“Mung kuwi? Ora kandha liyane?” Diman Bandhat takon.

 

“Ora. Lik Kasmun sing genti omong, nanging ora karo aku. Ajak-ajak Pakdhe Jiman ngendhangi Bapak mrene, mbuh suk kapan aku ya ora pati cetha wong aku wis adoh, karo maneh angen-angenku malah nggagas Pak Ngari sing jarene mbutuhne Pangon kuwi” wangsulane Sudimin blaka apa anane.

 

“Ngene lho Min” sawuse unjal ambegan rada dawa Diman Bandhat banjur guneman alon. Sudinem, sisihane, apa dene Sudimin meneng siyaga ngrungokne “pancen nyekolahne anak kuwi ora barang sing gampang lan entheng, merga kajaba kowe kelangan wektu kanggo ngrewangi nyambut gawe aku karo mbokmu, aku ya isih kudu mikir nukokne buku lan praboting sekolahmu sarta mbayari urunan sasen. Beda nek duwe anak banjur dikongkon ngongon, kuwi asile loro, sing siji aku wis ora kudu mikir panganmu, merga kowe wis diingoni bendaramu, perkara salinmu saben riyaya uga mesthi ditukokne kathok karo klambi bendaramu, thik ngonowa mengko nek wis rampung olehmu ngongon, Gudel opahmu kuwi bisa didol kanggo nambeli kabutuhane kulawargane dhewe. Nanging aku, Pakmu, milih nyekolahne kowe, mbesuk ben ngerti aksara ora buta hurup. Merga aku iki wis weruh kanthi panyawang sing luwih awas, wis nglakoni urip sing wis suwe, wong sing uripe sarwa kecingkrangan kaya kulawargane dhewe iki biyen merga aku karo mbokmu kuwi wong bodho, ora bisa nyambut gawe apa-apa kajaba mung dadi kuli, dodolan bau lan tenaga. Beda karo sing ngerti tulis lan etung, kaya Ismun Cethok sing omahe pinggir Ban kae, kae uripe katon kepenak anake ora tau keluwen wong sedina paling ora bisa mangan kaping pindho, Ismun kae nadyan ta ya mung dadi buruh nanging rak buruh dadi Tukang Batu, kae biyen lulusan SKN banjur dibenum dadi tenaga Tukang Batu neng Jawatan Pengairan, dadi uripe kepenak, kajaba oleh blanja ajeg saka negara merga dadi Tukange Pengairan uga bisa nyambi nukang batu neng panggonan liya. Banjur kae, Ganjar Blantik kae, Ganjar kae sekolahe ya lulus saka SR mula ya ngerti lan pinter carane srawung, baud neng bab petungan rega, mula ya olehe mblantik sansaya ndrebala. Lha nek Pakmu karo kuli-kuli sabangsane iki, ngertine ya mung nampa prentah saka wong sing duwe sawah, opahe ya mung nek pas bisa mregawe lan nyambut gawe sedina ya entek sedina, malah sok kurang barang. Mula aku kepengin kowe bisa sekolah, ben ora ngrekasa uripmu kaya aku. Merga kowe kuwi tinitah dadi anak lanang sing mbarep, kowe duwe kuwajiban maleni adhi-adhimu nek Pakmu wis ora eneng utawa wis mati. Nek uripmu mbesuk kaya uripe Pakmu ngene iki, nglengkara kowe bisa dadi wali sing becik……”.

 

“Kula nuwuuuuun……….” Akeh-akeh nggone guneman Diman Bandhat nanging durung rampung wis kapunggel suwarane wong alok kula nuwun.

 

“Mangga………” sing aweh wangsulan Sudinem karo ngadeg, nyedhaki lawang.

 

Wong saomah rada pangling karo sing duwe suwara alok kula nuwun kuwi mau, suwarane empuk tur kepenak nek dirungokne, kaya suwarane priyayi sing kulina ngendikan alus ngana kae.

 

“Mangga, mangga Pak Mantri” jebul tenan, sawise lawang dislarakne, Sudinem dadi rada kaget. Sing teka merdhayoh menyang omahe kuwi jebul Pak Suwaji, Mantri Guru ing sekolahane Sudimin, anake.

 

“Nyuwun pangapunten, sampun damel kejoting penggalih” Pak Suwaji aweh wangsulan karo mlangkah mlebu omah.

 

“Boten dados menapa Pak Mantri, mangga katuran pinarak, nika pake lare-lare nembe gering” Sudinem banjur prentah marang Sudimin “Min dhngklik dawa neng pawon kae jupuken mrene, ben diagem lenggah Pak Mantri!. Mosok Pak Mantri arep mbok aturi lenggah neng klasa?”.

 

Ora semaur Sudimin ngadeg banjur mlaku menyang pawon nindakne prentahe simboke.

 

“Sampun, ora sah Min, Pak Waji nek neng dalem ya kulina lungguh neng klasa kok” Pak Mantri Guru sing asmane Pak Suwaji kuwi menging Sudimin, karo bablas mlaku nyedhaki Diman Bandhat sing arep tangi nanging awake durung kuwat.

 

“Mangga Pak Mantri….” Karo mesem sing dipeksa, Diman Bandhat mbagekne dhayohe “nyuwun pangapunten, dereng saged linggih”.

 

“Sampun Kang, sampun, kagem sarean mawon” Pak Suwaji mapan lenggah karo astane nyalami sing duwe omah. Sudinem sing mau mbukakne lawang, nyedhak karo nggawa ublik siji maneh, disumet banjur diselehne neng ajug-ajug sing manggon ing sisihe sing lanang kareben bisa nambahi padhange papan kuwi. Bubar nyelehne ublike, Sudinem ya banjur nyalami dhayohe. Lan mapan lungguh neng sisihe sikile Diman Bandhat.

 

Sudimin teka karo nggotong dhingklik banjur diseleh neng cedhake klasa.

 

“Mangga Pak Waji katuran lenggah ing dhingklik” kandhane Sudimin kurmat banget marang gurune kuwi.

 

“Uwis, Pak Waji lenggah neng klasa wae” wangsulane Pak Waji karo mesem “kowe ya linggiha, cedhak karo Pak Waji kene”.

 

Sudimin ya manut, banjur mapan sila rada cedhak karo Gurune kuwi.

 

“Kula nyuwun pangapunten ingkang sakathah-kathahipun Pak Mantri” sadurunge dhayohe ngandhakne apa sing dadi sedyane, Diman Bandhat wis ngrumangsani nek rawuhe Pak Mantri Guru iki mesthi ana sambung rapete karo kuwajibane anake lanang asok urunan sasen sing wis akeh banget nunggake “Sudimin boten lepat, nanging mila kula ingkang dereng nyukani yatra kangge urunan sasenipun. Murugaken kajawi mila dereng wonten, kula inggih nembe kaganjar sakit kados makaten, inggih kapeksa kula semados malih, benjing menawi sakit kula sampun mantun, badhe kula padosaken”.

 

“Boten lepat Kang Diman” karo mesem sareh Pak Suwaji paring wangsulan “dugi kula ing dalem sampean niki wau boten prakawis menika. Nanging namung dhapur nuweni sampean ingkang kabaripun nembe gerah lan pranyata Kang Diman nembe gerah saestu. Bab urunanipun Sudimin sampun dipun penggalih rumiyin, Kang”.

 

“Inggih matur nuwun sanget Pak Mantri” Diman Bandhat  semaur alon. Ing atine sansaya kurmat marang Pak Mantri Guru sing sabar lan ora gumedhe dumeh kasinungan drajat sing dhuwur. Pancen wiwit jaman Diman Bandhat isih bocah biyen, kerep krungu nek kulawargane Pak Mantri Guru iki kondhang priyayi sing semanak, sumrambah, pinter srawung ora tau nuduhne sipat adigang adigung adiguna, Bapake Pak Suwaji biyen uga jumeneng dadi Mantri Guru, asmane ndara Mantri Mas Harja Supana, putrane kabeh dadi priyayi luhur sumebar neng ngendi-endi, lan sing waruju ya sing asma Suwaji sing saiki dadi Mantri Guru ing sekolahane Sudimin iki.

 

 

Ana candhake.

 

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (006)


 

6.

Merga wiwit cilik Sudimin tansah diweleg “doctrine” dening Diman Bandhat yen sing bakal bisa urip kepenak kuwi wong sing pinter, mangka Sudimin saben dina ya tansah ngangen-angen supaya bisa dadi wong sing pinter. Kareben uripe bisa kepenak, bisa mangan sedina kaping telu sega beras lawuhe tempe goreng, bisa nganggo klambi utawa sruwal sing ora tambalan. Nalika tangane wis gaduk kuping, bola-bali dituduhne marang wong tuwane yen dheweke wis wayahe disekolahne. Mula pas tahun ajaran anyar, nalika dening Diman Bandhat, Sudimin diterne menyang Sekolahan cedhak Lumbung Baledesa, sing kondhang nganggo sebutan Sekolahan Pasopati, lakune Sudimin sumrinthil rindhik asu digitik.

 

Wiwit sekolah neng Pasopati, Sudimin sing bocah ndesa kuwi wiwit duwe kanca “bocah kutha” sing omahe cedhak pasar. Lan Sudimin sing duwe penganggep yen bocah kutha kuwi luwih akeh kaweruhe tinimbang bocah ndesa, banjur seneng niru solah bawane bocah-bocah kutha, ya carane dolanan ya carane srawung. Mung siji sing ora ditiru dening Sudimin cara uripe bocah kutha ya iku sing kondhang nakal lan seneng tukaran. Kerep wae sawuse mulih sekolah Sudimin dijak dolan lan dolanan kanca-kancane sing bocah kutha lan uga kerep wae Sudimin genti ngajak dolan lan dolanan bocah-bocah kutha kuwi menyang ndesa. Merga Sudimin ya wani nuduhne nek bocah ndesa kuwi uga nduweni kaluwihan tinimbang bocah kutha, kaya upamane nglangi neng kali lan golek welut neng sawah. Mula sanadyan bocah ndesa, nanging Sudimin ora diremehne dening kanca-kancane, jalaran ora sethithik kancane sing padha njaluk diwuruki carane nglangi nek wayah adus neng kali.  Kanca-kancane Sudimin akeh sing padha eram lan njaluk diwarahi nalika Sudimin nuduhne kawegingane slulup, gogo urang utawa nglangi nyengkrek lumawan banyu sing mili santer ing mangsa banjir.

 

mBaka sethithik rasa minder ing atine Sudimin wiwit suda. Luwih-luwih sawise Guru lan kanca-kancane padha ngakoni yen ing sekolahan Sudimin klebu bocah sing pinter, ora kalah karo kanca-kancane sing bocah kutha, malah kepara manggon ing sadhuwure, ing babagan carane nampa piwulang saka gurune. Ya ing wulangan Berhitung, Bahasa Indonesia, Civick, Ilmu Bumi, Ilmu Alam, Ilmu Hayat lan liya-liyane.  Mula nek ing jaman kuwi akeh bocah-bocah sing duwe panganggep nek selolah kuwi ora kepenak, banjur seneng mbolos, nanging nek mungguhe Sudimin sekolah kuwi “gaweyan” sing nyenengake. Sing sok-sok krasa ana ora senenge sekolah kuwi ya nalika Sudimin kerep ditimbali supaya ngadhep Pak Guru neng Kantor merga durung bisa nglunasi dhuwit urunan sasen sing wis nunggak nganti telu utawa patang sasi.

 

“Kowe ora prelu susah Min” ngendikane Pak Suwaji nalika Sudimin ketok ndhingkluk sajak arep nangis merga pas wayahe sekolahan ngaso ditimbali ngadhep lan didangu dhuwit urunan sing wis nunggak telung sasi “nek pancen karo Bapakmu durung diparingi ya ora apa-apa, merga sok ana bocah kaya kowe kuwi, durung mbayar urunan, jebul dhuwit olehe maringi wong tuwane sing kanggo urunan kuwi entek kanggo jajan lan tuku dolanan”.

 

“Nanging kula saestu kok Pak Waji” Sudimin matur alon karo panggah ndhingkluk “kalih Bapak dereng disukani, jane kula nggih isin, nanging Bapak mila dereng angsal arta kangge urunan kula niku”.

 

“Ya wis, kowe ora prelu isin” wangsulane Pak Waji sabar “Pak Waji ora duka lan ora nangih, mung mundhut pirsa wae. Nek pancen Bapakmu durung oleh dhuwit kanggo urunanmu ya mbesuk wae nek wis oleh, gek ndang dilunasi utawa dicicil. Sing baku kowe kudu sansaya sregep olehmu sinau lan nek Pak Waji pas nerangne ngana kae sing luwih migatekne, nek kurang cetha kowe kudu wani matur takon. Wis kana, nek arep dolanan karo kancamu ya dolanan kana, nanging ora pareng nakal lho ya?”.

 

“Inggih Pak Waji, matur nuwun” ature Sudimin sing banjur mundur alon-alon.

 

Nalika kuwi Sudimin wis kelas papat, dadi ya wis rada gedhe, wis bisa ngrasakne angele wong tuwane golek dhuwit kanggo urip lan kanggo ngragati olehe sekolah.  Sudimin uga bisa ngrasakne nek Guru-gurune padha asih marang dheweke, kanthi tlaten gurune nggolekne silihan buku wacan sing tau dienggo dening murid- murid sing wis munggah kelas. Kurikulum jaman semana ora bola-bali ganti, dadi buku pelajaran pancen bisa diwarisne.

 

Sudimin ya wiwit ngerti nek tenane ngono, Bapakne wiwit lara-laranen dadi ya kerep ora bisa nyambut gawe dadi buruh dinan. Nanging jenenge Diman Bandhat pancen ya wong lanang sing ora tepung karo jenenge urip pasrah marang kahanan. Ngerti nek wong lara kaya dheweke ora payu kerja, dheweke ya ora gelem leren anggone golek lulup digawe bandhat. Ewa samono panggah wae, asil anggone dodolan bandhat tetep ora bisa nutupi butuhe urip. Kanggo kabutuhan saben dina kari njagakne polahe simboke Sudimin, Sudinem. Nek anane buruh tandur Sudinem ya melu tandur, nek wayahe watunan, Sudinem melu buruh matun. Kerep wae, jatah kiriman panganan sing ditampa nalika kerja, dening Sudinem ora dipangan, nanging digawa mulih diwenehne anak-anake. Dheweke dhewe milih ora mangan, sing satemene uga ngrasakne luwe. Kajaba melu buruh-buruh nyang sawah, Sudinem uga kerep ramban semanggi sing thukul neng sawah-sawah, dijupuki lan di dol marang sing mbutuhne semanggine kanggo jangan bening lan jangan seger-segeran. Nanging bola-bali, arep polahe anteng kitiran, nanging kegawa saka nasib sing durung kabeneran, mbaka sethithik utange kulawargane Diman Bandhat marang tangga teparo sansaya mundhak akeh, Utang sing digunakne kanggo ndawakne umur, merga kanggo mangan sing ora bisa wareg.

 

“Ketoke kowe arep omong ta Le?”  kandhane Diman Bandhat nakoni anake lanang, nalika Sudimin lungguh suwe neng sisihe bapake sing lagi ngglethak mergs mbarengi larane weteng kumat “eneng apa? Omong wae, mbok menawa coba tak rungokne”.

 

Sudimin ora enggal aweh wangsulan marang Bapake. Ilate isih angel dienggo nata ukara sing arep dikandhakne. Pancen nalika kuwi Sudimin wis ngerti banget kahanan panguripane kulawargane. Sudimin, duwe niyat arep metu anggone sekolah, murih bisa ngrewangi wong tuwane, murih bisa nyuda rekasane bapak lan simboke. Wingenane Sudimin wis omong bab kuwi marang Sudinem, wong tuwane wedok. Simboke bisa nampa lan nyarujuki apa sing dadi karepe Sudimin, nanging Sudinem panggah ora bisa aweh wangsulan minangka putusan. Mula Sudinem banjur ngandhani Sudimin supaya kandha marang bapake. mBoke Sudimin ya kandha nek ora wani ngandhakne niyate Sudimin ngono kuwi marang Bapake Sudimin, jalaran Bapake Sudimin kuwi nek wis kadhung duwe kekarepan angel dieluk, mbuh dadine bakal ditekad lan sing wani memalangi mesthi bakal diamuk saora-orane bakal digrambyang nganggo srengen.

 

“Ya omong wae ta Le” sawuse Sudimin ora enggal wangsulan, Sudinem melu guneman ngongkon anake lanang supaya ngandhakne sing dadi karepe “mumpung Pakmu rada longgar larane”.

 

“He eh” Sudimin wangsulan alon, banjur ditutugne guneman marang Bapake “tak pikir-pikir kok sansaya suwe, aku sansaya kepengin metu wae olehku sekolah ta Pak?”.

 

“He? Apa?” Diman Bandhat semaur banter, atine kaget krungu kandhane anake lanang sing didama-dama bisoa dadi wong pinter kuwi “Kowe kepengin metu saka sekolahmu? Nek kowe ora gelem sekolah banjur kowe arep ngapa?”.

 

“Iya Pak, aku kepengin Ngongon wae” wangsulane Sudimin karo semu wedi “wingenane aku krungu Lik Kasmun omong-omongan karo Pakdhe Jiman jarene Pak Ngari mbutuhne pangon, nek olehe pangon saumuranku jarene wonge wani aweh aji telung tahun setengah, banjur mengko nek nambah disuda setengah tahun maneh……”.

 

Karo ngglethak merga awake isih krasa lemes, Diman Bandhat ngrungokne kandhane Sudimin sing nyethakne pawadan anggone nembung arep metu saka sekolahe. Diman Bandhat ngrumangsani nek minangka bapak dheweke ora sembada nggone ngragati anak. Wis pirang-pirang sasi kuwajiban asok urunan wae dheweke durung bisa nglunasi, mbok menawa ya merga kuwi sing ndadekne Sudimin isin lan ora krasan maneh dadi bocah sekolah. Nanging iki mau, Sudimin ora ngrembug bab urunan sing nunggak, ora kandha nek isin karo kanca lan gurune merga pethok urunane isih kothong. Malah Sudimin ngandhakne yen ana wong sing mbutuhne tenaga pangon, jangkep sak regane pisan. Diman bandhat malih nggagas, lan tuwuh pitakonan ing atine, sajake wis ana wong sing obong-obong klaras garing, mbujuki anake lanang supaya metu saka anggone sekolah, sapa wong kuwi?.

 

 

Ana candhake.

 

 

 

 

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (005)

 

5.

Merga bocahe pinter lan tumemen, binarengan karo nugrahaning Gusti marang dheweke, sawise lulus Wiwin malah direkrut almamatere, dikongkon melu mulang ana kampuse kono. Malah ora gantalan tahun saka anggone dikukuhne minangka tenaga dosen, Wiwin oleh dhawuh nampa prentah supaya luwih matengke ngelmu lan kaweruhe sarana sinau neng Leiden, ing Negara Walanda, jalaran jaman kuwi S2 Basa lan Sastra Jawa sing klebu mumpuni ya mung ing Universitas Leiden. Dadi gedhe cilike bocah sing jeneng Wiwin Winarah, sing saiki dadi sisihane Sudimin kuwi wiwit cilik wis diingu wong tuwa sing cukup sandhang turah pangan, ora kurang enthong ora kurang irus, ora tau nandhang kacingkrangan ing babagan kabutuhane urip.

 

Beda karo lelakone wong lanang sing saiki dadi sisihane Wiwin. Sudimin lahir neng ndesa sing adoh saka kutha, nek bengi dipadhangi damar ublik, merga jaman semana PLN durung tekan padesan anggone aweh layanan marang masyarakat. Dhasar sing dadi lantaran lahire neng donya Sudimin biyen wong sing akeh kurange ing samubarang reh. Wong tuwane lanang sing jeneng asline Murdiman, lan merga duwe samben gawean dadi tukang gawe lan dodolan bandhat banjur katelah Diman Bandhat lan ana uga sing ngarani Diman Lulup, merga kanggo gawe bandhat Murdiman kudu kerep golek bakalan bandhat sarana mbeseti kulit pang waru didadekne lulup. Diman Bandhat tau sekolah neng pamulangan Sekolah Rakyat saiki karan Sekolah Dasar, nganti tekan kelas telu, banjur metu ora nutugne olehe sekolah merga kesusu buruh angon kebo, dadi pangone mBah Kaji Sarkam, sing miturut petungane wong tuwane kanggo golek sangu urip di masa depan. Dadi pangone mBah Kaji Sarkam, Murdiman bisa ambal kaping pindho. Sing saambalan, merga umure Murdiman wektu wiwit ngongon durung ganep rolas tahun, olehe ngongon suwene patang tahun, banjur oleh opah Gudel siji. Banjur nutugne ngongon maneh ambal sing kapindho, wektune dadi suda, kari telung tahun, oleh opah Gudel siji maneh. Bubar kuwi Murdiman wis diakoni nek wis diwasa lan bisa nyambut gawe dadi kuli sing opahe dinan, utawa rendhengan.  Opah olehe Buruh Angon kuwi, sing dhisik dening wong tuwane banjur didol dienggo imbuh ngragadi uripe wong saomah, merga adhi-adhine Murdiman ya isih akeh lan isih cilik-cilik kabeh. Gudel opah sing kaping pindho, wiwitane diniyati arep digawe bibitan ngingu kebo dhewe, nanging durung nganti dadi kebo wis kadol, merga dienggo sangu rabi, Murdiman omah-omah karo Sudinem sing wekasane dadi simboke Sudimin.

 

“Sakjane biyen ki aku ya tau kepengin urip sing rada cukup, opah pangon kepindho saka nggone mBah Kaji Sarkam kae wis tak niyati arep tak ingu, tak enggo bibitan kareben aku bisa duwe kebo, banjur digolekne pasangan karo kebone sapa kono, dienggo kerja mluku nggaru nggone wong-wong, asile bisa lumayan. Nanging arep piye maneh?  Wong aku luwih wedi nek nganti simbokmu kedhisikan ditembung wong liya, wekasane Gudel opah pangon kuwi ora sida tak ingu kanggo bibitan, tak edol kanggo sangu rabi” tembung mangkono kuwi isih kerep dirungu dening Sudimin nganti Sudimin kelas lima SD.

 

Ora pati akeh bedane, lakon uripe Sudinem, simboke Sudimin. Sudinem dilahirne lan diemong deni wong tuwane, minangka anak nomer papat saka sedulur cacah pitu. Wong tuwane Sudinem kuwi sanadyan wiwit bayi ya urip neng ndesa, nanging ora pati baud olah tetanen lan ora pati bisa nglakoni urip dadi buruh tani. Dhasare pancen sanadyan mung sailat paribasane, ya ora tau duwe sawah utawa tegalan. Ya wong tuwane Sudinem sing lanang ya wong tuwane Sudinem sing wedok. Kabeh padha olehe ora duwe garapan sawah.

 

Jaman biyen wong tani ing padesan nek ngopeni panenan parine beda adoh karo jaman saiki. Nek saiki keneng diarani wong tani ora pati akeh kangelane nggone ngopeni panenan parine. Akeh pari sing sawise panen ora tau mampir omah, bar olehe nderepi sing wis wujud gabah banjur diparani bakul dituku kabeh banjur diunggahne truck, digawa lunga mbuh parane. Sing duwe sawah nampa dhuwit. Mula nek biyen ana unen-unen panenane oleh sepuluh ton utawa limang ton resik, kuwi ngemu teges sepuluh ton utawa limang ton kuwi sing digawa mulih wis dipotong bawonan. Nanging unen-unen ngono kuwi saiki wis beda tegese, oleh limang ton resik kuwi ngemu teges, resik utawa wis entek tanpa nisa, resik sing neng sawah ya resik sing neng omah, kabeh wis dilempit dadi dhuwit. Lha jaman biyen wong tani adol asiling panen kuwi mung wewaton kabutuhan sedina-dina, upamane arep kanggo blanja sing arep diolah digawe lawuh mangan saben dinane, utawa kanggo tetukon barang-barang sing diprelokne banget. Dadi olehe adol ya sethithik-seththik. Tumrap sing tenagane rada ana, olehe adol panenan ditutu murih dadi beras dhisik, dadi sing didol wis wujud beras. Lha nek sing ora pati duwe tenaga longgar, olehe adol ya wujud pari, nanging ya ora akeh cukup sagedheng utawa rong gedheng, nek ditimbang paling akeh ya sedhacin, kuwi wae dhuwite dijereng-jereng kanggo wektu sing suwe.

 

Lha simboke Sudinem sing jeneng Mak Cikrak kuwi pagaweyane nukoni beras sing didol wong tani sethithik ngono kuwi. Digawa mulih banjur tekan omah disosoh maneh murih luwih putih, dijupuk katule lan berase didol marang para priyayi sing kulina adang beras sing sosohan putih. Mesthi wae Mak Cikrak ya njupuk bebathen sing pantes.

 

“Biyen jaman durung ana selep (mesin penggiling padi) driji jempolane mBokmu sing iringan iki kandel-kandel, merga saben dina ngudang alu kayu Gulun, ngrewangi simbahmu sing gaweyane bakulan beras, nosoh beras neng lumpang. Bareng wis usum selep ya dadi luwih gampang, ora sah ndadak nosoh, cukup napeni mbuwangi endheg-endheg brambut, karo inter nisihne menir sing katut, wis cukup. Lagi bareng aku dirabi Pakmu, banjur salin gaweyan merga banjur genti melu-melu buruh tandur, matun lan ngasag nyang sawah” tembung ngono kuwi nganti Sudimin rada gedhe iya isih kerep dikandhakne wong tuwane wadon.

 

Lha wong tuwane Sudinem sing lanang, sing asline duwe jeneng Karta Midin, malih karan Midin Jenu. Merga gaweyane saben dina golek iwak neng kali-kali sing adoh karo padesan, nggunakne oyod jenu sing dithuthuki kanggo gawe mendeme iwak sing digoleki.  Gaweyan ngono kuwi ya ora ijen, nanging ngajak kanca loro utawa telu, lha Karta Midin sing madeg dadi borege. Oleh-olehane nggone golek iwak ya didum rata sakancane, banjur didol menyang pasar.

 

Merga padha olehe saka bibit ngono kuwi, wis lumrah wae, yen bareng omah-omah antarane Murdiman utawa Diman Bandhat karo Sudinem, ndadekne kahanan kulawargane wong loro sing jejodhowan kuwi ya mung trima pas-pasan wae, malah kepara akeh cingkrange tinimbang turahe.

 

Saka olehe jejodhowan Diman Bandhat karo Sudinem, banjur kaparingan anak cacah telu. Sudimin mbarepe, metu lanang, banjur wadon dijenengne Daliyem lan sing pungkasan utawa ragil ya wedok maneh diwenehi tenger utawa jeneng Wagirah merga ngepasi olehe lahir dina Rebo Wage. Dadi anak mbarep kathik metu lanang ijen, miturut panemune wong-wong sakiwa tengene kono nduweni tanggung jawab sing abot nanging adhakane dicedhakne karo katarimaning urip, kuwi nek anggone jejer dadi sedulur lanang kaprenah tuwa ditampa kanthi kebak rasa tanggung jawab. Mula wiwit cilik murih uripe Sudimin bisa caket karo kamulyan merga katarima uripe dening Sing Gawe Lakon, dening Sudinem apa dene Dimam Bandhat, anake lanang kuwi tansah dilelinthing murih tansah migatekne kanthi rasa tresna marang sedulur-sedulure. Diman Bandhat dhewe sanadyan sekolahe mung tekan kelas telu, nanging dheweke ngerti yen sansaya menungsa kuwi tambah dhuwur sekolahe, mangka bakal sansaya weruh marang tanggung jawabe. Mula tekading atine Murdiman, anake lanang sing mung siji kuwi ora arep dikongkon napaki tilas lakune, nanging arep disekolahne nganti sadhuwur-dhuwure, saora-orane kudu duwe ijazah SD.

 

“Perkara kowe arep ngrewangi wong tuwamu golek sandhang pangan, kuwi pancen kuwajibane anak marang bapa biyunge Min. Nanging kowe aja nganti tiru-tiru aku, metu saka anggone sekolah mung arep dadi buruh angon. Kowe ora oleh mrothol olehmu sekolah, kudu nganti lulus sokur-sokur yen bisa nerusne menyang Sekolah Lanjutan, kareben kowe bisa kukuh nggonmu kapasrahan kuwajiban maleni adhimu loro kuwi” ngono kandhane Diman Bandhat sing uga ora mung pisan utawa ping pindho dikandakne marang anake lanang ya Sudimin kuwi.

 

 

Ana candhake

 

 

 


JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (004)


 

4.

Sudimin lan Wiwin sajake padha krasa karo sing lagi diangen-angen dening anake lanang. Ana sethithik rasa samar ing atine Wiwin, samar nek nganti Yahya salah tampa marang apa sing lagi wae dikandhakne lan sing dikandhakne kakunge mau. Salah tampa sing nuwuhake panganggep yen nyambut gawe dadi abdi, kalebu dadi abdi negara kuwi mung pantes dilakoni dening wong sing jiwane jiwa abdi, jiwa kuli, jiwa wong bayaran, dudu wong sing nduweni jiwa mandhiri. Kanthi mangkono yen nitik karo sipate Yahya sing wis-wis, ora mokal yen banjur tuwuh gagasan neng atine kepengin risign saka gaweyane merga kepengin dadi wong sing duwe kuwanen mandhiri.

 

“Nanging jenenge wong nyambut gawe kuwi kabeh ya ana ala lan becike” kanggo ngawekani murih Yahya ora kebanjur kaya sing diangen-angen, Wiwin banjur guneman maneh “arepa mung dadi abdi nanging nek dilakoni kanthi lelandhesan ngabdi marang semesta lan ora mung merga kepengin oleh asil ajeg gedhene mbesuke oleh dhuwit pension, kuwi dadi lan apike. Luwih apik tinimbang sanadyan katone mandhiri nanging satemene mung ngabdi marang kasenengan pribadine dhewe”.

 

“Mula bener banget apa sing asring didhawuhne Ustadz Zamzuri kae” karo mesem Sudimin numpangi rembuge sisihane.

 

“Ingkang pundi menika Bapak?” Yahya genti sing matur marang Bapake.

 

“Ya bab dhawuhe Kanjeng Nabi yen Innama a’malu binyati, kae neh” wangsulane Sudimin “sabarang reh kuwi gumantung ana niyate, nek niyate mung merga nindakne wajibing kawula marang Gustine, mangka nyambut gawe apa wae bakal nguwohne kabecikan sing ora ana pedhote. Kosok baline nek olehe nyambut gawe kuwi merga mung nuruti karepe ati sing kabujuk dening pepenginan mburu kasenenganing urip neng donya, arepa nyambut gawe sing kaya apa wae entuk-entukane ya mung tansah ngangah-angah, nggrangsang sing ora ana enteke, wekasane ya ora oleh rasa tentrem utawa bahagia babar pisan”.

 

“Inggih Bapak” Yahya semaur sing mung waton semaur mbenerne apa sing dikandhakne bakake.

 

“Karo maneh, wiwit jaman biyen nganti tekan jaman saiki iki, akeh wong sing duwe panganggep kurang pas sajrone ancas utawa tujuwane wong nyambut gawe” Sudimin nutugne olehe ngandhani anake lanang.

 

“Kirang pas pripun Mas?” Wiwin genti sing takon.

 

“Mosok sliramu lali ta Bune?” Sudimin mbalik takon “gajege lagi dhek Ahad lho Ustadz Nur Hamid olehe paring tausiyah ing bab iki, ngimbuhi apa sing dicethakne dening Ustadz Zamzuri. Kae lho akeh wong sing duwe panganggep nek nyambut gawe kuwi mung kanggo mburu rejeki, merga panganggepe antarane rejeki karo wong nyambut gawe kuwi ora bisa dipisahne, nek kepengin oleh rejeki akeh luwih-luwih yen kepengin sugih bandha donya, olehe nyambut gawe ya kudu luwih sregep, luwih pinter olehe metung mlebu metune dhuwit aja nganti luwih akeh sing metu tinimbang sing mlebu……..”.

 

“Lha lerese rak nggih makaten ta Bapak?” Yahya bali nrambul gunem, nigas rembuge bapake “mila rak nggih woten bebasan cara Arab ingkang nyebataken nyambut gawea sira kaya-kaya arep urip selawase ngoten nika? Lan rak inggih wonten dhawuh agami menawi boros menika sami mawon memitran kalihan setan?”.

 

“Kuwi mula ya bener miturut petungane nalar” Sudimin aweh wangsulan “tur kuwi ya durung rampung. Dhawuhe Ustadz Nur Hamid dhek Ahad kae, Imam Ibnu Atha’illah nate paring dhawuh ngene : wong urip neng donya kuwi kasampiran kuwajiban ngibadah marang Gustine, merga jejere manungsa kuwi kawula. Dening Gusti, manungsa kaparingan kuwajiban sing kapisan ngibadah kaya dene salat, pasa lan sapiturute, Kang kaping pindho manungsa kaparingan kuwajiban nyambut gawe utawa mbudidaya kanggo kabutuhaning uripe. Nanging ya kuwi, manungsa kudu eling lan percaya yen ngibadah kuwi kuwajiban lha bab asiling ngibadah sing wujud ganjaran kuwi mung merga Maha Asihe Gusti marang kawulaNe. Samono uga babagan nyambut gawe, manungsa kudu nindakne nyambut gawe kanthi sakuwat-kuwate, ngedohi tumindak boros, ngeceh-eceh bandha kanggo barang sing tanpa ana gunane, kuwi kabeh kuwajiban sing kudu ditindakne minangka kawulane Gusti, dene bab asil olehe nyambut gawe kuwi gumantung marang peparinge Gusti. Mula ora aran aneh lan ora tembung mokal yen ana wong sing olehe nyambut gawe direwangi teken janggut asuku jaja paribasane, olehe ngirit nganti bebasan nggegem banyu wae ora kecer, nanging kanyatane uripe panggah ora sugih. Kajaba kuwi ana maneh sing duwe panganggep wong sing bisa sugih kuwi merga luwih pinter lan luwih akeh akale, mula bareng kelakon sugih banjur rumangsa pinter dhewe, kamangka kanyatane Profesor-profesor Ekonomi kae akeh sing kasugihane kalah adoh karo wong sing ora duwe title apa-apa lan ora ana sing ngarani nek wong pinter ing babagan Ilmu Ekonomi. Yaa pa ora ?”.

 

“Inggih Bapak” wangsulane Yahya karo sajroning atine mbenerake apa sing dikandhakne Bapake kuwi “boten sah tebih-tebih Pak Ngadi Urug nika nggih boten saged nulis, tanda tangan mawon namung garis kalih, nanging nika nggih gadhah karyawan Insinyur kalih Sarjana Ekonomi napa”.

 

Ora krasa lakune mobil wis tekan omah, wektune jebul ya wis rada wengi. Wis jam wolu luwih. Bubar padha nindakne kuwajiban sembahyang Isyak, banjur padha mlebu ing panggonane dhewe-dhewe. Ora kelalen Wiwin menehne oleh-oleh, sate rong buntel marang Mbok Mi karo mBak Sri, rewange sing lagi padha katrem nonton TV sinambi ngaso sawise sedina utuh nandangi gaweyan omah, resik-resik, masak lan sapiturute.

 

“Sampun kesupen obate diunjuk rumiyin Mas” kandhane Wiwin bareng mlebu kamar lan weruh kakunge wis mapan ngglethak neng amben.

 

“Uwis kok, lha kuwi buntele isih durung kober tak buwang neng kranjang, isih gumlethak neng meja kuwi” wangsulane Sudimin karo janggute diobahne kanggo nudingi meja cilik sing ana sandhinge amben.

 

“Nggih sampun” Wiwin guneman karo njupuki buntel pil sing isih ana meja, dilebokne kranjang sampah sing ana pojokan kamare “nggih sampun, Mas enggal sare rumiyin kula tak ngancani mBok Mi kalih mBak Sri ningali Tivi sakedhap”.

 

Tanpa ngenteni wangsulan Wiwin banjur metu, kakunge ditinggal dhewe neng jero kamar, pamrihe supaya enggal bisa leren. Sing dipamiti ya ora butuh mangsuli, malah pikirane banjur nglambrang menyang ngendi-endi.

 

Nglambranging angen-angene Sudimin, nyata rumangsa begja uripe. Omah sing saiki didhaku dadi duweke kuwi, satemene omah warisan saka wong tuwa angkate sing tumuli dadi maratuwane. Maratuwane Sudimin, ya wong tuwane Wiwin Winarah, sing loro-lorone wis jinempana ing angin, biyen pancen dudu wong asli Indonesia. Ibune Wiwin sing asmane Albertina, kuwi asli saka Jerman tekane neng Indonesia bareng-bareng karo sisihane sing asli saka Turki sing asmane Bahadir. Tekane neng Indonesia kajaba kepengin nyinaoni adat lan tradisi sarta Kesenian Tradisional Jawa, uga disambi karo dodolan perhiasan sing nuduhne ciri khas negara Turki lan Negara Jerman. Jebul suwe-suwe sansaya krasan mapan neng Indonesia, mligine neng Kutha Ngayogyakarta. Wekasan kekarone banjur nyuwun marang Pemerintah pindhah kewarganegaraan, dadi wong Indonesia. Jaman semana, akeh wong sing ora ngerti yen “Landa” loro lanang wedok kuwi wasis guneman nganggo basa Jawa. Lan uga akeh sing ora ngira yen kekarone jebul ngrasuk agama Islam kaya agama sing akeh dirasuk dening wong Ngayogyakarta jaman kuwi. Nanging bareng wis klakon dadi WNI tangga teparone lagi padha ngerti lan akeh sing padha gumun, jalaran kalah pinter nggunakne trap-trapaning basa jawa lan kalah sregep anggone padha nindakne ngibadah neng masjid sacedhake kono.

 

Pasangan Bahadir karo Albertina kuwi dening Gusti Allah kaparingan momongan siji, sing diwenehi tenger nganggo jeneng jawa “Wiwin Winarah”. Anak blasteran Turki – Jerman kuwi gedhene dadi wanita sing nyata katon sulistiyeng warna, kulite putih nanging rambute ireng, pawakane sembada gedhe dhuwur nanging panggah merak ati. Wiwit cilik Wiwin diopeni nganggo carane wong Jawa ngopeni anak, manut karo kawruh sing tau disinau dening wong tuwane lan sithik akeh uga diwulang basa lan adat asli saka wong tuwane. Mula ora nggumunake yen Wiwin gedhene dadi wong sing pinter basa Jawa lan ngerteni Basa Jerman sarta basa-basa manca liyane. Wiwin disekolahne neng sekolahan kaya lumrahe bocah kono sekolah, wiwit SD tekan SMA ya neng Sekolahan Negeri. Bareng wis lulus SMA banjur nutugne menyang IKIP Negeri Yogyakarta, sing saiki dadi UNY kae, njupuk Jurusan Bahasa dan Satra Jawa .

 

 

Ana candhake.

 

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (003)


 

3.

Andhok neng warung sate nggone Kang Mungin ora pati suwe, merga tenane ngono olehe Sudimin ngajak kulawargane jajan neng kono kuwi kajaba butuh arep mangan uga Sudimin kepengin pethuk karo Mungin. Mula karo mangan, ngrahabi sing disuguhne neng ngarepe, Sudimin bola-bali tolah-toleh nggoleki sing duwe warung, nanging sing digoleki ora ana katon, banjur takon marang salah siji saka rewange warung sing kapinujon lagi ngladeni wong tuku ing sacedhake.

 

“Pak Mungin boten wonten ta Mas?” ngono pitakone Sudimin marang karyawane warung sate kuwi.

 

“Anu, dereng rawuh Bapak” wangsulane karyawan kuwi sopan “kala wau meling menawi anggenipun tindak wande mriki radi kasep, criyose badhe mampir dhateng Panti rumiyin”.

 

“Panti?” Sudimin miterang rembug “Panti Asuhan ta ?”.

 

“Inggih” wangsulane karyawan mau “teng caket daleme Kang Mungin nika sak niki rak wonten Panti Asuhan enggal, cabangipun Panti sing wonten kilen mriku niku”.

 

Sudimin manthuk-manthuk, pancen wis rada sauntara kae Mungin kober aweh kabar nek ana priyayi ing cedhak omahe sing makaf-ne pekarangan sak omahe kanggo Panti Asuhan. Lan mesthi wae, kanthi anane panti asuhan sing anyar kuwi mengko kabutuhan dhuwit kanggo ngragadi bocah-bocah sing dimong ing panti bakal tambah lan butuh dipikirake murih bisa mlaku kanthi becik.

 

“Sampun Bapak?” peladen kuwi takon apa sing ditakokne Sudimin wis rampung “menawi sampun, kepareng badhe nglajengaken damelan”.

 

“Uwis, uwis Mas, matur nuwun” Sudimin gage anggone aweh wangsulan. Jroning atine thukul pangalembana marang peladen warung sing duwe tata krama jangkep kuwi. Sudimin ngira, ngono kuwi mesthi merga saka piwulange Mungin marang para karyawane supaya wong-wong sing teka ing warunge padha seneng atine. Salah siji saka cara ngecakne ilmu pemasaran sing penting. Sudimin banjur nutugne anggone mangan.

 

“Nuwun sewu, kok njanur gunung, kadhingaren” dumadakan ora weruh sangkan parane, sing lagi wae dirasani wis linggih neng dhingklik ora adoh karo papane Sudimin sakulawargane banjur aruh-aruh “niki wau saking dalem mawon menapa saking tindak pundi Bapak?”.

 

Sudimin sing ora ngira nek Mungin wis teka rada kaget, semono uga Wiwin apa dene Yahya sing banjur padha ndengengek nyawang Mungin karo manthuk mesem, sing uga ditanggapi karo sikep sing padha dening Mungin.

 

“Lagi wae sampean mau tak takokne, Mas Mungin” Sudimin mangsuli pitakone Mungin “jare isih mampir nyang Panti Asuhan sing anyar?”.

 

“Inggih Bapak” Mungin mbenerne pitakone Sudimin “namung mampir sakedhap, ngaturne titipan buku-buku kangge lare-lare Panti. Lha niki wau Bapak kok jangkep kalihan Ibu lan Mas Yahya menapa?”.

 

“Iya, iki mau jan-jane rak saka priksa neng nggone Dokter Sigit kana” wangsulane Sudimin “lha ndelalah aku kelingan nek butuh kepethuk karo sampean, mula mesisan tak jak mampir kene”.

 

“Saking nggene Dokter Sigit?” Mungin rada mlengak “ingkang gerah sinten Bapak?”.

 

“He he he ora ana sing lara kok” Sudimin wangsulan karo ngguyu.

 

“Lho kok?”

 

“Ingkang gerah nggih Bapake Yahya niku Mas Mungin” genti Wiwin sing nyaut rembug “ning wong ya jenenge Pak Sudimin, dadi ya ngana kae”.

 

Mungin mesem krungu rembuge Wiwin sing ngono kuwi, pancen prasasat kabeh wong sing tau cedhak karo Sudimin padha ngerti pakulinane wong kuwi, selawase ora tau gelem sambat lara lan ajeg mesthi moh nek dikongkon berobat menyang panggonane dokter.

 

“Wong ya pancen ora lara, mosok kon omong nek lara?” Sudimin sing aweh wangsulan “kaya sing dikandhakne Dokter Sigit mau, sing baku aku iki mbutuhne leren sedhela, mangan sing cukup. Merga tensiku lagi mudhun, lha mangan sate iki mengko tekanan darahku rak banjur munggah maneh”.

 

“Inggih Bapak” Mungin wangsulan “nanging Bapak inggih kedah kathah aso salira, dhahar ingkang ajeg, sampun ngantos kados padatan inggih awit menggalihaken kabetahanipun tiyang kathah, lajeng Bapak boten ngreken sayahing salira, saben dalu nglembur meh dumugi enjing”.

 

“Lha niku lho Mas” Wiwin guneman maneh “Mas Mungin mawon inggih pirsa, menawi panjenengan niku asring supe kalihan kesarasanipun piyambak”.

 

“Iya” Sudimin mung semaur cekak karo mesam-mesem, kanggo ngendheg rembug sing miturut panemune ora ana gunane kuwi.

 

Ora let suwe olehe padha mangan wis padha rampung Sudimin banjur kandha marang Mungin nek butuh arep asok urunan kanggo kabutuhane Panti Asuhan sing kulina dijupuk Mungin.

 

“Lha kok kathah sanget Bapak?” Mungin takon sawuse nampani dhuwit sing diulungne Sudimin lan dietung cacahe.

 

“Iya. Gepitan eketan kuwi cacahe kaya padatan sing tak longne saka Gaji sing tak tampa saben sasine” wangsulane Sudimin nyethakne bab dhuwit sing diulungne “lha sing gepitan atusan kuwi, merga aku oleh rejeki liya saka anggonku seminar neng Medan, Semarang karo keri dhewe neng Makasar.  Jatah kanggo Ibune Yahya ya wis tak sisihne dhewe, sing iku jatahe bocah-bocah Panti”.

 

Mungin banjur nggawekne Kuitansi sing nyebutne yen dheweke wis nampa titipan saka Sudimin supaya dipasrahne menyang Bendhara Panti Asuhan. Sanadyan mung wujud dluwang sasuwek, nanging kuwi prelu kanggo njagani menawa ana sing lali.

 

“Matur nuwun Bapak” kandhane Mungin karo nglebokne dhuwit mau menyang tas cilik sing tansah dislempangne ana pundhake “mugi Gusti tansah paring berkah dhumateng Bapak lan Ibu tuwin kulawaga sadaya lan mug-mugi pisumbangipun Bapak saged migunani tumrap sedaya adhik-adhik lare Panti”.

 

“Aamiin” wangsulane Sudimin “aku ya matur nuwun banget marang Mas Mungin sing wis kersa tak titipi, ora liwat ya lemah teles wae ya?”.

 

Sudimin banjur pamitan, wengi kuwi sing mbayari mangane Wiwin. Neng dalan padha nutugne olehe ngrembug bab usahane Mungin sing sansaya suwe katon sansaya ngrembaka. Luwih-luwih Yahya sajak kasengsem lan kepilut karo usaha sing dilakoni Mungin. Merga nek dietung-etung kanthi tenanan ngono, pengasilane Mungin kuwi bisa uga luwih akeh tinimbang pengasilane Pegawe Negeri Golongan Telu A.

 

“Kajawi menika Mas Mungin ugi saged mbikak lapangan kerja lho Buk?” kandhane Yahya karo panggah maspadakne dalan sing ana ngarepe “ingkang wonten mriki mawon niku wau boten kirang saking lare gangsal, dereng ingkang wonten cabang Karangmalang napa”.

 

“Iya Nang” wangsulane Wiwin karo mesem “pancen samubarang gawe kuwi nek ditandangi kanthi tenanan, gemi nastiti lan ngati-ati, sinartan rasa tanggung jawab sing gedhe, tundhone ya kaya sing ditemu dening Mas Mungin kuwi mau. Pancen ing jaman saiki isih luwih akeh nom-noman sing uripe kepengin dadi reh-rehaning liyan tinimbang nyambut gawe sing ngabdi marang awake dhewe. Akeh wong pinter sing sepi kuwanen, temah pasrah mung kepengin dadi telukan, mung sabab wedi marang ayang-ayangane mungsuh sing ora katon”.

 

“Ibumu wiwit ngandhakne paugeraning urip wewaton disiplin Ilmune Le?!?” Sudimin amul rembug karo mesem “pancen nek miturut Layang Wulangreh ing jaman Sinuhun Pakubuwana papat ngasta Layang kuwi, akeh para sinoman sing pengin dadi priyayi utawa dadi abdi dalem. Saben selapan dina kuwajian seba lan uga ana kuwajiban cundhuk kemit lan kuwajiban-kuwajiban liyane, kamangka kekucah utawa asil sing ditampa minangka abdi dalem kuwi satemene uga ora mingsra kerep wae ora cukup kanggo nutup kabutuhaning urip, nanging panggah akeh sing kepengin dadi abdi dalem, mung jalaran sing dadi abdi dalem kuwi kinurmatan minangka kawula sing kulina saba ing platarane ratu, kulina nganggo beskap komplit sakerise pisan. Mula ana unen-unen akeh wong sing beteke kepengin bisa nganggo keris, banjur nglilakne tegal utawa sawahe diiris. Padha karo lelakon ing jaman saiki iki”.

 

Yahya mung meneng wae krungu apa sing dikandhakne Bapak lan Ibune. Apa sing dadi kandhane wong tuwane kuwi cetha yen ngritisi kahanan, mligine ngritisi pola pikire generasi muda, klebu para sarjanane pisan, sing akeh-akehe nek wis rampung anggone sekolah banjur kepengin nyambut gawe dadi….. abdi. Klebu dheweke, sing sawise lulus saka Universitas King Abdul Aziz neng Madinah, banjur dijaluk dening kampus sing saiki dadi papane nyambut gawe supaya dadi dosen neng kono. Lan nalika samana ya Bapake ya Ibune, padha dene olehe paring panyengkuyung, nalika dheweke matur taren nek arep mulang dadi PNS ing kampuse nalika nempuh S1 biyen.

 

Ana candhake.

 

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (02)


 

2.

Metu saka panggonan prakteke Dokter Sigit, wong telu ora bablas mulih menyang omah. Sudimin ngajak anak bojone andhok neng warung sate nggone Kang Mungin. Sing dienggo pawadan jalaran mau Dokter Sigit mung kandha nek larane Sudimin kuwi salah sijine merga kekeselen lan kurang leren, tekanan darahe mudhun nek ha-be ne normal. Lan kanthi golek sate wedhus ngono kuwi dikarepne bisa ngunggahne tensi.

 

“Kareben tensiku bisa rada munggah Bu” kandhane Sudimin marang Wiwin “wong ngendikane Pak Dokter Sigit mau jarene tensiku mblorot kari wolung puluh”.

 

“Inggih Mas” wangsulane Wiwin “nanging sing langkung baku niku, Panjenengan kedah pinter ngatur wekdal, sampun merga kasengsem kalih damelan lajeng supe leren, lali dhahar. Upami sakdangune niki, dhahare panjenengan niku boten kathah klendrane, lajeng sare kalih ngasone ajeg, kula kinten boten ngantos panjenengan gerah. Lan sing langkung baken malih, panjenengan kedah nurut kalih tausiahe Ustadz Zamzuri  sing kerep didhawuhne pendhak Ahad enjing ing Pengaosane nika”.

 

“Sing endi kuwi?” Sudimin takon.

 

“Anggene udut niku dikendeli!” wangsulane Wiwin “udut niku manpangat kalih kapitunane kathah kapitunane. Langkung-langkung kados Panjenengan niku, aba sampun nyedhot udut kalih nyruput kopi, lajeng kesupen anggenipun badhe dhahar”.

 

“He he he……” Sudimin ngguyu karo wangsulan “iya, nanging nek digagas, awake dhewe iki ya lucu”.

 

“Lucu dospundi Bapak?” Yahya sing lagi nyetir melu nrambul takon.

 

“Lucune ki ngene lho” wangsulane Sudimin “lha aku iki diparingi awak waras dening Gusti Allah kuwi pirang-pirang puluh tahun, ora tau semanta apa-apa. Lha bareng lagi diparingi mumet sethithik lan sedhela wae, kok banjur sambat ngaruara, ngresula, wong sa omah melu bingung kabeh, jan ora sumbut karo nalika diparingi waras ngana kae. Lucu apa ora coba?”.

 

Yahya karo Wiwin padha ora ana sing semaur. Ibu karo anak kuwi wis padha apal karo modhele Sudimin wong sing ora tau ngresula ngadhepi lelakon urip sing kaya apa wae. Selawase urip bebarengan karo Sudimin, Wiwin durung tau nampa tembung sing kasar saka sisihane kuwi. Durung tau Wiwin disrengeni merga dianggep tumindak luput marang kakunge. Samono uga sing dirasakne Yahya, durung tau Yahya nampa duka saka wong tuwane lanang, disrengeni utawa digetak, babar pisan durung tau kedaden. Upama Yahya ndilalah tumindak sing kurang pas karo tatananing urip, kanthi sabar lan sareh sarta tlaten Bapake kuwi aweh pitutur murih becike.

 

“Niki siyose mampir nggene Kang Mungin napa nggene Bu Hajah Nani?” sawuse meneng rada sauntara Yahya matur takon, wetenge uga wis krasa yen njaluk diiseni.

 

“Warunge Bu Hajah Nani kuwi kesuwen olehe antri. Nggone Kang Mungin wae” wangsulane Sudimin ditutugne karo kandhan-kandhan “sing nduwe warung sate kuwi jenenge Mungin, biyen bocah Panti Asuhan Aisiyah, bareng wis lulus saka Pondhok banjur diparingi pawitan dening Pak Satata Kepala SMP sing daleme Jejeran kae. Pawitan kuwi ora diparingne loko-loko, nanging utang sing ora nganggo anakan, nyaure dicicil saben sasi, karo diwelingi nek olehe bakulan ana bathine sing sebagian didhawuhi supaya disumbangne neng Panti Asuhan sing biyen dadi panggonane kuwi. Nganti saiki wis mlaku limang tahun luwih, olehe nyumbang Kang Mungin menyang Panti Asuhan ora tau lowok tur grafike munggah terus lan saiki Warunge Kang Mungin mundhak reja, mundhak laris, sing ngrewangi dodolanbya sansaya tambah, kabeh biyen asale bocah Panti Asuhan, adhi-adhi angkatane Mungin”.

 

“Lha Panjenengan kok nggih apal sanget Mas?” Wiwin nyelani takon “Warung Sate Kambing Kang Mungin niku sak niki bikak cabang teng Karangmalang napa lho? Kinten-kinten nembe sewulan niki”.

 

“Iya ta?” wangsulane Sudimin “kenalku karo Mungin kuwi wis suwe banget, biyen bocahe rak oleh tugas saka Panti, marani sumbangan saka para donatur sing ora kober transfer utawa rawuh menyang Panti. Lha aku salah siji sing saben tanggal telu dipethuki Mungin, kerep wae Mungin tak wenehi dhuwit tip karepku kareben di enggo tambah sangu, nanging jebul dening Mungin dhuwit tip kuwi malah disumbangne menyang Panti pisan, sing crita Pak Pardi bendhahara Panti. Ya lumrah wae merga bocah sing temen tur sregep, olehe bukak usaha warung bisa berkembang, bisa bukak cabang neng papan liya”.

 

“Leres Bapak” Yahya bali melu guneman “salah setunggal Mahasiswa kula nggih wonten kok ingkang ndherek Kang Mungin, larene nggih tekun dados anggene ndherek dados rewang teng warunge Kang Mungin niku ketingale nggih kalih didamel sinau”.

 

“Ya sokur ta nek ngono” wangsulane Sudimin “nek ana bocah nom sing ngono kuwi Bapak neng ati melu bungah, adhakane bocah nom sing gelem ngono kuwi ing mbesuke bakal dadi wong sing sukses migunani tumrap awake dhewe lan wong-wong kiwa tengene. Dadi masa depane Indonesia iki ora pati mutawatiri”.

 

“Inggih Bapak” Yahya mbenerne kandhane wong tuwane “lare niki teng kampus nggih gathekan, kenging diwastani Mahasiswa ingkang pinter lan ugi kritis, boten kok kuliah namung betahe mpun dugi kampus ngoten nika”.

 

“Pancen apa-apa kuwi kudu bisa mlaku bareng” kandhane Sudimin maneh “ya kudu tlaten, sregep lan tekun. Merga ya akeh bocahe jan-jane ngono ya pinter, nanging nek wegahan  banjur kepencut marang barang-barang sing nengsemake ati nanging ora ana gunane, dadine kapinterane ya terus mandheg. Bareng wis kebacut dadine wong ya wong sing mung pinter maido, rumangsa wis pinter dhewe nanging nek dipasrahi gaweyan ya akeh mlethone”.

 

“Lha rak tiyang kina-kina sampun nate dhawuh ta Mas?” Wiwin melu urun rembug “lare sing temen niku dados tiyang inggih dados tiyang ingkang migunani, awit sing sapa temen bakal tinemu apa sing dadi panjangkane, dhasare temen tur inggih tekun, niku sing sae. Sing gelem teteken tekun bakale tekan kang sinedya, niku unen-unene sing meh sedaya tiyang apal nanging sok kathah ingkang namung mandheg dumugi lathi kemawon”.

 

Sudimin ora semaur, mung neng atine ana rasa mongkog dene dening Gusti Allah kaparingan jodho, sisihan kajaba duwe rupa sing nyenengake lamun disawang, omong-saomong mung nglereg marang pitutur luhur sing aweh panuntun murih anjog ing kabecikane urip. Kathik ngonowa, kabeh sing dikandhakne uga dibarengi klawan tumindaksing kena digawe tepa palupi.

 

Sudimin banjur kelingan lelakon uripe, sing saiki wis keneng diarani kepenak lan mapan. Kabeh mau bisa ditemoni awit iya anggone nglakoni urip, wiwit cilik nganti saiki wis umur sewidakan luwih, tansah gegondhelan pituture para pinter jaman kuna, senadyan ta siji loro pitutur kuwi uga ana sing wis ora jumbuh karo kahanan sing sansaya maju lan sarwa modern, nanging meksa isih akeh sing becik upama dilanggengake. Luwih-luwih sawise Sudimin gelem melu nyinaoni piwulange Agama sing dirasuk, jebul piwulange agama ngono ora winates mung ing tata cara manembah marang Gusti, nanging luwih akeh sing mulangake carane urip sing becik. Jalaran urip neng ngalam donya kuwi ora urip ijen, nanging uga ana barengane urip, iya sing padha-padha rupa manungsa lan uga sing wujud titah liyane, titah sing bisa obah lan sing ora bisa obah, kewan, tanem tuwuh, banyu, geni, gunung, sawah segara lan liya-liyane. Yen kepengin bisa urip sing becik, menungsa kudu bisa nglakoni urip murih beciking sasama, ora mung mburu butuhe dhewe.

 

Jaman cilikane biyen, Sudimin ora duwe pangira yen bakal urip neng Kutha gedhe kaya saiki kuwi. Ora ngimpi yen bisa lungguh lan jejagongan karo wong-wong sing duwe palungguhan kang kinurmatan dening sesamaning titah. Jeneh Sudimin biyen dilahirne dening Sudinem anake Midin Jenu sing dirabi dening Diman Bandhat. Simboke Sudimin gaweyane sing ajeg ya mung buruh-buruh neng sawahe wong sugih, ya buruh tandur, ya buruh matun, derep lan liya-liyane. Bapakne sing kajaba dadi buruh srabutan, ing kalaning lodhang luru lulup waru banjur ditampar digawe bandhat banjur didol neng pasar, mula bapakne Sudimin sing asline duwe jeneng Murdiman, banjur luwih akeh sing ngundang dadi Diman Bandhat, tegese Murdiman sing kerep dodolan Bandhat.

 

Ana candhake.

 

Isih ana sing pirsa apa kuwi : Lulup? Bandhat?

 

 

 

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...