16.
Ki Lurah dados radi bingung
penggalihipun, tangisipun Puranti menapa dene wangsulan saking Ki Butulan estu
boten saged nyethakaken menggah menapa ingkang sampun dumados ingkang adamel Ki
Butulan dipun banda lan kairit dhateng Pendhapa. Sauntawis menika, Ki Bebau ing
Sela nyata taksih ketingal menawi dereng lerem anggenipun nesu. Pramila ki
Lurah nunten dhawuh dhateng sedaya ingkang wonten mriku murih lenggah kanthi
sekeca, mirunggan rumuyin. Ingkang kadhawuhan inggih ugi boten saged suwala.
Namung papanipun linggih antawisipun Ki Bebau Sela kalihan Ki Butulan ingkang
dereng ucul bandanipun, mila radi tetebihan. Namung Ki Bau ing Padhukuhan
Tengah inggih Ki Jaladri ingkang sampun ketingal radi sareh praupanipun.
“Saiki kabeh wae aja ana sing guneman
dhisik, sing nangis tumuli menenga” sasampunipun sami ketingal sekeca
anggenipun sami linggih, Ki Lurah lajeng paring pangandika “aku arep rembugan
karo Ki Jaladri, liyane aja ana sing ngganggu utawa nyelani wuwus”.
“Inggih” sedaya ingkang wonten pendhapa sesarengan
nginggihi dhawuhipun Ki Lurah.
“Saiki ndika Ki Jaladri, coba critaa marang
aku apa sing wis dumadi satemah ana lelakon kaya mangkene iki?” Ki Lurah nunten
paring dhawuh dhateng Ki Jaladri, inggih Ki Bebau Padhukuhan Tengah.
“Ngestokaken dhawuh Ki Lurah” Ki Jaladri
atur wangsulan “nanging ingkang saged kula aturaken inggih winates ingkang kula
sumerepi kemawon”.
“Iya, critaa apa anane aja ana sing ndika
tutupi utawa ndika singidake lan iya aja ndika tambahi klawan crita kang
ngayawara” Ki Lurah mangsuli anggenipun paring dhawuh dhateng Ki Jaladri.
Ki Jaladri kendel sakedhap, lajeng nata
anggenipun lenggah. Sasampunipun unjal ambegan panjang kaping tiga, Ki Jaladri
miwiti crita :
“Kawiwitan sakunduripun Ki Lurah saking
dalemipun Ki Sela kala wau enjing, Ki Pikatan inggih Ki Bebau Padhukuhan Wetan
ugi lajeng nyuwun pamit wangsul, semanten ugi kula pun Jaladri. Nanging dening
Ki Wungkul kula dipun candhet lan dipun sraya murih ngancani anggenipun badhe
nindakaken dhawuhipun Ki Lurah, ngaturi pirsa dhateng Bebau Kilen Ki Suganda, Bebau
Ler Ki Widhig lan Bebau Kidul Ki Butulan, prakawis dhawuhipun Ki Lurah murih
para Bebau saben dinten ing wanci surya ing langit sisih wetan sampun minggah
watawis salandheyan, sami mlempak ing Pendhapa Kalurahan. Gandheng kula
ngrumaosi bilih kula menika Bebau enggal ingkang dereng dangu anggen kula
nggentosi Bapak ingkang sampun sepuh, kula inggih lajeng ndherek menapa ingkang
dipun dhawuhaken Ki Wungkul.
Sadaya para Bebau sampun kaaturan menggah
ingkang dados dhawuhipun Ki Lurah, kajawi Ki Butulan Bebau ing Sisih Kidul.
Awit nalika Ki Wungkul kalihan kula sowan ing dalem Kabutulan, Nyai Butulan
paring dhawuh bilih Ki Bebau Kidul nembe dhateng Kalurahan awit katimbalan
dening Ki Lurah saprelu nglarapaken putra kuwalonipun Ki Butulan ingkang badhe
suwita dhateng Ki Lurah”.
“Sing kandha nek Paman Butulan tak
timbali supaya nglarapake anak kuwalone kuwi Bibi Butulan dhewe?” Ki Lurah
nyelani cariyosipun Ki Jaladri.
“Inggih Ki Lurah, awit ingkang wonten
dalem Kabutulan kala wau inggih namung Nyi Butulan piyambak lan kula ugi boten
taken sinten naminipun anak kuwalonipun Ki Butulan menika” wangsulanipun Ki
Jaladri.
“Ya wis, tutugna anggon ndika crita!” Ki
Lurah lajeng paring dhawuh malih.
“Gandheng kula kalihan Ki Wungkul pitados
dhawuhipun Nyai Butulan, kula kekalih lajeng pamitan badhe nusul Ki Bebau Kidul
dhateng Kalurahan. Amargi kula kalihan Ki Wungkul mbujung cepet, lajeng pados
margi sidhatan. Kula kalihan Ki Wungkul anggebal margi ingkang langkung caket,
kanthi liwat galengan pasabinan miwah seliping pategilan, dados boten medal
margi ageng. Sanaosa kula ugi nate mireng bilih medal margi sidhatan ingkang
kula langkungi menika kedah ngatos-atos awit sok wonten buron wana ingkang
wujud segawon ajak utawi sima loreng ingkang ngadhang margi” Ki Jaladri inggih
Ki Bebau Padhukuhan Tengah kendel sakedhap anggenipun criyos awit ngulu idu
nelesi gorokanipun ingkang kraos garing.
“Sabanjure kepriye?” Ki Lurah ketingal
kepengin uninga candhaking cariyos.
“Dumadakan nalika kula kekalih mlampah
kanthi ngatos-atos, ngulat-ulati mbok menawi kepanggih bebaya, dumadakan kula
kekalih mireng tiyang ingkang paben regejegan saking waliking gegrumbulan” Ki Jaladri
mbacutaken cariyosipun “kula kalih Ki Wungkul sakalangkung kaget lan kepengin
mangertos sinten ingkang nembe paben lan menapa sebabipun paben, badhea kados
menapa sampun dados kuwajibaning para pamong sami misah tiyang ingkang nembe
tukaran lan angrukunaken malih”.
“Bagus, pancen kudune mangkono Ki Bau” Ki
Lurah nyelani rembag klawan ngalembana dhateng Ki Jaladri miwah Ki Wungkul.
“= Sampun ngoten niku Ramake, kula niki
yoga ndika dhewe lho ?!? =
Nalika
kula dumugi sacaketing grumbul kula mireng ukara makaten menika, cetha menawi
menika suwantenipun tiyang estri, nanging kula supe menika suwantenipun sinten?”
Ki Jaladri nglajengaken anggenipun cariyos “lajeng kapireng suwantenipun tiyang
jaler ingkang radi serak wangsulan dhateng tiyang estri kala wau makaten :
=
Aja ngawur kowe Sundel, aku ora tau anak-anak kowe, ngerti? =
= Nanging Ramake niku bojone Biyung kula,
mosok ndika badhe tega lan mentala kalih yogane semah ndika piyambak? = makaten
wangsulanipun tiyang estri kala wau.
= Maune aku ya ora arep tega, nanging
bareng ngerti nek kowe kuwi ora ana gunane, kajaba malah gawe wirangku wae,
luwih becik kowe mati wae, nanging sadurunge kowe mati aku kepengin ngincipi
legining madumu luwih dhisik ha ha ha… mula kowe aja kakehan polah ben ora
kesuwen nggonmu nandhang lara =
Kepireng
wangsulanipun tiyang jaler kala wau, lamat-lamat kula kados sampun nate mireng
menika suwantenipun sinten?. Boten sabar malih kula kalih Ki Wungkul daya-daya nasak
gegrumbulan kala wau, awit kula kekalih ngertos menawi estu badhe wonten
kadurjanan ingkang nggegirisi. Nanging sepinten kageting manah kula nalika kula
sumerep jebul Tiyang jaler ingkang badhe tumindak culika dhateng tiyang estri
kala wau jebul………”.
“Jebul
sapa Ki Bau?” Ki Lurah nigas cariyosipun Ki Jaladri.
“Nyuwun
pangapunten Ki Lurah” Ki Jaladri atur wangsulan “tiyang jaler kala wau nuwun
inggih Ki Bebau Kidul, lha tiyang estri kala wau tiyang estri ingkang nate tepang
sae kalihan kula, putunipun mBah Lurik Bakul Wedang ing Jatisari mrika,naminipun
Puranti, kula babar pisan boten nginten menawi Puranti menika jebul taksih yoga
kuwalonipun Ki Butulan”.
“Ki
Butulan ?” Ki Lurah ketingal kejot “kok bisa mangkono? Banjur kepriye
sabanjure?”.
“Leres
ki Lurah, kula boten nginten manawi Ki Butulan saged tumindak ingkang makaten
kala wau. Nanging kula kalih Ki Wungkul sampun boten saged mikir panjang malih,
awit kawontenanipun Puranti sampun boten gadhah daya kenging pangabaran ingkang
dipun wedalaken dening Ki Butulan. Tanpa sranta kula mencolot , Ki Butulan
lajeng kula geret saking wingking, temah anggenipun nyengkerem Puranti saged
wudhar.
Ki
Butulan sanget bendu sareng sumerep menawi ingkang nggeret piyambakipun menika kula,
mripatipun mencereng lajeng anglolos keris ingkang dipun agem saking waranganipun
sarwi wicanten :
=
Keparat kowe Bebau sing isih mambu kencur, dina iki kowe kudu mati ana ing
pucuking kerisku=
=
Sabar Ki Bau Kidul = saderengipun kula wangsulan langkung rumiyin Ki Bau Sela
ingkang semaur, ngaturi Ki Bebau Kidul murih sabar.
=
Jebul kowe ya ana kene Bebau Bodho Sing keminter? Nek ngono kowe wong loro kudu
tak rampungi pisan !!! =
Tanpa
nengga wangsulan saking kula menapa dene Ki Bebau Sela, Ki Butulan sampun ebah
kanthi kasudiranipun badhe namakaken Kerisipun dhateng kula. Nanging jebul Ki
Bebau Sela boten kendel kemawon, sumerep kula kacipuhan ngendhani kerisipun Ki
Butulan, Ki Bebau Sela lajeng nglolos sabetipun. Klawan ngempakaken sabetipun,
Ki Wungkul paring pitulungan dhateng kula, sarana ngadhang kerisipun Ki Butulan
mawi sabet.
Ki
Butulan sansaya anggenipun duka, Kalih ngundamana mawi basa ingkang boten
pantes kula ucapaken, Ki Butulan ngrangsang dhateng Ki Bebau Sela. Priyantun
kalih ingkang sampun sepuh-sepuh menika sami ngunggar kasudiran. Sakalangkung
rame. Nanging dangu-dangu ketingal menawi Ki Wungkul langkung unggul, inggih
labet yuswanipun langkung timur menawi katandhing kalihan Ki Butulan. Wasana
nalika wonten kalodhangan ingkang sae, Ki Wungkul saged nyabetaken sabetipun
pas ing wilah kerisipun Ki Butulan temah keris ucul saking gegeman. Kula
tanggap, keris ingkang dhawah ing siti nunten kula pendhet, kula gujengi
kenceng ukiranipun.
Sanaosa
sampun boten nggegem gegaman, suprandene Ki Butulan boten purun ngakeni menawi
sampun kawon. Panggah ngasah nerjang Ki Wungkul, wekasan kanthi kasektenipun Ki
Wungkul kapeksa damel Ki Butulan lumpuh lajeng astanipun kekalih dipun geret
dhateng wingking dipun tangsuli mawi iketipun Ki Butulan piyambak. Ngantos
makatena Ki Butulan dereng kendel, taksih misuh-misuh boten kantenan, mrentah
dhateng Ki Wungkul menawi nyata perwira supados Ki Wungkul amejahi Ki Butulan.
Boten namung dipun pisuhi lan dipun undamana mawi basa ingkang boten limrah, Ki
Wungkul ugi dipun idoni dening Ki Butulan. Wekasan kados ingkang Ki Lurah
uningani, wajanipun Ki Butulan kapeksa dipun damel rampal dening Ki Wungkul.
Lajeng dening Ki Wungkul kula kaajak mbekta Ki Butulan mriki menika kala wau.
Ki Wungkul ugi ngengken Puranti supados ndherek mriki, minangka seksi dhateng
tindak kadurjanan ingkang dipun lampahi dening Ki Bebau Kidul. Makaten ingkang
saged kula aturaken Ki Lurah, samangke sumangga kula namung saged anengga
dhawuh saking jengandika. Lan keris ingkang ing tangan kula menika wujudipun
keris kagunganipun Ki Butulan dados inggih dede gadhahan kula piyambak”.
Ngantos
dangu Ki Lurah legeg penggalihipun, sakecap dereng saged ngedalaken suwanten,
inggih awit saking kejoting penggalihipun. Manggihi lelampahan ingkang babar
pisan boten dipun nyana-nyana ing saderengipun. Menapa malih, Ki Bebau Kidul
lan yoganipun kuwalon kala wau siang sowan ing Kalurahan lan lenggah sapajagong
kalihan Ki Lurah lan boten wonten tandha-tandha menawi Ki Butulan badhe
nglampahi kados ingkang dipun cariyosaken dening Ki Bebau Padhukuhan Tengah
menika.
“Nini
Puranti” sareng sampun radi dangu anggenipun kendel, Ki Lurah lajeng ndangu anak
kuwalonipun Ki Bebau Kidul “apa bener ndika kuwi tepung cedhak karo Bebau
Tengah kaya sing dikandhakne marang aku mau?”
“Mila
leres Ki Lurah” wangsulanipun Puranti kalih ndhingkluk “namung kemawon kula
boten mangertos menawi Kakang Jaladri menika Bebau ing Dhusun Tambak mriki.
Awit nalika tetepangan kalihan kula ngakenipun pangenipun Ki Bebau Padhukuhan Tengah
Kalurahan Tambak menika”.
Ana
candhake