Total Tayangan Halaman

Kamis, 14 September 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (111)

111.

        Suwanten wangsulanipun Ki Bebau Jangglengan kepireng tatag lan nedahaken kuwantunanipun menika mila boten aneh, jalaran sedaya ugi sampun sumerep menawi sambet srawung antawisipun kulawarganipun Ki Pawit lan Rama Kyai Daka menika ketingal sae menika namung ing tata gelar kemawon. Ing salebeting manahing kekalihipun sami-sami ngendhem raos boten remen malah kepara gething amburu sengit. Namung kemawon sadangunipun menika, mila kulawarganipun Ki Pawit boten ngetingalaken raos boten remenipun dhateng Kyai Daka sapaguronipun, kanthi ngeblak. Malah kepara asring menawi mireng tiyang ingkang reraosan bab awonipun Kyai Daka menapa dene Ki Lurah Danara, kados Ki Pawana menika langkung remen ngalih boten remen tumut mirengaken. Benten kalihan Ki Lurah Danara lan Rama Kyai Daka ingkang asring ngraosi Ki Pawit mawi pasemon ingkang ngremehaken lan damel gegujengan, kados upaminipun mastani Ki Pawit ingkang ugi nampi siswa ingkang kepengin sinau ing ulah kebatosan, mawi sebatan Paguron Kebatosan Pangawuran.

        Estunipun Ki Pawit ugi nate matur dhateng Bapa bilih Rama Kyai Daka lan Ki Lurah Danara menika kasetyanipun dhateng Kepuh Agal pantes dipun sujanani, awit asring kepireng wadulan saking para sinoman ingkang ugi tumut gladhen ulah kanuragan ing sanggaripun Kyai Daka, bilih Kyai Daka lan Ki Danara menika asring reraosan bilih jumenengipun Kanjeng Panembahan Senapati ing Mataram menika murang tata, nyebal saking pepakeming Tanah Jawi. Nanging dening Bapa kapurih ngenengaken kemawon sauger anggenipun reraosan makaten kala wau boten ing ngarsanipun Bapa utawi para Bebau lan sesepuhing Kepuh Agal. Mireng wangsulanipun Bapa ingkang makaten menika Ki Pawit inggih lajeng mendel. Awit Ki Pawit ketingalipun saged nampi pawadan ingkang dipun dhawuhaken Bapa bilih njagi karukunan antawisipun warga Kepuh Agal menika sakalangkung wigatos, bab anggenipun Kyai Daka dereng purun ngakeni bilih Mataram menika samangke ingkang kapiji mranata reh parentahing Tanah Jawi, mangke saged dipun dandosi alon-alon.

        “Kados pundi Adhi rantaman kula manawi cariyos ingkang dipun bekta Ki Grojoganngubal kala wau leres?” sareng sampun sawatawis kula boten wicanten menapa-menapa, Ki Pawana lajeng pitaken dhateng kula “miturut pamawasipun Gus Dapa sampun leres menapa kedah wonten ingkang dipun ewahi?”.

        “Nyuwun pangapunten Kakang” ngatos-atos kula suka wangsulan “kula namung nguwatosaken katentremanipun Kepuh Agal, menawi ngantos wonten pasulayan antawisipun Kakang Pawana kalihan Ki Danara, menapa malih ngantos dumados kerengan adu kaprawiran, boten sande kawula lan warga ingkang badhe dados kurban. Menapa sakintenipun boten wonten cara sanes ingkang langkung prayogi Kakang?”.

        “Lha menika ingkang kula ajeng-ajeng Gus” Bebau Jangglengan suka wangsulan kalihan mesem “sepisan malih kula kedah ngrumaosi bilih nalar kula sok kasep anggenipun mlampah, lajeng kalancangan dening raos, temah boten mikir kados ingkang jengandika dhawuhaken menika kala wau. Waunipun kula nggagas, manawi kabar ingkang dibeta Ki Grojoganngubal menika nyata leres, kula badhe manggihi Kyai Daka, badhe kula cethakaken bilih lekasipun ingkang makaten kala wau sami kalihan wani dhateng Ki Kepuh Agal lan nantang dhateng sanggya warga Dhusun ingkang sampun pitados dhateng Ki Kepuh Agal wiwit jaman Kyai Daka dereng dumugi ing papan menika. Nanging kula kemutan watak kula lan watakipun Kyai Daka menika meh sami, tan wurunga manawi kula sampun aben ajeng kalihan Kyai Daka lan ngrembag prakawos menika mesthi lajeng tuwuh sulayaning rembag lan dados kerengan. Lajeng kula nggagas rantaman angka kalih, ingkang sampun kula aturaken dhateng Adhi Pradapa kala wau. Nanging jebul inggih dereng pas, samangke kula nyuwun tulung saenipun kula kedah kados pundi Adhi?”.

        “Makaten Kakang Pawana inggih?” kula mesem mireng pitakenipun Ki Bebau Jangglengan makaten menika, lajeng nyobi suka wangsulan “sedaya menika rak dereng cetha ta? Liripun makaten, Ki Pawana dereng ndangu Paman Pahing lan Paman Tanggon bab pawartos menika. Kula kinten langkung prayogi menawi Kakang Bebau ndangu Paman Tanggon lan Paman Pahing lakung rumiyin, kajawi saking menika kaparenga Ki Pawana paring palilah dhateng kula, kula badhe sowan dhateng Rama Kyai Daka, ambok bilih kanthi makaten saged damel pajaring kawontenan”.

        “Inggih, inggih Gus, mangke wangsul saking mriki, kula padosane Ki Tanggon kalihan Ki Pahing” Ki Pawana wangsulan kalihan polatan ingkang bingar, lajeng kasambet pitaken dhateng Ki Bebau Grojoganngubal “Ki Pahing menawi wayah samenten rak nggih teng griya ta Ki Pahang?”.

        “Anu Ki, Pahing kalihan Tanggon enjing wau bidhal kurung dhateng wana ler bengawan, yasa gaplek gadhung” wangsulanipun Ki Bebau Grojoganngubal “mengke kula tak kongkonan nusul, kajenge wangsul lan manggihi ndika”.

        “Kula kinten langkung prayogi menawi anggenipun Paman Tanggon lan Paman Pahing sowan Ki Jangglengan, ndika terne pisan Ki Bau” kula udhu pamanggih.

        “Inggih Gus” Ki Pahang wangsulan cekak.

        “Ngeten mawon” Ki Pawana wicanten malih “benjing dalu kemawon, Ki Tanggon kalihan Ki Pahing saha Ki Grojoganngubal kula kanthinipun sowan Adhi Pradapa ing dalem Kalurahan mriki, supados Ki Tanggon cariyos kedadosan ingkang dipun sumerepi. Kados pundi manawi makaten Adhi?”.

        “Kula kinten menika inggih prayogi Kakang” wangsulan kula “nanging mirunggan kemawon, sampun ngantos damel titiyang ingkang sumerep lajeng nggadhahi panginten ingkang boten-boten”.

        Sareng sampun cekap, Ki Pawana lan Ki Pahang lajeng pamitan wangsul. Murih boten nuwuhaken pitakenanipun tiyang-tiyang ingkang sumerep, Ki Pawana kalihan Ki Pahang anggenipun mandhap saking pendhapa boten sareng lan wangsulipun medal margi ingkang benten.

        Kula lajeng dhateng gothakan malih, badhe mangsuli anggen kula njingglengi serat-serat kina ingkang dereng rampung anggen kula maos. Nanging jebul pikiran kula boten saged munjer dhateng ingkang kula jingglengi. Pawartos ingkang dipun bekta Bebau Grojoganngubal ingkang nyariyosaken dukanipun Rama Kyai Daka lan anggenipun badhe mbalela kanthi ngajak sedaya siswa lan calon siswanipun menika tansah ngranuhi manah kula. Rontal-rontal ingkang kula wedalaken lajeng kula lebetaken malih, kula kepengin ngleremaken nalar langkung rumiyin. Pranyata boten saged lerem, malah sansaya ngambra-ambra dumugi pundi-pundi. Nguwatosaken menawi ngantos Kepuh Agal dados geger. Awit sanaosa kala wau kula sampun mbudidaya murih Bebau Jangglengan saged meper runtiking manahipun kangge njagi katentremaning Kepuh Agal lan Ki Pawana ugi sampun nglenggana lan nurut pamrayogi kula, nanging kula nguwatosaken  menawi Ki Danara ingkang dhemen pamer kadigdayan lan rumaos tiyang Sa-Kepuh Agal boten wonten ingkang saged nandhingi, lajeng damel dhadhakan perkawis kanthi ndugeni Ki Pawana. Lan menawi menika kalampahan, pasulayan antawisipun Ki Danara lan Ki Pawana tamtu boten saged dipun selaki malih. Salebeting manah, kula ngajeng-ajeng enggala dumugi wanci enjing, kula badhe dhateng Sanggar manggihi Kyai Daka. Murih ingkang kula kuwatosaken boten siyos kalampahan.

        Saestu enjingipun, nalika sunaring srengenge mangsa ketiga sampun gematel nalika ngengingi kulit, kula tumuli njangkahaken suku tumuju sanggar. Kalihan mlampah, angen-angen kula nata ukara ingkang mangke badhe kula aturaken ing ngajengipun Rama Kyai Daka, sampun ngantos ukara ingkang badhe kula aturaken mangke malah mewahi dukanipun Kyai Daka.

        “Anakmas Pradapa ta iki?” nalika kula dumugi regol pakaranganipun Kyai Daka, jebul Kyau Daka nembe wonten mriku ingkang lajeng sapa aruh dhateng kula kados padatan menawi kula mriku “ayo bablas menyang Pendhapa wae, dina iki gladhen kanuragan leren, awit Danara ana pakaryan dhukuh sing kudu dirampungake dhisik”.

        Mantun ngendikan makaten menika Kyai Daka ugi lajeng tindak tumuju pendhapa dalemipun. Boten kantun kula inggih lajeng ndherek tut wuri ing wingkingipun.

        “Aku ndherek bela sungkawa awit sedane Nyai Lurah, Anakmas” sasampunipun kula mapan linggih Rama Kyai Daka langkung rumiyin ngendika, nelakaken raos bela sangkawanipun dhateng kula “ya sing gedhe pangapurane anak mas Pradapa, awit aku ora bisa teka lan ndherekne tindake Nyai Lurah menyang papan paleremane kang pungkasan. Awit wingi kuwi mbarengi karo kahanan kasarasanku rada ora becik. Awakku krasa nggreges, merga ana rasa rada ora kepenak, Raden Gunendra sawuse tedhak marang dalem Kalurahan kundure ora mampir kene, kamangka maune dhawuh nek arep mampir. Embuh ana sebab apa aku ora ngerti, kok jebule ora sida mampir”.

        “Inggih Rama” kula atur wangsulan kanthi alus, ajrih menawi ndadosaken cuwaning penggalihipun Rama Kyai Daka, mila kula lajeng matur dora sembada “mugi-mugi Rama Kyai tumunten waluya kados wingi uni, mila sasampunipun wawan pangandikan kalihan Bapa ing pendhapa, ingkang kraos gumyak awit Bapa kalihan Raden Gunendra jebul sami-sami saking Pajang, lajeng Raden Gunendra ngersakaken kundur. Lan anggenipun kundur inggih daya-daya awit nembe kemutan bilih panjenenganipun kedah ngrampungaken jejibahan saking ingkang ramanipun ing Patalan”.

        “Oo dadi olehe ora mampir mrene kuwi merga Raden Gunendra mburu wektu, arep ngrampungake jejibahan saka Ramane kuwi” Rama Kyai Daka ngendikan alon kados katujukaken dhateng saliranipun piyambak.

        “mBok bilih mila makaten Rama”

        “Banjur sawise klakon wawan pangandikan karo Ki Kepuh Agal magepokan karo anggone Raden Gunendra arep paring kanugrahan marang Anakmas Pradapa, kepriye tanggapane Ki Kepuh Agal ?” Rama Kyai Daka lajeng mundhut pirsa.

        “Bapa sakalangkung karenan penggalihipun Rama” wangsulan kula dora malih “lajeng matur dhateng Raden Gunendra, nyuwun inah kangge nata jiwa kula langkung rimiyin murih sawanci-wanci kaparingan Aji Jaya Kawijayan boten kaget, mangke sasampunipun pitung dasa dinten kapetang kalihan dinten anggenipun Bapa matur menika, kula badhe kasowanaken ing dalem kasatriyanipun Raden Gunendra ing Patalan. Nanging Raden Gunendra malah paring dhawuh, rumaos kirang susila menawi Raden Gunendra pirsa menawi Bapa keraya-raya nyowanaken kula, mila Raden Gunendra ngendika bilih ing wanci ingkang sampun kasarujukan, panjenenganipun badhe rawuh malih dhateng Kepuh Agal saprelu mapag kula lan  kakanthi dhateng Patalan”.

 

Ana candhake

 

Rabu, 13 September 2023

SENDHANG MISTIKANING WARIH 7 (110)


 

110.

        Sanaosa sampun mbudidaya mbingar-mbingaraken polatanipun, suprandene saking soroting mripatipun sampun nedahaken bilih Bebau Jangglengan menapa dene Bebau Grojoganngubal menika sami anggenipun nembe wonten prakawis ingkang ngreridhu manahipun. Pramila kula inggih lajeng nedahaken polatan ingkang limrah, liripun kados padatan menawi nuju kepanggih kanca utawi sanak sedherek ingkang kaleresan sanja ing dalemipun Bapa menika.

        “Kok njanur gunung, kadhingaren antawisipun Ki Pawana lan Ki Pahang saged sarimbit sareng-sareng dugi mriki?” wicanten kula sasampunipun bage binage sawatawis “niki wau kapinujon langkung margi mriki lajeng mampir? Menapa mila saking griya Ki Bau?”.

        “Inggih Adhi” ingkang wangsulan Ki Jangglengan rumiyin “mila sowan kula mriki wau inggih awit saking griya, cethanipun kula ngajak Ki Pahang sowan Adhi Pradapa, jalaran wonten pawartos ingkang wigati ingkang Ki Pahang langkung ngertos prakawis pawartos menika”.

        “Walah kula kok lajeng dheg-dhegan ta Kakang?” kula wangsulan kalihan mesem, jalaran samangke praupanipun tiyang kalih menika sampun ewah, ewah dados kados tiyang nembe bingung “gek pawartos menika pawartos babagan menapa? Menawi babagan ruwet rentenging tata reh parentahing Dhusun, kula kinten Kakang Pawana minangka sesulihing Bapa langkung pana kangge ngrampungaken prakawisipun, menawi babagan sanes liripun ingkang magepokan kalihan kula pun Pradapa salah satunggaling kawula ing Kepuh Agal, harak mesthinipun Kakang Pawana ingkang nimbali kula murih sowan, lajeng kapurba lan kawasesa murih saenipun, boten Kakang Pawana ingkang keraya-raya dugi mriki? Atur kula ingkang makaten menika boten kok kula boten remen karawuhan ndika kekalih, nanging namung dhapur murih boten ngundang kamerenipun warga sanes, ingkang mbok menawi kemawon lajeng tuwuh raos sujana dhateng kula menapa dene Kakang Pawana, sujana dhateng kula dumeh kula putranipun Ki Kepuh Agal, sujana dhateng Kakang Pawana sampun tumindak emban cindhe emban siladan”.

        “He he he” Ki Jangglengan gumujeng alon saderengipun suka wangsulan dhumateng kula “jane ngoten, kula miki rak ajeng nagih dhateng ndika ta Dhi? Mula kula sowan mriki, lha wong nagih kok ngundang sing ditagih? Niku mengke rak boten sae? Enggih nek sing ditagih gelem mara? Nek boten purun? Kula rak dados ora sida nagih ta?”.

        “Kakang Pawana badhe nagih kula?” kula radi kaget jalaran rumaos kula, kula boten nate gadhah petang kalihan Bebau Jangglengan menika “nagih babagan menapa? Menawi kula gadhah sambutan, lajeng kula nate nyambut menapa? mbok menawi kemawon kula sampun supe Kakang, nggih nyuwun pangapunten menawi kula sing lali”.

        “Ingkang kula tagih niku boten ing babagan utang silih kok Dhi?” Ki Jangglengan mesem “nanging prakawis kasagahan. nDika rak sampun sagah boten badhe negakne kula ta Gus?. Lha kesagahan niku sak niki kula tagih. Dinten menika kula radi kewetan kedah tumindak menapa, awit wontenipun kabar ingkang dipun beta dening Ki Pahang. Lha murih cethanipun ndika kula aturi ndangu Ki Pahang”.

        “Oalah, ngoten ta Kakang?” kula tumut mesem, lajeng gentos taken dhateng Ki Pahang “gek pawartos sing sanjange wigati niku kabar menapa ta Ki Grojoganngubal?” .

        “Criyose radi panjang Gus” wangsulanipun Ki Pahang “kabar ingkang kula criyosaken dhateng Ki Jangglengan niku, waune sing mbeta rak adhi kula Pahing, lha Pahing dipun criyosi Si Tanggon…….”

        “Walah kabar kok sambung sinambung kados tali layangan mawon lho Ki?” pitaken kula kalihan ngampet guyu “gek niku kabar pripun? Leres kenging dipitados menapa boten?”.

        “Lha niku sing ndadekne kula ewuh oya ing pambudi” Ki Pahang suka wangsulan “liripun nek ajeng percaya kabar niku ulet-uletan kados benang ruwet, nanging menawi boten pitados kula ajrih menawi pawartos menika leres lan saged mbebayani tumrap Dhusun Kepuh Agal”.

        “Lha pawartosipun piyambak menika menapa Ki Pahang?”

        “Tanggon menika rak tumut gladhen ing sanggaripun Kyai Daka ta Gus?”

        “Inggih leres Ki, Paman Tanggon mila sregep tumut gladhen ulah kanuragan ing sanggaripun Rama Kyai Daka, nanging sangertos kula dereng kawisuda dados siswa dados inggih sami kalihan kula, jejeripun nembe calon siswa” wangsulan kula ngleresaken wicantenipun Ki Pahang.

        “Nalika Tanggon ngepasi dugi dhateng Sanggar, Tanggon sumerep lan mireng menawi Kyai Daka lan Ki Lurah Danara sami rerembagan kalihan tiyang-tiyang ingkang sampun dados siswanipun Kyai Daka. Tanggon piyambak boten kenging tumut wicanten amargi dereng dados siswa nembe dados andhahanipun Ki Lurah Danara, nanging dipun keparengaken tumut mirengaken ing wingking, kempal kalihan para calon siswa sanesipun” Ki Bebau ing Grojoganngubal wiwit cariyos “pramila Tanggon inggih mangertos ingkang dados rembag”.

        “Lha ingkang dipun rembag babagan menapa Ki Bau?” kula selak boten sabar kepengin mangertos kabar wetah ingkang dipun bekta Ki Pahang menika.

        “Cekakipun Kyai Daka wekdal menika nembe duka ageng lan badhe males raos sakiting manahipun ingkang ndadosaken duka kala wau” Ki Pahang suka wangsulan.

        “Duka? Duka prakawis menapa lan sinten ingkang sampun kumawantun damel dukanipun Rama Kyai Daka menika Ki Bau?” kula pitaken malih.

        “Lha menika ingkang boten kepanggih nalar Gus”

        “Boten kepanggih nalar pripun Ki Bau?”

        “Menawi nitik ingkang dados jalaran, mesthinipun tuking duka menika dhateng Ki Kepuh Agal”  Ki Pahang suka wangsulan lan nglajengaken anggenipun cariyos “awit Kyai Daka rumaos dipun remehaken lan rumaos babar pisan boten dianggep minangka sesepuhing Kepuh Agal kanthi boten dipun rawuhaken ing parepatan ing pendhapa kala wingi sabibaring pamethaking layonipun Nyai Lurah…….”.

        “Mangke rumiyin Ki Bebau” kula kapeksa nyela rembag, awit radi muntab manah kula jalaran Bapa dipun anggep lepat “Rama Kyai Daka boten rawuh ing rembagan kala wingi niku, sing lepat Bapa nama Rama Kyai Daka?. Awit cetha anggenipun Bapa nabuh kenthongan kalurahan suwantenipun gumontang ngebeki saindenging Kepuh Agal, ketitik sedaya Bebau lan kathah Sapukawat lan Sesepuhing Dhusun gumrudug sami ndugeni dhawuh timbalan saking Bapa lumantar suwanten kenthongan menika. Menawi Rama Kyai Daka boten rawuh awit boten mireng suwantenipun Kenthongan, mesthinipun boten lajeng nglepataken Bapa……”.

        “Sekedhap ta Gus, sampun duka rumiyin lan sampun ndukani kula, kula niki namung criyos boten tumut nglepataken Ki Lurah” Ki Pahang nigas wicanten kula.

        Ki Pawana mesem, kula lajeng tumut mesem, lajeng wicanten malih :

        “Inggih sampun, mangga dilajeng anggenipun criyos, kula niki boten nesu lan boten nesoni ndika, namung radi kaget, merga Bapa kaanggep lepat”.

        “Estunipun criyose si Tanggon” Ki Pahang nglajengaken anggenipun cariyos “sampun wonten salah satunggaling siswa ingkang ugi dados sapukawating Dhusun matur dhateng Kyai Daka, bilih sedaya ingkang ndugeni parepatan ing pendhapa kala wingi menika inggih awit mireng suwantenipun Kenthongan ingkang anyulihi dhawuh timbalan saking dalem Kalurahan. Nanging Kyai Daka mboten saged nampi aturipun siswa menika, malah lajeng duka dugi pundi-pundi, Kyai Daka boten trimah menawi dipun samekaken kalihan sesepuh sanesipun klebet Ki Pawit, Ki Pamuji lan sanes-sanesipun. Menika jan lucu sanget, amargi Kyai Daka menika miturut kula, menawi katandhing kalihan Ki Pawit cetha menawi mapan ing ngandhapipun tebih, nanging Kyai Daka rumaos nggadhahi drajat langkung inggil kalihan Ki Pawit. Lan ingkang langkung lucu malih Gus, Ki Lurah Danara niku lho kok saged-sagede tumut ndukani siswa ingkang dados Sapukawat menika kala wau. Kamangka sedaya tiyang rak inggih sami sumerep lan mireng menawi Ki Lurah Danara inggih tumut dugi lan tumut wicanten ngedalaken pamanggihipun ing parepatan kala wingi niku”.

        “Lajeng criyosipun Rama Kyai Daka badhe males raos sakit manahipun? Menika kados pundi Ki criyosipun ?” kula nyelani pitaken.

        “Lha niku, gandheng Kyai Daka rumaos boten dipun jak rembagan, piyambakipun rumaos nggadhahi wewenang nampik menapa ingkang dipun tetepaken Ki Kepuh Agal ing parepatan kala wingi menika, mliginipun boten badhe purun ngakeni Ki Pawana ninangka Suhing para Bebau ing Kepuh Agal menika lan Kyai Daka ugi rumaos nggadhahi wenang marentahaken sedaya siswa lan calon siswanipun kangge ngemohi Ki Pawana minangka sesulihipun Ki Kepuh Agal sadangunipun Ki Lurah tindak nindakaken jejibahan winadi menika. Inggih taksih wonten setunggal malih, Ki Danara ugi tumut ngincim dhateng para siswa lan calon siswanipun Kyai Daka, menawi ngantos wantun mbangkang prentahipun Kyai Daka menika badhe kapatrapan pidana jumbuh kalihan paugeraning paguronipun”.

        “Lajeng Kakang Pawana minangka sesulihing Bapa minangka Lurah ing Kepuh Agal kadospundi manggihi kedadosan ingkang makaten menika?” kula lajeng gentos pitaken dhateng Ki Bebau Jangglengan.

        Ki Pawana unjal ambegan landhung lajeng wicanten suwantenipun kepireng las-lasan :

        “Inggih Adhi, kula sampun nggadhahi rantaman ingkang badhe kula aturaken Adhi Pradapa, mangke menawi wonten ingkang kirang pas, kula suwun Adhi Pradapa keparenga ngleresaken. Sepisan, kula badhe madosi lan ndangu dhateng Ki Pahing lan Ki Tanggon langkung rumiyin. Menawi mila kabar ingkang dipun cariyosaken Ki Grojoganngubal menika saestu, nembe kula badhe jumangkah. Kaping kalih, kula boten badhe maelu lekasipun Kyai Daka, jalaran wewahan jejibahan ingkang kasampiraken dhateng kula menika dhawuh saking Ki Kepuh Agal, dede saking Kyai Daka. Kula boten dipun akeni minangka sesulihipun Ki Lurah Kepuh Agal dening Kyai Daka inggih boten menapa-menapa,  awit antawisipun Pawana ingkang sampun kaparingan wewahan jejibahan dening Ki Lurah kalihan Kyai Daka menika mila boten wonten sambetipun ing reh tata perantahing Dhusun. Benten malih menawi kalihan Ki Bebau Sidamulya, piyambakipun menika Bebau kedah nurut dhateng parentahing paugeran minangka Bebau, menawi ngantos piyambakipun wantun nerjang paugeran lan nyidrani sesanggeman minangka Bebau, mangka kula wajib angemutaken. Manawi ngantos kula emutaken kanthi alus boten kenging, kula inggih badhe ngemutaken mawi kekiyataning kanuragan. Sanaosa Ki Danara menika Lurahing para siswanipun Kyai Daka, kula inggih boten badhe sulap, malah saupami Kyai Daka tumut cawe-cawe mbebela siswanipun, kula inggih boten badhe ajrih”. 

 

Ana candhake.

Selasa, 12 September 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (109)

109.

        Sinambi nedha sesarengan kula lan para rewang sami saur manuk ngrembag kawontenan ing dalem kalurahan sasampunipun Biyung sinarekaken ing kuburan. mBok Jayem cariyos menawi wiwit kala wingi sampun yasa sesajen kapapanaken ing senthongipun sawargi Biyung. Awit mBok Jayem nginten menawi Bapa tuwin kula supe paring dhawuh dhumateng piyambakipun murih nyawisaken sesajen kados padatan menawi wonten kulawarga ingkang pejah, inggih labet saking susahipun.

        “Inggih nyuwun pangapunten Gus, kula boten matur Ki Lurah utawi Gus Dapa langkung rumiyin” wicantenipun mBok Jayem kalihan nedha “awit kula dipun tuturi jenatipun Simbok, alusipun tiyang ingkang boten wonten menika, salebeting sekawan dasa dinten taksih klipengan ing sakanan keringing griyanipun. Lha kangge dhaharipun alusing Nyai Lurah lajeng kula damelaken sesaji kala wau”.

        “Aku banget nedha nrima marang ndika mBok Jayem” wangsulan kula “sanadyan kapitayan kang rinasuk Bapa beda klawan kapitayan ndika, kapitayane Bapa sing uga banjur tak gugu, aluse wong sing wis tinimbalan Gusti kuwi wis ngalih ing alam liyam ora klipengan ing alam kang gumelar iki,  ya ing alam kang beda iku wong sing wis ora ana mlaku tumuju marang ngayunaning Gusti, lha sangune kabeh wujud lelabuhan kang ditindakne jaman isih manggon ing jagad padhang iki, yen gedhe lelabuhane marang sanak kadang lan pepadhaning titah, mangka ing kana ya sarwa kacukupan, kosok baline yen jaman uripe akeh tumindak sing gawe kapitunan lan kasangsarane liyan lan sapepadhaning urip, mangka dalan kang ditempuh kajaba rumpil ya peteng dhet-dhet, temah ing kana lakune dadi rekasa, bisa-bisa anjog ing papane para lelembut sing banget nggegirisi kahanane. Kajaba saka kuwi, kulawarga lan sanak kadange pancen kaparengake malah kepara kaprentahake  ndedonga lan nyenyuwun marang Allah, supaya sing wis seda bis kaparingan jembar kubure, padhang dalane, lepas parane tumuli katarima sowan ing nganyunaning Gusti lan kaparingan papan anyar sing luwih becik tinimbang papan sing tau dipanggoni nalika jaman uripe. Kuwi kapitayane Bapa, sing mbok menawa beda karo kapitayan liyane. Kang mangkono kuwi lumrah wae, ora perlu dadi udur rebut bener. Jalaran kajaba ora ana gunane, uga bisa ndadekne ora becik, ngrenggangake anggone sarawungan wong siji lan sijine, Kaya kang wis kedadeyan ing dina iki, aku lan ndika kabeh kuwi duwe rasa kang padha marang sawargi Biyung, lan kanggo mujudake rasa tresna lan bekti marang Biyung cara sing ndika tempuh beda karo laku sing tak tindakne. Dadi nek ndika kabeh padha nggugu marang dhawuhe Bapa, aja dhemen meksa liyan supaya nggilut kapitayan sing dirasuk, merga jenenge kapitayan kuwi ora bisa dipeksa. Tinimbang kanggo udur, padudon, tukaran sing sabab saka bedaning kapitayan, luwih becik, padha ditumemen nggone nindakne piwulanging kapitayane dhewe-dhewe kanthi sabecik-becike”.

        “Lha menawi kados kula niki lajeng pripun Gus?” Paman Genter nyelani rembag pitaken dhateng kula.

        “Ana apa karo ndika Paman Genter?” pitakenipun Paman Genter kula wangsulaken.

        “Wiwit jaman rumiyin, tiyang sepuh kula, kula lan lan sedherek-sedherek kula sami manut kapitayan ingkang dipun rasuk Ki Pawit, ingkang naminipun Agami Islam, agaminipun Gusti Kanjeng Nabi ingkang jumeneng Rasulullah. Nanging nggih niku, sareng sansaya ageng kula lan sedherek-sedherek kula lajeng kekathahen padamelan kangge nyekapi kabetahaning gesang, ngantos kula lirwa ing wajib, temah supe sedaya dhateng ingkang naminipun sembahyang, siam, ngaji lan sapiturutipun. Dados wekdal sak niki niku, kula niki sampun lali cara lan japane wulu lan sembahyang, japane siam, aksarane Kitab Koran. Lajeng kula niki klebet ngrasuk kapitayan menapa Gus?”.

        “Sing lagi dirembug iki mau babagan kapitayan Paman” wangsulan kula kalihan mesem, jalaran estunipun manah kula ugi asring nyuwanten kados ingkang dipun ucapaken dening Paman Genter menika “kapitayan kuwi manggone ana ing telenging ati, ana ing batin, ana ing jiwa. Lha sing ndika takokne kuwi mau, kabeh manggone ana ing lahir, ana ing kanyatan, sing nindakne raga. Nek tak jlentrehne nganti sedina sewengi ora bakal ana pedhote”.

        “Nanging sakedhik-sakedhik kula suwun Gus Dapa kersa paring wangsulan dhateng pitaken kula niki wau Gus” Paman Genter dereng marem kalihan wangsulan kula.

        “Ngene ya Paman” wekasan kalihan mesem radi wiyar kula suka wangsulan “tenane ngono antarane Paman karo aku kuwi ora pati akeh bedane, Paman Genter lan sing ana kene iki mesthine ya wis padha ngerteni aku saben dinane. Aku iki ora kaya Bapa lan uga ora kaya Biyung sing tuwajuh nggone nindakne panembah marang Allah. Lha nek aku, wiwitane ya dhang thek, sok gelem nindakne sembahyang sok aras-arasen, suwe-suwe ya banjur blas ora tau nindakne sembahyang babar pisan, ora beda karo Paman Genter. Lha ngenani kapitayan sing ditakokne Paman Genter mau, jlentrehe mangkene : Bapa tau paring weruh marang aku, yen agama Islam kuwi agama sing sipate lahir batin, lakune panembah mendhuwur lan mubeng. Sipat batin rupane kapitayan, sing manggone ana ing ati utawa ing batin, dene sing rupa lahir wujude tumindak becik sing linandhesan rasa percaya marang kapitayan mau, tumindak becik mendhuwur tegese kaunjukne marang Gusti diarani laku sarengat, dene tumindak becik sing mubeng tegese karyanak tyasing sasama, memayu hayuning bawana. Katelune kuwi ora kena dipisah-pisahake. Yen kongsi pisah teges rusak agamane. Mula ora luput yen ana sing ngarani agama Islam kuwi ora mung wujud salat-sembahyang wae, malah salat-sembahyang kuwi kena diarani perangan sethithik saka laku sarengat. Cekake ngene, wong ngaku iman marang piwucale Kanjeng Nabi bakal nguwohne gelem nindakne laku sarengat lan saka laku sarengat bakal nguwohake bebuden sing becik marang sapepadhane titah. Mula nadyan ngakune wis iman lan gelem nindakne laku sarengat sarana salat sembahyang nanging yen budine isih candhala dhemen gawe kapitunaning liyan, seneng gawe lara atine sapepadhaning titah, duwe ambeg gumendhung lan kumalungkung lan sapiturute, kuwi nyata nek isih wong lamis. Islame mung lelamisan, imane mung lelemeran. Lha awake dhewe iki, sabisa-bisa kudu mbudidaya murih bisa dadi pandhereke Agamane Gusti Rasul kang satuhu. Yen saiki isih lali, kaya aku lan ndika wektu iki, ayo tumuli padha eling maneh”.

        “Inggih Gus Matur nuwun” Paman Genter wangsulan kalihan manthuk-manthuk.

        Boten kraos sinambi rerembagan, anggenipun nedha sampun rampung. Kula lajeng wangsul malih dhateng Gothakan badhe nglajengaken anggen kula nyinaoni wewarah kina ingkang kaserat ing serat ingkang dipun singgahaken dhateng mriku. Boten supe kula ugi meling dhateng Paman Genter lan para rewang, murih menawi wonten menapa-menapa supados cariyos dhateng kula.

        Sansaya kathah anggen kula njingglengi piwucal kuna, sansaya kraos menawi kula menika sakalangkung bodho lan nistha. Langkung-langkung nalika kula nyemak lelampahanipun Bapa Adam lan Ibu Kawa jaman wiwitaning manungsa, inggih menika ing bab wewadining wit lan woh kuldi ingkang awit pambujuking Iblis, lajeng kadhahar dening Ibu Kawa temah ndadosaken papa cintrakanipun. Sansaya cetha menawi kula menika tuhu-tuhu bodho lan nistha, jalaran jebul kula boten kraos taksih asring nedha wujuding woh kuldi, ingkang wujud lan naminipun saged dados manekawarni.  Bodho jalaran sadangunipun menika kula sampun asring lumuh nindakaken prakawis-prakawis ingkang kula anggep sepele, pranyata prakawis menika sanget ageng pedah lan ginanipun tumrap kula lan ageng ganjaranipun saking Gusti Ingkang Maha Mirah menawi prakawis menika dipun lampahi kanthi leres, sinartan lekas kangge nyaket dhumateng Gusti. Nistha, jalaran kula ugi asring nindakaken prakawis ingkang rumaos kula remeh lan boten badhe nguwohaken awon, jebul menika prakawis ingkang saged damel bebenduning Gusti menawi dipun lampahi, jalaran sampun mbebayani tumrap ingkang nglampahi lan tumrap titah sakanan keringipun, ugi saged nuwuhaken kapitunaning tiyang kathah malah kepara saged damel kasangsaraning putra wayah ing jaman ingkang badhe dumugi salajengipun.

        Inggih awit kasengsem dhateng piwucal-piwucal kuna ingkang pranyata tumrap kula langkung sae menika, kula lajeng nggadhahi lekas badhe maos sedaya serat ingkang wonten gothakan menika. Sokur bage menawi sampun saged kula waos sedaya saderengipun Bapa rawuh saking anggenipun marak dhateng Mataram. Dene menawi dereng inggih badhe kula lajengaken manawi Bapa sampun wonten dalem malih. Awit kula ngertos, kangge nyumerepi wosing piwucal setunggal ukara terkadang mbetahaken wongsal-wangsul anggenipun maos, sinambi ngangen-angen menggah suraosing ukara. Kula ugi nggadhahi niyat, sedaya pangertosan ingkang sampun kula sumerepi menika benjingipun badhe kula suwunaken pirsa dhateng Bapa, leres lan lepatipun anggen kula nyuraos ungelipun piwucal.

        “Nyuwun pangapunten Gus” boten kula mangertosi duginipun, Paman Genter sampun ngadeg ing caket kula kalihan wicanten.

        “Iya Paman, ana apa?” kula pitaken dhateng Paman Genter.

        “Atur uninga, ing jawi wonten tamu ingkang badhe kepanggih kalihan Gus Dapa” Paman Genter suka wangsulan.

        “Tamu? Sapa?” kula pitaken malih.

        “Ki Pahang, Bebau ing Grojoganngubal kalihan Ki Pawana Bebau ing Jangglengan”

        “Ki Bau Jangglengan karo Ki Bau Grojoganngubal?” kula radi nratab, nginten menawi duginipun Bebau kalih dhateng Kalurahan menika tamtu awit badhe ngajak rembagan prakawis ingkang tuwuh sasampunipun Ki Pawana katetepaken minangka sesulihing Bapa ngesuhi para Bebau sanesipun ing Kepuh Agal menika.

        “Inggih Gus, samangke sampun kula aturi lenggah ing pendhapa”

        “Iya Paman, nedha nrima” wangsulan kula kalih ngadeg lajeng mangsulaken lontar-lontar ing papanipun sakawit “tak temonane Bebau loro kuwi, saiki”.

        Sareng kalihan medalipun Paman Genter saking Gothakan, kula ugi lajeng mlampah dhateng Pendhapa. Badhe manggihi Bebau Jangglengan lan Bebau Grojoganngubal menika.

 

 

Ana candhake.

 

 

Senin, 11 September 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (108)

108.

        Kula namung mendel kemawon, kalihan nyobi mangertosi dhawuhipun Bapa ingkang makaten menika mawi manah ingkang suci linambaran raos pitados bilih sedaya dhawuhipun Bapa menika sae tumrap kula. Bares kemawon kula ngrumaosi bilih kula nate langkung pitados dhateng wicantenipun tiyang sanes, inggih menika dhateng Rama Kyai Daka, Lurah Danara miwah Raden Gunendra. Nanging sareng kula raosaken kanthi weninging manah, pranyata mila menapa ingkang kadhawuhaken Bapa dhateng kula sedaya leres. Kula ugi emut kalihan welingipun Biyung bilih ing jagad ingkang gimelar menika boten wonten ingkang katresnan lan katulusanipun nglangkungi katresnanipun Bapa lan Biyung. Malah kula sampun sumerep piyambak, kados pundi lekasipun Raden Gunendra ingkang nalika kacuwan manahipun , sampun tega badhe mrawasa kula, tujunipun nalika samanten Bapa langkung prayitna lan kober angayomi kula.

        “Merga satemene Pradapa” Bapa paring dhawuh malih “sing diarani drajat kang luhur kuwi, ora manggon ana dhuwuring pangkat utawa kalungguhan, uga ora mapan merga akehing brana picis lan kasugihan. Mula saklebatan, akeh wong sing padha ngajeni marang wong sing pangkate dhuwur utawa wong sing bandhane akeh, utawa wong sing nduweni kasekten lan kadigdayan. Nanging satemene wong ngajeni sabab kang kasebut, iku kena diarani pangaji semu, lamun kang kasebutake kuwi mau mbalik, lire sing maune duwe pangkat dhuwur dumadakan ilang pangkate, sing sugih bandha banjur dadi kere lan sing sekti sarta digdaya dadi lumpuh kekuwatane, mangka wong sing maune padha ngaji-aji banjur padha ngadoh, malah ora arang sing banjur api-api ora tepung sadurunge”.

        “Inggih Bapa” kula nyela rembag “mugi Bapa kepareng paring pangertosan dhumateng kula ingkang wujudipun pangaji ingkang boten semu”.

        “Wong sing mbudidaya supaya diajeni dening liyan, utawa wong sing seneng ngarep-arep pangalembana saka wong liya, kuwi cetha nek dudu wong sing aji uga kena diarani wong sing asor drajate” Bapa paring piwucal malih “jalaran ajining manungsa kuwi dumunung ana ing laku lan tumindake. Yen pakarti, laku lan tumindake becik, ora sah ndadak ngarep-arep wong-wong sing ngrasakne wohing laku lan tumindake wong mau bakal ngajeni dhewe, tur maneh olehe ngajeni iya tulus teka dhasaring ati, ora geleme ngajeni nek wong mau pamrih marang sing diajeni. Mula eling-elingen uran-uran kang sinawung ing dhandhanggula kaya iki : Utamane wong tinitah urip, den bisaa angenaki manah, marang sapadha-padhane, pepadhaning tumuwuh, angakehna penggawe becik, luwes manising basa, basukining tembung, bungaha kang amiyarsa, gegulangen ing siyang pantara ratri, ciptanen ing wardaya”.

        “Inggih Bapa” wangsulan kula “sansaya padhang raosing manah kula, kados padhanging jagad sasampunipun wanci saput lemah, kedadak kasusul jumudhuling surya ing wanci enjing. Sadaya piwucalipun Bapa badhe kula emut-emut dadosa paugeraning gesang kula”.

        “Saiki aku arep kandha” Bapa ngendika malih “babagan nggonku arep ngayahi jejibahan sing mung bisa tak lakoni dhewe iki”.

        “Inggih Bapa” kula nyuwun pirsa “manawi boten adamel bebayaning jagad Kepuh Agal, kula kepengin mangertos Bapa badhe ngayahi jejibahan menapa”.

        “Aku arep budhal menyang Kutha Gedhe Mataram” Bapa paring wangsulan “sowan marang Gusti Patih Mandaraka, jalaran jaman Gusti Tumenggung Raden Tesengkusuma rawuh menyang Kepuh Agal biyen, sawuse panjenengane pirsa kowe kuwi anakku, Raden Tesengkusuma banjur ngendika blaka yen uga ana dhawuh saka Gusti Patih, anakku ya anake Lurah Kepuh Agal sing nduweni tandha-tandha tinamtu ing ragane sing mung bisa kapirsanan dening Gusti Patih lan Raden Tesengkusuma, kakersakake dening Gusti Patih bakal digulawenthah dadia satriya ing Kutha Gedhe Mataram. Mula Gusti Tumenggung banjur dhawuh marang aku, yen anggonku aweh wulangan marang kowe wis cukup, supaya aku sowan menyang Mataram, marak ing ngarsane Gusti Patih lumantar Gusti Tumenggung Tesengkusuma, nyuwun dhawuh apa kang kudu tak tindakne magepokan karo kahananmu wektu iki. Dhawuh iki banget winadi mung Gusti Tumenggung Teseng Kusuma lan aku sing ngaweruhi lan ora kena keprungu dening sapa wae. Mula sajrone tak tinggal menyang Mataram iki, kowe sing ngati-ati lan gedhekna nggonmu prihatin, tambahana nggonmu nyaket marang Allah, raketana nggonmu srawung karo Ki Pawana lan rada sudanen nggonmu cedhak karo Danara apa dene Daka”.

        “Sedaya dhawuhipun Bapa badhe kula tindakaken kanthi sasae-saenipun” wangsulan kula, kalihan raos trenyuh sinurung atur panuwun dhateng Bapa, ingkang badhe tindak dhateng Mataram, inggih awit kasurung rasa tresnanipun dhateng kula “mugi-mugi Gusti Ingkang Maha Agung tansah paring pangayoman dhateng Bapa, temah saged manggih rahayu wiwit jengkar saking Kepuh Agal ngantos kundur malih dhateng Kepuh Agal”.

        Bapa lajeng jumeneng, tindak mlebet dhateng dalem wingking, badhe tata-tata anggenipun badhe tindakan radi tebih benjing enjing.

        Enjingipun ing wanci saput siti, kanthi nitih Si Gombak, kapal titihanipun Bapa, Bapa jengkar saking dalem Kalurahan. Katilar Bapa tindakan ingkang dereng cetha kapan kunduripun, raosing manah kula boten kanten-kantenan, susah, sedhih, keranta-ranta worsuh dados setunggal. Langkung-langkung sareng kula kemutan bilih ing griyanipun Bapa menika sampun boten wonten malih ingkang saged kula waduli menawi manah kula nuju boten sekeca. Raosing manah kula sampun kados lare ingkang lola, Bapa tindakan tebih ingkang dereng kantenan benjang menapa kunduripun, Biyung sampun seda. Ngantos radi dangu kula namung linggih kalihan ngumbar gagasan ingkang boten cetha menapa ingkang kula gagas.

        Kula lajeng emut, menawi tindakipun Bapa menika magepokan kalihan gesang kula ing tembe ngajeng. Menawi estu kula kakersakaken nyuwita ing Dalem Kepatihan, badhe kawucal dados caloning satriya, kula kedah mranata dhiri murih benjing sampun ngantos kesangeten anggenipun kidhung. Kula lajeng mlebet gothakan papan kangge nyinggahaken layang-layang kagunganipun Bapa, inggih layang-layang kina ingkang ngewrat maneka warni piwucalipun para kina. Kanthi mangsuli maos piwucal ingkang kamot ing serat-serat menika, ndadosaken manah ayem malih. Kaleresan serat ingkang kula waos serat ingkang isinipun piwucal tata caranipun srawung kalihan sesamining titahipun Gusti, srawung kalihan sesamining manungsa, kalihan kewan lan kalihan tetuwuhan ingkang wonten sakanan keringing manungsa. Pranyata kathah cak-cakan gesang ingkang kula lampahi sadangunipun menika betah dipun dandosi murih saenipun. Sampun kathah lan kulina kula tumindak degsiya dhateng kewan lan tetuwuhan, ingkang miturut serat tinggaling para kina menika menawi boten tumuli dipun tobati saged ndugekaken bilahi. Jalaran sedaya titahing Gusti menika menawi dipun pisakit, dipun aniaya lan dipun kuya-kuya ingkang nglangkungi watesing kalimrahan sanyata ageng walatipun. Sanaosa manungsa menika kawenangaken nedha kewan lan tetuwuhan nanging wewenang ingkang kaparingaken dhateng titah ingkang nami manungsa menika, anggenipun ngecakaken boten kenging sawenang-wenang. Lan taksih kathah malih piwucal-piwucal sanes ingkang sadangunipun menika kula anggep sepele nanging jebul sanget ambebayani dhateng kaslametaning manungsa.

        “Nyuwun pangapunten Gus” nuju sengsem-sengsemipun kula mbikaki serat kina, dumadakan Paman Genter nusul mlebet dhateng salebeting Gothakan kalihan wicanten “kula wau sampun dheg-dhegan, kula padosi dhateng pundi-pundi Gus Dapa boten wonten, jebul malah nembe sinau wonten mriki”.

        “Lha aku wiwit mau neng kene lho Paman” wangsulan kula kalih mesem “kok ndadak nganggo dheg-dhegan barang ki apa aku isih kaya bocah cilik, kuwatir nek olehe dolan kadohan bajur lali dalane mulih ta Paman?”.

        “Boten ngaten Gus” Paman Genter ketingalan radi kacipuhan “kula kalih mBok Jayem niku rak diparingi dhawuh dening Ki Lurah, kala dalu Ki Lurah meling dhateng kula kalih mBok Jayem, sadangunipun Ki Lurah tindak, kajawi kadhawuhan rumeksa dalem sapekaranganipun menika ugi kadhawuhan ngulat-ulati Gus Dapa, kalebet kadhawuhan atur pemut menawi wancinipun dhahar Gus Dapa dereng dhahar. Niki wau mBok Jayem criyos menawi, Gus Dapa wiwit enjing boten ketingal, ugo dereng dhahar sarapan malah wedang jahe ingkang dipun cawisaken dening mBok Jayem wiwit enjing inggih dereng ndika unjuk. mBok Jayem lajeng ngatag kula murih madosi Gus Dapa”.

        “O ngono?” kula mesem wiyar semu gumujeng alus “saiki wae tak sarapan karo ngombe wedange pisan, lha Paman Genter apa ya wis sarapan? Nek durung, saiki ayo sarapan bareng karo aku pisan”.

        “Nyuwun pangapunten Gus” Paman Genter ketingal sedhih polatanipun “sedaya kanca rewang dalem kalurahan sami, sami anggenipun dereng kolu klebetan tetedhan. Dados inggih sami kalihan Ki Lurah lan Gus Dapa ingkang wiwit kala wingi inggih dereng dhahar ta?”.

        “Bener Paman, dina wingi aku karo Bapa padha dene anggone ora kober mangan” wangsulan kula kalihan mesem, nanging salebeting manah kepengin nangis awit rumaos trenyuh ngantos samanten raos sih katresnanipun para rewang dhateng Biyung “lan ya goroh sing nganggo banget nek aku apa dene Bapa ora rumangsa sedhih ditinggal seda Biyung wingi kuwi. Lan pancen sapa wae ora luput yen banjur rumangsa sedhih merga ditinggal kanggo selawase dening wong sing ditresnani, diasihi lan dibekteni. Sing luput kuwi yen nganti awake dhewe kebacut nggone nelakake rasa sedhihe, lire nganti gawe kapitunane awake dhewe, kang mangkono mau padha karo wani karo sing nata jagad lan sing gawe urip. Wong urip kuwi mesthi bakal nemoni pati, nek wegah mati ya aja gelem diparingi urip. Saiki aku putrane Biyung ngajak ndika Paman Genter lan kabeh rewang ing dalem kalurahan iki supaya mbenerne cara ngabekti marang Biyung, sing diarani bekti kuwi ora karo sedhih sing kebacut nganti ora doyan mangan, nanging sing diarani bekti kuwi nindakne apa kang dadi piwulange Biyung sadurunge Biyung seda. Saiki tulung Paman Genter parentahna marang kabeh para rewang supaya mlumpuk, gelarna klasa neng jogan omah pawon. Aku kepengin sarapan bareng karo kabeh sing dadi rewang ana dalem kalurahan iki, saiki!”.

 

 

Ana candhake

 

Minggu, 10 September 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (107)

107.

        Bapa ketingal rena penggalihipun midhanget atur wangsulan saking Ki Bebau Jangglengan ingkang makaten menika. Awit atur wangsulan kasebat nedahaken bilih Ki Pawana boten kalebet tiyang ingkang namung dhemen anggugu karsa priyangga. Sami kalihan wewatakaning Bapa sadangunipun dados Lurah ing Kepuh Agal, boten nate boten mundhut tetimbangan saking para Bebau, Sapukawat tuwin para sesepuh saderengipun mutusaken satunggaling prakawis ingkang magepokan kalihan kabetahanipun tiyang kathah.

        “Yen pancen mangkono” Bapa lajeng ngendika kanthi suwanten ingkang cetha lan ngemu perbawa “Dina iki aku, Sarkara Lurah ing Kepuh Agal, ambiwarakake marang kabeh para Sedulur Bebau, Sapukawat lan para sesepuh kabeh, supaya digethok tularake marang kabeh kawula ing Kepuh Agal, Ki Pawana tak piji supaya nindakane kabeh jejibahane Lurah Kepuh Agal sasuwene tak tinggal lunga nindakne kuwajiban sing winadi. Lan samangsa-mangsa aku wis bali ing tengahing ndika kabeh, ora ateges jejibahan sing tak pasrahake Ki Pawana iki wis rampung, nanging panggah isih kanggo, mung bedane kabeh anggone ngecakne jejibahan iki kudu kanthi ana palilah saka aku luwih dhisik”.

        “Dados ngantos benjang salajengipun Ki Pawana panggah dados pangarsaning Para Bebau, Ki Lurah?” Ki Lurah Danara nyuwun pirsa dhateng Bapa.

        “Tak kira wis cetha apa sing tak kandhakne iki mau Ki Bau Sidamulya” dhawuh wangsulanipun Bapa “ora prelu katrangan maneh”.

        “Lajeng kalenggahanipun Gus Pradapa kados pundi Ki Lurah?” Ki Lurah Danara nyuwun pirsa malih.

        “Satemene kalungguhane Pradapa kuwi durung ana owah-owahan, isih kaya padatan sing wis lumaku sasuwene iki Ki Bau Sidamulya” Bapa paring wangsulan kanthi sareh “murih luwih cethane, kareben Pradapa dhewe sing nyethakne marang ndika lan kabeh kang ana kene Ki Danara”.

        Bapa lajeng paring sasmita dhateng kula murih kula suka wangsulan dhateng Ki Lurah Danara magepokan kalihan kalenggahan kula.

        “Inggih Bapa” kula lajeng wiwit wicanten kalihan nginger linggih kula, menawi wau madhep dhateng Bapa samangke gentos kula madhep dhateng sadaya ingkang sami wonten ing pendhapa “Nuwun sewu para sesepuh, para sapukawat saha para Bebau ing Kepuh Agal sedaya, estunipun paugeraning Dhusun Kepuh Agal sampun nyebataken bilih tiyang diwasa ingkang boten kapiji dados, bebau, Sapukawat utawi Sesepuhipun Dhusun Kepuh Agal, inggih winastan warga utawi kawula. Lha kula sadangunipun menika, dereng nate kapiji dados ingkang kula aturaken ing ngajeng, dados jejer kula ing Kepuh Agal menika inggih sami kalihan kawula-kawula sanesipun, kedah nurut sedaya dhawuhipun Dhusun ingkang kaparentahaken dening para pamonging Dhusun, lan wenang atur pemut menawi wonten paraganing dhusun ingkang sakintenipun nerak paugeraning dhusun……….”

        “Nuwun  sewu, kajeng kula menika makaten lho Gus”  Ki Danara nyelani rembag “sambetipun jejibahan lan kawenangan ingkang sumampir ing Ki Pawana kalihan Gus Dapa minangka putra kakung saking Ki Lurah inggih bebakalaning Lurah ing tembenipun menawi Ki Lurah sampun lengser saking palenggahanipun”.

        “Sampun cetha ta Ki Lurah Danara” kula lajeng suka wangsulan “wewenang saha kuwajiban kula wekdal menika sami kalihan kawula sanesipun, Ki Pawana tartamtu nggadhuh wewenang amurba lan amasesa kula kanthi wewaton paugeraning Dhusun Kepuh Agal, wenang paring ganjaran menawi kula gadhah lelabetan ingkang saged damel kaluhuranipun Kepuh Agal lan wenang paring pidana menawi kula nerak pepacuhing Dhusun. Dene menawi ndika paring dhawuh kula menika bebakalaning Lurah, menika mila boten lepat, nanging naminipun bebakalan menika saged dados nanging ugi saged kemawon wurung utawi boten dados, awit lampah kula murih dados Lurah menika taksih tebih saha dangu. Liripun, menawi kula kepengin dados Lurah, sarat kapisan kula kedah katilar seda dening Bapa langkung rumiyin, kamangka kula ingkang nembe katilar seda Biyung kemawon sedhihipun kados makaten, mendah sansaya sedhihipun manah kula menika, menawi ugi tinilar seda Bapa. Mila kula kepengin Bapa sageda panjang yuswa boten badhe seda saderengipun kula sepuh. Sarat ingkang kaping kalih, paugeran Dhusun nyebataken menawi Lurah Kepuh Agal seda, putra kakungipun ingkang sepuh piyambak saged anggentosi kalenggahanipun kanthi sarat wonten panyengkuyung saking para Bebau, Sapukawat, Sesepuh tuwin kawula sa Kepuh Agal sedaya. Salajengipun umuripun titah menika sampun kaserat ing Jitabsaraning titah ingkang namung saged dipun pirsani dening Gusti, inggih menawi gesang kula pinesthi panjang temah saged nyumerepi sedanipun Bapa, menawi kula pejah langkung rumiyin harak cetha menawi kula boten badhe saged dados Lurah kangge salami-laminipun ta ?”.

        Sedaya tiyang ingkang wonten ing pendhapa boten wonten ingkang kumecap suka wangsulan dhateng wicanten kula. Malah Ki Lurah Danara ugi lajeng mendel boten wangsulan malih. Kula piyambak boten mangertos, dumadakan kemawon kula saged angsal ukara ingkang kados kula ucapaken kala wau, ingkang cetha sasampunipun ngucapaken tembung-tembung menika manah kula kraos entheng kados tiyang nyunggi barang awrat lajeng dipun selehaken dhateng siti.

        Sareng sadaya sampun boten wonten ingkang wicanten malih, kula lajeng nginger anggen kula linggih, wangsul madhep dhateng Bapa. Sakeplasan kula sumerep, Bapa ketingal kekembeng waspa. Kula boten mangertos ingkang dados sabab dene Bapa ngantos kekembeng waspa ingkang nedahaken trenyuhing penggalihipun.

        “Makaten Bapa, ingkang saged kula aturaken, samangke kula suwun kaparenga Bapa tumuli paring dhawuh dhateng Ki Cariking Dhusun Kepuh Agal murih ngasta Serat Kekancingan magepokan kalihan wewahan jejibahan dhateng Ki Pawana inggih Ki Bebau ing Jangglengan” wekasan kanthi alon nanging cetha kula matur dhateng Bapa.

        “Iya Pradapa” Bapa ngendika dhateng kula “meh wae luhku tumetes jalaran rumongsa bombong rasaning atiku, dene jebul wewatakaning Biyungmu wis manjilma marang kowe, wewatakan dhemen marang sesama, tresna marang desane, ora mung mikirake marang senenging ati kang tinuntun dening hawa napsu kepengin kuwasa lan nguwasani sapepadhaning titah. Ya muga-muga wae nganti tekan kukuding uripmu mbesuk, wewatakan kang mangkono iku ora luntur. Jalaran ya mung wewatakakan kang mangkono iku sing bisa kacondhokan rasa mulya, iya ing donya kang katon iki iya ing besuk lamun wis tekan ing delahan”.

        “Pangestu tuwin pandonga saking Bapa kemawon ingkang tansah kula suwun, mugi kula saged lestari nglampapahi menapa ingkang Bapa dhawuhaken menika” wangsulan kula kanthi raos remen salebeting manah.

        “Ki Carik Surata” Bapa lajeng nimbali Ki Carik ingkang wiwit wau lenggah amarikelu sinambi anyerat lampahing pepanggihan siang menika, Ki Carik Surata menika mila wiwit Bapa jumeneng Lurah sampun kapasrahan jejibahan minangka Cariking Dhusun Kepuh Agal, anggenipun dumugi ing Kepuh Agal inggih wiwit sepisanan babad, piyambakipun menika rayinipun Ki Pawit ingkang wuragil.

        “Inggih wonten dhawuh Ki Lurah?” wangsulanipun Ki Carik kalihan ndengengekaken sirahipun.

        “Dina iki uga yasakna layang kekancingan kanggo Ki Pawana magepokan karo wuwuhan jejibahan kaya kang dadi putusan ing rembugan awan iki, yen wis tumuli tak tapak astanane”.

        “Nuwun inggih sendika, ngestokaken dhawuh”.

        Pepanggihan tumuli dipun pungkasi. Kathah ingkang rumaos marem lan remen, ketingal sareng kalihan anggenipun bibaran praupanipun sami ketingal bingar, Boten sakedhik saderengipun nilaraken pendhapa ingkang sami nyaketi Ki Pawana, sami nelakaken raos panyengkuyungipun. Nanging ugi wonten ingkang ketingal kagol manahipun, tanpa ngucap menapa-menapa sami wangsul makaten kemawon. Inggih menika Ki Lurah Danara lan para sapukawat ingkang dados siswanipun Rama Kyai Daka.

        Sasampunipun sedaya sami wangsul, Ki Pawana taksih manggihi kula saprelu wicanten sakedhik magepokan kalihan anggenipun badhe ngayahi tambahan jejibahanipun.

        “Kula ngaturaken panuwun dhumateng ndika Gus Pradapa” tembungipun Ki Pawana dhateng kula “awit kapitadosan ndika dhumateng kula temah kula pinitados dening Ki Lurah angesuhi para kadang Bebau ing Kepuh Agal menika. Nanging Gus Pradapa kula suwun inggih kersa tanggel jawab kalihan kapitadosan ingkang kaparingaken kula menika, liripun sampun ngantos ndika negakaken kula. nDika kedah tansah angulat-ulati anggen kula ngayahi wewahan jejibahan menika, sampun ngantos wonten kedadosan nembe pupuran sasampunipun benjud. Sampun ngantos kula kebacut tumindak lepat nembe ndika paring dhawuh nglepataken, nanging kula suwun wonten rilaning penggalihipun Gus Dapa, menawi sawanci-wanci kula sowan mriki nyuwun tetimbangan tuwin pitutur murih kula boten kesasar margi salebeting ngayahi jejibahan”.

        “Jumbuh kalihan kuwajiban kula minangka kawula ing Kepuh Agal menika, sawanci-wanci kabetahaken dening Dhusun kula kanthi rila lan legawa ngaturaken tenaga lan nalar kula ing ngarsa ndika Kakang Pawana” wangsulan kula kalih mesem, ndadosaken Ki Bebau Jangglengan ketingal lega manahipun.  Ki Pawana ugi lajeng pamitan badhe wangsul dhateng griyanipun, nanging saderengipun wangsul langkung rumiyin ngabekti dhateng Bapa nyuwun tambahing pangestu saha pandonga, mugi ing tembenipun anggenipun ngayahi jejibahan saged lumampah kathi sae lan boten damel lingsem saha cuwaning penggalihipun Bapa.

        Sasampunipun ing pendhapa boten wonten tiyang malih kajawi kula kalihan Bapa, Bapa lajeng paring dhawuh dhumateng kula.

        “Sadurunge aku budhal nindakake kuwajiban sing mung bisa tak lakoni dhewe lan ora dingerteni sapa wae iki, kowe kudu ngerti, aku banget mongkog lan bombong merga duwe anak kowe Pradapa” ngendikanipun Bapa kalihan mirsani kula, sunaring netranipun Bapa nedahaken kebak raos welas asih dhumateng kula, welas asihing sudarma dhateng suta “kanthi wangsulanmu marang Danara mau, aku duwe kapitayan mbesuk kowe bakal kaparingan drajat kang luhur dening Gusti Kang Maha Agung, sanadyan ujaring sasmita sing ditampa sawargi Biyungmu sadurunge sowan marang ngayunaning Pangeran ngabarake kowe mbesuk embuh bisa embuh ora nggenteni kalungguhanku dadi Lurah ing Kepuh Agal kene, Nanging aku luwih percaya bakal lungguh dadi apa wae, yen watak kaya kang kagambar ing sajroning ukaramu aweh wangsulan marang Danara mau panggah mbok ugemi, mangka kowe bakal antuk drajat sing luhur”.

 

Ana candhake

 

 

Sabtu, 09 September 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (106)

106.

        Bapa piyambak ugi lajeng mirsani kula, nanging ugi boten ngendika menapa-menapa. Ketawis menawi Bapa ngrantos tutuging atur kula. Wasana kanthi nata linggih langkung rumiyin, kula lajeng matur mawi suwanten ingkang saged kapireng dening sedaya ingkang wonten ing pendhapa :

        “Sapisan kula ngaturaken genging panuwun dhateng Ki Lurah Danara ingkang matur dhateng Bapa murih kula kapiji anyulihi ngayahi jejibahan minangka Lurah sadangunipun nindakaken kuwajiban winados mangke. Kula ugi ngaturaken panedha nrima dhateng Ki Sambirobyong ingkang ugi nyengkuyung menawi kula kapiji anyulihi Bapa kados ingkang kinersakaken Ki Bebau Sidamulya. Nanging, mugi kauningan ingkang saged ngukur sapinten kasagedan kula menika inggih namung kula piyambak. Lan ing babagan reh parentahing Dhusun, kula ngrumaosi kanthi tulusing manah, saestu seserepan kula taksih lebet tapaking meri, malah kenging kawastanan kula taksih wuta ing babagan reh parentahing dhusun. Inggih awit saking menika, murih boten ndadosaken kisruhing Kepuh Agal, kula nyuwun dhateng Bapa, mugi kula boten kaparingan dhawuh kados ingkang dipun aturaken Ki Bebau Sidamulya miwah Ki Bebau Sambirobyong kala wau Bapa”.

        Midhanget atur kula ingkang makaten kala wau, ketingal menawi Bapa sanget anyarujuki ketitik saking polataning wadana ingkang katingal bingar.

        “Sokur ta Pradapa yen kowe wis bisa ngukur marang kabisanmu dhewe” Bapa paring wangsulan kalihan mesem “panyuwunmu mesthi tak wujudi”.

        “Ngaturaken genging panuwun Bapa”

        “Sedulurku kabeh” Bapa lajeng ngendika dhateng sedaya ingkang sami linggih ing pendhapa “ndika kabeh wis padha krungu dhewe, Pradapa ora saguh saupama tak pilih supaya anyulihi sasuwene aku nindakne kuwajiban kang wigati iki. Mula panjalukku sing dhisik dhewe mau tak baleni maneh, ndika kabeh bisa nyarujuki ta?”.

        “Kepareng matur Ki Lurah” Ki Prawita salah setunggaling Sapukawat ingkang samangke sampun kalebet sesepuh, rumiyin duginipun ing Kepuh Agal menika sareng kalihan Rama Kyai Daka, ngangkat tanganipun nyuwun wekdal kangge ngaturaken pamanggih.

        “Mangga Ki Prawita, ndika kandhkane wae apa rerigen ndika!” Bapa wangsulan kalihan sareh.

        “Menawi nyatanipun Gus Pradapa mopo yen ta kadhawuhan ngemban jejibahan menika, inggih boten badhe wonten ingkang saged meksa, sanaosa estunipun kula pitados menawi Gus Pradapa saestu kuwawa nindakaken jejibahan menika” Ki Prawita nunten ngaturaken pamanggihipun “nanging kula gadhah pamanggih menawi sesulih kangge angesuhi Para Bebau sadangunipun Ki Lurah boten wonten, panggah kedah wonten”.

        “Kuwi panemu ndika Ki Prawita?” Bapa paring wangsulan “nyata kuwi panemu sing becik, nanging sapa sing pantes kapasrahan ngesuhi Para Bebau sasuwene tak tinggal mengko?”

        Ngendika makaten Bapa kalihan ngideraken pamirsanipun dhateng sedaya ingkang wonten ing pendhapa, dados dhawuh kala wau boten namung kangge Ki Prawita piyambak, nanging inggih kangge sedaya ingkang wonten. Tiyang-tiyang sami sawang-sawangan piyambak,  dereng wonten ingkang ngangkat tangan nyuwun wekdal kangge wicanten.

        “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” Ki Pahang, Bebau ing Grojoganngubal ingkang kondhang tiyang ingkang meneng, awis sanget purun wicanten menawi boten wigatos sanget dumadakan ngangkat tangan kalihan matur, ingkang makaten menika ndadosaken ngungunipun ingkang sami sumerep, Sedaya sami ningali papanipun Ki Pahang, ketingal sami kepengin mangertos Ki Bebau Grojoganngubal badhe wicanten menapa. Namung Ki Lurah Danara anggenipun nyawang Ki Pahang ketingal menawi manahipun boten remen.

        “Kadhingaren ndika Ki Pahang?” Bapa ngendika kalihan mesem “ndika nduwe rerigen sing kepriye? Padatan ki nek sing guneman wong arang gelem guneman kuwi sok malah sing bisa gawe pepadhange wong akeh”.

        “Leres menika Ki Lurah”

        “Nggih leres sanget Ki Lurah”

        Tiang-tiang sami saur manuk, ngleresaken pangandikanipun Bapa.

        “Iya saiki tak jaluk padha meneng kabeh” Bapa mangsuli ingkang sami saur manuk “kareben Ki Grojoganngubal, ngandhakne sing dadi rerigene”.

        “Nyuwun pangapunten saderengipun Ki Lurah” Ki Bebau Grojoganngubal lajeng matur “anyambet atur saking panjenenganipun Ki Prawita, kula nggadhahi pamanggih ingkang sami kalihan Ki Prawita, lan mbok bilih saged kaagem minangka panimbang dening Ki Lurah, kula badhe ngaturaken menapa ingkang sampun kula sumerepi lan kula raosaken sadangunipun menika. Ingkang kula sumerepi, mila para Bebau ing Kepuh Agal menika sami-sami kagungan watak ingkang sae sedaya. Boten wonten ingkang kagungan cacat babar pisan. Namung kemawon, ing antawisipun Para Bebau ingkang wonten, boten wonten ingkang saged ingkang amapaki kalangkunganipun Ki Bebau ing Jangglengan. Inggih ing kasabaranipun, inggih ing kawicaksananipun saha ing kawasisanipun mranata kawula. Ketitik, sami-sami warga Kepuh Agal gesangipun warga ing Jangglengan langkung ketingal makmur tinimbang warga Kepuh Agal ing Dhukuh sanesipun kalebet ing Dhukuh wewengkon kula piyambak. Ugi arang sanget malah mbok bilih boten nate kedadosan, warga ing Jangglengan tukar padu kalih tangga tepalihipun utawi kalihan warga saking dhukuh sanes. Inggih andhedhasar ingkang kula sumerepi lan ingkang kula raosaken menika, mbok bilih boten klintu menawi Ki Lurah miji Ki Pawana murih angesuhi Para Kadang Bebau ing Kepuh Agal, sadangunipun Ki Lurah tindak nindakaken jejibahan winados menika”.

        “Tak kira pangrasa lan pandulu ndika marang Ki Jangglengan kuwi mung merga kegawa rasa seneng lan kurmat ndika wae, Ki Grojoganngubal” Ki Jongke ingkang linggih caket kalihan Ki Lurah Danara wicanten dhateng Ki Bebau Grojoganngubal kalihan suwanten ingkang inggil. Ki Jongke menika satunggaling Sapukawat ingkang caket kalihan Ki Lurah Danara awit piyambakipun ugi siswa tataran inggil ing paguronipun Rama Kyai Daka.

        “Sing ndika kersakne kuwi malah aku ora ngerti Ki Jongke” Ki Pahang wangsulan mawi suwanten ingkang limrah kemawon “sing dak aturake marang Ki Lurah kuwi miturut panemuku, adhedhasar sing tak weruhi lan tak rasakne, mesthi wae bisa bener lan bisa luput, nek bener ya sokur dene nek luput banjur lupute ana ngendi lan benere kepiye rak ngono ta Ki Jongke?”.

        “Aku ora ngrembug bener utawa luput Ki Bau” Ki Jongke gentos semaur “nanging pambiji ndika kuwi cetha nek mung arep murih senenging atine Guru nDika Ki Pawit sing ora liya wong tuwane Ki Pawana”.

        “Mongsa borong anggon ndika ngarani Ki Jongke” Ki Bebau Grojoganngubal lajeng wangsulan entheng “merga aku uga ora butuh pambiji saka ndika, aturku iki mau kagem Ki Lurah sing wis paring wektu marang aku kanggo ngaturake panemuku lan sepisan maneh ora kanggo ndika, ora liwat aku nedha nrima banget dene ndika wis migatekne apa sing dak aturake marang Ki Lurah iki mau”.

        Ki Jongke boten wangsulan malih, ketingalipun boten saged ngunggahi wicantenipun Ki Bebau Grojoganngubal. Ki Pahang lajeng nglajengaken aturipun dhateng Bapa :

        “Makaten atur kula Ki Lurah, nyuwun pangapunten dene kapeksa kaselanan rembag sanes. Sepisan malih kula nyuwun pangapunten”.

        “Iya Ki Pahang” Bapa paring wangsulan “mung mbesuk maneh yen lagi guneman karo wong kuwi aja dhemen ngladeni wong sing nyaru wuwus, merga ngono kuwi klebu laku sing degsura luwih-luwih yen sing mbok ajak rembugan kuwi wong pangkat utawa priyayi sing luwih tuwa umure ketimbang ndika”.

        “Inggih Ki Lurah” Ki Bebau Grojoganngubal ngrumaosi ing lepatipun “inggih labet cubluk sarta cupeting seserepan kula, temah kula boten kraos sampun dhawah ing lampah degsura. Mugi Ki Lurah kersa ngegungna sih samodra pangaksami dhateng kula”.

        “Iya, sabanjure sadurunge aku aweh wangsulan marang rerigen sing ndika wenehake marang aku” Bapa ngendika malih “aku kepengin krungu panemu saka Bebau lan Sapukawat sarta Sesepuh liyane. Mangga sedulurku kabeh, kepiye mungguh pamawas ndika marang rerigen saka Ki Pahang iki mau?”.

        “Nuwun sewu Ki Lurah” Ki Bebau Sambirobyong ingkang angrumiyini atur pamanggih “pambiji kula ingkang boten murih menapa-menapa, kajawi murih saenipun Kepuh Agal, Ki Pawana inggih Adhi Bebau Jangglengan mila inggih kados ingkang dipun aturaken Ki Grojoganngubal kala wau. Awit saking menika kula ndherek anyengkuyung kalihan atur sarta panyuwunanipun Adhi Pahang kala wau”.

        “Matur nuwun Ki Sambi” Bapa paring wangsulan “sabanjure kepriye sedulur liyane?”

        “Makaten ugi kula Ki Lurah” Ki Bebau Sidadadi matur “miturut pamawas kula mila leres ingkang dipun aturaken Adhi Pahang menapa dene Kakang Sambi kala wau, kula ndherek nyuwun mugi panyuwunanipun Adhi Pahang saged kaparengaken”.

        “Iya, iya sedulurku kabeh” Bapa lajeng ngendika “satemene upama Ki Pahang ora kandha, aku ya wis ngerti mungguh kapribaden uga anggone nindakne kuwajiban Ki Pawana marang para kawula ing Jangglengan, pancen ya kaya sing padha ndika kandhakne mau. Kang mangkono iku pancen ya aran lumrah, jalaran upama ora ana Ki Pawit, wong tuwane Ki Pawana sing wiwit pisanan anyengkuyung kanthi ngudhokne jiwa lan ragane kanggo nyengkuyung lekas mbabad alas yasa desa Kepuh Agal, aku ora ngerti embuh bisa maujud desa sing kaya ngene iki apa ora”.

        Bapa lajeng ngendika dhateng Ki Pawana :

        “Ki Jangglengan, ndika wis krungu sing dadi panemune sedulur-sedulur Bebau sing padha kepengin ndika dadi suhe para Bebau kabeh, mligine sasuwene Kepuh Agal tak tinggal nganti sawantara wektu mengko, saiki ndika kepriye?”.

        “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” Ki Pawana lajeng matur “menawi menika sampun dados kersanipun Ki Lurah saha para kadang Bebau sanesipun, kula namung saged ngaturaken sendika lan nyuwun pangestu mugi kula saged nindakaken jejibahan menika kanthi saleres-leresipun. Nanging mugi kauningan Ki Lurah, kula boten saged mlampah piyambak, saged kula manawi para Kadang Bebau sanesipun ugi para Sapukawat lan para sesepuh kersa anyengkuyung kula, mliginipin sami kersa ngemutaken menawi kula lepat ing tumindak ing salebeting nindakaken jejibahan menika”.

 

 

Ana candhake.

       

 

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...