Total Tayangan Halaman

Kamis, 17 Agustus 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (81)


 

81.

            Kawontenan lajeng dados sepen, Ki Lurah Sarkara boten saged gineman menapa-menapa, pranyata leres ingkang kadhawuhaken Nyai Pandhanwangi saderengipun miwiti cariyos kala wau, boten wonten pedahipun Ki Sarkara mangertosi sinten sejatosipun Nyai Pandhanwangi. Namung kantun satunggal ingkang dereng dipun ngertosi dening Ki Lurah, wekdal menika piyambakipun gesang ing alam menapa? Lan sadaya wewangunan ingkang sampun dipun paringaken dening Nyai Pandhanwangi dhumateng piyambakipun menika nyata menapa maya?.

            “nDika aja nguwatirake kahanan ndika Ngger” Nyai Pandhansari ngendika malih, kawistingal menawi panjenenganipun sampun saged maos isen-isening manahipun Ki Lurah Sarkara “ndika ora kesasar dalan dalin dadi brekasakan, ndika panggah isih asipat manungsa lan mapan ing jagad kang nyata. Mung wae kanggo sawatara pancen kahanan papan iki isih tak tutupi nganggo warana, dadi ora bisa dingerteni dening bangsa manungsa tanpa palilah saka aku. Sedhela maneh warana iki arep tak kukut, dadi ndika bali wutuh manggon neng alam nyata jangkep klawan sipat-sipate, kang durung ana lamun kepengin nganakne uga nganggo pambudidayaning raga kang nyata ora bisa dianakake mung sarana cipta. Ya rahayune, anggonku ngrewangi mbabat alas yasa Desa iki wis oleh rada jembar lan wewangunan-wewangunan kang tenane dianakne klawan cipta wis padha dadi mung kari nyampurnakne wae. Sabanjure ndika kari nutugake nggon ndika babad alas iki murih dadi lan becike. Aja samar lan aja kuwatir, sajroning wektu kang ora suwe, bakal akeh wong sing nekani papan kene, nembung marang ndika ke[engin mangayom dadi kawula ing kene. Ya wong-wong sing padha neneka kuwi sing bakal nyepetake nggon ndika babad alas lan yasa desa. Nanging welingku marang ndika, sing ngati-ati wong-wong sing padha teka mengko duwe watak sing ora padha, ana sing becik ya ana sing ala. Sing becik bisa dadi kanca lan sing ala bisa nuwuhake bebaya”.

            “Inggih Nyai, samangke kula nyuwun pitedah menapa ingkang kedah kula lampahi kangge salajengipun?” Ki Lurah Sarkara nyela rembag nyuwun pitedah malih.

            “Sumurupa Ki Lurah” Nyai Pandhanwangi paring wangsulan “kaya kang wis tak kandhakne ing ngarep, wiwit dina iki aku wis ora kawenangake paring pambiyantu marang ndika nganggo cara kaya sasuwene iki, aku mung bisa paring pambiyantu saka kadohan sing ora bisa ndika ngerteni. Awit ora suwe maneh aku bakal bali menyang alamku, lan ndika ora bakal bisa kepethuk karo aku maneh, kajaba yen mung liwat ing pasupenan. Dadi pamrayogaku marang ndika, becik ndika nyuwun pirsa marang Ki Jurudah utawa Ki Prasanta, awit priyayi sakarone kuwi kang dipercaya dening Kanjeng Ratu Setyawati murih paring pambiyantu marang ndika”.

            Sareng kalihan telasing ucapipun Nyai Pandhanwangi ngkang makaten menika, Putri Jim ingkang aslinipun asma Dewi Kusali menika ical saking pandulunipun Ki Lurah Sarkara. Ki Lurah sakalangkung sedhihipun. Boten nyana babar pisan manawi badhe pepisahan kalihan Nyai Pandhanwangi ingkang boten sakedhik anggenipun paring pambiyantu dhateng piyambakipun. Wonten raos getun lan keduwung salebeting manahipun Ki Lurah Sarkara dene boten nggega kalihan dhawuhipun Nyai Pandhanwangi saderengipun miwiti nyariyosaken lelampahanipun, kadereng saking raos kepengin nyumerepi wewadi ingkang angranuhi manahipun. Nanging inggih lajeng dipun pupus bilih sadaya menika sampun kaserat ing garising pesthining gesangipun.

            Dinten-dinten candhakipun  ingkang dipun tindakaken Ki Lurah Sarkara inggih nutugaken anggenipun mbabad wana. Yasa padhukuhan ugi yasa pategilan tuwin pasabinan, kabiyantu dening Ki Pawit lan rencang-rencangipun. Dhawuhipun Nyai Pandhanwangi pranyata leres, meh saben dinten wonten kemawon tiyang ingkang sami dugi ing siti tilas babadan ingkang samangke sampun gadhah nami Padhukuhan Kepuh Agal, nembung dhateng Ki Lurah badhe ndherek babad lan kepengin mangayom dhateng Ki Lurah minangka kawula ing Kepuh Agal mriku. Anggenipun sami dugi ing mriku wonten ingkang namung ijen-ijenan, wonten ingkang mbekta kulawarganipun, malah ugi wonten ingkang kenging kawastanan sabregada ingkang nggadhahi pangajeng. Sadaya katampi kanthi sae dening Ki Lurah Sarkara lan kaparingan palilah ndherek mapan ing Kepuh Agal mriku. Kanthi makaten ndadosaken sansaya cepet ngrembakanipun Dhusun Kepuh Agal.

            Anuju sawijining dinten Ki Lurah Sarkara emut dhateng welingipun Nyai Pandhanwangi. Ingkang paring dhawuh supados nyuwun pirsa dhateng Ki Jurudah menapa dene Ki Prasanta menawi piyambakipun mbetahaken pitedah kangge ngrembakanipun Dhusun Kepuh Agal. Nanging Ki Lurah Sarkara boten mangertos ing pundi mapanipun Priyantun kalih ingkang ugi sampun kathah paring pambiyantu dhumateng piyambakipun menika. Ngemuti sadaya menika, Ki Lurah sakalangkung ing sungkawanipun. Saking santeripun anggenipun menggalih satemah kabekta dhateng alaming pasupenan.

            Inggih ing pasupenan menika Ki Lurah Sarkara karawuhan Ki Jurudah lan Ki Prasanta malah Nyai Pandhanwangi ugi ndherek rawuh. Malah Nyai Pandhanwangi ingkang langkung rumiyin parinmg dhawuh dhateng Ki Lurah Sarkara.

            “Ki Lurah Sarkara” makaten ngendikanipun Nyai Pandhanwangi “aku rumangsa melu seneng dene Kepuh Agal saiki wis dadi Desa sing gedhe tur reja, jangkep sapategalan lan Pasawahane. Nanging Ki Lurah uga kudu ngerti, sanadyan tata gelar dumadine Kepuh Agal sing kaya mangkono mau ya merga saka pambudidayane Ki Lurah lan para warga ing Kepuh Tunggal kabeh, nanging satemene uga awit saka pambiyantune Ki Jurudah lan Ki Prasanta lan kanca-kancane kang melu rerewang tanpa ndika weruhi lan ora diweruhi dening wong-wong sing saiki padha dadi warga ing Kepuh Agal”.

“Inggih Nyai” atur wangsulanipun Ki Lurah Sarkara kalihan kurmat “estunipun sanaosa kulaboten sumerep, nanging kula ugi ngrumaosi bilih salebeting nandangi padamelan nutugaken mangun Kepuh Agal, kraos menawi wonten kekiyatan gaib ingkang anyengkuyung lan ambiyantu dhateng kula sakanca, temah sadaya saged lumampah kanthi rancag lan boten nate mrangguli panggodha menapa-menapa. Inggih sasampunipun Nyai paring dhawuh ingkang makaten nembe raos ngungun ing manah kula saged ical. Boten langkung dhumateng Ki Jurudah saha Ki Prasanta, kula namung saged ngaturaken genging panuwun”.

            “Sing tak tindakne karo Ki Prasanta lan kanca-kanca prajurit Kraton Ngiyom ing Kepuh Agal kuwi mung saderma nindakne kuwajiban Ki Lurah” ingkang paring wangsulan dhateng Ki Sarkara Ki Jurudah “lan sing aweh pambiyantu ora mung wong saka Ngiyom wae, malah andhahane Nyai Pandhanwangi ya ora kalah cacah akehe sing tandange ya padha sengkud-sengkud”.

            “Inggih Kyai” Ki Lurah matur maneh “kula ugi namung saged ngaturaken panuwun dhumateng para sepuh ingkang boten negakaken kula. Inggih mugi-mugi Gusti Ingkang Maha Agung paringa kanugrahan dhumateng Kyai kekalih saha Nyai Pandhanwangi”.

            “Kajaba saka kuwi Ki Lurah” Nyai Pandhanwangi ngendika malih “kaya sing wis tak kabarake marang ndika nalika samana, wektu iki Kutharajane Tanah Jawa wis sida ngalih menyang Alas Mentaok sing saiki salin jeneng dadi Kuthagedhe Mataram lan sing ngratoni Tanah Jawa sing wajib tak gugu dhawuh-dhawuhe saiki Kanjeng Panembahan Senapati Ing Alaga, sing jaman isih timur ngagem asma Raden Danang Sutawijaya utawa Mas Ngabei Loring Pasar. Lan magepokan karo Desa Kepuh Agal uga wis tak unjukake ing ngarsane Rekyana Patih Mandaraka dadi mbok menawa ora suwe maneh bakal ana punggawa saka Mataram sing bakal paring layang kekancingan marang ndika Ki Lurah Sarkara”.

            “Ngaturaken genging panuwun Nyai”

            “Sabanjure, babagan sing tak kandhakne yen wong-wong sing padha teka melu mangayom marang Desa Kepuh Agal kae, yaiku pepanthane manungsa sing duwe watak angkara, sajake iki wis ana sing tata-tata arep mbalela” Nyai Pandhanwangi ngendika malih “Ya iku wong-wong sing tenane tekane ing Kepuh Agal kuwi merga keplayu lan dadi burone Prajurite Panembahan Mas ing Madiun. Wong-wong kuwi pancen klebu manungsa sing manembah marang Iblis, dadi tumindake mung tansah gawe kisruhing jagad wae. Lha babagan iki dudu sanggemanku maneh, nanging wis dadi tanggung jawabe Senapati Kraton Ngiyom” .

            “Bener sing dingendikakne Nyai Pandhanwangi kuwi mau Ki Lurah” Ki Jurudah numpangi rembagipun Nyai Pandhanwangi “nanging ndika ora prelu was utawa sumelang. Jalaran salira ndika kuwi wis nyawiji karo Pusaka Ngiyom sing ndika gadhuh ya iku Keris Kyai Pantek. Ora jeneng mangeranake marang Keris Kyai Pantek, para-para sing duwe sedya ala marang Desa Kepuh Agal ora bakal menang perbawa karo Lurah Kepuh Agal sing wis nyawiji karo Kyai Pantek”.

            “Inggih Kyai” Ki Lurah atur wangsulan dhateng Ki Jurudah “kula sanget pitados kalihan ingkang jengandika dhawuhaken, namung kemawon kapeksa taksih wonten ingkang kula sumelangaken Kyai”.

            “Apa maneh Ki Lurah?” Ki Jurudah mundhut pirsa.

            “Manawi dinten samangke ing Kepuh Agal boten wonten ingkang nyumelangi, nanging kula kuwatos benjing menawi kula sampun boten wonten ? Inggih menawi Lurah ing Kepuh Agal sapengker kula saged manunggal kalihan Kyai Pantek? Menawi boten harak inggih sakalangkung andrawasi ta Kyai?”.

 

 

Ana candhake

 

Rabu, 16 Agustus 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (80)


 

80.

            Kegawa rasa gumun merga lungane Sang Hyang Wilis sing ora tak ngerteni kuwi mau, nganti rada sauntara aku mung meneng, malah kena diarani ndomblong jalaran ora dhong. Lagi aku bali eling maneh yen lagi ngrembug perkara sing wigati, bareng Ki Tanparupa bali ngendika :

            “Aku wis kandha yen lungane Sang Hyang Wilis ninggalne papan kene iki mau ora susah digagas, jalaran nek ndika nggagas lungane Sang Hyang Wilis iki mau, bisa ndadekne ndika nglalekne rembug wigati antarane ndika lan aku, sanadyan ta olehe nglalekne kuwi ya mung sedhela”.

            “Nyuwun pangapunten Rama Kyai” aku atur wangsulan karo ndhingkluk, ngrumangsani kaluputanku.

            “Ora dadi apa Nini” ngendikane Ki Tanparupa karo mesem “saiki luwih prayoga nutugne rembug sing durung rampung mau, harak ya ngono ta ?”.

            “Leres Rama” aku atur wangsulan “sumangga Rama Kyai kaparenga paring dhawuh malih, kula pun Kusali siaga mirengaken”.

            “Gegayutan karo kahanane Ki Cahyangumbara sing ora bisa dipethuki nganti embuh kapan pirang puluh utawa pirang atus tahun wektune, apa ora luwih prayoga manawa Nini Dewi Kusali murungake wae kersa olehe arep methuki Ki Cahyangumbara? Banjur milang-miling ngulati mbok menawa ana priya liya saka bangsa jim utawa bangsa manungsa sing sajake bisa nocogi penggali ndika?” Ki Tanparupa banjur paring rerigen marang aku sawuse ngandharake kahanan sing dilakoni Ki Cahyangumbara wektu iki.

            Aku kudu ngakoni apa sing didhawuhake dening Ki Tanparupa kuwi ora ana alane lan nek digagas nganggo nalar sing waras, pancen ngenteni wong sing ora karuwan kapan bisane dipethuki, padha wae ngenteni kambange watu item lan keleme prau gabus. Nanging, aku dhewe ya ora ngerti ya gene ing atiku iki ora ana priya liyane Kakang Mas Cahyangumbara sing bisa nggugah ati wadonku. Mula tekading atiku, aku ora arep ngladeni pria sapa wae, kajaba Kakang Cahyangumbara, sanadyan mbuh kapan bisane kelakon.

            “Ngaturaken genging panuwun awit peparingipun rerigen dhateng kula Rama Kyai” wasana aku matur prasaja “nanging sampun dados antebing manah kula, bilih ing jagad menika boten wonten pria sanes ingkang badhe kula suwitani minangka garwa kajawi namung Kakang Mas Cahyangumbara kemawon. Inggih awit saking menika, ngantosa jaman menapa anggenipun Kakang Mas Cahyangumbara saged timbul malih ing alam ingkang saged kula ambah, badhe kula rantos. Salajengipun kula nyuwun dhumateng jengandika Rama Kyai paring tuntunan murih kula saged mlebet dhateng agami suci ingkang jengandika rasuk saha kaparenga nglintiraken seserepan piwucaling agami suci menika, badhe kula sinau lan badhe kula cakaken salebeting gesang kula. Saha ngiras pantes ngrantos timbulipun Kakang Mas Cahyangumbara ingkang badhe angiring dumuginipun Sendhang Mustikaning Warih ing bumining para manungsa menika, kula badhe nenuwun dhumateng Gusti murih Gusti paring pangayoman dhumateng Kakang Mas Cahyangumbara temah saged lebda ing karya, tartamtu kemawon anggen kula nenuwun mangke badhe kula jumbuhaken kalihan piwuca jengandika Rama Kyai”.

            “Yen pancen mangkono sing dadi tekad ndika Nini Dewi Kusali, samengko bakal tumuli tak tuntun ndika ngrasuk agama sing tak rasuk, yaiku agama kang tinurunake dening Gusti lumantar para Utusan-Ne, wiwit Utusan Kang Kapisan kang jejuluk Kanjeng Nabi Adam nganti Utusan Kang Pamungkas ya Kanjeng Nabi Muhammad Kang Jumeneng Rasulullah, ya iki kang winastan Agama Islam kang ateges Agama kang mulangake murih kaslametaning jagad saisine”.

            Sawise aku dituntun ngucapake sahadat loro. Dening Kanjeng Rama Kyai Tanparupa sing saiki wis dadi Guruku, aku kaparingan tetenger utawa jeneng anyar yaiku Nyai Pandhanwangi utawa Nyai Pandhansari. Aku banjur kadhawuhan lerem sawatara wektu ing papan kono saprelu nampa piwucal bab agama sing saiki tak rasuk, ya iku agama piwucale Kanjeng Nabi sing miyos ing Tanah Mekah lan Jumeneng neng Medinah, kapiji dening Gusti minangka Pamungkasing Para Utusan kanggo kaslametan lan karaharjaning Jagad Saisine kanthi adil tanpa mbedak-mbedakne jinising bangsa, pangkat lan drajat, lanang utawa wadon, kabeh padha ing ngarsane Gusti Kang Maha Kawasa ya iku kabeh kuwi drajate mung Kawula, ya iku kawulane Gusti. Mula aran titah kang murang tata lamun ana titah kongsi kumawani ngremehake titah liyane, jalaran padha-padha titahe. Dene lamun ana titah sing kaparingan kanugrahan embuh apa wujude, apa kuwi sing wujud bandha donya temah dadi wong sugih, embuh kuwi wujud pangkat sing temahan dadi wong cekel panguwasa, embuh kuwi wujud kaendahan temah dadi wong sing bagus utawa ayu, embuh sing rupa kawruh sing temahan bisa ndadekne wong dadi pinter, uga sing wujud kasekten lan kasudibyan, kuwi kabeh mung titipan saka Gusti murih digunakne sarana kanggo manembah marang Gustine. Mula yen kongsi ana titah sing katitipan kaluwihan saka Gusti banjur kleru anggone ngecakne bakal luwih gedhe walate.

            Sawise rada sawatara wektu aku lerem ing papan kono nampa piwulang saka Kanjeng Rama Kyai Tanparupa. Rama Kyai banjur pamit arep nutugne ngayahi jejibahan sing aku ora dikeparengake ngerti kaya apa wujude jejibahan kuwi. Sing cetha manggon ing papan liya sing adoh karo papan sing tak enggo leren kuwi. Sasuwene ditinggal, dening Rama Kyai aku kadhawuhan nindakne piwulange agama, ya piwulange Rama Kyai, ya iku supaya aku ngideri Tanah Jawa sing wektu kuwi kareh lan katata dening Kanjeng Sultan Ali Akbar kang ngedhaton ing Demak Bintara. Babar p;isan aku ora kalilanan nepungake dhiri karo kang ngasta pusaraning adil ing Tanah Jawa, nanging aku kadhawuhan asung bebantu klawan sesidheman murih ora kawistara. Dene carane, aku kudu melu njaga katentremaning Tanah Jawa, jumbuh karo kabisan sing tak duweni. Kajaba kuwi, aku uga kadhawuhan tansah aweh tetulung marang bangsa apa wae, ya bangsa jim ya bangsa manungsa sing lagi nandhang kasangsaran kanthi lila legawa tanpa pamrih apa-apa kajaba pamrih marang palimirmaning Gusti Kang Maha Suci.

            Ya sasuwene aku nglakoni dhawuhing Guru kuwi aku banjur duwe tetepungan sing akeh, sing jebule nduweni jejibahan sing ora beda karo jejibahan sing tak emban. Ing antarane tepunganku ya sing  wis ndika tepungi kaya dene Kanjeng Ratu Setyawati ing Kraton Pangayoman utawa ing Sendhang Ngiyom lan sapukawate sing jeneng Ki Jurudah lan Ki Prasanta uga mBah Tambak sing ndika temoni sepisanan sawuse ndika mlaku sajroning urip kacingkrangan saka Kutha Pajang,

            Guruku ya Rama Kyai Tanparupa, kala-kala uga rawuh nemoni aku. Saben-saben sajroning Kutharaja ana ontran-ontran, utawa yen Sing Jumeneng Nata ing Tanah Jawa iki arep ganti, Rama Kyai ajeg rawuh nemoni aku lan paring weling supaya aku ora kepilut melu cawe-cawe ing prakara kang gegayutan karo reh parentahing nagara. Aku ora diwenangake ngrewangi salah siji saka para kang rebut panguwasa, aku mung kadhawuhan nyekeli paugeran siji, ya iku : Ratu sing saiki sing tak dhereki, Ratu sing arep teka sing tak enteni. Mula sasurute Sultan Trenggana ing Demak, sing banjur kasusul anane ontran-ontran rebut panguwasa antarane putrane Kanjeng Pangeran Surawiyata, sing asmane Pangeran Arya Penangsang ing Jipang, karo putrane Ki Ageng Pengging utawa Ki Kebo Kenanga sing uga isih putra mantune Kanjeng Sultan ing Demak Bintara, ya iku Raden Mas Karebet ing Pajang, aku milih sumingkir sawatara. Aku milih ngulati endi kawula Demak sing mbutuhne pitulungan, ing kono aku nindakne kuwajiban.

            Durung suwe iki, Rama Kyai Tanparupa uga paring warah lamun ing telenging Alas Gawat sing jeneng Alas Mentaok kerep nganton ana cahya sumunar anelahi. Bareng Kangjeng Rama Kyai ngulati saka cedhakan, jebule cahya kuwi cahyaning wahyu Kraton Tanah Jawa. Lan Rama Kyai Tanparupa uga nguningani, ing alas kono lagi dibabati arep didadekne Kutha Gedhe. Kamangka Alas Mentaok kuwi sing kagungan Ki Gede Pemanahan ya kuwi ganjaran saka Kanjeng Sultan Pajang, sawuse Ki Gedhe Pemanahan klakon bisa numpes Pangeran Arya Penangsang, lha sing mandhegani mbabat alas kuwi ora liya Raden Danang Sutawijaya putrane Ki Gede Pemanahan sing uga kapundhut putra angkat dening Kanjeng Sultan ing Pajang. Lan sing miturut Rama Ki Tanparupa rada katon aneh maneh, ya iku ngendikane Rama Ki Tanparupa, Titise Sang Hyang  Nawangsasi salah siji saka tetungguling Widodari ing Jonggirisalaka, sing saiki madeg dadi Narendraning bangsa Jim ing Samodra Kidul, asring rawuh menyang Alas Mentaok kono, sapatemon karo Raden Danang Sutawijaya. Dhawuhe Rama Ki Tanparupa, mbok menawa wae Kraton Tanah Jawa sing saiki mapan ana Pajang rinenggan Kanjeng Sultan Adiwijaya, bakal ngalih menyang Kutha Gedhe sing saiki lagi dibabat ing Alas Mentaok. Lan ing babagan iki, sepisan maneh aku ora dikeparengake melu cawe-cawe yen ana ontran-ontran sasurute Kanjeng Sultan Pajang mengko. Malah dening Rama Kyai Tanparupa aku diweruhne yen wektu kuwi ana titahing Gusti sing lunga ninggalne Kutha Pajang lan banget mbutuhake pitulungan. Lan sajrone aku aweh pitulungan marang titah kuwi, bakal nuwuhake rasa sengit saka bangsa jim marang sing tak tulungi. Mula kanggo ngayomi titah sing tak tulungi kuwi mau, aku banjur martakne yen titah kuwi ora liya putraku dhewe. Yen ndika ora ngerti sapa titah mau, saiki tak jarwani, titah kuwi ora liya ya ndika dhewe Ki Lurah Sarkara”.

            Nyai Pandhansari amungkasi anggenipun nyariyosaken lelampahanipun, andadosaken Ki Sarkara njegreg kadya tugu waja sinukarta.

 

 

Ana candhake.

           

 

           

 

Selasa, 15 Agustus 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (79)

 

79.

            Nanging sadurunge aku ngaturake apa sing dadi pepenginaning atiku marang Ki Tanparupa lan Sang Hyang Ijo, dumadakan aku kelingan yen sakawit niyatku tekan Tanah Jawa iki rak arep nggoleki Ki Cahyangumbara. Lan pancen ora ana kepenginan sing gedhene ngungkuli pengining atiku bisa dadi sisihane Ki Cahyangumbara.Mula sadurunge aku matur sing neka-neka, aku kepengin luwih dhisik nyuwun pirsa marang Ki Tanparupa, ing ngendi dununge Ki Cahyangumbara. Olehku arep wani matur mangkono mau jalaran Ki Cahyangumbara tau kandha yen dheweke kuwi isih siswane Ki Tanparupa.

            “Nyuwun pangapunten Ki Tanparupa” aku matur ngati-ati murih ora gawe gelane Ki Tanparupa “kula sakalangkung pitados bilih sadaya kawontenan ingkang wonten ing salumahing bumi sakureping akasa menika, jengandika Kyai tartamtu sampun nguningani. Kalebet ingkang sakalangkung winados jengandika boten badhe kalepyan, inggih ingkang sampun kelahir menapa dene ingkang taksih kineker ing salebeting manah kula, ugi ingkang sampun dumados miwah ingkang badhe kedadosan, jengandika tamtu ugi sampun uninga. Inggih awit saking menika, saestu kula suwun Jengandika Rama Kyai keparing pitedah saha kalidamar dhateng kula gegayutan kalihan sedya kula wiwit bidhal saking nagari Setambul kala samanten”.

            “Dhuh Gusti paringa pangapura” sadurunge paring wangsulan, luwih dhisik Ki Tanparupa nyebut asmaning Gusti, lagi banjur ngendika alon “ndika aja kleru Nini, aku iki mung titah wantah, ora duwe kaluwihan apa-apa lan uga ora ngerti apa-apa kajaba sing wis tak weruhi liwat panyawang, pangrungu sarta pangrasaku. Kuwi wae ya sok asring ora bener, sing tak kira miturut asiling panyawangku bener sok jebul keliru, awit beda karo kanyatan sing sabenere. Kaya upamane sing miturut pangrunguku tak sengguh suwarane waranggana kaswargan jebule suwara rengeng-rengenge Kanjeng Bagindha Ijo. Sing kagungan kaya sing ndika kira tak duweni mau tak kira ya mung titahing Gusti kang kinacek wae, dene kaweruhku durung mantra-mantra bisa nyaketi titah kang kinacek mau. Sanadyan ta mangkono, yen Nini Dewi Kusali ngersakne mundhut marang aku, coba dingendikakne wae, mbok menawa aku bisa atur wangsulan sing bisa nocogi kersa ndika”.

            Jebul Ki Tanparupa malah ngalingi yen duwe kawaskithan pininjul, malah kepara milih ora mamerake kaluwihane sarta mung ngaku yen ora luwih saka titah-titah lumrah liyane. Ewa samono, Ki Tanparupa ngeparengake aku supaya ngaturake apa sing tak karepne.

            “Waleh-waleh menapa Rama Kyai” wekasan aku banjur blaka “badhe kula tutupana ingkang kados menapa inggih tanpa gina, estunipun ingkang nyurung lampah kula saking nagari Setambul dumugi ing tanah Jawi menika jalaran kula madosi Kakang Mas Ki Cahyangumbara ingkang badhe kula suwitani dadosa sisihan kula. Samangke kula suwun dhumateng jengandika Rama Kyai kersaa paring pitedah ing pundi menggah dunungipun Kakang Mas Cahyangumbara?”.

            Krasa lega rasane atiku sawise ngucapake tembung panyuwunan marang Ki Tanparupa sing mangkono kuwi mau. Nanging Ki Tanparupa ora tumuli paring wangsulan malah karo mesem panjenengane noleh marang Sang Hyang Ijo. Sang Hyang Wilis uga nimbangi mesem banjur manthuk lan ngobahne kethekane, wangsulan tanpa mawa suwara apa-apa.

            “Mengko dhisik Nini Dewi Kusali” karo mesem Ki Tanparupa ngendika “Nini Dewi Kusali dhawuh yen arep suwita marang Ki Cahyangumbara bisaa dadi sisihane, kuwi ateges Nini Dewi ngersakne jejodhowan karo Ki Cahyangumbara. Kamangka sing arane wong arep jejodhowan kuwi kudu disarujuki jodho siji lan sijine, ora bakal kelakon lamun mung keplok tangan sasisih. Yen saka Nini Dewi Kusali cetha yen kersa dadi jatukramane Ki Cahyangumbara, lha apa Nini Dewi Kusali uga wis pirsa mungguh isen-isening atine Ki Cahyangumbara ing babagan jejodhowan iki?”.

            “Nyuwun pangapunten Rama Kyai” kapeksa aku kudu blaka maneh “bares kemawon kula dereng mangertos menggah raosing manahipun Kakang Mas Cahyangumbara, nanging kula pitados kanthi pangestunipun Rama Kyai, gegayuhan kula murih saged ngladosi Kakang Mas Cahyangumbara saestu badhe kasembadan”.

            “Kajaba saka kuwi” Ki Tanparupa ngendika maneh “sajroning kapitayan sing dirasuk dening Ki Cahyangumbara, ana pranatan ya kuwi lamun jejodhowan jodho sing dipilih kudu nduweni kapitayan sing padha. Tak kira mokal Ki Cahyangumbara gelem nglecek agama sing wis dirasuk lan salin agama sing padha karo kapitayan sing ndika ugemi”.

            “Dede Kakang Mas Ciptangumbara ingkang kedah santun agami Rama Kyai” wangsulanku tatag “nanging kula ingkang badhe ndherek kapitayan ingkang dipun agem dening Kakang Mas Cahyangumbara”.

            “Nini Dewi Kusali kudu ngerti” Ki Tanparupa katon karo ngangkat imbane olehe ngendika “sing jenenge kapitayan kuwi dudu barang dolanan, bisa dicopot lan dienggo sakarepe dhewe. Awit sing jenenge Agama sing embane Ageman, kuwi pangagem lahir trusing batin, puluha lahire ngucap lan ngaku ngrasuk sawijining agama utawa kapitayan, manawa olehe nglahirake ora tumus tumekaning batin, kuwi padha wae karo ngrusak agama utawa kapitayane dhewe. Semono uga nalika wong ngaku wis ngrasuk agama utawa kapitayan tinamtu, lakuning uripe kudu jumbuh karo piwulanging agama lan kapitayan kang rinasuk. Wiwit jagad wetan nganti jagad kulon, sakehing agama lan kapitayan kuwi mulangake mamayu hayuning bawana lire ora kena gawe rusaking jagad titipan saka Kang Maha Kawasa iki, ora kena gawe kapitunane sapa wae, dadi sanadyan ngaku jarene wis ngrasuk agama utawa kapitayan tinamtu lamun lakuning uripe isih dhemen ngremehake liyan, gawe kapitunaning sasama, mbubrahi jagad sing wis tumata, kuwi padha wae wong sing ngapusi awake dhewe. Yen ndika ngersakne ngrasuk agama kaya sing dirasuk Ki Cahyangumbara sing padha karo agama kang tak rasuk, mung jalaran saka kepengine ndika bisa urip jejodhowan karo Ki Cahyangumbara, kuwi padha wae anggon ndika ngrasuk agama mung dedolanan, sawayah-wayah rasa sengsem ndika marang Ki Cahyangumbara entek, kanthi gampang ndika ngipatake kapitayan ndika lan ngalih marang kapitayan liyane. Apa ora mangkono Nini Dewi Kusali?”.

            “Dhuh Rama Kyai” aku matur kanthi tulusing ati “samendhang datan wonten ingkang karempit, sadaya ingkang jengandika dhawuhaken menika tuhu sedaya leres.  Nanging mugi kauningan Rama Kyai, kula mbedhal lolos saking Setambul tanpa pamitan dhateng Kanjeng Ibu tuwin Kanjeng Rama wiwitanipun mila inggih awit nuruti raosing branta ingkang ngranuhi manah kula. Nalika samanten kula sampun prasetya salebeting manah, sanadyan mawi pangurbanan menapa kemawon badhe kula tempuh sauger saged katampi pasuwitan kula dhateng Kakang Mas Cahyangumbara. Nanging manawi babagan kapitayan, saderengipun kula matur ingkang sesambetan kalihan Kakang Mas Cahyangumbara kala wau, estunipun manah kula sampun kepencut kepengin ngrasuk kapitayan kados ingkang jengandika ugemi menika, labet kula nyarujuki sedaya ingkang Rama Kyai dhawuhaken kala wau. Dados anggen kula badhe nggantos kapitayan kula saking kapitayaning leluhur kula bangsa jim ing Setambul dados ngrasuk kapitayan ingkang dipun rasuk Rama Kyai menika mila mijil saking prenthuling manah ingkang suci. Lan kula ugi prasetya bilih badhe angugemi kapitayan ingkang badhe kula rasuk menika kanthi sawetahipun, lahir trusing batos lan kawujudaken mawi lampah gesang sadinten-dinten. Inggih awit saking menika, dhuh Rama Kyai samenika ugi kula nyuwun supados Rama Kyai kersa anuntuni kula sarta kaparenga paring dhawuh sarat-masrut menapa ingkang kedah kula wujudi murih kula saged ngrasuk kapitayan kados kapitayan jengandika Rama Kyai”.

            “Nini Dewi Kusali” Ki Tanparupa ngendika maneh “sadurunge aku minangkani pamundhut ndika sing keri dhewe iki mau, aku prelu ngandhakne ing ngendi mapane Ki Cahyangumbara lan apa sing ditindakne ing papane kuwi. Ya iku dina iki nganti embuh kapan rampunge, Ki Cahyangumbara lagi ngayahi jejibahan saka Sang Hyang Wilis, ya iku nyampurnakne ngelmune ing telenging Sendhang Mustikaning Warih. Dene Sendhang kasebut wektu iki isih ana ing sajabaning alaming manungsa kang kasatmata iki, uga dudu alaming bangsa jim lan lelembut liyane. Dadi ora saben wong kalebu aku, bisa ngambah alam papane Sendhang Mustikaning Warih wektu iki. Dene minangka tandha lamun Ki Cahyangumbara wis rampung nggone ngayahi jejibahane, ya iku wujude Sendhang Mustikaning Warih sing ngalih papaning bumi kang kasatmata iki. Miturut dedongengan sing tak tampa saka Sang Hyang Wilis, bumi kang bakal kapanggonan Sendhang Mustikaning Warih kuwi prenahe ana sangisore Gunung Mahendra sisih lor, sakulone kali Sumber Lanang”.

            Ki Tanparupa kendel anggone ngendika, mbok menawa paring wektu marang aku kanggo matur, nanging aku durung bisa matur apa-apa. Mung saka rumangsaku, ana rasa aneh sing nggremeti jantungku.  Dadi gelem ora gelem aku banjur nggagas apa sing marakne jantgungku kaya ana sing nggremeti iki. Nanging uga panggah ora ngerti.

            “Ora prelu digagas Nini” Ki Tanparupa ngendika maneh “sing obah-obah sajroning jejantung kuwi ora liya sasmita saka Sang Hyang Wilis sing saiki wis adoh lunga saka kene tanpa aku lan ndika kapan olehe lunga, ya ngono kuwi watak wantune Sang Hyang Wilis sing ora kena digagas babar pisan”.

            Aku lagi ngerti nek Sang Hyang Wilis sing mau lenggah ing sisihe Ki Tanparupa jebul wis ora ana. Sanadyan Ki Tanparupa dhawuh supaya ora digagas, nanging jengkare Sang Hyang Wilis sing tanpa tak ngerteni iki wis gawe gumun lan bingunge atiku.

 

 

Ana candhake

           


SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (78)


78.

            Krungu pangandikane Ki Tanparupa sing kaya mangkono iku, atiku dadi adhem kaya siniram banyu sewindu. Suwarane Ki Tanparupa beda adoh karo suwarane sing mau tak rungokne ya iku nalika grenengan lan nalika rembugan karo Sang Hyang Wilis utawa Sang Hyang Ijo mau. Yen mau suwarane keprungu rada serak, nanging suara ing pangandika sing ditujokne marang aku iki keprungu endah lan kepenak dirungokne kuping.

            “Jengandika babar pisan boten lepat Kyai” wangsulanku sabanjure “malah kula sepisan malih nyuwun pangaksami jebul kula sampun nggodha anggen jengandika nembe manembah dhumateng Gusti,inggih awit saking boten ngertos kula ingkang boten nate sumerep tata caranipun bangsa manungsa manembah dhumateng sesembahanipun”.

            “Satemene tata cara manembah marang Gusti kuwi tumrap bangsa Jim lan Bangsa manungsa kuwi ora pati akeh bedane malah kepara kena diarani padha wae” genti Sang Hyang Wilis sing paring dhawuh marang aku “bedane mung mapan marang agama sing padha dirasuk. Sangertiku nalika aku kober leledhang menyang tlatah negara Ngerum, wis akeh manungsa kang ngrasuk agama sing diwulangake dening Utusaning Allah kang pungkasan yaiku Kanjeng Nabi Muhammad Kang Jumeneng Rasulullah, samono uga tumrape bangsa Jim. Mung sing tak weruhi Narendra Jim sing ngratoni Kraton Setambul kang ora liya ya keng rama ndika, isih kukuh nggondheli kapitayan saka leluhure. Kang mangkono iku jalaran rumangsa yen nduweni drajat sing luwih luhur tinimbang drajate manungsa kang asal-usule saka sari pathining lemah, kamangka asal-usule bangsa Jim cinipta saka saripathining geni. Dadi yen Nini Dewi Kusali panggah ngukuhi panemu yen bangsa Jim luwih luhur drajate tinimbang bangsa manungsa, tak kira luwih prayoga yen ndika tumuli ninggalake Tanah Jawa iki, tinimbang mengkone tan wurunga bakal memungsuhan karo sedulurku Ki Tanparupa lan siswa-siswane”.

            Pangandikane Sang Hyang Ijo sing pungkasan kuwi ndadekne gumeter rasaning dhadhaku. Adoh saka Setambul tekan Tanah Jawa iki jalaran aku kepengin suwita marang Ki Cahyangumbara, sing uga isih siswane Ki Tanparupa. Tekaku mrene iki ora nedya golek mungsuh, iya mungsuh sing wujud bangsa apa wae, nanging malah kepara arep nambah paseduluran, paseduluran karo bangsa apa wae, ora metung kuwi bangsane Jim apa bangsane manungsa. Dene babagan kapitayan kaya sing dikukuhi Kanjeng Rama sing ngugemi kapitayan yen bangsa manungsa luwih asor drajate tinimbang bangsa jim, kuwi tak kira ya ora pati luput jer geni karo lemah kuwi tak kira luwih aji geni. Nanging, bareng kapitayan sing kaya mangkono mau bisa dadi tuking pasulayan antarane manungsa lan jim, aku banjur kepengin mangerteni kepriye mungguh kapitayane wong loro sing sanadyan asale saka bangsa manungsa nanging nyatane kasektene ngungkuli kasektenku sing saka bangsa jim. Yaiku kapitayan endi sing luwih luhur drajate bangsa manungsa apa bangsa jim.

            “Nyuwun pangapunten saderengipun Pukulun” aku wiwit matur “jengandika paring dhawuh makaten menika kala wau cetha menawi geseh kalihan ancas lan sedya kula. Jalaran sagluguting kolang-kaling pinara sewu, anggen kula nilaraken nagari Setambul boten wonten sedya kangge pados mengsah. Nanging jengandika paring dhawuh menawi kula taksih nggegegi kapitayan kados kapitayaning tiyang sepuh kula, boten sande ing tembenipun badhe memengsahan kalihan Rama Ki Tanparupa lan siswa-siswanipun. Menika cethanipun kados pundi? Menapa kula kedah santun kapitayan bilih drajating bangsa jim menika mapan wonten sangandhaping drajatipun manungsa?”.

            Sang Hyang Wilis ora tumuli paring wangsulan, malah karo mesem banjur njawil Ki Tanparupa, wangune aweh sasmita marang kancane kuwi supaya mangsuli sing dadi pitakonku.

            “nDika aja kleru ing panampa Dewi Kusali” tenan, Ki Tanparupa sing banjur ngendika mangsuli pitakonku “aku sakancaku kabeh uga padha, ora niyat arep memungsuhan karo sapa wae, kajaba karo sing sapa ngalang-alangi nggonku manembah marang Allah. Sartane ndika aja kleru ing panyana yen manungsa kaya aku lan Sang Hyang Ijo kuwi nduweni kapitayan lamun drajate manungsa manggon ana ing sadhuwure bangsa jim. Kapitayanku ora rumangsa luwih luhur trinimbang drajate sapa wae, sanadyan asal usule manungsa sing wiwitane saka sari pathining lemah kuwi uga ngemu anasir telu liyane ya iku anasir bumi, anasir geni, anasir banyu lan anasir angin, nanging ora kudu ditegesi yen drajate manungsa kuwi luwih luhur tinimbang liyane. Jalaran asor luhuring drajat kuwi ora manggon ana asal lan usule, ora manggon ing kasekten lan kapinterane, uga ora ana ing endhek lan dhuwuring tataran pangkat ing kaprajan. Nanging dhuwur lan asoring drajat kuwi dumunung ana lakuning titah anggone mlaku manembah marang Allah Dzat Kang Nitahake samubarang kang ana. Endi sing luwih akeh anggone angestu, percaya, manut lan miturut marang wewarahe Gusti ya kuwi sing unggul drajate. Ana kalane bangsa jim sing tekun nggone manembah marang Gusti temah dadi luhur drjate akeh bangsa manungsa kang mapan ing sangisore, nanging ya akeh saka bangsane manungsa sing uga banget angestu lan tansah manut miturut apa sing dadi dhawuhe Gusti temah kaparingan drajat sing kaliwat luhur”.

            “Inggih Kyai” aku sumela atur “menawi kula manah menapa ingkang kadhawuhaken Kyai menika langkung jumbuh kalihan lampahing nalar. Menawi kaparengaken kula badhe nyuwun pirsa malih Kyai”.

            “Sokur bage sekethi jumurung yen ndika bisa nampa apa sing tak kandhakne ngenani luhur asoring drajat iki mau” wangsulane Kyai Tanparupa sing banjur ditututi karo pamundhut pirsa “ndika ngersakne pitakon bab apa maneh?”.

            “Inggih Kyai” wangsulanku banjur nutugne ngaturake pitakonan “ing jagadipun bangsa jim ing Setambul, sedaya ngekahi bilih drajatipun jim menika langkung inggil tinimbang manungsa, samangke kula piyambak boten sreg malih kalihan pamanggih ingkang makaten menika, ingkang kula gumuni, sinten ingkang miwiti mucalaken kapitayan ingkang saestunipun boten jumbuh kalihan nalar menika Kyai? Kenging menapa kapitayan ingkang makaten kala wau ngantos pinten-pinten atus tahun panggah boten santun?”.

            Ki Tanparupa mesem rada amba, banjur paring wangsulan :

            “Jenenge kapitayan ngono mula angel diowahi Nini, awit wis kadhung mbalung-sungsum ing jeroning atine sing ndarbeni kapitayan kang mangkono kuwi mau. Lan maneh, mula wiwit jaman anyar-anyarane Gusti nitahake manungsa, ana sawenehing bangsa jim sing nduweni kapinteran sing onjo tinimbang titah liyane, nduweni kasekten lan kadigdayan sing uga arang sing bisa mapaki, malah anggone manembah marang Gusti uga kaliwat tekune, dadi ya barang ora mokal titah sing saka bangsa Jim kuwi banjur kinasihan ing Pangeran kajen lan kineringan dening sapepadhaning titah. Cekak cukupe, titah saka bangsa jim kuwi temen-temen kagadhuhan drajat sing luhur. Nanging eman, drajat sing luhur kuwi ora lana. Nalika Gusti ndhawuhake marang sakehing titah saka bangsa Malaikat lan liyane supaya atur pakurmatan marang salah sijining titah kang asale saka bangsa manungsa kang aran Adam, sanggyaning Malaikat padha nyendikani lan nindakne dhawuhing Gusti. Mung Iblis titah sing saka bangsa jim sing mbangkang dhawuhe Gusti, ora gelem atur pakurmatan marang Adam. Dene sing dadi pawadan Iblis rumangsa nduweni drajat luwih mulya tinimbang Adam sing bebakale mung saka lemah, kamangka Iblis kang saka bangsa jim kuwi bebakalane saka sari pathining geni. Iblis babar pisan ora gelem ngrumangsani yen drajate titah kuwi padha, lire padha-padha dititahake dening Gusti. Sanadyan panemune Iblis kuwi dening Gusti ora dikeparengake, parandene Iblis mbeguguk makutha waton, mbondhan datanpa ratu, malah Iblis wani nantang marang Gusti ora wedi marang pidana kang bakal ditampa. Ya wiwit kuwi Iblis banjur mulangake marang anak turune uga marang kanca-kancane padha-padha bangsa jim supaya padha wani marang Gusti lan supaya padha nduweni panganggep yen drajating bangsa jim kuwi luwih luhur tinimbang drajate bangsa manungsa kanthi wewaton asal-usul lan bebakalne sakawit. Akeh bangsa jim sing padha nggugu marang piwulange Iblis nanging uga ana sing ora percaya lan milih dadi titahing Gusti sing manut marang piwulange Gusti. Ora mung tekan samono nggone Iblis wani marang Allah, dheweke uga marentahne marang kanca-kancane sing padha manut supaya ngajak-ajak bangsa manungsa supaya padha wani marang Allah lan gelema niru lekase Iblis. Mula ing dina saiki aran ora aneh yen ana padha-padha manungsane nanging rumangsa nduweni drajat sing luwih luhur tinimbang manungsa liyane kanthi wewaton asal-usule banjur ngremehake manungsa liyane. Ana sing rumangsa luwih luhur drajate jalaran trahing kusuma rembesing madu turase wong andana warih. Ana maneh sing saweneh rumangsa luwih mulya tinimbang liyane mung sabab tedhak turune para auliyak utawa para ngulama sing gentur tirakate”.

            Sansaya mundhak padhang rasaning atiku krungu pituture Ki Tanparupa kang mangkono mau. Ing wasana tuwuh rasa kepenginku bisa nglakoni urip kanthi salin kapitayan, ninggal kapitayane wong tuwa lan leluhurku sing ana negara Setambul lan ganti kapitayan kaya kapitayane Ki Tanparupa.

 

 

Ana candhake

 

Senin, 14 Agustus 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (77)

 


77.

            Kanthi alon lan sansaya nyaket aku nyawang wong kuwi karo guneman :

            “Heh Kisanak, aku arep takon marang ndika, tulung wangsulana sing sabenere”

            Wong kuwi babar pisan ora nggape marang tekaku lan ora mangsuli pitakonku, panggah wae olehe umak-umik omong dhewe sing ora keprungu suwarane. Aku banjur nutugne olehku guneman “papan kene iki jenenge apa? Lan menawa karo Tanah Jawa isih adoh apa wis caket?”.

            Kaya mau wong kuwi panggah ora semaur. Kamangka olehku takon nganggo tembung sing alus, dadi kudune ora gawe gelane wong sing tak takoni kuwi. Kajaba saka kuwi anggonku takon uga tak rangkepi nganggo tenagane hawa murni sing bisa rumesep marang jantunge wong mau, dadi saupama wong kuwi mesthi ngerti nek tak takoni. Nanging sajake wong kuwi pancen nggregetake, tekaku ing sandhinge babar pisan ora dianggep lan ora diuwongake. Pancen bener panganggepku ing wiwitan mau, wong iki cetha nek ora waras nalare. Mula tinimbang aku muring marang wong sing ora waras sing tanpa ana gunane, luwih becik tak tinggal wae. Aku arep mlaku ngadohi wong kuwi, ngalih ing papan liya mbok menawa kepethuk manungsa sing bisa tak takoni.

            Aku milih mlaku ndharat nasaki gegrumbulan, awit bares wae aku uga kepencut karo endahing sesawangan ing papan kuwi sarta kasengsem karo hawa sing saka rumangsaku nggawa ganda arum sing bisa muwuhi segering awakku. Dumadakan lamat-lamat aku keprungu suwarane manungsa, iya suwarane manungsa sing lagi tetembangan, ura-ura. Suwarane empuk, kepenak dirungokne. Aku mandheg nilingne suwara sing sajake saka papan sing ora pati adoh karo papanku. Nanging aku dadi rada bingung, aku ora weruh papane wong sing ura-ura kuwi ana sisih ngendi?. Kala-kala keprungu saka sisih wetan, nanging ora suwe malih dadi saka sisih kulon, saka sisih lor lan sisih kidul. Aku banjur mapan lungguh ing dhuwure watu sing gedhe, ngecakne aji Sapta Pangrunguku kanggo ngaweruhi saka ngendi sumbere suwarane wong ura-ura kuwi saka sisih ngendi. Nanging sepisan maneh aku rumangsa judheg, suwara kuwi sansaya ora cetha saka sisih ngendi asale, aji Sapta Pangrunguku babar pisan ora kuwawa ngaweruhi.  Mung suwara ura-ura kuwi sansaya cetha yen dirungokne :

Yen mung waton lelandhesan pikir,

Tangeh lamun yen bisa weruha,

Luwih-luwih yen ngendelne,

Dumeh wis bisa nggadhuh,

Kadigdayan kang mung sathithik,

Rumangsa yen wis bisa

Kuwasa sadarum

Ngengina padhaning titah

Temah yen kapengkok pancabaya dadi

Sengsara tanpa guna.

            Uran-uran Dhandhanggula iki kaya-kaya wis melehake marang aku. Awit pancen sasuwene urip iki kabeh tetimbanganku mung nganggo lakuning pikir linandhesan kadibyan sing wis tak duweni. Pancen aku ya kerep rumangsa ora ana titah sing bisa mapaki kasektenku, mula kerep wae aku duwe panemu yen mung panemuku sing bener dhewe. Kekarepanku kudu kaleksanan, awit nyatane wong-wong sakiwa tengenku padha bodho kabeh, mula yen kepengin isih tak anggep ya kudu manut apa sing dadi karepku. Nanging nyatane, bareng aku mudhun ing Pulo sing wis mencutake atiku iki, aku prasasat tanpa ana regane. Aku dadi bodho. Nggoleki asale suwara kuwi wae aku ora bisa, aji Sapta Pangrungu, Sapta Pandulu, Sapta Pangganda kabeh tanpa ana gunane.

            “Heh…heh….heh……..aku ana kene!” dumadakan aku krungu suwarane wong ngguyu banjur ngandhakne papane. Cedhak banget. Aku ndhangak, jebul ing salah sijine pang wit gedhe, wong ora waras sing mau tak takoni ora semaur,katon lunggih ngethengkrang neng dhuwur pang.

            “nDika………..?” aku kaget kaworan gumun, arep guneman apa, malih dadi bingung dhewe.

            “He he he…….” Wong kuwi banjur kanthi gampang mencolot saka pang sing dilungguhi, nglayang mudhun menyang lemah tanpa nganggo suwara apa-apa, kajaba guyune sing nggregetake.

            “Aneh……” wong kuwi guneman maneh sawise mapan lungguh neng oyoting wit sing mau dipeneki. Aku mung meneng, karo ora kedhep nggonku maspadakne wong kuwi. Aku ngrumangsani yen wis luput, merga ndakwa yen wong kuwi wong ora waras. Kepengin rasaning atiku arep njaluk pangapura nanging durung kawetu.

            “Lumrahe nek wong takon kuwi rak ya mbutuhne wangsulan” kandhane wong kuwi maneh kaya ditujokne marang awake dhewe “nanging iki ora, malah ndakwa sing ditakoni sing ora-ora karo ngalih, jebule malah genti kepengin nglaras dhandhanggulane wong sing seneng nyemoni”.

            Aku arep mangap aweh wangsulan marang wong tuwa sing aneh kuwi, nanging sadurunge kawetu tembungku, kedhisikan karo suwarane wong sing mangsuli olehe grenengan wong aneh kuwi.

            “Aku ora nyemoni sapa-sapa Kyai” ora tak ngerteni pinangkane ing sisihe wong aneh kuwi wis ana wong sing nganggo sandhangan sarwa ijo sing lungguh karo plengah-plengeh eseme. Mesthi wae, aku dadi sansaya bingung lan gumun ngadhepi kahanan ing Pulo sing aneh iki.

            “Aku wis mbadhe, wangsulan ndika mesthi ngono kuwi Kanjeng” wong aneh sing sandhangane sarwa putih kuwi genti wangsulan “aku ya ora arep nutugne nggonku grenengan, merga mesthi bakal ndika pancasi lan sing cetha aku wegah bantah karo wong sing cetha ora bisa tak unggahi rembuge”.

            “He he he…..” wong sing nganggo sarwo ijo ngguyu banjur guneman maneh “lha nek ngono genti aku sing arep guneman, ndika pancasi ya mangga ndika gugu ya ora apa-apa”.

            Krungu olehe padha rembugan wong loro kuwi, aku sansaya rumamngsa nek ora ngerti apa-apa. Merga wong loro kuwi sing dirembug krasa yen aneh lan lucu, nanging cetha nek dudu rembug geguyonan. Iki aweh tandha yen satemene wong loro kuwi wong-wong sekti sing jembar banget kaweruh agal lan aluse. Aku pilih meneng karo nyemak wae.

            “Lha nek mung butuh arep guneman wae lho, kok ndadak nembung barang?” wong sing jubahe putih aweh wangsulan marang kancane “mbok ya ndang guneman, perkara aku gelem ngrungokne utawa ora kuwi rak perkara seje, sing cetha aku ora arep mancasi merga aku ngerti sanadyan mbok menawa olehku ngerti isih mbesuk utawa mengko, apa sing ndika dhawuhne mesthi benere”.

            Wong loro banjur ngguyu bareng. Aku sing ora mudheng karo sing dirembug mung bisa melu mesem, ora ngesemi tembuge nanging mesem merga weruh lucune wong loro kuwi.

            “Ya ta yen pancen mangkono” wong sing jubahe ijo kuwi banjur guneman alon “satemene ndika kuwi duwe karep sing kepiye? Ngarep-arep tak elingne apa pancen lagi lali nek ndika kuwi satemene ngono klebu wong sing angestu marang Gusti lan dina kang pungkasan ?”.

            “Oalah kuwi ta?” wangsulane sing jubah putih karo mesem amba “kuwi mau jalaran aku isih repot, mosok lagi rembugan karo Gusti arep tak tinggal mangsuli pitakone padha-padha kawulane?. Iki mau jan-jane ya wis arepaweh wangsulan, kedadak ndika rawuh mrene, ya mesisan gawe ndika wae ngandhakne, wong kuwajibanku karo kuwajiban ndika kuwi ya padha, padha-padha dhapuk sing diampiri”.

            “Wis ora ana wong lecet sing ngungkuli ndika iki Kyai……” sing klambine ijo ngguyu nyekikik.

            Aku blas ora mudheng karo sing dirembug wong loro kuwi, merga saka rumangsaku babar pisan ora nyambung siji lan sijine.

            “Ya luwih dhisik ditepungne ya Nini” dumadakan wong sing sandhangane sarwa ijo kuwi ngajak guneman aku, ketitik olehe guneman karo nyawang aku “jenengku Ijo, wong-wong bangsa manungsa yen ngarani aku Sang Hyang Wilis lan sing neng sisihku iki sedulur sinarawediku, jenenge Ki Tanparupa. Aku wong loro iki bangsa manungsa. Kaping pindhone aku njaluk ngapura awit rada randhat nggonku mbagekne ndika sing jejer minangka tamu ing papan kene sarta ndika ya aja kaget yen aku wong sakloron ora ngaturi ndika Kusuma Dewi, utawa Gusti Putri marang ndika Dewi Kusali sing satemene isih sekar kedhaton negara Setambul”.

            Krungu jeneng Ki Tanparupa, aku banjur kelingan apa sing dikandhakne Ki Cahyangumbara nalika samana, ya iku Ki Tanparupa kuwi Gurune Ki Cahyangumbara dhewe. Mula ora sranta aku banjur mlorot saka watu sing tak lungguhi, laku dhodhok banjur ndheprok ing ngarsane Ki Tanparupa lan Sang Hyang Ijo.

            “Lepat nyuwun gunging sih pangaksami Pukulun” karo nyembah aku atur wangsulan rupa nyuwun pangaksama “inggih labet saking cubluking nalar kula saha cupeting seserepan kula, temah kula boten nyana babar pisan bilih jengandika kekalih Sang Hyang Wilis tuwin Ki Tanparupa. Mugi jengandika kekalih kaparenga nampi atur sembah saha pangabekti saking kula pun Kusali Pukulun”.

            “Aja kaduk ati bela panampa Nini” genti Ki Tanparupa sing paring wangsulan marang aku “babar pisan ndika ora luput, dadi ya ora prelu njaluk pangapura. Malah aku sing mbok menawa kleru, ora tumuli aweh wangsulan nalikane Nini Dewi Kusali temah Nini Kusali banjur ninggalne papanku mau, sumurupa Nini ora jalaran aku ngremehake jejering wong sing ngajak guneman nalika aku mau ora semaur, nanging jalaran aku lagi lungguh takhiyat jroning manembah marang Gusti, sing ngalang-alangi aku aweh wangsulan marang ndika. Dene ndika ngaturake pangabekti marang aku, uga wis tak tampa ora liwat tiba sapadha-padha”.

 

 

Ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (76)

76.

            Kaya wong kena gendam, aku kamitenggengen ndomblong. Nganti lali apa sing kudu tak tindakne, sing cetha atiku krasa kelangan merga musnane Ki Cahyangumbara saka panduluku iki mau. Aji panyawangku wis tak cakne kanggo bisa nyawang barang sing ketutupan apa wae, nanging meksa Ki Cahyangumbara ora bisa katon. Aji pangrungu uga banjur tak cakne, kanggo ngrungokne swara obahe titah sing tak goleki, ewa samono panggah ora bisa krungu obahe Ki Cahyangumbara. Aku legeg, susah kaworan bingung. Wekasan aku mung bisa njegreg ora obah ora mosik, kaya reca sing ora bisa apa-apa. Kabeh-kabeh dadi lali. Aku lagi gragapan bareng Wa Patih Patih Tambak Segara marani papanku karo atur sembah :

            “Kula ingkang sowan Gusti…….”.

            “Inggih, inggih Wa Patih” wangsulanku karo nata lungguhku ngadhep Wa Patih sing nglesot neng lemah “kados pundi Wa?”.

            “Pun Uwa nyadhong dhawuh Gusti” wangsulane Wa Patih Tambak Segara “lan nyuwun pangapunten, Prabu Sunaratapa ingkang sampun tanpa daya menika paripaksa taksih kula banda mawi janget kinatelon, awit pun uwa samar menawi mangke sampun pulih kekiyatanipun saged mbebayani”.

            “Inggih Wa” wangsulanku “menika tuhu langkung prayogi, awakipun piyambak mila kedah tansah ngati-ati, sampun ngantos nilar prayitnaning batin”.

            Karo wangsulan ngono kuwi, batinku ngguyu marang awakku dhewe, jalaran lagi wae aku wis tumindak sembrana temah lali ing purwa duksina. Kanggo nutupi rasaning atiku sing isih krasa kaya wong kelangan, aku banjur aweh prentah marang Wa Patih murih nglebokne para prajurit Gunungireng sing padha dadi bandan menyang pakunjaran. Kajaba saka kuwi, Wa Patih uga tak dhawuhi supaya matah Tumenggung Pancalpanggung supaya kanggo sawantara wektu keri ana ing Gunungireng kene, nindakne lakuning tata parentah, nggenteni jejibahane Prabu Sunaratapa.

            “Salajengipun seprapating wadya saking Setambul prayogi katilar ing mriki Wa” kandhaku sabanjure marang Wa Patih Tambaksegara “kangge mikayati anggenipun Tumenggung Pancalpanggung nindakaken kuwajiban, dene sisanipun manga kadhawuhan ndherek wangsul dhateng Setambul. Prabu Sunaratapa kainggahna ing kreta lan sampoun ngantos dipun luwari bebandanipun ngantos dumugi ing ngarsane Kanjeng Rama ing Setambul”.

            “Kawula nuwun, sendika ngestokaken dhawuh Ngger” wangsulane Wa Patih sing tumuli budhal nindakne apa sing tak parentahake.

            Kaya ginelak lakune prajurit saka Setambul, jalaran aku selak kepengin ngaturake bandane Ratu Gunungireng sing mbalela kuwi marang kanjeng Rama. Lan sing luwih baku maneh, aku selak kepengin sowan ing ngarsane Kanjeng Ibu. Aku kepengin banget ngaturake nggonku wis kepethuk karo pria sing gawe brantaku lan aku kepengin nyuwun pirsa manawa menyang Tanah Jawa kuwi prayogane laku liwat ngendi?  Tekading atiku aku arep nusul Ki Cahyangumbara sing mau kandha yen arep bali menyang Tanah Jawa.

            “Piye?” Kanjeng Ibu katon yen kejot penggalihe sawuse aku klakon ngaturake apa sing dadi isen-isenane atiku  “kowe arep nggoleki wong lanang sing durung suwe mbok tepungi? Luwih-luwih kuwi bangsa manungsa pisan. Aja mbok terusne niyatmu sing kaya ngono kuwi ya ngger……….”.

            “Boten Ibu” aku ndengengek karo atur wangsulan “sanaosa anggen kula kepanggih kalihan Ki Cahyangumbara kirang sapanginang dangunipun lan mila inggih nembe sepisan menika kula kepanggih, osiking manah kula inggih namung Ki Cahyangumbara menika pria ingkang pantes kula suwitani wiwit ing donya ngantos ing delahan benjang. Antebing manah kula, kula badhe wadat salamining gesang kula, manawi kula boten saged dados sisihanipun Ki Cahyangumbara”.

            “Jabelen ucapmu sing sansaya ngawur kuwi Kusali” Ibu ngendika karo rada mencereng “ngertia,sing lagi wae mbok ucapne kuwi mau kalebu tembung sumpah, sumpah sing ora genah. Kuwi gedhe walate ya Ngger, yen kongsi Ramamu pirsa bab iki, tan wurunga kowe bakal didukani. Jalaran dina iki kowe wis kena diarani wani nantang kasusilan munggahe nerjang marang pranataning urip”.

            “Kula boten rumaos wantun nerjang paugeraning nagari Setambul mriki Ibu” kanthi tatag aku mangsuli ngendikane Kanjeng Ibu.

            “Pancen angger-anggering nagara lan paugeraning praja Setambul ora nyebutake, nanging kowe kudu ngerti aran nerjang susila yen ana wanita nekad nguber katresnane pria. Luwih-luwih pria sing mbok alab katresnane kuwi bangsane Manungsa. Ngertia wis mayuta-yuta tahun suwene wong tuwamu lan para leluhurmu ngugemi piwulang sing ngandhakne yen manungsa lan bangsane awake dhewe kuwi beda, drajate manungsa kuwi adoh manggon ing ngisor drajate bangsa Jim, jalaran asal mulane manungsa kuwi dumadi saka lebu, beda karo asal-usule bangsane dhewe kang cinipta saka sari pathining latu. Cekake Ibu ora marengake lamun kowe nedya ngupadi wong lanang sing jeneng Cahyangumbara kuwi”.

            Isih akeh maneh olehe ngendikan Kanjeng Ibu sing wosing rembug ora marengake aku kayungyun marang Ki Cahyangumbara. Suwe-suwe aku ora bisa ngempet rasa sabarku. Tanpa matur pamitan marang Kanjeng Rama apa dene Kanjeng Ibu, aku lolos ninggalne Setambul. Aku kepengin menyang Tanah Jawa, papane Ki Cahyangumbara sing wis gawe brantaning atiku.

            Rada sawantara suwene aku nguping pawarta ngendi ancer-ancere Tanah Jawa kuwi yen saka Negara Setambul. Jebul ing pasrawungane bangsa Jim wiwit Jim sing drajating kawula nganti drajate para ningrat lan para pandhita padha ora ana sing bisa nuduhne ancer-ancere Tanah Jawa. Mula aku banjur namur laku, manjing ing alaming manungsa. Jebul ing alaming para manungsa aku oleh pituduh ngenani bumi sing sinebut Tanah Jawa kuwi. Saka sawijining warung aku krungu ana wong rembugan karo kancane yen jaman biyen mbuh pirang atus tahun kepungkur tau kedadean Sultan Ngerum kene ngirimake wong-wong supaya gelem ngiseni Pulo Jawa sing isih suwung durung ana manungsane. Krungu crita mangkono mau aku banjur duwe pangira yen Ki Cahyangumbara kuwi kira-kira wae isih turune wong saka negara Ngerum kene. Mula anggonku ngrungokne anggone wong sing lagi jagongan kuwi sansaya tak tenani.

            “Lha nek saka Setambul Tanah Jawa kuwi ancer-ancere mengetan apa mangidul apa mengalor Kang?" wong sing diajak crita kancane kuwi takon. Lan pitakon kaya ngono kuwi sing tak enteni wangsulane.

            “Lha nek kuwi aku dhewe ya ora pati mudheng Dhi” wangsulane sing ditakoni “mung jarene mBah-mbah biyen, Tanah Jawa kuwi ancer-ancere saka kene mangidul semu mengetan,adohe prasasat tanpa wangenan. Ngliwati atusan segara uga ewon gunung, cekake adoh banget lan dalan mrana kuwi ngrekasa banget, mung unusaning wong sing wani lan bisa tekan tanah Jawa sing kondhang nggembol wewadining jagad kuwi”.

            Krasa seneng rasaning atiku krungu wangsulan kaya mangkono kuwi. Sanadyan ta mung ancer-ancer sing durung cetha, nanging isih bisa dikira-kira. Aku banjur nutugne laku ngambah alaming bangsaku dhewe, napak gegana amor ima-ima, nggeblas menyang arah kidul wetan. Embuh wis pirang negara sing tak liwati, saben-saben aku mudhun menyang lumahing bumi manjing jagading manungsa golek warta, ing ngendi dununge Tanah Jawa. Sajroning nindakne lelaku kuwi, aku wis ngambah lan leren sedhela ing Tanah Ngarab, Tanah Indhu, Tanah Cempa lan isih akeh maneh liyane. Nganti sawijining wektu, saka gegana aku weruh Pulo sing katon ijo royo-royo, saka pulo kuwi ngunggahne hawa sing aneh sing kaya-kaya bisa nambahi kekuwatan tumrap sing padha ngisep hawa kuwi. Aku banjur ngleyang mudhun, arep ngambah pulo cilik sing ngetokne hawa aneh sing becik kuwi. Aku kepengin ngerti, kono kuwi Pulo apa lan apa isih adoh yen karo papane Tanah Jawa.

            Nalika sikilku tumapak ing bumi lan manjing ing alaming manungsa, ya iku saupama ana manungsa sing ana sandhingku mesthi bisa weruh wewujudanku sing ora beda karo wujude manungsa, aku weruh ana wong sing nganggo sandhangan sarwa putih. Ora beda karo busana sing diagem dening Ki Cahyangumbara nalika kepethuk aku jaman semana. Atiku sakala nggragap, ngira lamun aku wis bisa kepethuk karo sing tak goleki sasuwene iki. Ora sranta wong sing nganggo sandhangan sarwa putih sing manggone rada adoh lan ngungkurake aku kuwi tak cedhaki. Nanging bareng wis cedhak, aku malih dadi cuwa. Sing maune tak kira yen kuwi Ki Cahyangumbara jebul dudu. Mung sandhangane wae sing rupane padha, nek menungsane adoh karo Ki Cahyangumbara. Kajaba rupane sing ora pakra, wonge ya wis tuwa, jenggot lan brengose sing katon awut-awutan wis putih kabeh. Wong kuwi lungguh timpuh madhep mangulon, lambene umak-umik kaya lagi omong dhewe nanging ora keprungu suwarane. Mripate manther nyawang drijine sing panudinge nuding mengarep sauntara driji jempolan lan driji panunggule gathuk padha pucuk kaya nggawe bunderan. Aku ngira wong iki cetha nek wong sing owah pikire, ketitik omong dhewe karo nuding barang sing ora cetha endi sing dituding.

            Nanging gandheng aku wis kadhung nyedhak, kalah cacak menang cacak aku arep nyoba takon marang wong kuwi.

 

 

Ana candhake 

 

Minggu, 13 Agustus 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (75)

 

75.

Pedhang Kyai Naga Mripat Siji nuli tak puter sesert kaya kitiran, sakehing mantram sekti peparinge Rama Prabu Kusalatantra uga wis tak watak. Aku wis nekad tinimbang ora bisa ngrangket Prabu Sunaratapa sing mbalela iki luwih becik aku lebur dadi bebantening lelabuhan. Ratu ing Gunungireng kuwi katon uga wis siyaga ing dhiri arep ngadhepi kridhaku nganggo gegaman sekti sing rupa pedhang yasane Sang Hyang Nagabiru Dewa Panguwasa Segara Wetan. Petunganing nalarku, mbok menawa gegaman sing tak gunakne kalah daya karo gegamane Sunaratapa, nanging aku luwih unggul ing kekuwataning lahir lan batinku yen dibandhingne karo Ratu Gunungireng kuwi.Mula sabisa-bisa aku kudu ngendhani aja nganti pedhang Naga Mripatsiji nempuh marang pedhange Sunaratapa. Kosok baline aku kudu bisa nggunakne kebat cukatku supaya bisa nglumpuhne Ratu Gunungireng iki. Nanging jebul ngecakne petungku sing ngono kuwi mau ora gampang, pedhang neng tangane Sunaratapa kaya nduweni nyawa sing tansah bisa ngayomi bendarane saka panggitiking pedhangku. Sansaya suwe sansaya rame, Sunaratapa mung bisa ngendhani karo nangkis seranganku babar pisan ora bisa ganti males nyerang, dadi  manut petunganing nalarku iki mengko suwening suwe Sunaratapa bakal kentekan tenaga dhewe lan aku senadyan uga kudu nguras kekuwatan, nanging aku percaya yen simpenaning tenagaku isih luwih kandel tinimbang tenagane Sunaratapa.

            Petunganku bener, bareng wis watara limangatus jurus, katon tandange Sunaratapa wiwit katon sansaya kendho. Ewa samono aku ya ora enggal bisa nglumpuhake, jalaran pedhang sing digawe Sunaratapa nyata pedhang pusaka sing sembada aweh pangayoman marang bendarane. Suwe-suwe atiku dadi panas lan entek kesabaranku, aku nedya ngetog kabeh kekuwatanku tak punjerne marang Pedhang Naga Mripatsiji,pedhange Sunaratapa arep tak tempuh wani. Aku banjur mencolot mundur telung dhepa, miwiti ngetog lan nyawijekne tenaga lan hawa murniku.

            “Ha ha ha ha…..” Sunaratapa gumuyu ngakal ngerti aku mencolot mundur dikira aku arep tinggal glanggang colong playu “sampun kesesa Kusuma Dewi, menawi jengandika ngersakaken ngunduri yuda, kula boten badhe ambujung kok. Kula naming saged ndherekaken mawi pandonga mugi rahayuwa ingkang pinanggih ngantos dumugi ing Setambul”.

            Aku wis wegah mangsuli pangucape Sunaratapa sing wis rumangsa menang kuwi, tumuli tak rampungne nggonku nyawijekne kekuwatan. Banjur aku mencolot maju karo namakne pucuking Naga Mripatsiji ngarah marang jejantunge Ratu Gunung ireng kuwi. Sinurung kekuwatan sing kagila-gila, aku wis ora bisa nggambarake kaya ngapa dadine Sunaratapa yen jantunge wis katembus dening pedhang pusaka Kyai Naga Mripatsiji iki. Sunaratapa kaget, tumuli namengi dhadhane nganggo pedhang sing ana tangane. Kuwi wis tak petungne, mula mesthi bakal nuwuhake suwara jumlegur yen kongsi pucuking pedhangku natap pedhange Sunaratapa. Nanging sepira kagetku, sadurunge kedaden pedhangku nyenggol pedhange Sunaratapa, dumadakan ana cahya putih sing tumiyup saka langit ngadeg ing antarane aku karo Sunaratapa. Aku wis ora bisa ngendheg lakuning pedhangku, kapeksa bakal nimbus cahya putih sing tekane dadakan kuwi. Lan tenan, ana suwara jumlegur kaya suwarane bledheg tarung ing mangsa kasanga, aku kontal memburi watara pitung jangkah. Nganti rada sauntara panyawangku dadi peteng, ora bisa weruh apa-apa kajaba rerupan warna ireng. Nanging aku isih eling, aku ora rubuh panggah ngadeg sanadyan kuda-kudaku wis ora jejeg maneh. Nalika panyawangku mbaka sethithik pulih, katon watara sepuluhan dhepa saka papanku katon Sunaratapa ngathang-athang neng lemah sajake lagi semaput. Sauntara cahya putih mau, saiki katon wewujudan sejatine ya iku nom-noman bagus sing nganggo sandhangan sarwa putih. Katon pedhang sing mau dienggo gegaman dening Sunaratapa wis dicekel dening nom-noman bagus kuwi.

            “Nyuwun pangapunten Kusuma Dewi” nom-noman bagus kuwi mlangkah nyedhaki aku karo aweh kurmat, tak sawang katon ngemu wibawa, ndadekne ana rasa geter ing sajroning atiku, rasa geter sing rumangsaku kebak kaendahan sing angel dicritakne nganggo ukara.

            “Sepisan malih kula nyuwun pangapunten dene kula kumawantun angganggu kamardikaning penggalih jengandika Kusuma Dewi Kusali, ingkang nembe paring pidana dhateng siswa kula pun Sunaratapa ingkang sampun tumindak murang tata” aku dadi gragapan bareng nom-noman kuwi guneman maneh sawise tembunge sing sepisanan ora kober tak wangsuli, ketang saka anggonku ngrasakne rasa geter ing atiku.

            “Eee…ing…inggih Kisanak” wangsulanku rada kamisosolen “boten dados menapa, dados jengandika menika Gurunipun Sang Prabu Sunaratapa?” .

            “Kenging kawastanan makaten Kusuma Dewi” wangsulane nom-noman kuwi karo mesem, katon untune sing ricik-ricik amiji timun, anglar bremani rupane,ndadekne atiku sansaya kumesar ora karu-karuwan.

            “Sanaosa Sunaratapa menika sampun murtad sasampunipun nyidra sabet gadhuhan kula,inggih pedhang Cahya Mutiara yasanipun Bathara Nagabiru menika” nom-noman bagus kuwi nutugne nggone aweh wangsulan.

            “Nuwun sewu Kisanak” sawuse aku bisa nguwasani gumronjaling atiku,aku banjur takon “pindha teja lumaksana rawuh jengandika ing papan mriki, lajeng sinten menggah sinambating wewangi? Menawi ta jengandika narendra mijil saking Kadhaton pundi, yen ta Brahmana ing pundi jengandika mangarsama?”.

            “Waleh-waleh menapa Kusuma Dewi” nom-noman kuwi wangsulan nganggo suwarane sing endah ngungkuli suwara sulinge para gandarwa kaswargan “estunipun kula menika bangsa manungsa saking tlatah Tanah Jawi, ingkang sudi mastani kula, kula pun Cahya Ngumbara siswanipun Ki Tanparupa, dene anggen kula kedarang-darang dumugi mriki menika jalaran katimbalan dening Sanakanipun Guru kula inggih Pukulun Bathara Nagabiru ing Segara Wetan, saprelu kaparingan Pusaka Pedhang Kyai Cahya Mutiara. Nalika kula wangsul saking Segarawetan, liwat laladan mriki kepanggih Sunaratapa ingkang nembe nglampahi tapa brata ing tengahing benawi. Dupi sumerep kula, Sunaratapa njugaraken anggenipun tapa, lajeng mrepegi kula ngrerepa nyuwun katampi dadosa murid kula, awit criyosipun Sunaratapa nampi wisik bilih piyambakipun badhe manggih rahayu ing salami-laminipun menawi saged dados siswanipun tiyang ingkang nglangkungi margi caket papanipun tapa. Piyambakipun boten ngaken menawi Ratu ing Gunung Ireng mriki. Malah piyambakipun ugi sagah badhe ndherek kula wangsul dhateng Tanah Jawi mrika”.

            “Ooo,makaten cariyosipun Kisanak Cahyangumbara?” aku nyelani rembug “sasampunipun  Prabu Sunaratapa dados siswa jengandika lajeng kados pundi?”.

            “Jebul anggenipun Sunaratapa meguru dhateng kula menika namung ngapusi” wangsulane Ki Cahyangumbara sing banjur nyritakne lelakon sing dialami karo Sunaratapa “piyambakipun namung melik Sabet Kyai Cahya Mutiara menika. Inggih awit saking melik, kesusu selak muluk barang ingkang melok, wasana ing salah satunggaling dinten, tanpa kula sumerepi toya omben kula dening Sunaratapa dipun lebeti upas lan darubeksi temah ndadosaken kula boten emut menapa-menapa malih. Dening Sunaratapa kula lajeng dipun bucal dhateng benawi, rahayunipun jasad kula dipun panggih dening Bathara Nagabiru, dipun usadani lan dipun criyosi menapa ingkang sampun kalampahan. Sasampunipun sawatawis dinten kula lajeng bidhal malih madosi Sabet ingkang dening Bathara Nagabiru dipun gadhuhaken dhateng kula, temah kula dumugi papan mriki menika”.

            “Samanten culikanipun Prabu Sunaratapa dhateng jengandika Ki Cahyangumbara” sawise Ki Cahyangumbara rampung critane aku genti numpangi rembug “inggih kanthi gegaman pusaka anggenipun nyidra saking jengandika menika Prabu Sunaratapa lajeng gadhah niyat mbalela dhateng tiyang sepuh kula. Awit miturut cariyos ingkang nate kula tampi, sok sintena ingkang nggadhahi Pusaka Sabet Yasanipun Sang Hyang Nagabiru menika badhe kacondhokan kasekten lan kadigdayan ingkang punjulingapapak”.

            “Kula boten nglepataken warta utawi cariyos ingkang jengandika tampi menika Kusuma Dewi” wangsulane Ki Cahyangumbara karo mesem “nanging kula ugi sanget pitados dhateng dhawuh piwucaling Guru kula nenggih Ki Tanparupa ingkang mucalaken bilih sanaosa badhe sekti mandraguna kados menapa kemawon, bebasan kadang dewa akendhit mimang, suprandene boten badhe mimpang menawi tiyang menika kumawantun memengsahan kalihan titah ingkang tansah mlampah ing margi ingkang leres, sanaosa tiyang kala wau boten nggadhuh aji jaya kawijayan menapa-menapa. Guru kula ugi paring piwucal bilih sedaya titahing Gusti ingkang wujud menapa kemawon, boten badhe pisah kalihan supe lan apes. Tiyang pinter saged supe, wong digdaya ugi nggadhahi apes. Awit saking menika, dhawuhipun Ki Tanparupa tuhu klintu menawi wonten tiyang ingkang dhemen ngongasaken kasudiranipun utawi ngremehaken sesamining gesang awit kaanggep kajawi piyambakipun boten wonten tiyang pinter”.

            “Mila leres dhawuhipun Guru jengandika menika Ki Cahyangumbara” wangsulanku lan bares wae atiku sansaya kapincut marang nom-noman bagus bangsa manungsa sing jeneng Cahyabgumbara iki. Mendah kaya apa mulyane atiku yen bisa kawengku dening wong saka Tanah Jawa iki. Angen-angenku sansaya ngambra-ambra tekan ngendi-endi. Nanging……

            “Kusuma Dewi” dumadakan Cahyangumbara guneman maneh “gandheng Sabet Kyai Cahya Mutiara sampun kepanggih, borong anggen jengandika badhe amurba Ratu Gunungireng ingkang mbalela menika, kaparenga kula nyuwun pamit badhe wangsul dhateng Tanah Jawi malih”.

            Ora ngenteni wangsulanku, dumadakan Ki Cahyangumbara wis ilang saka panduluku, lunga menyang ngendi parane aku ora ngerti.

 

Ana candhake

             

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...