Total Tayangan Halaman

Rabu, 30 Agustus 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (94)

94.

          Nampi pitakenan ingkang makaten kala wau, raosing manah kula lajeng dados kados campur adhuk. Liripun, inggih rumaos remen lan kepengin sanget saged nggadhahi Aji ingkang nami Aji Mahesasakecu saha Aji Paluwaja kala wau. Nanging raos boten remen dhateng Raden Gunendra ingkang wongsal-wangsul sajak ngremehaken dhateng tiyang sepuh kula, ugi taksih rapet sumimpen ing salebeting manah kula. Menapa badhe kelampahan kula meguru dhateng tiyang ingkang salebeting manah kula sengiti?. Nanging iba emanipun menawi kula boten purun nampi kasekten saha kasudiran ingkang ing jagad awis-awis saged dipun panggihaken menika?. Ing wekdal menika, kula nggadhahi kapitadosan menawi kula sampun kasembadan nggadhuh Aji Mahesasakecu lan Paluwaja sokur-sokur katambahan Aji sanesipun, Rama Kyai Daka menapa dene Ki Lurah Danara boten wonten menapa-menapanipun tumraping kula.

          “Kok ora tumuli wangsulan, apa sing mbok gagas Pradapa?” Raden Gunendra ngambali pitakenipun “apa kowe isih tidha-tidah karo sing dak kandhakne iki mau? Dudu watake Raden Gunendra dhemen ngumbar rembug kanggo geguyon ing babagan ngilmu lan kanuragan Pradapa!”.

          “Nyuwun pangapunten Raden” wasana kalihan nyembah, kula atur wangsulan. Salebeting manah kula kemutan piwucaling tiyang kina menawi dedalane guna lawan sekti menika kedah andhap asor, wantun ngalah, saha prayitna anyingkiri bapang. Kula nggadhahi dudutan bilih nugrahaning Gusti badhe tumurun dhateng kula lelantaran Raden Gunendra, saha raos serik dhateng Raden Gunendra wiwit kala wau menika saged kula wastani “bapang” ingkang kedah kula singkiri, inggih awit saking menika kanthi kekiyataning manah pengin nggayuh kagunan saha kasekten, kula kedah nyingkiraken raos sengit kula dhateng Raden Gunendra lan kula santuni kanthi raos tresna asih saha pangabekti.

          “Iya. Piye?” Raden Gunendra paring panadangu malih.

          “Kula sampun ngertos dhateng sedaya ingkang Jengandika dhawuhaken, namung kemawon awit saking cubluking manah kula, kula ajrih menawi ngantos klentu anggen kula merdeni dhawuh jengandika kala wau. Sepisan malih kula nyuwun pangaksami” atur kula ngatos-atos sanget.

          “Cekak cukupe, kowe wis gelem yen katurunan Aji Mahesasakecu lan Paluwaja sarta isih akeh Aji Jaya Kawijayan liyane sing tatarane padha karo Aji loro kuwi, saka sing wenang nurunake?” Raden Gunendra nanting kula sepisan malih.

          “Ngaturaken sewu genging panuwun menawi ta Gusti Kula Raden Gunendra kepareng anurunaken Aji Jaya Kawijayan menapa kemawon dhateng pun patik Pradapa” kasurung raos sengsem dhateng ingkang dipun dhawuhaken Raden Gunendra kula atur wangsulan kanthi prasaja.

          “Bagus!” Raden Gunendra mesem karenan “Kajaba saka kuwi Pradapa, mbok menawa pancen wis dadi kodrating jagad yen drajad luhur sing disingidake wong tuwamu bakal katon sumunar maneh liwat kowe. Ngerti ?”.

          “Nyuwun pangapunten Raden” kula atur wangsulan “blaka kewala kula dereng mudheng kalihan ingkang jengandika kersakaken kalihan dhawuh menika”.

          “Perkara ngerti kuwi bisa mbesuk-mbesuk Pradapa” Raden Gunendra paring wangsulan kalihan gumujeng alon “sing cetha, yen wis klakon kowe kagadhuhan Aji Jaya Kawijayan sing tak kandhakne ing ngarep, kowe wis dudu wong liya tumrapku, kowe bakal dadi sedulurku lanang kaprenah nom, jalaran nggonku nurunake Aji Jaya Kawijayan marang kowe mengko amung minangka wewakile Wong Tuwaku Angkat sing asmane lagi bisa mbok weruhi bareng karo nggonmu nampa Aji jaya kawijayan mbesuk lan kowe uga bakal dadi putra angkate wong tuwaku angkat mau, kanthi drajat sing padha karo aku, kanthi mangkono kowe bakal dadi Satriya sing sejati, satriya kang cinaket ing ratu, mbawahi prajurit lan kawula sing maleksa-leksa cacahe, mapan adoh ing sadhuwure Lurah, Demang, Panewu lan liya-liyane, nanging kuwi mbesuk sawise kowe lara lapa sarta urip ngrekasa jalaran kudu taberi nyawijekake Aji Jaya Kawijayan sing bakal mbok tampa marang jiwa ragamu, kanthi laku sing ora entheng. Kowe saguh apa ora Pradapa?”.

          “Tumrap kula Raden, kangge nggayuh guna lawan sekti, lados menapa kemawon awratipun tartamtu badhe kula tempuh kanthi sukaning manah” wangsulan kula sansaya manteb.

          “Ha ha ha ya kuwi sing tak karepake Pradapa. Dadi wis cetha, sabanjure sanadyan mbesuke Danara kaya sing mau tak kandhakne bakal nduweni palungguhan sing bisa mranata para Bebau andhahane Ki Kepuh Agal, nanging kena diupamakne pati uripe Danara bakal manggon ana jerone gegeman tanganmu. Dadi Danara ora bakal bisa tumindak sakarepe dhewe”.

          Raden Gunendra kendel sakedhap lajeng kalihan gentosan mirsani kula, Ki Danara lan Rama Kyai Daka, panjenenganipun  ngendika malih :

“Saiki wis padha ngerti kabeh karo sing dadi kersaku iki ?”   

“Kawula nuwun inggih kula saged mangertos saha kanthi legawa kula aturaken bilih jengandika nyata wicaksana Raden” ingkang atur wangsulan rumiyin piyambak nenggih Rama Kyai Daka “saha kula estu ngaturaken genging panuwun awit Jengandika Gusti sampun kepareng miyak aling-aling kacublukan ingkang nutupi mripat batin kula temah boten sumerep sesotya ing ngajeng kula, nuwun inggih Anakmas Pradapa menika”.

“Nedha nrima banget Kyai” Raden Gunendra paring wangsulan kalihan mesem lega “satemene aku dhewe maune ya ora ngira yen ing Kepuh Agal kene ana sing ndika kandhakne sesotya kuwi mau, lagi sawise budhalku menyang Kepuh Agal kene iki mau diparingi sangu wujud lenga pranalengnala dening Kanjeng Rama ing Patalan, aku banjur bisa weruh sesotya sing dening Kanjeng Rama kadhawuhan nglari kuwi, dadi satemene antarane aku lan ndika kuwi ya ora pati akeh bedane”.

“Inggih Raden” Rama Kyai Daka atur wangsulan lajeng wangsul tumungkul malih.

“Nek kowe kepriye Danara?” Raden Gunendra lajeng ndangu Ki Lurah Danara, utawi Ki Bau Sidamulya.

“Kula ngrumaosi Raden” wangsulanipun Ki Danara alon.

“Ngrumangsani kepriye?” Raden Gunendra mundhut pirsa malih.

“Inggih ngrumaosi bebakalaning balung lan daging kula, ingkang pranyata tebih kalihan bebakalanipun Gus Pradapa, dados kula inggih kanthi manah legawa saged nampi menapa ingkang jengandika dhawuhaken” atur wangsulanipun Ki Danara “kula ugi rumaos bombong dene wiwit Gus Pradapa alit kula sampun dipun tepangi, dados ing benjangipun menawi Gus Pradapa sampun ngagem sebatan Raden lan dados pepundhen saha pangayoman kula, kula sampun mangertos kados pundi murih saged sae anggon kula badhe lelados dhumateng panjenenganipun”.

“Sokur yen pancen mangkono Danara” Raden Gunendra sansaya ketingal rena penggalihipun “samengko marang Kyai Daka, tak jaluk rilaning ati ndika supaya ndika tumuli murungake kersa ndika sing arep aweh kecer marang Pradapa sarta nurunake Aji Bledheg Saleksa marang dheweke”.

“Kawula nuwun ngestokaken dhawuh Raden” wangsulanipun Rama Kyai Daka “estunipun sampun wiwit wau kekajengan kula menika sampun kula wurungaken”.

“Pradapa” Raden Gunendra lajeng amiji kula.

“Kawula wonten dhawuh Raden” wangsulan kula sarwi atur sembah.

“Sajake wis sansaya padhang dalan sing bakal mbok liwati kanggo tumuju marang kamulyaning uripmu, mung kari sajangkah apa rong jangkah wae, lakumu bakal tekan papan sanggar pamujan ing Pasanggrahan Patalan kanggo nampa kanugrahan saka Kanjeng Rama ing Patalan lumantar aku wujud tumuruning Aji Jaya Kawijayan panunggalane Aji Paluwaja lan Mahesasakecu. Mula kowe kudu nyiyagakne jiwa lan ragamu murih ora ndrawasi lamun kacondhokan Aji sing kabeh duwe daya pangaribawa sing ngedab-edabi” Raden Gunendra paring dhawuh dhateng kula.

“Sendika ngestokaken dhawuh Raden” wangsulan kula, kalihan salebeting manah sampun gadhah panginten murih kula miwiti lampah prihatin, ngirang-ngirangi tilem menapa dene nedha. Murih sawanci-wanci kula kagadhuhan aji jaya kawijayan boten kaget.

“Saiki kowe balia” Raden Gunendra nglajengaken anggenipun paring dhawuh “matura kanthi sing sabecik-becike marang Ki Kepuh Agal ya Ki Lurah Sarkara, wong tuwamu kuwi ngenani asil pirembugan antarane aku, kowe, Kyai Daka lan Danara. Sarta matura, telung dina maneh kapetung karo dina iki, aku Raden Gunendra sing biyen putrane Sawargi Kanjeng Rama Raden Tumenggung Dibyaningrat, abdi dalem Kasultanan Pajang, sing saiki ndherek masanggrah ing Pasanggrahan Alas Patalan, arep teka ing Kalurahan saprelu nemoni Ki Kepuh Agal lan njaluk palilah bakal paring kanugrahan marang putrane sing ora liya kowe dhewe”.

“Ngaturaken genging panuwun Raden, samangke kaparenga kula nyuwun pamit badhe wangsul saha matur dhateng Bapa” kula ugi lajeng nyuwun pamit “nyuwun pangestu mugi-mugi atur kula mangke ndadosaken renanipun tiyang sepuh kula”.

Boten mawi tolah-toleh kebat lampah kula, daya-daya enggal dumugi griya lan saged tumunten ngaturaken sadaya prakawis ingkang kula panggihi menika dhateng Bapa. Nanging nembe kemawon kula nglangkungi regol pekarangan kalurahan, manah kula dumadakan kraos boten sekeca. Ing ngajenging pendhapa kathah tiyang jaler estri sami ngadeg kanthi praupan sajak nembe bingung, ngemu kuwatos. Daya-daya kula nyaketi tiyang-tiyang kala wau kepengin mangertos sampun wonten kedadosan menapa.

“Nyuwun pangapunten Gus” saderengipun kula kober taken, Ki Sanja salah satunggaling abdi Kalurahan nyaketi kula kalihan wicanten alon-alon, lathinipun kacaketaken ing kuping kula “Nyai Lurah gerah dadakan, kala wau nalika nembe methiki sekar melathi ing sacaketing regol dumadakan dhawah lajeng kantaka. Samangke nembe dipun upakara dening tiyang-tiyang estri ing jogan dalem wingking”.

Boten sranta kula lajeng setengah mlajeng mlebet griya murugi papanipun Biyung dipun upakara dening tangga-tangga. Tiyang-tiyang ingkang sami ngupengi Biyung sami piyak suka margi dhateng kula. Kula lajeng mapan linggih jengkeng ing sisih keringipun Biyung ingkang gumlethak ing tikar, mustakanipun dipun pangku dening Bapa. Pasuryanipun Biyung ketingal pucet sanget, netranipun merem dipet. Wajanipujn nggeget kados tiyang ingkang nembe ngempet raos sakit.

 

Ana candhake

 

 

 

 

 

 

Selasa, 29 Agustus 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (93)

93.

       Raden Gunendra ketingal boten wonten ewah-ewahan ing praupanipun, benten kalihan Ki Danara menapa dene Rama Kyai Daka ingkang ketingal mbrabak abrit, nalika kula pitaken prakawis pepenginanipun Ki Lurah Danara ingkang dipun aturaken dhateng Raden Gunendra. Nanging inggih boten dangu, kados kasirep dening gumujenging Raden Gunendra ingkang lajeng nyriyosi kula, murih kula boten keladuk kleru ing panampi.

       “Kowe kudu ngerti Pradapa”  Raden Gunendra nutugaken wicantenipun “para Bebau andhahane wong tuwamu kuwi satemene isih cethek kaweruh lan kanuragane, nanging gandheng dening wong tuwamu dipercaya ngesuhi dhukuh wewengkone, banjur duwe watak ambeg gumedhe. Kamangka kowe mesthi ya wis ngerti, wong sing duwe ambeg gumedhe kuwi sok dhemen ngremehake liyan, anggepe para Bebau kae sing wenang ngelingake upama bebau-bebau kuwi lali ya mung wong tuwamu, Ki Lurah Kepuh Agal wae. Beda adoh karo watake wong tuwamu, sing sanadyan wis akeh kaweruh sing dingerteni lan duwe kadigdayan sing pilih tandhing, nanging isih dhemen ngrungokne panemune sapa wae, merga Wong Tuwamu ngerti yen panemu becik kuwi ora mesthi metu saka wong sing duwe pangkat wae, sanadyan wong pidak pajarakan ora arang nduweni gagasan sing gedhe pedahe marang bebrayan agung Kepuh Agal kene. Mula Danara banjur duwe gagasan,kanggo kabecikane Kepuh Agal kene, dheweke kepengin ngesuhi para Bebau kae kabeh sarta dadi pangarepe para Bebau, kanthi mangkono Para Bebau kae ora mung seneng nggugu karepe dhewe lan seneng kekudhung asmane wong tuwamu Ki Kepuh Agal. Lan mesthi wae, wewenange Danara panggah manggon ngisore wong tuwamu, kabeh tumindake Danara sing magepokan karo para Bebau kudu oleh palilah saka wong tuwamu”.

       “Inggih Raden” wangsulan kula inggih namung sakecandhakipun kemawon.

       “Sanadyan aku uga nyarujuki yen Danara kepengin ngesuhi para Bebau lan dadi Pangarepe kabeh panguwasa padhukuhan, nanging aku duwe rasa samar yen nganti Danara ketiban lali” Raden Gunendra wicanten malih “mula saliyane Ki Kepuh Agal lan Kyai Daka sing loro-lorone wis padha tuwa kuwi, kudu ana maneh sing bisa ngendhaleni Danara samangsa-mangsa dheweke lali lan arep nggugu karepe dhewe”.

       “Lajeng sinten malih menika Raden?” kula nyobi pitaken “sedheng ing Kepuh Agal mriki menika boten wonten ingkang kasudiranipun mapaki kadibyanipun Ki Lurah Danara”.

       “Kowe Pradapa” wangsulanipun Raden Gunendra kalih mesem. Kula lirik, Ki Danara menapa dene Rama Kyai Daka sami ndhingkluk tumungkul ningali siti.

       “Kok kula Raden?” kula rumaos boten ngertos kalihan rembagipun Raden Gunendra makaten menika “kula menika boten gadhah kelangkungan menapa-menapa. Malah saupami kula sampun kaakenan minangka siswa ing Paguronipun Rama Kyai Daka menika kemawon, kula menika namung mapan dados andhahan ingkang tebih sangandhapipun Ki Lurah Danara, dhawuh jengandika Raden Gunendra menika kapireng lucu menawi boten kangge nggegujeng kula Raden”.

       “Ha ha ha ha…..” Raden Gunendra gumujeng malih, kula tingali sakeplasan Rama Kyai Daka lan Ki Danara sami mesem ngimbangi, lajeng Raden Gunendra wicanten malih “sansaya nambahi senenging atiku marang kowe wangsulanmu kang mangkono iku Pradapa, kanggo mangsuli pitakonmu sing keri dhewe sing sajak ora percaya karo sing tak kandhakne mau, entenana sedhela aku tak takon marang Danara lan Kyai Daka luwih dhisik”.

       “Inggih Raden, sumangga” wangsulan kula.

       “Danara…..” Raden Gunendra nunten ndangu Ki Lurah Danara.

       “Nuwun inggih Raden?”

       “Aku tak takon wangsulana kanthi sabener-benere!”

       “Kawula nuwun inggih Raden, sumangga kaparingana dhawuh abdi jengandika pun Danara, menawi saged tantamtu badhe kula aturaken wangsulan ingkang saleres-leresipun” wangsulanipun Ki Lurah Danara kalihan nyembah.

       “Kowe wis weruh dhewe, aku mau mbithi watu sing cedhak plangkan pusaka, mung sepisan lan ora pati banter, nanging pranyata watu bisa sumyur dadi sawalang-walang. Iya apa ora?”

       “Inggih Raden kula nyipati piyambak ampuhing pupuhan asta jengandika Raden ingkang satuhu nggegirisi, boten namung kula ingkang eram kaworan miris sumerep ampuhing pupuhan jengandika kala wau, sanaosa Bapa Guru Kyai Daka menapa dene Gus Pradapa kula kinten inggih sami kalihan kula” wangsulanipun Ki Lurah Danara.

       “Sabanjure” Raden Gunendra wicanten malih “apa kowe sadurunge nate weruh wong sing nduweni pupuhan kaya pupuhanku mau? Lan saupama kowe tak prentah mupuh watu kaya sing tak tindakne mau apa kowe bisa kaya aku?”.

       “Lepat nyuwun pangapunten Raden” Ki Danara nyembah kalihan atur wangsulan “sadanguning gesang kula, inggih nembe sepisan menika kula sumerep ampuhing pupuhan, dados kula saged mesthekaken menawi ing salumahing bantala sakureping akasa boten wonten ingkang kagungan kasekten ampuhing pupuhan sampun malih ngungkuli ngembari kemawon boten badhe wonten kalihan kasekten jengandika Raden.  Lan yen ta Jengandika paring dhawuh murih kula mupuh sela kados ingkang jengandika tindakaken, dede selanipun ingkang sumyur nanging mbok bilih malah balunging tangan kula ingkang putung”.

       “Ha ha ha ha ……..jujur tenan kowe Danara” Raden Gunendra gumujeng sarwi wangsulan, lajeng gentos wicanten dhateng Kyai Daka “Saiki piye panemu nDika Kyai Daka, marang apa kang wis ndika weruhi dhewe, ya iku nalikane siswa ndika sing dhuwur dhewe ngelmu kanuragane namakne tumbak marang saliraningsun sing malah ndadekne tumbak sing tumiba marang ragaku dadi putung kaya ngana kae mau?”.

       “Dhuh Gusti saestu nembe menika kula kaweleh dening panginten lan raos kuminter kula” wangsulanipun Rama Kyai Daka kalihan sikep ingkang sakalangkung kurmat “sadangunipun kula gesang menika, wontenipun unen-unen ingkang nyebataken tan tedhas tapak paluning pandhe sisaning gerenda tanapi tebaning kikir, kula wastani menawi namung mandheg ing unen-unen ingkang ngayawara. Nanging jebul panginten kula kala wau babar pisan lepat, jengandika Gusti kula Raden Gunendra pranyata tuhu ingkang mbikak mripat kula, temah kula sumerep menawi titah ingkang tinatah mendat jinara menter, menika tuhu wonten. Sanaosa mbok menawi sajagad boten jangkep tiyang sedasa. Kula piyambak pitados wontenipun aji jaya kawijayan ingkang saged madal saking dedamel, nanging inggih boten ngantos kados jengandika Raden kala wau”.

       “Kabeh wae padha sumurupa” kalihan mesem lan suwanten kapireng ingkang nedahaken manah ingkang mongkog Raden Gunendra wicanten malih “saplenik saka kanuragan sing dadi gadhuhanku sing tak tuduhne ing ngarep ndika kuwi mau, ya mung saperangan cilik ngelmu kanuraganku sing tak tampa saka Guruku ing Pasanggrahan Alas Patalan. Pancen ora saben titah wenang anggadhuh ngelmu-ngelmu kanuragan kaya sing tak duduhne mau. Mung wong sing nduweni jiwa raga kang mumpuni sing kuwat kacondhokan ngelmu kanuragan mau,  Aji Pamupuh sing kuwawa ngejur watu sing atose kagila-gila mung sarana dibithi nganggo kepelan mau, diarani Aji Paluwaja, yen tumiba menyang watu item wae dadine kaya ngana, ndika mesthi bisa ngira-ira kaya apa dadine sirahe menungsa yen ketiban pupuhan tanganku kanthi tak lambari Aji Paluwaja iki mau”.

       “Hla menawi sirahipun menungsa ingkang kedhawahan Aji jangandika Raden, saged kula pesthekaken menawi badhe mawut polonipun” ingkang mangsuli namung Ki Lurah Danara ingkang anggenipun wicanten sarwi radi gumujeng.      

       “Bener apa sing dadi kandhamu Danara” wangsulanipun Raden Gunendra malih “dene kang ndayani aku ora pasah ketiban tumbak mau, kuwi jalaran saka Ajiku Maesasakecu, uga peparinge Guruku ing Pasanggrahan Patalan. Aji Maesasakecu iki katiyasane mbalekne sakehing kekuwatan kang nedya gawe rusake ragaku. Aji Maesasakecu kuwi dumadi saka pirang-pirang tataran, wiwitane daya panulake ya cilik, upama ana gegaman utawa pupuhan lan sadhukan sing tumiba ing awak, sanadyan ora nganti bisa nuwuhake tatu, nanging isih krasa lara. Malah kepara bisa uga yen gegamane gegaman pusaka isih bisa gawe tatuning perangan raga ing sisih njero. Nanging yen aji iki terus diungkal  bakal bisa kaya sing tak gadhuh dina iki, malah kepara luwih sampurna maneh. Nanging sepisan maneh tak kandhakne, ora saben wong kuwawa nampani lan kanggonan aji loro iki mau”.

       “Abdi jengandika nglenggana ing bab menika Raden” ingkang wangsulan Rama Kyai Daka “sampun ta ngantos ngelmi ingkang samanten agungipun, tiyang ngelmi ingkang bobotipun namung sak Aji Bledheg Saleksa kemawon boten sadhengah tiang kuwat kapanggenan, kalebet pun Danara menika”.

       “Bener apa sing dadi kandha ndika kuwi Kyai” Raden Gunendra anumpangi rembagipun Rama Kyai Daka “lan klebu begja tumrapku tekan ing papan kene iki mau”.

       “Begja kados pundi Raden?” Rama Kyai Daka sumela rembag.

       “Jalaran sawise milang-miling ing ngendi-endi, aku nggoleki nom-noman sing kuwawa nampa Aji Maesasakecu apa dene Aji Paluwaja lan Aji liyane sing wis dadi gadhuhanku ora nemokne. Jebul ing papan kene ana nom-noman sing jiwa ragane sampurna dhasare duwe nalar sing wasis, sing ora liya ya Pradapa iki”  Raden Gunendra suka wangsulan lajeng ningali dhateng kula.

       Kageting manah kula boten kenyana-nyana dene Raden Gunendra nuding kula bilih kula kiyat menawi kacondhokan Aji gadhahanipun. Makaten ugi Rama Kyai Daka lan Ki Danara ketingal menawi kaget manahipun, mbok menawi sami kalihan kula, ingkang boten ngira menawi miturut pamawasipun Raden Gunendra namung kula ingkang kuwawi nampi Ngelmi Kanuragan ingkang wujudipun Aji Paluwaja lan Aji Maesasakecu saha aji sanesipun malih.

       “Wis cetha nggonmu nampa apa sing tak dhawuhake iki mau Pradapa?” Raden Gunendra wicanten suka pitakenan dhateng kula.

 

 

Ana candhake

 

 

 

 

Senin, 28 Agustus 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (92)


 

92.

        Anyarengi kendeling anggenipun gumujeng, dumadakan Raden Gunendra ngadeg, lajeng mlampah nyaketi peranganing sanggar sisih kanan, ingkang ing mriku mapan plangkaning manekawarni dedamel pirantining perang, kados dene  Keris, Pedhang, Clurit, tumbak, bindhi lan sanes-sanesipun. Ing sangandhaping plangkan dedamel ugi wonten sela ageng-ageng watawis saklapa ingkang dereng srumbatan, watawis cacah wonten gangsal welas. Gandheng kula boten mangertos menapa kajengipun Raden Gunendra nyaketi papaning dedamel menika, kula inggih namung kendel kalihan nguwasi saking papan kula linggih. Makaten ugi Rama Kyai Daka lan Ki Danara ugi boten kedhep anggenipun ningali dhateng Raden Gunendra.

        Dumadakan Raden Gunendra mbungkukaken badanipun, kanthi entheng mendhet salah satunggaling sela ingkang agengipun saklapa dereng srumbatan menika. Kalihan wangsul ngadeg malih lan mondhong sela kala wau, Raden Gunendra ningali papan anggen kula linggih kalihan Rama Kyai Daka saha Ki Danara.

        “Watu sing ana sanggar iki apik-apik lan anteb, watu saka ngendi iki Kyai Daka?” Raden Gunendra pitaken dhateng Rama Kyai Daka.

        “Mila sela-sela menika anggen kula milih lan milahi saking Lepen Sumberlanang, Raden” wangsulanipun Rama Kyai Daka nerangaken asaling sela “kula kinten sela-sela menika rumiyin asalipun saking wutahaning Redi Lawu nalika watuk, lajeng gumlundhung nurut ilining lepen Sumberlanang, ketitik saking warninipun ingkang cemeng nggales lan bobotipun ugi radi awrat saha boten gampil benthet ketatap sela sanesipun”.

        “Pancen bener apa sing dadi pangiramu Kyai, watu-watu iki kabeh saka wutahaning Gunung Mahendra, kajaba watu-watu iki padhet, uga nduweni watak atos semu ulet, serate muntir temah ora gampang pecah” Raden Gunendra wicanten malih “saiki padha sawangen watu sing tak pondhong iki arep tak enggo nuduhne kekuwatan sing tembene bakal tak turunake marang Pradapa, kuwi yen Pradapa gelem”.

        Rama Kyai Daka boten wangsulan, kula piyambak senadyan nami kula dipun sebat badhe kaparingan kekiyatan dening Raden Gunendra, nanging kula milih boten kumecap menapa-menapa, ngentosi samudayanipun langkung cetha langkung rumiyin. Namung panyawang kula boten kedhep ningali dhateng samobah mosikipun Raden Gunendra, makaten ugi ingkang dipun tindakaken Rama Kyai Daka saha Ki Lurah Danara.

        Raden Gunendra lajeng ngandhapaken sela ingkang dipun pondhong, dipun seleh wonten joganing sanggar, lajeng piyambakipun linggih jengkeng madhep dhateng sela menika. Ketingal menawi Raden Gunendra ngampet ambegan, ngeremaken mripatipun, tanganipun ingkang kanan dipun kepelaken, ketingalipun nembe ngempalaken kekiyatan. Wasana sela ing ngajengipun dipun jotos saking nginggil, nuwuhaken suwanten jumedhor kados suwantening gludhug, sanggar dados horeg. Lan ing mriku ketingal wonten keluk ingkang ngembuleng peteng, nembe sareng sampun sawatawis keluk cemeng lajeng ical mbaka sakedhik katut sumiliring angin ingkang nrabas ing sela-selaning gedheg sanggar.  Ing panyawang kula, sela ageng kala wau lajeng ambles mangandhap watawis tigang nyari, tumanem dhateng jogan.

        “Danara coba nyaketa mrene!” kalihan wangsul ngadeg malih sarwi malang kerik, Raden Gunendra prentah dhateng Ki Danara murih nyaket. Raden Gunendra piyambak ketingak kados nembe rampung nyambut damel awrat, sarandhuning badanipun ngedalaken kringet ingkang kathah.

        “Sendika” wangsulanipun Ki Danara ingkang lajeng mlampah dhodhok, nyaketi papanipun Raden Gunendra.

        “Saiki coba grayahana watu kuwi kaya apa wujude?” sareng lampahipun Ki Danara sampun caket, Raden Gunendra lajeng prentah malih.

        Ki Danara lajeng nggrayang sela ingkang nembe kemawon kapupuh mawi kepelanipun Raden Gunendra kala wau. Kados tiyang boten pitados dhateng panyawangipun, sasampunipun nggrayahi sela kala wau, Ki Danara mlengak kalihan ningali Raden Gunendra.

        Raden Gunendra gumujeng lirih, lajeng wicanten suka prentah dhateng Ki Danara malih:

        “Saiki ngadega, lan samparen watu kuwi nganggo sikilmu!”

        Tanpa nyuwanten menapa-menapa, Ki Danara lajeng nindakaken prentahipun Raden Gunendra. Boten namung  Ki Lurah Danara kemawon, sanadyan kula menapa dene Rama Kyai Daka sakalangkung eram. Sela kala wau jebul sampun sumyur dados sawalang-walang awit kapupuh dening Raden Gunendra mawi kepelan tanganipun. Sumerep kula tetiga sami eram kaworan ngungun, Raden Gunendra boten ngucap menapa-menapa, kajawi namung mesem sajak marem sampun damel cingakipun tiyang.

        “Saiki, genti mjupuka gegaman ing plangkan sacedhakmu kuwi Danara!” dereng ical raos cingakipun, dening Raden Gunendra Ki Danara kaprentah malih “pilihen sing paling ampuh, kena tumbak, pedhang utawa liyane sasenengmu watone sing paling becik”.

        Ki Danara lajeng mendhet tumbak ingkang ketingal kukuh lan sae. Lajeng wangsul ngadhep dhateng Raden Gunendra badhe ngulungaken tumbak ingkang nembe dipun pendhet kala wau.

        “Saiki siyagaa!” wicantenipun Raden Gunendra malih “tamakna tumbak kuwi marang aku, bisa mbok pilih prenah weteng, prenah dhadha, prenah lambung sing ngarah marang jejantung!”.

        Ki Danara ketingal pucet, boten mangertos kalihan kersanipun Raden Gunendra.

        “Kowe krungu dhawuhku mau apa ora Danara he?” radi nyentak Raden Gunendra nakeni Ki Danara.

        “Kersanipun Raden ?” Ki Danara ketingal taksih dereng mudheng.

        “Tumbak kuwi tamakna marang aku!” kalih suwanten semu srengen Raden Gunendra mangsuli prentahipun “kaya nek kowe numbak mungsuhmu utawa kaya nek kowe numbak celeng sing ngganggu gawe tanduranmu kae, ngerti?”.

        “Nanging kula ajrih Raden” wangsulanipun Ki Danara kalihan suwanten ndharodhog.

        “Piye?” Raden Gunendra mencereng “kowe wedi nek aku mati? Kowe wani ngremehne aku? Apa kowe milih tumbak kuwi tak enggo nyudhet wadhukmu utawa nyigar dhadhamu kanggo ngetokne jantungmu he?”.

        “Nyuwun pangapunten Raden” Ki Danara sansaya ketingal ajrih “babar pisan kula boten wantun ngremehaken jengandika Raden, dhawuh jengandika badhe kula lampahi”.

        “Bagus!” Raden Gunendra wangsulan kalihan gumujeng “saiki tata-tataa, sing tenanan nggonmu namakne tumbak neng tanganmu, aja tidha-tidha nggonmu namakne tumbakmu, rapalen kabeh japa mantramu, yen kowe bisa gawe buciking kulitku merga tumbakmu, timangan mas sing saiki tak agem bakal tak paringake kowe minangka ganjaran. Nanging yen nggonmu namakne tumbak mung ethok-ethokan, ora tenanan, aja sambat yen gegermu bakal tak sabeti nganggo landheyane tumbakmu nganti entek!”.

        Raden Gunendra lajeng malang kadhak, tanganipun dipun angge malang kerik, dhadhanipun dipun bikak wiyar, siyaga nampeni panumbakipun Ki Lurah Danara. Ki Danara ugi lajeng ngagaraken tumbakipun, ingkang dipun arah kaprenah dhadhanipun Raden Gunendra. Lan katingal kanthi kekiyatan wetah, tumbak katamakaken pas ngengingi dhadhanipun Raden Gunendra.

        “Clang!” kados suwantening gangsa centhe ketabuh kaseron dening niyaga nalika pucuking tumbak dhumawah ing dhadhanipun Raden Gunendra.  Ki Danara sakalangkung eram. Raden Gunendra kapireng namung gumujeng kemawon kados boten ngraosaken menapa-menapa.

        “Ayo aja mung ping pisan!” Raden Gunendra suka parentah dhateng Ki Danara “dibolan-baleni lan pilihen perangan ngendi saka ragaku sing kira-kira pasah mbok tamani tumbakmu!”.

        Ki Danara kados tiyang kemropok manahipun, tumbak dipun tamakaken malih dhateng Raden Gunendra, wongsal-wangsul lan saontan-santun papan, dhadha, padharan, lambung sedaya sampun dipun tamani. Malah tumbak ugi katamakaken ing walikat. Parandene Raden Gunendra boten menapa-menapa. Wekasanipun tumbakipun Ki Danara malah dados putung nalika dhumawah ing lempengipun Raden Gunendra.

        “Sewu nyadhong deduka Gusti” Ki Danara lajeng ndheprok ing ngarsanipun Raden Gunendra.

        “Ha ha ha ha…….” Raden Gunendra gumujeng ngakak “kowe ora luput Danara, malah aku sing nedha nrima, kowe wis nindakne dhawuhku kanthi becik. Ayo saiki bali lungguh neng kana maneh, nutugne nggone jagongan sing durung rampung”.

        Raden Gunendra lajeng wangsul mapan linggih ing papanipun sakawit. Ki Danara ugi lajeng ndherek lan ngenggeni papanipun wau.

        “Pradapa” sasampunipun lenggah, Raden Gunendra lajeng wicanten dhateng kula.

        “Nuwun inggih Raden” kula wangsulan kalihan kurmat.

        “Saiki rungokna aku arep blaka marang kowe” Raden Gunendra lajeng nutugaken anggenipun wicanten “tenane sadurunge kowe ditimbali gurumu Kyai Daka mrene mau, antarane aku karo Danara apa dene Kyai Daka wis ana rembug sing durung rampung. Kowe ngerti apa kira-kira sing dadi rembug?”.

        “Babar pisan kula boten ngertos Raden” wangsulan kula menapa wontenipun “lan kula kinten boten prayogi menawi kula nrambul rembag ingkang dede prakawis kula, menapa malih ingkang kagungan rembag jengandika Raden Gunendra kalihan Rama Kyai Daka ingkang kalebet pepundhen kula”.

        “Maune pancen ya ngono, kowe ora arep diajak rembugan perkara iki, nanging sawuse Kyai Daka kandha nek arep nurunake Aji Bledheg Saleksa marang kowe, sarta Kyai Daka uga nyritakne nggonmu taberi lan olehmu banget gathekan nampa piwulang kanuragan, aku banjur kepengin weruh kahananmu sawutuhe. Mula kowe banjur ditimbali mlebu ing jero sanggar winadi iki” Raden Gunendra nyauti wangsulan kula “lan sawuse aku ngaweruhi jiwa ragamu, aku mutusake kowe kudu melu ngerti ing prakara sing lagi dadi rembug antarane aku, Danara lan Kyai Daka”.

        “Inggih Raden” kula namung saged wangsulan makaten.

        “Dene sing dadi rembug kuwi ya iku ngenani pepenginane Danara sing diaturake marang aku, ya iku anggone kepengin ngesuhi lan dadi pangarepe para Bebau ing Kepuh Agal kene” Raden Gunendra mblakaken pepenginanipun Ki Lurah Danara, andadosaken radi kageting manah kula.

        “Menapa Ki Lurah Danara ngersakaken saged ngendhih Palenggahanipun Bapa Lurah ing Kepuh Agal mriki Raden?” boten sranta kula lajeng taken, awit pamanggih kula pepenginan dados suh lan pangajengipun para Bebau ing Kepuh Agal menika sami kemawon kepengin dados Lurah ing Kepuh Agal.

        “He he he…..” Raden Gunendra gumujeng lirih lajeng wicanten “aja kaduk ati kesusu kleru nggonmu nampa sing dadi pepenginane Danara iki mau, Pradapa”.

 

Ana candhake.

 

Minggu, 27 Agustus 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (91)

91.

        Kula sampun badhe nekad menawi ngantos Raden Gunendra wicanten awon malih, inggih menika anggenipun ngremehaken Bapa, mangka badhe kula wantuni. Tumrap sinten kemawon tartamtu boten badhe remen menawi wonten tiyang ingkang ngremehaken tiyang sepuhipun, kalebet kula. Menapa malih tiyang ingkang ngremehaken menika dereng nate srawung kalihan ingkang dipun remehaken. Sanaosa miturut Rama Kyai Daka Raden Gunendra menika priyagung luhur trahing kusuma rembesing madu, nanging kasunyatanipun dede menapa-menapanipun Bapa Lurah Sarkara. Pramila saestu badhe kula sauri mawi basa ingkang sami menawi ngantos Raden Gunendra ngambali rembagipun ngina dhateng Bapa Lurah Sarkara.

        Nanging dumadakan, ing telenging manah kula wonten suwanten alus, ingkang estunipun suwanten menika mila asring kula mireng nalika kula wiwit wantun dolan, medal saking griya piyambak, Inggih menika suwantenipun Biyung, ingkang asring paring pitutur dhumateng kula :

        “Thole Pradapa, sajroning pasrawungan kowe bakal kepethuk wong sing maneka warna watak lan wantune. Ana sing becik lan ana sing ala. Ana sing dhemen gawe senenging atine liyan lan uga akeh sing dhemen gawe laraning atine wong.  Ana sing dhemen ngalembana lan akeh sing dhemen nacad lan memada. Sumurupa ya Ngger, sing bisa ndadekne luhur utawa asoring manungsa kuwi sing akeh ya mung saka tumindake dhewe, gumantung marang lakuning urip sing ditindakne. Yen tumindake becik ora seneng gawe kapitunaning liyan, dhemen tetulung lan ora seneng ngina sapepadhaning titah, mangka wong kang mangkono mau bakal dadi wong luhur, senadyan uripe wong mau mung sarwa kacingkrangan, sandhang pangane mung saka olehe gresek lan leles ing pinggir dalan. Kosok baline, yen tumindake wong kuwi seneng gawe kapitunaning liyan, seneng yen ana wong liya ora seneng, ora seneng yen ana wong liya seneng, seneng memada lan ngremahke wong liya, seneng diajeni ora gelem ngajeni, mangka wong kang mangkono iku sing diarani wong sing nduweni drajat kang asor, senadyan tata gelar uripe mubra-mubru blabur madu, sugih bandha sugih bandhu lan kondhang minangka trahing pandhita ratu. Lan maneh, yen ana wong sing memada kahananing uripmu, mbuh pamadane bener mbuh pamadane luput, kaya upamane kowe diwada ora duwe rupa bagus, mlarat, bodho lan sapiturute, becike kowe ora ngrungokne lan ora gela, jalaran kang mangkono mau ora ndadekne kowe tuna. Kosok baline yen sing dipaido kuwi tumindak utawa lakumu, kowe uga ora kena gela malah kepara ngaturna panuwun lan panedhatrima marang sing gelem maido, tumuli leremna atimu sawatara petanana laku kang wis mbok tindakne jumbuhna karo pamaido sing wis mbok tampa, yen bener unine pamada mula tumuli dandanana lakumu sing ora bener, dene yen ta luput pamaidone wong mau, dadekna minangka tengara aja kongsi lakumu ing tembe kaya unine pamaido sing wis mbok tampa. Yen kowe bisa nglakoni pitutur iki, mangka kowe bakal dadi wong sing luhur nanging ora angungkuli, wong sing menang tanpa ana sing rumangsa mbok kalahake. Lan ngelingana, apese manungsa jalaran kagawa dening lali, mula tansah eling-elingen pitutur iki murih kowe ora gampang lali”.

        Sareng kula kemutan pituturing Biyung ingkang mijil saking telenging manah kula makaten menika, kula tumunten kendho malih. Kula gagas sedaya pangucapipun Raden Gunendra tumrap tiyang sepuh kula boten ndadosaken kula nandhang tuna, lan kanthi ucapipun Raden Gunendra ingkang makaten menika ugi boten badhe ngucemaken asmanipun Bapa Lurah ingkang labuh labetipun dhateng bebrayan agung Kepuh Agal tuhu boten saged dipun selaki sok sintena kemawon. Kosok wangsulipun, menawi kula ngantos gela lan raos gela menika kula wujudaken ing tumindak mesthi langkung kathah tunanipun tumrap kula boten cundhuk kalihan namung nuruti raos nguber marem ingkang semu. Inggih awit saking menika, kula lajeng nata malih anggen kula linggih, wangsul tumungkul kados nalika kula nembe mlebet dhateng Sanggar kala wau.

        “Ya gene kowe mung meneng wae Pradapa?” dumadakan Raden Gunendra nakeni kula “babar pisan ora nimbangi apa sing wis tak ucapake marang kowe he?”.

        “Lha kula badhe matur menapa malih ta Raden?” kula mangsulaken wicantenipun Raden Gunendra “menawi miturut Raden Gunendra kedah makaten, kula harak inggih kantun niteni lan ngentosi sedaya dhawuh jengandika menika mbenjang leres menapa boten jalaran sedaya dereng kalampahan kanthi nyata”.

        “Ha ha ha ha…….pinter kowe Pradapa” Raden Gunendra gumujeng lajeng wicanten malih, inggih taksih rupi pitakenan “saiki aku arep takon maneh, mbesuk samangsane wong tuwamu wis mati, apa kowe kepengin nutugne kalungguhane wong tuwamu nglurahi Kepuh Agal kene?”.

        “Nyuwun pangapunten Raden” kula wangsulan kalihan ngatos-atos sanget “kula boten saged atur wangsulan, jer pandangu jengandika menika dereng wancinipun saged kula aturaken wangsulanipun, sanaosa tata gelar Bapa Lurah menika sampun sepuh lan kula taksih nem, nanging dhumawahing pepesthen menika boten kedah nurut lampahing nalar ingkang adhedhasar tata gelar, dereng kantenan kula amenangi sedanipun tiyang sepuh kula, jer umur menika mila dados wewadining Gusti ingkang titah boten saged mangertosi. Makaten ugi, bab angger-angger saha paugeran yasanipun manungsa, sanaosa titi menika paugeraning Dhusun Kepuh Agal nyebatakaken bilih menawi Lurah ingkang jumeneng menika seda, mangka yoganipun jaler ingkang sepuh piyambak ingkang wenang gumantos dados Lurah, nanging kula boten wantun mesthekaken bilih ing tembenipun kula mesthi dados Lurah ing Kepuh Agal mriki, jalaran saupami Gusti nggarisaken kula gadhah umur panjang, dereng kantenan menawi Angger-angger saha Paugeraning Dhusun Kepuh Agal ingkang suraosipun kados makaten menika taksih lumampah, jer namining Paugeran lan Angger-angger menika sawanci-wanci saged dipun ewahi murih  langkung saening kawontenan. Sampun ta ingkang nami Paugeran Dhusun, sedheng Paugeran Tanah Jawi kemawon nyatanipun ugi saged dipun ewahi, ketitik Sampean Dalem Gusti Panembahan Senapati Ing Alaga, ingkang namung putranipun Ki Gedhe Pemanahan samangke ingkang jumeneng Ngratoni Tanah Jawa”.

        Raden Gunendra boten tumunten wicanten suka wangsulan ananggapi wangsulan kula, malah lajeng wicanten dhateng Rama Kyai Daka, ing semu kados angalembana dhateng kula :

        “Bener apa sing wis ndika kandhakne marang aku mau Kyai Daka. Bocahmu siji iki ora mung lancuran Wiring Kuning sing subale mulus, nanging malah kepara bisa dadi Alab-alab wulung kang cucuk kencana yen wis mambu keceran banyu suci saka Patalan”.

        “Kasinggihan Raden” Rama Kyai Daka atur wangsulan kanthi kurmat “menapa ingkang kula unjukaken ing ngarsa jengandika Raden Gunendra, mila inggih namung kados makaten menika, sawanci-wanci Gusti kula Raden Gunendra angersakaken amurba, abdi jengandika pun Daka namung saged anyumanggaken”.

        “Danara…..!” Raden Gunendra gentos nimbali Ki Danara.

        “Kawula nuwun wonten dhawuh Raden” Ki Lurah Danara wangsulan kalihan nyembah, sirahipun panggah tumungkul madhep ing siti.

        “Petungku jebul luwih sampurna tinimbang petungmu” Raden Gunendra wicanten malih kalihan mesem “mula wiwit saiki petung gaweyanmu tumuli busaken lan lakumu kudu nurut marang petung gaweyanku, kowe kudu percaya kanthi nurut petung saka aku kowe bakal ngundhuh kamulyan, sinuyudan bangsa putih lan diasihi dening bangsa ireng, nanging yen kowe nyidrani petung gaweyanku, kowe mesthi bakal mati sajroning kahanan sing ora lumrah. Ngerti?”.

        “Inggih Raden” kalihan suwanten semu ndhredheg Ki Danara antur wangsulan “sedaya dhawuh jengandika Gusti Kula Raden Gunendra ingkang badhe kula dadosaken pandoming lampah”.

        “Bagus” Raden Gunendra wangsulan kalihan mesem lega, lajeng gantos wicanten dhateng Rama Kyai Daka “ndika ora kena sembrana Kyai, ora ateges aku ora percaya kato sing dikandhakne Danara iki mau, nanging murih Danara ora lali, ndika kudu tansah ngulati lan aja ngenteni benjut dhisik lagi dipupuri, kudu tumuli ndika elingake samangsa-mangsa ana tandha yen Danara arep lali”.

        “Boten langkung inggih sendika Raden” Rama Kyai Daka atur wangsulan.

        Kula piyambak lajeng radi bingung, boten ngertos menapa ingkang sampun dados underaning prakawis ingkang dipun rembag Raden Gunendra lan Ki Lurah Danara menika. Nanging kula gadhah dudutan manawi sampun wonten pasarujukan antawisipun Ki Lurah Danara, Rama Kyai Daka lan Raden Gunendra, wonten sambetipun kalihan Kyai Pantek menapa boten kula inggih dereng mangertos. Inggih awit saking menika kula kedah langkung waspada, awit kula mireng wau, Raden Gunendra menika mapan ing pasanggrahan Wana Patalan kempal kalihan titiyang ingkang  ngaken minangka Trah Majapahit. Kamangka kula emut  Bapa Lurah Sarkara nate ngendika menawi titiyang ingkang makempal ing Wana Patalan menika kathah para durjana ingkang dados buronipun Mataram, lajeng mlajar dhateng wana Patalan mangayom kalihan para priyagung ingkang boten purun kabawah Panembahan Senapati ing Mataram lan nembe ngrancang cara kangge njongkeng kawibawaning Sampean Dalem Panembahan Senapati Ing Alaga.

        “Pradapa apa kowe ngerti underaning rembug antarane aku karo Danara lan Kyai Daka iki mau?” nalika kula kendel kalihan nggagas kados makaten kala wau, dumadakan Raden Gunendra pitaken dhateng kula.

        “Nyuwun pangapunten Raden” kula wangsulan prasaja “inggih awit cubluking manah kula, kula babar pisan boten mangertos saha dereng kepengin mangertos, jalaran kula ugi boten mangertos menapa anggen jengandika wawan rembag kalihan Ki Lurah Danara saha Rama Kyai Daka kala wau, wonten sambetipun kalihan kula menapa boten”.

        Raden Gunendra lajeng gumujeng.

 

 

Ana candhake

 

 

 

 

 

Sabtu, 26 Agustus 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (90)

 

90.

        Sanaosa kula sampun langkung pitados dhateng Bapa tinimbang dhateng Rama Kyai Daka menapa dene Ki Danara, nanging kula kirang saged nampi menawi Bapa ngendikaken bilih Kyai Daka menika boten nggadhuh Aji Bledheg Saleksa. Awit sanaosa kula dereng sumerep piyambak kados menapa kadibyanipun Aji Bledheg Saleksa, nanging kula mangertos bilih Rama Kyai Daka menika tuhu paraga ingkang nggembol aji jaya kawijayan ingkang sakalangkung kathah, dados kula inggih pitados manawi Kyai Daka boten kados ingkang dipun ngendikakaken Bapa kala wau, inggih menika sampun kaseret ing cariyos jaman kina, temah kepengin dados kados Ki Gedhe Pengging Sepuh ingkang kasektenipun prasast tanpa tandhing labet nggadhuh Aji Sasra Birawa, ingkang Aji menika samangke dados piyandelipun Ki Gedhe Pangrantunan ing Banyubiru.

        “Percayaa marang apa sing dadi kandhaku mau Pradapa” Bapa ngendika malih, wangunipun Bapa saged maos menapa ingkang nembe kula gagas “saupama Kyai Daka kae duwe Aji Bledheg Saleksa, mesthi wis biyen-biyen wong kuwi wani mbalela marang aku”.

        “Inggih Bapa” kula atur wangsulan lan kula sambung panyuwunan pirsa “Nanging kenging menapa Bapa taksih ngumbar Kyai Daka, Lurah Danara lan kanca rowangipun? Kamangka Bapa sampun uninga legetaning manahipun tiyang-tiyang kasebat ingkang kasetyanipun dhateng Bapa menapa dene dhateng Kepuh Agal namung lelamisan?”.

        “Kowe aja kleru” Bapa paring wangsulan “aku ora ngumbar wong-wong kae nutugne nggone kepengin kepengin gawe kisruh ing Kepuh Agal kene, utawa luwih pase kepengin ngajak wong Kepuh Agal wani mbalela marang Mataram. Aku mbudidaya nganggo cara sing alus murih wong-wong kae padha bisa rumangsa ing lupute weruh ing dosane tanpa kudu tak tuduhake. Kaping pindhone, nganti wektu iki tata gelar Kyai Daka, Bebau Danara lan wong-wonge isih setya marang aku apa dene marang Desa Kepuh Agal, mula pandakwaku marang wong-wong kae iya lagi tumekan ing ati, jalaran durung ana bukti, nanging kuwi kaya-kaya wis mesthi, mula pandakwa sing tanpa bukti iki tumuli nuwuhake rasa pangati-ati”.

        “Inggih Bapa” kula atur wangsulan lan nyuwun pirsa malih “kula sampun saged nampi ingkang dados kersanipun Bapa. Salajengipun magepokan kalihan Kyai Pantek, kados pundi anggen kula badhe wangsulan dhateng Kyai Daka menapa dene Ki Danara?”.

        “Pradapa kowe wis dudu bocah cilik maneh” Bapa paring wangsulan “kowe mesthi bisa gawe crita sing ora pati katon yen ngayawara banjur mbok critakne marang Kyai Daka lan Bebau Danara sing wis miwiti gawe crita lan dicritakne marang aku lan kowe”.

        Rumambating wanci sampun kliwat madya ratri. Bapa Lurah lajeng pamitan badhe sesuci kangge nindakaken panembah ing wanci saprotiganing dalu. Kula piyambak inggih lajeng mlebet dhateng papan palereman, nedya badhe ngginakaken sisa-sisaning dalu menika kangge tilem.

        Let sapeken kula katimbalan dening Rama Kyai Daka ing sanggar winados, jebul ing mriku ugi sampun wonten Ki Lurah Danara lan setunggal malih paraga ingkang dereng nate kula tepangi saderengipun. Priyantunipun ketingal alus, pakulitanipun jene, taksih nem kinten-kinten yuswanipun boten kaot tebih kalihan kula langkung sepuh watawis gangsal tahunan lan busananipun ketingal sae, memper busananipun priyantun saking kraton. Kyai Daka menapa dene Ki Danara ketingal menawi kurmat sanget dhateng paraga menika.

        “Kene, kene Anakmas Pradapa, rada nyaket mrene” Dupi sumerep kula mlebet ing Sanggar Kyai Daka gurawalan anggenipun suka pambage.

        “Pangabekti kula katur Rama Kyai” kalihan mapan linggih lan atur kurmat kula ngaturaken pangabekti kados padatanipun menawi nembe marak ing ngarsanipun tiyang sepuh.

        “Pangabektine Anakmas wis tak tampa, pangestune Rama wae gage tampanana” wangsulanipun Kyai Daka kalihan mesem ketingal menawi remen manahipun.

        “Iki ta Kyai putrane Ki Kepuh Agal sing ndika kandhakne marang aku mau?” dereng ngantos kula atur wangsulan dhateng Rama Kyai Daka, karumiyinan priyantun bagus kala wau pitaken dhateng Kyai Daka mawi tembung ngoko kemawon. Kamangka sangertos kula, ing Kepuh Agal menika, awis sanget tiyang ingkang boten mawi basa krama manawi rembagan kalihan Rama Kyai Daka, menika nedahaken bilih priyantun menika mbok menawi mila priyagung ingkang kagungan pangkat luhur saking Kraton.

        “Leres Raden, inggih menika Anakmas Pradapa putranipun Ki Lurah Kepuh Agal ingkang kula aturaken dhateng jengandika Raden, bibitan sawung Wiringkuning jalu bungalan, ingkang pantes ing tembenipun dados Senapati saking Kepuh Agal” wangsulanipun Kyai Daka, ingkang ndadosaken kula sansaya mindhak gumun awit boten mangertos sampun wonten rembag menapa antawisipun Rama Kyai Daka kalihan priyagung menika. Nalika kula nglirik dhateng prenahipun priyantun kala wau, piyambakipun ketingal mesem kalihan manthuk-manthuk.

        “Aja dadi kaget lan gumuning ati ndika Anakmas” dumadakan Rama Kyai Daka wicanten dhateng kula “sing lenggah ing ngarsa ndika iki, Gusti Raden Gunendra, putrane ingkang Sawargi Gusti Tumenggung Dibyaningrat Senapati Kasultanan Pajang, lan sawuse keng Ramane seda lan Kraton dielih menyang Mataram dening Raden Sutawijaya, Gusti Raden Gunendra ora kepareng nutugne kalenggahane ingkang Rama, malah banjur tilar kamukten ing Pajang milih kumpul lan manunggal karo Trah Majapahit, ing Pasanggrahan Alas Patalan. Mula yen dina iki Panjenengane Gusti Raden Gunendra kepareng ngersakne sapatemon karo ndika, Anakmas Pradapa bebasan nampa nugrahaning Hyang Agung sing tanpa upama ajine”.

        “Ngaturaken gunging panuwun Rama Kyai” sanaosa kalihan manah ingkang dereng patos mudheng kalihan ingkang dipun criyosaken Rama Kyai Daka menika, kula ngaturaken panuwun, lajeng kalihan sikep sembah kalbu, kula madhep dhateng Raden Gunendra sarwi matur :

        “Lepat nyuwun gunging sih pangaksami Raden, kaparengna kula pun Pradapa ngaturaken pangabekti”.

        “Banget gawe renaning penggalihku Pradapa, kowe wis ngaturake pangabekti marang aku, pangestuku wae diage tampanana” wangsulanipun Raden Gunendra kalihan suwanten ingkang nedahaken gambiraning manahipun.

        “Gurawalan anggen kula nampi paring pangestu jengandika Raden, mugi ndadosna jimat kayuwanan kula” wangsulan kula ngenaki rembag.

        “Ngene ya Pradapa” Raden Gunendra wicanten malih “aku krungu saka Kyai Daka apa dene saka Danara, jare kowe kepengin nduweni Aji Bledheg Saleksa? Apa ya pancen mangkono?”.

        “Mila leres makaten Raden” kula wangsulan blaka “dhawuhipun Rama Kyai Daka menapa dene Ki Lurah Danara mila kula badhe kaparingan Aji Bledheg Saleksa, namung kuciwanipun dumugi sapriki kula dereng saged ngaturaken salah satunggaling sarat ingkang dados sarananipun kula saged katurunan Aji menika Raden”.

        “Dadi nganti saiki wong tuwamu durung gelem nglilakne Kerise sing jeneng  Kyai Pantek kuwi disilih kanggo njangkepi saranane kowe, sing jarene anake lanang, bisa nampa Aji Bledheg Saleksa saka Kyai Daka kuwi?” Raden Gunendra pitaken kanthi anlemak dhateng kula. Wonten raos kirang remen salebeting manah kula dene basanipun Raden Gunendra kepireng ngremehaken tiyang sepuh kula Ki Lurah Sarkara. Mesthinipun sanaosa Raden Gunendra menika priyagung luhur, nanging kedahipun panggah kedah ngurmati Bapa kula ingkang jumeneng Lurah ing Kepuh Agal mriki lan dede andhahanipun Raden Gunendra. Nanging gandheng wekdal menika kula mapan ing Sanggar kagunganipun Rama Kyai Daka, kula lajeng ngampet raos kuciwaning manah kula murih boten katingalan.

        “Mila leres makaten Raden” kula wangsulan ngatos-ngatos, sampun ngantos suwanten kula nedahaken menawi manah kula nembe kirang sekeca “Bapa Lurah Sarkara mila boten kagungan wewenang angampilaken Pusaka Kyai Pantek dhateng sinten kemawon, jalaran dening ingkang kagungan Wangkingan Kyai Pantek, Bapa Lurah boten dipun keparengaken ngampilaken Dhuwung kala wau dhateng sinten kemawon kalebet dhateng kula, putranipun piyambak menika”.

        “Ha ha ha ha…….” Raden Gunendra gumujeng lajeng katerusaken wicanten malih “ya wis ora sah mbok gagas sikepe wong tuwamu sing  ora seneng yen anake lanang mbesuke dadi wong sing peng-pengan kuwi, lan sumenekna dhisik nggonmu kepengin nampa Aji Bledheg Saleksa saka Gurumu Kyai Daka. Dadi yen kowe tau diwarahi dening Danara cara supaya bisa njupuk Kyai Pantek saka Plangkane, kuwi ya wurungna dhisik”.

        “Cethanipun kados pundi Raden?” kula rumaos bingung mireng wicantenipun Raden Gunendra ingkang kantun menika.

        “Cethane ngene” Raden Gunendra suka wangsulan “suwe-suwene sajroning wektu lima nganti sepuluh tahun maneh, kowe bakal nduweni wewenang sing wutuh kanggo nguwasani Kyai Pantek, dadi upama Kyai pantek arep mbok buwang, arep mbok silihne utawa mbok wenehne sapa wae, kuwi kari manut marang karepmu. Merga wong tuwamu kae kalebu menungsa lumrah sing ora bisa mlungsungi kaya ula lan nitik jinising ragangan, ragangane wong tuwamu kae klebu ragangan sing ora bisa awet, ora kaya raganganku utawa ragangane Kyai Daka lan Danara. Sajroning wektu lima utawa suwe-suwene sepuluh tahun maneh, ragane wong tuwamu bakal entek kepangan dening umur, lan gelem ora gelem wong tuwamu kae bakal mati. Lha nek wong tuwamu wis mati, mangka kabeh sing ditinggal dadi duwekmu kabeh, kalebu Keris Kyai Pantek”.

        Sansaya boten sekeca raosing manah kula. Raden Gunendra sampun kesangeten anggenipun ngremehaken tiyang sepuh kula. Piyambakipun sampun kumawantun ngepal yuswaning Bapa Lurah, bilih paling dangu sedasa tahun malih sampun pejah. Saestu kula boten saged narimahaken tiyang sepuh kula dipun ungelaken makaten kala wau. Boten kraos kula nggeget untu, tangan kula wiwit ngepel kenceng, ngampet gumronjaling manah ingkang sansaya mindhak kraos benter.

 

 

Ana candhake

 

 


Jumat, 25 Agustus 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (89)

89.

            Ki Danara boten tumuli suka wangsulan, alisipun dipun kincangaken lan bathukipun njengkerut sakedhap. Ketingalipun nembe ngulir pikir, boten dangu lajeng wicanten kalihan praupan ingkang ketingal padhang :

            “Sampun ta Gus, Gus Dapa tindakaken kemawon rerigen saking kula niki wau. Kula pitados Ki Lurah Kepuh Agal tamtu boten badhe nulak lekas ndika lan tamtu badhe ngeparengaken Sipat Kandel Kyai Pantek ndika ampil kangge sarana ndika nampi Aji Bledheg Saleksa menika, dene menawi kapeksanipun Ki Lurah panggah kukuh boten ngeparengaken, taksih wonten cara ingkang sakedhik radi kirang sae, nanging mesthi kasilipun”.

            “Cara menapa menika Ki Lurah?” kula nyela rembag, pitaken.

            “Caranipun gampil kemawon” Ki Danara esemipun sansaya ketingal wiyar “ndika harak inggih sampun pirsa plangkanipun Kyai Pantek?. Mangke menawi Kyai Pantek boten pareng dipun ampil kanthi sae, inggih boten wonten awonipun menawi ndika pundhut saking plangkan sarana dhedhemitan, utawi kasaripun ndika colong, lha mangke menawi sampun rampung upacara turunipun Aji Bledheg Saleksa dhateng Gus Pradapa, pusaka Piyandel Dhusun Kepuh Agal kala wau enggala tumuli kawangsulaken malih dhateng plangkanipun sekawit, kanthi makaten Ki Lurah boten badhe pirsa menawi Kyai Pantek sampun dipun ampil dening Gus Dapa”.

            Boten wonten pawadan tumrap kula kangge nulak rerigenipun Ki Danara ingkang makaten kala wau. Salajengipun Ki Danara ugi wicanten bilih murih langkung amanipun anggen kula badhe nyidra Kyai Pantek, menawi kula tembung sarana aris dening Bapa panggah boten pareng, Ki Danara sampun ngrancang cara. Inggih menika Ki Lurah badhe kaaturan wungon ing griyanipun Ki Lurah Danara sareng-sareng kalihan para Bebau sa Kepuh Agal, kanthi makaten kula saged kanthi gampil nyolong Kyai Pantek saking plangkanipun. Lan kula kapsarahan malih nyawisaken redana minangka gantosipun wragad wungon menika. Salebeting manah kula kedah ngakeni menawi Ki Danara menika paraga ingkang satuhu julig lan kathah akalipun.

            Dening Ki Danara kula dipun sukani wekdal sedasa dinten, menawi salebeting sapeken kula sampun kasil ngampil Kyai Pantek kanthi sae, menika langkung kaleresan. Dene menawi Ki Lurah panggah boten ngeparengaken, kula kapurih criyos dhateng Ki Danara, murih Ki Danara saged matengaken rancanganipun. Sasampunipun kaanggep cekap, kula lajeng pamit badhe wangsul. Kalih mlampah nguntapaken kula dumugi regol, Ki Danara kober wicanten kanthi suwanten bisik-bisik ing kuping kula :

            “Boten dangu malih Gus Dapa badhe kagungan aji ingkang ing lumahing bumi menika prasasat boten wonten ingkang saged nandhingi”.

Kula boten wangsulan, kajawi namung mesem kemawon.

 

            Kalih mlampah wangsul, dumadakan thukul raos ing manah kula, kepengin saestu nggadhahi Aji Bledheg Saleksa ingkang badhe dipun paringaken dening Kyai Daka dhumateng kula menika. Menawi saestu kula sampun nggadhuh Aji menika, kula kinten boten badhe wonten tiyang ingkang wantun ganggu damel dhateng Dhusun Kepuh Agal, satemah Dhusun menika badhe dipun siriki dening para durjana. Lha kanthi pawadan menika, mangke badhe kula angge ngrimuk penggalihipun Bapa murih ngeparengaken Kyai Pantek kula ampil sakedhap kadadosaken sarana anggen kula badhe nampi aji Bledheg Saleksa menika. Kanthi wontenipun raos ingkang makaten menika, sansaya kula gelak lampah kula, enggala dumugi griya lan manggihi Bapa Lurah Sarkara.

            Nalika kula dumugi griya, kaleresan Bapa Lurah ketingal badhe mandhap saking pendhapa, kula kinten badhe medal utawi badhe nganglang Dhusun kados padatan. Nanging dupi pirsa kula nembe mlebet saking regol ngajeng, Bapa Lurah lajeng kendel boten nglajengaken tindakipun. Malah kula lajeng dipun awe, dipun dhawuhi kapurih nyaket.

            “Menapa badhe nganglang ta Bapa?” saderengipun dipun dangu, kula ngrumiyini matur.

            “Ora” Bapa Lurah paring wangsulan “maune arep nusul kowe menyang panggonane Kyai Daka, nanging ora sida. Merga mau atiku krasa ora kepenak, nganti tengah wengi ngene kowe durung bali, adate lagi wayah sepi bocah kowe wis teka omah. Ana apa ta kok anggonmu bali rada kasep iki mau?”.

            “Inggih Bapa, kala wau nalika kula badhe wangsul sasampunipun rampung gladhen, dening Ki Lurah Danara dipun candhet lan dipun ajak rembagan sawatawis” wangsulan kula blaka menapa wontenipun.

            “Ayo lungguhan neng longkangan kulon wae, aku kepengin ngerti apa sing dadi rembug antarane Ki Bebau Danara karo kowe mau” Bapa Lurah ngajak kula lelenggahan ing longkangan kilen. Kula inggih lajeng tut wuntat.

            “Saiki critakna kanthi wutuh apa wae sing mbok rembug karo Bebau Danara kuwi mau!” kalih mapan lenggah ing dhingklik Bapa Lurah dhawuh dhumateng kula.

            Kula inggih lajeng nyariyosaken sedaya rembagan antawisipun kula kalihan Ki Lurah Danara, sedaya kula aturaken boten wonten ingkang kecicir. Kajawi rancanganipun Ki Lurah Danara ingkang ngengken kula supados nyidra Kyai Pantek ing plangkanipun manawi ngantos panyuwun kula ngampil Kyai Pantek boten dipun parengaken. Malah ugi lajeng kula sambung kalihan panyuwunan murih Bapa ngeparengaken Kyai Pantek kula ampil kangge sarana anggen kula badhe nampi Aji Bledheg Saleksa saking Kyai Daka.

            Lumantar sunaring diyan ublik ingkang kaseleh ing ajug-ajuging longkangan kula tingali Bapa Lurah wongsal-wangsul njengkerutaken palarapanipun, menika nedahaken bilih Bapa sanget anggenipun migatosaken cariyos miwah panembung kula. Ngantos radi dangu Bapa namung kendel, boten ngendika menapa-menapa.

            “Kados pundi Bapa?” kula mantunaken matur malih, jalaran kirang sabar ngentosi Bapa paring dhawuh “petangan kula menawi Aji Bledheg saleksa sampun saged kula gadhuh, Kepuh Agal badhe sepi saking para satru, jalaran sinten ingkang kumawantun damel kisruh ing Kepuh Agal mesthi badhe sirna marga layu awit kedhawahan aji kula Bledheg Saleksa”.

            “Sabar dhisik Pradapa” Bapa Lurah paring wangsulan kanthi suwanten ingkang radi seret “aja keburu ing nafsu, sumurupa wektu iki kowe wis kaya iwak sing anguk-anguk ijep-ijeping wuwu, yen kowe ora enggal ngerti purwa duksina ing kowe bisa kecemplung jroning wuwu lan nggeret aku sarta warga Kepuh Agal kabeh mlebu ing krangkenge mungsuh”.

            “Nyuwun pangapunten Bapa” kula matur nyuwun pirsa “sinten ingkang Bapa kersakaken mengsah menika? Lan wuwu menapa ingkang kapasangaken kangge kula? Ki Danara mila criyos bilih miturut pamawasing Kyai Daka, namung kula ingkang kuwawi nggadhuh Aji Bledheg Saleksa menika”.

            “Pradapa!” Bapa paring wangsulan mawi suwanten ingkang radi sereng “kowe luwih percaya karo aku minangka wong tuwamu apa luwih percaya kandhane Bebau Danara he?”.

            Dipun sentak mawi pitakenan ingkang makaten kala wau, sakala kula mengkeret, badhea kados menapa kula inggih langkung pitados dhateng Bapa Lurah tinimbang kalih sinten kemawon kalebet Ki Lurah Danara menapa dene Rama Kyai Daka.

            “Nyuwun pangapunten Bapa……” kula lajeng matur kalih suwanten ajrih.

            “Tak kira critamu kuwi mau durung tutug, lire isih ana sing durung mbok kandhakne marang aku, Bebau Danara mesthi wis aweh weruh lan ngongkon kowe kudu nindakne apa lamun panembungmu ngampil Kyai Pantek iki ora tak kabulne. Ayo, nek pancen kowe isih ndhaku aku iki wong tuwamu sing ngantia tekan jaman apa wae ora bakal lila kowe nandhang lara, kandhakna apa anane, dening Bebau Danara kowe diwulang apa magepokan karo nggonmu arep murih Kyai Pantek iki?” Bapa Lurah paring dhawuh, suwantenipun kepireng mandhes ngantos dumugi dhasaring manah kula.

            “Inggih Bapa” kalih suwanten alon nanging cetha kula lajeng ngaturaken sedaya krenah saha rerigenipun Ki Lurah Danara dhateng kula. Rancangan kangge nyidra Kyai Pantek saking plangkanipun ugi kula cariyosaken. Kula lirik pasuryanipun Bapa Lurah ketingal radi padhang Kula nggadhahi panginten menawi Bapa sampun pikantuk margi kangge panjaring kawontenan.

            “Naaa… harak tenan ta?” Bapa Lurah ngendika kalihan mesem “aku wis ngira yen Kyai Daka lan Ki Danara sakancane kae mung ngenteni lenaku wae, sajake wong-wong kae wis weruh yen kekuwatane Kyai Pantek kuwi wis nyawiji karo kekuwatanku. Yen nganti kekuwatan loro kuwi dipisahake, loro-lorone bisa ilang kekuwatane kabeh, aku bisa bali kaya jaman kowe isih cilik biyen, ya iku wong sing kekuwatane mung salumrahe wong, ora ngerti ngelmu kanuragan lan ora bisa nggunakne simpenan kekuwatan kang manggon ing ngisoring ati. Samono uga Kyai Pantek, keris kuwi bakal bali dadi kaya lading lumrah, sing katiyasane mung kena kanggo ngrajang brambang”.

            “Makaten Bapa?”

            “Iya” Bapa Lurah lajeng paring dhawuh malih “lan bares wae, aku nduwe pandakwa sing banget marang Kyai Daka, dheweke mung kepengin nguwasani Kyai Pantek. Yen Kyai Pantek wis ucul saka aku, Kyai Daka bakal mbaleni tumindake jaman arep meksa aku supaya misahake dhiri saka Mataram. Aku, kowe lan wong-wong sing ora sarujuk karo panemune mesthi bakal disirnakne kabeh. Dadi aja gampang kowe diiming-imingi karo sing jarene Aji Bledheg Saleksa kuwi. Awit satemene, Kyai Daka kae ora duwe Aji sing jeneng Aji Bledheg Saleksa kuwi, aji sing jarene ora ana tandhinge kuwi anane ya mung ana angen-angene Kyai Daka lan angen-angene Bebau Danara. Entrane ngono wong-wong kae kepengin kaya critane Ki Gedhe Pengging Sepuh ya Pangeran Handayaningrat jaman semana sing kadigdayane tanpa tandhing awit nggadhuh Aji Sasra Birawa”.

 

 

Ana candhake

 

 

           

 

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...