Total Tayangan Halaman

Rabu, 07 Desember 2022

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (009)


 

9.

Ora gantalan dina, Sudimin sida ndherek ing daleme Pak Suwaji, Kepala Sekolah. Kepala Sekolah kuwi nek neng padesan wektu kuwi, lumrah diarani Mantri Guru. Satemene Pak Suwaji paring kalonggaran marang Sudimin, ya iku yen wengi dikeparengake mulih turu neng omahe wong tuwane, nanging awit rerigen saka Bapakne, Sudimin milih nek wengi ya ndherek turu ana daleme Pak Suwaji, pamrihe supaya ora ana bocah sabarakane Sudimin sing ngajak dolan ing wayah bengi, nonton wayang upamane. Kajaba saka iku sinaune Sudimin iya bisa luwih tumata, jalaran rumangsa tansah dipirsani dening Pak Suwaji.

 

Kaya welinge Bapakne, Sudimin tuwajuh tenan nggone ndherek Pak Suwaji, nek tangi saka turu isih peteng, banjur nyaponi latar lan reresik pekarangan. Bubar kuwi banjur ngangsu golek banyu menyang sumur kanggo ngisi genthong pawon lan ngisi kulah. Yen wis banjur budhal sekolah, mesthi wae dening Bu Suwaji iya didhawuhi sarapan dhisik. Yen wis bali saka sekolah sawise mangan, Sudimin uga ora banjur dolan utawa leren, nanging gole-golek, gaweyan apa sing sajake bisa ditandangi, ora ndadak ngenteni didhawuhi. Wayah sore, meh padha karo nek wayah esuk, wiwit ngasar dhuwur Sudimin wis ngisi kulah, banjur nyapu lan resik-resik omah lan pekarangan. Kabeh gaweyan ditandangi karo ati sing seneng, awit Sudimin wis nganggep yen kuwi mula pancen gaweyane dhewe, ora butuh apa-apa luwih-luwih pangalembana.

 

Merga saka lakune Sudimin sing mangkono kuwi mau, mula ya ora aran aneh nek kulawargane sing didhereki sansaya seneng lan asih marang dheweke. Dhasare neng omah kono kuwi, Pak Suwaji lan Bu Suwaji wis ora ana putrane sing ana omah. Kabeh wis sekolah lan manggon ana kutha, mula Sudimin banjur dianggep kaya putrane dhewe.

 

“Min wiwit mengko sore kowe ndhereka sinau ngaji ana langgare mBah Kyai Wahid” sawijining awan nalika Sudimin lagi rampung olehe mangan, Pak Suwaji paring dhawuh “wingi sore Pak Waji wis matur marang mBah Kyai Wahid nek kowe tak dhawuhi ndherek sinau ngaji ana langgar”.

 

Sudimin ora enggal wangsulan, pikirane banjur kelingan yen satemene wis rada suwe dheweke duwe pepenginan bisa melu ngaji kaya bocah-bocah sabarakane, nanging pepenginan kuwi diwurungake. Kajaba merga durung wani matur taren marang Pak Suwaji, Sudimin uga tau krungu, Pakdhe Dasil sing omahe kacek rong surup saka daleme Pak Suwaji nyrengeni Triana anake merga Triana senengane menyang Langgar, lan kang mangkono kuwi mau dening pakdhe Dasil dianggep wis ngganggu nggone sinau. Uteke Triana ora sedheng diiseni wulangan saka sekolahan sing wis akeh banjur ditambahi maneh wulangan ana langgar, mula salah siji kudu kudu ana sing ditinggal. Lan Pakdhe Dasil milih supaya sing ditinggal Triana anggone sinau ngaji ana Langgar.  Lha saiki, kok malah Pak Suwaji paring dhawuh supaya dheweke mengko sore wiwit ndherek sinau ngaji? Apa ora aran kleru?.

 

“Diajak guneman kok malah meneng kaya wong keweden ngono ta Min?” Pak Suwaji ngendika maneh, nakoni Sudimin sing nglamun.

 

“Aanu, inggih Bapak” wangsulane Sudimin blekak-blekuk.

 

“Inggih piye? Kowe apa ora seneng nek kajaba mbesuke ngerti tulis aksara latin uga bisa maca lan nulis aksara Arab? Aksara sing kanggo nulis Kitab Suci Al-Qur’an kae?” Pak Suwaji bali ndangu marang Sudimin.

 

“Nyuwun pangapunten Bapak” wangsulane Sudimin saiki wis wiwit lancar “estunipun kula inggih kepengin saged ngaji, nanging kula nate mireng saking Pakdhe Dasil ingkang ngandhani Triana, ngaji dhateng Langgar niku saged murugaken anggenipun sinau ing sekolahan kendho, jalaran utekipun kekebaken ngelmi lajeng boten amot”.

 

“Kuwi panemune Pakdhe Dasil, sing tenane ya mung waton ngira-ira wae” Pak Suwaji paring wangsulan karo mesem “nyatane kabeh anak-anakku, ya mas-masmu, Mas Respati karo Mas Prayitna, biyen sekolahe ya ora keganggu kamangka ngajine neng langgar ya ora tau lowok, malah masmu loro kuwi sawise sekolah neng kutha, sekolahe uga ngrangkep neng pondhok lan mas-masmu loro kuwi kabeh ya pinter ora kalah karo sing ora ngaji, malah Masmu Respati saiki wis sekolah dokter neng Yogya”.

 

“Inggih Bapak, mangke sonten kula wiwit ndherek ngaos dhateng Langgar” Sudimin atur wangsulan.

 

“Karo maneh Min” Pak Suwaji ngendika maneh “menungsa kuwi tenane ngono ora ana sing bisa apa-apa kajaba yen ditulung dening Gusti Allah. Lha wis aran lumrah nek menungsa kuwi kudune ya matur nuwun marang Gusti Allah sing paring maewu-ewu pitulungan marang dheweke. Urip dadi manungsa kuwi aja banjur kaya kewan sing bodho sing ora weruh rasa tarima kasih marang Gusti Allah. Lha salah sijine wujud rasa matur nuwun kuwi ya gelema manungsa kuwi ngibadah nut lan piwulanging agama sing dirasuk. Lha awake dhewe iki wong Islam, ya gelema sembahyang lan ngibadah miturut piwulange agama Islam. Lha sasuwene iki, tak waspadakne dening wong tuwamu kowe durung tau dikandhani babagan iki, malah ketoke wong tuwamu kae ya durung padha bisa sembahyang. Mula kowe didhawuhi Pak Waji ndherek sinau ngaji neng Langgar kuwi uga supaya kowe bisa sinau ngaji lan sinau sembahyang”.

 

“Inggih Bapak”

 

Tenan, sorene Sudimin sadurunge Maghrib uga wis budhal menyang Langgar, wiwit sinau sembahyang lan ngaji.  Lan dina-dina terus mlaku, pranyata Sudimin kuwi bocah sing lantip tenan. Kanthi gampang apa sing diwulangake Kyai Wahid bisa diwadhahi dadi ngelmu dening Sudimin. Durung nganti setahun, Sudimin wis kena diarani pinter ngaji lan maca Al-Qur’an kanthi becik. Apalane ya wis akeh, carae ngibadah uga wis akeh sing diweruhi, upamane kepriye carane sesuci, kepriye carane ngadeg sembahyang lan liya-liyane, Sudimin wis bisa nindakne kanthi bener. Mesthi wae merga kelantipane, Sudimin uga banget diasihi lan ditresnani dening mBah Kyai Wahid.

 

Kyai Wahid kuwi, sawijining Kyai Padesan, priyayine prasaja, luwih gedhe olehe ngrumangsani yen mung wong ndesa sing jarene kaweruhe isih jero tapak meri. Olehe adeg Langgar lan mulang ngaji marang bocah-bocah sakiwa tengene kono kuwi, merga neng kono durung ana wong sing pinter lan tlaten mulang muruk babagan agama kanthi lelahanan alias ora ana sing aweh blanja, malah kepara biyen kerep kudu tombok kangge tuku lenga, kuwi sadurunge Pak Mantri Guru kepareng nanggung tukone lenga kanggo damar langgar. Mula karo sapepadhaning wong, isine mung tansah ngajeni. Landhesane Kyai Wahid mung merga nadyan ta mung saklungsu watone bisa melu udhu.

 

Kanggo nyukupi kabutuhaning urip, Kyai Wahid pancen ya duwe sawah sing ora patia jembar, watara ya mung setengah bahu. Lan asile sawah sing mung samono kuwi, kegawa saka narimane Kyai Wahid sakulawargane, bisa nyukupi kanggo sanguine urip. Sanadyan kala-kala uga disambi nindakne gaweyan liya sing ana asile lan ora gawe kapitunane wong liya. Kaya gaweyan wektu kuwi, ya iku nindakne pambudidaya gawe jamur merang, ana pekarangane omah. Asile ora sepiroa, mung cukup digawe lawuh saben dinane lan diweneh-wenehne tangga teparo sing kepengin weruh rasane utawa dicaosne priyayi sing pantes dicaosi minangka tandha pangaji-aji.

 

“Min mengko nek awakmu arep bali, mBah Wahid njaluk tulung, Min” ngendikane Kyai Wahid ngepasi Sudimin rampung wudlu arep sembahyang Ngisak.

 

“Inggih sendika, Kyai badhe paring dhawuh menapa?” atur wangsulane Sudimin sawega ing gati.

 

“Neng dhampar sing mau dienggo ngaji bocah-bocah kae, ana wungkusan godhong jati” Kyai Wahid paring wangsulan “kae isine jamur merang, mengko nek awakmu bali, cangkingen banjur aturna marang Ibumu. Matura nek kuwi sing nyaosi mBah Wahid ngono, kareben Pak Waji ndherek ngrasakne jamur merang gaweyane mBah Wahid”.

 

“Inggih Kyai” wangsulane Sudimin sing banjur mlaku liwat bancik watu, munggah menyang langgar. Kyai Wahid uga banjur wudlu lan nututi munggah menyang Langgar, arep ngimami santri-santrine nindakne sembahyang ngisak.

 

 

Ana candhake.

 

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (008)


 

8.

Sudimin sing uga lungguh neng cedhake Pak Suwaji mung ndhingkluk, batine rada nratab. Mau Gurune kuwi ngendika nek rawuhe ing omah kono ora ana sambung rapete karo olehe nunggak asok urunan sasen. Nek ngono ana perkara liya sing luwih wigati, Sudimin kelingan wingenane sadurunge wayahe mulih, dheweke mulih dhisik tanpa pamit. Merga arep nemoni Sunar pangone mbah Bayan Samin, neng panggonan ngarit. Dhek emben Sunar tau crita nek dheweke krungu jarene Pak Ngari wektu iki butuh pangon lan durung oleh. Nanging jebule digoleki neng panggonan ngarite, Sunar ora eneng, malah pas Sudimin mlaku mulih krungu Lik Kasmun karo Pakdhe Jiman rembugan bab olehe Pak Ngari mbutuhne bocah sing arep dikongkon ngopeni kebone sing cacahe papat kae.

 

Nggagas kuwi, Sudimin dadi rada wedi. Kuwatir yen Pak Suwaji arep mundhut pirsa anggone mbolos kuwi. Mendah mengko kaya apa nesu lan susahe Bapakne sing lagi lara kuwi nek ngerti dheweke mbolos olehe sekolah?.

 

“Sak jane wau kula rak sampun radi dangu ta Kang Diman?” sawuse rada sauntara padha meneng Pak Suwaji wiwit ngendika.

 

“Radi dangu pripun Pak Mantri?” Diman Bandhat takon merga durung mudheng sing dikersakne Pak Suwaji.

 

“Pas mandhap saking Magriban wau, kula bablas mriki, lajeng kula linggih teng emper mriku” Pak Suwaji nggenahne ngendikane.

 

“Lha nek ngoten rak nggih mpun dhek wau no Pak Mantri?” Diman Bandhat semaur semu gumun “lha kok boten lajeng mlebet?”.

 

“Saking emper wau kula mireng, Kang Diman nembe nuturi Sudimin” wangsulane Pak Suwaji maneh “mula kula entosi rumiyin, sareng sampun meh rampung anggen sampean ngandhani Sudimin kula nembe kula nuwun”.

 

“Dados Pak Mantri sampun midhanget sedaya sing kula kandhakne teng Sudimin niku wau?” Diman Bandhat sansaya gumun.

 

“Inggih kathah ingkang sampun kula pireng Kang” wangsulane Pak Suwaji karo mesem “mila ingkang sampean criyosne dhateng Sudimin kala wau sedaya leres. Menawi Sudimin kepengin ing benjingipun langkung sae gesangipun, kedah sekolah, boten kenging medal saderengipun tamat. Langkung-langkung Sudimin niki ing sekolahan ugi klebet lare ingkang nggadhahi kalantipan ingkang sae, malah kepara saged nglangkungi kalantipanipun kanca-kancane. Pramila inggih eman sanget menawi ngantos Sudimin medal anggenipun sekolah”.

 

“Nyuwun pangapunten Pak Mantri” dumadakan Sudinem sing maune mung meneng melu amul rembug .

 

“Inggih kadospundi mBakyu?” Pak Suwaji paring wangsulan.

 

“Waunipun kula niki nggih reman-remena, nyekolahne anak niku” Sudinem atur wangsulan ngandhakne panemune “nanging nggih niku, sareng Pakne lare-lare niku asring sakit, kula dados tumut repot. Lha Sudimin piyambak nggih ngertos menawi tiyang sepahe sansaya repot kados ngeten niku, mila inggih lajeng gadhah kajeng badhe medal anggenipun sekolah, badhe pados berahan ngengen…….”.

 

“Ooo Dadi sing ngongkon supaya Sudimin buruh ngongon kuwi kowe ta mBokmu?” karo suwara rada sereng Diman Bandhat nigas wuwuse bojone, atine dadi panas maneh.

 

“Aku iki ora ngongkon Pakmu” wangsulane Sudinem ngendhani perkara, ora gelem nek dadi paran kanepsone sing lanang “Nanging anakmu dhewe sing taren, arep metu olehe sekolah lan arep nembung supaya awake dhewe metung rembug nang nggone Pak Ngari. Aku ya ora wani mutusi dhewe, mula bocahe ya banjur tak kon ngomong kowe iki mau. Lha kuwi Sudimin ya eneng, coba takonana bener apa ora sing tak omongne iki mau”.

 

“Gusti Allah, nyuwun ngapura…..” karo unjal ambegan Diman Bandhat nyebut asmane Gusti, banjur ditutugne guneman matur marang Pak Suwaji “nggih kados makaten menika lho Pak Mantri, kula niki kados jago sing ajeng kablak nanging boten gadhah suwiwi, kula gadhah pepenginan nyekolahne anak lanang, nanging gandheng kalihan kawontenan kulawarga kula ingkang makaten menika, kula lajeng puteg, boten saged mikir malih. Menawi kula ngekahi murih Sudimin niku sekolah, semah kula sambat kawratan kamangka kawontenan kula nggih kados makaten menika, duka saged mantun duka boten. Nanging menawi kula nyarujuki Sudimin berah ngongon, raosing manah kula ingkang boten saged nampi”.

 

“Inggih Kang Diman” Pak Suwaji paring wangsulan suwarane keprungu sabar lan sareh “mila sedaya menika kenging dipun wastani lampahan gesangipun Kang Diman saha mBakyu miwah para putra sedaya, lampahan utawi lakon menika adilipun inggih dipun lampahi”.

 

“Inggih Pak Mantri, menawi makaten kula nyuwun pangestu panjenengan. Sanaosa kados menapa kula boten badhe lila menawi anak kula jaler menika medhot anggenipun sekolah” Diman Bandhat mangsuli pangandikane Pak Suwaji, banjur ditutugne ngandhani anake lanang “lan kowe Min, saiki tak wangsuli apa sing mau mbok kandhakne, Pakmu ora ngidini kowe medhot olehmu sekolah lan ora arep ngidini kowe buruh ngongon neng nggone Pak Ngari utawa neng nggone sapa wae sadurunge kowe oleh ijazah. Ya pancen apa sing tak prentahne iki abot banget tumrap kowe, kowe bakal wirang isin ora karuwan merga olehmu sekolah ora lancar kaya kanca-kancamu, nanging kowe kudu ngerti nek kabeh mau minangka tapamu, minangka prihatinmu kanggo nggayuh supaya dadi wong pinter. Nek kowe wis pinter, kowe bakal weruh carane golek sandhang lan pangan”.

 

“Iya Pak, aku manut” karo manthuk Sudimin wangsulan.

 

“Niki ngaten kang Diman” Pak Suwaji ngendika maneh “kula nggih ngertos ingkang ndadosaken repotipun mBakyu, menawi Sudimin panggah sekolah, ateges anggenipun saged ngrencangi nyambut damel Sudimin, inggih menawi sampun wangsul saking sekolah, kamangka Sudimin inggih mbetahaken tedha. Inggih nuwun sewu, makani lare sekolah niku sami kemawon makani lare ingkang boten saged nyukani piwales, nambahi jatah tanpa angsal pituwas menapa-menapa. Inggih ta mBakyu?”.

 

“Inggih menika ingkang kula susahne Pak Mantri” alon-alon Sudinem wangsulan “jane ngoten nggih mpun saktrepe nek wong tuwek ngingoni anake, nanging saupami si anak saged mbantu pados rejeki rak inggih radi benten, pados rejeki kangge gesangipun piyambak ugi sampun sae. Menawi Sudimin menika berah ngongon, sanajan boten saged ngrencangi nyambut damel kula lan bapake, nanging rak tedhanipun Sudimin saben dinten sampun wonten ingkang nyekapi lan boten dados tanggelan kula malih?”.

 

“Sak niki kula gadhah pamanggih, pripun upami Sudimin menika Ngongon teng panggenan kula?” Pak Suwaji nanggapi wangsulane Sudinem “nanging benjing opahe boten Gudel utawi Cempe, nanging kapinteran. Sudimin menawi sampun wangsul saking sekolah, wangsulipun dhateng griya kula saprelu ngrencangi semah kula nandangi padamelan griya ingkang saged dipun lampahi Sudimin, mangke tedhanipun Sudimin dados tanggelan kula makaten ugi kabetahan kangge sekolah, inggih buku-buku lan praboting sinau sanesipun, ugi sandhangan kangge sekolah lan urunan sasen lan lintunipun dados tanggelan kula. Pripun manawi makaten ? Pripun Kang Diman?”.

 

“Manawi kados makaten ingkang dados kersanipun Pak Mantri” karo suwara sing serak, merga luh sing dleweran mili saka mripate, Diman Bandhat atur wangsulan “saestu kula ngaturaken genging panuwun, sedaya kamirahanipun Pak Mantri panggah badhe kula cathet salebeting manah, boten badhe kula supekaken ngantos dumugi ing akherat benjang”.

 

“Sampun sanget-sanget anggenipun nanggapi pikajeng kula niki Kang Diman, inggih sadaya tiyang menika wajib tulung tinulung ing kasaenan” Pak Suwaji paring wangsulan, banjur ditutugne takon menyang Sudinem “Menawi mBakyu kados pundi pamanggihipun kalihan pamanggih kula menika? Sepisan malih kula matur bilih kula boten saged nyukani opah wujud arta utawi barang ingkang pengaji dhateng Sudimin, nanging wujud kapinteran, menika menawi Sudimin purun nggega sedaya pitutur kula”.

 

“Kula ndherek lan matur nuwun sanget Pak Mantri” wangsulane Sudinem.

 

“Inggih Pak Mantri, samangke kula pasrah bongkokan pisan, bab anggenipun nggulawenthah anak kula Sudimin, badhe panjenengan dukani kados menapa kemawon, badhe panjenengan paring pidana kados menapa kemawon, kula badhe lila lahir trusing batin sauger kangge kasaenanipun anak kula” karo isih ngglethak Diman Bandhat guneman maneh, masrahne Sudimin marang pak Mantri Guru Suwaji, sing ditutugne karo kandha marang anake lanang “Kowe krungu dhewe ta Min? semono gedhene kamurahan sing diparingne Pak Mantri Guru marang kowe, kowe kudu ngerti ora saben wong kagungan penggalih kaya Pak Mantri iki, kajaba yen wis dipilih dening Gusti kanggo nekakne pitulungan marang kawulaNe kaya awake dhewe iki. Mula, kowe kudu tansah mbangun turut, mituhu apa sing dadi dhawuhe Pak Mantri Guru, aja maneh kok mung kesel, lara utawa liyane nadyanta nganti mati apa dhawuhe Pak Mantri wajib mbok tindakne kanthi legawaning ati, kuwi nek kowe ngakoni nek aku iki bapakmu. Ngerti?”.

 

“Iya Pak” Sudimin mung wangsulan cekak.

 

 

Ana candhake.

 

Selasa, 06 Desember 2022

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (007)


 

7.

Diman Bandhat kepengin tangi, kepengin olehe guneman bisa luwih gampang, nanging awake jebul durung kuwat. Mula ya sawuse mbudidaya tangi meksa ora bisa, ya banjur bali ngglethak karo ngempet rasa larane awake. Nanging rasa lara kuwi dadi ora pati krasa, merga pikirane ora tumuju marang lara sing njaluk dirasakne kuwi, nanging tumuju marang anake lanang sing lagi wae kandha yen duwe karep arep metu saka anggone sekolah. Pikirane Diman Bandhat ya tekan ngendi, ngendi takon-takon sajroning ati, ngliling wong-wong sakiwa tengene nganggo pangeling-elinge, sing wis didakwa ngobong blarak. Mbebujuki supaya anake kayungyun marang urip sing oleh pengasilan. Mau Sudimin wis nyebut jeneng loro, ya iku jeneng Kasmun sing omahe ana sisih wetan let telung surup karo omahe, siji maneh jeneng Jiman buruh srabutan sing tau dadi kanca rewange Midin Jenu, Maratuwane, nalika durung ana larangan golek iwak neng kali migunakne jenu. Salah siji saka wong loro kuwi pantes disujanani dening Diman Bandhat, dinakwa wis ngiming-imingi anake karo kepenake urip mengko nek wis oleh opah saka anggone dadi pangon.

 

“Lha kowe dikandhani apa karo Pakdhe Jiman karo Lik Kasmun?” Diman Bandhat banjur nakoni anake lanang.

 

“Aku ora dikandhani apa-apa Pak” wangsulane Sudimin “wong aku ya ngepasi liwat ana sandhinge wong loro kuwi sing jagongan neng lincak ngarep warunge mBah Kemis. Aku mung krungu wae apa sing lagi dirembug wong loro kuwi”.

 

Atine Diman Bandhat sing mau arep nesu marang Jiman utawa Kasmun ora sida, wong loro kuwi jebul ora tumindak kaya apa sing dinyana. Lha nek dudu wong loro kuwi, banjur sapa sing wis ngojok-ojoki Sudimin supaya metu saka sekolahe lan ngongon neng nggone wong sing duwe kebo akeh?.

 

“Oh, iya Pak” Sudimin mbaleni kandhane “mau Pakdhe Jiman nakokne Bapak sing jare ora ketok metu, banjur tak warah neng Bapak lagi gregesen ngono”.

 

“Mung kuwi? Ora kandha liyane?” Diman Bandhat takon.

 

“Ora. Lik Kasmun sing genti omong, nanging ora karo aku. Ajak-ajak Pakdhe Jiman ngendhangi Bapak mrene, mbuh suk kapan aku ya ora pati cetha wong aku wis adoh, karo maneh angen-angenku malah nggagas Pak Ngari sing jarene mbutuhne Pangon kuwi” wangsulane Sudimin blaka apa anane.

 

“Ngene lho Min” sawuse unjal ambegan rada dawa Diman Bandhat banjur guneman alon. Sudinem, sisihane, apa dene Sudimin meneng siyaga ngrungokne “pancen nyekolahne anak kuwi ora barang sing gampang lan entheng, merga kajaba kowe kelangan wektu kanggo ngrewangi nyambut gawe aku karo mbokmu, aku ya isih kudu mikir nukokne buku lan praboting sekolahmu sarta mbayari urunan sasen. Beda nek duwe anak banjur dikongkon ngongon, kuwi asile loro, sing siji aku wis ora kudu mikir panganmu, merga kowe wis diingoni bendaramu, perkara salinmu saben riyaya uga mesthi ditukokne kathok karo klambi bendaramu, thik ngonowa mengko nek wis rampung olehmu ngongon, Gudel opahmu kuwi bisa didol kanggo nambeli kabutuhane kulawargane dhewe. Nanging aku, Pakmu, milih nyekolahne kowe, mbesuk ben ngerti aksara ora buta hurup. Merga aku iki wis weruh kanthi panyawang sing luwih awas, wis nglakoni urip sing wis suwe, wong sing uripe sarwa kecingkrangan kaya kulawargane dhewe iki biyen merga aku karo mbokmu kuwi wong bodho, ora bisa nyambut gawe apa-apa kajaba mung dadi kuli, dodolan bau lan tenaga. Beda karo sing ngerti tulis lan etung, kaya Ismun Cethok sing omahe pinggir Ban kae, kae uripe katon kepenak anake ora tau keluwen wong sedina paling ora bisa mangan kaping pindho, Ismun kae nadyan ta ya mung dadi buruh nanging rak buruh dadi Tukang Batu, kae biyen lulusan SKN banjur dibenum dadi tenaga Tukang Batu neng Jawatan Pengairan, dadi uripe kepenak, kajaba oleh blanja ajeg saka negara merga dadi Tukange Pengairan uga bisa nyambi nukang batu neng panggonan liya. Banjur kae, Ganjar Blantik kae, Ganjar kae sekolahe ya lulus saka SR mula ya ngerti lan pinter carane srawung, baud neng bab petungan rega, mula ya olehe mblantik sansaya ndrebala. Lha nek Pakmu karo kuli-kuli sabangsane iki, ngertine ya mung nampa prentah saka wong sing duwe sawah, opahe ya mung nek pas bisa mregawe lan nyambut gawe sedina ya entek sedina, malah sok kurang barang. Mula aku kepengin kowe bisa sekolah, ben ora ngrekasa uripmu kaya aku. Merga kowe kuwi tinitah dadi anak lanang sing mbarep, kowe duwe kuwajiban maleni adhi-adhimu nek Pakmu wis ora eneng utawa wis mati. Nek uripmu mbesuk kaya uripe Pakmu ngene iki, nglengkara kowe bisa dadi wali sing becik……”.

 

“Kula nuwuuuuun……….” Akeh-akeh nggone guneman Diman Bandhat nanging durung rampung wis kapunggel suwarane wong alok kula nuwun.

 

“Mangga………” sing aweh wangsulan Sudinem karo ngadeg, nyedhaki lawang.

 

Wong saomah rada pangling karo sing duwe suwara alok kula nuwun kuwi mau, suwarane empuk tur kepenak nek dirungokne, kaya suwarane priyayi sing kulina ngendikan alus ngana kae.

 

“Mangga, mangga Pak Mantri” jebul tenan, sawise lawang dislarakne, Sudinem dadi rada kaget. Sing teka merdhayoh menyang omahe kuwi jebul Pak Suwaji, Mantri Guru ing sekolahane Sudimin, anake.

 

“Nyuwun pangapunten, sampun damel kejoting penggalih” Pak Suwaji aweh wangsulan karo mlangkah mlebu omah.

 

“Boten dados menapa Pak Mantri, mangga katuran pinarak, nika pake lare-lare nembe gering” Sudinem banjur prentah marang Sudimin “Min dhngklik dawa neng pawon kae jupuken mrene, ben diagem lenggah Pak Mantri!. Mosok Pak Mantri arep mbok aturi lenggah neng klasa?”.

 

Ora semaur Sudimin ngadeg banjur mlaku menyang pawon nindakne prentahe simboke.

 

“Sampun, ora sah Min, Pak Waji nek neng dalem ya kulina lungguh neng klasa kok” Pak Mantri Guru sing asmane Pak Suwaji kuwi menging Sudimin, karo bablas mlaku nyedhaki Diman Bandhat sing arep tangi nanging awake durung kuwat.

 

“Mangga Pak Mantri….” Karo mesem sing dipeksa, Diman Bandhat mbagekne dhayohe “nyuwun pangapunten, dereng saged linggih”.

 

“Sampun Kang, sampun, kagem sarean mawon” Pak Suwaji mapan lenggah karo astane nyalami sing duwe omah. Sudinem sing mau mbukakne lawang, nyedhak karo nggawa ublik siji maneh, disumet banjur diselehne neng ajug-ajug sing manggon ing sisihe sing lanang kareben bisa nambahi padhange papan kuwi. Bubar nyelehne ublike, Sudinem ya banjur nyalami dhayohe. Lan mapan lungguh neng sisihe sikile Diman Bandhat.

 

Sudimin teka karo nggotong dhingklik banjur diseleh neng cedhake klasa.

 

“Mangga Pak Waji katuran lenggah ing dhingklik” kandhane Sudimin kurmat banget marang gurune kuwi.

 

“Uwis, Pak Waji lenggah neng klasa wae” wangsulane Pak Waji karo mesem “kowe ya linggiha, cedhak karo Pak Waji kene”.

 

Sudimin ya manut, banjur mapan sila rada cedhak karo Gurune kuwi.

 

“Kula nyuwun pangapunten ingkang sakathah-kathahipun Pak Mantri” sadurunge dhayohe ngandhakne apa sing dadi sedyane, Diman Bandhat wis ngrumangsani nek rawuhe Pak Mantri Guru iki mesthi ana sambung rapete karo kuwajibane anake lanang asok urunan sasen sing wis akeh banget nunggake “Sudimin boten lepat, nanging mila kula ingkang dereng nyukani yatra kangge urunan sasenipun. Murugaken kajawi mila dereng wonten, kula inggih nembe kaganjar sakit kados makaten, inggih kapeksa kula semados malih, benjing menawi sakit kula sampun mantun, badhe kula padosaken”.

 

“Boten lepat Kang Diman” karo mesem sareh Pak Suwaji paring wangsulan “dugi kula ing dalem sampean niki wau boten prakawis menika. Nanging namung dhapur nuweni sampean ingkang kabaripun nembe gerah lan pranyata Kang Diman nembe gerah saestu. Bab urunanipun Sudimin sampun dipun penggalih rumiyin, Kang”.

 

“Inggih matur nuwun sanget Pak Mantri” Diman Bandhat  semaur alon. Ing atine sansaya kurmat marang Pak Mantri Guru sing sabar lan ora gumedhe dumeh kasinungan drajat sing dhuwur. Pancen wiwit jaman Diman Bandhat isih bocah biyen, kerep krungu nek kulawargane Pak Mantri Guru iki kondhang priyayi sing semanak, sumrambah, pinter srawung ora tau nuduhne sipat adigang adigung adiguna, Bapake Pak Suwaji biyen uga jumeneng dadi Mantri Guru, asmane ndara Mantri Mas Harja Supana, putrane kabeh dadi priyayi luhur sumebar neng ngendi-endi, lan sing waruju ya sing asma Suwaji sing saiki dadi Mantri Guru ing sekolahane Sudimin iki.

 

 

Ana candhake.

 

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (006)


 

6.

Merga wiwit cilik Sudimin tansah diweleg “doctrine” dening Diman Bandhat yen sing bakal bisa urip kepenak kuwi wong sing pinter, mangka Sudimin saben dina ya tansah ngangen-angen supaya bisa dadi wong sing pinter. Kareben uripe bisa kepenak, bisa mangan sedina kaping telu sega beras lawuhe tempe goreng, bisa nganggo klambi utawa sruwal sing ora tambalan. Nalika tangane wis gaduk kuping, bola-bali dituduhne marang wong tuwane yen dheweke wis wayahe disekolahne. Mula pas tahun ajaran anyar, nalika dening Diman Bandhat, Sudimin diterne menyang Sekolahan cedhak Lumbung Baledesa, sing kondhang nganggo sebutan Sekolahan Pasopati, lakune Sudimin sumrinthil rindhik asu digitik.

 

Wiwit sekolah neng Pasopati, Sudimin sing bocah ndesa kuwi wiwit duwe kanca “bocah kutha” sing omahe cedhak pasar. Lan Sudimin sing duwe penganggep yen bocah kutha kuwi luwih akeh kaweruhe tinimbang bocah ndesa, banjur seneng niru solah bawane bocah-bocah kutha, ya carane dolanan ya carane srawung. Mung siji sing ora ditiru dening Sudimin cara uripe bocah kutha ya iku sing kondhang nakal lan seneng tukaran. Kerep wae sawuse mulih sekolah Sudimin dijak dolan lan dolanan kanca-kancane sing bocah kutha lan uga kerep wae Sudimin genti ngajak dolan lan dolanan bocah-bocah kutha kuwi menyang ndesa. Merga Sudimin ya wani nuduhne nek bocah ndesa kuwi uga nduweni kaluwihan tinimbang bocah kutha, kaya upamane nglangi neng kali lan golek welut neng sawah. Mula sanadyan bocah ndesa, nanging Sudimin ora diremehne dening kanca-kancane, jalaran ora sethithik kancane sing padha njaluk diwuruki carane nglangi nek wayah adus neng kali.  Kanca-kancane Sudimin akeh sing padha eram lan njaluk diwarahi nalika Sudimin nuduhne kawegingane slulup, gogo urang utawa nglangi nyengkrek lumawan banyu sing mili santer ing mangsa banjir.

 

mBaka sethithik rasa minder ing atine Sudimin wiwit suda. Luwih-luwih sawise Guru lan kanca-kancane padha ngakoni yen ing sekolahan Sudimin klebu bocah sing pinter, ora kalah karo kanca-kancane sing bocah kutha, malah kepara manggon ing sadhuwure, ing babagan carane nampa piwulang saka gurune. Ya ing wulangan Berhitung, Bahasa Indonesia, Civick, Ilmu Bumi, Ilmu Alam, Ilmu Hayat lan liya-liyane.  Mula nek ing jaman kuwi akeh bocah-bocah sing duwe panganggep nek selolah kuwi ora kepenak, banjur seneng mbolos, nanging nek mungguhe Sudimin sekolah kuwi “gaweyan” sing nyenengake. Sing sok-sok krasa ana ora senenge sekolah kuwi ya nalika Sudimin kerep ditimbali supaya ngadhep Pak Guru neng Kantor merga durung bisa nglunasi dhuwit urunan sasen sing wis nunggak nganti telu utawa patang sasi.

 

“Kowe ora prelu susah Min” ngendikane Pak Suwaji nalika Sudimin ketok ndhingkluk sajak arep nangis merga pas wayahe sekolahan ngaso ditimbali ngadhep lan didangu dhuwit urunan sing wis nunggak telung sasi “nek pancen karo Bapakmu durung diparingi ya ora apa-apa, merga sok ana bocah kaya kowe kuwi, durung mbayar urunan, jebul dhuwit olehe maringi wong tuwane sing kanggo urunan kuwi entek kanggo jajan lan tuku dolanan”.

 

“Nanging kula saestu kok Pak Waji” Sudimin matur alon karo panggah ndhingkluk “kalih Bapak dereng disukani, jane kula nggih isin, nanging Bapak mila dereng angsal arta kangge urunan kula niku”.

 

“Ya wis, kowe ora prelu isin” wangsulane Pak Waji sabar “Pak Waji ora duka lan ora nangih, mung mundhut pirsa wae. Nek pancen Bapakmu durung oleh dhuwit kanggo urunanmu ya mbesuk wae nek wis oleh, gek ndang dilunasi utawa dicicil. Sing baku kowe kudu sansaya sregep olehmu sinau lan nek Pak Waji pas nerangne ngana kae sing luwih migatekne, nek kurang cetha kowe kudu wani matur takon. Wis kana, nek arep dolanan karo kancamu ya dolanan kana, nanging ora pareng nakal lho ya?”.

 

“Inggih Pak Waji, matur nuwun” ature Sudimin sing banjur mundur alon-alon.

 

Nalika kuwi Sudimin wis kelas papat, dadi ya wis rada gedhe, wis bisa ngrasakne angele wong tuwane golek dhuwit kanggo urip lan kanggo ngragati olehe sekolah.  Sudimin uga bisa ngrasakne nek Guru-gurune padha asih marang dheweke, kanthi tlaten gurune nggolekne silihan buku wacan sing tau dienggo dening murid- murid sing wis munggah kelas. Kurikulum jaman semana ora bola-bali ganti, dadi buku pelajaran pancen bisa diwarisne.

 

Sudimin ya wiwit ngerti nek tenane ngono, Bapakne wiwit lara-laranen dadi ya kerep ora bisa nyambut gawe dadi buruh dinan. Nanging jenenge Diman Bandhat pancen ya wong lanang sing ora tepung karo jenenge urip pasrah marang kahanan. Ngerti nek wong lara kaya dheweke ora payu kerja, dheweke ya ora gelem leren anggone golek lulup digawe bandhat. Ewa samono panggah wae, asil anggone dodolan bandhat tetep ora bisa nutupi butuhe urip. Kanggo kabutuhan saben dina kari njagakne polahe simboke Sudimin, Sudinem. Nek anane buruh tandur Sudinem ya melu tandur, nek wayahe watunan, Sudinem melu buruh matun. Kerep wae, jatah kiriman panganan sing ditampa nalika kerja, dening Sudinem ora dipangan, nanging digawa mulih diwenehne anak-anake. Dheweke dhewe milih ora mangan, sing satemene uga ngrasakne luwe. Kajaba melu buruh-buruh nyang sawah, Sudinem uga kerep ramban semanggi sing thukul neng sawah-sawah, dijupuki lan di dol marang sing mbutuhne semanggine kanggo jangan bening lan jangan seger-segeran. Nanging bola-bali, arep polahe anteng kitiran, nanging kegawa saka nasib sing durung kabeneran, mbaka sethithik utange kulawargane Diman Bandhat marang tangga teparo sansaya mundhak akeh, Utang sing digunakne kanggo ndawakne umur, merga kanggo mangan sing ora bisa wareg.

 

“Ketoke kowe arep omong ta Le?”  kandhane Diman Bandhat nakoni anake lanang, nalika Sudimin lungguh suwe neng sisihe bapake sing lagi ngglethak mergs mbarengi larane weteng kumat “eneng apa? Omong wae, mbok menawa coba tak rungokne”.

 

Sudimin ora enggal aweh wangsulan marang Bapake. Ilate isih angel dienggo nata ukara sing arep dikandhakne. Pancen nalika kuwi Sudimin wis ngerti banget kahanan panguripane kulawargane. Sudimin, duwe niyat arep metu anggone sekolah, murih bisa ngrewangi wong tuwane, murih bisa nyuda rekasane bapak lan simboke. Wingenane Sudimin wis omong bab kuwi marang Sudinem, wong tuwane wedok. Simboke bisa nampa lan nyarujuki apa sing dadi karepe Sudimin, nanging Sudinem panggah ora bisa aweh wangsulan minangka putusan. Mula Sudinem banjur ngandhani Sudimin supaya kandha marang bapake. mBoke Sudimin ya kandha nek ora wani ngandhakne niyate Sudimin ngono kuwi marang Bapake Sudimin, jalaran Bapake Sudimin kuwi nek wis kadhung duwe kekarepan angel dieluk, mbuh dadine bakal ditekad lan sing wani memalangi mesthi bakal diamuk saora-orane bakal digrambyang nganggo srengen.

 

“Ya omong wae ta Le” sawuse Sudimin ora enggal wangsulan, Sudinem melu guneman ngongkon anake lanang supaya ngandhakne sing dadi karepe “mumpung Pakmu rada longgar larane”.

 

“He eh” Sudimin wangsulan alon, banjur ditutugne guneman marang Bapake “tak pikir-pikir kok sansaya suwe, aku sansaya kepengin metu wae olehku sekolah ta Pak?”.

 

“He? Apa?” Diman Bandhat semaur banter, atine kaget krungu kandhane anake lanang sing didama-dama bisoa dadi wong pinter kuwi “Kowe kepengin metu saka sekolahmu? Nek kowe ora gelem sekolah banjur kowe arep ngapa?”.

 

“Iya Pak, aku kepengin Ngongon wae” wangsulane Sudimin karo semu wedi “wingenane aku krungu Lik Kasmun omong-omongan karo Pakdhe Jiman jarene Pak Ngari mbutuhne pangon, nek olehe pangon saumuranku jarene wonge wani aweh aji telung tahun setengah, banjur mengko nek nambah disuda setengah tahun maneh……”.

 

Karo ngglethak merga awake isih krasa lemes, Diman Bandhat ngrungokne kandhane Sudimin sing nyethakne pawadan anggone nembung arep metu saka sekolahe. Diman Bandhat ngrumangsani nek minangka bapak dheweke ora sembada nggone ngragati anak. Wis pirang-pirang sasi kuwajiban asok urunan wae dheweke durung bisa nglunasi, mbok menawa ya merga kuwi sing ndadekne Sudimin isin lan ora krasan maneh dadi bocah sekolah. Nanging iki mau, Sudimin ora ngrembug bab urunan sing nunggak, ora kandha nek isin karo kanca lan gurune merga pethok urunane isih kothong. Malah Sudimin ngandhakne yen ana wong sing mbutuhne tenaga pangon, jangkep sak regane pisan. Diman bandhat malih nggagas, lan tuwuh pitakonan ing atine, sajake wis ana wong sing obong-obong klaras garing, mbujuki anake lanang supaya metu saka anggone sekolah, sapa wong kuwi?.

 

 

Ana candhake.

 

 

 

 

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (005)

 

5.

Merga bocahe pinter lan tumemen, binarengan karo nugrahaning Gusti marang dheweke, sawise lulus Wiwin malah direkrut almamatere, dikongkon melu mulang ana kampuse kono. Malah ora gantalan tahun saka anggone dikukuhne minangka tenaga dosen, Wiwin oleh dhawuh nampa prentah supaya luwih matengke ngelmu lan kaweruhe sarana sinau neng Leiden, ing Negara Walanda, jalaran jaman kuwi S2 Basa lan Sastra Jawa sing klebu mumpuni ya mung ing Universitas Leiden. Dadi gedhe cilike bocah sing jeneng Wiwin Winarah, sing saiki dadi sisihane Sudimin kuwi wiwit cilik wis diingu wong tuwa sing cukup sandhang turah pangan, ora kurang enthong ora kurang irus, ora tau nandhang kacingkrangan ing babagan kabutuhane urip.

 

Beda karo lelakone wong lanang sing saiki dadi sisihane Wiwin. Sudimin lahir neng ndesa sing adoh saka kutha, nek bengi dipadhangi damar ublik, merga jaman semana PLN durung tekan padesan anggone aweh layanan marang masyarakat. Dhasar sing dadi lantaran lahire neng donya Sudimin biyen wong sing akeh kurange ing samubarang reh. Wong tuwane lanang sing jeneng asline Murdiman, lan merga duwe samben gawean dadi tukang gawe lan dodolan bandhat banjur katelah Diman Bandhat lan ana uga sing ngarani Diman Lulup, merga kanggo gawe bandhat Murdiman kudu kerep golek bakalan bandhat sarana mbeseti kulit pang waru didadekne lulup. Diman Bandhat tau sekolah neng pamulangan Sekolah Rakyat saiki karan Sekolah Dasar, nganti tekan kelas telu, banjur metu ora nutugne olehe sekolah merga kesusu buruh angon kebo, dadi pangone mBah Kaji Sarkam, sing miturut petungane wong tuwane kanggo golek sangu urip di masa depan. Dadi pangone mBah Kaji Sarkam, Murdiman bisa ambal kaping pindho. Sing saambalan, merga umure Murdiman wektu wiwit ngongon durung ganep rolas tahun, olehe ngongon suwene patang tahun, banjur oleh opah Gudel siji. Banjur nutugne ngongon maneh ambal sing kapindho, wektune dadi suda, kari telung tahun, oleh opah Gudel siji maneh. Bubar kuwi Murdiman wis diakoni nek wis diwasa lan bisa nyambut gawe dadi kuli sing opahe dinan, utawa rendhengan.  Opah olehe Buruh Angon kuwi, sing dhisik dening wong tuwane banjur didol dienggo imbuh ngragadi uripe wong saomah, merga adhi-adhine Murdiman ya isih akeh lan isih cilik-cilik kabeh. Gudel opah sing kaping pindho, wiwitane diniyati arep digawe bibitan ngingu kebo dhewe, nanging durung nganti dadi kebo wis kadol, merga dienggo sangu rabi, Murdiman omah-omah karo Sudinem sing wekasane dadi simboke Sudimin.

 

“Sakjane biyen ki aku ya tau kepengin urip sing rada cukup, opah pangon kepindho saka nggone mBah Kaji Sarkam kae wis tak niyati arep tak ingu, tak enggo bibitan kareben aku bisa duwe kebo, banjur digolekne pasangan karo kebone sapa kono, dienggo kerja mluku nggaru nggone wong-wong, asile bisa lumayan. Nanging arep piye maneh?  Wong aku luwih wedi nek nganti simbokmu kedhisikan ditembung wong liya, wekasane Gudel opah pangon kuwi ora sida tak ingu kanggo bibitan, tak edol kanggo sangu rabi” tembung mangkono kuwi isih kerep dirungu dening Sudimin nganti Sudimin kelas lima SD.

 

Ora pati akeh bedane, lakon uripe Sudinem, simboke Sudimin. Sudinem dilahirne lan diemong deni wong tuwane, minangka anak nomer papat saka sedulur cacah pitu. Wong tuwane Sudinem kuwi sanadyan wiwit bayi ya urip neng ndesa, nanging ora pati baud olah tetanen lan ora pati bisa nglakoni urip dadi buruh tani. Dhasare pancen sanadyan mung sailat paribasane, ya ora tau duwe sawah utawa tegalan. Ya wong tuwane Sudinem sing lanang ya wong tuwane Sudinem sing wedok. Kabeh padha olehe ora duwe garapan sawah.

 

Jaman biyen wong tani ing padesan nek ngopeni panenan parine beda adoh karo jaman saiki. Nek saiki keneng diarani wong tani ora pati akeh kangelane nggone ngopeni panenan parine. Akeh pari sing sawise panen ora tau mampir omah, bar olehe nderepi sing wis wujud gabah banjur diparani bakul dituku kabeh banjur diunggahne truck, digawa lunga mbuh parane. Sing duwe sawah nampa dhuwit. Mula nek biyen ana unen-unen panenane oleh sepuluh ton utawa limang ton resik, kuwi ngemu teges sepuluh ton utawa limang ton kuwi sing digawa mulih wis dipotong bawonan. Nanging unen-unen ngono kuwi saiki wis beda tegese, oleh limang ton resik kuwi ngemu teges, resik utawa wis entek tanpa nisa, resik sing neng sawah ya resik sing neng omah, kabeh wis dilempit dadi dhuwit. Lha jaman biyen wong tani adol asiling panen kuwi mung wewaton kabutuhan sedina-dina, upamane arep kanggo blanja sing arep diolah digawe lawuh mangan saben dinane, utawa kanggo tetukon barang-barang sing diprelokne banget. Dadi olehe adol ya sethithik-seththik. Tumrap sing tenagane rada ana, olehe adol panenan ditutu murih dadi beras dhisik, dadi sing didol wis wujud beras. Lha nek sing ora pati duwe tenaga longgar, olehe adol ya wujud pari, nanging ya ora akeh cukup sagedheng utawa rong gedheng, nek ditimbang paling akeh ya sedhacin, kuwi wae dhuwite dijereng-jereng kanggo wektu sing suwe.

 

Lha simboke Sudinem sing jeneng Mak Cikrak kuwi pagaweyane nukoni beras sing didol wong tani sethithik ngono kuwi. Digawa mulih banjur tekan omah disosoh maneh murih luwih putih, dijupuk katule lan berase didol marang para priyayi sing kulina adang beras sing sosohan putih. Mesthi wae Mak Cikrak ya njupuk bebathen sing pantes.

 

“Biyen jaman durung ana selep (mesin penggiling padi) driji jempolane mBokmu sing iringan iki kandel-kandel, merga saben dina ngudang alu kayu Gulun, ngrewangi simbahmu sing gaweyane bakulan beras, nosoh beras neng lumpang. Bareng wis usum selep ya dadi luwih gampang, ora sah ndadak nosoh, cukup napeni mbuwangi endheg-endheg brambut, karo inter nisihne menir sing katut, wis cukup. Lagi bareng aku dirabi Pakmu, banjur salin gaweyan merga banjur genti melu-melu buruh tandur, matun lan ngasag nyang sawah” tembung ngono kuwi nganti Sudimin rada gedhe iya isih kerep dikandhakne wong tuwane wadon.

 

Lha wong tuwane Sudinem sing lanang, sing asline duwe jeneng Karta Midin, malih karan Midin Jenu. Merga gaweyane saben dina golek iwak neng kali-kali sing adoh karo padesan, nggunakne oyod jenu sing dithuthuki kanggo gawe mendeme iwak sing digoleki.  Gaweyan ngono kuwi ya ora ijen, nanging ngajak kanca loro utawa telu, lha Karta Midin sing madeg dadi borege. Oleh-olehane nggone golek iwak ya didum rata sakancane, banjur didol menyang pasar.

 

Merga padha olehe saka bibit ngono kuwi, wis lumrah wae, yen bareng omah-omah antarane Murdiman utawa Diman Bandhat karo Sudinem, ndadekne kahanan kulawargane wong loro sing jejodhowan kuwi ya mung trima pas-pasan wae, malah kepara akeh cingkrange tinimbang turahe.

 

Saka olehe jejodhowan Diman Bandhat karo Sudinem, banjur kaparingan anak cacah telu. Sudimin mbarepe, metu lanang, banjur wadon dijenengne Daliyem lan sing pungkasan utawa ragil ya wedok maneh diwenehi tenger utawa jeneng Wagirah merga ngepasi olehe lahir dina Rebo Wage. Dadi anak mbarep kathik metu lanang ijen, miturut panemune wong-wong sakiwa tengene kono nduweni tanggung jawab sing abot nanging adhakane dicedhakne karo katarimaning urip, kuwi nek anggone jejer dadi sedulur lanang kaprenah tuwa ditampa kanthi kebak rasa tanggung jawab. Mula wiwit cilik murih uripe Sudimin bisa caket karo kamulyan merga katarima uripe dening Sing Gawe Lakon, dening Sudinem apa dene Dimam Bandhat, anake lanang kuwi tansah dilelinthing murih tansah migatekne kanthi rasa tresna marang sedulur-sedulure. Diman Bandhat dhewe sanadyan sekolahe mung tekan kelas telu, nanging dheweke ngerti yen sansaya menungsa kuwi tambah dhuwur sekolahe, mangka bakal sansaya weruh marang tanggung jawabe. Mula tekading atine Murdiman, anake lanang sing mung siji kuwi ora arep dikongkon napaki tilas lakune, nanging arep disekolahne nganti sadhuwur-dhuwure, saora-orane kudu duwe ijazah SD.

 

“Perkara kowe arep ngrewangi wong tuwamu golek sandhang pangan, kuwi pancen kuwajibane anak marang bapa biyunge Min. Nanging kowe aja nganti tiru-tiru aku, metu saka anggone sekolah mung arep dadi buruh angon. Kowe ora oleh mrothol olehmu sekolah, kudu nganti lulus sokur-sokur yen bisa nerusne menyang Sekolah Lanjutan, kareben kowe bisa kukuh nggonmu kapasrahan kuwajiban maleni adhimu loro kuwi” ngono kandhane Diman Bandhat sing uga ora mung pisan utawa ping pindho dikandakne marang anake lanang ya Sudimin kuwi.

 

 

Ana candhake

 

 

 


JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (004)


 

4.

Sudimin lan Wiwin sajake padha krasa karo sing lagi diangen-angen dening anake lanang. Ana sethithik rasa samar ing atine Wiwin, samar nek nganti Yahya salah tampa marang apa sing lagi wae dikandhakne lan sing dikandhakne kakunge mau. Salah tampa sing nuwuhake panganggep yen nyambut gawe dadi abdi, kalebu dadi abdi negara kuwi mung pantes dilakoni dening wong sing jiwane jiwa abdi, jiwa kuli, jiwa wong bayaran, dudu wong sing nduweni jiwa mandhiri. Kanthi mangkono yen nitik karo sipate Yahya sing wis-wis, ora mokal yen banjur tuwuh gagasan neng atine kepengin risign saka gaweyane merga kepengin dadi wong sing duwe kuwanen mandhiri.

 

“Nanging jenenge wong nyambut gawe kuwi kabeh ya ana ala lan becike” kanggo ngawekani murih Yahya ora kebanjur kaya sing diangen-angen, Wiwin banjur guneman maneh “arepa mung dadi abdi nanging nek dilakoni kanthi lelandhesan ngabdi marang semesta lan ora mung merga kepengin oleh asil ajeg gedhene mbesuke oleh dhuwit pension, kuwi dadi lan apike. Luwih apik tinimbang sanadyan katone mandhiri nanging satemene mung ngabdi marang kasenengan pribadine dhewe”.

 

“Mula bener banget apa sing asring didhawuhne Ustadz Zamzuri kae” karo mesem Sudimin numpangi rembuge sisihane.

 

“Ingkang pundi menika Bapak?” Yahya genti sing matur marang Bapake.

 

“Ya bab dhawuhe Kanjeng Nabi yen Innama a’malu binyati, kae neh” wangsulane Sudimin “sabarang reh kuwi gumantung ana niyate, nek niyate mung merga nindakne wajibing kawula marang Gustine, mangka nyambut gawe apa wae bakal nguwohne kabecikan sing ora ana pedhote. Kosok baline nek olehe nyambut gawe kuwi merga mung nuruti karepe ati sing kabujuk dening pepenginan mburu kasenenganing urip neng donya, arepa nyambut gawe sing kaya apa wae entuk-entukane ya mung tansah ngangah-angah, nggrangsang sing ora ana enteke, wekasane ya ora oleh rasa tentrem utawa bahagia babar pisan”.

 

“Inggih Bapak” Yahya semaur sing mung waton semaur mbenerne apa sing dikandhakne bakake.

 

“Karo maneh, wiwit jaman biyen nganti tekan jaman saiki iki, akeh wong sing duwe panganggep kurang pas sajrone ancas utawa tujuwane wong nyambut gawe” Sudimin nutugne olehe ngandhani anake lanang.

 

“Kirang pas pripun Mas?” Wiwin genti sing takon.

 

“Mosok sliramu lali ta Bune?” Sudimin mbalik takon “gajege lagi dhek Ahad lho Ustadz Nur Hamid olehe paring tausiyah ing bab iki, ngimbuhi apa sing dicethakne dening Ustadz Zamzuri. Kae lho akeh wong sing duwe panganggep nek nyambut gawe kuwi mung kanggo mburu rejeki, merga panganggepe antarane rejeki karo wong nyambut gawe kuwi ora bisa dipisahne, nek kepengin oleh rejeki akeh luwih-luwih yen kepengin sugih bandha donya, olehe nyambut gawe ya kudu luwih sregep, luwih pinter olehe metung mlebu metune dhuwit aja nganti luwih akeh sing metu tinimbang sing mlebu……..”.

 

“Lha lerese rak nggih makaten ta Bapak?” Yahya bali nrambul gunem, nigas rembuge bapake “mila rak nggih woten bebasan cara Arab ingkang nyebataken nyambut gawea sira kaya-kaya arep urip selawase ngoten nika? Lan rak inggih wonten dhawuh agami menawi boros menika sami mawon memitran kalihan setan?”.

 

“Kuwi mula ya bener miturut petungane nalar” Sudimin aweh wangsulan “tur kuwi ya durung rampung. Dhawuhe Ustadz Nur Hamid dhek Ahad kae, Imam Ibnu Atha’illah nate paring dhawuh ngene : wong urip neng donya kuwi kasampiran kuwajiban ngibadah marang Gustine, merga jejere manungsa kuwi kawula. Dening Gusti, manungsa kaparingan kuwajiban sing kapisan ngibadah kaya dene salat, pasa lan sapiturute, Kang kaping pindho manungsa kaparingan kuwajiban nyambut gawe utawa mbudidaya kanggo kabutuhaning uripe. Nanging ya kuwi, manungsa kudu eling lan percaya yen ngibadah kuwi kuwajiban lha bab asiling ngibadah sing wujud ganjaran kuwi mung merga Maha Asihe Gusti marang kawulaNe. Samono uga babagan nyambut gawe, manungsa kudu nindakne nyambut gawe kanthi sakuwat-kuwate, ngedohi tumindak boros, ngeceh-eceh bandha kanggo barang sing tanpa ana gunane, kuwi kabeh kuwajiban sing kudu ditindakne minangka kawulane Gusti, dene bab asil olehe nyambut gawe kuwi gumantung marang peparinge Gusti. Mula ora aran aneh lan ora tembung mokal yen ana wong sing olehe nyambut gawe direwangi teken janggut asuku jaja paribasane, olehe ngirit nganti bebasan nggegem banyu wae ora kecer, nanging kanyatane uripe panggah ora sugih. Kajaba kuwi ana maneh sing duwe panganggep wong sing bisa sugih kuwi merga luwih pinter lan luwih akeh akale, mula bareng kelakon sugih banjur rumangsa pinter dhewe, kamangka kanyatane Profesor-profesor Ekonomi kae akeh sing kasugihane kalah adoh karo wong sing ora duwe title apa-apa lan ora ana sing ngarani nek wong pinter ing babagan Ilmu Ekonomi. Yaa pa ora ?”.

 

“Inggih Bapak” wangsulane Yahya karo sajroning atine mbenerake apa sing dikandhakne Bapake kuwi “boten sah tebih-tebih Pak Ngadi Urug nika nggih boten saged nulis, tanda tangan mawon namung garis kalih, nanging nika nggih gadhah karyawan Insinyur kalih Sarjana Ekonomi napa”.

 

Ora krasa lakune mobil wis tekan omah, wektune jebul ya wis rada wengi. Wis jam wolu luwih. Bubar padha nindakne kuwajiban sembahyang Isyak, banjur padha mlebu ing panggonane dhewe-dhewe. Ora kelalen Wiwin menehne oleh-oleh, sate rong buntel marang Mbok Mi karo mBak Sri, rewange sing lagi padha katrem nonton TV sinambi ngaso sawise sedina utuh nandangi gaweyan omah, resik-resik, masak lan sapiturute.

 

“Sampun kesupen obate diunjuk rumiyin Mas” kandhane Wiwin bareng mlebu kamar lan weruh kakunge wis mapan ngglethak neng amben.

 

“Uwis kok, lha kuwi buntele isih durung kober tak buwang neng kranjang, isih gumlethak neng meja kuwi” wangsulane Sudimin karo janggute diobahne kanggo nudingi meja cilik sing ana sandhinge amben.

 

“Nggih sampun” Wiwin guneman karo njupuki buntel pil sing isih ana meja, dilebokne kranjang sampah sing ana pojokan kamare “nggih sampun, Mas enggal sare rumiyin kula tak ngancani mBok Mi kalih mBak Sri ningali Tivi sakedhap”.

 

Tanpa ngenteni wangsulan Wiwin banjur metu, kakunge ditinggal dhewe neng jero kamar, pamrihe supaya enggal bisa leren. Sing dipamiti ya ora butuh mangsuli, malah pikirane banjur nglambrang menyang ngendi-endi.

 

Nglambranging angen-angene Sudimin, nyata rumangsa begja uripe. Omah sing saiki didhaku dadi duweke kuwi, satemene omah warisan saka wong tuwa angkate sing tumuli dadi maratuwane. Maratuwane Sudimin, ya wong tuwane Wiwin Winarah, sing loro-lorone wis jinempana ing angin, biyen pancen dudu wong asli Indonesia. Ibune Wiwin sing asmane Albertina, kuwi asli saka Jerman tekane neng Indonesia bareng-bareng karo sisihane sing asli saka Turki sing asmane Bahadir. Tekane neng Indonesia kajaba kepengin nyinaoni adat lan tradisi sarta Kesenian Tradisional Jawa, uga disambi karo dodolan perhiasan sing nuduhne ciri khas negara Turki lan Negara Jerman. Jebul suwe-suwe sansaya krasan mapan neng Indonesia, mligine neng Kutha Ngayogyakarta. Wekasan kekarone banjur nyuwun marang Pemerintah pindhah kewarganegaraan, dadi wong Indonesia. Jaman semana, akeh wong sing ora ngerti yen “Landa” loro lanang wedok kuwi wasis guneman nganggo basa Jawa. Lan uga akeh sing ora ngira yen kekarone jebul ngrasuk agama Islam kaya agama sing akeh dirasuk dening wong Ngayogyakarta jaman kuwi. Nanging bareng wis klakon dadi WNI tangga teparone lagi padha ngerti lan akeh sing padha gumun, jalaran kalah pinter nggunakne trap-trapaning basa jawa lan kalah sregep anggone padha nindakne ngibadah neng masjid sacedhake kono.

 

Pasangan Bahadir karo Albertina kuwi dening Gusti Allah kaparingan momongan siji, sing diwenehi tenger nganggo jeneng jawa “Wiwin Winarah”. Anak blasteran Turki – Jerman kuwi gedhene dadi wanita sing nyata katon sulistiyeng warna, kulite putih nanging rambute ireng, pawakane sembada gedhe dhuwur nanging panggah merak ati. Wiwit cilik Wiwin diopeni nganggo carane wong Jawa ngopeni anak, manut karo kawruh sing tau disinau dening wong tuwane lan sithik akeh uga diwulang basa lan adat asli saka wong tuwane. Mula ora nggumunake yen Wiwin gedhene dadi wong sing pinter basa Jawa lan ngerteni Basa Jerman sarta basa-basa manca liyane. Wiwin disekolahne neng sekolahan kaya lumrahe bocah kono sekolah, wiwit SD tekan SMA ya neng Sekolahan Negeri. Bareng wis lulus SMA banjur nutugne menyang IKIP Negeri Yogyakarta, sing saiki dadi UNY kae, njupuk Jurusan Bahasa dan Satra Jawa .

 

 

Ana candhake.

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...