52.
Sanadyan
Jim Ganjur wis nglumpruk tanpa daya, nanging olehku njapit gulune ora tak uculi
mung rada tak kendhoni sethithik. Aku ya ora ninggal kawaspadan, aku ngerti nek
wis lumrah wong tukaran maune ketok wis tanpa daya nanging bareng mungsuhe lena
kanthi cukat genti males gawe cilaka. Aku mung ngenteni Jim Ganjur bali eling
saka semapute, yen dheweke wis eling lan ora gelem ngaku kalah mangka bakal tak
tutugne nggonku ngunci gulune. Bareng wis sauntara, Jim Ganjur wis bisa melek
maneh, nanging ora tumuli sambat njaluk urip, malah gunemane isih keprungu ora
kepenak dirungokne :
“He
Tambak wong tuwek, nek nyata kowe perwira aku uculana saka japitanmu, ayo ditutugne
nggone adu katiyasan lan kanuragan!”.
“Lucu
kowe kuwi Ganjur” wangsulanku “saiki genti tak walik, nek kowe nyata perwira
ayo uculana japitanku. Yen pancen kowe ora sembada nguculi japitane sikilku
becik kowe ngaku wae, yen kowe kuwi Jim sing gampang banget dikalahne dening
wong tuwek kaya aku iki”.
“Setan
kowe Tambak!” Jim Ganjur nggereng sajak nesu “selawase ora bakal aku ngakoni
yen wis kalah karo kowe, titah sing mung wujud manungsa. Aku titah bangsa Jim
asal-usulku saka geni kang tanpa pega, duwe tataran luwih dhuwur tinimbang
manungsa sing asal usule mung saka lebu, sing umure ora dawa, mung bisa urip
sedhela banjur mati, beda karo bangsaku sanadyan kena ing lara, nanging luput
saka ing pati”.
“Wis
kaya ngene kahananmu nanging kowe panggah milih dadi jim goblog, Ganjur” aku
wangsulan karo ngguyu “kowe ngendel-endelne
asal-usulmu lan ngremehne asal-usule manungsa, kuwi padha wae kowe ngremehne
kuwasane Gusti Sing Tan Kena Kinaya Apa, jalaran kabeh kang ana iki mung awit
saka karsaNe, Banyu, Angin, Geni, Lebu, Cahya kuwi kabeh anane merga saka
kersane Gusti. Luwih goblog maneh, bareng kowe ngarani yen menungsa sedhela
urip banjur mati, Urip kuwi langgeng Ganjur, mung alame wae sing seje, kowe
kandha yen luput saka ing pati, kuwi ya kleru. Sabab sing diarani pati kuwi
mung wujude kori sing kudu diliwati dening sadhengah titah sing dikersakne
dening Gusti ngalih menyang alam sing seje. Saiki yen pancen kowe isih ora
gelem ngakoni luput lan rumangsa wis tak kalahake, rasakna panjepiting sikilku
sing ora bakal tak uwali selawase lan iki ana lebu lemah sing wis tak carup
karo gerusaning isi cabe arep tak wur-wurne menyang mripatmu lan aku ya ora
ngerti kepriye dadine mripatmu mengko sawuse tak wuwuri gerusan iki“.
“Tambak….
Aja edan kowe!” Ganjur mbengok karto pluntiran kepengin ucul saka jepitanku
nanging panggah ora bisa “aku uculana, yen ora kowe bakal getun, mbesuk
piwalesku marang kowe bakal luwih kejem tinimbang sing wis mbok tindakne marang
aku”.
“Lucu…lucu…..”
Aku wangsulan karo ngguyu “kowe isih niyat arep gawe piwales marang aku? Rak
isih mbesuk ta olehmu arep males aku? Saiki rasakna dhisik, kepriye dadine
mripatmu sawuse tak wuwuri lebu sing wis tak carup karo gerusaning cabe sing
thukul ana watu item, sing miturut kabar sing tak tampa bisa gawe picaking
mripate bangsa Jim kanggo selawas-lawase, saiki rasakna dhisik ya?”.
“Aja
edan …… kowe Tambak, bubukanmu kuwi bisa gawe cilaku tenan…….” Jim Ganjur
bengok-bengok, sikile krencalan lan tangane sraweyan arep nyerang aku. Nanging
tangan kuwi wis tanpa daya, kekuwatane Jim Ganjur wis entek kesedhot Aji Ismugunting
sing tak punjerne ana jepitaning sikilku.
Nganti
sauntara Jim Ganjur tak umbar kroncalan aku mung ngenteni dheweke kandha tobat lan
ngakoni yen wis tak kalahake. Yen olehe kroncalan leren, jepitanku tak kencengi
maneh, nganti suwe-suwe, karo nangis Ganjur sambat :
“Aku
luwarana mBah Tambak, saiki aku ngakoni kalah tenan mungsuh kowe……..”.
“Saiki
ta?” aku wangsulan karo ngece “nanging mengko utawa sesuk utawa suk emben, kowe
mesthi banjur nglimpe aku arep mbok gawe cilaka iya apa iya? . Ya ora apa-apa,
pancen kuwi wis dadi watakmu. Merga saiki kowe wis ngaku kalah, kowe ya arep
tak luwari nanging sadurunge tak luwari mripatmu arep tak wur-wuri bubukan sing
tak kandhakne mau luwih dhisik!”.
“Tobat
mBah….. aku tobat tenan…..aja mbok mbok tindakne omongan ndika kuwi!” Ganjur
nangis gero-gero.
“Guyonane
dicupet teka kene dhisik mBah Tambak…!” dumadakan tan weruh sangkan parane Ki
Jurudah lan Ki Prasanta jebul wis ngadeg ana ngarepku karo guneman marang aku
mangkono kuwi “apa ndika ora kepengin ketemu karo Guru lan sedulur ndika sing saiki
wis ana kene?”.
Tak
sawang ing sisih tengene Ki Jurudah katon Guruku Ya Raden Kala Canthuka sing
tangane wis dibanda memburi lan ing kiwane Ki Prasanta katon Lancur sing uga
wis dadi bandan.
Aku
ndlongop nyawang wong-wong sing lagi teka mau, lan jroning atiku banjur takon
ya gene Guru karo Lancur dadi bandane Ki Jurudah karo Ki Prasanta?.
“Becik
yen ndika luwari luwih dhisik Jim Ganjur sing wis kentekan tenaga kuwi, mBah
Tambak” Ki Jurudah guneman maneh marang aku.
Tanpa
dipindhoni prentahe Ki Jurudah kuwi banjur tak tindakne. Ganjur tak luwari saka
japitan Aji Ismugunting, banjur tak surung tiba glangsaran neng ngarepe Ki
Jurudah lan Ki Prasanta.
“Kula
ingkang nyuwunaken sepinten dosa lan kalepatanipun anak kula pun Ganjur, Raden
Bagus Suwanda………” dumadakan Lancur ndhingklukne sirahe karo guneman marang aku.
“Ki
Lancur………? Lan Guru………?” aku sing isih durung mudheng ya gene Guru karo Lancur
tekan kene lan dadi bandan kuwi, mung bisa nyebut jeneng.
“Aja
kaget Gus….” Guruku Raden Kala Canthuka sing semaur “Jim Ganjur kuwi anake Ki
Lancur. Biyen jaman awake dhewe pepisahan merga awake dhewe arep mlebu Kratone
Ratu Setyawati, Ki Lancur banjur kepethuk Peri klambrangan diopeni lan
didadekne bojone, nganti duwe anak siji ya si Ganjur kuwi. Bareng awake dhewe dikendhangake
nganggo banyu banjir, ndika temangsang neng ngendi aku ora ngerti, aku
dibalekne menyang Candhi Kumitir ya pasareyane Kanjeng Rama maneh lan kaprentah supaya
nindakne laku patobatan. Bareng wis rada suwe aku meneng neng Candhi Kumitir,
dumadakan Ki Lancur teka karo Tumbini, bojone, ngajak anake lanang sing isih
wayah demolan sing jeneng Ganjur kuwi, nembung nek arep nutugne anggone suwita
marang aku”.
“Dados
Jim Ganjur menika anake Ki Lancur lan ugi siswanipun Guru lan mapanipun ing
Candhi Kumitir mrika ?” aku takon maneh.
“Wiwitane
mengkono kuwi” Guru aweh wangsulan “nanging durung nganti bundhat nggone necep
ngelmu saka aku, Ganjur pamitan arep ngumbara ngubengi Tanah Jawa. Merga ora
kena dipenggak, wekasan aku ya mung bisa ngolehi lan meling supaya luwih
ngati-ati. Sawuse oleh seketan tahun nggone ngumbara Ganjur bali menyang Candhi
Kumitir, kandha yen saiki wis madeg dadi Guru manggon neng Kedhung Belik sing
mapane ana sukuning Gunung Lawu sisih lor. Ganjur uga crita yen sajroning
ngumbara tau lakune tekan Kraton Ngiyom lan kober kepethuk karo Kanjeng Ratu
Setyawati barang, Ganjur kandha yen sesambungan pasedulurane karo Ratu Ngiyom
mlaku kanthi becik, Ganjur kerep sanja menyang Ngiyom. Aku melu seneng dene
Ganjur duwe tepungan Ratu sing wicaksana kuwi, mesthine Ganjur bakal bisa niru
lan nulad marang Ratu Ngiyom kuwi”.
“Kala
wau Ganjur criyos dhateng kula menawi piyambakipun nate kayungyun dhateng
Kanjeng Ratu Setyawati, Guru?” aku nugel rembuge Guru Raden Kala Canthuka.
“Bener
kuwi Gus” Guru aweh wangsulan “pancen Ganjur sing durung ngerti sapa satemene
Ratu Kraton Pangayoman kuwi, kober kayungyun lan kedanan kepengin bisa ngepek
bojo. Lan baline menyang Candhi Kumitir kuwi ya salah sijine merga kuwi, Ganjur
kepengin golek senajata pitulungan marang aku uga bapakane kanggo ngadhepi Senapati
kembar saka Kraton Ngiyom sing jarene Ganjur loro-lorone kuwi sing memalangi
anggone arep seneng karo Ratu Setyawati”.
“Lha
salajengipun kados pundi Guru? Menapa Guru inggih nuruti panyuwunipun Ganjur?”
aku takon maneh.
“Mesthi
wae ora ta Gus!” wangsulane Guru karo mesem “aku malah nuturi sapa satemene
Kanjeng Ratu Setyawati kuwi, lan uga tak critakne yen aku uga tau kayungyun
marang panjenengane. Sabanjure Ganjur uga tak kandhani supaya aja wani-wani
karo Senapati Kraton Ngiyom Sapukawate Kanjeng Ratu Setyawati sing jeneng Ki
Jurudah lan Ki Prasanta, awit kekarone kuwi Senapati sing punjul ing apapak,
duwe kasekten sing prasasat tanpa ana sing bisa nandhingi, kekarone kuwi tau
tate dadi Senapati ing Majapahit jaman sing jumeneng Nata ing kana Kanjeng
Sinuhun Sri Brawijaya Wikramawardana sing jaman timure asma Raden Damarwulan.
Bareng wis tak tuturi akeh-akeh, Ganjur iya bisa nampa lan kandha yen arep
murungake nggone duwe sedya arep ngepek bojo Ratu Setyawati sing ayune ndika ya
ngerti kaya ngana kae…….”.
“Lajeng
sambetipun kalihan lelampahan dinten menika menapa Guru?” aku takon maneh “dumadakan
kemawon Guru kalih Ki Lancur sampun dumugi mriki, nanging kula tingali sampun
dados bandanipun Ki Jurudah lan Ki Prasanta?”.
“Hm……….”
Guru ora wangsulan apa-apa mung unjal ambegan landhung, banjur ndhingkluk
ngingeti lemah. Tak sawang Lancur uga banjur kaya sing ditindakne guru, mecucu
karo marikelu.
“Kandhakna
apa anane Raden Kala Canthuka!” Ki Prasanta dumadakan guneman aweh prentah
marang Guru “aja ana sing ndika tutup-tutupi, yen ndika gelem blaka mbok menawa
bisa dadi pangentheng-entheng saka pidana sing kudu ndika lakoni merga nuruti
sambate murid ndika sing seneng melik barang kang melok lan kesusu selak muluk
sing wekasane banjur kaselak ngene iki!”.
“Iya
Ki Prasanta” wangsulane Guru sing tumuli kandha marang aku “ya iki Gus sing
diarani anak polah bapa kepradah ngana kae”.
“Liripun
kados pundi Guru?” aku durung mudheng apa karepe Raden Kala Canthuka.
“Watara
sewulan kepungkur Ganjur sanja menyang Candhi Kumitir, njaluk bebantu kanggo
ngadhepi salah siji saka trahe Prabu Adiwijaya Pajang sing nedya numpes bangsa
Jim ing laladan kalurahan Tambak. Dene sing dadi jalaran, merga Trahe Sultan
Pajang kuwi ngerti yen akeh kawula ing laladan kono padha kepengin dadi muride
Ganjur. Kamangka sing diendel-endelne trahe Sultan Pajang kuwi ya mung Pusaka
Piyandel sing satemene kagungane Kanjeng Ratu Setyawati sing aran Kyai Pantek.
Mula dening Ganjur Kyai Pantek banjur dicidra lan diumpetake menyang Guw
Bongkrah sing manggon ing sapinggire Kali Sumberlanang. Nanging jebul Keris
pusaka kuwi ilang saka papan pandhelikane. Ganjur ngira yen sing nyolong Kyai
Pantek saka Guwa Bongkrah kuwi para siluman sing nyengkuyung Trahe Sultan Pajang
sing dadi Lurah ing Tambak kuwi. Ganjur banjur nembung njaluk tulung marang aku
lan Ki Lancur supaya rerewang nggone arep numpes trahe Sultan Adiwijaya sing
manggon ana Tambak”.
“Lajeng
Guru lan Ki Lancur ugi nuruti menapa panyuwunanipun Jim Ganjur?” aku takon.
“Kaya
sing ndika weruhi, aku lan Ki Lancur tumuli budhal lan nanging bareng aku tekan
laladan Tambak jebul wis diadhang dening Ki Jurudah lan Ki Prasanta, ana rembug
sing sulaya banjur ndadekne aku kerengan karo Senapati loro kuwi banjur aku
diseret menyang papan iki. Jebu ling kene aku weruh Ganjur ndika tibani aji
peparinge Gusti Menggung sing jeneng Aji Ismugunting, satemah nglumpruk kaya
ngono kuwi. Mula aku sing njalukne pangapura merga lupute Ganjur marang ndika
Gus Suwanda”.
Ana
candhake