Total Tayangan Halaman

Minggu, 17 September 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (114)

114.

          Sasampunipun kula wangsul, dugi griya pikiran kula kraos boten sekeca. Sanaosa ing wau sampun pitados bilih anggen kula sampun ngapusi Rama Kyai Daka lan Lurah Danara boten badhe kadenangan menawi tiyang kalih niku boten kepanggih kalihan Raden Gunendra. Lan mitutut petanganing nalar kula, Raden Gunendra boten badhe wantun dhateng Kepuh Agal jalaran ajrih kalihan Bapa. Sawatawis Ki Danara utawi Kyai Daka boten badhe wantun dhateng Patalan jalaran ajrih kalihan Raden Gunendra. Dados kalodhangan panggihipun Kyai Daka lan Lurah Danara kalihan Raden Gunendra saged kawastanan langka. Ewa samanten, bawaning tiyang dora, ndadosaken manah boten tentrem. Pituturing Biyung wiwit kula taksih alit rumiyin tansah dumeling ing pamirenging manah kula :

        “Thole, saala-alane manungsa kuwi manungsa sing dhemen ngapusi marang sapepadhaning manungsa. Kuwi dosane gedhe banget, lan mbesuk nek wis mati bakal diobong neng telenging neraka sing paling panas genine, wong-wong sing tau diapusi bakal teka lan padha ngebyuki awake nganggo areng-areng neraka. Mula Biyung meling, aja pisan-pisan kowe nindakne laku dora, ngapusi sapepadhaning wong”.

        Emut pituturing Biyung ingkang makaten menika, dumadakan githok kula mengkorog. Raos ajrih nggremeti manah kula.  Nanging boten dangu, lajeng wonten suwantening batin ingkang ngedhem-edhem raos ajrih kala wau :

        “Aja banget-banget anggonmu kuwatir bakal diobong neng neraka Pradapa, sing dikersakne Biyung kae ora kaya sing wis mbok tindakne, merga anggonmu ngapusi Kyai Daka lan Lurah Danara kuwi kanthi tujuwan sing becik, kanggo kaslametane wong sa Kepuh Agal. Dadi umukmu marang wong loro kae, umuk sing tinuntun marang bebener, nggonmu mbudidaya murih Kepuh Agal ora dadi geger merga lekase Kyai Daka sing arep mbalela, kuwi gedhe ganjarane. Luwih gedhe tinimbang gedhene siksa merga ngapusi. Dadi genine neraka mbesuk bakal bisa disirep merga ganjaran saka lelabuhanmu nylametake Kepuh Agal”.

        “Gampang temen nggonmu arep nampa ganjaran” dumadakan saking manah sisih tengen wonten suwanten malih “jenenge labuh marang Desa utawa marang negara kuwi kuwajibanmu, minangka tebusan saka nggonmu nglakoni urip sing wis mangan ngombe saka wulu wetune Kepuh Agal, dadi aran lancang nek kowe wani ngarep-arep ganjaran, luwih-luwih ganjarane banjur mbok jagakne kanggo ngimbangi tumindak dosamu sing banget gedhene. Arepa kaya apa, Kyai Daka kae ya tau aweh tuntunan kabecikan marang kowe, malah saiki mbok wales kanthi cara meden-medeni kalawan tembungmu sing ngayawara. Jenenge wong ngapusi kuwi mbuh kapan wektune suwe-suwe mesthi bakal konangan. Lan yen wis konangan lan wong-wong padha weruh nek kowe kuwi jebul menungsa sing dhemen nindakne laku dora lan cidra, bakal nguwohake ora ana maneh sing gelem percaya marang apa sing mbok kandhakne. Kowe bakal kewirangan selawas-lawase, ora mung kowe dhewe sing bakal nandhang wirang, Biyung sing wis ana alam tentrem kana wae bakal muwun merga wis duwe putra sing dhemen apus-apus. Bapa sing penggalihe suci, uga bakal isin merga wis peputra menungsa sing dhemen gawe crita sing ngayawara kaya kowe kuwi”.

        Inggih awit wontenipun perang batin ingkang kados makaten menika, anjalari manah lan pikiran kula sansaya kraos boten sekeca. Wonten raos getun, dene kala wau kalihan entheng kula ngapusi Kyai Daka. Wonten raos kedhuwung lan ajrih manawi ngantos anggen kula nglampahi dora ing wicara menika ngantos kadenangan. Kula namung saged linggih dheleg-dheleg, ing joganing pendhapa, kados tiyang kecalan nalar. Ngantos boten sumerep wayah, ngertos-ngertos wanci dalu sampun dumugi. Rewang dalem kalurahan ingkang nggadhahi kuwajiban nyawisaken dilah sampun wiwit nyumeti dilahipun lan mapanaken ing papan-papan ingkang samesthinipun, kalebet mapanaken dilah kangge madhangi pendhapa.

        “Kawula nuwun, Kula ingkang sowan Raden” dumadakan kula dipun kagetaken dening suwantenipun tiyang ingkang minggah pendhapa lan alok kula nuwun dhateng kula.

Jebul ingkang nembe dugi menika tiyang sekawan, ingkang ngajeng piyambak Ki Pawana, Bebau Jangglengan lajeng Ki Pahang, Bebau ing Grojoganngubal, kairingaken Paman Tanggon lan Paman Pahing. Nanging kenging menapa anggenipun alok dhateng kula benten kalihan padatan?. Kula ngertos menawi ingkang wicanten “kula nuwun” wau Ki Pawana, ingkang padatan menawi nyebut nami kula mawi sebutan Gus utawi Adhi, nanging menika wau anggenipun ngundang nami kula mawi sebutan Raden tanpa nyebut nami kula. Malah kula langkung kaget malih, sareng kula boten tumunten wangsulan tiyang sekawan menika lajeng ndheprok ing jogan lan mlampah kanthi ndhodhok nyaketi kula, tanganipun sami asikep sembah kalbu.

“Pangabekti kula mugi katur ing ngarsa Jengandika Raden” Ki Pawana kados nyembah sarwi ngaturaken bekti dhateng kula. nDadosaken kula bingung.

“Menika wonten menapa ta Kakang Bebau?” kula lajeng pitaken kalihan suwanten gumun “kula menika Pradapa, kok ndika tumindak kados makaten menika mengku kersa menapa?”.

“Sampun ta Raden, kula tiyang sekawan menika sampun mangertos sedaya, sinten estunipun Raden Mas Sarkara ingkang sampun ngagem asma singlon Ki Sarkara lan sinten Gus Pradapa ingkang jebul Raden Pradapa ingkang langkung pinitados dening Gusti Kula Panembahan Senapati ing Mataram” Ki Bebau Jangglengan lajeng wicanten mangsuli pitaken kula.

“Mangke rumiyin Kakang Pawana” kula lajeng wicanten malih, awit kula dereng mudheng kalihan ingkang dipun ucapaken Bebau Jangglengan makaten menika” Sinten ingkang sampun cariyos dhateng Kakang Pawana, bab prakawis ingkang nyata ngayawara menika?”.

“Nyuwun pangapunten Raden” Ki Pawana lajeng wangsulan “estunipun Ki Tanggon lan Ki Pahing ingkang dipun kanthi Ki Bebau Grojoganngubal watawis wanci lingsir surya wau sampun dumugi ing griya kula, lan kula sampun tata-tata bidhal mriki sowan dhateng Raden Pradapa, nanging kedadak Ki Bebau Sidomulya dumadakan dugi ing Jangglengan”.

“Ki Danara dhateng Jangglengan Kakang?” kula kapeksa nyaru wuwus awit kepireng aneh Ki Danara purun murugi papanipun Ki Pawana.

“Inggih Raden” wangsulanipun Ki Pawana “waunipun kula sujana, kula kinten Ki Danara badhe tumindak ingkang boten sae jumbuh kalihan wartos ingkang kula tampi saderengipun saking Ki Pahang, mula kula inggih sampun siyaga kalihan Tumbak Kyai Jimat peparingipun Bapa. Nanging Jebul kula kecelik Raden”.

“Kecelik kados pundi Kakang?” kula taken malih.

“Duginipun Ki Danara boten badhe damel sulaya, nanging ingkang sepisan nedhi pangapura kangge piyambakipun lan kangge Kyai Daka, awit saking anggenipun sampun tumindak kados ungeling warta ingkang kabekta dening Ki Pahang kala wingi menika” wangsulanipun Ki Pawana cetha.

“Dados wartos ingkang dipun beta Ki Pahang ingkang criyosipun saking Paman Tanggon lan Paman Pahing menika leres?” kula api-api tambuh.

“Leres Raden” Ki Pawana gurawalan anggenipun wangsulan “nanging Kyai Daka lan Ki Danara sampun ngrumaosi ing lepatipun saderengipun nindakaken kekajenganipun kala wau, inggih jalaran Kyai Daka sampun nampi wisik saking Hyang Agung bilih lekasipun ingkang badhe mbalela menika lepat, malah lajeng Kyai Daka ugi nampi wisik ingkang miyak sesinglonipun Raden Mas Sarkara ugi ingkang putra pun Raden Pradapa”.

“Sesinglon menapa malih menika Kakang?” kula pitaken kalihan salebeting manah mesem, jebul pawitan cariyos kula ingkang ngayawaea Kyai Daka saged damel cariyos langkung ngayawara sanes malih.

“Cariyos ingkang dipun bekta Ki Danara, Kyai Daka kaparingan ngertos bilih estunipun Ki Kepuh Agal menika taksih putra angkatipun Kanjeng Sultan Pajang awit kageret saking Pangeran Bantani, nanging nuwun sewu Ki Danara anggenipun mastani asmanipun Pangeran Bantani klentu dados Raden Sentani” wangsulanipun Ki Pawana kalihan mesem.

“Pangeran Bantani, sinten malih menika Kakang?” kula pitaken malih.

“Kula ngertos pamundhut jengandika menika namung cangkriman Raden” wangsulanipun Ki Pawana kalihan esem langkung wiyar malih “nanging murih adilipun, cangkriman jengandika badhe kula batang. Kula nate kacariyosan dening tiyang sepuh kula bilih Gusti Sultan Pajang menika kagungan putra ingkang wiwit timur boten kraos mapan ing kraton, nanging milih sugeng ing pratapanipun Waliyullah ing laladan jawi wetan, kados kawula limrah. Asmanipun Raden Bantani ugi Pangeran Bantani. Awit Gusti Pangeran Bantani boten kersa dados priyagung lan milih dados kawula limrah, mila boten kathah kawula ingkang sumerep sinten Pangeran Bantani menika”.

Kula lajeng nggagas, ketingalipun wonten seling suruping wartos antawisipun Ki Danara lan Ki Pawana menika. Ki Pawana nginten menawi ingkang dening Ki Danara sinebat Raden Sentani, inggih tiyang sepuhipun angkat Raden Gunendra, menika Raden Bantani ingkang criyosipun putranipun Kanjeng Sultan Pajang. Nanging kula dereng suka wangsulan ing bab menika.

“Dene cariyos  salajengipun” Ki Pawana nutugaken anggenipun wicanten, “Kyai Daka nampi wangsit bilih Raden Mas Sarkara menika estunipun sedherek angkat saking Pangeran Bantani, awit dados sedherekipun, mila Raden Mas Sarkara lajeng katetepaken ugi dados putra angkatipun tiyang sepuhipun Raden Bantani ingkang miturut Ki Danara asmanipun ingkang leres Raden Sentani menika. Kajawi menika, wangsit ingkang dipun tampi Kyai Daka ugi nyebataken bilih jengandika Raden Pradapa menika ugi kadhaken minangka putra angkatipun Pangeran Bantani. Lan ingkang ndara dasihi, dalu Kyai Daka nampi wangsit, ing enjingipun jengandika Raden tedhak dhateng griyanipun Kyai Dakam temah Kyai Daka sumerep tandha-tandha ingkang wonten ing salira jengandika bilih tuhu jengandika Raden menika putra angkatipun Raden Bantani, pramila Kyai Daka lajeng ngaturaken sungkem dhateng jengandika Raden. Menika cariyos ingkang kula pireng piyambak saking Ki Danara”.

Jebul seling-surup antawisipun Ki Pawana lan Ki Danara sansaya tebih. Awit menawi leres wonten putra Pajang ingkang asma Pangeran Bantani kados cariyosipun Ki Pawana ingkang katampi saking tuyang sepuhipun menika, estu boten badhe gathuk kalihan Raden Sentani ingkang cariyosipun tiyang sepuh angkatipun Raden Gunendra lan nedya badhe amupu kula minangka putra angkatipun menika. Inggih awit saking menika, kisruhing manah kula lajeng wewah malih. Nanging kula taksih kepengin mireng langkung kathah malih cariyos ingkang dipun beta Ki Pawana inggih Bebau Jangglengan menika.

 

Ana candhake

 

 

Sabtu, 16 September 2023

SENDHANG MISRIKANING WARIH 7 (113)


 

113.

        Ingkang ketingal kaget kaworan gumun gentos Ki Danara, kinten-kinten tuwuh pitakenan ing manahipun, awit Rama Kyai Daka benten kalihan padatan sikepipun dhateng kula, malah samangke migunakaken basa krama kalihan kula. Kula api-api boten nggagas dhateng Ki Danara ingkang nyawang kula kanthi praupan kebak tandha pitakenan. Malah lajeng kalihan mesem kula lajeng atur wangsulan dhateng Kyai Daka :

        “Mila estunipun kula namung nyobi kemawon kok Rama”

        “Nyobi menapa Raden?” Kyai Daka medhot rembag kula, ketingal menawi boten sabar ngentosi kula nutugaken ginem. Kula lirik Ki Danara sansaya sanget anggenipun mlengakaken praupan, ketang ngungunipun, awit Kyai Daka kajawi ngangge basa krama ingkang alus inggih nyebat kula mawi sebatan Raden.

        “Nalika Kakangmas badhe kundur taksih kober paring Aji Swaramaruta dhateng kula ingkang  pirantinipun awujud kalpika pameling, dhawuhipun Kakangmas sawanci-wanci kula kepengin wicanten kalihan panjenenganipun, kula saged wicanten dhateng kalpika kala wau, mangke suwanten kula badhe kapireng dening Kakangmas nadyan Kakangmas boten kantenan papanipun” kula wangsulan kanthi dora malih “nalika kula bidhal mriki lan ing margi kula mireng menawi Rama Kyai saha Ki Lurah Danara sampun kagungan kersa badhe mbalela dhateng Ki Pawana lan Kepuh Agal, kula lajeng wadul dhateng Kakangmas kanthi wicanten dhateng kalpika peparingipun kala wau. Dados inggih boten mokal saha boten aneh menawi Kakangmas nunten duka dhateng Ki Lurah Danara”.

        Ki Danara lan Kyai Daka ketingal lajeng legeg, dheleg-dheleg. Kula boten mangertos menapa ingkang dipun gagas. Namung panginten kula, dheleg-dhelegipun tiyang kalih menika jalaran nggetuni anggenipun kelajeng badhe mbalela. Namung bentenipun Ki Danara ingkang boten mireng anggen kula sampun cariyos dhateng Kyai Daka, ketingal dereng mudheng kalihan ewah-ewahaning sikepipun Kyai Daka dhateng kula, saha boten mudheng sinten ingkang kula kajengaken kalihan sebutan Kakangmas kala wau.

        “Nuwun sewu Bapa Guru” dumadakan Ki Danara nyobi matur dhateng Kyai Daka “yektosipun niki wau wonten kedadosan menapa ta? Dugi rumaos kula sedaya kok lajeng ewah kados makaten menika? Lajeng kados pundi kalihan dukanipun Raden Gunendra kala wau?”

        “Danara?” Rama Kyai Daka wangsulan kalihan suwanten alon nanging sereng “upama kowe dipidana dening Raden Gunendra kaya sing wis mbok kandhakne mau, aku sarujuk banget. Merga kowe wis ngajak aku ngglandhang carang saka pucuk, merga saka anggonmu keminter lan kemeruh, kowe arep gawe cilakaku lan cilakane wong sak Kepuh Agal kene. Katujune iki mau Raden Pradapa kepareng tedhak ing pendhapa kene, ya muga-muga wae pangkasamane Raden Pradapa marang aku luwih gedhe tinimbang dosa sing tak tindakne sing merga saka pambujukmu sing bodho nanging keminter kuwi mau”.

        “Nyuwun pangapunten Bapa Guru” Ki Danara nyobi matur malih “kula babar pisan boten ngglandhang carang saking pucuk kados pandakwa jengandika menika, nanging kula menika namung ngaturaken kedadosan ingkang sanyatanipun, Gus Pradapa lan para bebau sarta Ki Lurah Kepuh Agal, sampun kenging guna dhesthi saking Pawana temah sami nyengkuyung yoganipun Si Pawit tiyang goroh menika dados suhing para Bebau……..”.

        “Danara ?!?” Kyai Daka nggetak dhateng Ki Danara, kalihan netra ingkang murup.

        Ki Lurah Danara sansaya ketingal gumun nampi panggetak saking Kyai Daka ingkang kados makaten menika, sanaosa boten semaur nanging mripatipun Ki Danara nedahaken raos gumuning manahipun dene sampun digetak kados lare alit dening Gurunipun makaten menika. Lan purun boten purun Ki Danara inggih ajrih dhateng Kyai Daka.

        “Saiki aku luwih percaya marang pituture wong kuna biyen, rowang kang bodho kuwi luwih mbebayani tinimbang mungsuh sing julig. Lan minterne wong bodho kuwi luwih angel nalika wong bodho kuwi sugih gunem sing yekti ora ana gunane kaya kowe kuwi, mula nek kowe isih kepengin dawa umurmu, becik kowe sinau mikir luwih dhisik sadurunge guneman” Kyai Daka nutugaken anggenipun srengen dhateng Ki Danara, Ki Danara inggih lajeng ndhingkluk, boten wantun kumecap malih.

        Kawontenan lajeng sidhem nanging ketawis angker. Awit dereng wonten ingkang wicanten malih. Kula piyambak ugi sengaja boten guneman menapa-menapa, awit kula ngertos menawi Kyai Daka sampun pitados kalihan wicanten kula ingkang dora. Miturut petanganing manah kula, anggen kula dora menika boten badhe kawiyak menawi boten kamangertosan dening Raden Gunendra, lan kula sampun pitados bilih Raden Gunendra boten badhe wantun malih dugi dhateng Kepuh Agal mriki sasampunipun nandhang wirang awit dipun welehaken dening Bapa.

        “Nuwun sewu Raden” sareng sampun sawatawis kawontenan kraos tintrim, Kyai Daka lajeng wicanten malih “sareng kula mireng sedaya dhawuh jengandika Raden, kula nembe kraos jebul ngibarat tiyang kekesahan kula sampun kesasar ing margi inggih awit bodhonipun tiyang ingkang kula pitados dados cucuking lampah. Lan kula ugi ngertos, awit kesasaring lampah menika saged nganjogaken lampah kula ing talining gantungan pidana pejah. Nanging bares kemawon Raden, sanadyan sampun sepuh, kula mila dereng kepengin pejah langkung-langkung pejah nistha minangka nara pidana. Samangke kaparenga Raden Pradapa paring pitulungan dhateng kula, menapa ingkang kedah kula lampahi murih kula saged wangsul medal saking margi ingkang sasar menika”.

        Kula dados langkung saged mangertosi wewatakanipun Rama Kyai Daka kanthi tembungipun dhateng kula ingkang makaren menika. Kyai Daka estu dhemen maiben dhateng tiyang salintuning piyambakipun, sedaya bodho kalebet Lurah Danara ingkang sampun dipun dakwa nuntun Kyai Daka ngambah margi ingkang jebulipun margi ingkang nasaraken. Babar pisan Kyai Daka boten ngrumaosi bilih piyambakipun ugi kenging kawastanan bodho dene gampil anggega aturipun Lurah Danara. Nanging salebeting manah kula ugi mesem, jalaran menawi Kyai Daka lan Ki Danara menika boten bodho, tartamtu anggen kula sampun micara dora menika gampil kadenangan.

        “Sedaya sampun cetha Rama” wekasan kula atur wangsulan “lan sedaya wangsul dhateng Rama Kyai badhe nglajengaken lampah menapa badhe mundur lajeng wangsul dhateng margi ingkang sakawit. Nanging mugi kauningan Rama, nglajengaken lampah utawi wangsul nurut margi ingkang sekawit menika boten lelahanan, liripun lekas kekalihipun wonten pidananipun saking ingkang jengandika dhereki. Awit badhea kados menapa, jengandika Rama Kyai miwah Ki Lurah Danara nyata sampun kenging kawastanan lepat”.

        “Inggih Raden” Kyai Daka ketingal susah sanget manahipun “kula saged mangertos kalihan menapa ingkang jengandika dhawuhaken menika, lan kula nyuwun tulung dhateng Raden Pradapa mugi katuntuna kula lan para siswa lan calon siswa ing paguron kula menika wangsul malih ing margi ingkang saleresipun, prakawis pidana ingkang kedah kula tampi, badhe kula tampi kanthi rilaning manah jalaran nyata menawi kula sampun tumindak dosa”.

        “Sokur menawi makaten Rama” kula lajeng wangsulan kalihan damel racikan dora ingkang enggal malih “mila ujaring para kina nyebataken, sauger taksih wujud manungsa mangka boten badhe sepen kalihan kalih prakawis ingkang wujudipun lali lan luput. Namung kemawon para kina ugi paring piwucal sabeja-bejane wong lali yen gelem bali eling lan sabeja-bejane wong luput yen gelem bali marang dalan kang bener. Lan kula sumerep sarta nembe kemawon mireng piyambak bilih Rama Kyai taksih kalebet tiyang ingkang beja kala wau”.

        “Inggih, ngaturaken genging panuwun Raden” Rama Kyai Daka wicanten kalihan astanipun kanan kering katampukaken ing ngajeng dhadha asikep sembah kalbu dhateng kula.

        “Sepisan malih kula matur Rama” kula nglajengaken anggen kula wicanten ngayawara dhateng Kyai Daka “nyata jengandika Rama sakulawangsa dinten menika nampi kanugrahan ingkang agung”.

        “Kanugrahan Raden? Kanugrahan menapa?” Rama Kyai Daka wicanten kalihan pasuryan ingkang sakalangkung bingar.

        “Nembe kemawon lumantar sasmita Aji Swaramaruta, kula nampi dhawuh saking Kakangmas bilih kula sampun nampi dhawuh saking Raden Sentani murih angaturi Kanjeng Rama dhumateng panjenenganipun, kaping kalih kula kaparingan purba wasesa sacekapipun kangge ngrampungaken prakawis ing Kepuh Agal menika kanthi lampah kawicaksanan. Menawi wonten ingkang boten pitados kalihan dhawuh ingkang lumantar sasmitaning aji swaramaruta menika, kula kaparengaken nedahaken namung kemawon menawi wonten walatipun tumrap ingkang kepengin sumerep, menika dede tanggel jawab kula” kula wangsulan kalihan ukara ingang nyata-nyata ngayawara “inggih kanthi wontenipun dhawuh murih kula ngrampungaken prakawis ing Kepuh Agal menika, kula saged nganggep prakawis menika rampung tanpa mawi wonten ingkang kedah dipun lepataken, jalaran sedaya menika inggih awit saking kleru tampi kemawon lan Ki Lurah Danara ing benjingipun panggah saged kapasrahan jejibahan ingkang langkung wigatos tinimbang namung dados pangarsaning para Bebau. Nanging kula ugi wenang damel cara ingkang sanes kangge ngrampungaken prakawis ingkang nembe kemawon tuwuh ing Kepuh Agal menika”.

        “Inggih Raden, kula pitados dhateng sedaya ingkang jengandika dhawuhaken lan babar pisan boten gadhah niyat badhe mbuktekaken dhawuh jengandika kala wau” Rama Kyai Daka suka wangsulan “panyuwun kula dhateng Raden Pradapa, mugi prakawis ingkang tuwuh ing Kepuh Agal inggih awit saking kirang lantipipun Danara menika, sageda kaanggep rampung tanpa wonten ingkang sanget-sanget anggenipun nglepataken. Dene menapa ingkang dados sarat masrutipun, kula sagah mujudaken”.

        “Inggih Rama” wangsulan kula kalihan mesem “manawi makaten, benjing menapa mangke dalu prayogi menawi Rama tumunten ambiwarakaken dhateng sanggya para siswa lan calon siswa bilih dhawuh ingkang kala wingi sampun kasuwak kagantos dhawuh enggal ingkang wujudipun wangsul anyengkuyung sedaya kawicaksananing Dhusun Kepuh Agal ingkang nuju dhateng kamulyaning sanggya para warga lan kawula Kepuh Agal”.

        “Inggih Raden, sedaya dhawuh jengandika badhe tumunten kula lampahi kanthi sasae-saenipun, lan kula ngaturaken genging panuwun awit kawicaksananipun Raden ingkang taksih asih dhateng kula temah kula boten kapatrapam pidana menapa-menapa, prasetyaning manah kula dhumateng jengandika Raden, ngantos kukuding jagad kula, kula boten badhe amangsuli lampah cidra dhateng jengandika Raden miwah ingkang Rama ing Patalan” Rama Kyai Daka ngucapaken sumpahipun dhateng kula ”Prakawis Ki Pawana ingkang ambok bilih sampun mireng lekas kula ingkang lepat kala wau, sarta mbok bilih ugi sampun tata-tata kangge paring pidana dhateng kula lan Danara, sadaya kula pasrahaken dhateng Raden Pradapa murih saenipun”.

 

Ana candhake.

 

Jumat, 15 September 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (112)

112.

        Mireng wangsulan kula ingkang setengah dora kados makaten menika, Rama Kyai Daka ketingal menawi ngungun. Kinten-kinten boten boten nginten menawi kula badhe atur wangsulan ingkang makaten kala wau. mBok bilih kemawon, Kyai Daka sampun langkung rumiyin sujana dhateng Bapa, menawi Bapa badhe nampik kersanipun Raden Gunendra sarta boten badhe paring inah kula katurunan aji jaya kawijayan saking Raden Gunedra, kados anggenipun Bapa boten ngeparengaken Kyai Daka nyuwun ngampil Kyai Pantek kangge sarat kula nampi aji Bledheg saleksa nalika samanten.

        “Dadi Ki Kepuh Agal wis ngeparengake Kyai Pantek diampil dening Raden Gunendra anakmas?” Rama Kyai Daka mundhut pirsa malih “Ya ora maido nek sing ngersakne Raden Gunendra, Ki Kepuh Agal mesthi ora bisa nampik, beda nek sing nembung kuwi mung wong sing drajate mung kaya aku iki”.

        “Nyuwun pangapunten Rama” kula atur wangsulan “ingkang kula ngertosi, sadangunipun wawan pangandikan antawisipun Bapa kalihan Raden Gunendra babar pisan boten nyenggol Kyai Pantek babar pisan. Ingkang kula ngertosi, malah ingkang dipun ngendikakaken kedadosan jaman Bapa taksih mapan ing Pajang lan Raden Gunendra taksih alit, dados inggih lajeng kados tiyang kangen-kangenan anggenipun sami ngendikan tansah sambung lan damel renaning penggalihing kekalihipun”.

        “Dadi antarane Ki Lurah karo Raden Gunendra kuwi wis tau tepung utawa wis tau srawung ngono apa piye?” Kyai Daka ketingal sansanya ngungun mireng atur wangsulan kula makaten menika.

        “Cariyosipun Raden Gunendra asring dipun criyosi dening Ibunipun, nenggih Nyi Menggung Dibyaningrat, bilih Nyi Menggung saderengipun kapundhut garwa dening Gusti Tumenggung, nate kagungan mitra raket ingkang nami Sarkara, ingkang griyanipun sacaketing sendhang. Nyi Menggung ngendikanipun Raden Gunendra asring suka pangalembana dhateng mitra raketipun kala wau, eman nalika Ki Sarkara nilaraken Pajang, Nyai Menggung boten pirsa. Mila sareng Raden Gunendra kepanggih Ki Sarkara, inggih Bapa ingkang samangke dados Lurah ing Kepuh Agal mriki, Raden Gunendra sakalangkung rena ing penggalih” kula lajeng damel cariyos ingkang sansaya ngayawara “eman dereng ngantos tutug anggenipun kangen-kangenan, kedadak Raden Gunendra kemutan menawi wonten jejibahan ingkang dereng dipun rampungaken, lajeng daya-daya pamit badhe kundur dhateng Patalan malih”.

        Rama Kyai Daka lajeng manggut-manggut, sajak boten nyana menawi badhe wonten cariyos ingkang benten kalihan pangintenipun. Kula piyambak inggih ngungun, ngungun kalihan awak kula piyambak, dene dumadakan kanthi sekeca matur dora dhateng Rama Kyai Daka lan kula inggih boten mangertos dumadakan kemawon kados wonten ingkang nuntuni lidhah lan labe kula kangge matur dora dhateng Rama Kyai Daka lan babar pisan boten nggagas wewalating micara dora dhateng Kyai Daka menika. Ingkang cetha, wiwit sepisanan kula rumaos sampun dipun gorohi dening Kyai Daka, ingkang ngendika bilih anggenipun boten nglayat sedanipun Biyung jalaran saliranipun nembe boten sakeca. Ambok bilih awit kagelan jalaran dipun gorohi menika, ingkang ndadosaken kula wantun males kanthi ngaturaken cariyos ingkang nyatanipun ngayawara menika.

        “Nanging kok Anakmas banjur nyidrani janjine marang Danara?” sareng sampun radi dangu mendel kalihan manggut-manggut, dumadakan Rama Kyai Daka ndangu kula babagan janji kula kalihan Ki Lurah Danara, janji ingkang pundi kula piyambak inggih dereng mangertos.

        “Nyuwun pangapunten Rama” kula atur wangsulan kalihan nyuwun pirsa “ingkang dipun kersakaken Rama janji menapa?".

        “Mosok anakmas wis supe?” Rama Kyai Daka mesem nanging kraos kecut “gajege Raden Gunendra nate  paring dhawuh marang anakmas Pradapa, ngenani pepenginane Danara dadi pangarepe para Bebau ing Kepuh Agal, banjur Raden Gunendra ngersakne murih ora ndadekne Danara tumindak sakarepe dhewe sawuse klakon dadi pengarepe para Bebau, banjur kepareng arep nurunake aji jaya kawijayan marang anakmas Pradapa kareben bisa ngendhaleni Danara. Lan wektu iku sanajan anakmas Pradapa ora ngendika apa-apa, nanging katon wis nyarujuki apa sing dadi kersane Raden Gunendra. Nanging ya gene wingi awan malah sing ditetepne dadi pangarsane para Bebau, Pawana, bebau Jangglengan anake Pawit wong tuwa sing dhemen nyebar ngelmu pangawuran kuwi?. Sauntara Danara mung bakal dadi andhahane wong licik anake Pawit kae?. Tak aturi pirsa ya anakmas, Ketang tresnaku marang Kepuh Agal kang tembene bakal dadi Desa Gedhe, sawise aku krungu yen sing didadekne sesulihe Ki Lurah kuwi Pawana, ora gantalan wektu tak biwarakne marang para siswa Paguron kene yen aku ora sudi kebawah keprentah dening anake Pawit wong umuk sing reka-reka adeg Paguron Kebatinan kuwi. Lan Danara uga mbiwarakne marang siswa lan calon siswa, sing sapa wani ora nyengkuyung marang lekasku iki mangka bakal nampa pidana sing abot saka paguron……”.

        “Dados leres kabar ingkang sampun mratah dugi pundi-pundi menika Rama?” kula wangsulan “awit nalika kula bidhal mlampah mriki niki wau, kula mireng tiyang reraosan bilih Rama Kyai sampun marentahaken dhateng sedaya para siswa lan calon siswa murih mbalela dhateng Dhusun Kepuh Agal?”.

        “Tak dhadha lan tak akoni, Iya!” wangsulanipun Rama Kyai Daka “nanging lekasku kang mangkene iki, ora niyat arep wani marang Ki Lurah Kepuh Agal sing saiki lagi nindakne jejibahan wigati lan winadi, malah kepara arep mulyakne asmane Ki Lurah sing saiki meh wae kelem merga ndhahar ature wong bodho sing keminter temah amiji Pawana murih dadi suhing para Bebau ing kepuh Agal kene, tekadku sadurunge Ki Lurah kundur ing Kepuh Agal, Desa kene arep tak resiki liwug dhisik saka wong-wong bodho sing keminter kuwi. Dadi Desa Kepuh ora bakal ana maneh sing memalangi kanggo dadi desa sing gedhe lan kasuwur”.

        Kanthi pangandikanipun ingkang makaten menika cetha menawi Kyai Daka mila badhe migunakaken kalodhangan mumpung Bapa boten wonten ing Kepuh Agal, lajeng badhe mbalela. Menika cetha menawi mbebayani dhateng katentremaning Kepuh Agal. Lan menawi boten tumuli dipun endheg, boten sande badhe nuwuhaken perang sami kadang. Gandheng wiwit wau kula sampun wicanten dora, mila kula inggih badhe nutugaken anggen kula badhe dora, namung kemawon, niyat dora kula ingkang kantun menika mawi tujuwan murih Kepuh Agal boten siyos geger awit pakartinipun Kyai Daka.

        “Nuwun sewu Rama” kula lajeng wiwit ngecakaken anggen kula badhe dora “kula boten badhe nglepataken lekasipun Rama ingkang dhawuhipun Rama badhe njunjung asmanipun Bapa lan kangge kamulyanipun Dhusun Kepuh Agal menika. Lan kula pitados, menawi namung sak Ki Pawana lan Para Bebau, sesepuh tuwin Sapukawat ing Kepuh Agal mriki kemawon, kenging kawastanan boten badhe nggandra sepira, menawi aben ajeng kalihan Rama Kyai, Ki Lurah Danara lan para siswa sedaya. Nanging boten ateges kula ngremehaken kadigdayanipun Rama Kyai, Ki Lurah Danara lan para siswa sedaya, menawi ngantos Bapa boten narimahaken kawicaksananipun sampun jengandika cidrani tanpa langkung rumiyin suka sumerep dhateng Bapa. Ambok bilih Rama ugi badhe boten ajrih dhateng kekiyataning Bapa langkung-langkung namung sak kula, nanging menapa Rama sampun siyaga menawi wonten dukanipun Raden Gunendra miwah ingkang Ramanipun ing Patalan?”.

        “Mengko dhisik Anakmas” Rama Kyai Daka ketingal radi kejot kalihan ucap kula ingkang pungkasanm inggih menika ingkang nyebut asmanipun Raden Gunendra saha Patalan “coba anakmas Pradapa cethakne, ya gene Raden Gunendra lan Ramane bakal duka marang aku?”

        “Mesthi kemawon Raden Gunendra saha ingkang Ramanipun badhe duka, Rama” kula wangsulan kalihan mesem ngece “mugi kauningan, sanaosa kula dereng kabiwarakaken dados Putranipun Raden Sentani ing Patalan, nanging Raden Gunendra sampun ngakeni bilih kula menika sedherekipun angkat kaprenah anem saking Raden Gunendra. Malah kepara Raden Gunendra paring dhawuh dhumateng kula murih anggen kula ngaturi panjenenganipun mawi sebatan Kangmas, awit panjenenganipun Raden Gunendra menawi nimbali kula mawi sebatan Adhimas Pradapa. Kaping kalihipun anggenipun Bapa ngrojongi panyuwunanipun para Bebau lan kula kiyati murih Ki Pawana saged katetepaken dados sesulihing Bapa, menika estunipun inggih dhawuh saking Raden Sentani lumantar Kangmas Gunendra. Dene kangge Lurah Danara estunipun wonten jejibahan sanes ingkang langkung wigatos katimbang dados sesepuhing para Bebau, menika menawi Ki Danara kersa, awit ingkang nata menika dede Bapa nanging Kangmas Gunendra kanthi pitedah saking Raden Sentani ing Patalan. Awit saking menika, mangga jengandika Rama badhe tumindak menapa, kula boten badhe wantun memalangi, nanging menawi wonten menapa-menapanipun kula boten badhe cawe-cawe………”.

        Rama Kyai Daka ketingal kejot midhanget atur kula, ketitik pasuryanipun pucet dadakan. Nanging dereng ngantos ngendika menapa-menapa, kasaru dumuginipun Lurah Danara ingkang ketingal kusung-kusung slaganipun……

        “Nyuwun pangapunten Bapa Guru” dereng ngantos dipun dangu Lurah Danara ingkang ndheprok ing ngarsanipun Kyai Daka matur “ngaturaken katiwasan, Raden Gunendra boten kepareng nampi sowan kula”.

        “Sabar sethithik apa kowe ora bisa ta Danara?” Rama Kyai Daka ndangu kalihan suwanten sereng “arep guneman kuwi ditata dhisik, aja waton bisa mangap ngono kuwi…..”.

        “Inggig Bapa Guru” Ki Danara atur wangsulan, suwantenipun cetha menawi dipun sareh-sarehaken “kanthi mbandhangaken kapal kula tanpa kendel babar pisan, byar rahina kala wau kula sampun dumugi Gindhalasewu ing Kasatriyanipun Raden Gunendra. Nanging dening abdinipun Raden Gunendra kula boten kaparengaken mlebet ing Kasatriyan, kula radi runtik manah kula, abdi dalem kasatriyan ingkang kula anggep murang tata, jalaran sampun kula cethakaken bilih kula menika Lurah Danara siswanipun Rama Kyai Daka, mbekta warta ingkang sakalangkung wigatos, nanging panggah boten kaparengaken marak ing ngarsanipun Raden Gunendra. Abdi murang tata kala wau lajeng kula getak lan kula abah-abahi mawi basa ingkang radi kasar temah mlajar mlebet dhateng dalem kasatriyan. Boten watawis dangu, Raden Gunendra miyos, kalihan ngliga wangkinganipun, kula katundhung kesah mawi basa ingkang keliwat kasar, menawi boten tumunten nilaraken kasatriyan kula badhe dipun pejahi. Kula ajrih lajeng wangsul, kapal ingkang kula bandhangaken katelasan napas temah pejah ing margi watawis seket jangkah saking mriki…..”.

        “He he he” kula sengaja gumujeng alon lajeng ngunandika ingkang estunipun inggih dora “matur nuwun Kangmas, samenika kula ngertos aji Swaramaruta peparingipun Kangmas nyata boten ngayawara……”.

        “Mangke rumiyin Anakmas, eh Raden Pradapa” dumadakan kanthi suwanten kamisosolen Rama Kyai Daka ngendika dhateng kula “jlentrejipun menika kados pundi ta? Mugi kaparenga kula nyuwun kajarwanan”.

 

 

Ana candhake.

 

Kamis, 14 September 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (111)

111.

        Suwanten wangsulanipun Ki Bebau Jangglengan kepireng tatag lan nedahaken kuwantunanipun menika mila boten aneh, jalaran sedaya ugi sampun sumerep menawi sambet srawung antawisipun kulawarganipun Ki Pawit lan Rama Kyai Daka menika ketingal sae menika namung ing tata gelar kemawon. Ing salebeting manahing kekalihipun sami-sami ngendhem raos boten remen malah kepara gething amburu sengit. Namung kemawon sadangunipun menika, mila kulawarganipun Ki Pawit boten ngetingalaken raos boten remenipun dhateng Kyai Daka sapaguronipun, kanthi ngeblak. Malah kepara asring menawi mireng tiyang ingkang reraosan bab awonipun Kyai Daka menapa dene Ki Lurah Danara, kados Ki Pawana menika langkung remen ngalih boten remen tumut mirengaken. Benten kalihan Ki Lurah Danara lan Rama Kyai Daka ingkang asring ngraosi Ki Pawit mawi pasemon ingkang ngremehaken lan damel gegujengan, kados upaminipun mastani Ki Pawit ingkang ugi nampi siswa ingkang kepengin sinau ing ulah kebatosan, mawi sebatan Paguron Kebatosan Pangawuran.

        Estunipun Ki Pawit ugi nate matur dhateng Bapa bilih Rama Kyai Daka lan Ki Lurah Danara menika kasetyanipun dhateng Kepuh Agal pantes dipun sujanani, awit asring kepireng wadulan saking para sinoman ingkang ugi tumut gladhen ulah kanuragan ing sanggaripun Kyai Daka, bilih Kyai Daka lan Ki Danara menika asring reraosan bilih jumenengipun Kanjeng Panembahan Senapati ing Mataram menika murang tata, nyebal saking pepakeming Tanah Jawi. Nanging dening Bapa kapurih ngenengaken kemawon sauger anggenipun reraosan makaten kala wau boten ing ngarsanipun Bapa utawi para Bebau lan sesepuhing Kepuh Agal. Mireng wangsulanipun Bapa ingkang makaten menika Ki Pawit inggih lajeng mendel. Awit Ki Pawit ketingalipun saged nampi pawadan ingkang dipun dhawuhaken Bapa bilih njagi karukunan antawisipun warga Kepuh Agal menika sakalangkung wigatos, bab anggenipun Kyai Daka dereng purun ngakeni bilih Mataram menika samangke ingkang kapiji mranata reh parentahing Tanah Jawi, mangke saged dipun dandosi alon-alon.

        “Kados pundi Adhi rantaman kula manawi cariyos ingkang dipun bekta Ki Grojoganngubal kala wau leres?” sareng sampun sawatawis kula boten wicanten menapa-menapa, Ki Pawana lajeng pitaken dhateng kula “miturut pamawasipun Gus Dapa sampun leres menapa kedah wonten ingkang dipun ewahi?”.

        “Nyuwun pangapunten Kakang” ngatos-atos kula suka wangsulan “kula namung nguwatosaken katentremanipun Kepuh Agal, menawi ngantos wonten pasulayan antawisipun Kakang Pawana kalihan Ki Danara, menapa malih ngantos dumados kerengan adu kaprawiran, boten sande kawula lan warga ingkang badhe dados kurban. Menapa sakintenipun boten wonten cara sanes ingkang langkung prayogi Kakang?”.

        “Lha menika ingkang kula ajeng-ajeng Gus” Bebau Jangglengan suka wangsulan kalihan mesem “sepisan malih kula kedah ngrumaosi bilih nalar kula sok kasep anggenipun mlampah, lajeng kalancangan dening raos, temah boten mikir kados ingkang jengandika dhawuhaken menika kala wau. Waunipun kula nggagas, manawi kabar ingkang dibeta Ki Grojoganngubal menika nyata leres, kula badhe manggihi Kyai Daka, badhe kula cethakaken bilih lekasipun ingkang makaten kala wau sami kalihan wani dhateng Ki Kepuh Agal lan nantang dhateng sanggya warga Dhusun ingkang sampun pitados dhateng Ki Kepuh Agal wiwit jaman Kyai Daka dereng dumugi ing papan menika. Nanging kula kemutan watak kula lan watakipun Kyai Daka menika meh sami, tan wurunga manawi kula sampun aben ajeng kalihan Kyai Daka lan ngrembag prakawos menika mesthi lajeng tuwuh sulayaning rembag lan dados kerengan. Lajeng kula nggagas rantaman angka kalih, ingkang sampun kula aturaken dhateng Adhi Pradapa kala wau. Nanging jebul inggih dereng pas, samangke kula nyuwun tulung saenipun kula kedah kados pundi Adhi?”.

        “Makaten Kakang Pawana inggih?” kula mesem mireng pitakenipun Ki Bebau Jangglengan makaten menika, lajeng nyobi suka wangsulan “sedaya menika rak dereng cetha ta? Liripun makaten, Ki Pawana dereng ndangu Paman Pahing lan Paman Tanggon bab pawartos menika. Kula kinten langkung prayogi menawi Kakang Bebau ndangu Paman Tanggon lan Paman Pahing lakung rumiyin, kajawi saking menika kaparenga Ki Pawana paring palilah dhateng kula, kula badhe sowan dhateng Rama Kyai Daka, ambok bilih kanthi makaten saged damel pajaring kawontenan”.

        “Inggih, inggih Gus, mangke wangsul saking mriki, kula padosane Ki Tanggon kalihan Ki Pahing” Ki Pawana wangsulan kalihan polatan ingkang bingar, lajeng kasambet pitaken dhateng Ki Bebau Grojoganngubal “Ki Pahing menawi wayah samenten rak nggih teng griya ta Ki Pahang?”.

        “Anu Ki, Pahing kalihan Tanggon enjing wau bidhal kurung dhateng wana ler bengawan, yasa gaplek gadhung” wangsulanipun Ki Bebau Grojoganngubal “mengke kula tak kongkonan nusul, kajenge wangsul lan manggihi ndika”.

        “Kula kinten langkung prayogi menawi anggenipun Paman Tanggon lan Paman Pahing sowan Ki Jangglengan, ndika terne pisan Ki Bau” kula udhu pamanggih.

        “Inggih Gus” Ki Pahang wangsulan cekak.

        “Ngeten mawon” Ki Pawana wicanten malih “benjing dalu kemawon, Ki Tanggon kalihan Ki Pahing saha Ki Grojoganngubal kula kanthinipun sowan Adhi Pradapa ing dalem Kalurahan mriki, supados Ki Tanggon cariyos kedadosan ingkang dipun sumerepi. Kados pundi manawi makaten Adhi?”.

        “Kula kinten menika inggih prayogi Kakang” wangsulan kula “nanging mirunggan kemawon, sampun ngantos damel titiyang ingkang sumerep lajeng nggadhahi panginten ingkang boten-boten”.

        Sareng sampun cekap, Ki Pawana lan Ki Pahang lajeng pamitan wangsul. Murih boten nuwuhaken pitakenanipun tiyang-tiyang ingkang sumerep, Ki Pawana kalihan Ki Pahang anggenipun mandhap saking pendhapa boten sareng lan wangsulipun medal margi ingkang benten.

        Kula lajeng dhateng gothakan malih, badhe mangsuli anggen kula njingglengi serat-serat kina ingkang dereng rampung anggen kula maos. Nanging jebul pikiran kula boten saged munjer dhateng ingkang kula jingglengi. Pawartos ingkang dipun bekta Bebau Grojoganngubal ingkang nyariyosaken dukanipun Rama Kyai Daka lan anggenipun badhe mbalela kanthi ngajak sedaya siswa lan calon siswanipun menika tansah ngranuhi manah kula. Rontal-rontal ingkang kula wedalaken lajeng kula lebetaken malih, kula kepengin ngleremaken nalar langkung rumiyin. Pranyata boten saged lerem, malah sansaya ngambra-ambra dumugi pundi-pundi. Nguwatosaken menawi ngantos Kepuh Agal dados geger. Awit sanaosa kala wau kula sampun mbudidaya murih Bebau Jangglengan saged meper runtiking manahipun kangge njagi katentremaning Kepuh Agal lan Ki Pawana ugi sampun nglenggana lan nurut pamrayogi kula, nanging kula nguwatosaken  menawi Ki Danara ingkang dhemen pamer kadigdayan lan rumaos tiyang Sa-Kepuh Agal boten wonten ingkang saged nandhingi, lajeng damel dhadhakan perkawis kanthi ndugeni Ki Pawana. Lan menawi menika kalampahan, pasulayan antawisipun Ki Danara lan Ki Pawana tamtu boten saged dipun selaki malih. Salebeting manah, kula ngajeng-ajeng enggala dumugi wanci enjing, kula badhe dhateng Sanggar manggihi Kyai Daka. Murih ingkang kula kuwatosaken boten siyos kalampahan.

        Saestu enjingipun, nalika sunaring srengenge mangsa ketiga sampun gematel nalika ngengingi kulit, kula tumuli njangkahaken suku tumuju sanggar. Kalihan mlampah, angen-angen kula nata ukara ingkang mangke badhe kula aturaken ing ngajengipun Rama Kyai Daka, sampun ngantos ukara ingkang badhe kula aturaken mangke malah mewahi dukanipun Kyai Daka.

        “Anakmas Pradapa ta iki?” nalika kula dumugi regol pakaranganipun Kyai Daka, jebul Kyau Daka nembe wonten mriku ingkang lajeng sapa aruh dhateng kula kados padatan menawi kula mriku “ayo bablas menyang Pendhapa wae, dina iki gladhen kanuragan leren, awit Danara ana pakaryan dhukuh sing kudu dirampungake dhisik”.

        Mantun ngendikan makaten menika Kyai Daka ugi lajeng tindak tumuju pendhapa dalemipun. Boten kantun kula inggih lajeng ndherek tut wuri ing wingkingipun.

        “Aku ndherek bela sungkawa awit sedane Nyai Lurah, Anakmas” sasampunipun kula mapan linggih Rama Kyai Daka langkung rumiyin ngendika, nelakaken raos bela sangkawanipun dhateng kula “ya sing gedhe pangapurane anak mas Pradapa, awit aku ora bisa teka lan ndherekne tindake Nyai Lurah menyang papan paleremane kang pungkasan. Awit wingi kuwi mbarengi karo kahanan kasarasanku rada ora becik. Awakku krasa nggreges, merga ana rasa rada ora kepenak, Raden Gunendra sawuse tedhak marang dalem Kalurahan kundure ora mampir kene, kamangka maune dhawuh nek arep mampir. Embuh ana sebab apa aku ora ngerti, kok jebule ora sida mampir”.

        “Inggih Rama” kula atur wangsulan kanthi alus, ajrih menawi ndadosaken cuwaning penggalihipun Rama Kyai Daka, mila kula lajeng matur dora sembada “mugi-mugi Rama Kyai tumunten waluya kados wingi uni, mila sasampunipun wawan pangandikan kalihan Bapa ing pendhapa, ingkang kraos gumyak awit Bapa kalihan Raden Gunendra jebul sami-sami saking Pajang, lajeng Raden Gunendra ngersakaken kundur. Lan anggenipun kundur inggih daya-daya awit nembe kemutan bilih panjenenganipun kedah ngrampungaken jejibahan saking ingkang ramanipun ing Patalan”.

        “Oo dadi olehe ora mampir mrene kuwi merga Raden Gunendra mburu wektu, arep ngrampungake jejibahan saka Ramane kuwi” Rama Kyai Daka ngendikan alon kados katujukaken dhateng saliranipun piyambak.

        “mBok bilih mila makaten Rama”

        “Banjur sawise klakon wawan pangandikan karo Ki Kepuh Agal magepokan karo anggone Raden Gunendra arep paring kanugrahan marang Anakmas Pradapa, kepriye tanggapane Ki Kepuh Agal ?” Rama Kyai Daka lajeng mundhut pirsa.

        “Bapa sakalangkung karenan penggalihipun Rama” wangsulan kula dora malih “lajeng matur dhateng Raden Gunendra, nyuwun inah kangge nata jiwa kula langkung rimiyin murih sawanci-wanci kaparingan Aji Jaya Kawijayan boten kaget, mangke sasampunipun pitung dasa dinten kapetang kalihan dinten anggenipun Bapa matur menika, kula badhe kasowanaken ing dalem kasatriyanipun Raden Gunendra ing Patalan. Nanging Raden Gunendra malah paring dhawuh, rumaos kirang susila menawi Raden Gunendra pirsa menawi Bapa keraya-raya nyowanaken kula, mila Raden Gunendra ngendika bilih ing wanci ingkang sampun kasarujukan, panjenenganipun badhe rawuh malih dhateng Kepuh Agal saprelu mapag kula lan  kakanthi dhateng Patalan”.

 

Ana candhake

 

Rabu, 13 September 2023

SENDHANG MISTIKANING WARIH 7 (110)


 

110.

        Sanaosa sampun mbudidaya mbingar-mbingaraken polatanipun, suprandene saking soroting mripatipun sampun nedahaken bilih Bebau Jangglengan menapa dene Bebau Grojoganngubal menika sami anggenipun nembe wonten prakawis ingkang ngreridhu manahipun. Pramila kula inggih lajeng nedahaken polatan ingkang limrah, liripun kados padatan menawi nuju kepanggih kanca utawi sanak sedherek ingkang kaleresan sanja ing dalemipun Bapa menika.

        “Kok njanur gunung, kadhingaren antawisipun Ki Pawana lan Ki Pahang saged sarimbit sareng-sareng dugi mriki?” wicanten kula sasampunipun bage binage sawatawis “niki wau kapinujon langkung margi mriki lajeng mampir? Menapa mila saking griya Ki Bau?”.

        “Inggih Adhi” ingkang wangsulan Ki Jangglengan rumiyin “mila sowan kula mriki wau inggih awit saking griya, cethanipun kula ngajak Ki Pahang sowan Adhi Pradapa, jalaran wonten pawartos ingkang wigati ingkang Ki Pahang langkung ngertos prakawis pawartos menika”.

        “Walah kula kok lajeng dheg-dhegan ta Kakang?” kula wangsulan kalihan mesem, jalaran samangke praupanipun tiyang kalih menika sampun ewah, ewah dados kados tiyang nembe bingung “gek pawartos menika pawartos babagan menapa? Menawi babagan ruwet rentenging tata reh parentahing Dhusun, kula kinten Kakang Pawana minangka sesulihing Bapa langkung pana kangge ngrampungaken prakawisipun, menawi babagan sanes liripun ingkang magepokan kalihan kula pun Pradapa salah satunggaling kawula ing Kepuh Agal, harak mesthinipun Kakang Pawana ingkang nimbali kula murih sowan, lajeng kapurba lan kawasesa murih saenipun, boten Kakang Pawana ingkang keraya-raya dugi mriki? Atur kula ingkang makaten menika boten kok kula boten remen karawuhan ndika kekalih, nanging namung dhapur murih boten ngundang kamerenipun warga sanes, ingkang mbok menawi kemawon lajeng tuwuh raos sujana dhateng kula menapa dene Kakang Pawana, sujana dhateng kula dumeh kula putranipun Ki Kepuh Agal, sujana dhateng Kakang Pawana sampun tumindak emban cindhe emban siladan”.

        “He he he” Ki Jangglengan gumujeng alon saderengipun suka wangsulan dhumateng kula “jane ngoten, kula miki rak ajeng nagih dhateng ndika ta Dhi? Mula kula sowan mriki, lha wong nagih kok ngundang sing ditagih? Niku mengke rak boten sae? Enggih nek sing ditagih gelem mara? Nek boten purun? Kula rak dados ora sida nagih ta?”.

        “Kakang Pawana badhe nagih kula?” kula radi kaget jalaran rumaos kula, kula boten nate gadhah petang kalihan Bebau Jangglengan menika “nagih babagan menapa? Menawi kula gadhah sambutan, lajeng kula nate nyambut menapa? mbok menawi kemawon kula sampun supe Kakang, nggih nyuwun pangapunten menawi kula sing lali”.

        “Ingkang kula tagih niku boten ing babagan utang silih kok Dhi?” Ki Jangglengan mesem “nanging prakawis kasagahan. nDika rak sampun sagah boten badhe negakne kula ta Gus?. Lha kesagahan niku sak niki kula tagih. Dinten menika kula radi kewetan kedah tumindak menapa, awit wontenipun kabar ingkang dipun beta dening Ki Pahang. Lha murih cethanipun ndika kula aturi ndangu Ki Pahang”.

        “Oalah, ngoten ta Kakang?” kula tumut mesem, lajeng gentos taken dhateng Ki Pahang “gek pawartos sing sanjange wigati niku kabar menapa ta Ki Grojoganngubal?” .

        “Criyose radi panjang Gus” wangsulanipun Ki Pahang “kabar ingkang kula criyosaken dhateng Ki Jangglengan niku, waune sing mbeta rak adhi kula Pahing, lha Pahing dipun criyosi Si Tanggon…….”

        “Walah kabar kok sambung sinambung kados tali layangan mawon lho Ki?” pitaken kula kalihan ngampet guyu “gek niku kabar pripun? Leres kenging dipitados menapa boten?”.

        “Lha niku sing ndadekne kula ewuh oya ing pambudi” Ki Pahang suka wangsulan “liripun nek ajeng percaya kabar niku ulet-uletan kados benang ruwet, nanging menawi boten pitados kula ajrih menawi pawartos menika leres lan saged mbebayani tumrap Dhusun Kepuh Agal”.

        “Lha pawartosipun piyambak menika menapa Ki Pahang?”

        “Tanggon menika rak tumut gladhen ing sanggaripun Kyai Daka ta Gus?”

        “Inggih leres Ki, Paman Tanggon mila sregep tumut gladhen ulah kanuragan ing sanggaripun Rama Kyai Daka, nanging sangertos kula dereng kawisuda dados siswa dados inggih sami kalihan kula, jejeripun nembe calon siswa” wangsulan kula ngleresaken wicantenipun Ki Pahang.

        “Nalika Tanggon ngepasi dugi dhateng Sanggar, Tanggon sumerep lan mireng menawi Kyai Daka lan Ki Lurah Danara sami rerembagan kalihan tiyang-tiyang ingkang sampun dados siswanipun Kyai Daka. Tanggon piyambak boten kenging tumut wicanten amargi dereng dados siswa nembe dados andhahanipun Ki Lurah Danara, nanging dipun keparengaken tumut mirengaken ing wingking, kempal kalihan para calon siswa sanesipun” Ki Bebau ing Grojoganngubal wiwit cariyos “pramila Tanggon inggih mangertos ingkang dados rembag”.

        “Lha ingkang dipun rembag babagan menapa Ki Bau?” kula selak boten sabar kepengin mangertos kabar wetah ingkang dipun bekta Ki Pahang menika.

        “Cekakipun Kyai Daka wekdal menika nembe duka ageng lan badhe males raos sakiting manahipun ingkang ndadosaken duka kala wau” Ki Pahang suka wangsulan.

        “Duka? Duka prakawis menapa lan sinten ingkang sampun kumawantun damel dukanipun Rama Kyai Daka menika Ki Bau?” kula pitaken malih.

        “Lha menika ingkang boten kepanggih nalar Gus”

        “Boten kepanggih nalar pripun Ki Bau?”

        “Menawi nitik ingkang dados jalaran, mesthinipun tuking duka menika dhateng Ki Kepuh Agal”  Ki Pahang suka wangsulan lan nglajengaken anggenipun cariyos “awit Kyai Daka rumaos dipun remehaken lan rumaos babar pisan boten dianggep minangka sesepuhing Kepuh Agal kanthi boten dipun rawuhaken ing parepatan ing pendhapa kala wingi sabibaring pamethaking layonipun Nyai Lurah…….”.

        “Mangke rumiyin Ki Bebau” kula kapeksa nyela rembag, awit radi muntab manah kula jalaran Bapa dipun anggep lepat “Rama Kyai Daka boten rawuh ing rembagan kala wingi niku, sing lepat Bapa nama Rama Kyai Daka?. Awit cetha anggenipun Bapa nabuh kenthongan kalurahan suwantenipun gumontang ngebeki saindenging Kepuh Agal, ketitik sedaya Bebau lan kathah Sapukawat lan Sesepuhing Dhusun gumrudug sami ndugeni dhawuh timbalan saking Bapa lumantar suwanten kenthongan menika. Menawi Rama Kyai Daka boten rawuh awit boten mireng suwantenipun Kenthongan, mesthinipun boten lajeng nglepataken Bapa……”.

        “Sekedhap ta Gus, sampun duka rumiyin lan sampun ndukani kula, kula niki namung criyos boten tumut nglepataken Ki Lurah” Ki Pahang nigas wicanten kula.

        Ki Pawana mesem, kula lajeng tumut mesem, lajeng wicanten malih :

        “Inggih sampun, mangga dilajeng anggenipun criyos, kula niki boten nesu lan boten nesoni ndika, namung radi kaget, merga Bapa kaanggep lepat”.

        “Estunipun criyose si Tanggon” Ki Pahang nglajengaken anggenipun cariyos “sampun wonten salah satunggaling siswa ingkang ugi dados sapukawating Dhusun matur dhateng Kyai Daka, bilih sedaya ingkang ndugeni parepatan ing pendhapa kala wingi menika inggih awit mireng suwantenipun Kenthongan ingkang anyulihi dhawuh timbalan saking dalem Kalurahan. Nanging Kyai Daka mboten saged nampi aturipun siswa menika, malah lajeng duka dugi pundi-pundi, Kyai Daka boten trimah menawi dipun samekaken kalihan sesepuh sanesipun klebet Ki Pawit, Ki Pamuji lan sanes-sanesipun. Menika jan lucu sanget, amargi Kyai Daka menika miturut kula, menawi katandhing kalihan Ki Pawit cetha menawi mapan ing ngandhapipun tebih, nanging Kyai Daka rumaos nggadhahi drajat langkung inggil kalihan Ki Pawit. Lan ingkang langkung lucu malih Gus, Ki Lurah Danara niku lho kok saged-sagede tumut ndukani siswa ingkang dados Sapukawat menika kala wau. Kamangka sedaya tiyang rak inggih sami sumerep lan mireng menawi Ki Lurah Danara inggih tumut dugi lan tumut wicanten ngedalaken pamanggihipun ing parepatan kala wingi niku”.

        “Lajeng criyosipun Rama Kyai Daka badhe males raos sakit manahipun? Menika kados pundi Ki criyosipun ?” kula nyelani pitaken.

        “Lha niku, gandheng Kyai Daka rumaos boten dipun jak rembagan, piyambakipun rumaos nggadhahi wewenang nampik menapa ingkang dipun tetepaken Ki Kepuh Agal ing parepatan kala wingi menika, mliginipun boten badhe purun ngakeni Ki Pawana ninangka Suhing para Bebau ing Kepuh Agal menika lan Kyai Daka ugi rumaos nggadhahi wenang marentahaken sedaya siswa lan calon siswanipun kangge ngemohi Ki Pawana minangka sesulihipun Ki Kepuh Agal sadangunipun Ki Lurah tindak nindakaken jejibahan winadi menika. Inggih taksih wonten setunggal malih, Ki Danara ugi tumut ngincim dhateng para siswa lan calon siswanipun Kyai Daka, menawi ngantos wantun mbangkang prentahipun Kyai Daka menika badhe kapatrapan pidana jumbuh kalihan paugeraning paguronipun”.

        “Lajeng Kakang Pawana minangka sesulihing Bapa minangka Lurah ing Kepuh Agal kadospundi manggihi kedadosan ingkang makaten menika?” kula lajeng gentos pitaken dhateng Ki Bebau Jangglengan.

        Ki Pawana unjal ambegan landhung lajeng wicanten suwantenipun kepireng las-lasan :

        “Inggih Adhi, kula sampun nggadhahi rantaman ingkang badhe kula aturaken Adhi Pradapa, mangke menawi wonten ingkang kirang pas, kula suwun Adhi Pradapa keparenga ngleresaken. Sepisan, kula badhe madosi lan ndangu dhateng Ki Pahing lan Ki Tanggon langkung rumiyin. Menawi mila kabar ingkang dipun cariyosaken Ki Grojoganngubal menika saestu, nembe kula badhe jumangkah. Kaping kalih, kula boten badhe maelu lekasipun Kyai Daka, jalaran wewahan jejibahan ingkang kasampiraken dhateng kula menika dhawuh saking Ki Kepuh Agal, dede saking Kyai Daka. Kula boten dipun akeni minangka sesulihipun Ki Lurah Kepuh Agal dening Kyai Daka inggih boten menapa-menapa,  awit antawisipun Pawana ingkang sampun kaparingan wewahan jejibahan dening Ki Lurah kalihan Kyai Daka menika mila boten wonten sambetipun ing reh tata perantahing Dhusun. Benten malih menawi kalihan Ki Bebau Sidamulya, piyambakipun menika Bebau kedah nurut dhateng parentahing paugeran minangka Bebau, menawi ngantos piyambakipun wantun nerjang paugeran lan nyidrani sesanggeman minangka Bebau, mangka kula wajib angemutaken. Manawi ngantos kula emutaken kanthi alus boten kenging, kula inggih badhe ngemutaken mawi kekiyataning kanuragan. Sanaosa Ki Danara menika Lurahing para siswanipun Kyai Daka, kula inggih boten badhe sulap, malah saupami Kyai Daka tumut cawe-cawe mbebela siswanipun, kula inggih boten badhe ajrih”. 

 

Ana candhake.

Selasa, 12 September 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (109)

109.

        Sinambi nedha sesarengan kula lan para rewang sami saur manuk ngrembag kawontenan ing dalem kalurahan sasampunipun Biyung sinarekaken ing kuburan. mBok Jayem cariyos menawi wiwit kala wingi sampun yasa sesajen kapapanaken ing senthongipun sawargi Biyung. Awit mBok Jayem nginten menawi Bapa tuwin kula supe paring dhawuh dhumateng piyambakipun murih nyawisaken sesajen kados padatan menawi wonten kulawarga ingkang pejah, inggih labet saking susahipun.

        “Inggih nyuwun pangapunten Gus, kula boten matur Ki Lurah utawi Gus Dapa langkung rumiyin” wicantenipun mBok Jayem kalihan nedha “awit kula dipun tuturi jenatipun Simbok, alusipun tiyang ingkang boten wonten menika, salebeting sekawan dasa dinten taksih klipengan ing sakanan keringing griyanipun. Lha kangge dhaharipun alusing Nyai Lurah lajeng kula damelaken sesaji kala wau”.

        “Aku banget nedha nrima marang ndika mBok Jayem” wangsulan kula “sanadyan kapitayan kang rinasuk Bapa beda klawan kapitayan ndika, kapitayane Bapa sing uga banjur tak gugu, aluse wong sing wis tinimbalan Gusti kuwi wis ngalih ing alam liyam ora klipengan ing alam kang gumelar iki,  ya ing alam kang beda iku wong sing wis ora ana mlaku tumuju marang ngayunaning Gusti, lha sangune kabeh wujud lelabuhan kang ditindakne jaman isih manggon ing jagad padhang iki, yen gedhe lelabuhane marang sanak kadang lan pepadhaning titah, mangka ing kana ya sarwa kacukupan, kosok baline yen jaman uripe akeh tumindak sing gawe kapitunan lan kasangsarane liyan lan sapepadhaning urip, mangka dalan kang ditempuh kajaba rumpil ya peteng dhet-dhet, temah ing kana lakune dadi rekasa, bisa-bisa anjog ing papane para lelembut sing banget nggegirisi kahanane. Kajaba saka kuwi, kulawarga lan sanak kadange pancen kaparengake malah kepara kaprentahake  ndedonga lan nyenyuwun marang Allah, supaya sing wis seda bis kaparingan jembar kubure, padhang dalane, lepas parane tumuli katarima sowan ing nganyunaning Gusti lan kaparingan papan anyar sing luwih becik tinimbang papan sing tau dipanggoni nalika jaman uripe. Kuwi kapitayane Bapa, sing mbok menawa beda karo kapitayan liyane. Kang mangkono kuwi lumrah wae, ora perlu dadi udur rebut bener. Jalaran kajaba ora ana gunane, uga bisa ndadekne ora becik, ngrenggangake anggone sarawungan wong siji lan sijine, Kaya kang wis kedadeyan ing dina iki, aku lan ndika kabeh kuwi duwe rasa kang padha marang sawargi Biyung, lan kanggo mujudake rasa tresna lan bekti marang Biyung cara sing ndika tempuh beda karo laku sing tak tindakne. Dadi nek ndika kabeh padha nggugu marang dhawuhe Bapa, aja dhemen meksa liyan supaya nggilut kapitayan sing dirasuk, merga jenenge kapitayan kuwi ora bisa dipeksa. Tinimbang kanggo udur, padudon, tukaran sing sabab saka bedaning kapitayan, luwih becik, padha ditumemen nggone nindakne piwulanging kapitayane dhewe-dhewe kanthi sabecik-becike”.

        “Lha menawi kados kula niki lajeng pripun Gus?” Paman Genter nyelani rembag pitaken dhateng kula.

        “Ana apa karo ndika Paman Genter?” pitakenipun Paman Genter kula wangsulaken.

        “Wiwit jaman rumiyin, tiyang sepuh kula, kula lan lan sedherek-sedherek kula sami manut kapitayan ingkang dipun rasuk Ki Pawit, ingkang naminipun Agami Islam, agaminipun Gusti Kanjeng Nabi ingkang jumeneng Rasulullah. Nanging nggih niku, sareng sansaya ageng kula lan sedherek-sedherek kula lajeng kekathahen padamelan kangge nyekapi kabetahaning gesang, ngantos kula lirwa ing wajib, temah supe sedaya dhateng ingkang naminipun sembahyang, siam, ngaji lan sapiturutipun. Dados wekdal sak niki niku, kula niki sampun lali cara lan japane wulu lan sembahyang, japane siam, aksarane Kitab Koran. Lajeng kula niki klebet ngrasuk kapitayan menapa Gus?”.

        “Sing lagi dirembug iki mau babagan kapitayan Paman” wangsulan kula kalihan mesem, jalaran estunipun manah kula ugi asring nyuwanten kados ingkang dipun ucapaken dening Paman Genter menika “kapitayan kuwi manggone ana ing telenging ati, ana ing batin, ana ing jiwa. Lha sing ndika takokne kuwi mau, kabeh manggone ana ing lahir, ana ing kanyatan, sing nindakne raga. Nek tak jlentrehne nganti sedina sewengi ora bakal ana pedhote”.

        “Nanging sakedhik-sakedhik kula suwun Gus Dapa kersa paring wangsulan dhateng pitaken kula niki wau Gus” Paman Genter dereng marem kalihan wangsulan kula.

        “Ngene ya Paman” wekasan kalihan mesem radi wiyar kula suka wangsulan “tenane ngono antarane Paman karo aku kuwi ora pati akeh bedane, Paman Genter lan sing ana kene iki mesthine ya wis padha ngerteni aku saben dinane. Aku iki ora kaya Bapa lan uga ora kaya Biyung sing tuwajuh nggone nindakne panembah marang Allah. Lha nek aku, wiwitane ya dhang thek, sok gelem nindakne sembahyang sok aras-arasen, suwe-suwe ya banjur blas ora tau nindakne sembahyang babar pisan, ora beda karo Paman Genter. Lha ngenani kapitayan sing ditakokne Paman Genter mau, jlentrehe mangkene : Bapa tau paring weruh marang aku, yen agama Islam kuwi agama sing sipate lahir batin, lakune panembah mendhuwur lan mubeng. Sipat batin rupane kapitayan, sing manggone ana ing ati utawa ing batin, dene sing rupa lahir wujude tumindak becik sing linandhesan rasa percaya marang kapitayan mau, tumindak becik mendhuwur tegese kaunjukne marang Gusti diarani laku sarengat, dene tumindak becik sing mubeng tegese karyanak tyasing sasama, memayu hayuning bawana. Katelune kuwi ora kena dipisah-pisahake. Yen kongsi pisah teges rusak agamane. Mula ora luput yen ana sing ngarani agama Islam kuwi ora mung wujud salat-sembahyang wae, malah salat-sembahyang kuwi kena diarani perangan sethithik saka laku sarengat. Cekake ngene, wong ngaku iman marang piwucale Kanjeng Nabi bakal nguwohne gelem nindakne laku sarengat lan saka laku sarengat bakal nguwohake bebuden sing becik marang sapepadhane titah. Mula nadyan ngakune wis iman lan gelem nindakne laku sarengat sarana salat sembahyang nanging yen budine isih candhala dhemen gawe kapitunaning liyan, seneng gawe lara atine sapepadhaning titah, duwe ambeg gumendhung lan kumalungkung lan sapiturute, kuwi nyata nek isih wong lamis. Islame mung lelamisan, imane mung lelemeran. Lha awake dhewe iki, sabisa-bisa kudu mbudidaya murih bisa dadi pandhereke Agamane Gusti Rasul kang satuhu. Yen saiki isih lali, kaya aku lan ndika wektu iki, ayo tumuli padha eling maneh”.

        “Inggih Gus Matur nuwun” Paman Genter wangsulan kalihan manthuk-manthuk.

        Boten kraos sinambi rerembagan, anggenipun nedha sampun rampung. Kula lajeng wangsul malih dhateng Gothakan badhe nglajengaken anggen kula nyinaoni wewarah kina ingkang kaserat ing serat ingkang dipun singgahaken dhateng mriku. Boten supe kula ugi meling dhateng Paman Genter lan para rewang, murih menawi wonten menapa-menapa supados cariyos dhateng kula.

        Sansaya kathah anggen kula njingglengi piwucal kuna, sansaya kraos menawi kula menika sakalangkung bodho lan nistha. Langkung-langkung nalika kula nyemak lelampahanipun Bapa Adam lan Ibu Kawa jaman wiwitaning manungsa, inggih menika ing bab wewadining wit lan woh kuldi ingkang awit pambujuking Iblis, lajeng kadhahar dening Ibu Kawa temah ndadosaken papa cintrakanipun. Sansaya cetha menawi kula menika tuhu-tuhu bodho lan nistha, jalaran jebul kula boten kraos taksih asring nedha wujuding woh kuldi, ingkang wujud lan naminipun saged dados manekawarni.  Bodho jalaran sadangunipun menika kula sampun asring lumuh nindakaken prakawis-prakawis ingkang kula anggep sepele, pranyata prakawis menika sanget ageng pedah lan ginanipun tumrap kula lan ageng ganjaranipun saking Gusti Ingkang Maha Mirah menawi prakawis menika dipun lampahi kanthi leres, sinartan lekas kangge nyaket dhumateng Gusti. Nistha, jalaran kula ugi asring nindakaken prakawis ingkang rumaos kula remeh lan boten badhe nguwohaken awon, jebul menika prakawis ingkang saged damel bebenduning Gusti menawi dipun lampahi, jalaran sampun mbebayani tumrap ingkang nglampahi lan tumrap titah sakanan keringipun, ugi saged nuwuhaken kapitunaning tiyang kathah malah kepara saged damel kasangsaraning putra wayah ing jaman ingkang badhe dumugi salajengipun.

        Inggih awit kasengsem dhateng piwucal-piwucal kuna ingkang pranyata tumrap kula langkung sae menika, kula lajeng nggadhahi lekas badhe maos sedaya serat ingkang wonten gothakan menika. Sokur bage menawi sampun saged kula waos sedaya saderengipun Bapa rawuh saking anggenipun marak dhateng Mataram. Dene menawi dereng inggih badhe kula lajengaken manawi Bapa sampun wonten dalem malih. Awit kula ngertos, kangge nyumerepi wosing piwucal setunggal ukara terkadang mbetahaken wongsal-wangsul anggenipun maos, sinambi ngangen-angen menggah suraosing ukara. Kula ugi nggadhahi niyat, sedaya pangertosan ingkang sampun kula sumerepi menika benjingipun badhe kula suwunaken pirsa dhateng Bapa, leres lan lepatipun anggen kula nyuraos ungelipun piwucal.

        “Nyuwun pangapunten Gus” boten kula mangertosi duginipun, Paman Genter sampun ngadeg ing caket kula kalihan wicanten.

        “Iya Paman, ana apa?” kula pitaken dhateng Paman Genter.

        “Atur uninga, ing jawi wonten tamu ingkang badhe kepanggih kalihan Gus Dapa” Paman Genter suka wangsulan.

        “Tamu? Sapa?” kula pitaken malih.

        “Ki Pahang, Bebau ing Grojoganngubal kalihan Ki Pawana Bebau ing Jangglengan”

        “Ki Bau Jangglengan karo Ki Bau Grojoganngubal?” kula radi nratab, nginten menawi duginipun Bebau kalih dhateng Kalurahan menika tamtu awit badhe ngajak rembagan prakawis ingkang tuwuh sasampunipun Ki Pawana katetepaken minangka sesulihing Bapa ngesuhi para Bebau sanesipun ing Kepuh Agal menika.

        “Inggih Gus, samangke sampun kula aturi lenggah ing pendhapa”

        “Iya Paman, nedha nrima” wangsulan kula kalih ngadeg lajeng mangsulaken lontar-lontar ing papanipun sakawit “tak temonane Bebau loro kuwi, saiki”.

        Sareng kalihan medalipun Paman Genter saking Gothakan, kula ugi lajeng mlampah dhateng Pendhapa. Badhe manggihi Bebau Jangglengan lan Bebau Grojoganngubal menika.

 

 

Ana candhake.

 

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...