Total Tayangan Halaman

Minggu, 05 November 2023

GANDRUNG PULUNG ING LINCAK WARUNG (08)

08.

        Durung rampung anggone dhasar, wis ana wong sing antri pesen njaluk diladeni, sega papat karo ngombene Es Teh. Dikin nggelar klasa neng emper Toko sisih kiwane warung angkringan kuwi. Pancen sing lumrah wong-wong sing padha andhok ing warunge Murtala kuwi milih linggih neng klasa kono kuwi tinimbang neng dhingklik dawa sing ditata neng ngarep dhasaran. Wong papat sing wis aba mangan karo ngombe kuwi ya banjur mapan lungguh neng klasa kono. karo ngenteni pesenane padha ketungkul dolanan Hape-ne dhewe-dhewe.

        “Niki sedaya ngagem lawuh napa nggih?” Murtala nakoni sing tuku.

        “Padha Mas, ayam kabeh, sing siji tempong sing loro menthok, aku nganggo endhas wae ning loro” wangsulane sing ditari.

        “Siap nDan” Murtala semaur karo njupukne sing dipesen sing tuku, Murtala pancen wis apal karo karemane sing tuku kuwi, Pak Marsana anggota Koramil. Saben dhahar neng kono ajeg pesen endhas pitik loro ngge tambah lawuhe sega pecel. Wengi kuwi Pak Marsana lagi wae bali saka dolanan badminton neng Gedhung Pendhawa, bareng kancane sing telu kuwi.

        “Mengko warungmu ketoke laris Mas” kandhane Pak Marsana karo nampani sega pincuk sing diladekne Dikin “merga bengi iki gedhung Pendhawa sisihe sing dienggo badminton kae, bukakan latihan Tenis Meja, sing melu ya akeh wong mejane kabeh ana nem. Mau ya wis padha tak kandhani nek neng kene ana warung angkringan murah sing rasane ora kalah karo restoran gedhe”.

        “Inggih Pak Matur nuwun” saka kadohan Murtala sing wangsulan.

        Durung nganti rampung anggone jajan Pak Marsana sakancane, wis teka maneh sing mara jajan menyang warunge Murtala. Tekane prasasat mbanyu mili, teka lunga ora ana pedhote. Ana sing pesen lawuh ayam nanging uga akeh sing mung pesen sega ora tambah lawuh, merga oraa tambah lawuh jane ya wis cukup. Ana uga sing mung pesen kopi utawa Teh sing olehe ngombe dilalapi gorengan sing wis cemawis. Disambi jagongan karo kancane. Kabeh dening Murtala diladeni kanthi ati seneng, ulat sing padhang kebak esem ndadekne sing padha jajan neng warung kono padha seneng atine.

        “Kowe ki gak dodol rokok ta Mas?” salah sijine wong sing jajan takon “aku kentekan rokok je”.

        “Walah nyuwun pangapunten, boten kok Pak”  wangsulane Murtala “jane nggih kathah sing sami nangkletne ses, nanging ndelalah saben ajeng kulakan rokok ajek kesupen, kelingan-kelingan nek pas bidhal, ngleresi Toko-toko sing sadeyan ses sampun sami tutup.Sing marahi niku kula boten ngrokok niku napa?”.

        Olehe aweh wangsulan ngono kuwi tenane Murtala mung niyat ben sing takon rokok kuwi ora gela. Nek jan-jane pancen Murtala ora duwe niyat arep melu dodolan rokok. Merga miturut panemune Murtala, dodolan rokok kuwi kajaba ora akeh bathine uga bisa marahi bocah-bocah nom padha seneng duwe watak boros. Wiwitane jajal-jajal ngrokok, suwe-suwe banjur padha ketagihan. Nek ora ngrokok dadi ora semangat, kamangka regane rokok kuwi klebu larang, regane rokok saconthong nganti ngalahne regane beras telung kilo barang. Luwih-luwih nek ngelingi bebayane ngrokok kaya sing ditulis neng wadhahe kae. Murtala keweden nek nganti melu-melu dodol rokok sing bathine ora sepiraa nanging bisa nekakne bebaya sing nggegirisi.

        “Apik kuwi Mas nek kowe gak ngrokok, nek wis kadhung nekek rokok kaya aku iki, bar mangan kok gak ana rokok, wis jaaaan ora kepenak tenan he he he….”

        “Panjenengan sese napa ta Pak Darsa?” Dikin nyelani takon.

        “Apa? aku iki pokoke kretek. Timbang rokok alusan luwung ora ngrokok” wangsulane Pak Darsa “nek keplepet ya sok nglinting barang, pokoke mbako ana cengkeh wae wis cukup”.

        “Mangga nek tedhas niki wonten Warung Kopi mbok menawi kenging damel ampet-ampet” Dikin ngulungne rokoke marang Pak Darsa.

        “Walah matur nuwun tenan Mas Dikin” Pak Darsa wangsulan karo nampani rokok sing dilungne Dikin. Dijupuk sak ler banjur diulungne bali.

        “Sampun Pak diasta mawon” kandhane Dikin “tiyang niku rokok sampun tugang dinten kapengker kok, lan kula wiwit wingenane empun niyat medhot rokok”.

        Pancen Dikin kuwi wis suwe dikandhani Murtala supaya nglereni nggone seneng ngrokok, merga nek dietung bathi karo tunane rokok kuwi akeh tunane. Maune Dikin ya rumangsa angel ninggalne rokok, nanging bareng disuda saka sethithik wekasane Dikin wis bisa ucul saka pepenginan ngisep mbako sing diobong kuwi. Murtala sing krungu kandhane Dikin marang Pak Darsa nek dheweke wis ora ngrokok, rumangsa seneng. Adhine kuwi wis gelem nggugu pituture. Lan satemene miturut angen-angene Murtala ngrokok kuwi klebu tumindak sing dikaramake, kuwi nek ditonton saka bathi lan tunane. Nanging gandheng Murtala ngrumangsani nek durung jero kaweruhe ing babagan kalal lan karam, Murtala ora wani melu-melu ngaramake rokok, mung dheweke ngandhani Dikin lan bocah nom liyane sing akrab karo dheweke supaya nglereni olehe padha ngisep mbako kobong kuwi. Mesthi wae ana sing nggugu banjur padha ora ngrokok, nanging ya ana sing ora nggugu lan nutugne nggone padha seneng udut.

        Ora krasa wektune wis jam loro bengi, wong-wong sing padha jajan wis wiwit erat. Sing teka mung kari siji loro lan akeh-akeh ya mung pesen kopi. mBarengi dagangane Murtala kari sethithik wis meh entek. Murtala aweh sasmita marang Dikin supaya nunggu warunge. Murtala dhewe banjur sesuci lan nindakne sembahyang wengi neng mburine dhasaran sing dialing-alingi karo tugelan triplek, dadi ora ketok nek disawang saka ngarep. Ora ana sing weruh nek neng kono Murtala lagi nindakne sembahyang wengi. Pancen saben wayah samono kuwi, Murtala ora tau ora nindakne sembahyang wengi. Merga ing pangrunguning atine Murtala, tansah dumeling pitutur sing ditampa saka Ustadz Nurhamid lan Kyai Zamzuri sing wis didhaku minangka gurune. Priyayi loro kuwi wis akeh paring wejangan sing dijupuk saka piwulanging Kitab Suci lan dhawuhe Kanjeng Nabi, yen kepengin bisa urip tansah nemu tentrem lahir batin menungsa kudu ngresiki ati, ora kena gething marang sapepadhaning titah, ora oleh gawe kapitunaning liyan, ora entuk gawe lara lan seriking atine wong liya, dhemen nindakne laku prihatin nyuda mangan lan nyuda turu, kanthi sarana dhemen pasa lan sembahyang wengi lan kang uga ora kena ditinggalne kudu dhemen aweh pitulungan marang sok sapawa sing mbutuhake kanthi ora mbedak-mbedakne suku, bangsa, agama lan liya-liyane.

        mBarengi Murtala rampung anggone ndedonga sawuse sembahyang wengi, keprungu suwarane sepedha motor sing mandheg ing sandhing warung angkringane. Ora suwe keprungu suwarane wong sing nakokne dheweke :

        “Sing dodolan kok kowe dhewe ta Kin? Lha Murtala menyang ngendi?”

        “Anu, Mas Mur taksih dhateng wingking sakedhap” wangsulane Dikin sing banjur nakoni wong sing lagi teka kuwi “ngersakaken menapa Pak ?”.

        “Gawekna kopi sing rada kenthel, gulane sethithik wae!”.

        Murtala gageyan anggone nyopot sarunge banjur dilempit awor sajadahe, diwadhahi tas kresek kaya maune. Banjur ngadeg, metu menyang dhasaran warunge.

        Murtala rada kaget semu gumun, jebul wong sing nakokne dheweke mau Pak Sugiri. Wong sugih sing duwe Truck Dump sepirang-pirang, duwe usaha bakul Pasir sing ditekakne saka Blitar diusungi nganggo truck dump. Lha nek Bu Sugiri, bakulan daging sapi lan duwe gilingan daging kanggo gawe bakso sing duwe pelanggan bakul bakso sakecamatan. Dadi wis kondhang nek Keluargane Pak Sugiri kuwi, Keluarga sing sugih ora karuwan.  Sing rada dadi gumune Murtala, wengi kuwi Pak Sugiri karon beda karo padatan, adate nek ora nganggo clana jeans, kaosan lan jaketan ya nganggo calana cendhak maro kentol. Wengi kuwi, Pak Sugiri bebetan sarung, ngagem klambi koko, ngagem kethu kaji lan ing pundhake semampir sajadah. Lan sing luwih nggumunake maneh, ya lagi sepisan iki Pak Sugiri gelem lungguh neng warung angkringane.

        “Pak Sugiri ta?” kandhane Murtala mbagekne sing dianggep dhayuhe “saking dalem kemawon menapa saking tindak pundi niki wau?”.

        “Iya” wangsulane Pak Sugiri karo mesem “saka omah, wong arep subuhan menyang Masjid lor kono, tekan kono jebul isih sepi, lawange isih tutupan rapet, ora ana wong sitok-sitoka”.

 

 

Ana candhake.

 

GANDRUNG PULUNG ING LINCAK WARUNG (07)


 07.

        Marsini mesem ora guneman maneh, ngenteni adhine nutugne olehe crita perkara anggone Pak Harmaka arep njago lurah sing digandheng-gandhengne karo olehe arep ngepek dheweke dadi bojone. Kathik ngonowa kok nyebut jare merga Pak Har duwe Kyai sing bisa ngaweruhi wewadining alam gaib barang.

        “Lha ngendikane Pak Har” Maryati nutugne olehe crita maneh “sawise nindakne laku prihatin, saka panrawanganing batine Kyai sing dadi gurune Pak Har kuwi, wiwit sasi kepungkur Pulung utawa wahyuning Desa Kedunggalar kuwi wis ngalih saka papane”.

        “Lha Pulung kuwi maune mapan ana ngendi lan banjur ngalih menyang ngendi?” merga Maryati mandheg sedhela olehe crita, Marsini nyelani rembug.

        “Maune ya manggon neng Daleme Pak Lurah sing saiki iki kana ta Yu? Neng  daleme Lurah Jaka Wa. Pulung mau metu saka daleme Pak Lurah Jaka Wa merga lagi milang-miling nggoleki wong Kedunggalar utawa wong sing lahire ana Kedunggalar sing kuwat dipanggoni. Lan sapa sing kuwat kapanggonan Pulung kuwi, ateges wis ginaris dadi Lurah ing Kedunggalar kene” Maryati mangsuli pitakone mbakyune.

        “Walah, thik kaya crita neng wayang lakon Wahyu Cakraningrat wae ta Mar?” Maryati takon karo rada ngguyu “banjur bacute piye?”.

        “Lha ya kuwi, ngendikane Pak Har saka panrawanganing batine Kyaine, Pulung Desa Kedunggalar wektu saiki wis manggon ana omah kene lan wis manunggal karo sing manggon neng omah sampean kene. Mula upama suk emben nek wayahe Pilihan kuwi Sampean utawa Mas Mur gelem maju dadi jago lurah, kuwi akeh kepilihe. Mesthi wae ya kudu nganggo sarat-sarat liyane supaya Pulung kuwi mau ora ngalih saka omah kene. Lha gandheng sing duwe omah iki ya kuwi sampean lan Mas Mur ora ngerti nek omahe kanggonan Pulung, lan saupama ngerti ya nglengkara bisa mujudne sarat-sarat sing tak kandhakne mau, mokal nek sampean utawa Mas Mur arep maju dadi Jago ing Pilihan Lurah suk tahun ngarep kuwi. Merga saka kuwi, Pak Har banjur kepengin ngajak mlaku bareng sampean, murih Pulung kuwi bisa dikuwasani” Maryati nyethakne bab manggone Pulung sing ana omahe mBakyune.

        Marsini ora enggal guneman, neng pikirane ana rasa kepengin ngguyu, critane adhine dianggep lucu.

        “Maune aku ya ora percaya karo sing dingendikakne Pak Har perkara Pulung kuwi Yu” Maryati guneman maneh “ketoke pancen ora tinemu ing nalar nek omah sampean iki kacondhokan Pulung Desa Kedunggalar, Nanging bareng aku ngrungokne anggon sampean nyritakne lelakon sing wekasane ndadekne Yu Sini duwe rasa wedi kelangan anak mau, aku dadi percaya yen sing dingendikakne Pak Har pancen bener. Tembung-tembunge Yu Sini sing tak rungokne mau, kabeh dudu tembunge asli saka Yu Sini, nanging ana kekuatan gaib sing nuntun, sahingga sampean bisa ngucapne tembung sing lumrahe mung diduweni para Pamong sing rumangsa duwe tanggung jawab marang sing diemong, lan wektu iki sing diemong Yu Sini lagi Mas Mur dhewe. Kanthi mangkono ora mokal yen satemene Yu Sini kuwi ya bisa momong wong-wong sak liyane Mas Mur, malah kepara bisa momong wong sadesa”.

        “Lhaaaa, saiki aku ya ngerti …..” wangsulane Marsini karo mesem .

        “Ngerti nek Pulung kuwi manggon neng omah kene Yu?”

        “Ora!”

        “Lha ngerti apa?”.

        “Ngerti nek pikirane adhiku wis sansaya nggladrah” wangsulane Marsini “nek mbok tutug-tutugne dadine sansaya ora genah, nalarmu dadi bubrah, kurang-kurang bejane kowe bisa dadi wong owah. Ngerti?”.

        “Kok bisa ngono Yu? Cethane piye?”.

        “Wis ora kurang cetha Mar” Marsini ngandhani adhine “kowe kuwi wis katut pikiran sing mung gugon tuhon, banjur seneng ngothak-athik rembug murih katon bisa gathuk. Tak kandhani ya, aku ora maido marang kapitayane wong-wong perkara Pulung Lurah, apa Pulung Kamituwa, apa Pulung RT. Nanging aku ora seneng melu-melu percaya marang omongan sing ora gathuk karo nalar, kaya upamane Pulung Lurah Kedunggalar saiki wis oncat saka daleme Pak Lurah banjur cumondhok neng omah kene utawa omah liyane ngono kuwi. Lha nek Pulung kuwi bisa ngolah-ngalih lan bisa milih papan ngendi sing dipanggoni, kaya sing mbok omongne mau, mesthine Pulung mau ya pinter ngalih ninggalne omah kene golek panggonan liyane sing disenengi. Iya apa ora?. Luwih-luwih nek digandhengne niyate Pak Har mau, saupama aku gelem diramut Pak Har, merga aku ya seneng lan tresna marang Pak Har. Eee dumadakan lagi sepasar ijaban, banjur Dhukune Pak Har mara, ngandhani nek Pulunge wis ngalih neng omahe Randha liyane, banjur piye dadine?. Aku banjur ditinggal ? Pak Har genti ngajak rabi Randha sing omahe dienggoni Pulung mau? Nek ngono apa aku ora Iwak bandeng bestik kenthang?”.

        “Iwak bandeng bestik kenthang Yu? Piye kuwi karepe?”

        “Tiwas aku methentheng merga kadhung seneng, jebul malah oleh wirang”.

        “Yu Sini ki kok ya bisa-bisa wae lho olehe gawe parikan” Maryati semaur karo ngguyu “pinter gawe Parikan Jawa kaya Pak Edi Prayoga wae”.

        “Tak kandhani ya Mar” Marsini nutugne olehe ngandhani adhine “dadi wong kuwi becike tansah nggunakne pikiran sing wening lan didhasari suwaraning ati kang suci, tegese suci adoh saka pengaruhe hawa napsu, dijumbuhne karo wulanganing agama sing dirasuk, nek aku wong Islam ya manut marang piwulange agama Islam semono uga tumrap sing ngrasuk agama utawa kapitayan liya ya dijumbuhne karo piwulange agama lan kapitayane dhewe-dhewe. Kaya upamane perkara Pulung iki mau, upama ana sing percaya marang anane Pulung lan daya  panguwasane, ya kena-kena wae nanging aja banjur nglalekne marang sing nitahake Pulung. Samobah mosike Pulung kuwi ngono manut marang sing nitahake ya kuwi Gusti Allah, Pulung kuwi ora kena dipaeka utawa ditata dening hawa napsu lan karepe manungsa. Pancen bener biyen tau akeh crita yen Pulung kuwi manggone ngolah-ngalih, kuwi kedadeyan merga Pulung durung digawekne panggonan sing maton. Biyen manggone Pulung nunut panggonan sing dienggoni Lurah, nek jaman saiki Lurah sing kudu gelem ngetutne melu nyang panggonane Pulunge. Merga Pulung saiki wis manggon maton, ora ngolah-ngalih maneh, ya kuwi neng Kantor Desa. Kuwi ora neng kene wae, nanging nek desa ngendi-endi ya padha. Mula nek enek Lurah sing ora tau menyang Kantor Desa, adhakane ora tenanan olehe mikirne rakyate, olehe dadi Lurah mung merga kepengin mikirne awake dhewe, mula karo Pulunge banjur diinggati mbalik dadi wong lumrah maneh ora dadi Lurah, malah sok ana sing kudu mlebu kunjara dhisik. Kowe ngerti ta? Ora aneh nek jaman saiki dadi Lurah lagi oleh setahun rong tahun kudu gelem dilereni merga salahe dhewe?”.

        Maryati mung manthuk-manthuk wae krungu wejangane mBakyune. Ora semaur utawa kumecap apa-apa. Nanging olehe padha rembugan bab Pulung wong loro kuwi dadi kandheg, merga Murtala saka omah mlebu menyang Pawon, nggoleki wedang sing mau digawe dening Ibune.

        “Nek meja kuwi lho Mur wedangmu” kandhane Maryati marang Murtala “mau Ibu arep ngeterne menyang kamar lali, merga katrem njagongi Bulikmu”.

        “Inggih, boten napa-napa” wangsulane Murtala karo nyedhaki wedang sing tumumpang meja, Wis adhem.

        “Anu” Marsini kandha maneh “Bulikmu diwelingi Bu Ning, garwane Pak Naib Huda. Nek awake dhewe butuh Pitik, neng daleme Bu Ning ana dhara-dhara telu karo Lancur loro, mengko sore didhawuhi njupuk”.

        “Inggih Bu” wangsulane Murtala “Pak Syaifulloh Huda dhek wingi pas pados dhahar sahur teng angkringan nggih paring dhawuh dhateng kula, menawi Bu Huda kagungan ayam bageyan ayam sing digadhuh tanggane. Nggih mengke bakda ngasar kula purugane”.

        “Ya wis ngono wae ya Yu? Aku tak balik dhisik, selak diangen-angen Pak-e Dikin, wong aku mau ora kandha nek arep mampir mrene” Maryati ngadeg karo pamitan arep mulih.

        “Iya” wangsulane Marsini “ya muga-muga bojomu ndang diparingi sehat maneh”.

        “Iya Yu, wis telung dina iki Pak-e Dikin wis bisa mlaku dhewe, nanging ya kudu dibantu nganggo teken”.

 

Ana candhake

Jumat, 03 November 2023

GANDRUNG PULUNG ING LINCAK WARUNG (06)


 

Dening : IMMIR

06.

          Maryati mlenggong, pangirane mrucut. Maryati ora tau ngerti nek biyen-biyen mBakyune kuwi tau dilamar wong lanang nganti kaping telu, nanging dening Marsini ora ana sing ditampa. Pancen Marsini ora tau crita marang sapa wae, klebu marang kulawargane yen tau ora gelem diajak omah-omah maneh dening wong lanang. Pangirane Maryati, mbakyune kuwi bakal seneng oleh kabar nek Pak Har  kepengin ngajak omah-omah. Merga tata gelar, Pak Har kuwi klebu dhudha sing sembada, sanadyan wis purna anggone dadi PNS nanging isih katon njenthara. Putrane loro wis dadi wong kabeh, sing siji dadi Polisi sing sijine dadi Pegawe Bank. Dhasar priyayi, daleme Pak Har ketok gedhe lan menthereng, manggon neng pekarangan sing jembar rinengga mawa tanduran kekembangan manekawarna. Mobil ana, Sepedha Motor ana, sepedha pancal sing saben dina dienggo sarana olag raga ya ana. Dadi miturut petungane Maryati, saupama gelem dadi bojone Pak Har, kuwi bisa njunjung drajad tenan. Nanging jebulane Marsini wangsulan sing bakune ora gelem nampa anggone tawa. Mula tumrap Maryati sikepe Marsini iki kena diarani aneh.

        “Ngene lho Mar” bareng Maryati njegreg kaya wong getun merga ana barange sing ilang, Marsini banjur ngandhani adhine “kowe kuwi aja banget-banget nggonmu mikir bab iki, sebab Pak Harmaka kae ki priyayine sembada lan ora kurang apa-apa, dadi sanadyan anggone duwe kersa arep ngepek aku ora kasembadan, panjenengane ora tuna. Malah kepara bathi, jalaran wurung oleh aku, ora mokal banjur oleh Warandha sing luwih nom, luwih ayu lan luwih samubarange. Wong patuta ngono, Pak Har kae upama kepengin ngrabi prawan ya ora kangelan, Dadi kowe gak sah susah ngono kuwi”.

        “Iya Yu” wangsulane Maryati “nanging anggone Yu Sini kandha nek Pak Har karo sampean kuwi dudu jodhone, mesthine rak ya ana pawadan sing maton ta Yu? Mbok menawa wae isih bisa diwiradati”.

        “Ya mesthi wae ana Mar” panyaute Marsini “nanging nek diwiradati cetha nek wis gak bisa, iki gandhengane karo suwaraning batinku dhewe, nalika sawargi Kakangmu diangkat arep digawa menyang kuburan, aku kandha neng jero ati, nek kanggoku mung Kakanganmu kae wong lanang sing pisanan lan pungkasan sing ngiseni atiku. Lan kanyatane pancen mangkono, sanadyan nganti saiki, rolas tahun ditinggal Kakanganmu, nanging katresnanku marang Bapakne Murtala panggah ora suda. Mula anggonku kandha nek antarane aku karo Pak Harmaka dudu jodhone kuwi, aja nuwuhake pandakwa nek aku wis wani nampik marang kersane Pak Har. Kuwi ora bener. Kowe ya aja ngarani nek aku iki wong ora ngerti nek dimesakne wong, mosok diwelasi lan arep dikepenakne uripe dening wong sing wis mapan kok ora gelem. Karo maneh Mar, iki mung kanggo kowe wae, bares wae aku wedi nek nganti kelangan anak!”.

        “Kelangan anak piye Yu?” Maryati takon “wong ngendikane Pak Har, Mas Mur ki wis dijak omong-omongan Pak Har, jarene Mas Mur malah seneng nek Ibune gelem krama maneh, ngono ki Yu?”.

        “Perkarane ora mung sepele ngono kuwi Mar” Marsini wangsulan karo mesem “sing tak arani kelangan anak kuwi ora kok Murtala banjur ilang utawa pedhot sesambungane karo aku ngono, ora. Nanging, iki ana sambung rapete karo lelakon sing durung suwe tak alami”.

        “Lelakon apa maneh kuwi Yu? Sajake kok nyalawadi temen?” Maryati nyela rembug.

        “Sik aku tak takon marang kowe!”

        “Takon apa Yu?”

        “Kepiye rasane atimu, nuwun sewu lho ya? Nalika jaman Dikin dadi bocah sing ora gelem salat, seneng klayaban, tukaran lan mendem-mendeman kae?” Marsini ngandhakne pitakone.

        “Oraa tak wangsuli Yu Sini mesthi ya wis ngerti, nek nalika kuwi sirahku kaya pecah, utekku koplak, dhadhaku sesak, atiku susah, sedhih, gela, cuwa, nesu carub dadi siji, Pokoke ora genah ngana kae neh. Ya aku matur nuwun banget marang Mas Mur sing wis gelem nuntun adhine bali menyang dalan sing bener kaya sing saiki iki” wangsulane Maryati.

        “Lhaaa, ya rasa ngono kuwi lelakon sing tak alami” Marsini guneman maneh karo mesem “kowe kelingan jaman Murtala setahun lulus saka SMA sing banjur katut ombyake kanca-kancane, melu putrane Pak Kamituwa Sukina kae?”.

        “Iya,  jare padha nyambut gawe nyang Pabrik Sepatu apa sandhal kae ta Yu?”

        “Bener” Marsini nutugne kojahe “sak jane, kae aku rak ora pati lila. Nanging gandheng Murtala ngotot gek kabeh pawadane ya ninemu ing nalar, wekasane aku ngalah, Murtala tak idini melu lunga menyang Kutha sing rumangsane kutha kuwi panggonan dhuwit gedhe lan amba. Ora lidok, teka Kutha jebul sing diangen-angen Murtala lan uga kanca-kancane rak ora padha karo kanyatan sing sabenere. Sing digantha-gantha kerja neng Pabrik bisa ndandani panguripane, nanging kanyatane akeh sing malah njaluk kiriman saka omah. Wekasan padha kena PHK kae. Lha jebul, kajaba lelakon ngrekasane urip neng Kutha, Murtala sing rina wengi tak kudang lan gegadhang bisa niru lekase Bapake ing babagan kawruh agama, merga kabentus dening kanyatan wekasan kena diarani Mrucut saka embanan luput saka kudangan ngana kae. Murtala sing maune sregep ngibadah lan ngaji malih ora kober maneh, merga kegubel karepotan mikir olehe arep nyambut gawe. Jarene Murtala dhewe, uripe dadi kemrungsung, ora bisa tentrem, arang olehe sukur kakehan olehe ngangah-angah. Dadi olehe kena PHK lan bali menyang Desa kae, ya ana hikmahe. Murtala bisa bali nurut dalan kaya sing tak kudangake.  Kabeh mau bareng tak gagas-gagas, sing luput ya aku. Minangka wong tuwa aku wis negakne anak manggon adoh karo wong tuwa, kamangka durung wancine. Mula sanadyan saiki katone olehe nyambut gawe Murtala wis rada mlaku thimik-thimik, nanging kaya sing dirasakne lan dikandhakne Murtala dhewe, dheweke durung wani diculne mlaku dhewe, isih mbutuhne gelakan saka mburi. Lan kanggo bisa ucul dhewe, kuwi ya mbutuhne wektu sing rada suwe”.

        “Ooo jebul ngono ta Yu critane?” kandhane Maryati sawise Marsini rampung critane “bareng tak gothak-gathukne karo kapitayane Pak Har olehe kepengin omah-omah karo sampean kuwi ya ana benere”.

        “Ana benere piye? Lha Pak Har duwe kapitayan apa? Kok aneh-aneh wae omonganmu saiki?” Marsini nakoni adhine.

        “Critane rak ngene ta Yu?”

        “Iya piye?”

        “Pak Har kuwi jan-jane rak wis suwe olehe kepengin bisa dadi Lurah neng Desane dhewe kene iki? Merga rumangsa nek akeh kanca lan jembar pasrawungane” Maryati miwiti crita maneh “malah jaman isih dines biyen pepenginan kuwi wis ana, banjur karo kanca-kancane diwenehi rerigen supaya olehe maju nyalon Lurah mbesuk ngenteni nek wis pensiun wae, kaya sing dicakne sawargi mBah Lurah Sutris kae, bar dadi Camat banjur dadi Lurah. Lha bareng saiki wis pensiyun tenan, niyat kuwi arep diayati, kabeneran setahun maneh rak wis wayahe Pilihan Lurah?”.

        “Ya apik ta?” Marsini nyela rembug “banjur apa sambunge karo olehe ngersakne ngrabi aku?”.

        “Kuwi ngene” Maryati nutugne kandhane “kajaba sregep tirakat nindakne laku prihatin lan ngapiki sarta nambahi olehe srawung, Pak Har kuwi rak ya duwe Kiyai sing kesdik paningale, bisa mirsani wewadining alam gaib….”.

        “Kyai apa Dhukun ?” Marsini nyelani rembuge adhine “merga nek cara nggone dhewe kene, sing diarani Kyai kuwi wong ngalim sing dhemen mulang ngaji para santri utawa dhemen paring pitutur sing becik adhedhasar wulanganing agama, nek Dhukun kuwi kaya sing mbok kandhakne mau bisa ngaweruhi wewadining ngalam gaib lan duwe kasekten sing sok ora tinemu ing nalar ngana kae…..”.

        “Embuh Yu, pokoke olehe crita Pak Har menyang Pak-e Dikin, sing uga tak rungokne, jarene Kiyai ngono, embuh nek Kyai sing nyambi dadi Dhukun, aku ya gak ngerti” Maryati mangsuli kandhane mBakyune.

 

Ana candhake.

GANDRUNG PULUNG ING LINCAK WARUNG (05)


 

Dening : IMMIR

05.

        Ora enggal oleh wangsulan malah diesemi klecam-klecem sajak nggregetake ngono kuwi ndadekne Marsini rada muring. Adhine dipenthelengi karo lambene diprengutne, nuduhne ora senenge atine nek diajak guyon klecon ngono kuwi.

        “Kowe kuwi arep omong apa he? Ditakoni wiwit mau malah mung klecam-klecem, ora genah, esuk-esuk ngene iki ora wayahe wong guyon!” kandhane Marsini karo suwara rada sereng.

        “Iki tenanan Yu, ora guyon” wangsulane Maryati panggah karo mesem “sampean aja nesu dhisik ta”.

        “Aku iki gak nesu” wangsulane Marsini kethus “ning nek kowe cengengesan ngono kuwi, aku ya mentala njenggung sirahmu. Wis gek ndang guneman, arep omong apa?”.

        “Jane olehku arep omong iki wis telung dina kepungkur Yu” kandhane Maryati “nanging gandheng kelalen, lagi esuk iki arep tak kandhakne, iki wae upama dhek mau ora ana sing ngelingne aku ya lali maneh, mula mumpung durung lali saiki arep tak omongne”.

        “Kowe kuwi suwe-suwe kok kaya Kontring Orek-orek*), arep menyang pasar wae mbok sangkani mubeng-mubeng ora karuwan ta Mar ?” Marsini sansaya ora sabar ngrungokne gunemane adhine “jane sing arep mbok omongne kuwi apa?”.

        “Ngene lho Yu” olehe wangsulan Maryati wis ora karo mesem maneh “telung dina kepungkur Pak Harmaka ki rak niliki Pak-e Dikin…..”.

        “Pak Harmaka Menteri sing biyen rambute klimis kae nyang omahmu?” Marsini nyelani rembug.

        “Dudu Pak Harmaka sing kae Yu” Maryati genti sing semaur karo mrengut “Pak Harmaka sing omahe cedhak tilas Pabrik Kertas”.

        “Pak Har Guru ?”

        “Iya nanging kae sadurunge Pensiun wis diangkat dadi Pengawas nek cara biyen Pe Es ngana kae lho Yu”

        “Iya, lumrah ta nek Pak Har niliki Pak-e Dikin, wong Pak-e Dikin karo Pak Har ki tau dadi kanca raket, padha-padha seneng Olah Raga Volli” kandhane Marsini nanggapi critane Maryati.

        “Bener Yu, nanging jebul olehe niliki Pak-e Dikin kuwi, Pak Har mung samudana, duwe karep liya sing luwih wigati tinimbang olehe niliki kancane kuwi” Maryati nutugne olehe kandha.

        “Duwe karep liya piye?” Marsini takon.

        “Nek sampean ora mathuk, sampean aja nesu ya?” sadurunge nutugne oleh guneman Maryati takon luwih dhisik.

        “Lha rak kumat ta?” Marsini bali mencereng “dikandhani nek omong ki ndang sat-set, kok malah arep muter-muter maneh”.

        “Ya wis, pokoke aku wis taren, pokoke aja nesu” wangsulane Maryati “garwane Pak Har kae olehe seda rak wis bar sewune?”

        “Embuh aku ora melu ngetungi kok”

        “Aja diselani dhisik ta Yu” Maryati genti sing rada kethus “olehku arep bisa sat-set piye, nek bola-bali diselani ngene iki?”.

        “Ya wis, ndang ditutugne dhisik” Marsini mesem.

        “Lha gandheng uripe dadi ijen, gek putrane ya wis gedhe-gedhe, Pak Har rumangsa butuh kanca urip sing bisa nyulihi suwargi Bu Har. Cekake ngono Pak Har ngersakne arep krama maneh” Maryati nutugne olehe kandha.

        Nanging bareng tekan tembung ngono kuwi, Maryati banjur meneng. Critane ora tumuli dibacutne.

        “Ya wis jamak lumrahe ta Mar?” bareng anggone meneng Maryati wis rada suwe, Marsini banjur guneman “wong lanang karo wong wedok kuwi pancen beda, nek wong wedok ditinggal seda kakunge kuwi kuwat ngampet rasa sepine, beda karo wong lanang. Pak Har kuwi wae klebu wis kuwat, nganti entek slametane sing putri, lagi arep krama maneh. Lha wong liyane Pak Har kae, lagi bar slametan nyatus wae wis padha rabi maneh”.

        “Iya Yu” wangsulane Maryati nutugne kandhane “lha gandhengane karo perkarane Pak Har mau, Pak Har banjur utusan aku, supaya nemoni lan ngandhakne kersane Pak Har marang sampean. Sampean arep dijak urip bareng. Ngendikane Pak Har, Pak Har wis ketemu karo Mas Mur neng warunge, tak takokne Dikin pancen bener nek Pak Har dhek emben jajan neng warunge Mas Mur lan jagongan rada sauntara suwene. Lha ngendikane Pak Har maneh, jare Mas Mur ya seneng saupama sampean kuwi gelem omah-omah maneh”.

        Marsini sing genti suwe ora guneman sawuse krungu apa sing dikandhakne adhine ngono kuwi mau. Wewayangane kakunge sing wis sawargi dumadakan katon ing angen-angene. Biyen jaman Murtala isih cilik, Kojin nate guyon parikena karo dheweke, ya kuwi ngrembug saupama Kojin luwih dhisik dipundhut dening Sing Maha Kuwasa, Kojin mrayogakne supaya Marsini gelem nggolekne Bapak sambung kanggo Murtala. Mung wae, ora mung waton wong lanang nanging yen bisa ya sing bisa momong Murtala tenan. Bisa nuntun Murtala menyang dalan sing bener. Nalika samana, Marsini ora semaur apa-apa. Merga Marsini nganggep yen kakunge mung waton guneman ngono wae. Ora prelu diwangsuli. Jebul sing dikandhakne Bapak-e Murtala kuwi numusi. mBarengi Murtala umur rolas tahun Kojin tinggal donya. Lan sasuwene urip dadi Warandha, wis ping telu Marsini krungu panembung saka wong lanang sing arep ngajak omah-omah dheweke. Sing dhisik dhewe Maryadi, isih sedulur misanane Kojin. Wong Tani sing sawahe jembar, pirang-pirang enggon, nyambi dadi juragan gabah, nek wayah panen saben dina nukoni gabahe wong tani banjur dikirim menyang Mojokerto, saben dinane bisa limang truck barang. Maryadi kuwi dhudha durung duwe anak. Olehe pisahan karo bojone wis rada suwe, jaman Kojin isih durung kapundhut, jalarane pisah merga sing wedok seneng karo sopire. Nanging Marsini ora bisa nampa katresnane Maryadi, jalaran rasa tresnane marang kakunge durung bisa diganteni dening pria liya. Sing kapindho, Dhudha sing ditinggal mati bojone, Pensiunan Tentara pangkat Sersan Satu, sing aktif dadi Takmir Masjid. Wangsulane Marsini panggah kaya olehe wangsulan marang Maryadi. Sing nomer telu, malah saka Guru SD sing mulang neng Sekolahan sing biyen dadi panggonane  Kojin nyambut gawe. Garwane Pak Guru kuwi seda merga gerah leukimia sing kasep olehe ngonangi. Marsini panggah ing tekade, arep nutugne jejibahane kakunge sing dianggep durung rampung. Ya iku minterne lan nggedhekne anake lanang sing mung siji kuwi. Lha kok iki adhike teka-teka nggawa crita nek dadi kongkonane Pak Harmaka, dhudha pensiunan sing butuh kanca lan duwe karep ngajak dheweke urip bebarengan.

        “Piye Yu?” bareng dienten-enteni Marsini ora enggal guneman, Maryati banjur takon.

        “Oalaaah, jawane ngono kowe kuwi arep nyambi dadi Dhandhan barang, ngono ta Mar?” Marsini wangsulan karo mesem .

        “Aku iki mung sadrema dadi kongkonan ya Yu?” kandhane Maryati “mau aku wis taren, nek sampean ora mathuk ya aja nesu, wong karepku ki becik, Lha nek sampean mathuk ya sokur alkamdulillah. Nek sampean durung bisa aweh wangsulan saiki merga isih mikir lan nimbang-nimbang ala lan becike, ya ora apa-apa”.

        “Iya, aku ya gak nesu kok” Marsini semaur karo mesem “aku ya ora arep nimbang-nimbang luwih dhisik dadi ya ora mbutuhake wektu kanggo mikir, merga kanggo aweh wangsulan marang Pak Har liwat kowe kuwi, tembung wangsulane wis cemawis, mung kari ngunekne ngono wae”.

        “Iya piye Yu?” Maryati takon, mripate ketok sumunar, nandhakne nek seneng atine “apa Mas Mur wis matur sampean nek Pak Har nemoni neng warung, ngrembug perkara iki?”.

        “Durung” wangsulane Marsini “ketoke Mur ya ora butuh kandha nyang aku, perkara olehe jajan Pak Har neng warung angkringane. Merga Mur wis ngerti nek ibune ora mbutuhne crita kaya sing wis mbok critakne”.

        “Dadi ….. ? genahe piye Yu?” Maryati mlenggong.

        “Genahe olehmu dadi Dhandhan durung jodho Mar” wangsulane Marsini karo mesem “aku matur nuwun dene kowe wis mikirne uripku, uga matura marang Pak Har, nek aku ya matur nuwun banget awit kawigatene marang aku lan sing luwih baku, matura yen garising pesthi Pak Har kuwi dudu jodhoku”.

 

Ana candhake

 

Kamis, 02 November 2023

GANDRUNG PULUNG ING LINCAK WARUNG (04)


 

Dening : IMMIR

04.

        Marsini lagi krasa yen sasuwene bali saka kutha kuwi, Murtala mung meneng neng omah, ora tau metu menyang Masjid. Kamangka sadurunge lunga biyen Murtala kuwi awan bengi kerep olehe ana masjid tinimbang olehe ana omah. Uga nek biyen saben esuk mulih saka subuhan Murtala ajeg olehe nderes Al-Qur’an kira-kira ngentekne wektu setengah jam, sak jege bali saka kutha iki, ing omah kono blas ora tau keprungu suwarane Murtala ngaji. mBok Randha sing umure wis wiwit tuwa kuwi unjal ambegan landhung. Ing atine tuwuh rasa panuwun marang Pangeran, jebul pangirane marang anake lanang luput. Olehe kerep njetung lan thenger-thenger Murtala ora merga bingung nggagas olehe nganggur sing butuh gaweyan, nanging merga lagi dielingne Pangeran lumantar suwaraning nuranine.

        “O ngono ta jebule, Mur?” sawuse rada suwe Murtala mungkasi wangsulane, Marsini banjur guneman sareh “nek ngono kowe kudu muji sukur marang Gustu Allah, kuwi tegese kowe wis dielingne lan didhawuhi supaya ndandani lakumu sing wis rada singlar saka piwucal-E. Saiki ngene wae, kowe kudu tumuli sowan marang Pak Kyai Zamzuri karo Pak Ustadz Nur, asok kaluputan lan nyuwun pangapura. Aku percaya kowe mengko mesthi tumuli dituturi dening Pak Kyai apa dene Ustadz Nur, merga priyayi loro kae klebu unusaning titah sing luhur bebudene, tresna asih marang sapepadhaning urip, dhemen tetulung marang sok sapawa sing mbutuhake. Ora mung bisa ngendika, ceramah sing dhakik-dhakik thok, nanging sing didhawuhne uga ditindakne. Wong sak Tegalsari kene iki kabeh wis padha apal, merga ora arang Bu Nyai Zamzuri karo Bu Ustadz Nur kae ora arang ngrogoh kanthong, cucul dhuwit kanggo ngenthengake sesanggane wong sing lagi kecingkrangan uripe, ora mbedak-mbedakne wong, waton pantes ditulung ya banjur ditulung lan sing baku babar pisan ora ngarep-arep piwales kajaba saka sing Kuwasa. Ketitik olehe tetulung kerep karo meneng-menengan, ora diwarak-warakne. Ya ora kaya wong sing lomane pendhak nek arep ana Pilihan ngana kae”.

        “Inggih Bu” Murtala mung wangsulan cekak.

        Gragap…..!!!.

        Marsini kaget, ceret gedhe sing ditumpangne kompor wis nyuwara mbengung nandhakne nek banyu sing digodhog wis umub. Gage wae gelas sing wis dicawisne diiseni racikan gula karo kopi, nggawekne wedang anak lanang. mBarengi Marsini arep ngeterne kopine Murtala menyang kamare, Murtala metu saka kamar mandi sing ana sisih kiwane Pawon. Keprungu suwarane Murtala guneman rada banter, sajake ana wong sing lagi teka :

        “Wonten Bulik, Bulik mlebet mawon Ibu wau ketingale tesih teng pawon”.

        Wedang ora sida diterne menyang kamare Murtala, diselehne neng meja Pawon. Marsini banjur mlaku nyedhaki lawang, kepengin ngerti sapa sing esuk-esuk wis teka nggoleki dheweke kuwi.

        “Lha esuk-esuk wis tekan kene iki mau kowe saka omah apa saka ngendi ta Mar?” bareng wis tekan ngarep lawang, Marsini banjur nakoni dhayohe. Jebul sing teka adhine Marsini dhewe, ibune Dikin. Jenenge Maryati, undang-ndangane “Mar” nek Marsini undang-undangane  “Sini”.

        “Biasa Yu, saka ngejogne dagangan nang warung-warung, wong saiki sing pesen tambah-tambah dadi esuk-esuk kudu wis wiwit ider” wangsulane Maryati.

        “Kene lungguh amben kene” Marsini ngajak adhine lungguh neng amben pawon “ya kabeneran ta Mar nek sing njaluk dijogi daganganmu tambah akeh, aja lali sing gedhe rasa sukure marang Gusti Allah”.

        “Iya Yu” wangsulane Maryati karo mapan lungguh “aku ki ya sukur tenan lan matur nuwun banget marang Sing Kuwasa. Pitulungan sing diparingne aku jan ora karuwan akehe. Wiwit Pakne Dikin tiba njur dadi setruk kae, kaya-kaya wis entek pengarep-arepku bisa urip lumrah kancane. Lha wong sing dijagakne kanggo urip ya olehe ngojek Pakne Dikin thok. Bareng wonge ora bisa obah ngana kae rak aku ya dadi bingung tenan ta Yu?. Mangan wae upama ora mbok cadhongi beras saka kene, dhek emben aku ya ora bisa adang. Ketambahan bareng Dikin lulus saka Sanawi*) ora bisa nutugne sekolahe banjur dadi bocah kaya ngana kae. Senengane klayaban ora ulih-ulihan, nek mulih mesthi karo mendem. Saking puteging atiku, meh wae Farida arep tak kon metu saka sekolahe pisan, banjur sampean srengeni kae………”

        “Lha iya mesthi wae tak srengeni” Marsini nyela tembuge adhine “bocah wayahe sekolah lagi kelas lima kok arep dikon metu, apa ora mesakne?”.

        “Iya Yu” wangsulane Maryati karo nutugne guneme “andilalah banjur oleh pitulungane Pangeran. Rekasane uripku dingerteni kanca-kanca jaman neng SMP biyen. Mas Triyanto, mBak Wiwiek karo kanca-kanca liyane mara nang nggonku, makili kanca-kanca liyane menehne bantuan asile urunan kanca-kanca sakelas kabeh marang aku. Banjur tak enggo eber-eber bakulan kaya sing saiki tak ider-iderne iki. Wiwit kuwi aku rada bisa ambegan. Banjur Si Dikin bareng dikandhani Mase kae ya banjur manut, gelem mareni olehe seneng klayaban karo mendem-mendeman, malah banjur gelem melu nyambut gawe ngrewangi mase kae. Jan ya alhamdulillah tenan Yu…..”.

        “Iya kanca-kanca sekolahmu biyen pancen apik-apik, duwe rasa setia kawan sing gedhe, mula uripe ya sansaya makmur” Marsini ngegongi critane adhine “Mas Triyanto ki rak putrane Pak Lurah Tapa kae ta? Lha nek mBak Wiwiek kae rak banjur rabi karo Mas Pono Pegawe Pusri kae ta? Saiki padha neng ngendi?”.

        “Iya Yu, Mas Triyanto saiki dadi wong Sidoarjo, putrane lanang-lanang loro. Sing siji kuliah nyang Jerman sing siji isih neng ITS Surabaya” Maryati mangsuli pitakone mbakyune “nek mBak Wiwiek kae saiki neng Nganjuk, dadi Guru apa Kepala Sekolah ngono lho, mbuh SD embuh SMP aku ora pati jelas, putrane ya wis padha dadi kabeh, ana sing dadi Polisi barang. Wis arep budhal Kaji, nek olehe Umroh wis dhek emben”.

        “Iya, pancen wong ki nek gelem tumindak becik karo Gusti Allah uripe sarwa dicukupi kok” kandhane Marsini sabanjure “lha saiki olehmu mrene mau mung mampir apa ana gawe sing liyane ?”.

        “Iya, mau aku kepethuk banjur diwelingi Bu Ning”.

        “Bu Ning Sapa?”.

        “Bu Ning Nyonyahe Pak Naib Huda kae lho?” wangsulane Maryati.

        “Iya diwelingi apa? Kanggo aku apa kanggo sapa?”

        “Kanggo sampean karo Mas Mur” wangsulane Maryati “jare dhek emben sampean matur nyang Bu Ning nek saben dina ajeg tuku pitik kampung ? Lha iki mau Bu Ning dhawuh nek oleh bageyan asil pitike sing digadhuh tanggane, dhara-dhara ana telu karo lancure loro. Lha nek sampean gelem nuku, mengko sore sampean didhawuhi marani nang daleme Bu Ning kana, ngendikane Bu Ning sampean arep ditelpon nanging ora pirsa nomer ha-pe sampean”.

        “Lha wong aku ora duwe hape kok, arep ditelpon?” Marsini wangsulan karo ngguyu “iya mengko sore tak paranane”.

        “Karo anu Yu” Maryati guneman maneh “omongna Mas Mur, kon ngandhani Dikin. Nek diparingi dhuwit Mas Mur ngana kae kon nyelengi, aja dienggo nuruti senenge dhewe. Mosok Farida bocah lagi kelas nem wae ditukokne HP sing keneng dienggo macem-macem? Pancen Dikin ki nek karo adhine sayang banget, adhine dimanja, nanging rak ya aja banget-banget ngono kuwi ta Yu? Wong pas jaman covid kae Farida ki ya wis tak tukokne Hape sing wis keneng dienggo sekolah?”.

        “Ya mengko Murtala tak kandhanane” wangsulane Marsini karo mesem “apa bocahe tak celuke mrene banjur mbok omongi dhewe, saiki paling bocahe isih nderes neng kamare”.

        “Ora Yu, meling sampean wae” Maryati guneman maneh “karo aku arep omong siji maneh Yu”.

        “Omong apa?” Marsini takon.

        Maryati ora enggal aweh wangsulan, mung lambene wae mesam-mesem sajak piye ngono?.

 

 

Ana candhake

Rabu, 01 November 2023

GANDRUNG PULUNG ING LINCAK WARUNG (03)


 Dening : IMMIR

03.

        Nalika kuwi olehe ngandhani Marsini marang anake lanang karo mripat sing teles merga luh sing wiwit ambrol. Lan Murtala kuwi duwe pengapesan, ora bakal bisa bangga apa-apa yen nganti weruh Ibune nganti nangis. Mula sawuse meneng sauntara Murtala banjur wangsulan alus lan suwarane digawe ngati-ati banget :

        “Inggih Bu, estunipun kula inggih boten nggagas ajeng pados damelan dhateng kitha malih kok. Tiyang kula nggih boten saged dangu-dangu pisah kalihan Ibu, menawi tebih kalihan Ibu niku, wonten menapa-menapa kula boten saged wadul”.

        “Kowe aja kumbi lho Mur” Marsini nigas tembunge anake lanang “merga Ibu iki tansah ngulati kabeh slagamu, sak jege kowe mulih saka Kutha iki, kowe ora tau duwe ulat padhang, ora tau ketok esemmu, malah kowe blas gak tau ngajak omong-omongan karo Ibu, manganmu mung sethithik, kuwi wae ndadak ngenteni nek didhawuhi Ibu dhisik, banjur kowe dadi kerep lungguh ijen thenger-thenger kaya wong getun. Nek ora merga kowe ngangen-angen golek gaweyan banjur apa maneh sing mbok gagas he?”.

        “Estune ngoten, ngeten lho Bu” Murtala nyoba mesem karo wangsulan .

        “Omongan kok ngoten karo ngeten ki karepmu apa?” Marsini nugel rembug maneh.

        “Mengke riyin ta Bu” Murtala ngguyu lirih “sampun didukani mawon, kula dados bingung wangsulan niki mengke”.

        “Ibu ki ora ndukanim mung takon karo ngandhani!”

        “Inggih, kula pancen radi getun Bu…….”

        “Harak tenan ta? Sing mbok getuni kuwi apa ? Nggetuni barang sing ilang? Sing ilang apamu? Apa nggetuni dumeh kowe wis dilereni saka anggonmu nyambut gawe neng Pabrik kuwi? Gusti Allah maringi rejeki kawulane kuwi ora mung liwat dalan siji, oraa nyambut gawe neng Pabrik kowe mesthi diparingi dalan liya kanggo njumputi rejeki peparingE…….” Marsini ndhedhes anake lanang nganggo pitakon lan diwuwuhi pitutur.

        “Boten perkara niku Bu, kula niku getun mergi sampun radi tebih nilar margi ingkang kedahipun kula liwati….” Murtala nyethakne kandhane.

        “Sik..sik… karepmu kuwi piye ta? Ibu ora pati mudheng!”.

        “Sareng kula gagas-gagas, sasampunipun kula kesah teng Kitha nika, kula dados tiyang ingkang tansah kumrungsung. Wiwit enjing ngantos enjing malih namung tansah mikir kabetahaning gesang, temah tebih kalihan Gusti Allah, sembahyang gangsal wekdal disambi playon, nderes Qur’an boten tau, menapa malih sinau sanesipun. Kamangka jaman badhe bidhal dhateng kitha siyen, pas kula nyuwun pamit saha pangestu Kyai Zamzuri sampun manti-manti……”.

        “Manti-manti piye?” Marsini nigas guneme anake.

        “Nalika samanten Rama Kyai Zamsuri dhawuh ngeten : - Nek awakmu arep golek gaweyan neng Jakarta apa Tangerang apa ngendi kuwi, senajan olehmu ngaji iki isih adoh saka katam, nanging aku ya ora bisa menggak kekarepanmu kuwi Mur, wong jamane saiki wis beda. Biyen wong duwe ijazah SMA kaya awakmu kuwi neng kene isih larang regane, ning nek saiki aja maneh kok SMA sing sarjana isih nganggur wae ya akeh. Dadi yen awakmu arep dadi buruh Pabrik neng kutha kuwi ya aran lumrah. Nek ora menyang Kutha, ya ora mokal nek banjur dadi Panji Klanthung. Kamangka kanggo nyukupi butuhe urip kuwi saya suwe ora saya entheng, gek aku dhewe ya bisa ngrasakne sepira abot sanggan sing dirasakne Ibumu sing mung pensiunan janda saka Bapakmu sing biyen mung golongan Satu C. Jeneh aku wae sing Pensiunan Golongan Papat De, sok-sok ya isih sambat. Mula sepisan maneh nek awakmu arep ngadu nasib menyang Kutha, ya ora apa-apa, muga-muga bisa kasil. Mung welingku, aja nganti awakmu adoh-adoh karo Al-Qur’an. Merga wong Islam kuwi nek nganti adoh karo kitabe, sok gampang keblinger, ngambah dalan sing ora bener, gampang nyepelekne kukuming agama lan uga kukuming negara, wekasan sok wegah mikir endi sing karam endi sing kalal, embuh bantal embuh kadhal katon kemrencal banjur diuntal. Ya ngono kuwi sing marakne manungsa dadi sengsara lahir batine. Karo maneh, awakmu kudu njaga asmane wong tuwa. Bapakmu kuwi Mas Khozin, wong sing ngalim tur wirangi, Bapakmu biyen Guruku, sing marahi ngaji aku, sadurunge aku kuliah menyang IKIP Yogya biyen. Dadi asmane bapakmu aja nganti kucem merga kleruning tindakmu…….”.

        “Pak Kyai Zamzuri ngendika ngono kuwi?” Marsini nyelani rembuge Murtala.

        “Inggih, kirang langkunge ngoten niku Bu” wangsulane Murtala

        “Pancen bener sing dingendikakne Pak Kyai kuwi, Bapakmu biyen kuwi senajan mung pangkat Tukang Kebon, nanging akeh priyayi luhur sing padha ngajeni, merga Bapakmu bisa ngecakne piwulang tembang dhandhanggula werdiningkang wasita jinarwi kae, tata krama ora tau ditinggal, nyambut gawene tekun ora mung waton oleh pangalembana saka dhuwurane, nanging diniyati ngibadah sing murih ridlaning Allah, mung emane Bapakmu ora dawa umure…..” ora nganti tutug olehe guneman Marsini wis meneng, merga saka mripate wiwit mili luh-luh bening sing nelesi pipine.

        “Inggih Bu” Murtala gage olehe wangsulan “mugi-mugi kula boten ngantos kedlarung-dlarung anggen kula tebih nilaraken margi ingkang dipun pecaki sawargi Bapak”.

        “Iya, banjur dening Pak Kyai biyen kowe diweling apa maneh?”

        “Kula diparingi tambahan sangu arta. Kados ingkang sampun kula aturaken dhateng Ibu siyen nika”.

        “Iya aku ya isih kelingan kuwi” wangsulane Marsini karo ngusapi eluhe “jaremu biyen kajaba oleh tambahan sangu saka nggone Pak Kyai ya oleh maneh saka Ustadz Nur, iya ta ?”

        “Leres Bu” wangsulane Murtala “sami kalihan Kyai Zamzuri, kajawi maringi wewahan sangu, Ustadz Nurhamid ugi paring weling. Inggih menika ingkang ndadosaken kula getun, jalaran weling saking Kyai Zamzuri saha saking Ustadz Nurhamid, jebul boten saged kula cak-aken kanthi wetah malah kepara kathah ingkang kula blenjani”.

        “Lha Ustadz Nur paring weling apa ta?” Marsini takon.

        “Nalika samanten, Ustadz paring weling kirang langkung makaten : - niyatmu arep nyambut gawe menyang kutha golek rejeki sing luwih gedhe, kuwi pancen wis bener Mas. Merga manungsa kuwi dening Allah diwajibake nyuprih rejeki peparingE sing disebar ing lumahing bumi iki sak akeh-akehe. Mula kena diarani nek ana wong ngakune iman nanging duwe watak wegahan lumuh nyambut gawe, kuwi imane cetha nek durung genep.  Lan dhawuh iki uga disartani gandhengan dhawuh sing ana sambung rapete. Ya kuwi nek kowe kepengin rejeki sing mbok tampa liwat nyambut gawe kuwi bisa manpangati, sajroning nyambut gawe kowe kudu tansah eling marang Allah. Eling marang dhawuh-dhawuhe, eling marang pepacuhe. Kanthi mangkono, olehmu nyambut gawe ora ngawur waton entuk asil ora metung bener lan lupute anggonmu nyambut gawe. Lan aja nganti kowe keblithuk gebyare rejeki sing marakake lali. Merga akeh wong sing keblithuk, kasengsem nguber rejeki peparinge Gusti nganti nglalekake marang sing paring rejeki” wangsulane Murtala marang pitakone ibune.

        “Pancen sing didhawuhne Ustadz Nur karo Kyai Zamzuri kuwi kabeh bener tenan Mur” kandhane Marsini nutugne anggone takon maneh “lha mau kowe kandha nek dhawuh-dhawuh kuwi akeh sing mbok lirwakne, kuwi cethane piye ?”.

        “Wau sampun kula aturaken ta Bu?” wangsulane Murtala “sareng kula nyambut damel teng Pabrik, sembahyang gangsal wekdal kados playon kemawon, sembahyang dalu blas boten tau. Maca Qur’an sepeken sepisan nggih boten saged ajeg. Wontenipun namung kumrungsung, kirang sukur dhateng Gusti Allah malah kathah anggenipun nggresah. Sakniki sareng sampun wangsul kula lajeng bingung, badhe kepanggih Kyai Zamzuri rumaos ajrih, badhe sowan Ustadz Nurhamid inggih pakewet kuwatos menawi dipun dangu magepokan kalihan weling ingkang sampun dipun paringaken………”.

 

 

Ana candhake

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...