Total Tayangan Halaman

Rabu, 15 Februari 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (028)


 

28.

       Mireng wicantenipun Puranta ingkang nyamekaken Ki Bebau Kidul kalihan Ki Jagabaya Bontot kalihan kirik utawi anak segawon, tiyang kalih menika sansaya muntab kanepsonipun. Ki Jagabaya ingkang nembe saged tangi saking anggenipun dhawah, ketingal praupanipun dados abrit mangar-mangar samanten ugi praupanipun Ki Jagabaya dados kados ulam urang ingkang dipun bakar ing latu mawa, abrit semu cemeng. Kalih misuh-misuh nyebat namining kewan-kewan remeh, Ki Bebau Kidul lan Ki Jagabaya Bontot sesarengan majeng ngintunaken serangan dhateng Puranta, mawi gegamanipun piyambak-piyambak. Tumbakipun Ki Bebau Kidul ngarah dhadha dene Pedhangipun Ki Jagabaya kasabetaken ngarah sirahipun Puranta. Nanging Puranta ingkang wiwit alit klawan dhedhemitan wineleg ngelmu kanuragan dening Ki Lurah Tambak Kapisan, sampun siyaga saderengipun. Kanthi ngebahaken raganipun prasaja kemawon, samberan pedhang lan panjojohing tumbak saged dipun endhani. Malah kalih endha Puranta kober ngangkat dhengkulipun kanan, sikilipun kadugangaken temah ngengingi sangandhaping cangklakanipun Ki Jagabaya Bontot. Ki Jagabaya ingkang boten nyana badhe kaparingan dlamakanipun Puranta, sakala misuh badanipun kontal mundur watawis sekawan jangkah lajeng dhawah jekangkangan. Pisuhanipun Ki Jagabaya ngagetaken Ki Bebau Kidul, boten sranta lajeng noleh pamanipun ingkang kontal mundur menika, Puranta langkung prayitna kalih mencolot cendhak kemawon, tanganipun ingkang ngepel dipun dhawahaken ing dhadhanipun Ki Bebau Kidul, nanging mleset temah namung ngengingi salang pundhak. Nadyanta makaten, Bebau Kidul sampun koming temah dhawah ing siti. Pisuhipun boten kantenan.

       “Ya gene ndadak nganggo misuh-misuh nyeluki kewan sing neng kene ora ana Ki Bau lan Ki Jagabaya?” kalih mesem sarwi nyawang tiang kalih ingkang nembe badhe tangi saking anggenipun dhawah, Puranta wicanten “ayo padha tangia, ndika kena maju bebarengan utawa yen kurang bisa ngundang kanca kanggo nyoba anake Ki Tambak Kapisan iki. Bisa tukaran apa ora?”.

       “Setan alas ora genah kowe Puranta!” Ki Bebau Kidul misuh kalih wangsulan “Maling licik kaya kowe kuwi pancen ora pantes diwenehi urip, nanging sadurunge tumeka pati, kowe kudu ngrasakne pasiksan sing luwih abot jalaran saka tumindakmu sing wis wani nyolong piyandel Kalurahan Tambak”.

       “Aja mung waton ndakwa tanpa ana bukti kang nyata Ki Bau” wangsulanipun Puranta “wis sansaya tuwa umur ndika kuwi mbok ya disuda anggon ndika ngecakne laku culika kaya ngono kuwi. Eling Ki Bau, ora nganti satus tahun maneh ndika kuwi mesthi wis ora bisa ngrasakne kanikmataning donya, luwih-luwih Paman ndika Ki Jagabaya Bontot kuwi, ora nganti ngenteni gedhene anak ndika sing ragil kae, paling ya wis jempo, bisa mlaku ora dibantu nganggo reken kuwi wae jeneng wis aran beja”.

       “Iblis keparat tenan kowe Puranta” Ki Jagabaya sakala nggetak kalih majeng sajangkah sarwi ngencengi anggenipun nggegem gaganging pedhang “pancen lambene maling kaya lambemu kuwi ora bisa guneman nek ora nyelaki tumindakmu”.

       “Sapa sing maling Ki Jagabaya?” Puranta mesem kalih wangsulan “kanthi nyawang polah ndika sakloron, saiki aku weruh sapa satemene sing wis wani nyolong Kyai Pantek saka plangkane”.

       “Nek kowe pancen ngerti kandhawa” Ki Bebau Kidul gentos ingkang nggetak “sapa he?”.

       “Salah siji saka ndika wong loro” wangsulanipun Puranta “yen aku diarani nyolong Kyai Pantek arep tak enggo apa hara? Upama aku kepengin dadi Lurah ing Tambak kene, wis biyen-biyen aku bisa dadi Lurah tanpa  kudu nyolong Kyai Pantek luwih dhisik jalaran paugeraning Kalurahan cetha nyebutake yen aku duwe wewenang nutugne sesanggemane wong tuwaku. Beda karo ndika wong loro kuwi, wis diwelasi dening Ki Tambak Kapisan, diparingi kalungguhan sing murwat, ewa samono isih kurang trima, malah sajake saiki kepengin dadi Lurah pisan…….”.

       “Celeng setan tenan kowe Puranta!” Ki Bebau Kidul mendhot wicantenipun Puranta kalih pisuhipun “mbuh apa sing mbok sedya kowe wis maling Kyai Pantek, banjur kanggo nutupi letheking gegedhohanmu kowe malah wani ndakwa aku karo Paman Bontot. Cangkemmu kuwi pancen durung bisa leren nggone gawe crita ngayawara yen durung tak kekrek nganggo wilahaning tumbakku iki…..”.

       “Aja mung bisa guneman wae Ki Bau” Puranta sampun wiwit suda kasabaranipun “ayo yen nyata ndika bisa, buktekna bisa apa ora tumbakmu ngekrek cangkemku!”.

       Dipun tantang kados makaten kala wau, Ki Bebau Kidul lan Ki Jagabaya Bontot lajeng majeng siyaga badhe ndhawahaken dedamelipun dhateng Puranta. Nanging Puranta langkung waspada lan prayitna wiwit kala wau. Boten dangu ing kalangan ingkang kinepung kupeng dening titiyang ing Kalurahan Tambak menika sampun rame awit kangge ngunggar kasudiran antawisipun Ki Bebau Kidul lan Ki Jagabaya Bontot ingkang musus dedamelipun piyambak-piyambak  ngrubut Puranta ingkang tanpa mbekta dedamel menapa-menapa.

       Saking plataran papan anggenipun sami kerengan Puranta ingkang kakrubut Ki Jagabaya Bontot lan Ki Bebau Kidul, wongsal-wangsul kepireng keplok lan surak ambata rubuh suwantenipun. Titiyang Tambak ingkang sadangunipun menika ngertosipun Puranta menika namung tiyang limrah ingkang sarwa prasaja, sakniki sami sumerep menawi Puranta menika tuhu putranipun Ki Tambak Kapisan, ingkang nggadhahi ngelmi ulah kanuragan. Tiyang-tiyang menika wongsal-wangsul keplok-keplok kalih surak-surak nalika sumerep Ki Bontot, Jagabaya ingkang kondhang cendhala lan asring damel sakiting tiyang limrah warga Kalurahan Tambak ingkang dipun anggep lepat, menika wongsal-wangsul dipun damel gulung koming dening Puranta. Makaten ugi Ki Waruju ingkang dereng dangu nampi kapitadosan saking Ki Tambak Kapindho minangka sesepuhing para Bebau ingkang remen tumindak sesongaran, dhemen nenantang adu katiyasan dhateng sok sintena kemawon ingkang benten pamanggih kalih piyambakipun, asring dhawah kalenggak awit solahipun piyambak jalaran dipun endhani pangrangsangipun dening Puranta. Tumbak pusaka ingkang kala wau saged damel tatu ageng ing pupunipun Ki Sarana, jebul tanpa wonten pedahipun nalika badhe kangge mrawasa Puranta. Tumbakipun Ki Waruju lan Pedhangipun Ki Bontot babar pisan boten saged nyenggol badanipun Puranta, malah dugangan lan kepelanipun Puranta ingkang saben-saben dipun ebahaken kuwawa ndadosaken tiyang kalih menika sami dhawah jekangkangan ing plataran Kalurahan Tambak.

       Dangu-dangu ketingal menawi Ki Jagabaya Bontot tuwin Ki Bebau Kidul sampun katelasan kekiyatan. Malah ambeganipun ugi sampun cekak-cekak, krenggosan kados maesa ingkang kekeselen awit nggeret garu utawi waluku ing wanci tengange.

       “Saiki kepriye sing dadi kersa ndika Ki Bau lan Ki Jagabaya?” sumerep mengsahipun sami kesayahen, Puranta boten nutugaken anggenipun neter kekalihipun kalihan jurus-jurus kanuraganipun, nanging malah pitaken dhateng kekalihipun “isih nekad arep nutugne nggon ndika arep nyikara aku, apa ndika ngakoni wae yen pandakwa ndika marang aku mau satemene mung gawe-gawe wae?”

       Ngantos dangu Ki Bebau Kidul lan Ki Jagabaya Bontot boten mangsuli pitakenipun Puranta. Sanaosa sampun boten wantun majeng nrajang mawi dedamelipun malih, nanging kekalihipun dereng purun ngakeni menawi sampun kasoran ing juritipun.

       “Yen ndika sakoloron isih kepengin nutugne anggon ndika gegojegan karo aku ing lataring pendhapa Kalurahan iki, ya ora apa-apa” Puranta wicanten malih “ndika bisa ngombe-ngombe luwih dhisik murih kekuwatan ndika pulih, banjur nutugne nggon ndika nekad arep gawe cilakaku. Aja pakewuh, aku sabar kok ngenteni ndika sakloron”.

       “Nyata ndika wong sekti sing pilih tandhing sembada jayeng palugon Gus” dereng ngantos Ki Bebau Kidul lan Ki Jagabaya semaur, dumadakan wonten tiyang sepuh ingkang nyangking tulup mlebet ing salebeting kalangan lan wicanten dhateng Puranta “nanging tak jaluk aja girang gumuyu luwih dhisik, jalaran satemen ndika durung kena diarani nek wis menang”.

       “Nuwun sewu Kyai” Puranta radi kaget awit duginipun tiyang sepuh ingkang nyangking tulup menika, sakeplasan Puranta emut bilih tiyang menika kala wau ingkang nglepasaken Paser Angin ingkang kasurung mantram gaib dhateng Ki Lurah Tambak Kapindho, nanging Puranta api-api dereng mangertos “ndika menika sinten lan wonten kersa menapa dene murugi papan kula gegojegan kalihan Ki Bebau Kidul lan Ki Jagabaya Bontot?”.

       “He he he…..” Tiyang sepuh menika gumujeng ngekek lajeng wangsulan “ditepungake wae ya Gus? Jenengku Kyai Lopara, ya senadyan mung kaya mangkono asile, sing aweh tuntunan ngelmu kanuragan marang si Waruju lan Si Bontot kuwi ora ana liya kajaba ya aku Ki Lopara iki”.

       “Oooo dados jengandika menika Gurunipun Ki Bebau saha Ki Jagabaya Bontot ingkang sekti mandraguna menika?” Puranta wicanten kalihan mesem, anggenipun nyebat Ki Bebau saha Ki Jagabaya kaimbetan pangalembana ingkang cengkah kalihan kawontenan ingkang sanyatanipun.

       “Bener, kaya sing wis tak kandhakne lan ora bakal tak selaki yen aku iki pancen Gurune Waruju lan Bontot. Ora prelu ndadak ndika mamerne kasekten ndika kanthi ngandhakne yen Waruju lan Jagabaya kuwi sekti mandraguna sing wis bisa ndika gawe dolanan” Ki Lopara suka wangsulan kanthi suwanten ingkang sengak nedahaken boten remening manahipun.

       “Nyuwun pangapunten Kyai……” Puranta nyuwun pangapunten dhateng Ki Lopara, awit anggenipun ngalembana semu dhateng Ki Bebau miwah Ki Jagabaya.

       “Ora prelu ndika njaluk pangapura Gus” wangsulanipun Ki Lopara salajengipun “saiki ngene wae, kanggo ngringkes wektu, aku kepengin nyoba sepira kasudiran ndika ing papan kene”.

       “Kersanipun Kyai Lopara menapa?” Puranta rumaos menawi Ki Lopara badhe males wirangipun para murid-muridipun dhateng piyambakipun.

       “Yen ndika kuwat ora nganti rubuh sajroning selawe jurus ngadhepi aku” Ki Lopara wicanten “aku ngaku kalah lan bakal njabut pandakwane Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot marang ndika sing kadakwa wis nyidra Pusaka Kalurahan sing jeneng Keris Kyai Pantek kuwi mau. Kosok baline nek ndika ora wani ngadhepi aku utawa sajroning selawe jurus ndika wis rubuh ora bisa tangi, ndika aja selak maneh yen temen-temen ndika sing nyolong Kyai Pantek saka plangkane. Piye Gus Puranta?”.

       Rumaos runtik manahipun Puranta mireng panantangipun Ki Lopara, ingkang meksa murih piyambakipun ngladosi panantang ingkang estunipun boten klebet ing nalar menggah ingkang dados sirikanipun. Mila kanthi suwanten ingkang alon nanging cetha, Puranta lajeng wangsulan :

       “Ngantosa langit rubuh pisan, kula boten badhe ngakeni manawi kula ingkang nyolong piyandel Kalurahan Tambak menika, jer kula estu boten nyolong. Nanging gandheng Ki Lopara ingkang paring dhawuh supados kula ngladosi anggenipun badhe paring panuntun ing reh kanuragan dhateng kula, mangga suwawi kula dherekaken Kyai, badhe kula ladosi menapa ingkang jengandika kersakaken”.

       Titiyang ingkang ngepung kupeng kalangan ing latar Pendhapa Kalurahan menika meh sedaya sami ngempet ambegan, mireng wangsulanipun Puranta ingkang teteg lan tatag boten ketingal ajrih babar pisan menika. Awit titiyang ing mriku sampun asring mireng menggah Ki Lopara menika tiyang sekti ingkang tanpa tandhing ingkang kondhangipun saged nyepeng lan nggraji angin. Ki Lopara lajeng nyilakaken sinjangipun tata-tata badhe ngecakaken jurusipun kangge nyerang Puranta.

 

Ana candhake

AENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (027)


 

27.

       Sapandurat Puranta supe menawi nembe wonten ing parepataning Ki Lurah lan Para Bebau. Tumrap Puranta tingkahipun Ki Bebau Kidul menika sampun nglangkungi wates, sok sintena kemawon boten kenging nampi kados ingkang nembe kemawon dipun tampi dening Puranta. Awit saking menika, Puranta lajeng siyaga ing dhiri kanthi pasang kuda-kuda kangge ngadhepi Ki Bebau Kidul menawi badhe tumindak ingkang kados wau.

       Jebul ingkang rumaos runtik manahipun boten namung Puranta kemawon, Ki Bebau tengah lan Para Sapukawating Kalurahan ingkang sampun dangu anggenipun dados Sapukawat, kathah ingkang boten narimahaken dene putranipun Ki Lurah Tambak Kapisan dipun sikara dening Ki Bebau Kidul. Menapa malih sareng tiyang-tiyang menika sami sumerep menawi Ki Jagabaya Bontot ingkang ugi sampun nglolos pedhang, ketingal menawi badhe suka pambiyantu dhateng Bebau Kidul, Sakala Ki Bebau tengah ugi lajeng mencolot ngadeg ing papan antawisipun Puranta kalihan Ki Jagabaya Bontot, Pedhangipun ugi sampun dipun unus saking wrangka, siyaga badhe kangge ngadhepi sok sintena ingkang badhe ganggu damel dhateng Puranta.

       Nyumerepi ingkang kados makaten, Puranta lajeng emut bilih piyambakipun boten kenging nuruti manah ingkang benter ing salebeting pendhapa Kalurahan menika. Badhea kados menapa, Pendhapa menika yasanipun Ki Tambak Kapisan inggih tiyang sepuhipun piyambak, menawi ngantos kerengan ing pendhapa mriku ateges sami kemawon ngremehaken kawibawaning Pendhapa sarta sampun nyepelekaken dhateng ingkang yasa Pendhapa. Pramila Puranta lajeng wangsul linggih ing papanipun sakawit, kados boten ngreken sikepipun Ki Bebau Kidul lan Ki Jagabaya Bontot. Nanging estunipun Puranta sampun siyaga, sawanci-wanci wonten bebaya dugi, sampun kapetang kanthi titi kados pundi anggenipun badhe ngadhepi.

       “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” kalih mapan linggih Puranta nyobi matur dhateng Ki Lurah ingkang kados tiyang ingkang kenging gendam, netranipun mirsani dhateng papanipun Puranta, nanging lisanipun menga lan boten wicanten menapa-menapa “kapeksa kula candhet anggen kula matur awit wonten tiyang ingkang boten sumerep ing tata badhe damel kisruh ing pendhapa agung Kalurahan menika”.  

       Sanaosa sampun kaaturan mawi ukara ingkang makaten kala wau, parandene Ki Tambak Kapindho taksih dereng mantun saking anggenipun kados tiyang ingkang kenging gendam kala wau, panggah ngembang duren ndlongop kados tiyang ingkang kirang nalar.

       Benten malih kalih sikepipun Bebau Kidul ingkang sampun nyepengi ukiraning dhuwungipun, sumerep Puranta linggih sansaya ndadra anggenipun murang tata. Awit Bebau Kidul sampun mangertos menawi Ki Lurah Tambak Kapindho kangge sawatawis wekdal boten badhe saged ngendika malah obah kemawon boten badhe saged, ingkang makaten menika jalaran Ki Bau Kidul inggih Ki Waruju sampun sumerep menawi kala wau wonten cahya biru ingkang dhumawah ing jangganipun Ki Lurah, inggih cahya biru menika cahyaning paser angin ingkang dipun lepasaken dening Ki Lopara, gurunipun ingkang kala wau amping-amping Ki Bebau Kidul lajeng anyarengi Ki Waruju anendhang Puranta kala wau, Ki Lopara nglepasaken Paser angin ingkang mawi kekiyataning mantra gaib menika temah ndadosaken Ki Tambak Kapindho boten saged menapa-menapa, ilining rah ing saliranipun kados mandheg dadakan. Ki Bebau Kidul lajeng nyaketi Puranta malih, lajeng kanthi suwanten ingkang songar lan sangar wicanten dhateng Puranta :

       “He Maling ya gene kowe mapan lungguh maneh? Sumurupa, Ki Lurah wis paring palilah marang aku kanggo nugel gulumu, yen kowe panggah ora gelem ngaku. Mula sawangen Ki Lurah ora ngendika apa-apa, pirsa karo tumindakku marang kowe. Saiki kowe kari milih salah siji, ngaku yen wis nyolong Kyai Pantek banjur kowe legawa nampa pidana kanthi dikethok tanganmu. Apa kowe panggah ora ngaku banjur tak tugel gulumu? He?”.

       “Bebau Kidul sing murang tata” dereng ngantos Puranta mangsuli wicantenipun Bebau Kidul, sampun wonten satunggalipun Sapukawating Kalurahan ingkang ngadeg ing wingkingipun Puranta kanthi anyepengi dedamelipun ingkang wujud tumbak awangun trisula, ingkang lajeng nyaut rembagipun Bebau Kidul “aja dumeh kowe lagi kasampiran Panguwasa banjur sawenang-wenang patrapmu. Ngertia, aku Sarana Sapukawating Kalurahan Tambak sing ora narimakne patrapmu sing wis degsiya marang Gus Puranta. Yen nyata kowe wong lanang tenan, ayo metua menyang latar kana adhepana Sarana sadurunge kowe nyumbari Gus Puranta”.

       Rampung anggenipun wicanten Sapukawat ingkang nami Ki Sarana menika lajeng mlampah medal tumuju plataraning Pendhapa Kalurahan. Kados jangkrik mambu kili, sakala Bebau Kidul lajeng nututi lampahipun Sarana. Ki Jagabaya Bontot ingkang sumerep Ki Bebau Kidul mlampah nututi Sarana, ugi lajeng nututi mlampah medal. Tanggap Bebau Tengah ingkang boten badhe negakaken Ki Sarana, jalaran Ki Sarana menika taksih mambet waris kalihan Ki Jaladri, nem-neman ingkang asalipun saking Jatisari. Ki Bebau Tengah nunten badhe sumusul Sarana dhateng Plataraning Pendhapa Kalurahan.

       “Paman Bebau” dumadakan Puranta ngadeg lajeng mrepegi Ki Bebau Tengah kalih wicanten kanthi bisik-bisik dhateng kupingipun Ki Jaladri “kaparenga kula nyuwun tulung, ndika padosaken dawegan ijem ingkang sajanjang namung isi setunggal, kaunjukna toyaning dawegan dhateng Ki Lurah. Ketingalipun Ki Lurah nembe ketaman Paser Angin Biru. Prakawis kaslametaning Ki Sarana, kapasrahna dhateng kula kemawon”.

       Ki Bebau Tengah ingkang sampun nate mireng dedongengan prakawis Paser Angin, nunten tanggap kalihan wicantenipun Puranta. Kanthi semaur “Nggih” Ki Bebau Tengah lajeng miyos badhe pados menapa ingkang dipun prentahaken dening Puranta kasebat. Puranta piyambak ugi lajeng menyat tumuju plataran badhe suka pitulungan dhateng Ki Sarana ingkang jalaran kebranang manahipun temah lajeng wantun suka panantang dhateng Bebau Kidul, inggih Ki Waruju.

       Jebul titiyang ingkang wau sami linggih ing joganing pendhapa, sampun kathah ingkang nilaraken papanipun. Meh sedaya ngalih dhateng plataran ngepung kupeng Ki Sarana ingkang nembe perang tandhing kalihan Ki Waruju. Kantun Bebau Ler, Bebau Sela, Bebau Wetan lan Bebau Kilen ingkang taksih wonten ing Pendhapa. Para Bebau menika lajeng sami ngrubung Ki Lurah Tambak Kapindho ingkang ketingal dlongap-dlongop kados tiyang koncatan nalar. Sedaya sami bingung, boten sumerep caranipun ngusadani Ki Lurah ingkang dumadakan kados makaten menika.

       Dugi plataran Puranta lajeng miyak tiyang-tiyang ingkang sami ngepung kupeng damel kalangan kangge Ki Sarana miwah Ki Waruju. Ki Waruju sampun salin gegamanipun, menawi kala wau nyepengi dhuwung samangke gantos gegaman tumbak, kangge ngadhepi Ki Sarana ingkang ugi gegaman tumbak amripat trisula. Anggenipun perang tandhing Bebau Kidul mengsah Sapukawating Kalurahan menika ketingal rame. Kekalihipun ketingal sami-sami prigel anggenipun nyolahaken dedamelipun piyambak-piyambak. Ngantos radi sawatawis dangu kekalihipun ngunggar kasudiran, gentosan anggenipun sami kalindhih. Nanging dangu-dangu ketingal menawi Ki Sarana langkung panjang napasipun, Ki Bebau Kidul katingal mbaka sakedhik ketleyek, malah sampun kaping setunggal utawi kaping kalih Ki Sarana saged nggarutaken pucuking trisulanipun ngengingi gegeripun Ki Waruju, temah rasukanipun Ki Bebau Kidul ketingal abrit kenging kringet ingkang kacaruban rah. Ki Bebau Kidul sansaya waringutan, nanging panggah boten saged ngimbangi kacukatanipun Ki Sarana nyolahaken dedamelipun.

       Dumadakan Ki Jagabaya Bontot ingkang waunipun namung kendel ningali, mencolot mlebet dhateng salebeting kalangan. Kanthi pedhangipun ingkang ageng, Ki Bontot gentos angrangsang dhateng Ki Sarana. Kanthi makaten paprangan ingkang suwaunipun sampun ngetingalaken bilih Ki Sarana badhe unggul, samangke lajeng salin kawontenan. Dipun krubut kalih Ki Sarana tuhu kacipuhan tandangipun. Malah saya dangu Ki Sarana sansaya kadheseg mundur, wongsal-wangsul gedandapan ngendhani gegaman kalih ingkang duginipun boten sesarengan. Saya dangu sansaya ketingal kendho tandangipun Ki Sarana, rasukan ingkang dipun engge ing prenah geger sampun ketingal abrit kenging rah ingkang campur kringet, jalaran sampun wongsal-wangsul pucuking pedhangipun Ki Jagabaya Bontot  saged nggarit prenah gegeripun Ki Sarana.

       Sumerep kawontenanipun Ki Sarana ingkang sampun kethetheran lan kendho tandangipun, kekiyatanipun Ki Bebau Kidul kados pulih malih. Solahipun wangsul cukat malih. Kados gadhah mripat, pucuking tumbak ingkang kabekta Ki Waruju tansah kekiteran ngubengi gulunipun Ki Sarana. Sawatawis menika, Pedhang ing tanganipun Ki Jagabaya Bontot ugi ketingal kados solahing sawer bandhotan ingkang nembe kebrongot jalaran ngadhepi solahipun kadhal. Lan nalika Ki Sarana sampun sansaya ketleyek, dumadakan tumbakipun Ki Bebau Kidul saged ngengingi nunjem prenah pupunipun Ki Sarana. Ki Sarana njerit awit keraos sakit, temah ical kaprayitnanipun. Inggih ing wekdal ingkang makaten kala wau, pedhangipun Ki Jagabaya Bontot ebah badhe nembus jejantungipun Ki Sarana. Ki Sarana rumaos sampun boten saged ngendhani utawi nangkis malih, salebeting manah kantun pasrah dhateng pangwasanipun Gusti Allah. Mripatipun dipun remaken awit boten wantun ningali pucuking pedhangipun Ki Jagabaya nyudhet dhadhanipun lan nyigar jejantungipun. Anggraita salebeting wardaya bilih namung dumugi samanten anggenipun gesang ing ngalam donya menika.

       Nanging dumadakan Ki Sarana ingkang sampun ngraos dumugi watesing gesang. Mireng suwanten gumebrug banter, kasusul suwanten pisuh ingkang sora. Boten krasa Ki Sarana mbikak mripatipun. Ing ngajengipun ketingal Puranta ingkang ngadeg kalihan pasang kuda-kuda kalih mripatipun boten kedhep nguwasi Ki Jagabaya Bontot lan Ki Bebau Kidul ingkang dhawah glangsaran ing siti kalih misuh-misuh boten kantenan.

       “Tulung ndika mundur dhisik Ki Sarana” tanpa mawi noleh Puranta wicanten dhateng Ki Sarana kanthi suwanten ingkang lirih nanging saged kapireng dening ingkang dipun ajak guneman “tak tetere sepira kasudirane menungsa loro sing dhemen tumindak sawenang-wenang dumeh kasampiran panguwasa iki”.

       Ki Sarana boten semaur nanging inggih kanthi rekaos lajeng mundur, katampen dening kancanipun badhe kaupakara tatunipun. Titiyang ingkang boten nyana menawi Puranta jebul nadyan sakedhik nggadhahi kaprigelan ing reh ulah kanuragan, sami ngungun. Nanging ugi wonten ingkang lajeng keplok-keplok ngetingalaken senenging manahipun dene Puranta saged damel Ki Bebau Kidul lan Ki Jagabaya dhawah glangsaran, kamangka nalika semanten boten mbeta dedamel menapa-menapa.

       “Maling edan keparat” Ki Bebau Kidul misuh-misuh kalih tangi saking anggenipun dhawah “aja mbok kira kowe wis menang Maling elek sing wanimu mung nglimpe ora wani adu dhadha, nyata kowe menungsa sing licik , babar pisan ora duwe watak Satriya”.

       Dipun pisuhi makaten menika Puranta namung mesem, sakedhik kemawon boten ngetingalaken menawi manahipun dados serik awit dipun pisuhi dening Bebau Kidul.

       “Saseneng lan sagelem ndika arep ngarani aku wong apa Ki Bau” ing sela-selaning esemipun Puranta suka wangsulan “nadyan aku ora kandha wong sak mene akehe iki ana sing wuta, kabeh padha weruh lan ngerti ana Bebau lan Jagabaya sing jarene sekti, nanging lagi ngadhepi sawijining Sapukawating Kalurahan wae wedi nek maju ijen, wanine krubutan kaya kirik sing ngrubut cempe cilik”.

 

Ana candhake

Minggu, 12 Februari 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (025)


 

25.

       Dereng ngantos setunggal wulan jumeneng dados Lurah, Jaswana ingkang samangke ngagem asma Ki Tambak Kapindho sampun ngecakaken kawicaksanan enggal kanthi ngewahi kawicaksanan ingkang sampun katetepaken dening Ki Tambak Kapisan. Jaman Ki Tambak Kapisan sasampunipun Ki Wungkul lengser saking kalenggahan minangka Bebau ing Sela lan kagantos anakipun, sesepuhing para Bebau lajeng kapasrahaken dhateng Bebau Tengah ingkang yuswanipun sepuh piyambak katimbang Bebau ing Padhukuhan sanesipun. Samangke dening Ki Tambak Kapindho sesepuhing Bebau Sakalurahan Tambak kapasrahaken dhateng Bebau Kidul, ingkang taksih kaprenah Pamanipun Nyai Lurah utawi Nyai Tambak Kapindho. Lajeng ki Bontot ingkang suwaunipun namung Kabayan ingkang jejibahanipun namung ambiyantu Bebau Kidul kainggahaken pangkatipun dados Jagabaya Desa ingkang mbawahi para Jagabaya ing padhukuhan sa Kalurahan. Bebau Tengah ingkang ngrumaosi sampun radi lunges ing yuswa, inggih namung saged nurut menapa ingkang dados kawicaksananipun Ki Tambak Kapindho. Namung ing salebeting batos nraos eman dene ingkang kapiji anyulihi piyambakipun kok Bebau Kidul ingkang miturut pamawasipun , kirang anjangkepi sarat masrut, jalaran Ki Bebau Kidul ingkang nami Ki Waruju menika katthah kawula ingkang ngraosi ingih jalaran taksih remen ngabotohan lan ngunjuk unjukan ingkang damel wuru. Makaten ugi kawicaksanan ingkang nginggahken pangkatipun Ki Bontot, ingkang yuswanipun boten kaot tebih kalihan yuswanipun Bebau Tambak. Ki Bontot menika ugi nggadhahi pakulinan ingkang kirang nocogi manahipun para kawula, awit remen meksa sinten kemawon murih nggega dhateng pamanggihipun kanthi ngugungaken kuwaosipun.

       Lan mila saestu sareng kawicaksananipun Ki Tambak Kapindho menika dipun cakaken, Ki Bebau Kidul menapa dene Ki Bontot lajeng malih slaganipun. Kekalihipun lajeng asring ngendel-endelaken dumeh sampun kasampiran panguwaos dening Ki Tambak Kapindho, lajeng remen tumindak sakajengipun piyambak. Ingkang makaten wau ndadosaken prihatosipun para Bebau, Para Sapukawating Kalurahan miwah para kawula ing Kalurahan Tambak.

       Ki Bau Tengah ingkang nyumerepi kedadosan ingkang saged nuwuhaken risaking tata reh parentah ing Tambak, boten wantun matur piyambak dhateng Ki Tambak Kapindho, nanging lajeng ngandharaken pamanggihipun dhateng Puranta, ingkang semahipun taksih kaprenah pulunanipun piyambak.

       “Menawi kula kalerenan anggen kula dados sesepuhing para Bebau menika estunipun malah kaleresan anakmas” criyosipun Bebau Tengah dhateng Puranta “awit kula piyambak inggih sampun rumaos sepuh, tenaga kula sampun kathah susutipun. Namung kemawon, menawi ingkang nggentosi kula menika Ki Bau Kidul, raosing manah kula kok kirang sreg. Jalaran anakmas Puranta piyambak mesthinipun ugi sampun uninga menggah tekunipun Ki Waruju ingkang kathah nyebal saking piwucaling agami ingkang dipun rasuk, kados dene anggenipun remen ngabotohan adu sawung, dhadhu kodhok ula, ngunjuk arak saha remen gontas-gantos selir kanthi boten mawi rikuh pakewuh makaten menika”.

       “Inggih Paman Bau” wangsulanipun Puranta angegongi panglocitaning Bebau Tengah “kajawi saking menika, kawicaksananipun Ki Lurah ingkang sanesipun ugi kula raosaken boten trep, inggih menika kanthi ngangkat drajatipun Ki Kebayan Bontot dados pangareping para Jagabaya. Kamangka awakipun piyambak sarta para kawula ing Tambak meh sedaya sampun sami sumerep menggah pakulinan ingkang boten sae ingkang asring katindakaken dening Ki Bontot”.

       “Bares kemawon Anakmas” Bebau Tengah wicanten malih “badhe atur pemut dhateng Ki Lurah, kula ajrih, kula kuwatos dipun wastani menawi boten lila masrahaken jejibahan minangka Sesepuhing Bebau menika. Saha kula ajrih menawi kula nampi suwanten ingkang damel sakiting manah kula. Nanging menawi kawicaksanan ingkang boten wicaksana menika boten kaleresaken murih leresipun, kula kuwatos Kalurahan Tambak ingkang sampun tumata awit katata kanthi premati dening Ki Tambak Kapisan badhe bibrah jalaran kawicaksananipun Ki Tambak Kapindho menika”.

       “Inggih Paman” Puranta suka wangsulan “mila kedah ingkang saged atur pemut dhateng Ki Lurah ing babagan menika, nanging Paman rak ugi pirsa bilih manut pranatan Kalurahan ingkang enggal menika, jejer kula namung kawula limrah, menawi badhe ngaturaken pamanggih magepokan kalihan tata rakiting parentah ing Kalurahan Tambak kedah mawi lantaran para-para ingkang sampun piniji, kados dene Bebau utawi Sapukawating Kalurahan. Malah kangge ndherek ing parepatan saben sepeken ing pendhapa Kalurahan kemawon kula ugi boten gadhah wewenang kangge ngaturaken pamanggih kajawi langkung rumiyin nitipaken pamanggih menika dhateng ingkang kasebat kala wau”.

       “Nanging ndika kedah emut lho anakmas” Bebau Tengah wicanten malih.

       “Emut bab menapa Paman?” Puranta pitaken.

       “Salah satunggal ingkang anjalari kula kalerenan saking Sesepuhing para Bebau menika boten saged kapisahaken kalih atur kula dhateng Ki Tambak Kapisan saderengipun lengser saking Kalurahan. Nalika samanten meh kemawon kula paben kalihan Bebau Kidul, jalaran kula dipun sujanani boten badhe sarujuk menawi Gus Jaswana ingkang kapasrahan Kyai Pantek lan mila estunipun ingkang wenang nampi Kyai Pantek menika menawi nurut Paugeran harak namung ndika Anakmas Puranta? Nanging jebul anakmas Puranta malah ngersakaken ingkang nggentosi ingkang Bapa, Ki Lurah ingkang samangke menika. Estunipun kula ngertos, menawi anggen ndika masrahaken kalenggahan Lurah menika kajawi kasurung raos percaya lan tresna dhateng Ki Lurah ingkang sak niki niku, ugi jalaran Anakmas ngeman menawi ngantos Kalurahan Tambak wonten dahuru, awit pangincimipun Bebau Kidul lan Kebayan Bontot ingkang ngumbar suwanten ing pundi-pundi nanging boten ngakeni, menawi ngantos mbenjang menawi ingkang gumantos Lurah dede Gus Jaswana, badhe damel kisruh ing Tambak mriki lan kula piyambak ugi nimbangi kanthi nyebar suwanten kados Ki Bau Kidul lan Ki Bontot, menawi badhe mbabati sok sintena ingkang damel kisruhing Kalurahan lan mila kula sampun nyiyagaken kekiyatan kalihan Ki Jagabaya jalaran kula sumerep menawi Ki Bebau Kidul lan Ki Bontot sampun nusun kekiyatan kangge damel kisruhing kalurahan”.

       “Inggih Paman kula ugi ngakeni bab menika” Puranta suka wangsulan “Kula kinten, Ki Waruju menapa dene Ki Bontot badhe mendha menawi kula purun ngalah, nanging jebul malah kados makaten kawusananipun. Kula pitados anggenipun Ki Lurah kagungan kawicaksanan-kawicaksanan ingkang boten wicaksana menika, boten awit kersanipun piyambak, nanging awit saking pambujukipun Ki Bebau Kidul lan Ki Bontot”.

       “Menika sampun cetha Anakmas” Bebau tengah wicanten kalih mesem “jalaran boten mokal menawi Ki Waruju menapa dene Ki Bontot menika taksih ngigid-igid dhateng Ki Tambak Kapisan lan para putranipun, dhateng kula ugi dhateng Ki Wungkul lan turun-turunipun, jalaran taksih dereng narimakaken pejahipun Ki Butulan kala rumiyin. Ki Waruju lan Ki Bontot nginten menawi pejahipun Ki Butulan jalaran paekanipun Ki Lurah, kula lan Ki Wungkul, menika ketitik saking sumebaring cariyos ngayawara ing wande-wande ingkang nyariyosaken bilih tiyang sepuhipun Ki Waruju menika rumiyin tiyang ingkang satuhu wicaksana. Kamangka kanyatanipun boten leres”.

       “Inggih Paman” Puranta suka wangsulan “badhea kados menapa, kula ugi kedah ngakeni menawi lahiripun kawicaksanan ingkang boten wicaksana menika, kula tumut udhu lan kedah tanggel jawab. Inggih awit saking menika, kula nyuwun pangestu dhateng Paman Bebau, kula badhe sowan ing ngarsanipun Kakangmas Jaswana, badhe atur pemut murih Kakangmas Jaswana wangsul malih ngambah margi ingkang sampun ginarisaken dening Bapa Raden Riyasa salebeting Kakangmas Jaswana ngayahi jejibahan mninangka Lurah ing Kalurahan Tambak mriki menika”.

       “Menika kula kinten inggih langkung prayogi Anakmas” tumanggapipun Bebau Tengah kalih mesem “nanging Anakmas kedah ngatos-atos, sampun ngantos kadenangan Ki Bebau Kidul menapa dene Ki Bontot. Awit menawi ngantos tiyang kalih menika ngertos bab menika, kajawi aturipun Anakmas Puranta dhateng Anakmas Jaswana badhe muspra tanpa gina, ugi saged ngundang memala tan wurunga kekalihipun badhe maeka murih Anakmas Puranta cilaka”.

       Saestu anuju satunggaling sonten ing wanci sabibaring serap surya, ing wekdal ingkang mirunggan, Puranta siyos sowan dhateng dalem Kalurahan. Ujubipun namung martuwi kasugenganipun ingkang raka inggih Ki Jaswana ingkang sampun jumeneng kanthi sebatan Ki Tambak Kapindho. Ki Lurah Tambak Kapindho sanget suka penggalihipun awit sowanipun Puranta menika. Kekalihipun lajeng sami jejagongan ingkang gayeng, jejagonganipun kakang kalih adhinipun. Inggih ing kalodhangan menika, Puranta lajeng ngaturaken murih Ki Lurah Tambak Kapindho kersa amirsani malih kawicaksanan enggal ingkang dipun cakaken. Kathah-kathah anggenipun Puranta ngaturaken bab prihatosing para Bebau, Para Sapukawating Kalurahan mandhapipun para kawula, awit slaganipun Ki Bontot lan Ki Bau Kidul ingkang dhemen tumindak kanthi akekudhung panguwaos lajeng damel kuciwaning para kawula.

       Midhanget aturipun ingkang Rayi makaten menika, Ki Tambak Kapindho lajeng ngendika :

       “Iya Dhimas, aku banget ngaturake panuwun marang Dhimas Puranta. Kabeh kang Dhimas kandhakake iki bakal tak gagas tak limbang lan tak timbang, yen merga kawicaksanan sing wis tak cakake bisa mbebayani tumrap karaharjane Kalurahan Tambak iya mesthi bakal tak suwak lan tak ganti nganggo kawicaksanan kang jumbuh karo kang dibutuhake dening Kalurahan lan kawula ing Tambak kabeh”.

       “Ngaturaken genging panuwun Kangmas” kantho raos marem Puranta ngaturaken panuwun dhateng Ki Tambak Kapindho.

       Sasampunipun kaanggep sampun cekap betahipun, Puranta lajeng pamitan badhe wangsul dhateng griyanipun malih. Ki Tambak Kapindho inggih lajeng nguntabaken wangsulipun Puranta ngantis dumugi regol ngajeng. Kalihan mlampah wangsul Puranta nggagas, bilih boten dangu malih para-para ingkang sami kacuwan awit kawicaksananipun Ki Tambak Kapindho, badhe tumuli mantun. Estunipun salebeting manah Puranta ugi kepengin daya-daya saged manggihi Bebau Tengah kangge ndumugekaken wartos ingkang dipun anggep ngremenaken menika, nanging gandheng kawontenan sampun radi dalu, Puranta lajeng murungaken anggenipun badhe bablas dhateng griyanipun Bebau Tengah. Ing batos badhe manggihi Ki Bau tengah ing dinten candhakipun kemawon.

       Nanging jebul petanganipun Puranta mleset, dinten enjingipun Puranta jebul repot magepokan kalihan anggenipun badhe nanem pantun ing sabinipun. Repotipun Puranta boten cekap setunggal dinten, nembe ing dinten katiga Puranta radi longgar. Lajeng enjingipun tata-tata badhe dhateng griyanipun Bebau Tengah.

       “Kula nuwun Gus” dumadakan nalika Puranta badhe menyat saking griyanipun wonten tamu tiyang kalih, inggih sapukawating Kalurahan ingkang asikep dedamel ingkang jangkep. Puranta radi ngungun manahipun. Lajeng pitaken menapa pikajengipun sapukawating kalurahan kekalih menika dumugi ing griyanipun kanthi asikep dedamel ingkang jangkep.

       “Nyuwun pangapunten Gus” wangsulanipun salah satunggal saking Sapukawating Kalurahan menika “kula namung sadremi nindakaken kuwajiban, inggih menika anglarapaken Gus Puranta ing sangajenging Parepatan Dhusun. Awit saking menika, murih saenipun sumangga Gus Puranta kula dherekaken bidhal sak niki ugi dhateng Pendhapa Kalurahan, sampun ngantos ndadak kula ngginakaken pamrawasa”.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (026)


 

26.

       Mireng wicantenipun saha sumerep sikepipun Sapukawating Kalurahan ingkang kados makaten kala wau, estunipun salebeting manahipun Puranta sanget ing boten remenipun. Wiwit alit ngantos diwasa, dereng nate wonten tiyang ingkang wicara keras dhumateng piyambakipun. Namung ing enjing menika tanpa wonten jawah tanpa wonten angin, dumadakan dipun getak mawi suwanten sangar dening laren nem-neman ingkang  namung sadarajating Sapukawat Kalurahan. Boten kraos kabekta saking runtiking manahipun, Puranta sampun ngepelaken tanganipun. Lan badhe gentos anggetak dhateng Sapukawating Kalurahan ingkang sampun tumindak degsura dhateng piyambakipun menika.

       Nanging dumadakan Puranta kengetan kalih piwucaling Biyungipun, inggih Nyai Lurah Sidhem ingkang nate paring piwucal menawi ngadhepi menapa kemawon kedah mawi nalar ingkang resik, sepen saking raos nesu. Awit menawi manah sampun kacondhokan raos kanepson, mangka adhakanipun ndadosaken nalar boten saged memikir kanthi leres. Awit saking menika, tangan ingkang sampun ngepel kala wau nunten dipun kendhoni malih lan kanthi suwanten ingkang alus Puranta pitaken dhateng Sapukawating Kalurahan kala wau :

       “Mengko dhisik Kisanak, ndika kadhawuhan supaya nglarapake aku ing parepataning Ki Lurah lan Para Bebau lan Sapukawating Kalurahan iki apa sing dadi jalarane?”

       “Sampun kekathahen rembag Ki Puranta” Sapukawating Kalurahan menika wangsulan mawi suwanten ingkang sengol “prakawis menapa ingkang dados jalaranipun ndika kalarapaken ing Parepataning Ki Lurah lan Para Bebau miwah Para Sapukawating Kalurahan menika dede prakawis kula. Ingkang baken kula kedah saged nglarapaken ndika mrika, sokur menawi ndika nurut kemawon dene menawi boten nurut, kula kekalih sampun kaparingan purba wasesa murih saged mbekta ndika dhateng Pendhapa Kalurahan enjing menika ugi”.

       “Yen pancen mangkono aku ora kabotan ndika irit menyang Pendhapa Kalurahan” Puranta wangsulan kanthi suwanten ingkang cetha “nanging aku tak pamit dhisik marang bojoku supaya ora rumangsa kelangan banjur nggoleki aku menyang ngendi-endi”.

       “Mangga Ki Puranta, nanging sampun dangu-dangu lan sampun nyobi badhe nglimpe lajeng nglungani kula” Sapukawating Kalurahan menika wicanten malih.

       “Senadyan dudu watake Puranta wedi ing kewuh lan tinggal glanggang colong playu, nanging yen ndika ora ngandel karo kandhaku ndika bisa ngetutne aku mlebu omah nemoni sisihanku!” wangsulanipun Puranta ingkang lajeng mlebet griya badhe madosi semahipun.

       Sapukawating Kalurahan wau boten semaur, nanging lajeng ngetutaken Puranta mlebet ing griya kanthi siyaga dedamelipun.

       “Sirep, esuk iki aku ora ngerti ana apa, dumadakan kaya pasakitan aku ditimbali supaya ngadhep ing parepataning Ki Lurah karo Para Bebau lan Para Sapukawat ing Pendhapa Kalurahan” Puranta wicanten dhateng semahipun.

       “Gek ya ana apa ta Kakang? Jarene ndika wingenane lagi wae sowan marang Ki Lurah lan ditampa kanthi becik? Kok dumadakan Kakang guneman kaya mangkono?” Sirep rumaos boten sekeca manahipun mireng wicantenipun ingkang jaler makaten kala wau. Mila Sirep menika dening Puranta kawulang murih boten ngginakaken basa krama manawi wicanten kalihan piyambakipun, criyosipun murih boten wonten raos manawi drajatipun Sirep mapan ing sangandhapipun Puranta.

       “Mengko wae nek aku wis tekan Pendhapa Kalurahan rak ya ngerti sing dadi sebabe” wangsulanipun Puranta “ora liwat aku meling kowe neng omah sing ngati-ati, lan manawa nganti wayah bedhug aku durung bali kowe tak lilani ngungak aku menyang Kalurahan”.

       “Iya Kakang, muga-muga ora ana apa-apa” Sirep wangsulan kanthi suwanten ingkang nyingidaken raos kuwatos ing manahipun.

       Puranta lajeng asung sasmita dhateng Sapukawating Kalurahan ingkang ngetutaken lampahipun wau, dipun ajak bidhal dhateng kalurahan jumbuh kalihan jejibahan ingkang dipun emban dening Sapukawating Kalurahan kekalih menika.

       Sadumuginipun Puranta ing Pendhapa Kalurahan, ingkang dipun sumerepi Puranta boten wonten ingkang nggadhahi ulat padhang dhateng piyambakipun. Malah polatanipun Ki Tanbak Kapindho, inggih Ki Lurah Tambak, ketingal mbrabak abrit sajak ngampet ing dukanipun. Makaten ugi para Bebau lan para Pamong miwah para Sapukawating Kalurahan. Namung Ki Bebau Tengah ingkang ketingal surem, soroting mripatipun nedahaken raos welas ingkang tanpa alis, kabekta raos ajrih menawi Welas temahan lalis, dhateng Puranta.

       “Puranta kowe ngerti yen aku wis ngerti kabeh tumindakmu sing licik kanthi tutup sikepmu sing alus kuwi?” dumadakan dereng ngantos linggihipun katata kanthi sakeca Puranta sampun dipun dangu dening Ki Lurah mawi suwanten ingkang nedahaken menawi Ki Lurah nembe duka.

       “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” kanthi suwanten ingkang alon nanging cetha Puranta nyuwun pirsa dhateng Ki Lurah ingkang taksih kadangipun sepuh menika “bares kemawon kula boten mangertos kalihan dhawuh jengandika ingkang makaten menika. Menawi keparengaken mbok inggiha Ki Lurah paring dhawuh ingkang cetha!”.

       “Lemes ilatmu, manis lambemu, nanging aku wis ora kena mbok apusi maneh yen kowe nyingidake kekarepan sing nistha ing atimu” Ki Lurah ngendika malih suwantenipun cetha nedahaken bilih manahipun nembe benter “ora ana wong sing nyana yen Putrane Ki Tambak Kapisan ya putrane Raden Riyasa jebul dhemen ngliwati dalan sing ora pantes dilakoni dening manungsa sing duwe watak satriya, kanggo mujudne kekarepane. Minangka sedulurmu tuwa, aku wis mbudidaya aweh pamomong lan pangayoman marang kowe kanthi sabecik-becike, nanging tinemune kowe malah arep nlikung aku saka pungkuran, arep nyuduk gegerku saka mburi”.

       Puranta ingkang dereng mangertos bongkot pucuking ukara ingkang dipun dhawuhaken Ki Lurah, namung kendel. Awit Puranta ngertos menawi Ki Lurah nembe duka lan salah pandakwa dhumateng piyambakipun. Menawi ngantos kawangsulan tan wurunga inggih badhe mewahi kanepsonipun Ki Lurah Jaswana. Awit saking menika, Puranta lajeng milih kendel kanthi tumungkul. Mangke kemawon manawi sampun  kaparingan wekdal kangge wicanten badhe matur lan kanthi alon lan ngleresaken pandakwanipun Ki Lurah ingkang lepat menika.

       “Saiki ngene wae” Ki Lurah nglajengaken anggenipun ngendika “mumpung aku durung kebacut nesu lan isih gelem ngelingi nek kowe kuwi satemene isih sedulurku, sanadyan aku dilahirake dening Biyung sing isih trahing priyayi saka Pajang lan Biyungmu jebul mung sadrajating batur. Luwih becik yen kowe gelem ngaku, Dhuwung Kyai Pantek saiki mbok singidake menyang ngendi he?”.

       Kraos kaget manahipun Puranta, jebul piyambakipun kadakwa sampun nyingidaken Piyandel Kalurahan Tambak inggih Keris Kyai Pantek. Babar pisan Puranta boten ngreken panginanipun Ki Lurah dhateng Biyungipun kala wau.

       “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” kanthi suwanten ingkang kepireng kedher Puranta atur wangsulan “sampun malih kok nyingidaken Kyai Pantek, saemut kula nyenggol ukiranipun kemawon kula boten badhe wantun, jer menika sipat kandeking Kalurahan Tambak wiwit jaman rumiyin. Dados kula inggih boten mangertos ing pundi papanipun Dhuwung Kyai Pantek menika”.

       “Dadi kowe isih arep selak yen Keris Kyai Pantek wis mbok colong saka plangkane he?” Ki Lurah sansaya muntab mireng aturipun Puranta ingkang makaten menika “aku wis ngerti yen tekamu ing Kalurahan wingenane wengi sing jaremu mung merga kowe wis kapang bisa jejagongan kanthi mirunggan karo sedulurmu tuwa kae, jebul mung sikep kang lelamisan, kowe mung butuh arep madik ing ngendi dununge Kyai Pantek sing banjur mbok colong mau bengi kuwi. Ngertiya Puranta, sadurunge kowe diparani Sapukawating Kalurahan ing omahmu mau, ing parepatan esuk iki aku wis ngabarake marang Para Bebau, Para Pamong lan Para Sapukawating Kalurahan kabeh yen Kyai Pantek ilang saka papan plangkane.  Maune aku ora nggagas babar pisan kanggo ndakwa kowe, nanging jebul Paman Bontot lan Bebau Kidul luwih dening waskitha lan waspada. Paman Bebau Kidul apa dene Paman Jagabaya Bontot luwih dhisik wis ngerti saka sasmita sing ditampa saka pusakane dhewe-dhewe, yen Kalurahan Tambak iki kancam dening bebaya gedhe, jalaran ana sing nyidra Kyai Pantek kanggo ngrebut panguwasa saka tanganku. Lan luwih cetha maneh sawise paman Bebau Kidul lan Paman Jagabaya Bontot kaparingan ngerti dening pusaka piyandel peparinge Ki Butulan jaman semana, yen sing nyidra Keris Kyai Pantek kuwi ora ana liya kajaba sedulurku dhewe. Kowe ngerti sapa sedulure Ki Tambak Kapindho ya Jaswana iki nek dudu kowe, Puranta. He ?”.

       “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” sareng sampun boten kiyat ngempet anggenipun kepengin wicanten, Puranta lajeng nyela atur “dados anggen jengandika ndakwa dhumateng kula nyidra Kyai Pantek menika namung wewaton criyosipun Ki Bebau Kidul miwah Ki Jagabaya Bontot ingkang ngaken sampun nampi wangsit saking pusakanipun ingkang pusaka kasebat boten saged micara menapa-menapa menika?. Menapa wewaton ingkang makaten menika jumbuh kalihan nalar ingkang wening Ki Lurah? Cobi Ki Lurah kendel sakedhap kaparenga menggalih kanthi weninging pikir ingkang linandhesan sucining manah”.           

       “Piye?” Ki Lurah nggetak Puranta kanthi suwanten ingkang sakalangkung sora “kowe wis wani nggorohake ature Paman Bebau Kidul lan Paman Jagabaya Bontot sing olehe matur ora ngawur, nanging nampa pituduh sing mijil saka pusaka kuna tinggalane Ki Butulan sing biyen melu babad alas yasa Kalurahan Tambak iki?”.

       “Nuwun sewu lan nyuwun pangapunten Ki Lurah” kanthi suwanten ingkang sareh, Puranta suka wangsulan “menawi Ki Lurah pitados dhateng Ki Bebau Kidul lan Ki Jagabaya Bontot, menika mila boten kenging kapaiben utawi dipun lepataken, nanging menawi Ki Lurah boten pitados dhateng aturipun lare ingkang sanadyan linahiraken dening Kere ingkang Minggah Bale, nanging lare menika taksih turasipun Ki Tambak Kapisan, taksih anakipun Raden Riyasa lan Ki Lurah pilih nggega wicantenipun tiyang ingkang namung anakipun Tiyang ingkang pejahipun awit nglalu ing pakunjaran sarana ngendhat mawi iket ing usuking pakunjaran, jalaran boten wantun ndhadhagi wirang jalaran sampun tumindak kados dene tumindaking kewan, inggih menika badhe mrosa asmara anak kuwalonipun piyambak. Menika ingkang kapireng aneh lan boten pinanggih ing nalar……..”.

       “Setan alas, maling ora genah, wani-wani gawe pitnah marang wong sing wis ora ana, iki jalukanmu!” dereng ngantos rampung anggenipun wicanten Puranta, karumiyinan pambengoke Ki Waruju inggih Ki Bebau Kidul ingkang wicanten ngaten menika sarwi sinarengan mencolot lajeng andugang sirahipun Puranta.

       Boten nginten duginipun bilahi, kenging duganganipun Ki Bebau Kidul ingkang sakayangipun, Puranta rebah dhawah glangsaran ing joganing pendhapa Kalurahan. Nanging gandheng Puranta rumiyin nate katuntun ing reh kanuragan dening tiyang sepuhipun, boten dangu anggenipun dhawah ugi lajeng saged tangi, ngadeg sarwi pasang kuda-kuda, siyaga ngadhepi Ki Waruju ingkang sampun ngliga kerisipun. Lan boten tebih ing wingkingipun Ki Waruju, jebul Ki Jagabaya Bontot ugi sampun siyaga kanthi nggegem gaganging pedhangipun ingkang sampun dipun liga.

 

Ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (024)


 

24.

       Ki Lurah ketingal radi kejot, nanging lajeng sinamudana temah boten kawistingal kejoting penggalihipun. Malah lajeng nata anggenipun lenggah, lajeng ngandika dhateng para ingkang wonten ing pendhapa sajak boten nggagas kalihan aturipun Bebau Tengah kala wau.

       “Apa kang dadi panemune Ki Bau Tengah sing wewaton Paugeraning Kalurahan pancen bener” ngendikanipun Ki Lurah “samengko mbok menawa ana Bebau utawa Sapukawat liyane sing uga duwe panemu magepokan karo sing lagi dirembug iki mau?”

       Boten wonten ingkang atur wangsulan kalihan pandangunipun Ki Lurah ingkang makaten menika. Ki Lurah nunten paring dhawuh :

       “Yen pancen wis ora ana, saiki aku arep takon marang anakku lanang Puranta, saupama dheweke tak pasrahi Kyai Pantek Piandel Kalurahan Tambak sing saiki isih tak enggo iki, kira-kira kuwawa nampani apa ora?”.

       “Nuwun sewu Bapa, kenging menapa ingkang badhe dipun pundhuti pirsa malah Dhimas Puranta? Kamangka kula pun Jaswana ugi sumadiya menawi Bapa badhe amundhut pirsa?” saderengipun Ki Lurah mundhut pirsa dhateng Puranta, Jaswana langkung rumiyin nyuwun pirsa, kenging menapa dene ingkang badhe dipun tari purun menapa botenipun nampi Kyai Pantek dede piyambakipun.

       “Sadurunge aku takon marang Puranta, anakku Jaswana lan kabeh wae padha sumurupa yen wewaton Paugeran sing dikandhakne dening Ki Bau Tengah mau, mangka kang kapisan duwe wewenang nampa piyandel Kyai Pantek lan nggenteni aku dadi Lurah ing Kalurahan Tambak kene iki ya mung Puranta. Jalaran Nyai Lurah sing saiki isih ana lan durung disulihi wong liya, kuwi ora ana liya kajaba Biyunge Puranta sing duwe jeneng Sidhem. Dene Biyunge Jaswana sing aran Mirasih wis luwih dhisik mangayun ing ngarsaning Pangeran bareng karo lahire Jaswana biyen…….” Ki Lurah lajeng nyethakaken menggah sinten Nyai Lurah ingkang samangke menika.

       “Dados kula menika dede putranipun Biyung Bapa?” Jaswana munggel pangandikanipun Ki Lurah kalihan panyuwunan pirsa, praupanipun Jaswana ketingal mbrabak abrit. Salebeting manahipun babar pisan boten pitados menawi piyambakipun dede putranipun Nyai Lurah ingkang samangke taksih sugeng menika.

       “Nuwun sewu Bapa” saderengipun Ki Lurah paring wangsulan dhateng Jaswana langkung rumiyin Puranta nyela atur “estunipun kula sampun dipun cariyosi dening Biyung, inggih cariyos ingkang miturut Biyung cariyosipun Kere Munggah Bale ing Kalurahah Tambak menika. Lan Biyung ugi sampun pirsa ungeling Paugeran Kalurahan, inggih karana menika Biyung nate mundhut pirsa dhateng kula, menggah sepinten agengipun raos tresna kula dhateng Kangmas Jaswana. Nalika samanten kula matur bilih katresnan lan bekti kula dhateng Kangmas Jaswana menika ngungkuli raos tresna kula dhateng badan kula piyambak. Lajeng Biyung dhawuh dhateng kula, menawi estu makaten kula kedah saged ambuktekaken katresnan kula dhateng Kangmas Jaswana, sarana mbudidaya murih Kangmas Jaswana benjingipun saged jumeneng Lurah nutugaken jejibahanipun Bapa, sawanci-wanci Bapa lengser. Inggih awit saking menika, dinten niki ugi kula nyuwun dhateng Bapa, mugi Bapa kersa ngginakaken ungeling Paugeran Kalurahan Tambak ingkang ngandhap piyambak, inggih menika Lurah ingkang dereng lengser kasampiran panguwaos masrahaken kalenggahanipun dhateng sinten ingkang dipun kersakaken. Lan dumugi dinten menika, Bapa taksih jumeneng minangka Lurah ing Tambak mriki. Awit saking menika, kaparenga Bapa dinten menika masrahaken kalenggahan Lurah dhateng Kangmas Jaswana. Kanthi makaten gumantosing lurah ing Tambak menika boten cengkah kalihan Paugeran ingkang wonten”.

       Midhanget aturipun Puranta ingkang makaten menika, sapandurat Ki Lurah boten saged ngendika menapa-menapa. Namung ing socanipun ketingal kekembeng waspa. Titiyang sapendhapa sami kendel, njegreg kados-kados kaperbawan dening aturipun Puranta dhateng tiyang sepuhipun murih masrahaken kalenggahan Lurah dhateng Jaswana. Kamangka sampun cetha menawi manut paugeran ingkang wonten, mesthinipun Puranta ingkang wenang nggentosi tiyang sepuhipun manawi Ki Lurah sampun lengser.

       “Jaswana…..” sasampunipun kendel radi dangu ki Lurah lajeng nimbali Jaswana, putranipun ingkang ageng.

       “Inggih Bapa?” wangsulanipun Jaswana alon kalih nglirik ingkang rayi nenggih Puranta.

       “Kowe wis ngerti unining Paugeraning Kalurahan lan uga wis krungu apa sing dadi ature adhimu Puranta marang pun Bapa, mesthine kowe uga bisa weruh sepira gedhening katresnane sedulurmu kuwi marang awakmu. Samengko aku arep takon, kepriye mungguh panemumu?” Ki Lurah paring wangsulan kanthi mundhut pamanggihipun Jaswana.

       “Kados ingkang wongsal-wangsul kula aturaken dhateng Bapa” Jaswana atur wangsulan “menapa ingkang kadhawuhaken Bapa dhateng keng putra pun Jaswana, kula namung badhe nyendikani dhawuhipun Bapa. Namung kemawon, magepokan kalihan aturipun Dhimas Puranta dhateng Bapa kala wau, menawi ingkang nglandhesi atur kala wau awit kabekta raos mesakaken dhateng kula, kula kinten Jaswana dereng pantes menawi nampi sih kawelasan saking sinten kemawon, kalebet saking sedherek kula piyambak, ingkang pranyata sedherek namung tunggal Bapa nanging benten Biyung menika”.

       “Puranta…..” Ki Lurah lajeng ndangu dhateng Puranta.

       “Inggih Bapa?” kanthi suwanten ingkang cetha Puranta atur wangsulan.

       “Sadurunge panyuwunmu mau tak sembadani, aku uga kepengin krungu kowe aweh wangsulan marang pitakone Kakangmu lagi wae iki mau, saiki coba wangsulana kanthi cetha!” Ki Lurah lajeng dhawuh murih Puranta mangsuli pitakenipun Jaswana.

       Puranta mesem lajeng njejegaken anggenipun linggih, tumunten wicanten:

       “Menawi kadangu menapa ingkang dados lelandhesan anggen kula ngaturaken panyuwunan dhateng Bapa kala wau, lelandhesanipun nuwun inggih katresnan sejati. Katresnan ingkang sejati boten badhe saged kapisahaken kalihan raos pitados dhateng ingkang dipun tresnani. Minangka kadang ingkang kaprenah nem lan kula ngraosaken sampun dipun mong dening Kangmas Jaswana kanthi tulusing katresnan, kula lajeng pitados menawi Kangmas Jaswana tuhu tresna dhateng kula. Makaten ugi kula, kula sakalangkung tresna lan bekti dhateng Kangmas Jaswana, dhateng Bapa, tuwin dhateng Biyung. Awit kula tresna lan bekti mila kula langkung pitados dhateng Bapa tuwin Biyung bilih sedaya ingkang kawucalaken dhateng kula tamtu piwucal ingkang sae ingkang badhe mbekta kasaenaning gesang kula. Sepisan malih kula ambali, bilih Biyung nate paring dhawuh dhumateng kula murih ambudidaya supados Kangmas Jaswana tembenipun saged nggentosi kalenggahanipun Bapa minangka Lurah ing Tambak mriki. Lan magepokan kalihan atur panyuwun kula dhateng Bapa kala wau, saestu kula pitados bilih Kangmas kiyat nampi jejibahan minangka Lurah menawi Bapa sampun lengser, tegesipun kiyat badhe nindakaken kuwajibaning Lurah kanthi sasae-saenipun, sae tumrap Kalurahan lan Kawula ing Tambak sedaya. Menika ingkang dados lelandhesan atur panyuwun kula kala wau Bapa. Dados tebih saking raos mesakaken awit saestu kula mangertos Kangmas Jaswana boten betah dipun mesakaken dening titah ingkang wujudipin namung sak kula menika”.

       “Yen pancen mangkono, aku minangka wong tuwamu lan minangka Lurah ing Tambak kene, bakal nuruti apa kang dadi panjalukmu” Ki Lurah paring wangsulan kanthi suwanten ingkang anteb. Kasambung paring dhawuh mawi suwanten ingkang sora, katujokaken dhateng sedaya ingkang nembe wonten ing Pendhapa :

       “Para sedulurku kabeh, aku njaluk wangsulan marang ndika kabeh, apa ndika kabeh bakal panggah setya lan bekti marang Kalurahan Tambak iki, saupama  Lurahe wis dudu aku maneh?”.

       “Kasetyan lan bekti kula dhateng Kalurahan Tambak boten badhe ewah Ki Lurah, ngantos benjing kukuding jagad” ingkang atur wangsulan Ki Bebau Tengah, ingkang kalajengaken nari para ingkang sami wonten Pendhapa sedaya : “Rak ya mangkono ta Sedulur kabeh?”.

       “Nggiiiiiiiiiih……” boten wonten setunggal-setunggala saking para ingkang wonten pendhapa ingkang boten semaur makaten menika.

       “Sabanjure aku njaluk paseksen ndika kabeh” Ki Lurah ngendika malih “dina iki uga, kalungguhan lurah sing sasuwene iki tak cekel, tak pasrahake marang anakku lanang Jaswana lan wiwit dina iki sing wenang nindakne jejibahan Lurah ing Kalurahan Tambak kene ya anakku lanang Jaswana. Apa ana saka ndika kabeh sing ora sarujuk marang kawicaksanan iki lan ora gelem dilurahi dening anakku lanang Jaswana?”.

       “Boteeeeeeeen……” ambata rubuh wangsulanipun tiyang sapendhapa.

       Ki Lurah lajeng nglolos dhuwung ingkang dipun agem, nuwun inggih Kyai Pantek lajeng kaparingaken dhateng Jaswana minangka tandha menawi Jaswana sampun jumeneng dados Lurah ing Tambak. Sasampunipun sepisan malih Ki Lurah Jaswana ngekahaken kasetyanipun Para Bebau, Para Sapukawating Kalurahan lan Para pamong sanesipun, pakempalan enjing menika lajeng bibar. Ingkang Kantun namung Raden Riyasa ingkang sampun boten dados Lurah malih, Jaswana ingkang sampun ngagem sebatan Ki Lurah Jaswana tuwin Puranta.

       “Ki Lurah lan sira Puranta……” Raden Riyasa nimbali putranipun kekalih.

       “Inggih Bapa” meh sareng Puranta lan Jaswana atur wangsulan.

       “Sawise kalungguhan Lurah tak pasrahake marang Ki Lurah Jaswana, sesuk esuk sadurunge pletheking surya aku karo Biyungmu bakal pangkat menyang Batapawon lan ora bakal bali maneh menyang Tambak kene” dhawuhipun Raden Riyasa dhateng yoganipun kekalih “mung welingku marang kowe ngger anak-anakku kabeh, kowe bocah loro kudu tansah rukun nganti kukuding jaman, aja nganti padha tukar padu gedhene nganti padha kerengan, padha reksanen dhewe-dhewe sedulurmu. Jaswana kudu ngreksa kaslametane Puranta lan Puranta kudu ngreksa kaslametane Jaswana. Ora ana ing antarane Jaswana lan Puranta sing tak lilani padha negakne siji lan sijine, ya negakne larane gedhene negakne marang patine. Jagad anekseni, Gusti Midhanget lan Maha Mirsani, yen nganti pawelingku iki ana sing nyidrani ing kono margane bakal lebur tanpa dadi” Raden Riyasa pamitan lan anilar wekas dhateng Ki Lurah Jaswana miwah Puranta.

       Kekalihipun inggih lajeng sami angestokaken dhawuh lan janji bilih badhe setya dhateng pawelingipun ingkang Bapa, kairing sumpah sok sintena ingkang amiwiti cidra mangka inggih piyambakipun ingkang badhe angrumiyini sirna.

       Raden Riyasa lajeng mlebet dhateng dalem Kalurahan,  Nyai Lurah inggih Sidhem kaparingan pirsa bilih dinten menika kalenggahan Lurah sampun kapasrahaken dhateng Jaswana. Nyai Lurah Sidhem ugi sampun nglenggana lan nampi wartos menika kanthi sukaning manah. Lan nalika Raden Riyasa dhawuh bilih badhe amiwiti gesang enggal ing Pratapan Batapawon, Sidhem inggih badhe ndherek. Enjingipun anyarengi mega abrit ing langit sisih wetan njudhul, Raden Riyasa pamitan kangge ingkang pungkasan dhateng putra-putranipun. Lurah Jaswana nguntapaken jengkaripun ingkang Bapa ngantos dumugi regol ngajeng. Dene Puranta lan Sirep, semahipun, ndherekaken jengkaripun Raden Riyasa ngantos tapel watesing Kalurahan, nembe mandheg anggenipun mlampah ndherekaken tiyang sepuhipun sasampunipun Raden Riyasa paring dhawuh murih Puranta lan semahipun wangsul dhateng griyanipun malih.

 

Ana candhake.

Jumat, 10 Februari 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (023)


 

23.

       Sapejahipun Ki Butulan mangka Padhukuhan iring Kidul, komplang boten wonten Bebaunipun. Jalaran yoganipun Ki Butulan ingkang mijil jaler ingkang nami Waruju nembe umur gangsal tahun. Kangge sawatawis wekdal kangge mangreh lan angesuhi Padhukuhan iring Kidul menika dipun rangkep dening Ki Bebau Tengah. Sareng sampun sekawan wulan, anyarengi kalihan sapeken anggenipun Ki Bau Tambak Tengah amboyong Puranti dhateng Tambak lan kasengkakaken minangka Nyai Bebau Tambak Tengah, kanthi pasarujukananipun para manca kaki saha para Bebau sanesipun tuwin para Sapukawating Dhusun Tambak, Ki Bontot, nuwun inggih rayinipun Ki Butulan ingkang alit piyambak, dening Ki Lurah Kapiji minangka Bebau Wakil ing Padhukuhan iring kidul mriku. Mila kawastanan Bebau Wakil, jalaran Ki Bontot anggenipun nindakaken kuwajiban minangka Bebau sadremi makili Waruju ingkang dereng diwasa. Mangke menawi Waruju sampun yuswa pitulas tahun, Ki Bontot kedah masrahaken kalenggahan Bebau dhateng Waruju lan Ki Bontot badhe kadadosaken Kabayan inggih menika Pamong ingkang kabawah dening Ki Lurah dene jejibahanipun ambiyantu Waruju ingkang sampun kasengkakaken minangka Bebau gumantos kalenggahanipun Ki Butulan ingih tiyang sepuhipun.

       Let setengah tahun saking pejahipun Ki Butulan, Ki Lurah saestu anggarwa Emban Sidhem. Lan sebatan Emban nunten kasuwak, kagantos mawi sebatan Nyai Lurah. Nyai Lurah boten suda katresnanipun dhateng Jaswana, sanaosa sampun dados yoga kuwalonipun. Temah ngantos Jaswana ageng, ngertosipun inggih Nyai Lurah Sidhem menika Biyungipun. Awit mila katresnanipun Nyai Lurah dhateng Jaswana boten benten kalihan yoganipun piyambak, ingkang nami Puranta. Makaten ugi Jaswana ngantos akil diwasa tansah bekti dhateng Nyai Lurah lan sanget kasok tresnanipun dhateng Puranta, inggih adhinipun piyambak, sanadyan adhi namung tunggal Bapa seje Biyung.

       Lampahing wekdal boten nate mandheg, tahun gumanti tahun. Boten kathah ingkang saged kacariyosaken. Kajujug kawontenanipun Kalurahan Tambak ingkang sampun sansaya reja, sansaya wiyar padhukuhan-padhukuhananipun awit kathahing griya ingkang kawangun dening para warga, lan sansaya makmur pagesanganing para kawula. Para Bebau sampun sami nglungsuraken palenggahanipun dhateng anakipun, jalaran sampun sami sepuh. Kantun Bebau Tengah ingkang taksih panggah madeg dados bebau, inggih labet badanipun ugi taksih prakosa. Bebau Padhukuhan iring Kidul sampun kalenggahan dening Ki Waruju. Putranipun Ki Lurah kalih-kalihipun ugi sampun palakrama sedaya. Jaswana krama pikantuk kaprenah putunipun Ki Butulan, inggih ponakanipun Ki Waruju, ingkang nami Tayem. Lan Puranta ugi sampun Rabi pikantuk ponakanipun Ki Bebau Tengah ingkang nami Sirep. Ki Tambak Kapisan rumaos sampun lungse ing yuswa, mila lajeng amiji anakipun kekalih murih sami marak ing ngarsanipun. Anyarengi kalihan mlempakipun Para Bebau sakalurahan, Para Sapukawating Kalurahan lan para Pamong sanesipun, kados Jagabaya, Jagatirta, Pala Angon, Pala Kubur lan sanes-sanesipun.

       “Ngger anakku sakloron, Jaswana lan Puranta” sasampunipun sawatawis anggenipun sami marak Ki Lurah lajeng paring dhawuh dhateng ingkang putra kekalih “iki aku arep paring pangandika marang sira bocah loro, sineksenan para Bebau, Para Sapukawating Kalurahan lan para pamong liyane, magepokan karo dina mburine Kalurahan ing Tambak kene. Mula kowe Jaswana lan Puranta padha menenga sarta semaken apa sing bakal tak dhawuhake iki mengko, prelune mbesuk ora padha udur rebut bener sawuse aku ora ana”.

       “Inggih Bapa” Jaswana lan Puranta sami atur wangsulan sesarengan.

       “Aku banget rumangsa begja sajroning uripku iki, awit dening Gusti aku kaparingan anak loro lanang kabeh sing padha bekti marang wong tuwa lan tresna asih marang kabeh  kawula ing Tambak kene” Ki Lurah nglajengaken anggenipun ngendika “ngerti lan ngaweruhi pakulinanmu bocah loro sing tansah nurut marang piwulanging Agama lan Paugeraning Kalurahan, rasa bombong ing jero dhadhaku iki, sanadyan durung ngambah alaming pati nanging kaya-kaya wis ngrasakne kaendahaning suwarga. Lan kang mangkono mau, ngelingake aku marang janjiku jaman aku meguru marang Eyangmu Kyai Anisapurwa ing Pratapan Bata Pawon biyen”.

       “Bapa nate janji menapa dhateng Eyang Anisapurwa?” Jaswana nyela atur nyuwun pirsa dhateng Ki Lurah.

       “Aku nate janji yen aku bakal nyampurnakne ngelmu panembahku ing Batapawon kanthi njinglengi piwulange Eyangmu Kyai Anisapurwa lan marsudi sampurnaning pati uga ana ing Batapawon kana” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah dhateng Jaswana.

       “Lajeng kersanipun Bapa samangke kados pundi?” Jaswana lajeng nyuwun pirsa malih.

       “Telung dina kepungkur aku nampa dhayoh, ya iku Ki Yasawida, putrane Kyai Pabadara dadi isih wayahe Kyai Anisapurwa” kados boten maelu atur pitakenanipun Jaswana, Ki Lurah nglajengaken anggenipun ngendika “tekane Ki Yasawida kajaba mretinjo kaslametanku, uga nyaritakake yen sawise Kyai Anisapurwa seda nalika ngibadah Kaji ing Mekah rong puluh tahun kapungkur, Pratapan Batapawon banjur disuhi dening Kyai Pabadara. Kabar kaping pindho Ki Yasawida ngandhakake yen patang puluh dina kapungkur Kyai Pabadara wis kundur mangayun ing ngarsaning Gusti, lan sadurunge seda Kyai Pabadara ninggal wekas marang Ki Yasawida yen sasedane Ki Pabadara, Ki Yasawida supaya nggoleki aku menyang Kalurahan Tambak kene iki lan njaluk supaya aku nutugne jejibahane Kyai Anisapurwa lan Kyai Pabadara, mbengkoni Pratapan ing Batapawon. Gagayutan karo kuwi, dina iki aku nimbali kowe anakku sakloron lan para Bebau Sakalurahan, Para Sapukawating Kalurahan lan para pamong kabeh. Aku arep njaluk pamit bakal nganthi Biyungmu bakal tak ajak menyang Batapawon, nuhoni janjiku lan nindakne dhawuhe Kyai Pabadara lumantar wekas sing digawa Ki Yasawida kuwi”.

       “Menawi Bapa badhe jengkar saking Tambak lajeng angesuhi Pratapan Batapawon, lajeng kados pundi mangke kalihan Kalurahan Tambak menika Bapa?” Puranta ingkang wiwit wau namung kendel lajeng matur dhateng tiyang sepuhipun.

       “Kowe aja kaya wong bodho Puranta” Ki Lurah paring wangsulan dhateng Puranta “sadurunge aku budhal menyang Batapawon, Kalurahan Tambak kudu wis duwe Lurah anyar sing nutugne jejibahanku, dadi Kalurahan Tambak ora bakal komplang koncatan lurahe, ngerti?”.

       “Inggih kula ngertos Bapa” wangsulanipun Puranta ingkang kalajengaken atur panyuwun “kula ugi nglenggana menawi Bapa kasampiran kuwajiban anetepi janji dhateng Kanjeng Eyang Anisapurwa ingkang kedah dipun tindakaken. Inggih awit saking anggen kula anglenggana menika, kula suwun kaparenga Bapa tumunten amisuda Kadang kula sepuh nenggih Kangmas Jaswana, kajumengna minangka Lurah anyambet lan nutugaken jejibahan Lurah ingkang badhe dipun tilar dening Bapa dhateng Batapawon”.

       “Misuda Lurah kuwi gaweyan gampang Puranta” Ki Lurah paring wangsulan kalihan mesem “samangsa Keris Kyai Pantek tak pasrahake ya sing kapasrahan kuwi wis madeg dadi Lurah ing Tambak kene kang kudu digugu lan dituruti reh parentahe dening warga kang setya marang Kalurahan Tambak. Kamangka anakku kuwi loro, mula kudu ana salah siji sing gelem tak pasrahi wujude Keris Kyai Pantek kang dadi lambange Kalurahan Tambak iki”.

       “Kula kinten menika dede prakawis ingkang angel Bapa” Jaswana sumela atur “Bapa namung Kantun maringaken Keris Kyai Pantek dhateng kula pun Jaswana menapa dhateng adhi kula Dhimas Puranta, kula kinten sampun rampung. Manawi ta ingkang kaparingan Kyai Pantek menika kula, kula inggih boten badhe suwala”.

       “Leres menika Bapa” Puranta ugi numpangi rembagipun Jaswana “Paugeraning Kalurahan nyebataken bilih menawi wonten Lurah ingkang sampun lengser, jejibahan Lurah kedah kaparingaken dhateng salah satunggal saking putranipun Lurah ingkang lengser menika ingkang mijil kakung, menika ingkang sepisan lan kaping kalihipun ingkang sepuh piyambak. Dados sampun trep menawi Kangmas Jaswana menika Bapa piji kapurih nampi wujudipun Wangkingan Kyai Pantek, minangka tandha menawi Kangmas Jaswana sampun kajumenengaken dados Lurah ing Tambak mriki. Dene kangge ngawontenaken pahargyanipun saged dipun rembag wingking, kajumbuhaken kalihan kawontenan”.     

       Ki Lurah katingal manthuk-manthuk, nanging ngantos radi dangu boten tumuli paring wangsulan.

       “Nuwun sewu Ki Lurah, menapa kula pun Jaladri Bebau Padhukuhan Tengah kaparengaken matur?” dumadakan Bebau Tengah nyilak sepining kawontenan matur dhateng Ki Lurah.

       “Iya Ki Bebau” Ki Lurah paring wangsulan kanthi suwanten ingkang sareh “ora mung ndika wae sing kena ngandhakne panemune ing kene, sanadyan sapa wae sing ana pendhapa iki duwe wewenang ngandhakne panemune waton jumbuh karo Paugeraning Kalurahan lan bisa madhangake prakara ora nambahi ruweting pamikir”.

       “Ngaturaken genging panuwun Ki Lurah” Ki Bebau Tengah nglajengaken anggenipun matur “boten ateges kula badhe mancasi, namung kula kepengin anjangkepi ungeling Paugeran ingkang kala wau dipun aturaken dening Gus Puranta”.

       “Nuwun sewu Ki Bau” dumadakan Ki Bebau Kidul nenggih Ki Waruju nigas aturipun Bebau Tengah kanthi suwanten ingkang sora “Paugeran Kalurahan menika sampun jangkep, dados boten prelu ndika jangkepi malih. Atur ndika niku saged kados ingkang kadhawuhaken Ki Lurah nambahi ruweting pamikir……”.

       “Mengko dhisik Ki Bau Kidul” Ki Bebau Tengah gentos nigas rembag “ndika kuwi Bebau sing durung suwe madege, dadi ndika kudu ngerti tatacarane guneman ing pasamuwan. Ing kene aku ora guneman karo ndika, nanging aku matur marang Ki Lurah, sing wenang maido utawa nampa aturku iki Ki Lurah dudu ndika Ki Bau Kidul”.

       “Ampun sumekehan dumeh sampun dangu nggen ndika dadi Bebau Ki Bau Tengah” Ki Bebau Kidul gentos mangsuli rembagipun Ki Bebau Tengah “amergi Bebener menika boten kudu mapan ing pamanggihipun Bebau ingkang sampun dangu anggenipun dados Bebau mawon………”

       “Cukup!!!” Ki Lurah ngendika kanthi sora medhot anggenipun Bebau Kidul gineman. Sadaya lajeng sami kendel, tumungkul ningali siti, rumaos kasoran kalihan perbawanipun Ki Lurah Raden Riyasa.

       “Coba ndika tutugne tembung ndika sing durung rampung mau Ki Bau Tengah!” sasampunipun kawontenan dados sepen, Ki Lurah nunten paring dhawuh dhateng Ki Bau Tengah “marang liyane tak jaluk padha meneng dhisik, kena guneman lan ngetokne panemune yen wis rampung anggone guneman Ki Bau Tengah”.

       “Nuwun inggih Ki Lurah” Ki Bau Tengah lajeng matur malih “ingkang kula kajengaken njangkepi paugeran ingkang kaaturaken Gus Puranta kala wau, nuwun inggih ungeling Paugeran Kalurahan ingkang kaserat ing sangandhapipun perangan ingkang dipun aturaken Gus Puranta kala wau, nuwun inggih ingkang nyebataken langkung utami menawi kawiyosaken dening Nyai Lurah ingkang boten wonten ingkang nyulihi malih. Kados nalika lelampahan kula dhuk rumiyin, sanaosa Kula gadhah sedherek sepuh, nanging boten kawisuda dados Bebau jalaran Biyungipun sedherek kula sepuh kala wau sampun boten wonten lan wekdal kula dipun kepyakaken dados Bebau rumiyin ingkang kasebat minangka Nyai Bebau tengah menika Biyung kula”.

       Jaswana lan Puranta sami pandeng-pandengan piyambak, jalaran kekalihipun dereng saged mangertosi pikejengipun Bebau tengah menika.

 

Ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...