Total Tayangan Halaman

Rabu, 01 Februari 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (011)


 

11.

       “Kula nuwun Ki Bau……” kalihan uluk salam Ki Tambak Kapisan mlebet dhateng Pringgitan papanipun jejagongan Bebau Sela, Bebau Tengah saha Bebau Wetan.

       Bebau saking tigang padhukuhan menika sakalangkung kaget, awit babar pisan menawi Ki Lurah ingkang nembe kemawon dipun raosi dumadakan njedhul rawuh ing Pringgitan mriku. Nanging inggih lajeng sami sinamudana. Malah Ki Wungkul lajeng ngadeg, mapag rawuhipun Ki Lurah sarwi ambagekaken :

       “Mangga… mangga Ki Lurah” aturipun Ki Wungkul sarwi anjawat astanipun Ki Lurah lajeng kaaturan lenggah anjajari piyambakipun “ngaturaken kasugengan sarawuhipun jengandika Ki Lurah, bekti kula mugi katur”.

       “Iya, banget ing panarimaku Ki Bau dene ndika ngaturake bekti marang aku ora liwat ya tiba sapadha-padha” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah kalihan mesem, kalajengaken ngendika dhateng Bebau Wetan lan Bebau Tengah “Ki Bau  Wetan lan Ki Bau Tengah harak ya padha becik ta kabar ndika sakloron?”.

       “Inggih awit saking berkahipun Ki Lurah kula kekalih sami kaparingan wilujeng, bekti kula katur Ki” Bebau Tengah saha Bebau Wetan sesarengan ngaturaken bekti.

       “Iya, iya tak tampa lan tiba sapadha-padha” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah.

       “Nyuwun pangapunten Ki Lurah, babar pisan kula boten nyana dene jengandika kepareng rawuh ing griya kula. Menapa sakintenipun wonten dhawuh ingkang sakalangkung wigatos ? Mangga kaparenga Ki Lurah paring dhawuh” sasampunipun rampung anggenipun bage binage, Ki Wungkul tumunten matur nyadhong dhawuh dhateng Ki Lurah.

       “Aja ndadekne kageting ati ndika Ki Sela lan ndika Ki Tengah apa dene Ki Wetan” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah sarwi mesem semanak nedahaken bilih penggalihipun nembe pajar “tekaku mrene iki mau mung tiba ing kabeneran wae, sawuse aku nganglang desa ya Kalurahan Tambak, nuju tekan laladan Dhukuh Sela, dumadakan aku kepengin mampir ing omah ndika iki. Mesthine rasa ing ati ndika lan uga ing atine Ki Tengah apa dene Ki Wetan ora pati beda karo rasa ing atiku wektu iki, ya kuwi wis kangen kepengin bisa lungguh sapajagong kanthi mardikaning ati kaya sing uwis-uwis sadurunge aku kelangan Nyai Lurah kae”.

       “Ngaturaken genging panuwun Ki Lurah, menawi rawuh jengandika ing rompok kula mriki awit sampun kangen kalihan kula” aturipun Ki Bebau ing Dhusun Sela, tumunten badhe matur blaka “inggih estunipun wekdal menika kajawi wonten raos kangen dhateng jengandika Ki Lurah, ing manah kula ugi wonten raos wirang kaworan ajrih dhateng jengandika Ki Lurah”.

       “Uwis Ki Bau” Ki Lurah paring wangsulan kalihan esemipun katingal sansaya wiyar “ora prelu ndika kandhakne apa sing ndadekne ndika rumangsa wedi lan wirang marang aku, awit aku wis ngerti tuking perkara sing wis ndadekne ndika kasinungan rasa wirang lan wedi marang aku kuwi mau iya mapan ana aku dhewe, kabeh kuwi mau dudu lupute Ki Bebau ing Sela kene, Bebau Tengah apa dene Bebau Wetan. Uga dudu lupute Ki Butulan bebau ing Padhukuhan Kidul. Nanging sepisan maneh, kuwi kabeh merga saka luputku dhewe”.

       “Boten Ki Lurah……” Ki Bebau ing Sela rumaos boten sekeca manahipun mireng pangandikanipun Ki Lurah makaten menika mila lajeng nyela wuwus “kula ingkang lepat inggih labet cupeting seserepan kula, kadukanana kula boten badhe suwala malah saupami kedah kapidana, kula pun Wungkul botem badhe nggrantes”.

       “Ki Bau ing Sela aja salah tampa” Ki Lurah ngendika kalihan mesem malih “kandhaku mau mula bener, sak jege ditinggal Nyai Lurah kae aku pancen lali lan wiwit mau bengi aku lagi eling. Mula dina iki mau aku arep miwiti ndandani karusakan-karusakan sing tuwuh awit saka anggonku wis lali temah lirwa ing kuwajiban mula tekaku mrene mau ya arep njaluk pambiyantu saka ndika lan saka bebau liyane”.

       “Inggih Ki Lurah” Bebau ing Sela, Bebau ing Padhukuhan Tengah lan Bebau Wetan sami semaur sesarengan.

       “Ya pancen bener apa dhawuhe wong tuwa-tuwa biyen” Ki Lurah lajeng ngendika malih.

       “Dhawuh ingkang pundi Ki Lurah?” Bebau Padhukuhan Tengah nyuwun pirsa.

       “Dhawuh babagan yen urip neng dunya iki isine amung pacoban” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah “kabeh kang dumadi marang titah ya sing nyenengake ati ya sing nyedhihake ati, kuwi kabeh-kabeh sejatine padha, ya iku padha – padha pacoban saka Gusti. Lan sing dicoba bisa lulus lan bisa ora, ana sing bisane lulus sawise dikandhani liyan contone ora liya ya aku dhewe iki”.

       “Inggih Ki Lurah” Ki Bebau Sela nyauti rembag.

       “Aku tau meh wae ora lulus nalika nampa pacoban sing gawe senenging atiku, jalaran wektu kuwi aku ora nggraita yen kuwi jebul coba, meh wae kasenengan lan kabungahan kuwi malah gawe bubrahing desa sing dadi tanggung jawabku. Ya iku nalika aku kasengsem lan seneng merga aku weruh yen garwaku Nyai Lurah wis nggarbini, banjur aku lirwa ing wajib sarta mercayakne kuwajibanku marang Ki Butulan utawa Ki Bebau ing Padhukuhan Kidul. Sing wekasane ndadekne Desa Tambak iki dadi rada usreg, akeh kawula sing padha digawe kuciwa atine jalaran Ki Butulan ora bisa nindakne kanthi becik apa sing wis tak percayakne marang dheweke” Ki Lurah kendel sakedhap anggenipun ngendika jalaran gorokanipun kraos sangklit. Lajeng ngranggeh Kendhi isi toya ing sacaketipun, dipun langga isinipun kangge nelesi gorokan.

       “Tujune jaman semana Nyai Lurah atur pemut marang aku” Ki Lurah nglajengaken pangandikanipun malih “temah Desa Tambak tumuli bisa didandani”.

       “Inggih Ki Lurah” Ki Wungkul namung ngleresaken dhawuhipun Ki Tambak Kapisan.

       “Sabanjure, aku uga nampa pacoban sing ora nyenengake atiku babar pisan ya iku klawan kapundhute Nyai Lurah bali menyang Jaman Kelanggengan. Wektu kuwi, padha karo sing dhisik aku ya durung nggraita yen kuwi pacoban sing kudu tak tampa kanthi nalar sing wening ati sing pasrah. Malah saka ruweting nalarku lan petenging atiku, aku banjur duwe pandakwa marang Gusti Kang Murbeng Urip lamun Panjenengane wis kagungan kersa gawe susahing atiku. Ya merga kliruning pangira sing nuwuhake pandakwa ala marang Hyang kang Maha Kawasa kuwi sing ndadekne aku sepisan maneh lali marang kesaguhan lan lirwa marang kuwajiban minangka kawula kang dititipi dening Ratune sarta Gustine. Lali yen Desa Tambak iki titipan saka  Kanjeng Sinuhun ing Pajang, supaya tak reksa lan tak upakara sarta tak budidaya murih sansaya ngrembaka lan para kawula kang manggon ing desa kene ora nganti bubrah tata panguripane. Nanging Gusti Tuhu Maha Asih, mau bengi aku nampa tamu sing wujud titahing Gusti saka alam liya, tamu kuwi mau kepareng ngelingake aku yen satemene kapundhute Nyai Lurah kanthi dalan seda kunduran kuwi ora ana liya kajaba wujud sih saka Gusti kang tumanduk marang aku apa dene marang Nyai Lurah, kang kaping pindhone tamu mau uga wis ngelingake aku mungguh kang dadi tanggung jawabku minangka kawulaning ratu lan tanggung jawabku minangka titahing Gusti. Ya iku wujud titipan sing rupane Desa Tambak iki. Yen kongsi Desa Tambak rusak, kawulane dadi rekasa lan tataning panguripan dadi bubrah, mangka aku bakal nampa sapudhendhaning Hyang Agung jalaran wis nindakne dosa telung perkara kang maujud dadi siji. Kang kapisan dosa marang para kawula sing kudune wenang nampa pangayomaning lurah, kapindho dosa marang Kanjeng Sultan ing Pajang jalaran aku ora bangkit bisa angreksa, ngupakara lan ngrembakakne peparinge kang wujude Desa Tambak, dene jangkepe kang kaping telu Dosa marang Gusti Kang Maha Kawasa, awit aku kang wis kasampiran panguwasa nanging jebul aku nglirwakne kuwajiban temah aku mung katrem mikirake butuhku dhewe”.

       Sanadyan nalika samanten dhawuh pangandikanipun Ki Lurah menika minangka wujuding pangudarasa ingkang nyariyosaken kalepatanipun  piyambak, nanging pranyata kuwawa nggigah manahipun para Bebau ingkang dipun ajak ngendikan. Bebau saking tigang padhukuhan menika sami mulat salira, temah nyumerepi bilih anggenipun lumampah minangka Bebauning Padhukuhan taksih kathah ingkang eneripun namung nuruti karsa priyangga utawi namung lelandhesan pikajenganipun piyambak namung kanthi lelamisan pinulas mawi basa ingkang alus wantun umuk bilih tumindak ingkang dipun cakaken namung kangge murih karaharjaning padhusunan miwah sakecaning para warga lan kawula. Tuwuh salebeting manahipun para Bebau cacah tiga menika kekajengan badhe ngewahi tumindakipun sarta badhe anulad lekasing Ki Lurah Raden Riyasa.

       “Saiki aku njaluk tulung marang ndika kabeh supaya ndika padha gelem ngrojongi apa sing dadi lakuku kanggo ndandani desa Tambak saisine iki” wekasan Ki Lurah nunten paring dhawuh.

       “Kula tetiga saestu sendika ngestokaken dhawuh Ki Lurah” Bebau Sela, Bebau Padhukuhan Tengah lan Bebau Wetan sesarengan matur sendika.

       “Lan kanggo ngayati laku iki” Ki Lurah nunten nglajengaken anggenipun paring dhawuh “wiwit dina sesuk, saben dina ing wanci srengenge munggah salandheyan dhuwure ing langit sisih wetan, kabeh para Bebau tak jaluk padha mlumpuk ing pendhapa kalurahan, arep taka jak andum gawe lan nata gelar kanggo ngecakne laku sing tak sebutake mau”.

       “Nuwun inggih sendika Ki Lurah” Bebau tetiga wangsulan sareng.

       “Mligine marang ndika Ki Wungkul, gandheng nganti titi wanci iki ndika isih jejer dadi wakilku, mangka dhawuhku marang ndika tekakna panjalukku marang para Bebau ing Padhukuhan sisih kulon ya Ki Suganda, ing Padhukuhan sisih Lor ya Ki Widhig lan Ki Butulan Bebau ing Padhukuhan sisih kidul, supaya padha netepi marang panjalukku kang wis tak kandhakne marang ndika mau”.

       “Inggih sendika ngestokaken dhawuh Ki Lurah” wangsulanipun Ki Wungkul.

       Karaos sampun cekap anggenipun paring dhawuh, Ki Lurah tumunten mundhut pamit badhe kundur dhateng dalem Kalurahan malih. Inggih ing nalika samanten nembe Ki Wungkul kemutan menawi tamu-tamunipun kalebet Ki Lurah jebul boten dipun segahi menapa-menapa. Sanaosa inggih pirsa menawi Ki Wungkul supe boten caos pasegahan, nanging Ki Lurah rumaos langkung marem jalaran penggalihipun kraos sansaya padhang. Anggenipun tindak lajeng sansaya ginelak, daya-daya dumugia griya awit Ki Lurah ugi katuwuhan raos kangen kepengin enggal pirsa kawontenanipun ingkang putra pun Jaswana.

 

Ana candhake

Senin, 30 Januari 2023

SENJDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (010)


 

10.

       Kanthi alon-alonan Ki Lurah mlebet dhateng dalem, lajeng madosi papanipun tiyang ingkang nembe rerepen kala wau. Kadya sinamber gelap lepat tinubruk ing mong tuna, kejoting penggalihipun Ki Tambak Kapisan nalika pirsa ingkang nembe ngidungaken sekar kinanthi kinarya ngemban lare alit ingkang nembe beka kala wau. Miturut panyawangipun Ki Lurah, Ki Lurah pirsa menawi ingkang garwa nenggih Nyi Mirasih nembe anggendhong lan angemban putranipun kalih mlampah wira-wiri ngubengi papan patilemanipun Emban Sidhem. Tujunipun Ki Lurah taksih emut menawi ingkang garwa sampun sawatawis dangu anggenipun seda. Dados inggih boten lajeng daya-daya anyaketi. Malah kepara Ki Lurah lajeng mire anebih, nanging panggah pamirsanipun boten uwal saking wewujudanipun Nyi Mirasih ingkang nembe ngemban putranipun kala wau.

       “Mila hawanipun radi sumuk nggih Gus” kapireng dening Ki Lurah pawestri ingkang memper Nyi Mirasih menika gineman dhateng ingkang dipun emban, anggenipun rerepen kendel “nanging boten prayogi menawi Gus Swana lajeng beka. Jengandika menika trahing Kusuma rembesing madu, ingkang mbenjangipun badhe dados pandom lan panutaning para kawula dasih. Boten sae menawi remen beka. Sampun samangke prayogi enggal sare kemawon, keng abdi badhe anenggani anggen jengandika sare”.

       Sasampunipun wicanten makaten menika, pawestri ingkang kados Nyi Mirasih menika lajeng rerepen malih :

       Punapata jampinipun

       Godhong pasrah mring Hyang Widhi

       Berambang lebahing manah

       Temu teminah ing ati

       Adas uyah siring nala

Mung selawat puji dikir

 

Tegese dikir puniku

Manut marang Kanjeng Nabi

Muhammadinil Mustapa

Kalawan maknane dikir

Eling mring Pangeranira

Kang Agung Kang Maha Suci

 

Rerepen makaten kala wau dipun wongsal-wangsuli kaping kathah, satemah lare alit inggih putranipun Ki Lurah ingkang nami Jaka Swana utawi Jaswana menika lajeng tilem. Sasampunipun angler anggenipun tilem, dening ingkang ngemban lajeng dipun selehaken ing bandulan kangge tilemipun lare, dene ingkang ngemban lajeng nglajengaken anggenipun sesekaran asung panglipur dhateng ingkang dipun emong.

Ngantos dalu pawestri kala wau boten tilem, panggah linggih anenggani sarwi mbandul bayi Jaswana. Sanaoasa sampun boten kapireng anggenipun rerepen, suprandene pawestri ingkang miturut panyawangipun Ki Lurah memper ingkang garwa menika panggah boten tilem. Ing wasana Ki Lurah lajeng ngalih, mlebet dhateng patunggonipun piyambak, kalih mapan sare Ki Lurah tansah pitaken ing salebeting penggalih, sinten pawestri ingkang ngemban Jaswana inggih putranipun menika?.

Nembe ing siangipun Ki Lurah nimbali para rewang ingkang menawi dalu nyipeng ing dalem kalurahan mriku, dipun pundhuti pirsa babagan kedadosan kala dalu menika.

“Wangune mau bengi anakku si Jaswana rada rewel lan beka ya?” pandangunipun Ki Lurah dhateng para pawestri ingkang dados rewang ing dalem kalurahan mriku.

“Nyuwun pangapunten Ki Lurah” salah satunggal saking para rewang menika atur wangsulan “ketingalipun makaten, wiwit sonten Jaswana rewel. Nanging kula lan rencang-rencang boten mangertos, Jaswana dipun menapakaken dening Emban Sidhem ? jalaran wiwit rumiyin keng putra Jaswana menika purunipun inggih namung kalihan Emban Sidhem kemawon”.

“Dadi mau bengi sing ngemban lan nuru-nuru Jaswana ya Emban Sidhem?” Ki Lurah mundhut pirsa malih.

“Leres Ki Lurah” wangsulanipun rewang kala wau “malah boten namung kala dalu kemawon, saben siang lan dalu ingkang momong Jaswana inggih namung Emban Sidhem ingkang remenanipun rerepen kalihan ura-ura. Mila inggih kula lan kanca-kanca ingkang ngalahi, mire radi tebih, murih boten keganggu kalih suwantenipun Emban ingkang kados suwantenipun dandang tembaga borot ingkang sineret ing krikilan menika. Ugi kula sakanca nyuwun pangapunten Ki Lurah…….”.

“Ya gene padha nyuwun pangapura?” Ki Lurah ndangu dhateng rewang kala wau malih “kowe kabeh padha tumindak apa?”.

“Boten nglampahi tumindak menapa-menapa Ki Lurah, namung kula sakanca boten wonten ingkang wantun menging Emban Sidhem ingkang remen mlebet patunggonipun suwargi Nyai Lurah, malah ugi asring mendhet nyamping agemanipun Sawargi menapa” atur wangsulanipun rewang kala wau setengah wadul.

“Emban Sidhem wani mlebu patunggone Nyai Lurah?” Ki Lurah nyethakaken anggenipun wadul rewang kala wau “malah wani njupuk agemaning nyamping barang? Banjur dienggo dhewe ngono apa piye?”.

“Inggih Ki Lurah, kula sakanca nyuwun pangapunten, boten wantun menging, awit kula ngertos menawi Emban Sidhem menika embanipun sawargi Nyi Lurah ingkang wiwit rumiyin asring mlebet patunggonipun Nyi Lurah. Mila anggenipun mendhet nyamping menika boten dipun engge piyambak, nanging kangge ngemuli Jaswana. Ngaten menika rak kirang sae ta Ki Lurah? Mosok kemul enggal kemawon kathah, kok agemanipun tiyang ingkang sampun seda dipun engge ngemuli lare alit?” kalodhangan saged wicanten dhateng Ki Lurah menika dipun ginakaken saksae-saenipun dening para rewang kangge madulaken trekahipun Emban Sidhem.

“Saiki Emban Sidhem ana ngendi?” Ki Lurah lajeng mundhut pirsa malih.

“Dhateng pengkeran Ki Lurah” wangsulanipun rewang kasebat “nembe dolanan kalihan Jaswana, lare ingkang dereng saged gineman menapa-menapa kajawi namung gumujeng kalihan nangis menika dening Emban Sidhem asring dipun cariyosi neka-neka”.

“Ya coba mengko nek wis ana wektu longgar Emban Sidhem tak timbalane, tak jake guneman kanthi mirunggan” wangsulanipun Ki Lurah kepireng sareh, nelakaken raos sabaring penggalihipun.

Para rewang lajeng kadhawuhan bibaran, murih nindakaken kuwajibanipun piyambak-piyambak. Kantun Ki Lurah ingkang lajeng lenggah piyambakan. Ki Lurah ketingal kendel, nanging estunipun nembe menggalihaken bab Emban Sidhem ingkang miturut para rewang gadhah pakulinan ingkang aneh-aneh ingkang dipun tamakaken dhateng ingkang putra menika.

“Nek ngono, sing ngemban Jaswana mau bengi cetha nek Sidhem” makaten panglocitaning penggalihipun Ki Lurah “nanging ya gene kok memper banget karo Nyai Lurah? Lan ya kena diarani aneh, wangune mau bengi Sidhem ya ora turu lan ora leren, merga nunggoni lan mbandul Jaswana. Nek aku ngarani, rerepene Sidhem mau bengi kae suwarane kepenak, ora kaya dandang borot sing diseret kaya wadulane rewang-rewang mau. Ora mung kepenak dirungokne, nanging rerepen mau bengi kuwi nyata ngelingake yen titah kuwi kudu tansah eling lan duwe rasa pasrah marang purbaning Gusti. Ah……”.

Sasampunipun radi dangu anggenipun menggalih bab Emban Sidhem, Ki Lurah nunten mutusaken bilih badhe ngulat-ulati kanthi sesidheman, murih ingkang dipun ulat-ulati boten sumerep. Menapa ingkang dipun tindakaken Emban Sidhem mliginipun ingkang wonten sambung rapetipun kalihan Jaswana, putranipun. Salajengipun Ki Lurah ugi emut menawi sampun radi sawatawis dangu boten pirsa kawontenaning Dhusun Tambak ingkang dados tanggel jawabipun. Pitutur lan rembagipun Ki Gilar ingkang dugi kala wingi sonten menika, cumengkling malih angemutaken Ki Lurah murih boten kedangon anggenipun nglirwakaken Dhusun Tambak ingkang estunipun namung titipan saking Kanjeng Sinuwun ing Pajang ingkang wajib dipun reksa, dipun upakara lan dipun budidaya murih langkung sae lan ngrembaka. Lan menawi ngantos kedangon anggenipun lirwa, mangka tartamtu badhe kadosan dhateng Kanjeng Sinuwun Sultan Pajang minggahipun dhateng Gusti Ingkang Maha Kawasa.

Kados jaman dereng katilar seda ingkang garwa rumiyin, Ki Lurah tumunten miyos saking dalem Kalurahan badhe nganglang niti priksa kawontenaning Dhusun Tambak sarta tata pagesanganipun para kawula. Pundi ingkang sakinten mbetahaken kawigatosan ingkang mirunggan. Tindakipun Ki Lurah namung ndharat kemawon, boten nitih kapalipun nenggih Kyai Bandhangangin, ing pamrih saged langkung cetha anggenipun mirsani ingkang katitipriksa. Lan estu, samargi-margi Ki Lurah tansah anggetuni anggenipun nuruti manah sungkawa sadangunipun menika, awit nyata leres awit anggenipun nuruti manah sungkawa lan nglirwakaken kuwajibanipun, ndadosaken kawontenaning padhusunan sanget mrihatosaken.

Ki Lurah nunten ngersakaken mampir ing griyanipun salah satunggaling Bebau ingkang sadangunipun menika kapitados nindakaken pakaryan ingkang estunipun kuwajibanipun Ki Lurah. Inggih menika Ki Wungkul. Bebau ing Dhusun Sela. Suwaunipun ingkang kapasrahan Ki Lurah dede Ki Wungkul, nanging Ki Butulan, Bebau ing Padhusunan Kidul.  Nanging gandheng Ki Butulan sampun kamangertosan dening Ki Lurah bilih piyambakipun kirang mumpuni nanging langkung tumindak kumawasa lajeng Ki Lurah gentos mitados dhateng Ki Wungkul.

Sareng dumugi griyanipun Ki Wungkul, Ki Lurah rumaos ngungun awit griya menika ketingal sepen sanget. Nanging elokipun kori ing regol ngajeng kabikak wiyar, mracihnani menawi ingkang kagungan griya boten nembe kesah. Ki Lurah boten tumunten alok kula nuwun utawi uluk salam, nanging malah milang-miling mirsani kanan keringing griya, panggah sepi boten wonten menapa-menapa. Dumadakan lamat-lamat Ki Lurah mireng wonten tiyang langkung saking setunggal sami rerembagan ingkang boten cetha ingkang dipun rembag. Asalipun suwanten saking salebeting griya, kinten-kinten kemawon saking papan pringgitan ingkang mapan ing sawingkingipun pendhapa. Ki Lurah lajeng minggah ing pendhapa, lenggah ing satunggaling dhingklik ingkang mepet kalihan gebyog wates antawisipun pendhapa kalihan pringgitan. Ing mriku Ki Lurah saged midhangetaken anggenipun tiyang-tiyang ingkang rembagan ing pringgitan.

“nDika niku kudune ngertos Ki Sela, Ki Lurah menika nembe sungkawa malah sakalangkung ing sungkawanipun. Dados ndika sampun mewahi jibeging penggalihipun Ki Lurah. Menawi awakipun piyambak ngadhep lajeng ngaturaken menawi ndika nyelehaken jejibahan minangka wakilipun Ki Lurah, Ki Lurah saged-saged malah duka, awakipun piyambak malah dipun dukani kados dene lare alit ngoten nika” ingkang kapireng dening Ki Lurah suwantenipun Ki Jaladri Bebau Padhukuhan Tengah, ketawisipun Ki Bebau Tengah nembe wicanten dhateng Ki Wungkul.

“Inggih Ki Tengah, kula ngertos bab menika” lajeng kapireng suwantenipun Ki Bebau Sela suka wangsulan “nanging, ndika nggih kedah mesakne dhateng kula Ki Tengah lan Ki Wetan. Saben dinten boten wonten kendele menawi Ki Butulan utawi Ke Bebau Kidul menika tansah pados margi ngajak pasulayan kalihan kula, sedaya kawicaksanan kula tansah dipun ganggu lan dipun lepataken, temah sedaya dhawuh kawicaksanan saking Ki Lurah boten saged dumugi ngandhap, awit Ki Butulan mila julig gadhah tiyang ingkang saged kaginakaken mancasi kawicaksanan kula. Kula rumaos wirang dhateng Ki Lurah dene kawontenaning Dhusun samangke ketingal sansaya mundur kados makaten menika”.

Ki Lurah lajeng nyandhak menapa ingkang nembe dipun rembag para bebau ingkang nembe jagongan ing pringgitan griyanipun Ki Wungkul menika. Ptramila Ki Lurah nunten jumeneng badhe mlebet dhateng Pringgitan nusul ingkang nembe jejagongan.

 

Ana candhake

Minggu, 29 Januari 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (009)


 

09.

Kados menapa sekeling penggalihipun Ki Tambak Kapisan boten saged kagambaraken mawi ukara. Garwa ingkang sakalangkung dipun tresnani seda kunduran. Ngantos pinten-pinten wulan Ki Lurah awis kersa paring pangandika, awis dhahar, ugi arang sare. Wewayanginipun Nyi Mirasih tansah kumanthil kanthil ing padoning netra. Kathah para sepuh mancakikining Dhusun Tambak sami atur pitutur, kathah para kawula ingkang caos lelipur suprandene boten nyuda sungkawaning penggalihipun Ki Tambak Kapisan. Nate kumlembar angen-angen ing manahipun  Ki Lurah badhe  nganyut tuwuh kemawon,  badhe sumusul seda ingkang garwa, nanging dumadakan Ki Gilar ingkang nate manggihi Ki Lurah ing margi nalika badhe kundur rumiyin dumadakan ndugeni dalem Kalurahan, andilalah nalika samanten Ki Lurah nuju lenggah piyambakan wonten ing Pendhapa, unjukanipun ugi sampun cumawis nanging babar pisan boten dipun senggol.

“Aja dadi atimu Raden Riyasa, kapeksa aku sowan mrene” tanpa mawi uluk salam langkung rumiyin Ki Gilar sampun ngadeg ing ngarsanipun Ki Lurah, lajeng wicanten.

“Ki Gilar?” kalihan semu kejot ing penggalih Ki Lurah nyebut naminipun tiyang ingkang nembe dugi menika.

“Bener Ki Lurah” wangsulanipun Ki Gilar kalih mesem lan tanpa dipun acarani nunten lenggah ing ngarsanipun Ki Lurah “aku kapeksa mrene maneh, merga aku weruh yen ana wong sing ora ngerti yen dheweke iku ngerti, sing ora liya kajaba Ki Lurah Raden Riyasa sing tuhu wicaksana”.

“Menapa ingkang dipun kersakaken Ki Gilar?” Ki Lurah mundhut pirsa gegayutan kalihan tembung ingkang dipun ucapaken Ki Gilar nembe kemawon menika.

“Nalika aku wis duwe niyat mertobat marang Allah” Ki Gilar wicanten “dening Guruku aku didhawuhi klambrangan utawa basa aluse ngumbara Lan sajroning ngumbara kuwi mau, Guruku dhawuh yen aku bakal kepethuk wong papat ya iku kang kapisan Wong sing ora ngerti yen dheweke kuwi ora ngerti, dhawuhe guruku yen aku ketemu wong kang kaya mangkono iku, aku wajib mbudidaya murih wong ora ngerti kuwi bisoa dadi ngerti. Lan wong kang mangkono mau, jebul akeh cacahe prasasat separoning jagat diiseni dening wong ngono kuwi lan aku uga wis ngecakne dhawuhe Guru. Nanging ora sethithik wong sing ora ngerti yen dheweke kuwi ora ngerti kuwi banjur gelem ngerti. Mula pambudidaya sing didhawuhne guru marang aku iku sok ya ana asile nanging ya so kora ana asile malah kepara arep nuwuhake pasulayan. Mula yen nemoni kang mangkono mau aku banjur mire, wong sing ora gelem ngerti kuwi kapeksa tak dohi”.

Mireng wicantenipun Ki Gilar ingkang makaten menika, angen-angenipun Ki Lurah tumut katut dhateng menapa ingkang dipun ucapaken dening Ki Gilar, temah sakeplasan saged supe dhateng  sungkawanipun.

“Mila leres pangandika ndika menika Ki Gilar” Ki Lurah malah lajeng ngendika nanggapi wicantenipun Ki Gilar “mulang tiyang bodho menika langkung angel katimbang mulang tiyang pinter. Langkung-langkung mucal tiyang ingkang sampun rumaos pinter kamangka kanyatanipun taksih bodho, menika langkung angel malih”.

“Mula saka kuwi aku banjur milih ngedohi wong sing wis rumangsa pinter lan ora gelem pinter kuwi mau” Ki Gilar nglajengaken anggenipun wicanten “dene wong kang angka loro sing bakal tak pethuki sajroning pangumbaran yaiku, wong sing ngerti yen dheweke iku ora ngerti. Iki uga wis akeh sing tak temoni, dhawuhe Guru wong kang mangkono iku kena diibaratake wong sing lagi turu mula aku kadhawuhan mbudidaya supaya nggugah wong sing ngerti yen dheweke iku ora ngerti kuwi. Awit yen kongsi wong sing ngerti yen dheweke ora ngerti kuwi ora tumuli digugah lan kebacut angler anggone turu, mangka negarane bakal dienggoni lan dikuwasani dening wong sing ora ngerti yen dheweke ora ngerti kuwi mau”.

“Inggih Ki Gilar” Ki Lurah nyaut wicantenipun Ki Gilar “mila taksih kathah titiyang ingkang makaten menika kalebet ingkang mapan ing Dhusun Tambak ingkang sampun dados tanggel jawab kula menika”.

“Dadi ndika isih rumangsa duwe tanggung jawab marang Desa Tambak iki?” kepireng aneh nanging ngemu perbawa Ki Gilar nyuwun pirsa dhateng Ki Lurah.

“Tamtu kemawon taksih Ki Gilar” wangsulanipun Ki Lurah mawi suwanten radi minggah manginggil “jer menika lakar kuwajiban kula minangka tiyang ingkang katitipan panguwaos dening Kanjeng Sinuhun ing Nagari Pajang, kangge mangereh Dhusun tambak menika”.

“Sokur yen ndika Ki Lurah isih kelingan yen ndika kuwi mung dititipi dening kanjeng Sultan Adiwijaya ing Pajang, dadi bakal ora angel nggonku arep mbudidaya caos pemut marang ndika sing lagi supe”

“Aneh” Ki Lurah nyaut rembagipun Ki Gilar kalihan nedahaken raos ngungunipun “menapa ingkang kula supekaken Ki Gilar? Mangga kaparenga Ki Gilar ngemutaken”.

“Akeh, Ki Lurah” wangsulanipun Ki Gilar kalihan mesem “ apa kudu tak udhale siji-siji?”

“Mangga Ki Gilar”

“Sing cedhak dhewe wae” Ki Gilar miwiti nyebat ingkang dipun supekaken dening Ki Lurah “ndika ngrumangsani yen ndika iki dititipi dening Sinuhun ing Pajang murih becike Desa tambak kene iki, nanging ndika lali yen dititipi kuwi kajaba mbesuk sawayah-wayah bisa dipundhut dening sing kagungan, uga kasampiran tanggung jawab murih barang sing dititipne ora bubrah, ora amoh. Nanging kanyatane ndika wis lali, ndika kerep wae genti nitipake kuwajiban ndika marang wong liya sing durung karuwan kuwat dipercaya.  Lali ndika kuwi  awit kagawa saka lali marang tembung ndika dhewe, kaya sing ndika tuturake marang Ki Kitiran jaman Ki Kitiran lali banjur gawe kisruh ing Tambak iring lor kae, kamangka lakon ndika iki ora beda karo lakon sing disandhang dening Ki Kitiran. Mung kaceke ndika ora ngamuk, ora gawe kisruhing liyan, nanging ndika luwih arep kesasar maneh nalika ndika nduwe pangira lamun ndika bakal bisa nusul sisihan ndika menyang lokabaka kanthi cara arep lampus dhiri, nalar kang mangkene iki uga jalaran saka ndika lagi lali maneh, lali yen pati lan urip ndika kuwi dudu duwek ndika dhewe, nanging kagungaNe. Malah sing keri dhewe iki, ndika uga lagi lali marang panyuwun ndika marang Kang Maha Agung………”.

“Panyuwun ingkang pundi Ki Gilar?” tanpa dipun sengaja Ki Lurah nyela wuwusipun Ki Gilar.

“nDika nyuwun marang Hyang Agung murih kaparingan turun sing mbesuke bisa nyambung sejarah ndika, nanging sawuse panyuwun ndika diwujudi malah ndika lirwakne, babar pisan ora ndika gatekake. Tujune Gusti ora kurang dalan nggone ngayomi kawulaNe, ana Emban kang tuhu setya marang bendarane, sanajan bendarane wis kapundhut bali dening Gusti, nanging kuwajiban sing ditinggal dening bendarane mau ditandangi kanthi legawaning ati tanpa pamrih apa-apa kajaba muhung murih Jabang Bayi kuwi bisa slamet widada nganti tumekeng diwasa. Lan isih akeh maneh lali sing cumondhok ana pribadi ndika Ki Lurah, yen ta tak udhal kabeh, sawengi ora bakal ana pedhote, nanging aku ngerti yen ndika kuwi titah kang lantip ing panggraita sarta lebda angolah rasa, kanthi mung tak tuduhne sethithik sing ndika lalekne iki, mesthi bakal nuwuhake ndika bisa bali eling marang kabeh sing ndika lalekne”  kathah-kathah anggenipun muwus Ki Gilar ingkang nedahaken menapa ingkang sampun kalirwakaken dening Ki Lurah inggih awit saking anggenipun supe.

Njegreg kadya tugu waja sinukarta, anjetung kados gunung, Ki Tambak Kapisan awit ngrumaosi menawi ingkang kaucapaken dening prayangan sepuh ingkang nami Ki Gilar menika sadaya mila leres. Sartanipun Ki Lurah ugi lajeng ngrumaosi bilih panjenenganipun sampun anyingkur dhateng Ingkang Maha Wicaksana, temah namung nuruti suwantening hawa napsu ingkang makantar-kantar anggenipun ngajak dhateng lekas ingkang boten prayogi.

“Uwis Raden Riyasa” dereng ngantos Ki Lurah ngendika menapa-menapa Ki Gilar sampun wicanten malih “tak kira wis cukup nggonku nggugah saka nggonmu turu lan wis cukup nggonku ngelingne saka anggon ndika lali, samengko aku njaluk pamit arep nutugne laku klambrangan ngulat-ulati mbok menawa bakal kepethuk wong sing ngerti lamun dheweke iku ngerti, ya kuwi wong sing sejatining guru sing bakal tak suwitani kanggo nggayuh pangaksamaNe Dzat Kang Maha Suci”.

Rampung wicanten makaten menika, Ki Gilar sampun musna, ical saking pandulu, wangsul manjing alam antara ingkang boten kasat mata. Ki Lurah ingkang katilar ijen ing pendhapa dalemipun, rumaos pajar penggalihipun kados dene tiyang lumampah wanci panglong kedadak kepapag obor sewu. Kraos asrep penggalihipun Ki Tambak Kapisan pindha tetuwuhan ingkang ranggas ron-ronipun awit dangu kapanggang panasing mangsa katiga, kedadak kedhawahan jawah deres ing wanci mangsa labuh.

Cangkir tembaga isi unjukan ingkang kala wau kaladosaken dening abdinipun nalika Ki Lurah wiwit lenggah kala wau nunten kacandhak, kacecep kangge nelesi gorokanipun ingkang sampun kraos menawi sampung radi garing. Ki Lurah tumunten jumeneng, badhe nuweni ingkang putra ingkang katengeran mawi asma Jaka Suwana utawi Jaswana, ingkang sadangunipun menika boten nate kapirsanan babar pisan awit saking sungkawaning wardaya.

Nalika Ki Lurah mlebet dalem tengah badhe madosi putranipun, tilaraning sawargi ingkang garwa, lamat-lamat kapireng suwantenipun pawestri ingkang nembe rerepen ngemban lare alit ingkang sajakipun nembe beka :

“pitik tulak pitik tukung

Panulake jabang bayi

Si tulak bali mrakatak

Si tukung makungkung margi

 

Sarap sawan padha lunga

Cacing kremi padha mati”.

Suwanten rerepen menika kapireng nganyut-anyut, ketawis menawi ingkang nebangaken boten namung waton nyekar, nanging linandhesan panyuwun puji dikir sarta donga konjuk dhateng Gusti Kang Maha Suci. Penggalihipun Ki Lurah sansaya angles, kepengin enggal wangsul ngambah margi ingkang leres, anyaket dhateng Gusti ingkang sampun sawatawis wekdal siningkur awit nuruti sungkawaning manah ingkang yektosipun tanpa pedah.

 

Ana candhake

Sabtu, 28 Januari 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (008)


 

08.

Sanaosa upacara slametan sampun katindakaken dening para warga jumbuh kalih pamundhutipun Ki Lurah, nanging Ki Lurah boten kesesa kundur dhateng dalem Kalurahan. Panjenenganipun taksih ngersakaken pirsa menapa Ki Kitiran tuhu nuhoni menapa ingkang dipun criyosaken, inggih menika lajeng ngajak wangsul kethek-kethek ingkang dipun engen menapa boten.  Saestu, nalika para warga sampun rampung anggenipun nindakaken slametan, sekul ambengan jangkep salawuhipun ingkang kawadhahan encek ingkang kadamel saking papah pisang dipun tilar ing ara-ara sakilening padhukuhan, Ki Lurah, Ki Bebau miwah para sapukawating dhusun sami mire radi tebih, saperlu ngulati ara-ara ingkang kebak sekul ambengan menika. Boten watawis dangu ketingal para kethek ingkang boten kasumerepan saking pundi duginipun, sampun wonten ing ara-ara mriku lajeng sami nedha sekul ambengan kala wau ngantos telas tapis boten nisa babar pisan. Sasampunipun para kethek menika rampung anggenipun nedha, ketingal wonten satunggaling priya ingkang abusana brahmana, ngagem jubah  tuwin serban warni cemeng, astanipun nyepengi tasbeh ingkang dipun pipil mubeng, ingkang kados ing cariyos wayang ngaten menika, mandhap saking awang-awang lajeng asung sasmita dhateng para wanara murih sami ngetut lampahipun. Para munyuk ketingal sami tanggap ing sasmita lajeng sami jumangkah ngetutaken priya abusana brahmana kala wau tumuju wana ing sisih kilen. Nanging eloking kawontenan, saderengipun priya ingkang ngagem busana Brahmana lan para wanara menika dumugi wana, dumadakan sampun ical saking pandulu.

“Ki Bau lan para sedulurku kabeh” sasampunipun ingkang dipun pirsani boten katingal malih Ki Lurah lajeng ngendika dhateng Ki Widhig lan para sapukawating padhusunan tuwin sebagean para warga “Ki Kitiran nyata wis netepi kasaguhane, ninggalake desa kene temenan, mula saiki enggal padha balia menyang omah ndika dhewe-dhewe. Aku ya arep tumuli mangkat mulih. Mung welingku marang ndika kabeh, sanadyan kethek-kethek kae wis padha lunga, ndika kabeh aja nyuda kaprayitnaning batin, jalaran tekane bebaya kuwi ora mesthi aweh wewara luwih dhisik”.

“Inggih Ki Lurah, boten langkung kula sakanca namung saged ngestokaken dhawuh” atur wangsulanipun Ki Widhig makili para sapukawat lan warga dhusun.

Ki Lurah Tambak Kapisan lajeng nitih kapalipun ingkang kaparingan nami Kyai Bandhang Angin. Ginelak wani plajengipun Kyai Bandhang Angin, daya-daya dumugia ing dalem Kalurahan. Wonten raos kapang ing penggalihipun Ki Lurah ingkang angel dipun suyudi, inggih raos kapang dhateng ingkang Garwa nenggih Nyi Mirasih ingkang anggenipun nggarbini sampun sepuh lan nyaketi wancinipun babaran.

Tindakipun kundur Ki Tambak Kapisan ing margi kepalang wekdal seraping surya. Ki Lurah emut bilih ing wanci makaten kala wau wonten kuwajibaning gesang dhateng Gustinipun ingkang boten kenging dipun tilar. Mila Ki Lurah lajeng kendel ing sacaketing kalen alit ingkang toyanipun mili kapireng kumricik. Ki Lurah nunten sesuci lan nindakaken panembah dhateng Gustinipun.

Nalika Ki Lurah sampun rampung anggenipun nindakaken sembahyang maghrib, salebeting manah badhe tumunten nutugaken lampah. Nanging dumadakan tanpa dipun sumerepi asalipun, ngertos-ngertos ing wingkingipun Ki Lurah sampun wonten setunggaling tiyang jaler ingkang lenggah sajak ngentosi anggenipun sembahyang Ki Lurah rampung.

“Nyuwun pangapura Ki Lurah, yen tekaku ana kene wis gawe kejoting penggalih ndika” tiyang sepuh kala wau ngrumiyini wicanten saderengipun Ki Lurah ical raos ngungunipun dene tanpa kamangertosan jebul sampun wonten tiyang ing sacaketipun.

“Inggih boten dados menapa Kyai” Ki Lurah paring wangsulan mawi basa krama, salebeting penggalih paring aos dhateng tiyang ingkang langkung sepuh “nuwun sewu, Kyai menika sinten? Lan wonten kersa menapa dene mrepegi kula?”.

“Oh, satemene aku iki klebu wong sing ora baku, dadi saupama ora ana sing weruh jenengku ya ora ndadekne kapitunan apa-apa” wangsulanipun tiyang sepuh kala wau kalih gumujeng nyekikik “nanging nek ndika kepengin weruh sapa jenengku ya tak blakani wae, jenengku Gilar, aku iki titah sing kakehan dosa sing lagi nyadhong sih kawlasane Gusti muga bisa oleh pangapura, aku ora duwe papan sing jothok, mung klambrangan ing alam antara. Dene sedyaku nyaketi Raden Riyasa iki mung sepele wae, ya iku aku kepengin weruh klawan caket marang ndika. Jalarane kepenginku mangkono mau, awit aku mau bengi krungu ndika asung pitutur sing tuhu luhur marang Ki Kitiran”.

“Pitutur ingkang pundi Kyai?” Ki Lurah rumaos nggragap salebeting penggalih, awit boten nyana menawi ingkang nembe ngajak wicanten menika jebul dede manungsa limrah, mbok bilih kemawon bangsanipun prayangan.

       “Pitutur ndika marang Ki Kitiran sing wis kesasar ngambah dalan kang luput” Tiyang sepuh ingkang ngaken nami Gilar wau atur wangsulan “merga ora narimakne panduming Gusti kang mundhut Nyi Kitiran bali menyang alam langgeng. Mungguhku kuwi pitutur sing tuhu luhur, jalaran keh-kehane manungsa kuwi padha rumangsa yen gadhah kamangka tenane mung sadrema nggadhuh kagungane Gusti kang tinitipake marang dheweke. Wong sing bisa nampa kanthi legawa marang pitutur ndika kuwi mung wong sing pinilih, tegese akeh-akehe manungsa bakal muring yen krungu pitutur saka ndika kang mangkono iku, mligine manungsa sing lagi rumangsa kelangan sing rumangsane barang darbeke. Klebu Ki Kitiran sing maune arep nesu lan meh wae ngajak kerengan ndika, nanging wekasane kasoran prabawa nalika ndika ndudut Kyai Pantek saka warangakane”.

       “Mila makaten Kyai” Ki Lurah paring tanggapan dhateng Ki Gilar “kathah titah ingkang wujud manungsa menika ingkang supe, mila pancen supe menika sampun dados sandhanganing manungsa, nanging sabegja-begjanipun tiyang ingkang nembe supe menawi nunten kaparingan emut bilih piyambakipun menika namung titah ingkang katitipan dening Gusti wujud panguwaos, kalangkungan, kapinteran, kasugihan lan sanes-sanesipun, ingkang kedahipun tansah emut bilih sawanci-wanci titipan saking Gusti menika badhe dipun pundhut lan manungsa boten kawenangaken ndaga karsaning Allah”.

       “Bener apa sing ndika kandhakne Ki Lurah” wicantenipun Ki Gilar salajengipun “gandheng aku wis bisa caket karo ndika, atiku wis krasa lega lan marem, saiki menawa ndika ngersakne nerusake kundur, aku mung bisa ndherekne kanthi pandonga rahayu. Lan aku uga arep nutugne nggonku klambrangan ing alam antara, mung pamujiku marang ndika Raden Riyasa muga-muga ndika ora mung dadi wong sing wasis aweh pututur nanging  uga dadia wong sing wasis nampa pitutur lan sembada nindakne apa sing dikandhakne”.

       Dereng ngantos Ki Lurah Tambak Kapisan paring wangsulan, tiyang sepuh ingkang nami Gilar menika dumadakan sampun musna, ical saking pandulu. Ki Lurah inggih namung mesem kemawon. Tumuli jumeneng lan tindak nyaketi Kyai Bandhangangin inggih titihanipun, badhe kaajak nglajengaken lampah.

       Sasampunipun radi sawatawis dangunipun Ki Tambak kapisan nggelak kanthi rikat plajengipun Kyai Bandhangangin, wasana dumugi ing dalem kalurahan. Nanging nalika Ki Lurah badhe mlebet griya, salebeting manah dumadakan ngraosaken bilih wonten ingkang beneh kalihan padatan. Ing pendhapa ketingal kathah tiyang jaler ingkang sami tumungkul sarwi maos pamuji lan pandonga, temah sami boten sumerep menawi Ki Lurah rawuh. Ki Lurah inggih lajeng bablas mlebet dhateng dalem tengah lan badhe madosi ingkang garwa. Nanging dumadakan Ki Lurah rumaos kejot ing penggalih, nalika dumadakan saking dalem wingking ketingal Emban Sidhem ingkang lumampah sajak kesesa lajeng mrepegi panjenenganipun, kanthi praupan sajak bingung.

       “Ana apa Sidhem? Kok katone ana sing beneh klawan padatan?” Ki Lurah daya-daya ndangu Emban kinasihipun Nyai Lurah.

       “Atur uninga Ki Lurah” Emban Sidhem atur wangsulan “ketingalipun Nyai Lurah badhe mbabar, wiwit seraping surya kala wau Nyai Lurah anyakiti tandha-tandha menawi ingkang putra sampun wancinipun badhe miyos”.

       “Nanging ya gene kowe malah ketok nek bingung?” Ki Lurah mundhut pirsa malih.

       “Anggenipun babaran mBok Mas Lurah radi randhat Ki Lurah” atur wangsulanipun Emban Sidhem “niki wau kula medal badhe nekad kengkenan tiyang ingkang nembe cundhuk kemit murih nusul lan atur uninga dhateng jengandika Ki Lurah, sanaosa dening mBok Mas Lurah kula dipun penging. Kala wau kula taksih ndherek kersanipun mBok Mas, lajeng kula ngabari tiyang ingkang nembe rondha murih ngaturi para santri supados mbantu donga puji. Andilalah Ki Lurah ugi sampun rawuh dados inggih kaleresan sanget. Samangke mangga Ki Lurah manjing ing sanggar pamujan nenuwun dhateng Gusti murih miyosipun ingkang putra kaparingan gangsar, kula badhe wangsul ngancani para Dhukun Bayi ingkang badhe nampeni rawuhipun ingkang putra langkung rumiyin”.

       Boten ngentosi wangsulan, Emban Sidhem tumunten wangsul mlebet ing papanipun Nyai Lurah ingkang badhe nglahiraken. Ki Lurah ugi lajeng nindakaken sesuci tumunten nindakaken puji donga nyuwun dhumateng Allah mugi-mugi anggenipun babaran Nyai Lurah kaparingan gangsar. Boten watawis dangu, kapireng suwantenipun bayi nangis. Ki Lurah lajeng ngrampungi anggenipun muji donga, penggalihipun rumaos lega awit jabang bayi sampun miyos. Boten dangu tumunten wonten pawestri ingkang medal saking patunggonipun Nyai Lurah, ngaturi Ki Lurah murih mirsani ingkang putra ingkang nembe miyos kala wau.

       “Piye Nyai kahananmu Nyai?” Ki Lurah mundhut pirsa dhateng garwanipun ingkang taksih sarean kanthi wadana ingkang ketingal sakalangkung pucet, malah socanipun ugi dipun remaken.

       “Pangestunipun Ki Lurah, ingakang putra sampun miyos lan mijil Kakung Ki” atur wangsulanipun Nyai lurah kepireng alon “nanging kados pundi menika Ki Lurah? Dugi mripat kula boten purun kula ajak melek, kula ngantuk sanget Ki, kula kepengin sanget tilem”.

       “Iya Nyai” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah “nanging aja mbok turuti, Nyai aja turu, kuwi ora becik”.

       Boten ngemungaken Ki Lurah ingkang paring pitutur murih Nyai Lurah boten sare, sanadyan para Dhukun Bayi ingkang sami wonten mriku ugi sami matur dhateng Nyai Lurah murih saged ngampet raos ngantukipun lan boten sare.

       Nyai Lurah boten wangsulan menapa-menapa, nanging socanipun ugi boten dipun bikak. Nyai Lurah sampun kelajeng sare. Ki Lurah lan para Dhukun Bayi ingkang wonten ing mriku sami bingung, Nyai Lurah dipun wungu nanging sampun boten semaur malih. Ambeganipun Nyai Lurah kepirang sansaya cekak, wadananipun katingal sansaya pucet. Lan pungkasanipun Ki Lurah pirsa menawi ingkang garwa nggeget waja, lajeng kendel boten ebah malih. Nyai Lurah sampun seda kunduran, limrah sinebat Nyai Lurah Seda ing madyaning Perang sabilullah………….

 

Ana candhake.

Jumat, 27 Januari 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (007)


 

07.

       Sadumugining griyanipun Ki Widhig, Ki Lurah nunten nindakaken kuwajibaning gesang dhateng Gustinipun. Ki Widhig lan para warga ingkang wau sami ndherek Ki Lurah ugi kathah ingkang lajeng ndherek nindakaken panembah ing wanci enjing. Sasampunipun menika, Ki Widhig kaprentah supados nglempakaken para warga sanesipun ing pendhapa griyanipun. Suwanten thonthongan kajeng elo ingkang dipun tabuh Ki Bau  mawi irama Dara Muluk ambal kaping tiga, sampun ngagetaken para warga ing wanci enjang punika. Sadaya sami daya-daya ndumugeni griyanipun Ki Bau kalihan pitaken salebeting manahipun piyambak-piyambak, sampun wonten kedadosan menapa dene ing wanci enjing saderengipun surya jumudhul Ki Bau sampun ngersakaken para warga mlempak ing griyanipun.

       “Para sedulurku kabeh” dhawuhipun Ki Bau dhateng para warganipun sasampunipun sedaya sami mlempak, lenggah kupeng ing joganing pendhapa “padha ndadekna ing kawruh ndika kabeh, ya gene mau bengi kethek-kethek sing padatan padha pating cruwet ngganggu katentreman ndika kabeh, ora ana sing padha mara?.”

       Tiyang-tiyang sami gumrenggeng piyambak, radin-radin sami nelakaken raos gumunipun dene kala dalu boten kaganggu dening kethek-kethek siluman ingkang padatan damel gegering dhusun.

       “Kang mangkono iku mau, iya awit saka pambudidayane Ki Lurah kang wis mapag tekane para kethek-kethek ing dalan sakulone desa kana mau bengi, temah kethek-kethek siluman kae ora sida mlebu desane dhewe kene” Ki Bau nyethakaken menggah ingkang dados sabab kala dalu kethek-kethek boten sami dugi “sabanjure, murih kethek-kethek siluman kae ora teka lan ora ngganggu awake dhewe lan ora ngrusak tandurane dhewe sing ana sawah lan pategalan, ana sarana sing kudu awake dhewe tindakne. Lha saranane apa, aku dhewe durung mangerteni, Ki Lurah ingkang pirsa lan bakal didhawuhake marang awake dhewe, mula tak jaluk para sedulurku kabeh, padha siyagaa nampa dhawuh saka Ki Lurah”.

       “Inggiiiiiiiiih” para warga sami sayuk sesarengan atur wangsulan.

       “Sedulurku kabeh” sasampunipun para warga sami anteng siyaga nampi dhawuh, Ki Lurah tumunten ngendika “tenane ngono, mau bengi kuwi aku lan Ki Bau sarta para sapukawate padhukuhan padha nyegat tekane kethek-kethek siluman ing Gubug sing digawe ana kulone desa kene wingi kae. Iya awit saka palimirmaning Gusti, nggonku mbudidaya bisa nemoni sing angon kethek-kethek kae bisa kasembadan. Mau bengi aku klakon bisa lungguh sapajagong karo sing angon kethek-kethek kae ana gubug kana, lan sing angon kethek-kethek kuwi dikancani karo sing diengon sing ewon cacahe. Nanging gandheng sing angon lan sing diengon kuwi kalebu golongane bangsa lelembut sing tenane duwe papan lan panggonan dhewe, sing beda karo papan lan panggonane bangsa kasar kaya awake dhewe iki, mbok menawa wae sing diweruhi dening sedulur-sedulur sing ngancani aku mau bengi rada beda…….”.

       “Leres Ki Lurah…..” salah satunggaling sapukawat padhukuhan sumela atur “kula sakanca ingkang ningali saking katebihan, boten sumerep kethek-kethek babar pisan, namung mireng suwantenipun ingkang nggegirisi lan sumerep wewujudan kados lintang ingkang boten kantenan cacahipun lan warninipun wonten ingkang Abrit, Cemeng, Jene saha Pethak kumrutug manjing dhateng gubug ingkang dipun lenggahi Ki Lurah lan nalika meh wanci gagat rahina kala wau, wewujudan menika sami mumbul dhateng langit malih. Estunipun wewujudan aneh kala wau kedadosan saking menapa Ki Lurah?”.

       “Ya kuwi wujude lelembut sing wingi-wingi nganggo rerupan kethek sing padha teka ing padhukuhan iki kisanak” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah sarwi mesem “rerupaning lelembut sing mawa rupa sing beda-beda kuwi tenane mung pasemon sing nggambarake sipat sing ana ing awakku lan awak ndika kabeh. Ya iku sipat abang kang nggambarake nafsu Amarah, sipat kuning sing nggambarake nafsu Supiyah, Ireng minangka pralambang nafsu Aluamah dene kang rupane putih minangka pangenthaning nafsu Mutmainah. Ing donya iki kabare akeh menungsa sing cilaka merga kena ganggu gawene lelembut, satemene beja lan cilakane manungsa kuwi sing akeh ya merga saka lelembute dhewe sing kaprah diarani nafsu patang perkara mau. Yen pinter nggone ngengon lakuning nafsu kang patang prakara mau, bisa ndadekne mulya lan muktine manungsa dene yen ta ora gelem momong kanthi becik temah seneng ngumbar lakuning nafsu salah siji utawa kabeh kang cacah papat mau, manungsa bisa cilaka dadi mangsane nafsune dhewe”.

       “Inggih Ki Lurah” ingkang atur wangsulan namung Ki Widhig, dene tiyang anesipun sami tumungkul anggagas kanthi lebet menapa ingkang dipun dhawuhaken Ki Lurah Tambak Kapisan, inggih Ki Lurah Raden Riyasa.

       “Sabanjure”  Ki Lurah nglajengaken anggenipun paring dhawuh “sawuse aku kepethuk lan jagongan karo sing angon kethek-kethek sing sejatine bangsa lelembut kuwi, aku banjur ngerti ya gene kethek-kethek kuwi padha ngamuk ngrusak tetanduran lan gawe kisruh ing padhukuhan ndika kabeh iki”.

       “Menapa ingkang dados jalaranipun Ki Lurah?” Ki Widhig nyela atur nyuwun pirsa dhateng Ki Lurah “menapa jalaran wonten warga utawi kawula ing mriki ingkang awit boten mangertos sampun ngganggu damel dhateng para kethek menika?”.

       “Ora Ki Bau” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah sarwi mesem “papane Kethek-kethek kuwi adoh saka panggonane dhewe, jeneh wis beda alam, dadi ya mokal yen awake dhewe ngganggu gawe marang kethek-kethek mau”.

       “Nanging kasunyatanipun Kethek-kethek wau kados-kados nembe nesu dhateng warga mriki Ki Lurah?” Ki Widhig nyuwun pirsa malih.

       “Bener Ki Bau” Dhawuh wangsulanipun Ki Lurah “anane Kethek-kethek mau utawa luwih pase sing angon kethek-kethek mau padha nyuntak kanepsone ing desa ndika iki, jalaran awit iya saka bodhone temah salah tampa lan gawe gendra, merga saking bodhone kang ora bisa narima sih-E Kang Maha Wicaksana. Cethane mangkene : Wiwit biyen sing kajibah angon kethek-kethek kae dumadi saka wong sajodho, ya iku Ki Kitiran lan Nyai Kitiran, dene manggone ana alam sonya luri sing ana ing sisihe alam wadhag telenging alas kulone desane dhewe iki. Lha durung suwe iki, awit saka sih-E Kang Maha Kawasa Nyai Kitiran sing uga sisihane Ki Kitiran, kapulung bali ing Alam Langgeng dening Gusti kang Maha Agung, temah kang dingerteni Ki Kitiran lan para sing diengon, Nyi Kitiran ilang. Ki Kitiran bingung rumangsa kelangan bojo, banjur ngajak kabeh andhahan sing diengon nggoleki sisihane nganti tekan papan kene iki. Gandheng olehe nggoleki tansah ora nemokne asil, wekasan Ki Kitiran lan para sing diengon dadi liwung banjur tumindak kaya sing padha ndika weruhi sasuwene iki”.

       “Dados makaten inggih Ki Lurah?” Ki Widhig matur nyela rembug “lajeng kadospundi salajengipun?”

       Para warga Dhusun Tambak Iring Ler ingkang ugi sami mireng dhawuh pangandikanipun Ki Lurah ingkang makaten kala wau ugi sami kalihan Ki Widhig. Sami anggenipun ngungun lan sami anggenipun kepengin sumerep kados pundi murih lepas saking pangganggunipun para kethek lelembat kala wau.

       “Maune Ki Kitiran arep ora nggugu marang kandhaku malah kepara arep salah tampa” Ki Lurah nglajengaken anggenipun paring pangandika “kandhaku kang ngandhakne yen Nyai Kitiran kuwi wis kapundhut bali ing ngarsane Gusti lan minangka kawula kang mung duwe wewenang nggadhuh sing ora gadhah, becike nampa kanthi ikhlas apa kang dadi pepesthene Kang Maha Agung, ora banjur nggoleki tekan ngendi-endi malah gawe bubrahing kahanane wong-wong sing ora weruh jawane ngono kuwi. Ki Kitiran banjur nguman-uman aku, malah maido yen aku bisa guneman mangkono kuwi mau jalaran aku ora ngrasakne rekasaning atine sing wis kelangan bojo sing banget ditresnani, malah dheweke uga banjur guneman yen aku sing kelangan bojo kaya dheweke kuwi kira-kira aku wis edan ngluwihi dheweke. Lan isih akeh maneh olehe nguman-uman aku, sing wekasane arep gawe cilakaku barang”.

       “Sareng Ki Kitiran boten purun nggega dhawuhipun Ki Lurah, lajeng Ki Lurah kados pundi?” Ki Widhig nyuwun pirsa malih.

       “Gandheng Ki Kitiran salah tampa lan arep nesu marang aku, aku banjur ngunus piyandele Desa Tambak, ya Keris Kyai Pantek iki” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah sarwi nudingi wangkingan ingkang dipun agem “wasana Ki Kitiran dadi kaget lan takon marang aku ana sambung rapete apa antarane aku karo Kanjeng Sinuhun ing Pajang. Bareng tak jarwani apa anane, Ki Kitiran banjur kaweden lan asok kaluputan marang aku sarta nyadhong pangapura awit tumindake sing wis gawe kisruhe kawula ing Desa kene iki”.

       “Ha.. ha…ha..ha, rumangsane Ki Kitiran kuwi sing diadhepi sapa? Arep wani karo Trahe Kanjeng Sultan Adiwijaya kuwi rak padha karo arep  nandur rekasaning urip sing bakal nguwohake kasangsayan selawase ha ha ha” salah satunggal saking para warga ingkang mireng dhawuhipun Ki Lurah, gumujeng sarwi ngudarasa ingkang kawedal ing lisanipun.

       “Aku ya ora kabotan aweh pangapura marang Ki Kitiran saandhahane pisan, watone Ki Kitiran gelem tumuli ngajak sing diengon bali marang papane sakawit” boten nanggapi panglocitaning warga kala wau, Ki Lurah nglajengaken anggenipun ngendika “Ki Kitiran uga banjur nyaguhi apa sing dadi panjalukku, nanging gandheng para andhahan sing diengon wektu iki lagi keluwen lan bingung akeh kang ora weruh dalan, mula banjur nembung njaluk pangan lan sangu kanggo bali. Dene wujude panganan lan sangu sing dijaluk ya iku : Ambengan sega beras, diwadhahi encek saka papah gedhang, jangkep salawuhane pisan dene sangune wujud pandonga marang Gusti Kang Maha Agung muga-muga lakune bali Ki Kitiran lan sing diengon kaparingan slamet. Mulane dina iki uga tak prentahne marang ndika kabeh supaya mujudi apa sing dadi panjaluke Ki Kitiran mau, saben wong saomah tak prentah supaya yasa ambengan sega jangkep salawuhe pisan diwadhahi encek saka papah gedhang, mengko ing wanci bakdal ngasar padha selehna ing ara-ara sakulone desa. Marang Ki Kaum tak suwun kersaa paring barokah macakne donga slamet marang Gusti Kang Maha Agung murih lakune Ki Kitiran saandhahane slamet kabeh nganti tekan papane sakawit”.

       Sampun cekap dhawuh pangandikanipun Ki Lurah, para warga lajeng sami mantuk badhe nindakaken menapa ingkang dipun dhawuhaken dening Ki Lurah kala wau.

 

Ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (006)


 

06.

Wekasanipun Nyai Mirasih kelampahan caos pemut dhateng kakungipun murih mangsulaken tlundhaganing katresnan kanthi saleresipun. Ki Lurah Tambak Kapisan suwaunipun kraos awrat nglampahi menapa ingkang dipun suwun dening garwanipun, nanging gandheng Ki Lurah ugi pirsa menawi sadaya ingkang kaaturaken dening ingkang garwa menika kala wau wujuding katresnan ingkang sejati, wasana Ki Lurah inggih lajeng wangsul kados padatan. Anggenipun manembah dhateng Gusti inggih lajeng dipun saeni malih. Pakaryan lan kuwajiban minangka Lurah, ugi nunten dipun tindakaken kanthi samesthinipun.

Jebul leres menapa ingkang dipun aturaken Emban Sidhem dhateng bendaranipun kala samanten. Bebau ingkang nate kaparingan panguwaos murih makili Ki Lurah kala samanten, dupi Ki Lurah sampun kepareng ngasta malih kuwajibanipun, Bebau kasebat rumaos cuwa. Jalaran sampun boten saged malih tumindak ingkang sasekecaning manahipun piyambak kanthi kekudhung dhawuh saking Ki Lurah. Ki Lurah ugi sampun ngawuningani prakawis menika, nanging Ki Lurah api-api boten pirsa. Bakenipun miturut Ki Lurah, kawula ing Tambak sampun boten kadamel cuwa manahipun malih. Prakawis cuwanipun Bebau kasebat, mangke kalih mlampah saged dipun tata murih leres lan saenipun.

Sanaosa makaten, jebul ingkang nami cobining Gusti dhumateng kawulanipun menika mila saestu kathah. Anuju satunggaling wanci, anyarengi sampun anyaketi wancinipun Nyai Lurah mbabaraken putranipun ingkang dipun kandhut, Ki Lurah Tambak Kapisan nembe ngayahi jejibahan nentremaken kawula Dhusun Tambak ing iring ler ingkang nembe dipun repotaken awit wontenipun grombolan kethek ingkang ganggu damel dhateng para kawula ing Tambak kanthi ngrisak tanemanipun ing sabin saha ing pategilan. Malah ugi ngganggu katentremaning padhusunan. Sampun maneka cara dipun cakaken dening para kadang tani lan para kawula ing Tambak iring ler, murih kethek-kethek menika kesah, suprandene sadaya pambudidaya cabar, gagar wigar boten wonten asilipun. Malah kepara kethek-kethek menika sansaya ndadra anggenipun ngresahi para kadang tani lan kawula ing padhusunan mriku.

“Ketingalipun kethek-kethek ingkang ngrisak taneman menika dede kethek sabaenipun Ki Lurah” aturipun Ki Widhig , Bebau ingkang mangreh laladan Tambak sisih ler, nalika Ki Lurah Tambak Kapisan tedhak dhateng mriku.

“Ora sabaene kepriye Ki Bau?” Ki Lurah mundhut pirsa.

“Kula kinten kethek-kethek menika dede kethek limrah, nanging kethek siluman ingkang kedadosan saking bangsanipun Jim Setan Peri Prayangan” atur wangsulanipun Bebau Widhig “atur kula menika awit saking nitik kawontenanipun kethek-kethek menika ingkang benten kalihan limrahipun kethek ingkang saba ing wana-wana ngaten menika”.

“Bedane manggon ing ngendi Ki Bau?”

“Kethek-kethek ingkang ganggu damel dhateng kanca tani menika, ngetingalipun namung ing wanci dalu sasampunipun wanci sirep lare, saben dugi kethek-kethek kasebat kairing suwanten ingkang nggegirisi. Ingkang ndadosaken kekesing manahipun sedaya warga ing Tambak iring ler menika. Cacahipun boten kantenan kathahe, kathah ingkang agengipun meh sajaran teji, anggenipun mlampah kados caranipun mlampah manungsa. mBok bilih kemawon, kethek-kethek menika kados wadya balanipun Prabu Rama ing cariyos pawayangan ngaten menika Ki Lurah, inggih wadya bala wanara ingkang yasa tambak kangge nyabrang dhateng nagari Ngalengka” Bebau Widhig ngaturaken bentenipun kethek ingkang ganggu damel menika kalihan kethek limrah “menawi ing wanci siang ngaten menika, dhateng pundi purugipun kethek-kethek kala wau, boten wonten ingkang sumerep. Para kadang ing Padhusunan sampun kula ajak mlebet wana ngantos tengah mrika ing wanci siang kanthi gegaman ingkang jangkep, nanging babar pisan boten kepanggih kalihan kethek-kethek ingkang dalunipun dugi ngrisak taneman saha ngganggu katentremaning dhusun menika”.

Sawatawis menika, tiyang-tiyang Tambak ing iring ler ingkang ugi sami wonten ing mriku, kanthi saur manuk nyuwanten ngleresaken menapa ingkang dipun aturaken dening Bebau Widhig.

“Yen pancen mangkono” Ki Lurah nunten paring dhawuh “cara kanggo ngadhepi lan nundhung kethek-kethek sing sing murang tata kuwi, ora kena nganggo cara sing wantah. Nanging kudu nganggo carane satriya trah wiku dibya”.

“Caranipun Satriya Trah Wiku Dibya? menika kados pundi Ki Lurah?” Bebau Widhig nyuwun pirsa.

“Aku njaluk tulung marang ndika” tanpa mangsuli pitakenanipun Ki Widhig, Ki Lurah malah lajeng paring prentah “esuk iki aku yasakna gubug cilik saka alang-alang kang diwelit, papakna ing pinggiring desa sisih kulon, sing dadi dalane para kethek kuwi nekani papan kene. Mengko bengi bakal tak gunakne kanggo methuki kethek-kethek sing jaremu dudu kethek lumrah kuwi, kaya apa wujud sejatine, aku kepengin ngerti”.

Boten mawi wangsulan kathah-kathah, Ki Widhig lan para warga padhusunan ing Tambak iring ler lajeng nindakaken dhawuhipun Ki Lurah. Boten ngantos dangu, gubug ingkang dipun kersakaken Ki Lurah ugi sampun dados. Nalika wancinupun sampun bakda serap surya, Ki Lurah ingkang boten kundur dhateng Dalem Kalurahan, nanging kendel ing griyanipun salah satunggaling warga, nunten nimbali Ki Widhig lan sapukawatipun padhukuhan.

“Ki Bau lan para sedulurku kabeh” dhawuhipun Ki Lurah sasampunipun ingkang katimbalan sampun sami ngadhep “wengi iki yen ora kleru sinebut wengi Anggara Kasih, utawa malem Selasa Kliwon, wengi kang mirunggan tumrape bangsa alus kalebu bangsane Jim, Setan, Peri, Perayangan lan sapanunggalane. Luwih-luwih wengi iki ambarengi wancine wulan purnama sidi. Aku ngersakne wengi iki bisa kepethuk karo sing angon kethek-kethek sing padha ndika arani kethek-kethek siluman kuwi. Yen ana siji utawa loro saka sedulur kabeh ana sing wani, tak keparengake melu aku. Nanging yen ora ana sing wani tak jaluk padha neksenana saka kadohan, ulatana gubug sing ndika  gawe mau, yen kongsi ana tandha-tandha sing sajak mbebayani lan ora becik kang tumama marang aku, ndika kabeh padha sumingkira golek slamet dhewe-dhewe. Nanging yen jebul ora ana apa-apa, tak jaluk ndika padha ngenteni aku metu saka gubug kuwi lan nemoni ndika kabeh”.

“Ketingalipun boten wonten ingkang sami wantun Ki Lurah” Ki Widhig matur caos wangsulan dhateng Ki Lurah “kula piyambak sanadyan sampun Gerang gaplok kados makaten, suprandene ugi boten wantun menawi kadhawuhan ndherek Ki Lurah manggihi pamongipun para kethek siluman menika. Inggih boten langkung kula namung saged mituhoni dhawuhipun Ki Lurah ingkang angka kalih, inggih menika ngulat-ulati kawontenanipun Ki Lurah ing salebeting gubug saking katebihan, kanthi memuji dhateng Gusti mugi Ki Lurah tansah kinayoman dening Gusti, temah rahayu ingkang pinanggih”.

“Iya aku bisa nampa apa sing ndika aturake kuwi Ki Bau” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah kalihan mesem “saiki mumpung durung kadhung lan wektune isih sore, ayo padha budhal menyang kuloning desa, aku sing arep mlebu gubug ijen tanpa rowang lan sepisan maneh padha awat-awatana aku saka kadohan lan kaya welingku mau, yen ana apa-apa sing sajak mbebayani, ndika kabeh padha enggal sumingkira golek slamet dhewe-dhewe aja maelu marang kaslametanku”.

Saestu, Ki Lurah Tambak Kapisan boten kinanthen rowang babar pisan lajeng manjing salebeting gubug. Dene Ki Widhig lan para warga sami ngulati saking watawis satus jangkah tebihipun saking papanipun Gubug. Nalika wanci sirep lare, ingkang criyosipun Ki Widhig wancinipu kethek-kethek siluman menika dugi, Ki Widhig lan para warga ingkang sami ngulati gubug papanipun Ki Lurah sami mcemeng suwanten ingkang damel kekesing manah. Sanaosa makaten, nuhoni dhawuhipun Ki Lurah, Ki Widhig lan para andhahanipun boten wonten ingkang lumajar, awit boten kados padatan sasampunipun wonten suwanten ingkang nggegirisi tumunten kasusul medalipun kethek-kethek ingkang ageng lan ngajrih-ajrihi, dalu menika benten sasampunipun kapcemeng suwanten ingkang nggegirisi boten ketingal menapa-menapa.

“Adate nek bar ana suwara kaya mau, banjur kethek-kethek sing aneh kae padha teka. Nanging iki kok sepi wae ya?” salah satunggal saking warga wicanten kanthi suwanten alon, bisik-bisik dhateng kancanipun.

“Iya ya?” wangsulanipun tuyang ingkang dipun bisiki “sepi ora ana kethek sing teka kaya padatane”.

“St……” Ki Widhig wicanten sarwi nempelaken drijinipun dhateng ngajeng lathi “aja padha omong dhewe-dhewe, pancen bener ora ana kethek sing teka, nanging coba waspadakna apa sing katon ing Gubug sing saiki dienggoni Ki Lurah kae!”.

Sedaya tiyang ingkang wonten mriku sami ningali lan maspadakaken prenahing gubug. Tiyang-tiyang kala wau dumadakan sami rumaos ajrih, awit sami sumerep maewu-ewu rerupan ingkang memper lintang, kanthi warni maneka warna, wonten ingkang warninipun abrit, wonten ingkang cemeng nanging sumorot, wonten ingkang warninipun jene lan wonten ingkang warni pethak. Sedaya rerupen kados makaten kala wau sami kumrutug saking langit dhawah lan mlebet dhateng salebeting gubug ingkang dipun lenggahi dening Ki Lurah. Ngantos meh dumugi wanci tengah dalu, kumrutugipun rerupan pindha lintang ingkang warninipun abrit cemeng jene lan pethak menika nembe sirep. Lan sasampunipun sirep watawis sapanginang dangunipun, rerupan ingkang kados lintang menika kala wau ketingal sami medal saking gubug ingkang dipun lenggahi dening Ki Lurah, mumbul manginggil, ical ing tengahing langit ingkang kasorot sunaring purnama. Makaten kala wau ngantos meh wancinipun gagat rahina, inggih menika kanthi miyosipun cahya abrit ing sujene langit sisih wetan.

Sasampunipun rerupen kados lintang kala wau boten ketingal malih, boten dangu tumunten katingal Ki Lurah miyos saking Gubug lan tindak mrepegi Ki Widhig sakancanipun. Ki Bebau lan para warga boten sranta tumuli jumangkah mapag rawuhipun Ki Lurah Tambak Kapisan kanthi raos “blong” ing manah. Inggih awit sampun sami sumerep bilih Ki Lurah boten ing salebeting bebaya saha boten kirang setunggal menapa.

“Kados pundi Ki Lurah?” Bebau Widhig nungsung wartos, dupi sampun caket kalihan papanipun Ki Lurah.

“Wis meh rampung Ki Bau” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah kalihan mesem kalegan “saiki ayo bali dhisik ing omah ndika, aku bakal aweh prentah marang ndika lan para warga kabeh supaya nyepakne pirantining upacara murih para wanara sing sasuwene iki padha sanja mrene ora bali mrene maneh”.

Ki Lurah lajeng nglajengaken tindakipun tumuju bgriyanipun Ki Widhig, dipun tutaken tiyang-tiyang ingkang kala wau sami ngulati saking katebihan.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...