Total Tayangan Halaman

Rabu, 15 Maret 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (055)


 

55.

       Jebul Ki Jurudah lan Ki Prasanta mung ngandhani supaya aku luwih nggedhekne nggonku duwe rasa pasrah lan sumarah marang Purbaning Allah. Dene lantarane ya kuwi kanthi sarana nggedhekna rasa tresna marang sapepadhaning titah, rumangsa duwe kuwajiban rumeksa katentremaning jagad sarta ngreksa apa wae kang dititahake dening Gusti kanggo nyukupi kabutuhaning manungsa aja nganti ana sing ngrusak. Yen kuwi kabeh wis tak tindakne kanthi becik mangka aku bakal dikeparengake ndherek suwita marang Sang Prabu Brawijaya sing saiki mapan ana ing Gunung Lawu kanthi asma Kanjeng Sunan Lawu. Aku ngrumangsani ringkihe ragaku, uga ringkihe jiwaku mula aku banjur kandha marang Ki Jurudah.

“Dhawuh ndika kuwi gampang diucapne Ki Jurudah, nanging angel olehe nindakne” mangkono nggonku guneman .

“mBah Tambak aja kleru” sing semuar dudu Ki Jurudah nanging malah Ki Prasanta “sing dikandhakne Kakang Jurudah mau dudu saka Kakang Jurudah utawa saka aku dhewe, nanging kuwi dhawuh saka Kanjeng Ratu Setyawati. Isine dhawuh ya padha karo dhawuh sing diparingake marang aku karo Kakang Jurudah. Mung bedane yen dhawuh kanggo ndika winatesan wujud bisa ngabdi lan suwita marang Kanjeng Sinuhun, yen dhawuh kanggo aku lan Kakang Jurudah  winatesan nganti aku lan Kakang Jurudah ora suwita maneh marang Kanjeng Ratu ing Ngiyom”.

“Tak tambahi nggonku kandha ya mBah Tambak?” Ki Jurudah nambahi kandhane karo suwara sing sareh “wiwitane nalika aku nampa dhawuh kaya sing tak kandhakne marang ndika iki mau, aku rumangsa kabotan jalaran aku ngrumangsani yen aku iki mung titah lumrah kang daya panguwasane banget winates, luwih-luwih aku uga isih kanggonan nafsu patang prakara lan kekarepan kanggo aku dhewe, yen aku kasampiran kuwajiban ngreksa murih jagad tansah tentrem, murih kabeh kang tinitahake Gusti kanggo nyukupi kabutuhaning manungsa ora rusak, mangka tangeh bisane kasembadan, jalaran sing bakal tak adhepi kuwi uga titahing Gusti sing nduweni daya kaluwihan sing mbok menawa akeh sing luwih dhuwur lan luwih gedhe tinimbang daya kaluwihan sing tak gadhuh”.

“Iya Ki Jurudah” aku nugel rembug “mula aku kandha kaya ing ngarep mau, ya mangkono kuwi sing ngiseni pamikirku. Banjur kepiye?”.

“Bareng aku matur Kanjeng Ratu bab winatese kekuwatan lan daya kaluwihanku ngono kuwi mau, Kanjeng Ratu banjur dhawuh kuwajiban kuwi wajibe ya dilakoni kanthi sakuwasane jumbuh karo kekuwataning jiwa lan ragane. Dhawuh sing tak tampa sing banjur uga ndika tampa iki isine prentah nindakne dhawuh mau, ora diprentah kudu kasile. Gampangane wae ngene, upama aku lan ndika iku ngibarate Prajurit kaprentah maju perang, kudu wani lan gelem tumandang lan mbudidaya murih bisa menang, nanging yen kapeksane awake dhewe gugur ing madyaning palagan ora bakal ana sing ngluputake. Beda yen prajurit mau kadhawuhan perang malah banjur mopo, ora gelem budhal menyang rananggana, kuwi jenenge prajurit sing gelem mangan blanja nanging wegah rekasa. Kuwi luput gedhe. Luwih gedhe dosane yen ana prajurit gelem budhal menyang palagan kanthi sangu tekad bakal teluk lan pasrah bongkokan marang mungsuhe mung murih ora kelangan uripe, prajurit kang mangkono mau wis tumindak dosa sing gedhe banget, merga kajaba wis nyidrani kasetyan marang Ratu Gustine, uga wis nglalekne marang Gusti Sing Maha Urip Ya iku Dzat Kang Wenang murba pati lan uripe titah. Tak kira kanthi katrangan sing cekak iki, ndika wis uninga werdining dhawuh sing ndika tampa lumantar aku lan adhi Prasanta iki” Ki Jurudah nyethakne werdining dhawuh sing kudu tak tindakne.

Aku bisa nampa kanthi cetha, lan aku uga kelingan nalika isih nom biyen, Rama Tumenggung kerep paring pitutur yen wajibe kadang tani kuwi nandur lan mbudidaya murih sing ditandur bisa ngasilake woh sing murakabi kanggo dheweke lan kulawargane munggahe kanggo wong ing sakiwa tengene. Nanging kadang tani kudu ngerti yen sing arane Pesthi, kuwi ana astaNe Gusti. Lan Pesthi kuwi ana loro cacahe, sing siji pesthi sing kasat mripat lan bisa diwaca mawa nalar lan ana maneh pesthi sing ora kasat mripat ora bisa diwaca mawa nalar lan mung ati kang suci sing bisa mangerteni lamun tumibane pesthi kuwi kabeh merga saking gedhening sih-E Gusti marang titahE.

Nganti pirang-pirang dina Ki Jurudah lan Ki Prasanta anggone aweh pitutur marang aku murih pintering atiku. Dudu pitutur sing mung bisa minterake nalarku wae. Nganti tekan sawijining sore, ya iku pas pitung dina saka anane kedadeyan ing Kalurahan Tambak. Puranta teka ing papan panggonanku kene maneh. Kanthi sengaja, Ki Jurudah lan Ki Prasanta mrayogakake Puranta ketemu karo sisihane luwih dhisik.

“Sesuk-sesuk wae ndika critakne kabeh kedadean sing ana Kalurahan Tambak sawuse aku lan mBah Tambak sarta Adhi Prasanta bali mrene” kandhane Ki Jurudah nalika Puranta arep ngandhakne apa-apa kang wus dumadi ing Kalurahan Tambak “saiki prayoga ndika leren dhisik ing palereman ndika lan Nyai Puranta kana”.

“Inggih Kyai, boten langkung ngestokaken dhawuh” wangsulane Puranta sing banjur ninggalake aku wong telu sing lagi jagongan ana jogan sing digelari klasa.

“Tumrap manungsa lumrah sing isih kaya Puranta kuwi, sapatemon mirunggan wong loro karo rabine kuwi mujudake kuwajiban kang ora kena dilirwakne mBah Tambak” kandhane Ki Prasanta marang aku sawuse Puranta ngalih memburi arep nusul sisihane sing lagi leren ana paleremane.

“Iya Ki Prasanta” wangsulanku karo mesem “sanadyan aku durung tau ngalami aku ya wis ngerti ing babagan kuwi”.

Let telung dina sawise Puranta tekan omahku, nuju sabubare mangan sore, nalika Sirep nglorodi cething lan cowek wadhah panganan saka jogan arep digawa menyang pawon saperlu diisahi, Ki Jurudah kandha :

“Nyai Puranta mengko yen anggon ndika korah-korah wis rampung, aku karo mBah Tambak lan Ki Prasanta kepengin rembugan sethithik karo nDika lan Angger Puranta”.

“Inggih Kyai” wangsulane Sirep.

Puranta sajake tanggap, mula murih enggal rampung gaweyane Sirep, Puranta banjur menyat nututi sisihane arep ngrewangi anggone arep tandang gawe. Ora nganti suwe, wong loro lanang wadon kuwi wis bali menyang jogan maneh, nusul aku wong telu sing lagi padha jagongan. Puranta nyangga dhulang isi cangkir-cangkir saka bathok klapa, mbuh apa isine katone banyune panas sing isih kumebul pegane. Sirep nggawa tompo sing isine kacang godhogan.

Sawise rampung nggone ngladekne godhogan banyu jahe sing dicarupi karo gula aren, Puranta banjur mapan sila, Sirep lungguh timpuh ana sisihe. Wong loro kuwi ngenteni Ki Jurudah sing mau kandha arep ngajak rembugan sethithik.

“Yen aku nyawang pasuryane Angger Puranta nalika teka saka Tambak wingi kae” sawise nyruput wedang jahe sing neng cangkire Ki Jurudah miwiti guneman “sajake kahanan ing Tambak wis ora ana sing nguwatirake maneh. Lire kahanan wis bali tentrem kaya sadurunge, apa ya bener mangkono Angger Puranta?”.

“Kasinggihan Kyai” wangsulane Puranta alon nanging cetha “awit saking pangestunipun para sepuh sedaya, samangke kawontenan ing Tambaksela sampun wangsul tentrem malih, sanaosa sisa-sisaning raos dhuh kita taksih dereng ical saking salebeting manah”.

“Mengko dhisik, sing tak karepake kuwi mau kahanan ing Kalurahan Tambak” Ki Jurudah guneman maneh “nanging iki mau sing dikandhakne Angger Puranta, kok Tambaksela? Lan yen ta rasa dhuhkita kuwi isih nabet ing atine para kulawargane Sapukawating Kalurahan kang kapeksa gugur dadi sawur tawuring Kalurahan Tambak, kuwi aran wis lumrah. Mengko kagawa karo lakuning wektu suwe-suwe ya bakal ilang dhewe”.

“Makaten Kyai” Puranta aweh wangsulan “estunipun wiwit kula njangkahaken suku nilar bumi kelahiran kula ingkang kaping kalihipun menika, Kalurahan Tambak kenging kawastanan sampun boten wonten lan santun dados Padhukuhan Tambaksela”.

“Kok bisa mangkono cethane piye Ngger?” Ki Prasanta melu takon. Sauntara aku mung meneng ngrungokne wae.

“Mugi kauningan Kyai saha mBah Tambak” Puranta mangsuli pitakon saka Ki Prasanta “sajengkar jengandika tetiga saking griya kula kala wingi menika, watawis sapanginang malih, Ki Lurah Tambak Kapindho inggih Kangmas Jakasuwana utawi Kangmas Jaswana, katimbalan wangsul marak ing ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Asih…….”.

“Ki Lurah seda?” ora sranta aku nugel rembug, takon.

“Inggih leres mBah Tambak” wangsulane Puranta “kula kinten jengandika tetiga langkung pana menawi tatu ing salebeting dhadhanipun Ki Lurah ingkang kadhawahan aji Paser Anginipun Kyai Lopara kala wingi mila sampun boten saged kausadani malih. Menawi taksih saged kausadani tartamtu jengandika tetiga boten daya-daya kundur nilar griya kula”.

“Iya, iya Ngger” Ki Jurudah wangsulan sareh “sabanjure kepiye?”.

“Dinten enjingipun sasampunipun layon kapetak ing pasareyan boten tebih saking Dalem Kalurahan, inggih kempal tunggil sapapan kalihan pametaking layonipun Ki Bebau Kidul lan Ki Jagabaya Bontot tuwin para Sapukawating Kalurahan ingkang gugur” Puranta nutugne critane “Para Bebau lan Para Jagabaya miwah Para Sapukawating Kalurahan sami mlempak ing Griya kula malih. Tiyang-tiyang kasebat sami anggenipun nggadhahi pamanggih gandheng Ki Lurah sampun seda lan boten kagungan putra, Pramila lajeng sami nyuwun murih kula ingkang gumantos madeg Lurah ing Tambak, nggentosi kalenggahanipun Ki Lurah Jakasuwana…….”.

“Kuwi wis bener” aku nyela rembug mbenerake para Bebau lan Jagabaya sarta Sapukawating Kalurahan sing dicritakne Puranta kuwi.

“Ingkang kepireng radi lucu malih” Puranta nutugne anggone guneman lan ora pati nyenggol karo sing tak kandhakne “nalika samanten mBakyu Tayem, inggih Nyai Lurah ingkang ugi tumut dugi ing griya kula sareng kalihan tiyang-tiyang niku wau, dumadakan gadhah panembung ingkang aneh dhateng kula”.

“Aneh kepiye Ngger?” Ki Jurudah genti takon.

“mBakyu Tayem ingkang katilar seda dening Kangmas Jaswana rumaos sampun kecalan Pangayoman. Kamangka miturut mBakyu Tayem, nalika purun kapundhut garwa dening Kangmas Jaswana kala rumiyin, Kangmas Jaswana nate janji bilih badhe njumenengaken mBakyu Tayem dados Nyai Lurah kangge salamining gesangipun. Nanging sasampunipun kasembadan dados Nyai Lurah, samangke Ki Lurah langkung rumiyin seda. Pramila mBakyu Tayem lajeng nyuwun murih anggen kula kakepyakaken dados Lurah enggal ing Tambak, ngentosi telasing wekdal ngidahipun mBakyu Tayem rumiyin utawi sekawan purnama malih. Awit mBakyu Tayem kepengin sanget anetepi kesagahanipun Kangmas Jaswana, inggih menika ndadosaken mBakyu Tayem Nyai Lurah kangge salamining gesangipun, mangke saderengipun kula kakepyakaken minangka Lurah Tambak supados langkung rumiyin anggarwa mBakyu Tayem. Kanthi makaten panggah mBakyu Tayem dados Nyai Lurah sanaosa kedah mawi sebatan Nyai Lurah ingkang angka kalih”.

Ki Jurudah mesem ngempet guyu krungu critane Puranta sing keri dhewe iki. Ki Prasanta malah ora bisa ngempet, banjur gumuyu kekelen padha karo aku. Aku banjur kelingan nek Nyai Lurah kuwi rak isih ponakane Bebau Kidul sing lagi wae mati, isih putune Butulan. Dadi ya aran lumrah nek duwe panjaluk kaya sing dikandhakne Puranta iki mau. Tak sawang Sirep ora owah babar pisan praupane, ora kaya lumrahe wong wadon yen kakunge ana tandha-tandha arep rabi maneh, embuh wis dikandhani apa dening Puranta. Aku ora ngerti.

“Iya banjur wekasane kepiye Ngger?” Ki Jurudah banjur nakoni Puranta maneh sawuse olehku ngguyu karo olehe ngguyu Ki Prasanta wis ora keprungu maneh.

Puranta katon njengkerutne bathuke, wangune lagi nata ukara kanggo aweh wangsulan marang pitakone Ki Jurudah sing keri dhewe iki.

 

Ana candhake

 

Senin, 13 Maret 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (054)


 

54.

Tak kira Ki Jurudah lan Ki Prasanta nek saka Kalurahan Tambak terus bali menyang Kraton Ngiyom, nanging jebul wong loro kuwi mandheg neng panggonanku kene iki, ngenteni tekane Puranta sing diwenehi wektu pitung dina kanggo nata Kalurahan Tambak sing kober mawut merga anane geger ing plataran omahe mau. Tekaku wong telu dipapag dening manekawarna pitakonan dening Sirep sing jarene wiwit Puranta budhal menyang Tambak atine tansah trataban. Lan lagi mari sawuse ketekan tamu sing miturut Sirep tamu sing nyalawadi.

“Aja was lan aja sumelang Nyai Puranta” kandhaku marang Sirep minangka wangsulan saka pirang-pirang pitakone “sanadyan kudu nganggo bebanten, kahanan ing Kalurahan Tambak wis katon wiwit ana sesulak sing padhang. Dene kakung ndika ya ki Puranta, wektu iki dening Ki Jurudah lan Ki Prasanta isih kadhawuhan leren sauntara ana ing omahe, nata Kalurahan Tambak lan nindakne jejibahane Ki Lurah jalaran wektu iki Ki Lurah lagi nandhang gerah santer kena gegamane Kyai Lopara. Pitung dina maneh Ki Puranta teka mrene maneh, mesthine ya banjur mapag ndika diajak bali menyang Tambak maneh”.

“Makaten inggih mBah Tambak?” Sirep mangsuli nggonku kandha “kula badhe nyuwun pirsa malih mBah?!?”.

“Arep takon apa maneh?” aku mbalik takon “nek sing ndika takokne  wong-wong sing wingi padha gawe paeka marang Ki Puranta, kaya dene Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot, saiki wis ora bisa tumindak apa-apa maneh, kekarone wis ngundhuh wohing pakartine temah mati sampyuh nalika kerengan karo Ki Sabekti lan Ki Puludan. Dadi sawayah-wayah ndika lan Ki Puranta bali menyang Tambak, kira-kira wis ora ana sing bakal ngaru-biru maneh”.

“Boten menika ingkang badhe kula suwunaken pirsa mBah” Sirep ngandhakne sing dadi pitakone “kados ingkang kula aturaken ing ngajeng, sabidhalipun Kakang Puranta ndherekaken jengandika tuwin Ki Jurudah lan Ki Prasanta kala wau enjing, manah kula tansah trataban boten kantenan, nembe mantun sasampunipun kaparingan omben toya pethak dening Nyai Pandhanwangi……”.

“Nyai Pandhanwangi kuwi sapa?” aku nyelani takon.

“Lha menika ingkang badhe kula suwunaken pirsa” Sirep gage wae anggone mangsuli “rawuhipun Nyai Pandhansari ing dalem mriki, anyarengi manah kula kuwatos-kuwatosipun lan bingung-bingungipun awit nguwatosaken Kakang Puranta tuwin mBah Tambak sarta Kyai Jurudah miwah Kyai Prasanta. Meh kemawon saking bingunging manah kula, kula badhe sumusul dhateng Tambak. Nanging kedadak wonten tamu ingkang nyalawadi, priyantunipun sakalangkung ing sulistiyanipun, ngagem busana aneh, inggih menika saranduning salira katutup mawi busana warni ijem, temah boten katingal rikmanipun, ingkang saged kula tingali inggih namung astanipun kekalih saha pasuryanipun ingkang endah mencorong kados rembulan ing wanci purnama. Priyantun menika ngaken menawi asmanipun Nyai Pandhanwangi, dalemipun boten tebih saking mriki. Lajeng kula dipun paringi toya pethak winadhahan pincuk saking roning pisang, murih kula ombe”.

Aku gumun karo sing dikandhakne Sirep iki, jalaran sangertiku papanku kene iki adoh saka padesan lan ora ana omah siji-sijia sing cedhak karo papan kene. Lan aku uga lagi krungu iki nek ana wong wadon sing omahe cedhak kene sing duwe jeneng Nyai Pandhansari. Merga saka kuwi aku banjur ngulati Ki Jurudah lan Ki Prasanta aweh sasmita supaya kekarone ana sing gelem aweh katrangan ngenani wong wadon ayu sing aran Nyai Pandhanwangi kuwi. Ki Jurudah mesem, banjur guneman, genti nakoni Sirep :

“Lha Nyai Puranta apa ya banjur ngunjuk banyu sing diparingne Nyai Pandhanwangi kuwi? Banjur rasane kepiye?”.

“Inggih Kyai” wangsulane Sirep “toya inggih lajeng kula ombe ngantos telas, raosipun inggih limrah kados raosing toya genthong, namung kemawon sasampunipun kula ngombe toya kala wau, dumadakan ing salebeting manah kula kraos ayem lan tentrem, raos was saha raos kuwatos sadya ical, kagantos raos pasrah lan pitados dhateng Kersaning Hyang Agung, awit ing manah kula ketuwuhan raos pitados bilih sedaya ingkang dumados ing sanginggiling bumi saandhaping akasa menika namung awit saking karsa lan kodrat-wiradating Gusti, lan Gusti boten badhe kagungan kersa damel cilakaning titah, kajawi titah ingkang mila pados margining cilakanipun piyambak”.

“Sabanjure Nyai Pandhansari apa banjur kundur apa isih paring dhawuh maneh marang ndika Nyai ?” Ki Prasanta sing uga melu nyemak critane Sirep melu takon.

“Sasampunipun manah kula kraos tentrem lan ayem” Sirep aweh wangsulan “Nyai Pandhansari lajeng paring piwucal dhateng kula, bilih sok sintena kepengin langgeng ing salebeting  raos ayem  kedah tansah pitados saha namung angawula dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung, manawi manah sampun kadadosaken minangka kalbu mukmin baitullah, ing mriku badhe boten wonten malih isen-isen ing manah ingkang nuwuhaken raos ajrih, raos kuwatos lan sanes-sanesipun. Salajengipun Nyai Pandhanwangi ugi dhawuh dhateng kula bilih murih sampurnaning pangertosan ing babagan menika, kula kedah nyuwun tuntun dhateng guru-laki kula nenggih Kakang Puranta lan menawi Kakang Puranta sambat kirang pana ing babagan menika, dening Nyai Pandhanwangi kula kadhawuhan matur murih Kakang Puranta ngangsu kaweruh dhateng Pratapan Batapawon”.

“Hm……….” Ki Jurudah unjal ambegan landhung banjur muwus “ing kene Gusti paring warah marang wong tuwa sing kerep ngendel-endelne dumeh wis tuwa umure kaya aku iki, lumantar Angger Sirep ya Nyai Puranta sing ngandhakne apa sing dadi piwulange Nyai Pandhanwangi”.

“Liripun kados pundi Kyai?” Sirep takon maneh “lha dalemipun Nyai Pandhanwangi menika tembing pundi? Saestu salebeting manah, kula kepengin sanget ngajak Kakang Puranta sowan ing dalemipun Nyai Pandhanwangi menika”.

“Cethane wae mangkene Nyai” Ki Jurudah banjur aweh wangsulan “salugune ing jaman biyen aku uga nate nampa piwulang saka Kanjeng Ratu Setyawati sing saiki tak suwitani, piwulang kuwi kapethik saka Ngilmu Sejatiningsih wewarah saka Sang Maharsi Doradruwasa ya Gurune Kanjeng Ratu sing uga Gurune mBah Tambak, supaya menungsa bisa moksa utawa bisa manjing alam kaswargan sadurunge ngliwati kori sing diarani pati. Dene salah siji sing dadi saranane ya kaya sing  ndika kandhakne kuwi mau. Ya iku manungsa kudu nduweni ati Wali, dene tegese wali iku saka tembung uwal saka lali, menungsa utawa titah sing wis uwal saka lali mesthi bakal tansah eling marang Gusti Kang Maha Agung, eling marang kabeh dhawuh-dhawuhE, eling marang kabeh kang dadi pepacuhE. Titah sing wis nduweni ati wali iku padha karo sing ndika kandhakake mujudake kalbu mukmin baitullah sing tegese kalbu kuwi ati mukmin kuwi wong kang angestu marang Hyang Agung dene tegese baitullah kuwi daleme Gusti Allah. Cethane wae, titah sing wis ngaku dadi wong mukmin utawa wong angestu marang Gusti ora bakal kendhat nggone eling marang Gusti. Nanging ya kuwi, merga titah uga kagadhuhan nafsu patang prakara sing wujud Amarah, Aluamah, Supiyah lan Mutmainah kerep wae titah kasurung banjur manembah marang napsu patang perkara kuwi, lire akeh titah sing lali marang Gustine merga nuruti hardaning salah siji saka napsu patang perkara kuwi, kalebu aku sing wis tuwa nanging durung sepuh, durung sepi saka hawa temah durung pana loroning ngatunggil. Dadi nek Nyai Puranta jebul wis bisa miwiti yasa kalbu mukmin baitullah, ora mokal yen ing tembene ndika bakal luwih tuwa tinimbang aku sing mung tuwa tuwas kakehan umur kurang tumindak jujur iki, geleme laku jujur luwih kerep jalaran mawa tetimbanganing hawa napsu ora jujur merga nurut piwulang luhur”.

Apa sing dikandhakne Ki Jurudah kuwi kaya-kaya ndhodhogi dhadhaku. Aku banjur kelingan yen sasuwene urip iki, aku isih luwih akeh nuruti panjurunge hawa lan nafsuku dhewe. Kamangka sejatining suwarga kuwi sipate suci ora gelem kanggonan hawa lan nafsu, yen titah isih tansah anuruti lan tundhuk marang parentahe hawa lan nafsu mokal bisane manjing sejatining suwarga, iya suwarga ing jagad iki iya suwarga ing jaman kalanggengan mbesuk.

“Sing ditakokne Nyai Puranta sing keri dhewe mau, omahe Nyai Pandhanwangi kuwi ngendi Ki Jurudah” kanggo nylemur kumroncaling suwara batinku aku ngelingne Ki Jurudah marang kang ditakokne Sirep “merga Nyai Puranta arep ngajak kakunge sanja menyang omahe Nyai Pandhanwangi kuwi”.

“Inggih Kyai” Sirep melu guneman “saestu kula saged ngraosaken katentremaning manah nalika kula pikantuk piwucalipun Nyai Pandhanwangi, inggih awit saking menika kula badhe ngajak Kakang Puranta sowan ing dalemipun Nyai Pandhanwangi, murih boten namung kula piyambak ingkang pikantuk katentremaning manah, nanging ugi Kakang Puranta menapa”.

“Iya, iya Nyai” Ki Jurudah banjur guneman maneh “jenenge mau Nyai Pandhanwangi, kuwi dumadi saka tembung Pandhan karo tembung wangi. Kena diucapake kanthi diwolak lan diwalikake. Ya iku Pandhan lan Wangi, bisa uga Wangi lan Pandhan. Nadyan wujude mung sak Pandhan, ya iku tetuwuhan sing thukule ora dibudidaya manungsa, akeh sing thukule ing pinggiring kalen, lan akeh wong sing nyingkiri merga wedi yen kegarit eri sing thukul ana godhonge, nanging satemene tetuwuhan iki nduweni ganda sing dikaremi dening manungsa ya iku ganda wangi. Dadi nadyan mung sak Pandhan nanging tenane kuwi wangi. Kosok baline bisa uga sanadyan wangi nanging kuwi mung sak Pandhan. Cekake wae, asma Pandhanwangi kuwi wae wis ngemu pitutur marang ndika lan aku sarta wong-wong liyane iki, ya iku dadi wong kuwi aja gampang ngedohi wong sing katone ora ana regane, merga wong sing katone remeh bisa uga nyimpen ganda wangi sing bisa gawe senenging ati. Kosok baline, aja kesusu seneng marang sing gandane wangi, merga sing gandane saka kadohan wis mambu wangi bareng dicedhaki jebul duwe eri sing manggon ana godhonge. Sabanjure, Nyai Pandhanwangi kandha yen mapane ora adoh saka kene, kuwi ngemu teges satemene Nyai Pandhanwangi kuwi ora adoh karo awake dhewe kabeh iki lan wong-wong liyane. Mung wae, antarane awake dhewe iki karo Nyai Pandhanwangi ana sing misahake sing wujude aling-aling utawa wiwara sing ora kasat mata, wiwara kuwi ora bisa ditembus dening titah kang durung bisa mujudake kalbu mukmin baitullah kaya sing mau ndika kandhakne. Dadi nglengkara awake dhewe sing isih dhemen ambathara marang hawa lan napsu bisa ngambah ing papane Nyai Pandhanwangi.  Yen titah wis bisa mujudne kalbu mukmin baitullah kang satuhu, mangka prasaat saben wektu tansah bisa sesandhingan karo Nyai Pandhanwangi. Awit satemene Nyai Pandhanwangi kuwi bisane obah, bisane mlaku, bisane guneman lan bisane apa-apa wae, jalaran ana sing ngobahake, nglakokne lakune, ngobahake lathine lan sapiturute, ora merga saka karepe dhewe. Mula Nyai Pandhanwangi mau bisa nemoni Nyai Puranta, jalaran Gusti Kang Maha Asih kepareng manggihake ndika karo Nyai Pandhanwangi……”.

“Inggih Kyai, kraos wewah ayem raosing manah kula, mireng dhawuh jengandika Kyai Jurudah. Kados dene taneman gaga ingkang ijem lajeng kasiram dening dhawahing jawah. Kados kawontenaning plataran ingkang kapadhangan dening diyan ting ing wanci wulan purnama” Sirep mangsuli apa sing dikandhakne Ki Jurudah, sajake wis ngerti apa sing dikarepake Ki Jurudah sing tenane ngemu pitutur sing dhuwur. Pitutur ora mung kanggo Sirep wae, nanging uga kanggo aku lan Ki Prasanta lan bisa uga kanggo Ki Jurudah dhewe.

Wektune wis sansaya wengi, wis wayahe menungsa sing isih akeh njagakne badan wadhage kaya dene Sirep iki aweh wektu leren marang ragane. Aku banjur ngongkon Sirep manjing marang papan paturone, murih bisa leren kaya lumrahe wong. Sawuse Sirep ngalih, lagi aku karo Ki Jurudah lan Ki Prasanta ngrembug sing dadi tanggung jawabku sajroning nindakne laku patobatan iki.

 

Ana candhake

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (053)


 

53.

Krungu critane Guruku sing mangkono kuwi mau, aku lagi ngerti ya gene Ki Jurudah lan ki Prasanta lagi teka kene. Kamangka wiwit mau wis tak enteni lan kober tak kira yen wong loro kuwi mung enak-enak nonton wong tukaran saka papan sing ora diweruhi dening sing ditonton, sauntara aku dikongkon ngrewangi Puranta ngadhepi Jim Ganjur sabalane iki. Jebul Ki Jurudah lan Ki Prasanta ora kaya sing tak gagas, merga ngadhepi Gurukul an Ki Lancur sing tau dadi andhahanku jaman padha-padha ngabdi ing Dalem Katumenggungan nalika samana.

“Estunipun Ganjur menika boten lepat kalihan kula Guru, awit ing mriki kula namung nglampahi dhawuh saking Kanjeng Ratu lumantar Ki Jurudah lan Ki Prasanta, saperlu asung pitulungan dhateng Ki Puranta putranipun Ki Tambak Kapisan, ingkang nembe dipun paeka dening muridipun Ganjur ingkang nama Lopara” sawuse rada sauntara aku banjur mangsuli apa sing dadi panjaluke Guru murih aku ngapura marang kaluputane Ganjur “dene kula kapeksa ndhawahaken aji Ismugunting dhateng Ganjur ingkang jebul taksih ponakan kula piyambak menika, jalaran Ganjur kumawantun ngatag aji Rahmuka Kakang Kawah Adhi Ari-ari ingkang kapetang Aji sengkeran ingkang boten kenging anggegampil anggenipun migunakaken”.

“Ooo Ganjur, pancen bocah nakal tenan, wani-wanine nggunakne Aji sengkeran Paguron Gunung Kumitir kanggo ngadhepi sesembahanku Raden Bagus Suwanda” Lancur ketok getem-getem marang anake lanang.

“Aku njaluk pangapura Bapa” Ganjur sing wiwit mau melu ngrungokne olehku rembugan karo Guruku Raden Kala Canthuka, bareng disendhu dening wong tuwane merga wis nggunakne Aji Sengkerane Paguron Gunung Kumitir banjur njaluk ngapura “Aku mau ora ngerti yen sing tak adhepi iki pepundhenku dhewe Raden Bagus Suwanda, merga mau mung dhawuh yen asmane mBah Tambak ngono wae”.

“Uwis perkara kuwi bisa dirembug keri, saiki aku lan ndika Ki Lancur sarta kowe ngger Ganjur kari ngenteni dhawuh saka Ki Jurudah lan Ki Prasanta bakal kapatrapan pidana apa wae, awake dhewe kudu trima. Jalaran arepa mawa pawadan kang kaya apa wae, nyatane aku wis tumindak luput nuruti panjaluke putuku Ganjur sing jebul wis tumindak nasar sing nalisir saka bebener. Katujune iki mau sing ngadhepi aku Ki Jurudah lan Ki Prasanta dhewe upama ora, mbok menawa wae, dosaku bakal dadi tumpuk undhung ora karuwan”.

“Piye Ki Jurudah lan Ki Prasanta?” Aku genti nakoni Ki Jurudah lan Ki Prasanta.

“Sadurunge tak wangsuli aku pengin ngerti kepiye kahanane bocah sing tak titipne ndika mau mBah Tambak?” Ki Jurudah mbalik nakoni aku.

“Sadurunge aku gojeg karo Ganjur mau, Ki Puranta mung tak pasrahi supaya ngadhepi Jim - jim andhahane Ganjur lan kanthi gampang Jim-jim andhahane Ganjur bisa dikalahake dening Ki Puranta, Kyai” wangsulanku ayem karo noleh papan sing mau dienggo perang Puranta mungsuh Jim-jim andhahane Ganjur. Nanging kahanane wis sepi, Puranta ora katon ing kono, sing ana mung para Jim sing pating klemprak, katon yen kentekan daya lan tenaga.

Nalika mripatku nyoba ngulati kanan kering ing plataran omahe Puranta sing mau rame kanggo perang. Kahanane ya wis dadi sepi, peperangan wis rampung. Nanging Puranta saiki ana ngendi? .

“Sokur ta yen pancen mangkono mBah Tambak” Genti Ki Jurudah sing banjur guneman “saiki genti aku sing arep kandha marang Raden Kala Canthuka”.

“Iya Ki Jurudah, aku arep ngrungokne apa sing bakal ndika dhawuhake” sing wangsulan malah Guru.

“Jumbuh karo dhawuh sing tak tampa saka Gustiku Kanjeng Ratu ing Ngiyom lumantar Aji Paweling, Dina iki uga Raden Kala Canthuka supaya bali menyang Pajimatan Candhi Gunung Kumitir karo nggawa Ganjur saandhahane sing wujude bangsa Jim. Dhawuhe Kanjeng Ratu sabanjure, Raden Kala Canthuka, Lancur lan Ganjur ora dikeparengake ninggalake Candhi Gunung Kumitir suwene satus tahun kaping pindho, yen nganti dhawuh iki dicidrani, embuh sapa sing nyidrani mangka wis ana pidana sing diselehne dening Kanjeng Ratu ngubengi laladan Candhi Kumitir, sapa sing nglangkahi utawa midak sing diselehne Gusti Ratu kuwi mangka bakal lebur tanpa dadi, mbledhosa dadi nDheg amun-amun” kandhane Ki Jurudah  marang Guru.

“Yen mangkono aku banget ngaturake panuwun Ki Jurudah lan Ki Prasanta, tulung aturna bekti lan panuwunku kunjuk Kanjeng Ratu ing Kraton Pangayoman sawayah-wayah ndika wis bali mrana” Raden Kala Canthuka aweh wangsulan “saiki kaparenga aku njaluk pamit bali menyang Candhi Kumitir kaya sing didhawuhne Kanjeng Ratu lumantar ndika kuwi mau”.

Tak sawang Ki Prasanta kanthi nggunakne kekuwataning batine wis ngudhari bandan sing naleni tangane Guru lan tangane Lancur. Ora let suwe, Guru banjur budhal lunga ninggalake plataran omahe Puranta kuwi ditutne Ki Lancur, Ganjur lan jim-jim andhahane kabeh.

“Paprangan wis rampung mBah Tambak, sajake kabeh padha leren neng jero omahe Angger Puranta” kandhane Ki Jurudah sawuse Guru saandhahane lunga “Ayo padha dicedhaki kepiye asile olehe padha perang mau?”.

“Iya Ki Jurudah” wangsulanku “nanging sajake Ki Puranta sakancane sing unggul ing paprangan iki mau, ketitik kae sing padha wira-wiri neng cedhak emperaning omah kae cetha nek Para Sapukawating Kalurahan sing mau padha manunggal karo Ki Puranta”.

“Iya mBah Tambak” Ki Prasanta genti sing guneman “becike awake dhewe tumuli nemoni Angger Puranta, murih sansaya cetha kepiye critane kedadean dina iki mau. Nanging becike, awake dhewe wong telu kaya sing dicakne mBah Tambak mau, olehe nemoni Angger Puranta nganggo cara sing bisa meruhi awake dhewe mung Angger Puranta wae, dadi ora ndadekne ramening kahanan”.

Aku wong telu tumuli padha manjing alam panglemunan lan mlaku arep mlebu menyang omahe Puranta. Senajan ing ngarep lawang omahe Puranta kuwi akeh Sapukawating Kalurahan sing padha jaga-jaga kanthi gegaman sing jangkep, nanging ora ana sing padha weruh aku wong telu sing mlaku arep mlebu omah. Tekan emperan, aku weruh para Sapukawating Kalurahan sing mau padha anggolong marang Bebau Kidul utawa Jagabaya Bontot, mlumpuk dadi saenggon. Ana sing lungguh lan ana uga sing ngglethak merga nandhang tatu sing abot. Ditunggoni Para Sapukawating Kalurahan sing anggolong marang Puranta.

Ora adoh ing sandhinge wong-wong kuwi, katon gumlethak Jagabaya Bontot lan Bebau Kidul, sajake wong loro kuwi wis padha ora duwe nyawa maneh. Tatune katon yen arang kranjang. Aku wong telu ora kober namatne suwe-suwe sesawangan sing ora kepenak disawang nganggo mripat kuwi, awit tumuli mlebu omah arep nggoleki Puranta. Ing jero omah sisih kiwa, katon para Sapukawating Kalurahan padha repot nambani kancane sing padha tatu. Banjur ing sisih tengen, katon ana uga Sapukawating Kalurahan sing wis kelangan nyawa ing paprangan dina iki mau, kalebu Sabekti lan Puludan. Layon-layon kuwi dijejer diujurne ngalor ditutupi nanggo jarit mung dikatonake praupane wae. Sajake kulawargane layon-layon kuwi ya wis padha dikabari, ketitik akeh sing wis padha ngrubung layon-layon mau karo nuduhne sedhihing atine dhewe-dhewe.

Aku wong telu padha tolah-toleh nggoleki ing ngendi dununge Puranta sing durung katon. Aku wong telu banjur mlaku menyang Pringgitan, mbok menawa Puranta ana kono. Temenan ing Pringgitan jebul akeh wong sing ana kono. Para Bebau kabeh mlumpuk, kajaba Bebau Kidul. Kabeh padha tumungkul katon sedhih. Sauntara ing ngarepe Para Bebau kuwi katon Ki Lurah Tambak Kapindho gumlethak, dikemuli jarik. Ing Sisih kiwane, Puranta lungguh meneng karo sedhela-sedhela nyawang kahanane Sedulure tuwa sing mung meneng lan mripate merem kuwi. Praupane katon pucet, abang dluwang, ambegane cekak-cekak. Ing sisih tengene Ki Lurah sing wis ora bisa obah kuwi, katon wong wadon sing sajake Nyai Lurah, sanadyan ora nyuwara apa-apa nanging luhe ora leren kumucur saka mripate.

Kanthi Aji Taliati, aku nyeluk Puranta lan ngandhani yen ana sing arep dikandhakne dening Ki Jurudah lan Ki Prasanta marang dheweke. Puranta tanggap, banjur ngadeg arep ninggalne Ki Lurah.

“Dhimas Puranta arep menyang ngendi?” ngerti nek Puranta ngadeg wong wadon sing lagi nangis kuwi takon.

“Sakedhap mBakyu” wangsulane Puranta sajak ora tega “kula badhe medal sakedhap nyuwun pitedah dhateng Gusti mugi pikantuka sasmita kangge jampinipun Ki Lurah murih tumunten waluya malih”.

“Iya, iya Dhimas, nanging aja suwe-suwe ya?”

“Inggih mBakyu” wangsulane Puranta banjur mlaku nyedhaki papanku wong telu.

Dening Puranta aku wong telu diajak mlebu omah mburi lan sawuse padha lungguh. Puranta banjur wiwit guneman :

“Ngaturaken katiwasan Kyai Jurudah, Kyai Prasanta lan mBah Tambak. Kula boten saged ngayomi Ki Lurah awit tumindakipun Kyai Lopara ingkang licik. Lan mugi kauningan, Ki Bebau Kidul lan Ki Jagabaya Bontot pejah sampyuh kalihan Ki Puludan miwah Ki Sabekti. Para Sapukawating Kalurahan ugi wonten ingkang kedah gugur ing salebeting paprangan menika”.

“Iya iya Ngger” Ki Jurudah sing aweh wangsulan “aku lan Ki Prasanta apa dene mBah Tambak uga wis weruh dhewe kahanan sing ndika kandhakne kuwi mau. Banjur Lopara saiki ana ngendi?”.

“Inggih Kyai, sepisan malih kula nyuwun pangapunten, awit kula dereng kuwawa ngampet hardhaning napsu amarah kula” wangsulane Puranta “estunipun kala wau, nalika kanthi culika Kyai Lopara saged namani Ki Lurah mawi Paser Angin ingkang liwat tulupipun, Ki Lurah taksih saged mbabitaken golok ingkang dipun asta temah ngengingi lambungipun Kyai Lopara. Nanging dupi kula sumerep Ki Lurah rebah ing siti kanthi ngedalaken rah cemeng saking tutukipun, kula boten saged ngendhaleni umobing rah kula ingkang kobong dening napsu amarah, temah Kyai Lopara ingkang sampun nandhang tatu awit kenging golokipun Ki Lurah, taksih kula tamani Kyai Pantek ingkang wonten tangan kula, kenging jajanipun. Eloking kawontenan, Kyai Pantek boten saged kula jabut saking jajanipun Kyai Lopara ingkang lajeng mlajar kalihan mbrangkang. Kula piyambak ugi boten saged mbujung Kyai Lopara awit kesesa boten kiyat mireng sambatipun Ki Lurah ingkang nandhang kanin kadhawahan ajinipun Kyai Lopara kala wau. Samangke kula boten mangertos ing pundi dunungipun Kyai Lopara miwah Kyai Pantek Piyandel Kalurahan Tambak. Para sapukawating Kalurahan sami kula prentah murih nglari dhateng pundi purugipun Kyai Lopara nanging dugi sapriki inggih dereng kapireng asilipun”.

“Iya, iya Angger Puranta” Ki Jurudah karo suwarane sing sareh aweh wangsulan “kabeh wis kebacut, kuwi mau satemene iya awit saka lakuning kahanan sing njumbuhake karo unining tulis kang kaserat ing Lokil Makpul. Ora liwat, adiling lelakon kuwi kudu dilakoni, kanthi sabar lan narima linandhesan rasa pasrah marang Purbaning Kawasa. mBudidaya kuwi dadi kuwajibaning titah, dene asile kuwi gumantung marang kersaning Allah. Saiki aja kedlarung angon ndika susah lan sedhih, getun apa dene keduwung, tumuli printahna marang Para Bebau kae supaya sing dadi kurbaning paparangan tumuli dirukti kanthi samesthine, sing padha tatu kaudiya murih enggal padha mari, banjur kanggo sauntara tindakna kabeh jejibahane Ki Lurah kanthi sabecik-becike. Pitung dina maneh tak enteni rawuh ndika ing omahe mBah Tambak, saiki aku karo Ki Prasanta lan mBah Tambak arep ninggalne papan kene awit ana prakaryan sing kudu padha dilakoni dhewe-dhewe”.

Bubar muni ngono kuwi Kyai Jurudah banjur aweh sasmita marang aku lan Ki Prasanta diajak ninggalne omahe Puranta. Dadi apa sing kedadean sabanjure aku ya ora ngerti, dienteni wae pitung dina maneh lagi bakal tak ngerteni apa sing dumadi. Merga Puranta yen klakon tekan omahku mesthi bakal nyritakne lelakone.

 

Ana candhake.

Minggu, 12 Maret 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (052)


 

52.

Sanadyan Jim Ganjur wis nglumpruk tanpa daya, nanging olehku njapit gulune ora tak uculi mung rada tak kendhoni sethithik. Aku ya ora ninggal kawaspadan, aku ngerti nek wis lumrah wong tukaran maune ketok wis tanpa daya nanging bareng mungsuhe lena kanthi cukat genti males gawe cilaka. Aku mung ngenteni Jim Ganjur bali eling saka semapute, yen dheweke wis eling lan ora gelem ngaku kalah mangka bakal tak tutugne nggonku ngunci gulune. Bareng wis sauntara, Jim Ganjur wis bisa melek maneh, nanging ora tumuli sambat njaluk urip, malah gunemane isih keprungu ora kepenak dirungokne  :

“He Tambak wong tuwek, nek nyata kowe perwira aku uculana saka japitanmu, ayo ditutugne nggone adu katiyasan lan kanuragan!”.

“Lucu kowe kuwi Ganjur” wangsulanku “saiki genti tak walik, nek kowe nyata perwira ayo uculana japitanku. Yen pancen kowe ora sembada nguculi japitane sikilku becik kowe ngaku wae, yen kowe kuwi Jim sing gampang banget dikalahne dening wong tuwek kaya aku iki”.

“Setan kowe Tambak!” Jim Ganjur nggereng sajak nesu “selawase ora bakal aku ngakoni yen wis kalah karo kowe, titah sing mung wujud manungsa. Aku titah bangsa Jim asal-usulku saka geni kang tanpa pega, duwe tataran luwih dhuwur tinimbang manungsa sing asal usule mung saka lebu, sing umure ora dawa, mung bisa urip sedhela banjur mati, beda karo bangsaku sanadyan kena ing lara, nanging luput saka ing pati”.

“Wis kaya ngene kahananmu nanging kowe panggah milih dadi jim goblog, Ganjur” aku wangsulan karo ngguyu  “kowe ngendel-endelne asal-usulmu lan ngremehne asal-usule manungsa, kuwi padha wae kowe ngremehne kuwasane Gusti Sing Tan Kena Kinaya Apa, jalaran kabeh kang ana iki mung awit saka karsaNe, Banyu, Angin, Geni, Lebu, Cahya kuwi kabeh anane merga saka kersane Gusti. Luwih goblog maneh, bareng kowe ngarani yen menungsa sedhela urip banjur mati, Urip kuwi langgeng Ganjur, mung alame wae sing seje, kowe kandha yen luput saka ing pati, kuwi ya kleru. Sabab sing diarani pati kuwi mung wujude kori sing kudu diliwati dening sadhengah titah sing dikersakne dening Gusti ngalih menyang alam sing seje. Saiki yen pancen kowe isih ora gelem ngakoni luput lan rumangsa wis tak kalahake, rasakna panjepiting sikilku sing ora bakal tak uwali selawase lan iki ana lebu lemah sing wis tak carup karo gerusaning isi cabe arep tak wur-wurne menyang mripatmu lan aku ya ora ngerti kepriye dadine mripatmu mengko sawuse tak wuwuri gerusan iki“.

“Tambak…. Aja edan kowe!” Ganjur mbengok karto pluntiran kepengin ucul saka jepitanku nanging panggah ora bisa “aku uculana, yen ora kowe bakal getun, mbesuk piwalesku marang kowe bakal luwih kejem tinimbang sing wis mbok tindakne marang aku”.

“Lucu…lucu…..” Aku wangsulan karo ngguyu “kowe isih niyat arep gawe piwales marang aku? Rak isih mbesuk ta olehmu arep males aku? Saiki rasakna dhisik, kepriye dadine mripatmu sawuse tak wuwuri lebu sing wis tak carup karo gerusaning cabe sing thukul ana watu item, sing miturut kabar sing tak tampa bisa gawe picaking mripate bangsa Jim kanggo selawas-lawase, saiki rasakna dhisik ya?”.

“Aja edan …… kowe Tambak, bubukanmu kuwi bisa gawe cilaku tenan…….” Jim Ganjur bengok-bengok, sikile krencalan lan tangane sraweyan arep nyerang aku. Nanging tangan kuwi wis tanpa daya, kekuwatane Jim Ganjur wis entek kesedhot Aji Ismugunting sing tak punjerne ana jepitaning sikilku.

Nganti sauntara Jim Ganjur tak umbar kroncalan aku mung ngenteni dheweke kandha tobat lan ngakoni yen wis tak kalahake. Yen olehe kroncalan leren, jepitanku tak kencengi maneh, nganti suwe-suwe, karo nangis Ganjur sambat :

“Aku luwarana mBah Tambak, saiki aku ngakoni kalah tenan mungsuh kowe……..”.

“Saiki ta?” aku wangsulan karo ngece “nanging mengko utawa sesuk utawa suk emben, kowe mesthi banjur nglimpe aku arep mbok gawe cilaka iya apa iya? . Ya ora apa-apa, pancen kuwi wis dadi watakmu. Merga saiki kowe wis ngaku kalah, kowe ya arep tak luwari nanging sadurunge tak luwari mripatmu arep tak wur-wuri bubukan sing tak kandhakne mau luwih dhisik!”.

“Tobat mBah….. aku tobat tenan…..aja mbok mbok tindakne omongan ndika kuwi!” Ganjur nangis gero-gero.

“Guyonane dicupet teka kene dhisik mBah Tambak…!” dumadakan tan weruh sangkan parane Ki Jurudah lan Ki Prasanta jebul wis ngadeg ana ngarepku karo guneman marang aku mangkono kuwi “apa ndika ora kepengin ketemu karo Guru lan sedulur ndika sing saiki wis ana kene?”.

Tak sawang ing sisih tengene Ki Jurudah katon Guruku Ya Raden Kala Canthuka sing tangane wis dibanda memburi lan ing kiwane Ki Prasanta katon Lancur sing uga wis dadi bandan.

Aku ndlongop nyawang wong-wong sing lagi teka mau, lan jroning atiku banjur takon ya gene Guru karo Lancur dadi bandane Ki Jurudah karo Ki Prasanta?.

“Becik yen ndika luwari luwih dhisik Jim Ganjur sing wis kentekan tenaga kuwi, mBah Tambak” Ki Jurudah guneman maneh marang aku.

Tanpa dipindhoni prentahe Ki Jurudah kuwi banjur tak tindakne. Ganjur tak luwari saka japitan Aji Ismugunting, banjur tak surung tiba glangsaran neng ngarepe Ki Jurudah lan Ki Prasanta.

“Kula ingkang nyuwunaken sepinten dosa lan kalepatanipun anak kula pun Ganjur, Raden Bagus Suwanda………” dumadakan Lancur ndhingklukne sirahe karo guneman marang aku.

“Ki Lancur………? Lan Guru………?” aku sing isih durung mudheng ya gene Guru karo Lancur tekan kene lan dadi bandan kuwi, mung bisa nyebut jeneng.

“Aja kaget Gus….” Guruku Raden Kala Canthuka sing semaur “Jim Ganjur kuwi anake Ki Lancur. Biyen jaman awake dhewe pepisahan merga awake dhewe arep mlebu Kratone Ratu Setyawati, Ki Lancur banjur kepethuk Peri klambrangan diopeni lan didadekne bojone, nganti duwe anak siji ya si Ganjur kuwi. Bareng awake dhewe dikendhangake nganggo banyu banjir, ndika temangsang neng ngendi aku ora ngerti, aku dibalekne menyang Candhi Kumitir ya pasareyane  Kanjeng Rama maneh lan kaprentah supaya nindakne laku patobatan. Bareng wis rada suwe aku meneng neng Candhi Kumitir, dumadakan Ki Lancur teka karo Tumbini, bojone, ngajak anake lanang sing isih wayah demolan sing jeneng Ganjur kuwi, nembung nek arep nutugne anggone suwita marang aku”.

“Dados Jim Ganjur menika anake Ki Lancur lan ugi siswanipun Guru lan mapanipun ing Candhi Kumitir mrika ?” aku takon maneh.

“Wiwitane mengkono kuwi” Guru aweh wangsulan “nanging durung nganti bundhat nggone necep ngelmu saka aku, Ganjur pamitan arep ngumbara ngubengi Tanah Jawa. Merga ora kena dipenggak, wekasan aku ya mung bisa ngolehi lan meling supaya luwih ngati-ati. Sawuse oleh seketan tahun nggone ngumbara Ganjur bali menyang Candhi Kumitir, kandha yen saiki wis madeg dadi Guru manggon neng Kedhung Belik sing mapane ana sukuning Gunung Lawu sisih lor. Ganjur uga crita yen sajroning ngumbara tau lakune tekan Kraton Ngiyom lan kober kepethuk karo Kanjeng Ratu Setyawati barang, Ganjur kandha yen sesambungan pasedulurane karo Ratu Ngiyom mlaku kanthi becik, Ganjur kerep sanja menyang Ngiyom. Aku melu seneng dene Ganjur duwe tepungan Ratu sing wicaksana kuwi, mesthine Ganjur bakal bisa niru lan nulad marang Ratu Ngiyom kuwi”.

“Kala wau Ganjur criyos dhateng kula menawi piyambakipun nate kayungyun dhateng Kanjeng Ratu Setyawati, Guru?” aku nugel rembuge Guru Raden Kala Canthuka.

“Bener kuwi Gus” Guru aweh wangsulan “pancen Ganjur sing durung ngerti sapa satemene Ratu Kraton Pangayoman kuwi, kober kayungyun lan kedanan kepengin bisa ngepek bojo. Lan baline menyang Candhi Kumitir kuwi ya salah sijine merga kuwi, Ganjur kepengin golek senajata pitulungan marang aku uga bapakane kanggo ngadhepi Senapati kembar saka Kraton Ngiyom sing jarene Ganjur loro-lorone kuwi sing memalangi anggone arep seneng karo Ratu Setyawati”.

“Lha salajengipun kados pundi Guru? Menapa Guru inggih nuruti panyuwunipun Ganjur?” aku takon maneh.

“Mesthi wae ora ta Gus!” wangsulane Guru karo mesem “aku malah nuturi sapa satemene Kanjeng Ratu Setyawati kuwi, lan uga tak critakne yen aku uga tau kayungyun marang panjenengane. Sabanjure Ganjur uga tak kandhani supaya aja wani-wani karo Senapati Kraton Ngiyom Sapukawate Kanjeng Ratu Setyawati sing jeneng Ki Jurudah lan Ki Prasanta, awit kekarone kuwi Senapati sing punjul ing apapak, duwe kasekten sing prasasat tanpa ana sing bisa nandhingi, kekarone kuwi tau tate dadi Senapati ing Majapahit jaman sing jumeneng Nata ing kana Kanjeng Sinuhun Sri Brawijaya Wikramawardana sing jaman timure asma Raden Damarwulan. Bareng wis tak tuturi akeh-akeh, Ganjur iya bisa nampa lan kandha yen arep murungake nggone duwe sedya arep ngepek bojo Ratu Setyawati sing ayune ndika ya ngerti kaya ngana kae…….”.

“Lajeng sambetipun kalihan lelampahan dinten menika menapa Guru?” aku takon maneh “dumadakan kemawon Guru kalih Ki Lancur sampun dumugi mriki, nanging kula tingali sampun dados bandanipun Ki Jurudah lan Ki Prasanta?”.

“Hm……….” Guru ora wangsulan apa-apa mung unjal ambegan landhung, banjur ndhingkluk ngingeti lemah. Tak sawang Lancur uga banjur kaya sing ditindakne guru, mecucu karo marikelu.

“Kandhakna apa anane Raden Kala Canthuka!” Ki Prasanta dumadakan guneman aweh prentah marang Guru “aja ana sing ndika tutup-tutupi, yen ndika gelem blaka mbok menawa bisa dadi pangentheng-entheng saka pidana sing kudu ndika lakoni merga nuruti sambate murid ndika sing seneng melik barang kang melok lan kesusu selak muluk sing wekasane banjur kaselak ngene iki!”.

“Iya Ki Prasanta” wangsulane Guru sing tumuli kandha marang aku “ya iki Gus sing diarani anak polah bapa kepradah ngana kae”.

“Liripun kados pundi Guru?” aku durung mudheng apa karepe Raden Kala Canthuka.

“Watara sewulan kepungkur Ganjur sanja menyang Candhi Kumitir, njaluk bebantu kanggo ngadhepi salah siji saka trahe Prabu Adiwijaya Pajang sing nedya numpes bangsa Jim ing laladan kalurahan Tambak. Dene sing dadi jalaran, merga Trahe Sultan Pajang kuwi ngerti yen akeh kawula ing laladan kono padha kepengin dadi muride Ganjur. Kamangka sing diendel-endelne trahe Sultan Pajang kuwi ya mung Pusaka Piyandel sing satemene kagungane Kanjeng Ratu Setyawati sing aran Kyai Pantek. Mula dening Ganjur Kyai Pantek banjur dicidra lan diumpetake menyang Guw Bongkrah sing manggon ing sapinggire Kali Sumberlanang. Nanging jebul Keris pusaka kuwi ilang saka papan pandhelikane. Ganjur ngira yen sing nyolong Kyai Pantek saka Guwa Bongkrah kuwi para siluman sing nyengkuyung Trahe Sultan Pajang sing dadi Lurah ing Tambak kuwi. Ganjur banjur nembung njaluk tulung marang aku lan Ki Lancur supaya rerewang nggone arep numpes trahe Sultan Adiwijaya sing manggon ana Tambak”.

“Lajeng Guru lan Ki Lancur ugi nuruti menapa panyuwunanipun Jim Ganjur?” aku takon.

“Kaya sing ndika weruhi, aku lan Ki Lancur tumuli budhal lan nanging bareng aku tekan laladan Tambak jebul wis diadhang dening Ki Jurudah lan Ki Prasanta, ana rembug sing sulaya banjur ndadekne aku kerengan karo Senapati loro kuwi banjur aku diseret menyang papan iki. Jebu ling kene aku weruh Ganjur ndika tibani aji peparinge Gusti Menggung sing jeneng Aji Ismugunting, satemah nglumpruk kaya ngono kuwi. Mula aku sing njalukne pangapura merga lupute Ganjur marang ndika Gus Suwanda”.

 

Ana candhake

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (051)


 

51.

Karo ngladeni perange Jim Ganjur, sing bisa tak sawang lan tak ngerteni kahanane ya mung Puranta. Dadi aku ora bisa nyritakne kahanane wong liyane kalebu kahanane Ki Lurah sing lagi adhep-adhepan karo Lopara. Para Bebau lan Para Jagabaya sarta para Sapukawating kalurahan sing mungsuh para murid-muride Jim Ganjur lan andhahane murid-muride Lopara. Sarta kepriye caritane Sabekti lan Puludan sing padha kerengan mungsuh Bebau Kidul lan Jagabaya Bontot. Gandheng tak sawang kahanane Puranta sansaya ora nguwatirake babar pisan, malah kepara Jim-jim Bregejil sing padha ngrubut Puranta dadi dolanane Puranta. Aku wis mantebake tekad kanggo gawe lumpuhe Jim Ganjur sing tandange wiwit ngawur.

Dumadakan saka kadohan keprungu suwara sambat nanging aku ora ngrewes, merga aku selak kepengin bisa ngringkus Jim saka Kedhung Belik iki murih bisa tak takoni ana gandheng rapete apa antarane dheweke karo Guruku Raden Kala Canthuka. Sepisan maneh tak lirik Puranta, sing sawuse krungu suwara sambat banter sing ora tak rewes kuwi, sansaya sengkud nggone tumandang, Para Jim sing padha ngrubut wiwit ana sing rubuh ora bisa tangi. Lan aku uga banjur ngecakne ngelmu sing adoh sadhuwure ngelmu kanuragane Jim Ganjur, wasana ing sawijining kalodhangan, Jim Ganjur kena tak tibane kepelan sing tak surung nganggo hawa murni kang wutuh. Kena kepelanku prenah dhadhane, sakala Ganjur mencelat rada adoh, tiba neng lemah golung koming karo misuh-misuh nggunakne basa sing rusuh. Sawuse golung koming sauntara banjur mencolot tangi , arep ngadeg. Nanging ya durung bisa jejeg. Malah banjur saka cangkeme muntahake getih ireng sing tumiba neng lemah.

“Iblis laknat kowe Tambak wong Tuwek elek” karo misuh lan ngadeg glayaran Ganjur guneman marang aku “entenana piwalesku, sedhela maneh bakal tak jejuwing kuwandhamu!”.

“Kowe kuwi omong apa Ganjur?” aku nanggapi karo ngguyu ngece “lagi kena slenthik sethithik wae, kowe wis golung koming kaya ngono, kok wani-wanine kowe guneman arep males marang aku?. Ayo ketogna kabisanmu, ora-ora nek mBah Tambak arep kangelan ngadhepi tandangmu!”.

Ganjur ora semaur, malah banjur mapanake tangan lorone ana dhadha sedhakep. Lambene ngrapal mantra. Dumadakan Ganjur ilang saka panduluku, sing ana wujud macan loreng sing sak gajah gedhene. Cangkeme mangap amba kaya lawang guwa, untune sing rangah lancip-lancip katon nggegirisi, ngetokne pega rupa biru sing kumelun kaya kukusing dupa sing disumet. Banjur nggereng sing ngemu perbawa, ndadekne bumi sakiwa tengene klebu bumi sing tak pidaki dadi horeg katut suwara gerenge macan sing gedhene sak gajah kuwi. Macan banjur ancang-ancang arep nubruk. Aku sansaya kepengin enggal weruh sapa satemene Jim sekti sing jeneng Ganjur iki, awit ngelmu mancalawarna dadi Macan Loreng ngono kuwi aku ya tau nyinaoni, nalika aku isih dadi muride Raden Kala Canthuka biyen.

“Eh Ganjur Jim Goblog” kandhaku nalika weruh macan loreng kuwi ancang-ancang arep nubruk aku “apa kowe lali karo welinge Gurumu sadurunge kowe ngecakne Aji Sardulakrodha ngono kuwi?”.

Macan sing wis arep nglumba nubruk aku kuwi dumadakan murungake sedyane nubruk, malah banjur mundur sajangkah karo nggereng, mripate sumorot abang kaya obor ing wanci bengi, nyawang marang aku.

“Mesthine Gurumu biyen tau aweh weruh marang kowe” kandhaku sabanjure sawuse ngerti yen Ganjur sing wis wujud macan kuwi takon apa karepe omonganku sing ngelingake welinge gurune “Titahing Gusti kuwi sing luwih jangkep nalar lan budine mung titah sing wujud manungsa, nanging merga manungsa akeh sing ora bisa nggunakne nalar lan budine kanthi becik lan bener, sok banjur melik marang nugrahaning Gusti sing diparingake marang kewan klebu kewan macan. Kamangka nek wis wujud kewan ngono kuwi, manungsa ya banjur salin nalar lan budine dadi nalar lan budine kewan. Menungsa sing bisa nggunakne nalar lan budine kanthi becik lan bener, ora bakal bisa dikalahake dening Macan daden-daden sing wis wujud kewan, kelangan nalar budine manungsa, malah duwe nalar lan budine macan wae, ya nalar budi sing adoh karo nalar budine macan sing satemene. Sepisan maneh Gurumu mesthi tau kandha nek manungsa isih jangkep nalar lan budine ora gigrig krungu panggiromu, ora gila lan ora miris weruh wewujudanmu, mangka ora bakal bisa mbok kalahake nganggo ngelmumu sing jenenge Sardulakrodha ngono kuwi. Apa mbok kira sing bisa memedeni mungsuhe kanthi cara salin wujud ngono kuwi mung kowe dhewe?. Sawangen rupaku, apa wujudku miturut panyawanging mripatmu?”.

Ora gantalan wektu, aku tumuli matak ajiku Sardulakrodha kaya sing dicakne Jim Ganjur. Sakala miturut panyawange Ganjur, wujudku wis salin dadi Macan sing rupane padha karo wujude dhewe, mung gedhene wae tikel kaping telune saka gedhene macan malihane Ganjur. Sakala Ganjur mencolot mundur katon yen giris weruh wewujudanku, ora suwe banjur mbalik dadi Jim Ganjur maneh. 

“Setan tenan kowe mBah Tambak!” Ganjur sing wis mbalik dadi kaya sakawit, guneman maneh “aja mbok kira aku wedi weruh wujudmu, ayo yen nyata bisa nyenggol awakku, tak guroni kuwandhamu!”.

Bubar muni ngono kuwi, sepisan maneh Ganjur ilang saka panyawangku. Mung sagebyaring that-thit, kira-kira sepuluh jangkah saka papanku ing ngarep lan sisih kiwa lan sisih tengenku wis katon wewujudan kembar telu, kabeh ora ana bedane karo wewujudnae Ganjur. Sing luwih aneh maneh, Ganjur sing ana ngarepku nyekeli Tumbak Trisula, sing ana kiwaku nyekeli Tumbak sing duwe mata bongkot lan pucuke padha lan sing ana tengenku  nyekeli gegaman wujud pedhang kembar sing digegem gagange ing tangan kiwa lan tangan tengene.

“Ha…ha…ha…” Ganjur sing ana ngarepku ngguyu lakak-lakak banjur guneman banter “mBah Tambak manuta wae kowe tak terne menyang Neraka Jahanam kanthi cara luwih dhisik tak jupuke Jejantungmu tak nggone jamu…ha… ha …..ha”.

“Iya mBah Tambak ben kowe ora pati kesuwen ngrasakne lara merga jantungmu dijupuk kakangku, lilakna luwih dhisik limpamu tak gaglage kanggo tamba luweku” Ganjur sing ana sisih kiwaku nyauti rembug.

“Bener kuwi mBah Tambak” Ganjur sing mapane ana sisih tengenku nrambul gunem “limpamu apa dene jantungmu kuwi gedhe banget pigunane tumrap sedulur-sedulurku kuwi, nanging aku ngerti atimu mesthi giris yen nganti mripatmu weruh jantung lan limpamu dijupuk sedulur-sedulurku, mula murih kowe ora wedi, kowe arep tak tulungi, mripatmu sing cacahe loro kuwi arep tak jupuk luwih dhisik, arep tak cukil nganggo pucuking pedhangku, sadurunge jantung lan limpamu dijupuk sedulur-sedulurku kuwi”.

Bubar muni ngono kuwi, Ganjur sing ana sisih tengenku banjur ngirimne panyerang nganggo pedhange diarahne menyang mripatku. Sauntara Ganjur sing ana ngarepku lan sing ana kiwaku ora meneng wae, kekarone uga banjur nyolahne gegamane dhewe-dhewe dienggo nyerang marang ragaku. Ngadhepi Ganjur sing cacah telu kanthi solah sing beda lan gegaman sing ora padha, aku dadi repot. Kapeksa aku jempalitan mundur golek panggonan sing bisa rada ngadohi Ganjur sing cacahe telu kuwi.

Aku kelingan karo piwulange Rama Tumenggung Jatikusuma jaman biyen. Ya iku ana ngelmu sing diarani Aji Rahmuka Kakang Kawah Adhi Ari-ari sing bisa ndadekne wong sing duwe aji kuwi bisa salin wujud dadi  papat, sing siji wujud sejati dene sing telu wujude aji Rahmuka Kakang Kawah Adhi Ari-ari. Saka wewujudan papat kuwi, mung wewujudan kang sejati sing bisa ngrasakne lara lan bisa tumeka ing pati. Dene sing telu liyane kajaba ora bisa ngrasakne lara lan luput ing pati, uga madal sakaliring gegaman gaweyane Empu apa dene gaweyane Pandhe. Kasekten, kadibyan lan kekuwatane wewujudan telu sing kembar lan luput saka lelara lan madal sakehing senjata kuwi ora bakal bisa dikalahake sadurunge wewujudan kang sejati dilumpuhake. Yen wewujudan sing sejati wis lumpuh lan tanpa daya, mangka wewujudan telu mau bakal ilang dhewe-dhewe.

Nanging ing kene sing katon ing panduluku mung ana wewujudan cacah telu, aku bisa mesthekne yen tetelune kuwi dudu wewujudan sing satemene, dudu wewujudane Ganjur sing sejati, nanging wewujudane Aji Rahmuka kakang Kawah Adhi Ari-ari. Yen aku kudu ngetokne tanagaku kanggo ngadhepi Ganjur sing cacahe kembar telu iki, mangka tenagaku bakal musna muspra tanpa guna. Lan aku mesthi kasorane. Aku kudu bisa nemokne wewujudan rupa Ganjur siji maneh, ya iku wewujudane Ganjur sing sabenere.

Aku tumuli njempalik memburi kaping telu, banjur aku manjing ing alam panglemunan, alam sing ora bia diweruhi dening sapa wae kalebu dening lelembut jim setan periprayangan sing kasektene durung mapaki kasektenku. Lan aku uga weruh lan ngerti yen kasektene Ganjur isih manggon ing sangisorku, mung kaceke Ganjur nduweni aji Rahmuka Kakang Kawah Adhi Ari-ari sing durung tau tak sinaoni. Ing Alam panglemunan, aku bisa weruh Ganjur sing kembar cacah telu, kosok baline wewujudan telu kuwi ora bisa weruh wewujudanku. Ing kono aku mbudidaya miyak wewadi ing ngendi wewujudane Ganjur sing sejati manggon.

“Elho…. mBah Tambak kok ilang? Menyang ngendi iki?” Ganjur sing gegaman tumbak trisula mbengok takon.

“Aku ora ngerti, mau katon jempalitan mundur, dumadakan wis ilang saka pandulu, mBah Tambak iki menyang ngendi?” Ganjur sing gamane wujud Tumbak bongkot lanpucuke padha-padha matane kuwi uga melu bengok-bengok.

“Sing ngerti menyang ngendi playune mBah Tambak mesthi mung Ganjur dhewe iki” sing gegamane rupa pedhang kembar ngandhani kanca-kancane, banjur bengok-bengok ngundang Ganjur supaya metu saka pandhelikane :

“Ganjur, Ganjur ….. kowe aja mung enak-enak manggon ana papan pandhelikan! Metua lan kandhakna ing ngendi nggone mBah Tambak lunga? Kowe aja mung waton mrentah nanging ora gelem nuduhne papane wong sing mbok pasrahne sedulur-sedulurmu iki!”.

Krungu suwarane Ganjur cacah telu sing padha olehe bingung nggoleki aku kuwi, aku mung bisa ngampet guyuku. Bareng sansaya kerep Ganjur-Ganjur cacah telu kuwi anggone bengak-bengok ngundang jenenge Ganjur, dumadakan saka watu gedhe sing ana pinggiring Plataran omahe Puranta kuwi Ganjur mecungul ngatonake wewujudane marang Ganjur telu liyane. Aku ngerti yen wektu kuwi Ganjur isih mapan ing alam kajiman jumbuh karo sipat asline sing rupa titah wujud Jim, nanging saka papan panglemunanku aku bisa weruh wujude. Mula tanpa tidha-tiddha, aku mencolot. Jim Ganjur sing ora weruh wujud lan solahku kuwi tak jambak rambute, tak larak ragane. Ganjur bengok-bengok karo misuh-misuh, nanging aku panggah durung ngatonake wujudku.

Lan ing sawijining kalodhangan, aku mencolot munggah pundhak. Gulune Ganjur sing sak glugu gedhene kuwi tak japit keket nganggo sikilku kiwa tengen, tak kunci kenceng. Ganjur ora bisa obah, mbaka sethithik tenagane susut merga entek kanggo nglawan panjepitku. Wasana Ganjur rubuh ing lemah, aku wiwit ngatonake wewujudanku sing satemene. Upama ing kiwa tengenku ana wong sing nyawang, wong-wong bakal weruh nek Ganjur lagi rubuh tanpa daya lan aku durung nglereni nggone ngunci gulune.

Eloking kahanan, bareng Ganjur sing sejati wis ora bisa apa-apa, rerupan Ganjur cacah telu mau padha ilang dhewe-dhewe, embuh menyang ngendi, aku ora ngerti parane.

 

Ana candhake

Kamis, 09 Maret 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (050)

 

50.

            Tak sawang Puranta uga ora kedhep nggone ngingeti wong sing apangawak raseksa kuwi. Wangune Puranta wis ngira yen kuwi sing dikandhakne Ki Jurudah, sing jenenge Jim Ganjur sing wis nyolong Kyai Pantek banjur disingidne neng Guwa sapinggire Kali Sumberlanang. Aku dhewe ya isih maspadakne sapa satemene Jim Ganjur iki? Ana rasa ing ati iki yen kaya-kaya antarane aku karo wong sing awake tingkel pate manungsa lumrah kuwi tau ana sambunge, nanging neng ngendi lan kapan, aku lali.

            “Keparat jebul kowe sing wis wani nyolong Kyai Pantek sing tak sengker ana Guwa Sapinggire Kali Sumberlanang ya Puranta?” dumadakan Jim Ganjur nakoni Puranta, suwarane gumleger kaya gludhug lan ngemu perbawa sing bisa gawe kekesing atine sing padha krungu.

            “Kleru olehmu kandha Kyai Ganjur!” wangsulane Puranta keprungu yen ditatag-tatagne.

            “Keparat, saka sapa kowe ngerti yen aku duwe jeneng Ganjur he?” pitakone Ganjur maneh “lan klerune omonganku ana ngendi?”.

            “Nek ndika bisa ngerti jenengku Puranta, ya ora aneh nek Puranta ngerti nek ndika kuwi Kyai Ganjur, Jim sekti saka Kedhung Belik” wangsulane Puranta “dene klerune omonganmu ya kuwi wis ngarani yen aku sing nyolong Kyai Pantek sing ndika dhelikne, benere ndika sing wis wani nyolong Kyai Pantek sisng ana Plangkan Dalem Kalurahan Tambak, banjur ndika ijoli nganggo bathange ula bandhotan sing wis ndika cipta dadi Tirone Kyai Pantek sing banjur genti dijupuk dening murid ndika sing jeneng Kyai Lopara kanggo mitnah aku, dadi dudu aku sing wis dadi maling nanging ndika lan murid ndika, Ki Ganjur”.

            “Iblis kowe Puranta, saiki kowe milih ngulungake Kyai Pantek sing ana tanganmu kuwi marang aku, sing bisa nylametne nyawamu. Apa milih ndadak nganggo tak rebut luwih dhisik kanthi tak jejuwing kuwandhamu he?” Jim Ganjur nggereng karo aweh panantang marang Puranta.

“Ora ana pawadan kanggo ngulungake Keris Piyandel Kalurahan Tambak iki marang sapa-sapa klebu marang ndika Ki Ganjur” wangsulane Puranta karo ngencengi nggone nyekeli ukirane Kyai Pantek sing isih durung dilebokne menyang wrangkane sawuse mau digunakne nigas ula bandhotan sing disawatake Lopara marang Ki Lurah.

“Ana pawadane Puranta” Jim Ganjur guneman maneh “merga keris kuwi dudu kerise Wong Tamabak, nanging kuwi kerisku sing biyen keri ana Kraton Ngiyom banjur disingidne dening Ratu Setyawati. Pirang-pirang puluh tahun aku nggoleki ing ngendi nggone Setyawati nyingidne keris pusakaku sing wekasane bisa ketemu jebul manggon ana Kalurahan Tambak kene, mula banjur tak jupuk tak singgahne neng Guwa Bongkrah sing ana pinggire Kali Sumberlanang, lha kok malah saiki genti mbok colong. Mula saiki mumpung aku isih durung nesu tenan, aluwung balekna kanthi becik pusaka duwekku kuwi, nek aku nganti nesu ora nganti sapanginang kowe mesthi wis tumekan pati lan ajur mumur kuwandhamu dienggo krayahan kanca-kancaku sing saiki ana sandhingku iki. Ngerti ?”.

Puranta ora enggal wangsulan, nanging malah genti nyawang aku sajak njaluk tetimbangane panemu. Aku mesem banjur aweh sasmita supaya Puranta meneng dhisik, merga aku ngerti sanajan bangsa Jim jebul Ganjur kuwi klebu Jim sing durung dhuwur ngelmune, ketitik  dheweke ora weruh marang aku sing mapan ana alam panglemunan. Nek Ganjur kuwi Jim sing nduweni kasekten sing pinunjul, mesthi wis weruh aku wiwit mau, nyatane Jim sing jarene saka Kedhung Belik kuwi nganti saiki durung weruh yen aku ana kene. Aku uga mikir, apa bener yen Jim kuwi tau sanja utawa ngambah Kraton Pangayoman tenan? Ya gene Ki Jurudah utawa Ki Prasanta ora tau kandha bab iki marang aku? Lan maneh ya gene ing ati iki ana rasa kaya-kaya antarane aku karo Jim iki ana sambunge?. Mula ngiras pantes namengi Puranta, Jim iki arep tak pethuki wae.

Aku tumuli ngatonake ragaku temah kabeh sing ana kono bisa weruh wujudku, klebu Jim Ganjur sak balane kuwi kabeh. Jim Ganjur sajak kaget bareng weruh aku dumadakan wis ngadeg njejeri Puranta . Nanging kagete Ganjur ora tak paelu babar pisan, merga aku isih ngandhani Puranta karo mbisiki kupinge :

“Ki Puranta, tulung ndika gunakne Kyai Bancik lan Slendhang Sipat sing mau tak wenehne, ndika adhepi bregejil-bregejil wadya balane Jim Ganjur kae, bregejil-bregejil kuwi ora bakal kuwawa ngadhepi perbawane Slendhang Sipat lan ora bakal bisa nembusne panyawange marang katiyasane Kyai Bancik. Tak aku wae sing ngadhepi Jim Ganjur iki”.

“Matur nuwun mBah Tambak, boten langkung ngestokaken dhawuh saha nyuwun tambahing pangestu” wangsulane Puranta karo mesem sajak wis ilang rasa was lan sumelanging atine.

Aku banjur genti arep guneman karo Ganjur .

“He wong tuwa sing lagi teka, sapa kowe? aja nyela-nyela! aku isih rembugan karo Puranta!” durung nganti aku takon Ganjur jebul wis ndhisiki ngajak guneman aku.

“Eh, Ganjur, karo wong tuwa kuwi mbok sing duwe tatakrama” wangsulanku sareh wae “jarene kowe wis tau menyang Kraton Pangayoman, nek tenan mesthine kowe wis ngerti sapa aku sing saiki ngadeg ana ngarepmu”.

“Sapa jenengmu he wong tuwek elek?” Ganjur takon maneh karo nyengeges ngguyu “sing tak ngerteni dhemit sing manggon neng Ngiyom kuwi mung loro, Si Jurudah karo Si Prasanta, dhemit-dhemit elek sing wis ngalang-alangi sedyaku arep seneng karo Ratu Setyawati. mBok menawa kowe klebu dhemit anyar sing tekamu sawise aku ora tau saba menyang Ngiyom maneh”.

Jebule Jim Ganjur tau arep seneng karo Ratu Setyawati. Mesthine Ratu Setyawati ora sudi nampa katresnane Jim iki, banjur dhawuh marang Ki Jurudah lan Ki Prasanta supaya tumandang nglungakne Ganjur saka Kraton Pangayoman. Nanging aku wis wegah nggagas kuwi maneh, merga aku dhewe ya kelingan nek aku biyen ya tau duwe gagasan kepengin mengku Ratu Setyawati bisoa dadi sisihanku. Jaman aku isih jeneng Raden Bagus Suwanda biyen. Kelingan lelakon kuwi, aku dadi isin dhewe, isin marang awakku dhewe sing ora bisa noleh githokku. Padha karo Jim Ganjur sing ora bisa rumangsa temah wani arep ngepek bojo Ratu Setyawati, putrane Sinuwun Prabu Brawijaya patutan karo Ratu Ayu Kencanawungu. Mula aku ya banjur mbalik marang babagan sing dirembug antarane Ganjur karo Puranta mau, ya iku bab anggone Ganjur arep njaluk Keris Kyai Pantek , Kandhaku marang Ganjur sabanjure :

“Wis, perkara iki kena dirembug keri nek kowe isih duwe wektu, sing baku kowe karo  bregejil-bregejilmu kuwi saiki balia dhisik aja mbok terusne anggonmu arep ngganggu katentremane Kalurahan Tambak iki. Perkara Keris Kyai Pantek, kuwi aja mbok meliki maneh, awit Kanjeng Ratu Setyawati wis paring palilah yen keris kuwi digunakne Kalurahan Tambak minangka sipat kandele” .

“Kepenak kowe ngobahne lambe wong tuwek elek” Ganjur semaur karo nggetak “anggepmu apa, teka wani-wani mrentah marang Ganjur? Ayo ngakuwa sapa jenengmu sadurunge tak untapne nyawamu menyang neraka Jahanam, keparat!”.

“O pancen kowe kuwi Jim goblog tenan Ganjur” wangsulanku “nek pancen kowe ora kena dikandhani kapeksa kowe mengko tak slenthiki kareben kapok lan ora nakal maneh. Ya ditepungne wae, Jenengku Tambak alias mBah Tambak. Ayo majua, tak tetere sepira satemene kasudiranmu!”.

Ganjur ora wangsulan malah banjur mrintah marang Jim-jim sing teka bareng karo dheweke mau supaya ngrebut keris sing ana tangane Puranta. Sauntara Ganjur banjur mencolot maju nyedhaki papanku.

Tak lirik Puranta sing sing senajan mung ngadhepe Jim-jim lumrah, nanging cacahe akeh kira-kira selawenan wong, milih njupuk laku pangati-atine. Keris Kyai Bancik lan Slendhang Sipat olehku nyilihi tumuli kaparentah jumbuh karo kasiyate dhewe-dhewe. Aku dadi mesem, atiku wis rumangsa ayem, Puranta ora bakal nemoni bebaya apa-apa ngadhepi Bregejil-bregejil rucah kakehan cacah kuwi. Malah banjur katon lucu, kanthi gampang Puranta nganggo dolanan Jim-jim andhahane Jim Ganjur kuwi. Bisa diwaca anggone ngecakne Kyai Bancik lan Slendhang Sipat, Puranta milih sok kena disawang dening jim-jim kuwi nanging sok-sok banjur ngilang saka pandulune para bregejil andhahane Ganjur. Dadi mungsuhe Puranta sing sepirang-pirang kerep padha bingung dhewe-dhewe.

Sabanjure, aku wis ora bisa nyritakne kahanane Puranta lan kahanane wong-wong liyane sing lagi padha ngadhepi mungsuhe. Jalaran aku dhewe wis digawe repot ngadhepi Jim Ganjur sing uga nduweni kasekten sing adoh luwih dhuwur tinimbang liya-liyane. Mung sing ndadekne aku ayem, Ganjur milih nggunakne tataran kanuragan sing dhuwur-dhuwur anggone miwiti olehe kerengan karo aku. Bareng kira-kira oleh sepuluh jurus, aku banjur kelingan nek aku nate nyinaoni lan ngadhepi jurus-jurus sing dicakne Ganjur kanggo nyerang aku iki. Karo perang pikiranku nglambrang ngeling-eling sapa sing tau duwe jurus ngene iki. Bareng wis sauntara ngeling-eling, aku iya banjur bisa nemokne sapa sing duwe jurus-jurus sing dicakne Jim Ganjur saka Kedhung Belik iki. Ya iku Kala Canthuka, ya Ki Tanpa Aran sing tau dadi guruku……..

“Ana sambung rapete apa antarane Guru karo Jim Ganjur iki?” pitakon iki sing muser-muser sajroning pikirku sing ora tau ana sambung wangsulane.

Tak eling-eling, Guru kuwi tau karo aku dipisahne sarana banyu banjir dening Kanjeng Ratu Setyawati. Aku temangsang neng papan sing saiki dadi papan panggonanku lan aku banjur katelah aran mBah Tambak. Banjur dening Kanjeng Ratu aku kadhawuhan nindakne laku patobatan, murih oleh pangapurane Hyang Maha Agung. Pangapura saka akehing dosa sing tau tak tindakne. Lha Guru katut iline banyu banjur tekan ngendi aku ora ngerti pesthine. Mung wae aku tau dikandhani Ki Jurudah lan Ki Prasanta yen kabare Guru dibalekne menyang papane sakawit ya iku ing Tanah Jawa sisih wetan, pase ana ing Gunung Kumitir. Neng kana kajaba kudu nglakoni patobatan guru uga kapasrahan nutugne sesanggemane, ya iku ngreksa candhi papan awu layone Raden Layang Seta lan Raden Layang Kumitir, sedulur ipene Gusti Prabu Brawijaya, iya kadang sepuhe Kanjeng Ratu Anjasmara putrane Rekyana Patih Logender.

Apa Jim Ganjur iki uga muride Guruku kuwi?. Apa kira-kira malah muride Lancur ? Abdi Katumenggungan sing bisa nylametake nyawane saka pangamuke wadyabala Keling jaman ana lelakon Sirna ilang kertaning bumi biyen? Sing banjur kepethuk Guru Kala Canthuka lan didadekne muride senadyan Lancur ora tumuli weruh sapa asmane Guru sing sabenere, malah miturut Lancur Guru kuwi mung ewone wong sing lara nalare, nanging duwe kasekten sing nggegirisi.

Gandheng pitakon-pitakon sing ana atiku ora oleh wangsulan sing maremake, mangka aku banjur duwe dudutan yen kanggo oleh wangsulan saka pitakonku iki, ora ana liya kajaba aku kudu nglumpuhake Jim Ganjur. Yen wis lagi bisa tak peksa supaya gelem crita magepokan karo pitakone atiku iki mau. Karana dudutan iki, aku wiwit ngowahi nggonku ngecakne jurus, Jurus-jurus piwulange Rama Tumenggung Jatikusuma sing klebu jurus tataran dhuwur wiwit tak cakne.

 

Ana candhake

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...