Total Tayangan Halaman

Rabu, 29 Maret 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (066)

66.

Nyai Pandhanwangi namung mesem kemawon midhanget ngendikanipun Kyai Prasanta makaten menika. Malah lajeng paring dhawuh dhateng Ki Sarkara malih :

“Kaki Sarkara, sawise ndika kober leren ing papan kene sarta banjur tepung lan kumpul karo mBah Tambak, Ki Jurudah, Ki Prasanta apa dene aku, mesthine ndika arep nutugne anggon ndika mlaku, miling-miling panggonan sing sajake jumbuh karo angen-angen ndika kanggo dipapani miwiti urip anyar. Aku ya ora arep takon papan kaya apa sing jumbuh karo angen-angen ndika, mung aku makili wong papat iki, mbok menawa ndika ora kabotan, wng papa tiki arep aweh rerigen marang ndika, mbok menawa ndika gelem nampa lan gelem nglakoni dene menawa miturut angen-angen ndika rerigen sing bakal tak kandhakne iki mengko ora nocogi karo angen-angen ndika, ya ora apa-apa,  ndika wenang nampik lan aku wong papat iki ya ora arep cuwa nganti gedhene dadi gela. Wong papat iki panggah ndhaku lan nganggep ndika saanak bojo ndika minangka kulawarga dhewe, sanandyan rerigene ora ndika gunakne”.

Nyai Pandhanwangi kendel sakedhap anggenipun ngendika, ketingalipun ngentosi tumanggapipun Ki Sarkara. Sauntawis Ki Jurudah, Ki Prasanta lan mBah Tambak ugi sami kendel boten ngendika menapa-menapa, ketingalipun sami kalihan Nyai Pandhanwangi ngentosi tumanggapipun Ki Sarkara. Nanging Ki Sarkara boten tumunten matur menapa-menapa, awit Ki Sarkara taksih ngentosi wujuding rerigen ingkang badhe kadhawuhaken dening Nyai Pandhanwangi menika kados menapa?.

“Piye Kaki?” sareng sampun sawatawis kraos sepen awit boten wonten ingkang gineman, Nyai Pandhanwangi nunten ngambali anggenipun mundhut pirsa “ndika kabotan apa ora saupama wong papat iki nyawiji aweh rerigen marang ndika? Lan sepisan maneh tak kandhakne jenenge wae rerigen menawa jumbuh lan lakune nalar ndika, ndika bisa ngecakne rerigen iki mengko, nanging menawa ora jumbuh karo angen-angen ndika ora ndika gugu ya ora apa-apa”.

“Nyuwun pangapunten lan ngaturaken genging panuwun Nyai Pandhanwangi saha Kyai Jurudah lan Kyai Prasanta miwah mBah Tambak” wangsulanipun Ki Sarkara ngatos-atos “estunipun salebeting manah, kula tansah ngajeng-ajeng pitutur saha pitedah saking jengandika sadaya. Namung badhe kula aturaken, raosing manah kula inggih kirang wantun, ajrih menawi pitedah ingkang kaparingaken mangke pranyata boten saged kula lampahi boten jalaran kula ingkang lumuh nanging awit boten cundhuking pitedah kalihan kekiyatan saha kasagedan kula”.

Nyai Pandhanwangi miwah Kyai Jurudah lan Prasanta menapa dene mBah Tambak, ketingal rena penggalihipun mireng wangsulan saking Ki Sarkara ingkang makaten menika.

“Awit ngene ya Kaki” Nyai Pandhanwangi ngendika malih “rerigen sing bakal tak kandhakne iki mengko, ing jerone ana sing isine ngongkon ndika meres tenaga, nantang bebaya lan mbutuhake sabar lan narimaning ati sing tanpa upama, yen bisa katindakne kanthi becik mbok menawa wae bisa dadi lanjaran nggon ndika miwiti urip anyar ing papan sing ora adoh saka papan kene”.

“Inggih Nyai, mugi tumuli kadhawuhna rerigen ingkang badhe kaparingaken dhateng kula” Ki Sarkara atur wangsulan.

Nyai Pandhanwangi kendel sakedhap lan sasampunipun nyruput unjukanipun lajeng wiwit ngendika, Ki Jurudah lan Ki Prasanta tuwin mBah Tambak kendel tumut midhangetaken dhawuhipun Nyai Pandhanwangi dhateng Ki Sarkara :

“Yen ora kleru, mau bengi dhayoh ndika sing ngaku jeneng Nyai Sapaetun kandha nek omahe ana ing Dhukuh Kepuhagal, apa ndika wis ngerti sing karan Dhukuh Kepuhagal kuwi Kaki?”

“Ngertos kula inggih namung dumugi ing sebutan naminipun Dhukuh kemawon. Nyai” wangsulanipun Ki Sarkara blaka “malah menika kemawon inggih awit mireng kojahipun Nyai Sapaetun kala dalu menika”.

“Tak kandhani ya Kaki” Nyai Pandhanwangi nglajengaken anggenipun paring dhawuh “Dhukuh Kepuhagal kuwi anane isih mbesuk ora biyen lan ora saiki, kuwi wae sidane klakon ana Dhukuh Kepuhagal gumantung marang sepira pambudidaya ndika sarta palimirmane Gusti Sing Maha Agung”.

“Nyuwun pangapunten Nyai” Ki Sarkara ndengengekaken sirahipun kalihan nyawang dhateng Nyai Pandhanwangi “nembe ing wiwitan kemawon kula kok sampun bingung kalihan ingkang jengandika dhawuhaken, mugi kababarna ingkang langkung cetha magepokan kalihan Dhukuh Kepuhagal kala wau, murih nalar kula saged mangertos”.

“Aja seneng kandha nek bingung Kaki” Nyai Pandhanwangi ngendika kalihan gumujeng alit, Ki Jurudah lan Prasanta namung mesem, dene mBah Tambak panggah boten ebah boten mosik ketungkul nyemak ingkang dados pangandikanipun Nyai Pandhanwangi “awit kandhaku mau isih ana sambunge, nek wis ketemu karo sambunge ndika mesthi bakal ora gumun maneh”.

“Inggih Nyai” wangsulanipun Ki Sarkara kalihan ndhingkluk “nyuwun pangapunten menawi awit saking cupeting kawruh kula temah remen nyelani dhawuh jengandika ingkang estunipun dereng rampung”.

“Ora apa-apa Kaki” Nyai Pandhanwangi gumujeng renyah “ndika nyelani rembug ngono kuwi wis lumrah, lan uga ana gunane tumrap aku apa dene ndika. Lire banjur sing padha krungu ora mung kaya wong nonton pagelaran wayang beber, sing lagi nyemak lakune crita sing dikojahake dening Ki Dhalang ngana kae. Lha nek ndika kala-kala nyelani gunemku rak dadi luwih becik, aku lagi rembugan karo ndika ora kok aku ngomong dhewe he he he”.

“Inggih Nyai, matur nuwun sanget” Ki Sarkara atur wangsulan kalihan mesem malih, boten siyos rumaos rikuh utawi ajrih kados wau.

“Tak tutugne olehku kandha” Nyai Pandhanwangi ngendika malih “ora adoh saka papan kene ana wit-witan alas sing ing kono ora ana tunggale sing jinise padha, ya iku Wit Kepuh . Wit Kepuh kuwi katon Luwih gedhe lan luwih dhuwur tinimbang wit-wit liyane sing ana kono. Dadi saupama diarani Kepuh kuwi sing agal dhewe ya wis bener”.

Nyai Pandhanwangi kendel sakedhap anggenipun ngendika. Ki Sarkara boten sumela atur, namung lamat-lamat Ki Sarkara kengetan kalihan ngendikanipun mBah Tambak ingkang nyariyosaken lelampahanipun Ki Puranta putranipun Ki Tambak Kapisan, ingkang estunipun taksih trah saking Sultan Adiwijaya. Ing criyosipun mBah Tambak kasebataken bilih Ki Puranta nate kegodha dening Dhemit Jrangkong ingkang semendhe ing Wit Kepuh ageng awit kataman Dhuwung Kyai Pantek. Lan Ki Puranta sampun dipun paringi pitulungan dening Nyai Pandhanwangi ingkang nalika samanten mBah Tambak dereng tepang kalihan nami menika. Ki Sarkara badhe nyuwun pirsa dhateng Nyai Pandhanwangi, menapa wit kepuh ingkang kadhawuhaken menika sami kalihan Wit Kepuh ing lelampahanipun Ki Puranta ingkang kacariyosaken dening mBah Tambak menapa Wit Kepuh sanes, nanging boten siyos, awit Ki Sarkara rumaos pekewet manahipun.  Ajrih menawi winastan dhemen nyela-nyela.

“Satemene alas ing laladan kono kuwi, jaman Kanjeng Sultan Pajang anyar-anyaran jumeneng Adipati, wis didhawuhake menawa bakal ditata kanggo papan padesan pasawahan lan pategalan lan sapa wae dikeparengake mbabat alas kono kuwi saprelu dipapani digawe pomahan utawa didadekne lemah garapan kanggo among tani. Awit Kanjeng Sultan sing uga titah kang anetra bathara kuwi wis pirsa menawa lemah ing sakiwa tengene Wit Kepuh sing Agal kuwi nduweni watak sing becik saupama didadekne kanggo olah tetanen. Dadi ya wis aran lumrah nek mau bengi Nyai Sapaetun kandha marang ndika yen dheweke nduweni pategalan sing ambane luwih saka patang bau lan nedheng-nedhenge tanduran pari gaga sing ana pategalan kuwi sajroning kahanan memping kuning, lire wis ngadhepake panen”.

 Ki Sarkara nembe saged nggathuk-nggathukaken nami Dhukuh ingkang sinebut dening Nyai Sapaetun kala dalu dhukuh Kepuhagal, nanging inggih dereng sampurna anggenipun nggathuk-nggathukaken, dados inggih taksih mbingungaken cariyosipun Nyai Pandhanwangi menika menawi kacocogaken kalihan ingkang dipun criyosaken Nyai Sapaetun kala dalu. Sanaosa makaten, Ki Sarkara inggih boten wantun sumela atur, nyuwun pirsa dhateng Nyai Pandhanwangi . Ing salebeting ciptanipun Ki Sarkara, mangke kemawon menawi ngantos rampung anggenipun ngendika Nyai Pandhanwangi, piyambakipun panggah taksih bingung, nembe badhe matur lan nyuwun pirsa kadospundi menggah cethanipun lelampahan.

“Saiki lagi aku bakal ngandhakne apa sing mau tak arani rerigene wong papat sing wis dadi siji kanggo ndika Kaki Sarkara” sasampunipun radi kathah anggenipun ngendika, nembe Nyai Pandhanwangi badhe miwiti ndhawuhaken wosing rerigen.

Ki Sarkara boten semaur, nanging sikepipun nedahaken bilih sampun sumadiya mirengaken menapa ingkang badhe kadhawuhaken dening Wanita sulistyeng warni ingkang busananipun sarwa wilis menika.

“Rerigen sing tak tuduhne marang ndika Kaki Sarkara ya iku, ndika supaya gelem mbabat alas sing tak kandhakne mau murih bisa dadi papan kanggo ulah tetanen, yen anggon ndika miwiti mbabat saka cedhake wit Kepuh sing agal mau, kaserepan tekad kang wutuh lan pambudidaya sing samurwate, dilandhesi tansah nyenyuwun marang Gusti Kang Maha Agung, mbok menawa Dhukuh Kepuhagal ora suwe bakal maujud, bakal ana pategalan sing jembar kanthi manekawarna tanduran kang ngganteni papan sing saiki wujud alas kae. Mung kuwi rupane rerigen saka aku lan Ki Jurudah saha Ki Prasanta miwah saka mBah Tambak kanggo ndika Kaki Sarkara. Nek miturut ndika rerigen iki becik lamun ndika tindakne banjur ndika nyaguhi apa sing dadi rerigen iki, mangka pancen kuwi sing dikarepake dening wong papat iki. Nanging yen miturut angen-angen lan nalar ndika rerigen iki klebu rerigen sing mung bakal njlomprongne ndika sakulawarga marang kasangsaran lan kacintrakan, ndika wenang nampik rerigen saka aku sing makili wong telu liyane iki. Sepisan maneh tak baleni, yen ndika gelem nindakne rerigen iki mau, mangka sing kudu ndika lakoni sabanjure ora entheng lan ora gampang, nanging kebak laku sing abot sing bisa gawe rekasaning jiwa lan raga. Yen ndika ora gedhe sabare mangka ndika bakal bisa lebur tanpa dadi. Nanging yen ndika gelem teteken tekun, mangka mesthi bakal katekan sedya ndika ngowahi papan sing maune wujud alas banjur dadi papan padesan, pategalan apa dene pasawahan sing bakal bisa digawe minangka lanjaraning urip ora mung ndika sakulawarga dhewe wae, nanging uga kanggo wong akeh lan sansaya suwe sansaya akeh”.

Ngantos dangu Ki Sarkara boten tumunten atur wangsulan dhateng Nyai Pandhanwangi ingkang nembe kemawon ndhawuhaken ingkang dados rerigenipun mBah Tambak, Ki Jurudah lan Kiprasanta sarta Nyai Pandhanwangi piyambak. Waunipun Ki Sarkara rumaos eguh pratikel utawi rerigen ingkang dipun dhawuhaken dening Nyai Pandhanwangi kala wau namung rerigen ingkang boten kalebet ing nalar, nglengkara sagedipun kasembadan menawi piyambakipun ingkang namung tiyang badan sepata, karigenaken mbubak  wana kinarya padhukuhan lan papan ulah tetanen. Nanging sareng Ki Sarkara emut bilih mBah Tambak menika menungsa setengah Dewa, makaten ugi Ki Jurudah saha Ki Prasanta, malah Nyai Pandhanwangi menika saking jinising jim menapa jinising prayangan Ki Sarkara dereng mangertos, ingkang cetha dede panunggalanipun tiyang limrah. Ki Sarkara rumaos bombong manahipun, tiyang sekawan menika ngaken suka rerigen dhateng piyambakipun, tartamtu badhe asung pambiyantu. Namung kemawon tiyang sekawan menika langkung rumiyin kepengin nodhi sepinten agenging tekad ingkang dipun gadhahi dening Ki Sarkara salebetipun badhe nglajengaken gesang.  Inggih awit saking menika, wekasan Ki Sarkara atur wangsulan dhateng Nyai Pandhanwangi saha Ki Jurudah lan Ki Prasanta miwah mBah Tambak :

“Kula namung saged ngaturaken genging panuwun ingkang tanpa pepindhan dhateng Nyai Pandhanwangi, Ki Jurudah lan Ki Prasanta tuwin mBah Tambak, ingkang tansah menggalihaken dhateng kula. Kula Sarkara ugi ngaturaken panuwun, awit peparingipun rerigen saking jengandika sedaya, lan kanthi pawitan raos pitados dhateng pitulunganing Hyang Agung, rerigenipun Nyai Pandhanwangi, Kyai Jurudah lan Kyai Prasanta saha mBah Tambak, badhe kula lampahi kanthi gambiraning manah”.

“nDika sanggup mbabat alas Kepuhagal sakiwa tengene kuwi Kaki? Apa kira-kira ndika bisa ngrampungi karya?” Nyai Pandhanwangi mundhut pirsa, nanging suwantenipun kepireng nedahaken menawi penggalihipun nembe rena.

“Gadhah kula namung tekad Nyai, lan kula pitados bilih boten wonten daya kekuwatan ingkang dipun darbeni sok sintena kemawon ing alam donya menika, kajawi inggih awit saking peparingipun Hyang Maha Agung. Babagan mbubak wana ingkang badhe kula lampahi menika, kula namung saged nyenyuwun dhumateng Hyang Maha Agung murih kasembadan ingkang kula sedya”.

 

Ana candhake

 

Selasa, 28 Maret 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (065)


 

65.

Didangu dening Nyai Pandhanwangi kados makaten kala wau Ki Sarkara radi mbrabak praupanipun. Awit sepisan malih piyambakipun ngrumaosi lepat dene criyos menawi keduwung sarta rumaos sampun lepat dhateng Nyai Pandhanwangi nanging kanyatanipun kala wau dalu Ki Sarkara boten kados tiyang ingkang purun nggagas, ketitik inggih lajeng angler anggenipun tilem, ngantos nglindur-nglindur pisan.

“Sumurupa Kaki” Nyai Pandhanwangi lajeng ngendika malih kasartanan esem ingkang kuwawa nundhung raos rikuhipun Ki Sarkara “yen ndika wangsulan “inggih” kuwi cetha nek wangsulan ndika kuwi ora padha karo kanyatan sing ana. Awit gajege mau bengi bener kedadean kaya sing tak kandhakne sadurunge aku budhal? Ana tamu menyang omahe mBah Tambak sing ndika tunggu kanthi melek ijen?”.

“Nuwun sewu Nyai, kula malah bingung piyambak” Ki Sarkara lajeng caos wangsulan “mila leres menawi kala dalu menika wonten tamu, satunggaling pawestri ingkang ngaken nami Nyai Sapaetun, griyanipun ing Dhukuh Kepuhagal, dumugi ing dalemipun mBah Tambak mriki awit nembe kedalon ing margi sasampunipun kekesahan saking Dhukuh Kepuhsluku, nanging menika tamu saestu ing alaming kanyatan menapa namung ing alaming pasupenan, kula bingung  badhe mastani……..”.

“Ora sah didedawa anggon ndika bingung Kaki” Nyai Pandhanwangi nigas rembag sarwi gumujeng renyah “perkara Nyai Sapaetun sing ayu, sing kober gawe sengseming rasa ndika, sing pungkasane ndika tinggal mlayu metu saka omah, kuwi kena diarani impen nanging uga kena diarani kelakon ing alam kang nyata. Sing cetha kepethuk ndika karo Nyai Sapaetun wiwit wiwitan nganti ndika digugah dening mBah Tambak mau, kabeh ora ana sing kliwatan saka panyemake mBah Tambak, Ki Jurudah, Ki Prasanta apa dene panyemakku…….”.

“Dados Jengandika sedaya sampun uninga, sedaya ingkang sampun kedadosan lan kula lampahi kala dalu menika, Nyai? Menapa kala dalu Nyai saha Ki Jurudah lan Ki Prasanta tuwin mBah Tambak boten siyos lumawat dhateng tepining lepen Gebyog?”  Ki Sarkara rumaos kaget wor lan ngungun awit mireng dhawuhipun Nyai Pandhanwangi ingkang makaten kala wau.

“Mesthi wae aku apa dene mBah Tambak sarta Kyai Jurudah lan Ki Prasanta sida menyang pinggiring Kali Gebyog, Kaki” Nyai Pandhanwangi paring wangsulan “merga pancen ing pinggiring kali Gebyog kono kuwi aku wong papat nindakne ayahan sing baku, ya kuwi golek warta sing magepokan karo critane mBah Tambak, sing bakal nguwohake putusan mBah Tambak isih kudu pancet ngenggoni papan kene iki, apa ngalih panggonan sing ana sadhuwure Gunung Lawu kana”.

Ki Sarkara boten enggal gineman malih, awit salebeting manahipun kecondhokan raos ingkang sansaya gumun kemawon, magepokan kalihan ingkang dipun dhawuhaken Nyai Pandhanwangi menika.

“Mesthine ndika arep takon maneh” Nyai Pandhanwangi nglajengaken anggenipun ngendika “nek aku wong papat nindakne gaweyan neng pinggire Kali Gebyog? kok uga weruh malah bisa melu  nyemak kedadeyan sing ana omah kene mau bengi kabeh?”.

Estunipun Ki Sarkara ugi badhe mungel makaten, nanging gandheng kala wau wonten raos pakewet lan raos ajrih dhateng Nyai Pandhanwangi, wekasan Ki Sarkara inggih mendel kemawon. Milih ngentosi Nyai Pandhanwangi ngendika malih.

“Tak jarwani ya Kaki” ngendikanipun Nyai Pandhanwangi malih “tenane sing di arani Kali Gebyog mau bengi kae ngono mung tembung sanepan, kali kuwi kena diarani wates dene gebyog kuwi kena diarani aling-aling. Dadi aku wong papat mau satemene  midaki alam wates, pasang aling-aling kanggo sing ora bisa ndika weruhi menyang ngendi parane aku wong papat iki mau”.

“Makaten inggih Nyai?” sanaosa estunipun Ki Sarkara inggih boten patos mudheng kalihan ingkang dipun dhawuhaken Nyai Pandhanwangi, nanging anggenipun caos wangsulan kapireng kados tiyang ingkang sampun mangertos kemawon. Awit Ki Sarkara estunipun boten mbetahaken mangertosi menapa ingkang dipun wastani wates menapa ingkang dipun wastani aling-aling.

“Sabanjure sawise ngaweruhi kabeh kang kedadean antarane ndika karo Nyai Sapaetun” Nyai Pandhanwangi nglajengaken anggenipun ngendika, “aku wong papat ora ngluputake lan ora mbenerake kang dadi sikep ndika sing ora gelem nalika ndika diajak rabi dening Nyai Sapaetun. Mung wae ndika prelu weruh yen satemene saupama mau bengi ndika gelem ngrabeni Sapaetun, mangka ndika temen-temen bakal klakon dadi wong sugih tenan, merga pancen Sapaetun kae wong wadon sing sugih, turah bandha donya warisan saka wong tuwane sing uga sugih, ndika ora arep ngambah dalan sasar kalap ing alaming peri prayangan. nDika bisa mbaleni gaweyan lawas lan uga bisa miwiti gaweyan anyar. Nanging pranyata ndika mau bengi ora gelem-gelem tenan ngrabeni Sapaetun. Apa ndika saiki ora getun?. Aja kuwatir Kaki, nek ndika kepengin ngowahi apa sing ndika putusake saka emoh dadi gelem, mangka aku saguh aweh pambiyantu murih Nyai Sapaetun bali mrene maneh, sauntara Ki Jurudah lan Ki Prasanta sing bakal gawe lilaning atine sisihan ndika ya Satiti  duwe maru sing jeneng Sapaetun. Kepiye Kaki?”.

Mireng dhawuhipun Nyai Pandhanwangi ingkang makaten menika, Ki Sarkara boten patosa kaget. Sanaosa boten badhe wantun boten pitados dhateng menapa ingkang dipun dhawuhaken Nyai Pandhanwangi, nanging Ki Sarkara sampun manteb salebeting manahipun boten badhe nambah semah malih sasampunipun gadhah semah Satiti ingkang samangke sinebat Nyai Sarkara menika. Paweling saha pandonga ingkang dipun ucapaken dening Marasepuhipun jaman badhe mengku Satiti jaman samanten taksih kapireng dumugi sapriki. Kajawi menika, Ki Sarkara inggih sampun gadhah dudutan bilih Nyai Sapaetun ingkang dados tamunipun kala dalu menika kalebet pawestri ingkang boten sae menawi kadadosaken semah, kirang saged angendhaleni panyurunging hawa nafsu mliginipun nafsu Supiyah. Pramila dupi Nyai Pandhanwangi paring dhawuh makaten kala wau, kanthi teteg lan boten wonten raos tidha-tidha babar pisan Ki Sarkara lajeng atur wangsulan :

“Ngaturaken sewu gunging panuwun Nyai, mugi kauningan bilih estunipun kula sampun prasetya dhateng semah kula saha dhateng Marasepuh kula, bilih boten badhe emah-emah malih sasampunipun kula emah-emah kalihan Satiti, inggih semah kula menika. Awit saking menika, badhea kados menapa kula boten badhe keduwung kalihan ingkang sampun kula cariyosaken dhateng Nyai Sapaetun kala dalu. Mila leres menawi salebeting manah kula kober gadhah raos sengsem ndulu kasulistyanipun Nyai Sapaetun, langkung-langkung nalika tanpa sengaja kula sumerep, satleraman ingkang wonten waliking pinjung. Nanging, menika inggih awit saking kalimrahan kemawon. Malah nalika Nyai Sapaetun criyos menawi badhe anglegena ing ngajeng kula, kula plalah mlajar nilar piyambakipun, nanging kula inggih bingung menawi saestu kala dalu menika kula mlajar, kok ngertos-ngertos kula tilem semendhe saka?”.

“Dadi ndika panggah ngukuhi prasetya ndika marang Marasepuh ndika apa dene marang Nini Satiti sisihan ndika yen ora rabi maneh kuwi mau Kaki?” Nyai Pandhanwangi mundhut pirsa malih, kados-kados nanting tekadipun Ki Sarkara.

“Kasinggihan Nyai” wangsulanipun Ki Sarkara cekak.

“Saupama Nyai Sarkara uga wis ngolehi ndika palakrama maneh karo Nyai Sapaetun, apa ndika iya panggah arep ngukuhi prasetya ndika kuwi Ngger?” Ki Prasanta gentos ingkang mundhut pirsa dhateng Ki Sarkara.

“Mila makaten Kyai, nyuwun pangapunten” Ki Sarkara atur wangsulan kanthi ngatos-atos “menggah kula janji utawi prasetya ingkang kula ucapaken ing ngarsanipun Bapa Marasepuh lan Satiti nalika samanten, boten namung kapireng dening Bapa Marasepuh saha Satiti kemawon, nanging ugi kapiyarsa dening Gusti Ingkang Maha Pirsa, ingkang makaten prasetya kula boten namung dhateng tiyang kalaih kasebat, nanging ugi dhateng Gusti Allah. Pramila sanadyan saupami semah kula Satiti awit kadheseg ing kabetahan lajeng nglilani kula pados semah malih, menika nedahaken bilih Satiti sampun ngajak gujengan kalihan Gusti Allah, menawi Satiti kepara asung pamrayoga murih kula semah malih, mangka ing mriku ketingal menawi Satiti badhe njlomprongaken kula ing lampah ingkang boten leres, lampah ingkang cengkah kalihan prasetya kula. Pramila menawi ngantos saestu Satiti suka pamrayogi murih kula mendhet Nyai Sapaetun dados semah kula, sami kalihan Satiti sampun bosen dados semah kula. Menawi sampun makaten pedah menapa kula nglajengaken gesang kalih tiyang ingkang sampun bosen kalihan kula? Benten menawi semah kula lajeng muring awit kuwatos menawi kula ngantos kayungyun dhateng Nyai Sapaetun, mangka menika nedahaken menawi Satiti tuhu-tuhu boten badhe lila menawi ngantos kula ucul saking piyambakipun. Mangka ing mriku badhe kula kekahi langgenging bebrayan antawisipun kula kalihan Satiti”.

“Saiki tak kira Nyai Pandhanwangi apa dene Ki Jurudah lan Ki Prasanta wis luwih cetha anggone ngaweruhi kaya apa satemene Ki Sarkara iki” gentos mBah Tambak ingkang ngendika dhateng Ki Jurudah lan Ki Prasanta “dadi saupama dipercaya ngayahi jejibahan kaya sing didhawuhake dening Kanjeng Ratu Setyawati kae tak kira ora bakal nguciwani. Harak inggih makaten ta Nyai Pandhanwangi?”

“Sekedhap mBah Tambak……” ingkang suka wangsulan dhateng mBah Tambak, Nyai Pandhanwangi “kula menapa dene Ki Jurudah lan Ki Prasanta kedah ngatos-atos salebeting nintingi calon-calon ingkang badhe kapitados nglampahi kuwajiban ingkang dipun dhawuhaken Kanjeng Ratu. Samangke mangga kasemak rumiyin kula badhe nutugaken anggen kula badhe rerembagan kalihan Kaki Sarkara ingkang dipun biyantu dening Ki Jurudah miwah Ki Prasanta menika”.

“Inggih, inggih Nyai, kula nyuwun pangapunten dene sampun keladuk atur” mBah Tambak lajeng kapireng asok kalepatan lan nyuwun pangapunten dhateng Nyai Pansdhanwangi.

“Boten dados menapa mBah Tambak, ndika boten keladuk mila menapa ingkang ndika dhawuhaken kala wau sampun jumbuh kalihan kawontenanipun Kaki Sarkara menika” Nyai Pandhanwangi suka wangsulan kalihan mesem.

“Saiki aku tak genti sing nyoba takon marang Angger Sarkara” Ki Prasanta gentos ingkang ngendika.

“Mangga Ki Prasanta, mirunggan kemawon” Nyai Pandhanwangi mrayogakaken Ki Prasanta ngendika.

“Matur nuwun Nyai” Ki Prasanta suka wangsulan lajeng dhawuh dhateng Ki Sarkara  “sing arep tak takokne marang ndika kuwi sepele wae kok Ngger”.

“Inggih Kyai” wangsulanipun Ki Sarkara “tumrap kula boten wonten barang ingkang sepele lan boten wonten pitakenan ingkang boten saged kawangsulan, awit ingkang badhe ndika pundhutaken pirsa menika sedaya tartamtu ingkang wonten ing angen-angen kula”.

“Bener Ngger” Ki Prasanta mesem, lajeng wiwit ndangu dhateng Ki Prasanta “iki mung saupama, saupama jroning ndika lelungan sing durung cetha kang ndika tuju iki, dumadakan ndika diendheg dening wong-wong sing durung tau ndika tepungi banjur ndika dijaluki tulung supaya gelem nglurahi wong-wong mau, apa ndika gelem ngendheg anggon ndika lelungan banjur nuruti panjaluke wong-wong mau madeg dadi Lurah Ngger?”.

“Pamundhut pirsa ingkang kalebet aeng menika Kyai” Ki Sarkara atur wangsulan kalihan mesem wiyar “suwau sampun kula aturaken bilih sasampunipun kula mireng pitutur saha dedongengan saking mBah Tambak, kula lajeng nggadhahi pepenginan ingkang badhe kula udi murih pepenginan menika saged kasembadan, inggih menika mugia ing sisa-sisaning gesang kula ing jagad padhang menika sageda migunani tumrap kula warga saha tumrap titahing Gusti sedaya. Manawi saupami wonten ingkang mundhut pitulungan saking kula, jiwa raga kula badhe kula udhokaken kangge mitulungi titah kala wau, sauger pitulungan ingkang kapundhut boten cengkah kalihan piwucaling Gusti Ingkang Maha Agung, lan salebeting asung pitulungan menika nistha menggahing kula menawi kula ngantos gadhah pamrih kangge nyekapi kabetahaning hawa napsu kula pribadi. Dados saupami wonten kedadosan  kados ingkang jengandika dhawuhaken kala wau,  mangka kula boten badhe suwala sauger samudayanipun badhe anjog dhateng maujuding katentreman saha kaadilan tumrap  sadaya titahing Gusti ingkang wonten”.

Ki Prasanta ketingal karenan mireng wangsulanipun Ki Sarkara ingkang makaten menika. Lajeng ngendika dhateng Nyai Pandhanwangi malih :

“Kula kinten sampun cekap Nyai, samangke borong anggen jengandika badhe paring dhawuh murih Angger Sarkara tumunten ambukak margi kangge Raden Bagus Suwanda, ingkang badhe nglajengaken lelabetanipun ing pucaking Ardi Lawu, suwita dhateng Sri Brawijaya”.

 

Ana candhake.

Sabtu, 25 Maret 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (064)


 64.

Ki Sarkara rumaos sansaya bingung, Nyai Sapaetun pranyata langkung nekad. Menapa ingkang dipun ucapaken sampun boten mawi raos isin malih. Malah meh kados ucapipun para wanita palanyahan ingkang panggaotanipun dodolan katresnan sakeplasan. Namung bentenipun manawi Nyai Sapaetun menika boten murih opah, malah kepara purun tombok. Manawi kala wau Ki Sarkara ngakeni kober kasengsem ndulu wanita ingkang mertamu ing dalemipun mBah Tambak menika, nanging sareng mireng wicantenipun Nyai Sapaetun ingkang kantun-kantun menika, ndadosaken Ki Sarkara mrinding githokipun.

“Nuwun sewu Nyai, menapa ingkang ndika kersakaken menika saestu badhe nuntun kula nyemplung ing juranging kacintrakan lan kanisthan. Ingkang ndika kersakaken menika dede jampi, nanging wisa. Awit lekas ndika ingkang makaten kala wau namung nuruti pangajaking hawa lan nafsu ingkang njenjemberi lampahing tiyang gesang. Kula aturi emut Nyai, ndika menika kados dene kula nembe nampi cobaning Gusti, murih lulus lan saged wilujeng boten wonten cara sanes kajawi namung sansaya nyaket dhateng Gusti, boten nuruti panjeriting hawa ingkang badhe ngajak cilaka ingkang kados makaten menika” wasana kalihan ngempet raos gigu, Ki Sarkara nyobi suka pitutur dhateng Sapaetun.

“Ki Sarkara, ndika nyata mentala dhateng kula” Sapetun semaur kalihan suwanten kepireng nggrantes “kula sampun mbucal raos wirang ing ngarsa ndika, ewa samanten ndika taksih mentala nampik panyuwun kula. Samangke bebasan tiyang nyabrang kali sampun dumugi tengah, badan lan sandhangan kula inggih sampun klebus sedaya, wirang menawi ta kula wangsul minggah dhateng dharatan malih, kula kadhung mbeber wirang ing ngarsa ndika, mila tinimbang namung sepalih-sepalih anggen kula wirang, samangke badhe kula tutugaken kemawon murih ketingal sedaya wirang kula. Kula badhe lukar sandhangan ing ngarsa ndika lan boten badhe kula kendeli saderengipun ndika nuruti menapa ingkang dados panyuwun kula”.

“Sampun kados makaten Nyai!” setengah nggetak Ki Sarkara menging Nyai Sapaetun “badhe boten pedah babar pisan menapa ingkang badhe ndika lamapahi menika. Kula panggah ing pamanggih kula, kula lan ndika boten kenging nglampahi kadurakan nuruti pangajaking hawa napsu ingkang njejemberi menika”.

“Kula boten badhe meksa ndika nuruti panyuwun kula Ki” wangsulanipun Nyai Sapaetun kalihan mesem “kula namung nglegani manah kula piyambak, kula menika namung wanita remeh lan boten wonten ajinipun ing ngarsa ndika, dados inggih boten menapa-menapa menawi kula ngliga badan sakajeng kula lan kula sampun nggadhahi tekad boten badhe ngangge sandhangan saderengipun raosing ngorong lan ngelak kula pikantuk jampi saking ndika Ki Sarkara”.

Rampung wicanten ngaten menika, Nyai Sapaetun lajeng miwiti badhe lukar busana. Ki Sarkara kaget kaworan bingung, badhe tumindak kasar dhateng Nyai Sapaetun boten wantun. Awit kengetan welingipun Nyai Pandhanwangi nalika badhe bidhal kala wau sonten. Menawi boten mawi tumindak kasar, kadosipun Nyai Sapaetun boten saged dipun tuturi malih. Saking patog puteging manahipun, wasana Ki Sarkara lajeng ngadeg, Nyai Sapaetun badhe dipun tilar medal saking griya. Radi kesesa anggenipun mlampah Ki Sarkara awit ajrih menawi ngantos karumiyinan Nyai Sapaetun nindakaken kados ingkang dipun ucapaken. Nanging Nyai Sapaetun kados sampun tanggap kalihan lekasipun Ki Sarkara, lajeng tumut ngadeg lan badhe ngetutaken Ki Sarkara medal saking griya. Ki Sarkara wewah gupuhipun, menapa malih nalika sumerep tanganipun Nyai Sapaetun kados badhe nggandhuli sinjangipun. Tanpa taha-taha Ki Sarkara mencolot badhe mlajar, nanging kabekta awit saking kasesa, kirang prayitna anggenipun mlumpat Ki Sarkara, temah nabrak lengkorahing kori, pas ing pilinganipun. Sakala panonipun Ki Sarkara dados sumrepet lajeng dhawah ing tengahing lawang. Sanaosa makaten, Ki Sarkara taksih mbudidaya murih boten ngantos dipun cepengi dening Nyai Sapaetun. Mila Ki Sarkara lajeng tangi malih, kanthi panyawang ingkang taksih peteng, lajeng mlajeng nasak petenging dalu, boten metang tansah nabrak-nabrak ingkang wonten ngajengipun inggih awit paningalipun ingkang boten cetha.

Ngantos dangu Ki Sarkara mlajeng, ewa samanten saking rumaosipun Nyai Sapetun inggih tansah nututi kemawon. Mila Ki Sarkara ugi lajeng boten kendel-kendel anggenipun lumajar. Nembe Ki Sarkara ngendeli anggenipun mlajeng, sareng napasipun sampun meh telas lan lamat-lamat kapireng ing talinganipun suwantenipun mBah Tambak ingkang nguwuh-uwuh nyebat naminipun :

“Heh Ki Sarkara, tangi dhisik iki wis meh awan, wektu kanggo manembah wayah esuk wis meh entek!”.

Ki Sarkara mbikak mripatipun, noleh nganan lan noleh ngering, jebul piyambakipun nembe tilem semendhe saka ing tengahing jogan griyanipun mBah Tambak. Salebeting manah ngraos ngungun lan bingung, awit kala wau piyambakipun sampun mlajeng tebih nilar klasa ingkang dipun linggihi ingkang dipun  gelar ing tengahing jogan menika.

“Uwis Ki Sarkara” mBah Tambak wicanten malih “olehe nggagas impen sing nganti nglindur-nglindur kuwi ditutugne mengko wae, saiki prayoga ndika nindakne kuwajiban luwih dhisik, tumuli enggal sesuci kana!”.

Tanpa semaur, Ki Sarkara lajeng mlampah medal tumuju sendhang. Sasampunipun sesuci nut lampahing sarengat ingkang dipun ugemi, Ki Sarkara lajeng minggah ing satunggaling sela kumalasa ingkang apraupan leter, lajeng nindakaken sembahyang ing nginggiling sela kasebat. Ing salebeting panembahipun Ki Sarkara ngunjukaken puji kunjuk Hyang Agung dene taksih kaparingan gesang ngantos enjing menika, boten kantun lajeng nenuwun mugi enggal kaparingan pitulungan murih tumunten saged gesang limrah kados tiyang-tiyang sanesipun. Gandheng Ki Sarkara taksih lam-lamen kalihan lelampahan ingkang dereng dangu dipun lampahi, inggih menika anggenipun kepanggih kalihan pawestri ingkang ayu, ingkang naminipun Nyai Sapaetun, nanging lajeng kanyatanipun Ki Sarkara dipun gugah dening mBah Tambak, mila Ki Sarkara lajeng nyenyuwun dhumateng Gusti Allah muring kaparingan pangayoman saking panggodhaning titah ingkang kasatmata lan ingkang boten. Sasampunipun sembahyang lan ndedonga, Ki Sarkara lajeng mandhap saking sela kumalasa, mlampah wangsul dhateng griyanipun mBah Tambak. Salebeting manah kepengin nyumerepi kawontenanipun semah lan anakipun jaler ingkang kala dalu sakalangkung angler anggenipun tilem.

“Bapa….., Bapa kok suwe temen olehe menyang Sendhang? Tak enteni kok ora teka-teka?” nembe kemawon Ki Sarkara dumugi plataraning griyanipun mBah Tambak sampun dipapag kalihan pitakenan dening anakipun jaler, nalika samanten Pradapa nembe kemawon dolanan gangsingan ing latar, lajeng kendel anggenipun ngubengaken gangsingan sareng sumerep tiyang sepuhipun wangsul saking sendhang.

“Iya mau Bapa isih sembahyang neng pinggir sendhang” wangsulanipun Ki Sarkara kalihan mesem “kowe mau kok wis tangi ? Gangsingane sapa kuwi kok uwete nganti nglisi kaya ngono?”.

“Aku wis tangi wiwit mau, bareng karo Biyung, malah wis ngrewangi mBah Tambak amek Wilus barang kok, mula njur diparingi Gangsingan galih Lamtara iki, uwete saka lulup Bolu, mulane nglisi. Oh iya mau Bapa dienteni mBah Tambak neng mburi omah cedhak pawon”.

“Iya, yen ngono Bapa tak enggal menyang mburitan wae” wangsulanipun Ki Sarkara ingkang lajeng nylingker liwat iringaning griya, badhe dhateng wingking griyanipun mBah Tambak.

Jebul  ing wingking griyanipun mBah Tambak menika wonten plataran ingkang radi wiyar, embanipun ngaten kados patamanan. Kathah sesekaran warni-warni ingkang dipun tanem ing mriku. Ing satengah-tengahipun wonten kajeng ageng ingkang ngrembuyung pang lan ron-ronipun. Ing sangandhaping kajeng ingkang ageng menika wonten jejeran lincak ingkang kadamel saking bongkotaning deling ori, katata cekli.  Inggih ing lincak ingkang dipun jejer-jejer menika ketingal Ki Jurudah, Ki Prasanta, Nyai Pandhanwangi sami lelenggahan kalihan mBah Tambak. Kalihan jejagongan priyantun sekawan menika sami ngadhepi Cangkir Bathoking klapa, isinipun wedang jahe, ingkang ketingal taksih kumebul peganipun, ngedalaken gandanipun jahe ingkang arum. Ugi ing lincak ngajengipun wonten tebok alit ingkang linemekan ron pisang, ing nginggiling ron pisang ketingal uwi alus ingkang warnanipun pethak memplak, ugi taksih kumebul mracihnani menawi nembe kemawon anggenipun ngenta saking dandang.

“Kene, kene Ki Sarkara….” mBah Tambak gage kemawon anggenipun mbagekaken dupi Ki Sarkara dumugi papan mriku “wedang ndika diselehne ana kene iki lho!”.

“Ngaturaken genging panuwun” wangsulanipun Ki Sarkara ingkang lajeng mapan linggih ing lincak ingkang dipun tudingi mBah Tambak.

“Wedange diunjuk dhisik Ngger” Ki Jurudah melu ngacarani “esuk-esuk rayi ndika dening mBah Tambak wis diprentah nggodhog Wi Alus. Pancen esuk-esuk ngene iki karo wedangan pacitane wi alus sing digodhog, mathuk nganggo banget kok”.

“Inggih Kyai” wangsulanipun Ki Sarkara kalihan nyandhak cangkiripun.

“Wi Alus iki enake ya mung nek isih panas ngene iki” gentos Ki Prasanta ingkang wicanten “beda karo Wi Bang-kulit utawa Wi Senggani, sanadyan wis adhem isih ora owah rasane. Nek Wi Alus utawa Wilus ngene iki, aba wis adhem ya banjur dadi atos”.

“Nanging rasane panggah ora owah, gurihe ya ora ilang” mBah Tambak nyauti wicantenipun Ki Prasanta.

“Bener, sing ilang mung empuke wae” Ki Prasanta suka wangsulan kalih nyuwil Wi Alus ing ngajengipun.

“Piye Ki Sarkara?” sareng sampun radi sawatawis anggenipun Ki Sarkara tumut linggih ing lincak, mBah Tambak lajeng pitaken “apa ndika isih lam-lamen marang impen sing wis ndadekne ndika nganti nglindur-nglindur mau?”.

“Leres mBah” Ki Sarkara atur wangsulan kanthi blaka “mila pasupenan kala dalu menika paupenan ingkang nggegirisi saestu, kados kedadosan ing alam nyata. mBok menawi awit kula supe anggen kula miwiti tilem, ngertos-ngertos sampun nyupena ingkang ngantos nglindur-nglindur, tujunipun enggal dipun gigah dening mBah Tambak. Inggih kula nyuwun pangapunten dhateng Nyai Pandhanwangi, kula boten saged nglampahi jejibahan kanthi leres. Kadhawuhan tengga griya malah kula ketileman tanpa sengaja, kamangka padatanipun kula menika kalebet tiyang ingkang boten pinter tilem lho?!?”.

“nDika ora prelu njaluk pangapura Kaki” ingkang paring wangsulan Nyai Pandhanwangi, anggenipun paring wangsulan kepireng sekeca lan boten nedahaken raos cuwa babar pisan “jalaran ndika pancen ora luput, awit sing jenenge turu utawa keturon, kuwi satemene dudu panguwasane sing nglakoni nanging ana pangwasane sing wenang gawe pati lan urip. Sanadyan menungsa arep mbudidaya murih bisa turu, yen Gusti ora marengake ya tiwas tuwas, kosok baline sanadyan manungsa mbudidaya murih bisa melek nanging nek Gusti ngersakne  menungsa kuwi turu, ya banjur keturon kaya sing ndika alami mau bengi kuwi”.

“Inggih Nyai” Ki Sarkara atur wangsulan “nanging saestu kula rumaos gumun kalihan pasupenan kula kala wau, saben-saben kemutan rumaos kula inggih kados boten nyupena nanging kelampahan ing alam kanyatan”.

“Ngene ya Kaki” Nyai Pandhanwangi mesem “aku arep takon magepokan karo impen sing ndika alami mau, apa sing miwiti dadi crita ing impen ndika kuwi? Nek sing dadi pungkasane rak ndika keprungu suwarane mBah Tambak sing nggugah ndika supaya tangi mau?”.

“Inggih Nyai, mbok menawi anggen kula wiwit tilem boten dangu saking anggenipun Nyai saha Kyai Jurudah lan Kyai Prasanta miwah mBah Tambak jengkar saking griya bidhal dhateng tepinipun Lepen Gebyog menika” Ki Sarkara miwiti atur wangsulan.

“Kok ndika bisa kandha mangkono?” Nyai Pandhanwangi nyela rembag.

“Inggih Nyai, blaka suta kula kala dalu saderengipun ketileman mila kula sampun tumindak dosa dhateng Nyai Pandhanwangi” wangsulanipun Ki Sarkara.

“nDika Tumindak dosa marang aku?” Nyai Pandhanwangi njengkerutaken palarapanipun “dosa apa kuwi, Kaki?”.

“Kula sampun cubriya kalihan dhawuh jengandika Nyai ingkang ndhawuhaken bilih Semah lan anak kula kala dalu menika badhe tilem ingkang sakalangkung pules, bebasan wontena bledheg sewu mungel sesarengan boten badhe tangi, nanging kula kirang pitados temah mbuktekaken kanthi njabel wulu cumbunipun semah kula ingkang pranyata saestu piyambakipun babar pisan boten keganggu anggenipun tilem” wangsulanipun Ki Sarkara “Pramila kula lajeng ngraos keduwung dene sampun kumawantun cubriya dhateng dhawuh jengandika Nyai”.

“O Ngono?” Nyai Pandhanwangi lajeng pitaken malih “banjur ndika keturon ing klasa sing digelar ing tengah jogan mau bengi kae?”.

 

 

Ana candhake.

 

 

Jumat, 24 Maret 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (063)


 

63.

Ki Sarkara namung kendel mirengaken kemawon menapa ingkang dipun ucapaken dening Nyai Sapaetun. Namung salebeting manah lajeng nggagas menawi Nyai Sapaetun menika nyata wanita ingkang boten trimah namung jejer minangka kanca wingking kemawon, liripun menawi kala wau Nyai Sapaetun criyos bilih kakungipun ingkang samangke kecanthol kalihan warandha ing Dhukuh Kepuhsluku menika boten remen ulah tetanen awit langkung remen nandangi padamelan minangka tukang kajeng saha undhagi, mangka saged dipun pesthekaken bilih kangge nandangi pakaryan nggarap pategilan saha ngopeni rajakaya ingkang samanten kathahipun menika dados tanggel jawabipun Nyai Sapaetun piyambak. mBok menawi kemawon, bandha donya wujud pategilan lan raja kaya menika rumiyin warisan saking tiyang sepuhipun Nyai Sapaetun dede bandha asil gana-gini saking anggenipun sampun emah-emah.

“Kula kinten Ki Sarkara” Nyai Sapaetun nglajengaken anggenipun wicanten “menawi ndika ngersakaken papan kangge manggen kalihan keng rayi saha keng putra, griya joglo ingkang kula aturaken kala wau kaliwat turah menawi dipun panggeni ndika sakulawarga. Manawi ndika ngersakaken ngambali padamelan kala rumiyin inggih menika nglampahaken dol tinumbas raja kaya, kanthi ngelong sakedhik saking asiling pategilan utawi mendhet raja kaya ingkang sampun cemawis wonten ing kandhang sepinten ingkang dipun kersakaken, kula kinten saged kenging damel pawitan nyambut damel. Dene menawi ndika ngersakaken santun panggaotan, lajeng nindakaken ulah tetanen pategilan ingkang jembaripun langkung saking sekawan bahu kawewahan rajakaya ingkang wonten kandhang menika kula kinten inggih saged kaginakaken minangka sanguning ulah tetanen ingkang langkung cekap. Saestu Ki Sarkara, menawi ndika kersa sadaya ingkang dados gadhahan kula menika badhe kula pasrahaken dhateng ndika, panyuwun kula namung setunggal inggih menika kula namung kepengin ndherek momong ingkang putra saha angrencangi keng rayi lelados dhateng ndika Ki Sarkara”.

Kados ing alam impen kemawon raosing manahipun Ki Sarkara mireng wicantenipun Nyai Sapaetun ingkang kados makaten menika. Awit angel dipun pikir mawi nalar menawi dumadakan piyambakipun kepanggih kalihan satunggaling pawestri ingkang kados makaten saenipun. Badhe kasukanan bandha donya ingkang samanten kathahipun kathik piyambakipun namung katedhi purun dipun ladosi dening wanita ingkang kasulistyanipun kados widadari ngejawantah. Mawi tetimbanganing nalar limrah, saged ngrabi tiyang ingkang ayunipun kados Sapaetun makaten menika kemawon kedah mawi pangurbanan ingkang boten alit. Mawi pitukon ingkang sakalangkung awis. Nanging dalu menika malah dhawah kuwalik, sampun dipun tawani ngrabi Sapaetun kanthi lelahanan, kathik taksih badhe dipun pasrahi bandha donya ingkang boten kantenan kathahipun, tur malih Sapaetun boten gadhah lekas kepengin misahaken antawisipun Ki Sarkara kalihan Nyai Sarkara saha yoganipun nenggih Pradapa, Sapaetun namung kepengin kawengku minangka semah ingkang angka kalih kemawon. Namung tiyang ingkang boten sumerep legining gendhis kemawon ingkang boten kasengsem dhateng menapa ingkang dipun tawakaken Nyai Sapaetun ingkang makaten menika. Nanging menapa estu makaten?.

Lamat-lamat kapireng ing angen-angenipun Ki Sarkara, pitutur ingkang asring kocap ing sela-selaning cariyosipun mBah Tambak ingkang asring dipun mirengaken :

“Aja seneng melik barang kang melok banjur kesusu selak muluk, awit kang mangkono mau bisa ndadekne keselak-selak sing kurang-kurang bejane bisa ndadekne cilaka lan wirange raga”.

Ugi kapireng malih pitutur ingkang nate kapireng saking tiyang sepuhipun nalika jaman rumiyin piyambakipun badhe nyambut damel dol tinumbas raja kaya :

“Yen pancen kowe kepengin nindakne laku bebakulan, kowe kudu ngati-ati thole. Awit kowe bakal weruh barang sing bisa gawe balerenge mripat merga mencorot sunare, barang sing katon endah lan ndhemenake nanging sejatine kuwi mung becik yen disawang karo mripat sing merem wae. Weruha dalan patine laron Thole, merga kasengsem marang sunaring diyan, laron mati mrothol lare kena genining diyan. Akeh iwak sing padha  mlebu wuwu awit sajroning wuwu katon akeh panganan sing nengsemake. Aja mbok kira yen ana ula sing endah warnaning pakulitane kae becik yen kanggo rerengganing raga, awit ing walike kulit sing endah manekawarna kae ana wisa sing bisa nekakne bilahi tumrap sing kena”.

Lan Ki Sarkara lajeng sakalangkung njegreg malih nalika emut wangsulan ingkang dipun tampi nalika rumiyin nembung Satiti dhateng tiyang sepuhipun badhe dipun rabi, :

“Ngger Satiti kuwi anakku sing banget tak tresnani, selawase aku ora bakal rila yen nganti Satiti dilarani sapa wae, iya dilarani ragane luwih-luwih dilarani atine. Yen kowe nembung arep ngajak Satiti dadi sisihane uripmu, aku bisa ngidini lamun kowe gelem prasetya ora bakal gawe laraning atine anakku Satiti. Wektu iki kowe tresna marang Satiti lan Satiti uga tresna karo kowe, panjalukku aja nganti tresna iki ana sing nyidrani. Aku wong tuwa mung bisa kandha lan nyenyuwun marang Sing Maha Kuwasa,  sapa sing panggah setya marang tresnane nganti jaman apa wae muga jinangkunga uripe dening Hyang Agung temah tansah rahayu kang tinemu, lan sapa sing miwiti nyidrani tresna ing kono margane cilaka”.

Wasana Ki Sarkara lajeng namung tumungkul boten tumunten suka wangsulan dhateng Nyai Sapaetun, nalaripun Ki Sarkara boten kendel-kendel anggenipun meper gumronjaling manah ingkang kelajeng sengsem mireng menapa ingkang dipun ucapaken dening Sapaetun.

“Kados pundi Ki Sarkara?” sareng ngantos dangu Ki Sarkara namung kendel, Sapaetun lajeng pitaken “menapa Ki Sarkara saged nampi bilih pepanggihan antawisipun ndika lan kula dalu menika mila sampun jodho? Sampun was lan sampun mamang ing penggalih Ki, menapa ingkang kula aturaken sedaya kala wau estu mijil saking prenthuling manah kula ingkang suci. Prasetyaning manah kula, menawi ndika kersa kula suwitani, kula badhe ndhaken keng rayi kados sedherek kula estri ingkang kepanggih sepuh saha badhe andhaken ingkang putra kados dene anak kula piyambak. Dados kula inggih boten namung ngalap sih tresna ndika kemawon, nanging kula inggih purun anresnani keng rayi saha keng putra kanthi tulusing manah”.

“Nyuwun pangapunten Nyai” wasana kanthi ngatos-atos Ki Sarkara suka wangsulan “kaparenga kula mblakakaken raosing manah kula dhateng ndika Nyai Sapaetun. Saestu begja kemayangan tumrap kula dene dalu menika saged tetepangan kalihan ndika, wanita ingkang tuhu sulistya ing warna saha sulistya ing salebeting batin. Kula ugi ngaturaken genging panuwun ingkang tanpa pepindhan awit kawigatosan ndika dhumateng kula, tiyang klambrangan ingkang boten cetha badhe dados menapa menika, langkung nedha nrima malih nalika ndika kanthi manah ingkang suci sampun rila legawa badhe paring pitulungan dhateng kula, badhe asung papan lan pawitan kangge nglajengaken gesang kalihan anak lan semah kula, malah ingkang sakalangkung ageng malih ndika kepareng badhe paring lelados dhateng kula minangka maruning semah kula. Kula kinten namung tiyang ingkang tuna ing pangrasa menawi ngantos anampik menapa ingkang badhe ndika paringaken menika. Nanging kapeksa kula nyuwun genging pangaksami Nyai, kula pun Sarkara priya ringkih lahir batinipun menika boten kuwawa nampi agenging sih ingkang ndika paringaken menika. Menawi Nyai Sapaetun kapareng mundhut pitulungan dhateng kula murih saged manunggal malih kalihan ingkang raka ingkang samangke nembe kenging godha, saestu kula sagah lan pamundhut ndika badhe kula lampahi tanpa ngangge prabeya menapa-menapa. Utawi menawi Nyai ngersakaken pados gantosipun keng raka ingkang samangke kaanggep sampun lepas saking embanan, kula ugi sagah madosaken priya ingkang satimbang kalihan kasulistiyan miwah kaluhuran ndika, kula ugi boten badhe murih piwales menapa-menapa kajawi namung murih karenaning Gusti Ingkang Maha Asih kewala. Nanging sepisan malih kula ambali, menawi kula kapsrahan sadaya bandha donya tuwin jiwa raga ndika Nyai Sapaetun, kapeksa kula mopo. Boten jalaran saking menapa-menapa, kajawi namung kula ngertos bilih kula boten badhe kuwawa nampi karilananing penggalih ndika menika. Bebasan kados dene peksi gemak tartamtu boten badhe kiyat menawi kabusanan mawi elaripun merak lan menawi si gemak badhe nekad boten sande badhe rekaos gesangipun, boten saged ebah kabotan elar ingkang sakalangkung endah nanging awrat. Ugi saged dipun pindhakaken kalihan tiyang papriman ingkang kulina gesang ing pinggiring bango-bango peken lajeng kapasrahan kedhaton ingkang edi peni, mangka boten sande badhe nuwuhaken boten saenipun tumrap kekalihipun, si papriman badhe kidhung lan kasiksa manahipun labet rumaos bingung anggenipun badhe menapa-menapa, lan kedhaton endah ugi badhe bibrah awit boten kaupakara kanthi samesthinipun……….”.

“Sampun, sampun Ki Sarkara……..” Sapaetun nigas rembagipun Ki Sarkara mawi suwanten ingkang kapireng radi sereng “bakenipun ndika nampik dhateng sedaya ingkang kula aturaken dhateng ndika ta? lan ndika mentala dhateng kula temah boten kersa paring pitulungan dhateng kula ingkang satuhu mbetahaken pitulungan menika?”.

“Borong anggenipun badhe mastani Nyai” wangsulanipun Ki Sarkara alus sanadyan sampun pirsa menawi Nyai Sapaetun cuwa manahipun “lakar kasunyatanipun kula boten saged nglampahi menapa ingkang dados kersa ndika, mila kula inggih kenging kawastanan boten purun. Menawi ta ngantos kula peksa murih purun, boten sande badhe dameling kapitunan tumrap ndika lan kula. Kados tiyang ingkang boten saged nglangi lajeng purun kaparentah murih nyabrangaken tiyang ing benawi ingkang nembe nedhenging bena, menawi purun tan wurunga piyambakipun badhe kerem lan kentir sesarengan kalihan ingkang dipun sabrangaken, Pramila sepisan malih kula milih boten purun jalaran kula ngrumaosi ringkihing jiwa lan raga kula ingkang boten badhe kiyat nampi peparing ndika Nyai Sapaetun”.

“Inggih, inggih Ki Sarkara……..” suwantenipun Nyai Sapaetun nglendheh malih “kula saged mangertos menapa ingkang ndika kersakaken, nanging menapa ndika ugi badhe tega menawi wonten tiyang lumampah ingkang nandhang kasatan, kamangka tata gelar ndika kagungan toya wening pinten-pinten genthong cawisan kangge semah ndika olah-olah, lan tiyang ingkang nandhang kasatan kala wau namung betah saceglokan kangge nelesi gurungipun ingkang garing lajeng nembung nyuwun toya dhateng ndika, menapa ndika badhe mentala boten maringi kanthi pawadan toya pinten-pinten genthong menika sampun dados kagunganipun semah ndika?”.

“Nuwun sewu Nyai” Ki Sarkara langkung ngatos-atos malih anggenipun semaur “ingkang Nyai kersakaken kados pundi?”.

“Dhuh Ki Sarkara…. Ki Sarkara….” Suwantenipun Nyai Sapaetun ewah malih, kepireng radi ngalem “kula ngertos bilih mokal ndika kepareng mundhut garwa kula jalaran ndika boten badhe mentala menawi ngantos damel kuciwaning penggalihipun ingkang rayi. Nanging kula ugi ngertos ndika menika priya ingkang tuhu “boten sagedan” mirsani panandhanging tiyang sanes langkung-langkung panandhanging tiyang estri kados kula. Blaka kemawon inggih Ki……”

Nyai Sapaetun kendel sakedhap anggenipun wicanten, lajeng sasampunipun nyedhot napas dipun sambet malih :

“Kula menika sampun dangu boten kasenggol dening tiyang jaler, lan nalika kula kedarang-darang nusul dhateng Kepuhsluku murih ngoronging raos kula saged pikantuk usada, jebul malah manggih cuwa lan sakit manah kula. Samangke sareng kula kepanggih ndika Ki Sarkara, raos ngorong saha ngelak menika sakalangkung sanget anggenipun keraos. Sampun kula cobi matur nempil sumbering belik nanging dening ingkang kagungan boten dipun parengaken, samangke sepisan malih kula nembung Ki Sarkara, mugi sanaosa namung saceglokan mugi wonten rilaning penggalih kepareng paring usada dhateng ngoronging raos kula menika, sampun ta mawi pitukon menapa kemawon kula boten badhe suwala, sauger ndika kersa paring jampi dhateng kula. Namung saceglokan Ki Sarkara!, menika boten badhe ngobak-obak toya sagenthong lan boten badhe wonten ingkang sumerep kajawi namung ndika kalihan kula, kula ngertos kok Ki, kala wau ndika kober sengsem mirsani peranganing badan kula ingkang ketingal saperangan………”.

 

Ana candhake

Kamis, 23 Maret 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (062)


 

 

62.

Ing manahipun Ki Sarkara temah tuwuh raos welas lan mesakaken dhateng Nyai Sapaetun ingkang rumaos dipun siya-siya dening kakungipun menika. Ki Sarkara ugi rumaos eman menawi ta wanita ingkang kados makaten teka dipun enthengaken dening kakungipun malah ngeboti wanita sanes ingkang dereng cetha kawontenan sanyatanipun. Langkung-langkung menawi ngantos kedanan dhateng tiyang estri kados ingkang dipun cariyosaken dening Nyai Sapaetun kala wau, sepuh lan gadhah rupa ingkang boten mingsra. Ing salebeting batos Ki Sarkara maiben dhateng kakungipun Nyai Sapaetun ingkang sampun tumindak kados ingkang dipun cariyosaken Nyai Sapaetun kala wau. Lan tiyang jaler ingkang nggadhahi tumindak kados makaten kala wau boten pantes dipun aosi, boten pantes manawi ta dipun boboti.

“Nyuwun pangapunten Nyai” Ki Sarkara lajeng wicanten ing pangangkah badhe asung rigen dhateng Nyai Sapaetun “menawi kula gagas, ndika menika kalebet priyantun ingkang keliwat saking sabar. Sampun dipun damel sakit kados makaten dening kakung ndika, suprandene ndika taksih ngajeng-ajeng sih saking piyambakipun ingkang rumaos sampun boten mbetahaken ndika malih. Kula aturi inggih Nyai, prayoginipun tiyang jaler kados kakung ndika niku langkung sae menawi dipun tilar wangsul mawon, kula pitados nitik kawontenan ndika ingkang kados makaten, saupami dipun emohi dening setunggaling tiyang jaler, boten badhe kangelan pados ganti ingkang kawontenanipun nglangkungi sedaya ingkang dipun gadhahi tiyang ingkang ngemohi ndika kala wau. Nanging kula ugi nggadhahi pamanggih katresnanipun Nyai dhateng keng raka menika mila tresna ingkang suci, awit saking menika prayogi menawi ndika boten ngaya-ngaya  nyadhong sih kawlasan dhateng piyambakipun, sampun ta, menawi ndika sampun kundur malih dhateng griya, boten dangu malih keng raka mangke harak wangsul piyambak lan ngrumaosi bilih boten wonten wanita ingkang kasaenipun nglangkungi ndika”.

Kalihan wicanten makaten menika estunipun Ki Sarkara ugi ngentha-entha ing angen-angenipun, mendah begjanipun tiyang jaler ingkang saged amengku Nyai Sapaetun ingkang nggadhahi dedeg piyadeg, pakulitan, rikma, pasuryan ingkang sedaya sarwa sampurna lan boten wonten setunggal-setunggala saking peranganing saliranipun wanita menika ingkang boten damel reseping mripat ingkang sumerep. Sansaya nglambrang angen-angenipun Ki Sarkara, angen-angen ingkang rupi wenangipun tiyang jaler nggadhahi semah langkung saking setunggal. Lan saupami Sapaetun menika kadadosaken semah ingkang angka kalih ketingalipun kok inggih sae, liripun piyambakipun badhe gadhah semah kalih ingkang sae-sae sedaya. Semah ingkang sepuh inggih Nyai Sarkara ingkang samangke nembe tilem pules, ingkang kasetyan saha bekti tuwin tresnanipun dhateng ki Sarkara sakalangkung ageng. Lajeng semah ingkang angka kalih Sapaetun, ingkang mbok bilih boten dangu malih dados warandha awit sampun cetha menawi dipun emohi dening kakungipun. Inggih Sapaetun ingkang nggadhahi kasulistiyan ingkang bebasan tanpa wonten cacadipun menika.

“Menapa ingkang ndika dhawuhaken menika ketingalipun leres sanget Ki” sareng sampun radi dangu sami boten wonten ingkang gineman, Sapaetun wiwit wicanten mangsuli menapa ingkang dipun ucapaken dening Ki Sarkara “mila tiyang jaler kados tiyang jaler kula menika boten pantes menawi dipun boboti, malah samangke kula nggadhahi tekad sageda males sakit wirang kula dhateng piyambakipun. Piyambakipun sampun criyos menawi boten mbetahaken kula, mangka kula ugi kedah saged criyos menawi kula ugi boten mbetahaken piyambakipun malih. Mila menawi ing benjangipun tiyang jaler kula menika wangsul kepengin mangsuli gesang kalihan kula malih, boten badhe kula tampi, kula badhe pados tiyang jaler ingkang saged sumerep kasaenan lan purun ngimbangi katresnan kula”.

“Kula kinten menika langkung prayogi Nyai” wangsulanipun Ki Sarkara.

“Nuwun sewu Ki Sarkara menika menapa sampun nate kagungan garwa menapa taksih legan inggih?” dumadakan Nyai Sapaetun pitaken ingkang kenging kawastanan pitaken ingkang sakalangkung wantun “kula tingali ing griya menika wontenipun namung ndika piyambak Ki Sarkara”.

Dipun tlemak mawi pitakenan ingkang makaten menika, Ki Sarkara radi kaget. Ketingalipun dhayoh ingkang nembe sepisan kepanggih menika wonten raos dhateng piyambakipun. Lan Ki Sarkara boten kepengin dipun wastani dening tamunipun nggadhahi watak kados tiyang jaleripun Nyai Sapaetun ingkang remen dolanan manahipun tiyang estri. Pramila Ki Sarkara lajeng nggeret tanganipun murih uwal saking tanganipun Sapaetun. Nanging ketingalipun Sapaetun taksih dereng kepengin nguwali anggenipun gegem-gegeman tangan kalihan Ki Sarkara, mila inggih anggenipun nggegem langkung dipun kiyati, kados-kados makili suwantening manahipun murih Ki Sarkara boten nguculi anggenipun nggegem tanganipun.

“Nyuwun pangapunten Nyai” kalihan praupan ingkang radi mbrabak awit kraos rikuh Ki Sarkara suka wangsulan “bares kemawon kula menika sampun gadhah semah malah ugi sampun gadhah anak setunggal, ingkang semah saha anak kula menika sakalangkung kula tresnani bebasan nglangkungi tresna kula dhumateng nyawa kula piyambak”.

“Wadhuh…. Menawi makaten kula nyuwun pangapunten lho Ki….” Nyai Sapaetun wicanten, kalihan nguculi anggenipun nggegem tanganipun Ki Sarkara “kula kinten menawi ndika menika taksih legan”.

“Kula kedahipun ingkang nyuwun pangapunten Nyai, awit boten blaka wiwit wiwitan” wangsulanipun Ki Sarkara.

“Makaten ugi kula Ki” Nyai Sapaetun nyauti wangsulanipun Ki Sarkara “tuhu begja kemayangan pawestri ingkang sampun kawengku kakung kados ndika menika, lha samangke keng rayi saha keng putra nembe tindak pundi? Kok wiwit wau kula boten sumerep?”.

“Semah saha anak kula ketingalipun sami kekeselen Nyai” wangsulanipun Ki Sarkara “wiwit sonten sampun sami angler anggenipun tilem ing pengkeran”.

Ki Sarkara lajeng blaka menawi griya menika dede griyanipun nanging griyanipun mBah Tambak ingkang samangke nembe tindakan. Piyambakipun ugi ngaken menawi namung tiyang keplantrang lajeng mampir ing griya mriku lajeng katitipan pisan salebeting sedalu menika. Malah Ki Sarkara ugi criyos menawi manahipun taksih kalimputan ing pepeteng, jalaran dereng mangertos benjingipun badhe dhateng pundi malih, awit mila dereng mangertos papan ingkang badhe dipun tuju. Inggih papan ingkang sakintenipun saged dipun enggeni kangge nyambung gesang kalihan anak saha semahipun. Lan Ki Sarkara ugi lajeng nyuwun pangapunten malih awit kala wau sampun tumindak kirang trapsila dhateng Nyai Sapaetun boten ngilo menawi piyambakipun sampun gadhah anak saha semah sarta nembe salebeting gesang ingkang boten cetha.

“Boten dados menapa Ki Sarkara” wangsulanipun Nyai Sapaetun ingkang ugi kanthi praupan ingkang mbrabak abrit “estunipun kula ingkang lepat, inggih waleh-waleh menapa kabekta saking sampun radi dangu kula boten kasiraman dening sihing tiyang jaler, kraos ngorong gorokaning asmara kula. Mila dupi cecaketan kalihan priyantun ingkang anuju ing prana kula, sagebyaran kula supe inggih supe ingkang kula sengaja, murih saged mikat pangraos ndika. Kula inggih nyuwun pangapunten menawi kala wau ndika nyumerepi kendhoning kemben kula temah amirsani peranganing badan kula ingkang mesthinipun namung kenging kapirsanan dening tiyang jaler ingkang dados sisihan kula”.

“Inggih Nyai, mila awakipun piyambak menika titah limrah ingkang boten tebih saking manah ingkang supe saha tumindak ingkang lepat” Ki Sarkara lajeng wicanten malih “inggih mugi-mugi sasampunipun emut lan mangertos menawi tumindak ingkang kala wau pranyata boten leres, boten kumat supe malih lan mboten mangsuli tumindak ingkang nerjang kasusilan saha pepacuhing Gusti menika. Nuwun sewu, ing pengkeran dalemipun mBah Tambak menika wonten amben suwung, jejer kalihan amben ingkang dipun angge tilem anak saha semah kula, samangke Nyai kula aturi aso salira rumiyin. Kula badhe nutugaken anggen kula linggih ing jogan mriki, ngrantos rawuhipun mBah Tambak saha tamu-tamunipun ingkang kala wau miyos dhateng tepining lepen Gebyog”.

“Matur nuwun Ki Sarkara” Nyai Sapaetun suka wangsulan kalihan mesem ingkang esemipun panggah yen sinawang sepet madu “nanging kula estunipun taksih kepengin matur dhateng ndika, menawi ndika Ki Sarkara boten rumaos keganggu dening atur kula”.

“Nyai Sapaetun ngersakaken paring dhawuh menapa ?” Ki Sarkara lajeng pitaken.

“Sareng kula raos-raosaken lan kula cundhukaken kalihan lelampahan kula saha lelampahan ndika Kyai Sarkara, kok ketingalipun wonten tembung jodho antawisipun kula kalihan ndika Ki Sarkara” Nyai Sapaetun wiwit wicanten malih.

“Jodho kados pundi Nyai?” Ki Sarkara kirang tanggap kalihan wicantenipun Nyai Sapaetun “kula menika sampun gadhah semah saha anak, ingkang mokal saged kapisah kalihan kula. Malah kados-kados kula boten saged gesang menawi ngantos pepisahan kalihan anak lan semah kula, kula rencangi dados tiyang klambrangan ingkang makaten menika inggih awit kula boten saged pisah kalihan anak saha semah kula, Nyai”.

“Kula ngertos Ki Sarkara, sepinten agenging raos tresna ndika dhateng keng putra saha ingkang rayi” wangsulanipun Nyai Sapaetun sarwi sansaya nyaket malih anggenipun linggih dhateng Ki Sarkara “kula dados nggagas, mendah remen saha mulyanipun raosing penggalihipun mBakyu Sarkara ingkang sampun kawengku Ki Sarkara, priya ingkang pideksa lan kagungan penggalih ingkang wicaksana menika. Makaten inggih Ki……..”

Nyai sapaetun ngendheg anggenipun wicanten ngantos radi dangu. Temah Ki Sarkara lajeng pitaken malih :

“Lajeng kersanipun jodho ingkang ndika dhawuhaken kala wau kados pundi Nyai?”.

“Kula kalihan ndika sakulawarga menika sami Ki Sarkara, mila lajeng kula wastani jodho” wangsulanipun Nyai Sapaetun “sami-sami nembe nampi pacoban saking Gusti Ingkang Maha Agung, temah kula lan ndika sami nandhang kakirangan, namung kemawon mila benten wujuding raos kirang kala wau. Menawi nDika Ki Sarkara, inggih jalaran kecalan arta lan bandha donya ingkang rinebat dening durjana, temah rumaos kirang lan sanget ambetahaken bandha saha donya kangge nglajengaken gesang menika. Menawi kula, arta bandha donya kula boten dipun rebat dening sinten-sinten, nanging katresnaning tiyang jaler kula ingkang dipun rebat dening tiyang sanes, temah kula nandhang kekirangan ing sih saha katresnan. Dene sasampunipun kula kepanggih kalihan ndika ing griya menika, kula kados pikantuk peling bilih antawisipun kula lan ndika sakulawarga saged lepas saking panandhang kekirangan menika menawi kula lan ndika purun ngawon kangge pikantuk, purun ngelongi sakedhik saking ingkang dipun gadhahi kangge pikantuk menapa ingkang sampun ical kala wau. Dugi mriki ingkang kula aturaken menapa Ki Sarkara sampun tanggap lan kersa nindakaken lampah ngawon saha ngelongi ingkang dipun gadhahi kala wau?”.

Ki Sarkara boten tumuli suka wangsulan, malah salebeting manah lajeng ngraos ngungun. Ngungun dhateng tamu ingkang nembe dipun tepangi menika, dereng dangu kala wau nedahaken jibeging manah lajeng nangis kelara-lara, samangke sampun ewah saged wicanten lancar kados wicantenipun tiyang ingkang waskitha lan wicaksana. Menika tuhu ndadosaken Ki Sarkara rumaos gumun lan nalaripun ngosikaken manah murih sansaya ngatos-ngatos ngadhepi wanita ingkang kala wau kober ndudut raos sengsem ing manahipun menika. Menawi kala wau Ki Sarkara ngandel saha pitados ngaten kemawon kalihan ingkang dipun cariyosaken Nyai Sapaetun, samangke Ki Sarkara wiwit nggagas lan pitaken-pitaken dhateng manahipun, sinten sayektosipun wanita ingkang tuhu sulistyeng warna menika lan menapa ingkang dipun kajengaken dhateng piyambakipun ?.

“Cethanipun makaten Ki Sarkara” sareng Ki Sarkara boten tumuli suka wangsulan, Nyai Sapaetun lajeng wicanten malih “menawi wonten sarjuning penggalih ndika, Ki Sarkara boten sisah nglajengaken lampah malih, benjing enjing kula ajak wangsul dhateng griya kula ing Dhukuh Kepuhagal. Ing mrika sampun wonten griya joglo jejer kalih jangkep sapendhapanipun, wonten lumbungipun ingkang kebak pantun ingkang sampun binelahan, wonten kandhangipun ingkang isi ingah-ingahan, Mesa, Sapi, Menda, bebek, menthog, ayam miwah iwen sanesipun jangkep. Boten tebih saking griya menika wonten pategilan ingkang wiyaripun watawis sekawan bau langkung, lan ing wekdal menika nembe nedhengipun taneman gaga ingkang katanem ing pategilan menika memping kuning. Sadaya ngantos titi kalenggahan menika taksih dados gadhahan kula dede gadhahanipun tiyang jaler ingkang nate gesang kalihan kula jaragan tiyang jaler menika boten kalebet ewoning tiyang ingkang remen makarti dados tiyang tani, nanging remen makarya minangka tukang kayu saha undhagi”.

 

Ana candhake.

Rabu, 22 Maret 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (061)

61.

Sapandurat Ki Sarkara kados ginugah jiwa jaleripun, nanging Ki Sarkara taksih kaparingan emut bilih piyambakipun menika sampun gadhah semah malah ugi sampun gadhah yoga. Temah nalaripun Ki Sarkara saged mastani menawi ganda arum ingkang medal saking Sapaetun menika ganda ingkang sakalangkung mbebayani tumrap utuhing anggenipun bebrayan kalihan Nyai Sarkara. Benten malih kalihan suwantening manah, manahipun Ki Sarkara boten saged nyelaki bilih gegandan ingkang makaten menika gegandan ingkang sakalangkung ngremenaken, eca manawi kaambet lan kanthi ngganda gegandan ingkang makaten menika tuhu gegandan ingkang sakalangkung dipun remeni dening tiyang jaler kalebet Ki Sarkara. Awit saking gegandan ingkang makaten menika saged nuwuhaken gegambaran-gegambaran endah ingkang angel dipun nalar mawi pikiran. Ngantos radi dangu kedadosan perang antawisipun manah kalihan nalaripun Ki Sarkara. Wasana nalaripun Ki Sarkara ngemutaken bilih wekdal menika piyambakipun nembe gesang salebeting panandhang lan kacingkrangan lan kangge luwar saking panandhang menika kedah ngathah-ngathaken emut dhateng Gusti Ingkang Maha Welas, kamangka menawi nuruti pangajaking manah ingkang kasengsem dhateng ganda arum ingkang mijil saking Sapaetun menika ateges wantun nerjang pepacuhing Gusti ingkang saged mewahi kasangsaran ingkang nembe dipun sandhang.

“Nuwun sewu Nyai” kalihan tumungkul Ki Sarkara lajeng pitaken dhateng dhayohipun “ambok bilih wonten ingkang saged kula biyantu, ndika rawuh ing papan menika estunipun badhe ngersakaken menapa?”.

“Matur nuwun saderengipun Ki Sarkara” kanthi suwanten ingkang saged damel kumesaring manahipun ingkang mireng, Sapaetun wangsulan “bares kemawon anggen kula sowan mriki menika wiwitanipun namung betah pitulungan satunggal, nanging sareng sampun kepanggih kalihan jengandika dumadakan ketingal kabetahan-kabetahan kula ingkang mbetahaken pitulungan sanesipun saking jengandika  Ki Sarkara”.

“Nyuwun pangapunten Nyai, cethanipun kados pundi inggih?” Ki Sarkara pitaken malih awit dereng nyandhak kalihan pikajenganipun Sapaetun.

“Inggih Ki Sarkara” Sapaetun wangsulan nyethakaken pikajengipun kalihan tembung ingkang alus manuhara “kados ingkang kula aturaken sepisanan wau, gandheng kula kedalon wonten wana menika, kamangka suku kula sampun sakalangkung kesel, prasasat boten kiyat malih kangge mlampah, kula lajeng badhe kendel ing sangandhaping kajeng ingkang ageng, sanaosa kula ngertos menawi kula kendel lan tilem ing sangandhaping kajeng ingkang ageng menika tuhu caket kalihan bebaya, nanging badhe kados pundi malih?  kula boten sumerep papan ingkang aman kangge kendel. Nanging dumadakan kula sumerep cahyaning diyan ingkang ndadosaken kula yayah tiyang lumampah ing wanci panglong kedadak kepapag obor sewu. Ciptaning manah kula ngandhakaken bilih kula boten siyos tilem ing papan ingkang mbebayani. Langkung-langkung sasampunipun kula ngertos jebul diyan ingkang cahyanipun kula sumerepi wau, wonten ing griya menika. Pramila kula lajeng daya-daya alok “kulanuwun” kala wau, ciptaning manah badhe nyuwun pitulungan dhateng ingkang kagungan dalem, mugi marengaken kula dalu menika ndherek kendel ing dalemipun”.

“O makaten ta kersanipun ?” Ki Sarkara emut welingipun Nyai Pandhanwangi saderengipun bidhal kala wau, bilih menawi wonten tamu murih katampi kanthi sae lan sampun ngantos dipun siya-siya “manawi makaten, prayogi menawi Nyai Sapaetun tumunten ngleremaken salira, mangga kula tedahaken senthong prasaja ingkang saged ndika agem aso salira”.

Ing pangangkah Ki Sarkara badhe nedahaken Sapaetun murih ngaso ing amben ingkang manggen ing sisihipun amben ingkang dipun angge tilem Nyai Sarkara lan Pradapa. Menawi Sapaetun sampun ngaso ing mriku, mangka Ki Sarkara inggih badhe wangsul linggihan ing klasa malih. Kanthi makaten Ki Sarkara saged meper suwantening batin ingkang kroncalan awit kasengsem dhateng kasulistyanipun Sapaetun. Nanging pranyata pikajengipun Ki Sarkara makaten menika boten tumunten saged katurutan. Awit Sapaetun taksih wicanten malih :

“Matur nuwun Ki Sarkara, nanging kaparengna kula nutugaken atur kula ingkang dereng telas menika”.

“nDika sampun kuwatos Nyai” wangsulanipun Ki Sarkara “ing mriki wonten amben prasaja jangkep kalihan bantal tuwin klasanipun ingkang saged kaagem ngaso lan tebih saking bebaya”.

“Mangke rumiyin ta Ki, kula tak ngrampungne atur kula rumiyin” wangsulanipun Sapaetun kalihan mesem ingkang sakalangkung ngujiwat.

“Nyuwun pangapunten Nyai” Ki Sarkara nyuwun pangapunten dhateng tamunipun “mangga, kadhawuhna menapa ingkang badhe ndika dhawuhaken”.

“Waleh-waleh menapa Ki Sarkara” dumadakan praupanipun Sapaetun ingkang kala wau ketingal mbranyak malih ketingal memelas, makaten ugi suwantenipun kados tiyang ingkang ngampet raos sedhih “Estunipun kula kala wau rak saking Padhukuhan Kepuhsluku sakidulipun wana menika?”.

“Inggih lajeng kados pundi?” Ki Sarkara pitaken malih awit Nyai Sapaetun boten tumunten nyambet ukaranipun.

“Anggen kula kesah dhateng Kepuhsluku menika harak awit kula nusul tiyang jaler kula ingkang pamitipun nalika bidhal watawis tigang wulan kapengker badhe pados padamelan, mbara kerja ing Dhukuh Kepuhsluku menika, inggih jalaran kangge nyekapi kabetahan ing griya sampun boten menapa-menapa” Nyai Sapaetun nglajengaken wicantenipun, ketingal wonten luh ingkang tumetes saking mripatipun mili nelesi pipinipun ingkang weweg nduren sajuring “nanging  sareng sampun kelampahan kula dumugi ing Dhukuh Kepuh Sluku dede remening manah ingkang kula panggih, nanging malah kosok wangsulipun, kula ngraosaken kuciwaning manah ingkang tanpa upami, Ki, manah kula malah dados sakit ingkang kados-kados boten saged dipun usadani malih”.

Nyai Sapaetun lajeng nangis sesenggrukan, nedahaken sungkawaning manahipun. Sanaosa makaten, boten nyuda kasulistyaning warnanipun pawestri menika. Ki Sarkara kethukulan raos welas dhateng tiyang estri ingkang wonten ngajengipun menika, sanaosa Ki Sarkara inggih dereng mangertos menapa ingkang njalari pawestri menika sedhih satemah nangis sesenggrukan kados makaten menika.

“Nuwun sewu Nyai” gandheng Nyai Sapaetun boten tumunten nglajengaken anggenipun gineman malah tangisipun sansaya ngguguk, Ki Sarkara nunten wicanten “menapa ingkang njalari ndika sungkawa? Menapa Keng Raka boten wonten ing Dhukuh Kepuhsluku ?”.

“Tiyang jaler kula mila leres wonten ing Kepuhsluku, Ki” wangsulanipun Sapaetun kalihan nangis “lan kula saged pepanggihan, nanging dede jampi kangen ingkang kula panggihi sasampunipun kepanggih kalihan tiyang jaler kula, nanging malah raos sakit ing salebeting manah, ingkang ngalangkungi sakitipun tatu ingkang kineceran toyanipun cokak”.

Nyai Sapaetun kendel malih anggenipun wicanten lajeng nangis malih.

“Sampun Nyai mangga dipun tata rumiyin penggalihipun, boten sae menawi namung kagem muwun makaten menika” Ki Sarkara ngarih-arih Nyai Sapaetun murih meneng saking anggenipun nangis “kadhawuhna kemawon dhumateng kula, ambok bilih kula saged atur pambiyantu murih saged ngentheng-enthengi awrating panandhang ingkang ndika sandhang”.

“Matur nuwun Ki Sarkara” wangsulanipun Nyai Sapaetun kalihan ngusapi luhipun mawi pucuking kemben, ingkang ndadosaken Ki Sarkara tumungkul sami sakala. Awit kemben ingkang kagem nutupi dhadhanipun pawestri ingkang sulistya ing warna menika lajeng dados ketingal kendho, temah satleraman Ki Sarkara sumerep sesawangan endah ing waliking kemben ingkang mesthinipun boten kenging dipun sawang.

“Sedya saking griya ingkang sampun kula jejangka saged nyuntak raos kangen dhateng tiyang ingkang kula tresnani, jugar, gagar wigar, ambyar malah ndadosaken manah kula kados dipun iris-iris mawi peso ingkang teyengen” Nyai Sapaetun nglajengaken anggenipun wicanten “anggenipun tiyang jaler kula kraos ing Dhukuh Kepuh Sluku lan boten tilik-tilik griya menika jebul ing mriku tiyang jaler kula kecanthol kalihan satunggaling Warandha, ingkang nuwun sewu umuripun langkung sepuh katimbang tiyang jaler kula lan ugi praupanipun inggih boten mingsra”.

Mireng wicantenipun Nyai Sapaetun ingkang makaten menika, Ki Sarkara ingkang wau tumungkul amarikelu jalaran ajrih sumerep sesawangan ingkang damel getering manahipun, inggih awit saking mloroting kemben ingkang dipun aangge dening Nyai Sapaetun, dumadakan ndengengek malih awit kasengsem dhateng cariyos ingkang dipun ucapaken Nyai Sapaetun. Ki Sarkara dados sansaya kaget carup lan raos dheg-dhegan ing salebeting jejantungipun, awit sesawangan endah kala wau samangke ketingal sansaya langkung cetha malih.

“Kula ngertos Ki” Nyai Sapaetun wicanten malih, lan kanthi nedahaken praupan ingkang mbrabak tanganipun kumlawe ngleresaken kembenipun ingkang mblorot mangandhap, wangunipun Pawestri ingkang sulistyaning warni menika kraos nalika sumerep Ki Sarkara ketingal ndomblong sasampunipun ndengengekaken sirahipun lan sumerep kembenipun ingkang kendho. Nanging anggenipun ngleresaken kembenipun inggih boten saged sampurna malah kepara nambahi cethanipun sesawangan ingkang mesthinipun katutupan rapet “mila tiyang jaler menika wenang gadhah semah langkung saking setunggal, lan sanaosa kanthi manah ingkang sakit kula kiyat-kiyataken saged nampi menawi tiyang jaler kula semah malih, waton tiyang jaler kula saged tumindak adil dhateng semah-semahipun ingkang taksih mbetahaken tedha lahir tuwin tedhaning batin saking piyambakipun….”.

“Nyata ndika menika pawestri ingkang satuhu luhuring budi Nyai” Ki Sarkara ingkang sampun ndhingkluk malih menika nigas ginemipun Nyai Sapaetun “arang wonten wanita ingkang saged nampi katresnaning kakung ingkang dipun dum-dum kados makaten”.

“Nanging eman Ki Sarkara” Nyai Sapaetun suka wangsulan.

“Eman kados pundi Nyai?” Ki Sarkara pitaken malih, nalaripun menging piyambakipun ndengengek murih boten sumerep sesawangan endah ingkang estunipun boten kenging dipun tingali.

“Rilaning manah kula ingkang samanten kala wau, babar pisan boten dipun tampi kanthi sae dening tiyang jaler kula miwah semahipun ingkang enggal” wangsulanipun Nyai Sapaetun “tiyang jaler kula sampun rumaos kabetahaning batin sampun saged dipun cekapi dening semahipun ingkang enggal, babar pisan boten purun ngemuti kabetahaning batin kula. Tiyang jaler kula sanjang kenging kemawon kula ngajeng-ajeng rumentahing sih saking piyambakipun, nanging kedah purun ngentosi sakaliring piyambakipun. Semahipun ingkang enggal malah kumawantun nanting dhateng tiyang jaler kula, kanthi panedhi tiyang jaler kula kenging langen asmara kalihan kula menawi piyambakipun anuju nglilani, menawi piyambakipun boten anuju nglilani lan tiyang jaler kula kadenangan  kempal kalihan kula semah janur-ajuripun menika, mangka piyambakipun badhe nyuwun pisah kalihan tiyang jaler kula kangge salami-laminipun. Lan ingkang langkung damel sakiting manah kula malih, tiyang jaler kula pranyata langkung nggugu dhateng panedhining semahipun ingkang enggal menika”.

Kalihan tumungkul Ki Sarkara mirengaken sedaya ingkang dipun cariyosaken dening Nyai Sapaetun. Temah Ki Sarkara boten sumerep ingkang wonten kanan keringipun. Namung salebeting manahipun Ki Sarkara wonten raos sansaya gumun, awit ganda arum ingkang wiwit wau ngreridhu manahipun sansaya kraos gandanipun andulek ing salebeting grana. Ki Sarkara nembe ngertos sasampunipun ing gigiring tanganipun kraos wonten barang lumer ingkang nindhihi, lan nalika Ki Sarkara nyobi angulati, nembe ngertos menawi epek-epekipun Nyai Sapaetun pranyata sampun tumumpang ing gigiring tanganipun Ki Sarkara. Lan anggenipun linggih Nyai Sapaetun sansaya ngangseg nyaket dhateng Ki Sarkara.  Ki Sarkara sakalangkung kagetipun, suwaunipun badhe ngipataken tanganipun Nyai Sapaetun ingkang nggremet badhe ngremeti tanganipun, nanging Ki Sarkara kuwatois menawi ngantos damel mewahi sedhihipun Nyai Sapaetun ingkang wekdal menika nembe nandhang susah lan mbetahaken kawigatosan. Menapa malih nalika manahipun ugi wonten raos remen nalika saged sesenggolan kalihan wanita ingkang tuhu sulistyeng warni menika. Pramila sanaosa kanthi linambaran tansah emut bilih piyambakipun boten  kenging tumindak dosa, Ki Sarkara inggih lajeng boten wantun menging Nyai Sapaetun murih boten ngremeti tanganipun.

“Manggih lelampahan ingkang kados makaten kala wau, kula lajeng pamitan wangsul dhateng tiyang jaler kula, Ki” Nyai Sapetun inggih lajeng nglajengaken anggenipun wicanten “lan tiyang jaler kula boten maelu babar pisan malah kepara nglajengaken anggenipun mewahi sakiting manah kula kanthi nedahaken anggenipun pepasihan kalihan semahipun ingkang enggal, inggih Warandha kaduk yuswa ingkang rupinipun boten mingrsa menika”.

 

Ana candhake.

 

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...