Total Tayangan Halaman

Rabu, 15 November 2023

GANDRUNG PULUNG ING LINCAK WARUNG (119)


 

19.

        Murtala rada gumun, ya bener nek karo Ratih anake Pak Harmaka kuwi dheweke ya wis tepung, wong kanca sekolah jaman neng SMP kacek rong tahun ing sangisore. Nanging tepunge ya mung lumrah, malah sawise padha gedhene iki kena diarani wis ora sanakan maneh. Upama simpangan neng ratan ya ora tau loroh-lorohan. Merga pancen jagade ya wis beda. Nanging kok iki mau Ibune kandha nek Ratih dolan menyang omahe gek sing digoleki kok dheweke. Iki cetha nek aneh, Murtala ya ngerti nek putrane Pak Harmaka kuwi klebu prawan sing duwe selera dhuwur, srawunge ya karo wong-wong sing kelase padha, padha priyayine padha moderene. Akeh sing ngrasani nek bocah kuwi senengane dadi wong kutha sing modern, nek ngarani wong sing ora nocogi atine kerep nganggo tembung “ndesa” sok diplesetne dadi “ndesit”  nek ora ngono ya nganggo tembung “kampungan” . Mula nek Ratih dolan menyang omahe nggoleki dheweke kuwi kena diarani lagi kesasar lakune.

Nanging, Murtala banjur nggagas maneh, mbok menawa wae Ratih oleh tugas saka kantore, ngajak masyarakat supaya gelem dadi nasabahe Bank panggonane nyambut gawe. Gandheng sing arep diajak kuwi dheweke, Ratih ya ora nawakne program-programe marang Ibune. mBokmenawa Ratih nganggep nek ora ana gunane ngrembug sing arep ditawakne marang wong sing ora arep diajak utawa ditawani.

“Mau bocahe ya rada taneg olehe jagongan karo aku” kandhane Marsini maneh marang anake lanang” wong olehe jagongan ya neng amben pawon kana, jebul bocahe kae adoh karo pangiraku”.

“Tebih saking panginten pripun Bu?” Murtala takon.

“Lha nek ndelok modhele pacakan kaya sing uwis-uwis ngana kae, mesthine ora pati njawa karo gaweyan lan pakulinane wong cilik-cilik ngene iki ta Mur, nanging jebule ora. Iki mau bocahe olehe nyandhang nganggo ya kaya lumrahe bocah kene, clananan dawa, ora nganggo clana cekak sak dhuwure dhengkul ngana kae, klambine ya lengen dawa, ora kaosan sing ora nganggo lengen ngana kae, rambute disisir rapi nganggo bandho ketok manise” Marsini nggenahne pacakane Ratih “atiku dadi getun, aku wis dosa merga nduweni pangira ala marang Ratih, bocah sing jebule duwe sopan santun sing jangkep  mau”.

“Lha kok ngantos taneg niku sing dirembag napa mawon lho Bu?” Murtala takon karo mesem, dheweke wis apal karo kelageyane ibune sing seneng ngalem bocah wedok neng ngarepe. mBok menawa wae Ibune duwe karep arep nuturi mbesuk nek golek bojo bisaa kaya sing dicritakne ibune kuwi.

“Akeh, maune bocahe takon perkara sambel pecel gaweyane Ibu kuwi resepe apa wae kok jarene duwe rasa sing luwih sedhep tinimbang sambel pecel liyane, aku ya mangsuli apa anane ora ana sing tak tutup-tutupi, mung mbok menawa wae takeran bumbu sing dicakne Ibu luwih pas. Wonge ya mbenerne kandhane ibu, banjur bocahe ngandhani supaya Ibu nawakne sambel liwat bisnis online, tak wangsuli nek Ibu ora mudheg nggunakne hape. Nggih dhawuh dhateng Mas Mur ta Bu, mengke rak kalih Mas Mur dionlenaken, ngono olehi ngandhani Ibu”.

“Lajeng menapa malih Bu?” Murtala takon maneh.

“Akeh maneh, ya bab pengajiane ibu-ibu karo prawan-prawan neng masjid kene, jarene dheweke ya kepengin melu, nanging isih rada wedi samar nek diece karo wong-wong, wong dheweke ngaku nek durung mudheng alip bak tak blas” kandhane Marsini mangsuli pitakone Murtala “malah suwe-suwe banjur ngrasane kowe barang”.

“Ngrasani kula Bu?” Murtala takon karo suwara nuduhne nek gumun atine “lha wong srawung karo aku wae ora tau kok bisa-bisane ngrasani”.

“Iya nanging ngrasani apik kok” wangsulane Marsini karo mesem “miturut panemune, Kowe kuwi bocah nom sing sing pantes diconto dening bocah nom liyane, mligine ing babagan pagaweyan. Jaman saiki jarene Ratih mau, akeh sarjana padha nganggur bingung golek gaweyan, lulus sekolah isih dadi sanggane wong tuwane, lha nek kowe ora bingung golek gaweyan nanging malah gawe lapangan pekerjaan dhewe, Mandhiri ora direhne sapa wae. Malah bisa mbantu wong liya duwe gaweyan……..”.

“Tiyang sanes sinten? genah kula nembe saged ngejak nyambut damel lare setunggal Dhik Dikin piyambak ngoten lho Bu?” Murtala nyela critane Marsini.

“Ora kuwi sing dikarepne Ratih” wangsulane Marsini “embuh sapa sing wis crita, Ratih kuwi ya ngerti nek gorengan sing mbok dol neng warung kae, kabeh titipane wong, wong siji mung mbok olehi nitipne gorengan sak rupa, kuwi jarene Ratih kowe wis mbantu wong akeh. Mula Ratih mrene mau niyate arep ngangsu kawruh marang kowe”.

“Nggih kwalik niku Bu” Murtala guneman karo ngguyu “wong lulusan D3 wis nyambut gawe neng Bank kok arep ngangsu kaweruh teng lare kados kula he he he”.

“Iya nanging kuwi ora pati tak gagas” kandhane Marsini maneh “sing marakne aku meh katut ndawakne angen-angen kuwi mung siji”

“Menapa menika Bu?”

“Ratih takon pacarmu kuwi bocah ngendi?” kandhane Marsini maneh “aku banjur nggagas, kira-kira pangirane Ratih olehmu menyang daleme Pak Sugiri mau kuwi, kowe butuh arep ketemu karo Nita lan Ratih ngira nek Nita kuwi pacarmu, kuwi pangiraku lho? Ratih dhewe mung takon pacarmu kuwi bocah ngendi ngono thok”.

“Lajeng Ibu paring wangsulan pripun?” Murtala takon karo mesem.

“Ya banjur tak kandhani nek kowe kuwi sangertiku durung wani golek pacar” wangsulane Marsini “ya tak genahne pisan nek olehmu menyang daleme Pak Sugiri kuwi merga dening Pak Sugiri arep didhawuhi supaya marahi wacan-wacan sembahyang sing Pak Sugiri wis lali, merga Pak Sugiri saiki wiwit nindakne limang wektu maneh”.

“Lajeng Ratih pripun sasampunipun Ibu ngendika makaten kala wau?”.

“Ya kuwi sing marahi ibu katut melu nggagas” wangsulane Marsini “nek nganggo basane bocah saiki ngono, Ratih banjur curhat menyang Ibu”

“He he he curhat Bu?” Murtala ngguyu “curhat pripun?”.

“Ratih kuwi rak wis bola-bali pacaran karo bocah lanang? Wis ping pat apa ping lima ngono” Marsini nutugne olehe crita “nanging kabeh pedhot neng tengah dalan, ora ana sing bisa tekan rampung dadi jodhone. Saking susahe, Ratih banjur matur marang Bapake, piye carane pacaran bisa terus dadi manten sing langgeng selawase. Bapake sing jebul uga mrihatinake lelakone Ratih sanadyan maune ora dikandhakne, banjur ngendika mbok menawa ana sukerta sing nemplek ing awake Ratih sing prelu diresiki. Bapake Ratih banjur sowan Guru Kebatinane, menyang Kediri kana, nyuwun pirsa ya gene Ratih nemoni lelakon mangkono kuwi mau. Lha dening Guru Kebatinane, Pak Harmaka kadhawuhan supaya ndhawuhi Ratih supaya nindakne laku prihatin ing malem dina wetone…..”.

“Ratih nggih purun?” Murtala nyelani takon.

“Gelem lan wis dilakoni dhek malem Rebo, wong wetone Ratih kuwi Rebo Pon” wangsulane Marsini.

“Lajeng asil saking lampah prihatin niku napa?”

“Ratih sing selawase ora tau nggagas Ibu, bengi kuwi sajroning kahanan setengah melek setengah turu, ngimpi nek dolan mrene banjur dening ibu diparingi  Jarik Bathik Sidamukti. Esuke ing padoning netrane Ratih tansah katon wewayangane Ibu wae. Sawise matur marang Bapake bab impen karo sing dadi angen-angene kuwi mau, Pak Harmaka paring dhawuh yen mbok menawa jodhone Ratih kuwi wong lanang sing cedhak karo Ibu, kamangka wong sing paling cedhak karo Ibu kuwi ya mung kowe dhewe ta Mur?. Sabanjure Pak Harmaka paring dhawuh menyang Ratih supays ngaturake lelakone mau marang Ibu. Lan sing luwih aneh semu lucu maneh, Ratih kandha marang Ibu senajan wis bola-bali pacaran, nanging dheweke wani sumpah nek isih prawan, merga Ratih lan tilas pacar-pacare, durung tau nerjang pepacuhing agama sing siji kuwi” Mursini mungkasi critane.

“Oalah ngoten ta criyose?” Murtala genti guneman “lajeng Ibu pitados kalihan ingkang dipun cariyosaken Ratih niku wau? Lan nginten menawi jodhonipun Ratih menika kula?”.

“Maune ya ngono, nanging bareng Ibu kelingan karo sing dikandhakne Bulikmu dhek kapan kae, Ibu banjur mikir-mikir maneh” wangsulane Marsini.

“Lha Bulik matur menapa dhateng Ibu?” Murtala tambah gumun, critane dadi mbabrak tekan Bulike barang.

 

 

Ana candhake.

Selasa, 14 November 2023

GANDRUNG PULUNG ING LINCAK WARUNG (18)


 

18.

        Nanging Arja Gendhon ya nggagas aja nganti sedulure lanang kuwi malah keplecuk. Merga neng donya iki ya akeh wong sing ora ngerti ing kabecikan, kuwatire Arja Gendhon mengko nek Murtala kaget. Kulina urip pas-pasan bareng dipek mantu wong sugih lan urip sarwa turah banjur lali purwa duksina, ngaji mumpung, saya maneh nek wis dadi Lurah sing rumangsa duwe asil dhewe, bisa-bisa dadi gedhe sirahe, bojone disiya-siya banjur golek senengan karo wong wadon liyane. Olehe duwe pikiran mangkono kuwi, merga Arja Gendhon ya tau ngalami. Anake lanang sing jeneng Sigit sawise dipercaya dening Maratuwane sing sugihe ora karuwan, malah tau sesidheman nyambung katresnan karo Pemandu Lagu ing Club Karaoke. Tujune durung nganti entek-entekan wis konangan, upama wektu kuwi bojone ora lagi meteng gek ya isih tresna marang dheweke ngono, Sigit mesthi wis dikon minggat dening Maratuwane. Wekasane Arja Gendhon diceluk besane, dikon nekseni janjine Sigit yen wis kapok ora arep mbaleni tumindake sing dhemen slingkuh. 

        “Lha jaremu mau aku arep mbok kongkon sowan Kiyai suk kapan kuwi?” Arja Gendhon nemu akal kanggo ngudhari apa sing dikuwatirake “nek bisa aja suwe-suwe, sesuk apa piye aku tak budhal nemoni wong tuwa sing waskitha, kajaba nanjihake Pulung Lurah nggonmu kuwi, aku ya arep nyuwun pirsa cocog utawa orane nek anakku Nita dijodhokne karo Murtala”.

        “Ngono ya Kang?” Pak Sugiri genti takon.

        “Iya Ri, merga aku ora kepengin anakku Nita kae nganti sengsara uripe merga kleru olehe golek jodho. Banjur nek kabeh wis apik, mesthine kowe gek ndang ngajak rembugan Murtala karo wong tuwane ben ora kedhisikan Pak Guru Harmaka” wangsulane Arja Gendhon.

        “Sesuk utawa mengko ya kenek Kang” kandhane Pak Sugiri karo ngetokne dhompete, njupuk dhuwit atusan ewon sepuluh lembar banjur dilungne Kakange “sewu kurang pa gak ? Nek panggonane adoh ya nggawa mobilku wae, ben disetiri Andi”.

        “Kakehan kuwi Ri” Arja Gendhon semaur dhuwit sing dilungne adhine ora tumuli ditampani “wong mung nyang Watugudel kono kuwi wae kok, nggone mBah Didong sing kulina tak jaluki tulung. Aku tak nggawa motor dhewe, mrana kuwi butuhe nggawa Rokok Surya rong adhah rokok Junem rong adhah, gula rong kilo, The, karo tindhihe rong atus. Mangatus wae, mengko kuwi wis sak bensin karo rokokku”.

        “Ya wis iki sampean tampani, nek enek turahe ya keneng sampean enggo cekelan ta neh”.

        “Ya beneran nek ngono” wangsulane Arja Gendhon karo nampani dhuwite “mengko awan bar-bar luhur wae aku tak budhal, sesuk esuk kowe mrenea ngrungokne kabar sing tak gawa”.

        Pak Sugiri banjur ngadeg, nggoleki simboke pamitan arep bali. Sepedhane digelak alon-alonan, merga pikirane wis rada padhang.

        mBaleni critane Murtala sing nggonceng Nita. Wis wiwit mau olehe tekan omah. Sawise Nita matur marang Ibune nek Bapake jebul neng daleme simbahe lagi sare, Murtala ya banjur pamit mulih, karo ninggal weling :

        “Benjing mawon menapa kapan-kapan, menawi Bapak ngersakaken ngendikan kalihan kula, Dhik Nita kemawon dipun dhawuhi ngebel kula Bu”.

        “Ya sepurane wae ya Nak Mur, ya kapan-kapan nek butuh Bapakmu ben nelpon dhewe” wangsulane Bu Sugiri, banjur dhawuh marang Nita “mengko Bapakmu caosana nomere Masmu Nit, dadi nek butuh ya ben ngebel dhewe”.

        “Iya Bu, saiki wae tak kirimne nyang nomere Bapak karo nomere Ibu” wangsulane Nita “nek sing butuh karo Mas Mur Bapak, Bapak ben telpon nek sing butuh Ibu, Ibu ben ngebel”.

        “Lha nek sing butuh kowe?” Bu Sugiri takon karo ngguyu.

        “Aku tak sowan ngalor ta neh? Nek aku ngebel apa ora sida kuwalat apa piye?” wangsulane Nita karo ngguyu.

        Murtala nyandhak sepedha pancale, dituntun nganti tekan ratan lagi ditumpaki. Murtala sing ora ngira nek arep ana mobil liwat sing banter saka mburine kaget, meh wae sepedhane kesrempet Mobil Kijang Inova sing mlayu banter kaya diuber dhemit. Tujune Murtala ora tiba. Batine Murtala ngucap syukur marang Pangeran dene ora kesrempet, banjur maca istighfar merga ngrumangsani nek mau ora inget-inget ngareplan mburi luwih dhisik sadurunge nuengklak sepedhane. Banjur sepisan maneh noleh ngiwa lan nengen ngarep lan mburi,  lagi nerusne lakune arep mulih menyang omahe dhewe.

        Tekan omah, wis dipapagne nganggo pitakon saka ibune, Pak Sugiri ngajak rembugan apa.

        “Dereng siyos kepanggih Pak Sugiri kok Bu” wangsulane Murtala sing banjur crita nek Pak Sugiri ora ana omah, malah keturon neng daleme wong tuwane. Ora kliwatan Murtala uga crita yen dheweke karo Nita diutus Bu Sugiri nggoleki Pak Sugiri menyang daleme wong tuwane. Nganti tekan olehe jagongan karo Arja Gendhon ya dicritakne pisan.

        “Dadi Pakdhene Nita ngira nek kowe kuwi pacaran karo ponakane?” Bu Marsini nakoni anake.

        “Inggih ngaten menika” wangsulane Murtala “nanging sampun kula cethakne nek antawisipun kula kalihan Nita menika namung kanca limrah, malah ugi kula aturne pisan menawi kula kesah medal saking griya sareng kalihan Nita niku nggih nembe sepisan niki wau, upami boten amargi diutus Bu Sugiri nggih mokal kula kesah sareng kalihan Nita”.

        “Ya wis nek wis mbok cethakne ngono kuwi” kandhane Ibune maneh banjur disambung pitakonan “nanging upama Nita kae seneng karo kowe tenan, apa kira-kira kowe emoh ta Le? Nita kae ayu, manis, pinter tur sopan lho”.

        “Oalaaah Bu, Ibu” wangsulane Murtala karo ngguyu “ndangu kok kados ngoten? Dhawuhipun Ibu rumiyin ngrabi prawan ayu niku abot sanggane? Dados mantune tiyang sugih nggih sansaya ageng rekaose? Nuruti ati seneng niku kathah wragate? Nek ngemohi Nita niku nggih boten, nanging nek ajeng purun niku boten kiyat nyekapi sarat-rukune Bu he he he”.

        “Sokur ta Mur, nek kowe isih eling dhawuhe Ibu,  sing tak kandhakne biyen kuwi pancen kanyatan” kandhane Bu Marsini maneh “nanging iki mau aku ya meh wae arep katut ndawakne angen-angen, nanging ya banjur ora sida merga aku kelingan kandhane ibu mau”.

        “Lha kok manjangaken angen-angen ta Bu? Wonten menapa?” Murtala takon, gumun karo sing dikandhakne ibune.

        “Let sedhela kowe budhal menyang nggone Pak Sugiri mau, rak banjur ana tamu, nggoleki awakmu?"

        “Sinten Bu? Madosi kula gadhah kajeng menapa? Menapa pegawe Koperasi?” batine Murtala ngira nek dhayoh sing nggoleki dheweke kuwi petugas Koperasi sing golek nasabah, nawani pawitan bakul-bakul cilik kaya dheweke kuwi, Ibune mesthi wis dikandhani akeh-akeh nek dheweke gelem utang nyang koperasine anggone bakulan bakal dadi gedhe. Tumrap wong sing durung ngalami rekasane nicil utang koperasi ngono kuwi, pancen ketoke gampang wae nek kepengin nggedhekne bakulane. Nanging nek wis weruh, ya arep nambah modal liwat utang neng koperasi ngono kuwi mesthi mikire kliwat ping satus.

        “Dudu, Pegawe Bank sing kantore cedhak Pasar Wedhus kae lho” wangsulane Bu Marsini.

        “Oalaah kula kinten Pegawe Koperasi sing nek tiyang-tiyang mastani Bank Plecit nika” kandhane Murtala maneh “lha tiyang Bank Jatim kok madosi kula napa nggih ajeng nawakne utang-utangan?”.

        “Ora, malah blas gak nyenggol perkara dhuwit kok, olehe mrene ya mung arep dolan wae”.

        “Dolan?” Murtala rada mlengak “lha dolan kok wancine kerja niku lho? Mengke tiyang sanes Bu? Dede Pegawe Bank?”.

        “Lha kowe ki piye ta? Genah iki mau tanggal abang ngono lho? Dadi kantor-kantor ya prei” Bu Marsini wangsulan karo mesem amba “gek aku ya wis apal karo wonge dadi ya ora kleru”.

        “Lha nggih sinten niku?” sajak ora sabar Murtala nyuwun pirsa ibune.

        “Ratih Kusumastuti”.

        “Ratih? Ratih putranipun Pak Harmaka nika? sing rambute semiran soklat?”

        “Iya, mulane Ibu kandha nek wis apal karo wonge, Pegawe Bank tenan dudu Pegawe Bank Plecit”.

 

Ana candhake

GANDRUNG PULUNG ING LINCAK WARUNG (17)


 

17.

        Pak Sugiri meneng sedhela banjur nyruput kopine maneh, nyaut tempe goreng sing ana piring. Jebul tempene isih panas, durung suwe olehe ngentas saka wajan.

        “Walaah jik panas ta tibake?” Pak Sugiri grenengan dhewe.

        Arja Gendhon sing selak kepengin ngrungokne bacuting crita rada anyel. Nanging ya meneng wae, ora wani ngelokne adhine, kuwatir adhine salah tampa dikira olehe nyuguhi tempe goreng kuwi ora pati lila. Malah Arja Gendhon ya banjur melu njupuk tempe sing jarene Pak Sugiri isih panas mau.

        “Walaah gara-gara tempe isih panas, nganti lali aku, tekan ngendi mau Kang ?” kandhane Pak Sugiri nakoni kakange.

        “Tekan Kuburan, kuburan ngendi? Pasareyane sapa?” wangsulane Arja Gendhon karo takon.

        “Kuburan tengah sawah ing anak padhukuhan Ngerjang” wangsulane Pak Sugiri karo nutugne critane “pasareyane Ki Ambyangkara karo Ki Modangkara”.

        “Sapa kuwi?”

        “Ki Ambyangkara kuwi sing nglurahi Desa Kedunggalar dhisik dhewe lha Ki Modangkara kuwi sedulure lanang” wangsulane Pak Sugiri “biyene Prajurit Dipanegaran, gandheng tansah dadi burone Kumpeni banjur rialat neng pinggir kali Sumberlanang wekasan oleh pituduh supaya babad alas lan ngedegne desa sing banjur dadi Desa Kedunggalar kuwi”.

        “Dadi wong loro kuwi kena diarani cikal bakale Desa Kedunggalar ngono?” Arja Gendhon takon maneh.

        “Iya, mula nek ngarepne pilihan Lurah Kedunggalar ngana kae, kuburan kuwi rina wengi ora tau sepi, jago-jago lurah padha teki-teki ana kono, kabare jago lurah sing ora teki-teki neng kono kuwi mung siji, ya kuwi sawargi Pak Lurah Sutapa, merga kae rak wong Kamandiyah?”.

        “Ning nyatane malah dadi ngono lho?” Arja Gendhon ngguyu “aku kelingan banget menange Lurah Tapa jaman semana telak banget, akeh botoh njaba padha kecelik keyok dienggo bancakan wong Dunggalar, merga sing gedhe suwarane malah Pak Yaimin karo Pak Saelan. Jaman kuwi aku ya melu kalah, sepedha phonik loro karo Lampu Petromax loro, dhuwite selawe ewu. Merga aku notohi Saelan dimusuhne Tapa ditambah bitinge Mansur, tibake musuh Tapa thok wae kacek telung atus suwara”.

        “Nanging sampean rak banjur oleh pulihan pas pilihan kene kae?” Pak Sugiri mesem.

        “Iya pengalaman saka Dunggalar tak cakne neng kene” Arja Gendhon wangsulan karo ngguyu “kene biyen sing gedhe suwarane rak suwargi Mas Patoni karo Pak Guru Supri? Aku banjur nyekel Reban, jaman kuwi menangku rada akeh wong sing tak enggo udhu omah ngarep nggone Maratuwa kae he he he”.

        “Jathukna upama Reban gak dadi, sampean bisa dadi thethekan tenan he he he…..”.

        “Iya, nanging tutuge gambar neng buku sing dicekel Pal Guru Har mau banjur piye?” Arja Gendhon ngajak mbalik menyang critane Pak Sugiri maneh.

        “Manuk aneh mau banjur ndhekem neng pasareyane Ki Ambyangkara nganti sauntara, banjur mabur maneh” wangsulane Pak Sugiri nutugne olehe crita.

        “Mabure ngalor apa ngidul ?” Arja gendhon nyelani takon.

        “Ngalor bablas menyang omahku, mencok neng wuwungan banjur mlebu liwat cendhela” wangsulane Pak Sugiri.

        “Wis mlebu neng jero omahmu?” Arja Gendhon takon praupane ketok sumunar, atine seneng omahe adhine dileboni Pulung  Lurah.

        “Uwis, mencok neng kursi omah ngarep, banjur mudhun nyang jogan ngubengi omah, banjur metu maneh liwat cendhela wetan, bablas mabur mengalor……”

        “Walaah metu maneh? Banjur menyang ngendi parane?” Arja Gendhon ketok nek malih rada cuwa, pulunge lurah Kedunggalar ora sida melu adhine.

        “Menyang omahe Pak Guru Har” wangsulane Pak Sugiri .

        “Waaa, Pak Guru Har ya mesthi banjur seneng no? Pulunge wis mlebu menyang omahe” Arja Gendhon mesem amba.

        “Padha pas mlebu menyang omahku mau” wangsulane Pak Sugiri “ora nganti rong menit manuk kuwi ya banjur mabur lunga maneh”.

        “Weleh, dadi gak sida mandheg neng nggone Pak Guru Har ?”.

        “Ora, nanging mabur menyang omahe Bu Kojin” wangsulane Pak Sugiri.

        “Bu Kojin kuwi sapa?” Arja Gendhon takon.

        “Ibune Murtala” wangsulane Pak Sugiri.

        “Ora lunga mabur maneh?”

        “Ya kuwi sing lucu Kang” wangsulane Pak Sugiri

        “Lucu piye?”

        “Manuk kuwi bareng wis mlebu nyang omahe Bu Kojin banjur mandheg, Bu Kojin apa dene Murtala kaya ora weruh nek enek manuk sing rupane aneh mlebu nyang omahe, malah nalika manuk kuwi mencok neng pundhake Murtala, bocahe ya kaya ora krasa, semono uga nalika genti mencok neng pundhake Bu Kojin, Bu Kojin ya meneng wae. Bar kuwi gambar kaya neng hape kuwi ilang, buku sing dicekeli Pak Guru Har banjur dijaluk maneh dening Rama Kiyai. Aku karo Pak Guru Harmaka banjur didhawuhi bali, merga wis ana wong sing arep sowan marang Rama Kyai. Mung pas aku wong loro pamitan, Rama Kyai ngendika : mbudidaya kuwi kuwajibane titah, beja lan mulya kuwi peparinge Gusti Allah” Pak Sugiri mungkasi critane.

        Arja Gendhon manggut-manggut, jroning batin eram marang kawaskithane Kiyai sing dicritakne Pak Sugiri kuwi mau. Arja Gendhon uga banjur nyoba mbadhe mengku werdi apa pituduhe Kyaine Pak Harmaka kang disanepakne wujud gambar kaya neng hape kuwi. Miturut panemune Arja Gendhon, Kyai kuwi aweh warah marang Pak Guru Harmaka karo Pak Sugiri yen wektu iki Pulung Lurah Desa Kedunggalar wis ucul saka Lurah sing saiki isih dadi. Lan sawise oleh pituduh saka arwahe Cikal Bakal Desa Kedunggalar ya kuwi Ki Ambyangkara, Pulung kuwi banjur nggoleki sing pantes lan kuwat dipencoki kanggo dadi Lurah Kedunggalar sabanjure. Nek nitik lakune Pulung, Pak Sugiri lan Pak Harmaka kuwi bisa wae mbudidaya murih pulunge bali menyang omahe lan gelem melu dheweke. Nanging yen ora gelem mbudidaya utawa kleru pambudidayane ya Pulung mau bakal krasan melu Bu Kojin utawa Murtala, mung emane wong loro kuwi ora weruh yen kapencokan, mula yen ana lilane wong loro kuwi gelem ngucap masrahne Pulung marang sawijing wong, ya wong sing kepasrahan Pulung mau sing bakal kuwat dadi Lurah .

        “Lha sambunge karo niyatmu arep ngepek mantu Murtala lan kuwatir yen kedhisikan Pak Guru Harmaka mau apa Ri?” sawise rada sauntara Arja Gendhon banjur nggogoni atine sedulure lanang.

        “Bares wae Kang” wangsulane Pak Sugiri “wiwit mulih saka Burengan kae, atiku rada gela karo Pak Har. Jalarane Pak Har jebul nganggep aku iki wong sing ora pantes dipercaya, ketitik dheweke wis ora blaka nalika tak takoni apa werdine gambar sing katon neng buku tulis sarta maksude tembung sing dingendikakne Rama Kyai mau, Pak Har mung wangsulan : pokoke werdine kuwi apik tumrap aku, wong liya ora perlu ngerti. Banjur bareng tak takoni, apa sing arep ditindakne Pak Har sawise tekan omah mengko? Dheweke ya mung wangsulan cekak : kuwi sing oleh ngerti ya mung wong sing pinercaya wae, malah banjur ngandhani aku supaya ajak-ajak wong-wong supaya gelem nyengkuyung Pak Har mengkone nek Pilihan Lurah dianakne”.

        “Iya aku ya ora ngluputne olehmu gela nek wangsulane Pak Har marang kowe ngono kuwi” Arja Gendhon mbenerne adhine, banjur nutugne pitakone “lha bacute?”

        “Aku sansaya gela, bareng tanpa kandha marang aku, aku krungu nek Pak Har duwe karep arep ngepek Bu Kojin” wangsulane Pak Sugiri “atiku panas, ora merga aku ya ngesir Bu Kojin, nanging aku ngerti nek kuwi mung cara sing ditempuh Pak Har kanggo nguwasani Pulung sing manggon neng omahe Bu Kojin. Mula aku banjur duwe pikiran ora mung Pak Har dhewe sing pantes dadi Lurah neng Kedunggalar, Merga saupama Pak Har kasembadan dadi Lurah tenan, paling aku ya ora dianggep apa-apa. Mula aku mikir arep gawe Lurah sing apik lan gelema nguwongne aku. Karepku Murtala arep tak dandani supaya maju njago lurah, merga aku ngerti nek Pulung Lurah kuwi wis nyawiji neng omahe Murtala, mengko perkara wragat aku sing nanggung. Lha minangka timbangane aku mung arep nitipne anakku Nita bisaa dadi bojone Murtala, dadi olehku ndombani Murtala kuwi idhep-idhep  nyengkuyung mantuku kanggo kamulyane anakku wedok. Piye nek manut panemu sampean?”.

        Arja Gendhon lagi mudheng karo karepe adhine, dinalar-nalar mungguhe Arja Gendhon sing dikarepake sedulure lanang kuwi akeh becike.

 

Ana candhake.

 

Minggu, 12 November 2023

GANDRUNG PULUNG ING LINCAK WARUNG (16)


 

16.

Arja Gendhon nyawang sedululure lanang karo panyawang sing gumun. Dheweke durung bisa nyandhak apa sing dikarepne dening Pak Sugiri. Olehe kepengin njodhokne anake wedok karo Murtala merga kaperbawan dening Kyai sing bisa weruh sadurunge winarah. Gek adhine kuwi mau ya kandha nek ora ana sambung rapete karo Murtala, malah Murtala ya durung ngerti wewadining kahanan sing bisa diinceng dening Kyai sing kesdik paningale kuwi. Sak desa Kedunggalar sing ngerti wewadi iki lagi wong loro, Pak Sugiri karo Pak Guru Harmaka. Lan anggone duwe karep nggrengseng tumuli bisa njodhokne Nita karo Murtala kuwi merga Pak Sugiri kuwatir yen nganti kedhisikan Pak Guru Harmaka. Angel anggone mikir Arja Gendhon karo rembung sing dikandhakne sedulure lanang kuwi.

“Malah ora suwe maneh, aku ya arep njaluk tulung sampean Kang” kandhane Pak Sugiri sabanjure “sampean arep tak kon ngrewangi, golek wong tuwa sing miturut Kang Arja kesdik paningale, mengko kabeh wragat sak sangune sing nanggung aku”.

“Mengko dhisik” Arja Gendhon aweh wangsulan “perkara golek wong tuwa kaya sing mbok kandhakne kuwi kena diarani gampang. Nanging, aku kepengin ngerti jluntrunge kandhamu sing dhisik mau lho, merga bares wae aku dadi bingung krungu tembung sing mbok kandhakne kuwi mau”.

“Sing endi Kang?”

“Kuwi lho sing ngembet-embet jenenge Guru Harmaka barang kuwi mau” wangsulane Arja Gendhon “apa Guru Har ya kepengin ngepek mantu Murtala?, gajege anake wedok Guru Har sing nyambut gawe neng Bank cedhak Pasar Wedhus kae ya wis wayahe omah-omah, Malah tak kira nek wis rabi”.

“Oalah kuwi ta ?” Pak Sugiri wangsulan karo mesem amba “aku durung ngerti apa Pak Har arep ngepek mantu Murtala apa ora, ketoke kok ora. Merga Pak Har duwe cara dhewe, ora arep mikir ngepek mantu Murtala nanging malah arep ngrabi Ibune, ya kuwi sing tak kuwatirake”.

“Aku kok malah sansaya bingung ta Ri, krungu omonganmu iki?!?” Arja Gendhon takon maneh, merga durung ngerti karo karepe adhine “Apa kowe kuwatir nek nganti kedhisikan Guru Harmaka ngepek mBoke Murtala, banjur Murtala emoh mbok pek mantu merga wis dadi anake wong sugih sanajan mung anak kwalon, apa ngono?”

“Ora ngono Kang” wangsulane Pak Sugiri “wis ben cetha tak balenane saka wiwitan wae”.

“Iya, pancen kudune ngono, ben gak mbolan-mbaleni” kandhane Arja Gendhon sing banjur mrentah bojone “tulung Bu, aku gawekna kopi maneh, karo kopine Pak-e Nita kuwi salinana sing anyar, ketoke critane iki mengko arep rada dawa”.

Ora mangsuli apa-apa, Bojone Arja Gendhon menyat arep menyang Pawon nindakne pakone bojone. Maratuwane melu ngadeg nututi, karo guneman dhewe :

“Iya, olehku arep ngonceki brambang mau rak durung sida, tak oncekane saiki wae, mumpung kelingan”.

“Critane kuwi rak ngene ta Kang” bareng Simbok karo mBakyune Ipe wis ngalih, Pak Sugiri miwiti critane “Pak Guru Har kae sawise Pensiun rak banjur kepengin dadi Lurah ta Kang?”.

“Ya lumrah wae ta Ri?” Arja Gendhon nyelani rembuge adhine “wong Pak Guru Harmaka kae Priyayi brajag, srawunge jembar, tepungane sapirang-pirang gek dhasare bandhane ya kandel nek mung kanggo ngragati njago lurah ya turah-turah”.

“Lha merga kuwi” Ora nanggapi panyelane Kakange, Pak Sugiri nutugne critane “aku banjur dijak lunga sowan Kiyaine neng Burengan, Kediri kana”.

“Wis bener kuwi, merga sangune wong arep njago lurah kuwi saora-orane kudu bisa nyepaki empat De” critane Pak Sugiri sidelani maneh dening Arja Gendhon.

“Apa maneh kuwi Kang?” ora nutugne olehe crita, Pak Sugiri malah genti takon.

“De sing dhisik dhewe kuwi Dulur” wangsulane Arja Gendhon “arep njago lurah kudu sregep golek sedulur, merga mokal wong gelem milih wong sing ora kenal. De kepindho Dhuwit, jaman saiki senajan dulur nek ora disangoni ya angel nek dikon milih, merga unen-unen sing dipilih arep oleh bengkok, sing milih kudune ya oleh tukon rokok, kuwi wis manjing neng atine meh kabeh wong. De sing katelu, Dhukun utawa Kiyai sing mandi, sokur sing bisa ngirup suwarane pemilih, nek gak nganggo dhukun sing mandi, masiya olehe nyebar dhuwit nganti karung-karungan nek dhuwite ora diamboni mantra ya tiwas amblas digondhol garangan. Lha De sing keri dhewe iki ya mung dienggo patut-patut, nanging ya penting, ya kuwi Donga. Lha kari Kiyai sing diparani Pak Guru Har kuwi Kiyai sing tenanan apa mung butuhe bisa dzikir pidak karo selawatan thok? Merga jaman saiki iki ya akeh ngakune Kiyai nanging ora njawa ngelmu kebatinan. Malah sok ana sing ngarani kebatinan Jawa kuwi Klenik sing jarene ndosani”.

“Nek Rama Kyai sing disowani Pak Guru Har kuwi Kiyai Hurdhug tenan Kang” kandhane Pak Sugiri mangsuli kandhane kakange “Jawa digawa Arab digarap, yuswane wis satus wolung puluh tahun, akeh sing ngarani panjenengane kuwi Waliyullah, kagungan Kodam pirang-pirang, santrine sumebar tekan ngendi-endi, nek arep sowan kudu sabar antri, merga saben dina tamu sing arep ngalab berkah akeh. Wong pas aku ngeterne Pak Guru Har mrana kae, teka kana jam sanga esuk, bisa ditemoni wis jam telu sore”.

“Nek ngono kuwi Kyai sing tenanan, ora Kiyai-kiyainan” Arja Gendhon nyelani rembug.

“Pancen bener, ora sah ndadak matur, panjenengane wis pirsa sing dadi karepe tamune. Apa ora hebat? Lha wong nek sembahyang jumuah wae, Rama Kyai kuwi menyang Mesjid Mekah kana lho Kang? Lungguh ngarep dhewe jejer karo para Malaikat”.

“Dadi Pak Guru Har kuwi teka ngarepe Kiyaine ya gak matur apa-apa?” Arja Gendhon takon semu gumun.

“Ora” wangsulane Pak Sugiri “bar salaman aku karo Pak Har ya meneng wae, banjur let sedhela Rama Kiyai paring pangandika : siji pesthi loro jodho telu wahyu papat pangkat lima nugraha, kuwi kagungane Gusti. Ala lan becik kuwi bakal diundhuh dhewe-dhewe, Gusti wis cawis papan lan empane. Pak Har karo aku ya meneng wae, ngenteni dhawuh liyane. Banjur Rama Kyai ngulungne Buku Tulis sing gedhe kae marang Pak Har. Jebul ora ana tulisane apa-apa. Banjur Rama Kiyai paring dhawuh maneh : Saben papan kuwi ana sing ngreksa minangka nyawane, sing bisa nyawiji karo sing dadi nyawane panggonan ing kono bakal kuwat dadi pangareping papan mau kanthi kasating netra. Dumadakan buku kothong sing neng tangane Pak Guru Har kuwi katon mencorong, ora suwe banjur malih kaya ha-pe sing metu gambare lan bisa obah kaya layar televisi ngana kae”.

“Neng buku kuwi katon gambare sing kaya layar hape? Banjur gambare wujud apa ?” Arja Gendhon takon, atine gumun krungu kasentikane Rama Kyai sing dicritakne adhine kuwi.

“Sing dhisik dhewe ketok, omah lan pekarangane Lurah Kedunggalar Kang” wangsulane Pak Sugiri nutugne critane “banjur wong-wong sing manggon neng omah kuwi ya katon kabeh, wiwit Lurah Jaka, bojone, anake lan pembantune melu diketokne”.

Pak Sugiri leren sedhela olehe crita, merga mBakyune ipe, bojone Arja Gendhon teka ngladekne kopi karo tempe goreng sing diwadhahi piring.

“Diunjuk Om” kandhane bojone Arja Gendhon marang Pak Sugiri.

“nGGih, matur nuwun Budhe” wangsulane Pak Sugiri .

“Bar kuwi, sing katon gambar apa maneh?” sawise bojone ngalih, Arja Gendhon banjur nakoni adhine.

“Banjur ana rerupan kaya manuk gedhene kira-kira sak pitik, rupane ana abange, ana irenge, ana kuninge lan ana putihe. Pokoke rupane aneh nanging apik. Manuk kuwi maune kekiteran neng jero omahe Lurah, banjur mabur mendhuwur mencok neng wuwungan omah. Ora suwe banjur mabur maneh. Lan gambar omah sapekarangane Lurah wis ilang ganti sesawangan liya” wangsulane pak Sugiri nutugne critane. Olehe crita leren sedhela merga Pak Sugiri nyruput kopo sing disuguhne mBakyune ipe.

“Sesawangan liya, apa kuwi?” Arja Gendhon takon, ing batin dheweke ngira yen gambar manuk sing sak pitik kuwi wujude pulung desa Kedunggalar.

“Kuburan” wangsulane Pak Sugiri.

“Kuburan? Kuburane ngendi?” Arja Gendhon sansaya gumun.

 

Ana candhake

GANDRUNG PULUNG ING LINCAK WARUNG (15)


 

15.

        Pak Sugiri ngguyu, ora ngira nek sedulure lanang duwe pikiran sing elek marang Murtala. Kudune Arja Gendhon bisa adil sajroning nggagas. Ora kok nek anake lanang sing saiki dadi mantune wong sugih diarani duwe watak jujur lan duwe rasa tanggung jawab sing gedhe, nanging nek Murtala malah disujanani wis nggunakne ngelmu pengasihan temah dheweke saanak bojone pisan keyungyun marang Murtala.

        Nanging pambijine Pak Sugiri marang kakangane kuwi ora dilahirne, cukup dibatin wae. Jalaran ora ana gunane lan malah bisa gawe gelane sedulure lanang kuwi. Malah Pak Sugiri ya banjur maklumi marang pangirane Arja Gendhon sing ora bener kuwi, jalaran pancen Arja Gendhon durung tepung banget sapa satemene Murtala.

        “Ngene lho Kang” Kandhane Pak Sugiri marang Kakangane “nek Pak Sasangka olehe kepengin ngepek mantu anakku Sigit dhek emben merga nyawang aku, utawa nyawang olehe Sigit wis labuh lan ngrewangi nyambut gawe aku, nek aku ora. Nita karo Ibune kuwi olehe ngulat-ulati pakulinane Murtala wis suwe. Murtala kae bocahe pinter ing samubarang reh, sanadyan sekolahe mung tekan SMA nanging bahasa Arab lan bahasa Inggrise adoh sadhuwure sarjana-sarjana sing ana kiwa tengene. Merga wiwit SMP nganti saiki Murtala kuwi ngajine marang Ustadz Nurhamid sing sawuse lulus saka Pondhok Gontor banjur nutugne kuliahe menyang Al-Azhar Cairo, Es Dua-ne menyang King Abdul Aziz Madinah lan Es Tigane neng Sorbone Perancis, bar kuwi isih ngangsu kawruh maneh menyang Griffith Australi. Saiki gaweyane nulis artikel pesenane Koran-koran luar negeri lan ngarang buku sing diterbitne penerbit ing luar negeri. Lha nek marahi ngaji Murtala Ustadz Nur kuwi seneng nggunakne basa Arab lan basa Inggris. Lan Murtala ya kerep diampili buku-buku terbitan luar negeri, sing nganggo basa Inggris utawa basa Arab, dikongkon nyinaoni isine murih tambah wawasane. Bocah kae kawruh basa lan budaya Jawane ya pinter, wong kajaba nyantri marang Ustadz Nurhamid ya nyantri menyang Kyai Zamzuri sing dhemen maos lan ngoleksi buku-buku basa Jawa, wiwit karangane Yasadipura, Ranggawarsita, Padmasusastra, Dr Purbacaraka nganti tekan Dr Suripan Sadihutama, Tamsir AS, Tiwiek SA lan Penulis-penulis anyar jaman saiki. Lan kawruhe kuwi ya diturunake marang muride sing jeneng Murtala kae. Mula Murtala kae nek omong neng ngarepe wong akeh nganggo basa Jawa ngono, ora kalah nek karo wong-wong sing babaran Permadani. Sanadyan ta mangkono, Murtala ora seneng mamerne kapinterane. Malah kapinterane digunakne mbiyantu wong liyane tanpa dingerteni dening sing dibantu. Bocah cilik-cilik umuran SD tekan SMP saben bubar maghrib sing gelem, padha diwulang ngaji tanpa dijaluki bea apa-apa, lan sajroning ngaji uga disisipi wulangan-wulangan sing ana sambung rapete karo wulangan ing sekolahan, mula ora aneh nek bocah-bocah sing ngaji marang Murtala kuwi akeh sing biji pelajaran Bahasa Inggrise apik-apik…….”

        “Nanging kanyatane uripe Murtala mung dadi bakul warung angkringan” Arja Gendhon nugel rembuge adhine “lha nek pancen pinter tenan mesthine ya pinter golek sandhang pangan, pinter golek lan nglumpukne rejeki dadi uripe bisa disawang kaya lumrahe wong pinter ngana kae, usume wong-wong padha duwe mobil saora-orane pit motor sing apik, nek Murtala kae bener kaya sing mbok kandhakne mau, mesthine mrene mau ya numpak mobile dhewe, ora kok malah nebeng nganggo motore Nita. Aku ora nggorohne apa sing wis mbok kandhakne bab Murtala kuwi mau, mung aku samar atake sing mbok kojahne dhakik-dhakik nganti tekan Mesir, Prancis, Australi barang kuwi mau, kowe ora weruh dhewe? Nanging mung jarene Nita sing wis kedhisikan duwe rasa seneng marang Murtala?”.

        “Nanging nek ndelok slaga lan carane guneman karo wong tuwa, ketoke Murtala kae mau pancen bocah sing lantip lan becik tekune lho Pakmu?” durung nganti Pak Sugiri wangsulan, bojone Arja Gendhon wis melu nrambul gunem luwih dhisik.

        “Kuwi merga kowe durung ngerti sing sakabehe Ibune” Arja Gendhon mangsuli kandhane bojone “maca katuranggane wong kuwi ora cukup sedina rong dina, luwih-luwih mung saklebatan kaya panyawangmu kuwi, nanging kudu ngerteni saben dinane dadi bisa weruh njaba jerone”.

        “Lha kowe apa wis ngerti lan bisa maca kanthi cetha sak njaba-jerone Nak Murtala mau ta Ja?” Simbahe Nita sing wiwit mau ketungkul ngematne enake Mertega sing diladekne mantune, genti sing takon marang Arja Gendhon.

        “Ora ngono mBok” Arja Gendhon rada kecipuhan ditakoni simboke ngono kuwi mau, banjur karo ngati-ati nyethakne karepe “aku ya durung ngerti, Murtala sing arep dipek mantu Giri iki bocah sing apik apa ora. Nanging welinge Bapak biyen, golek mantu kuwi aja grusa-grusu nanging kudu ditimbang sing satimbang bibit, bobot lan bebete, merga keduwung kuwi manggone ora neng ngarep nanging neng mburi lan barang kuwi nek wis kebacut ora mari nek mung digetuni”.

        “Pancen bener Kang” Pak Sugiri lagi guneman maneh sawise simboke ora mangsuli kandhane Arja Gendhon “aku ora weruh dhewe bab kaluwihane Murtala kaya sing tak kandhakne mau, nanging aku krungu saka wong liya ora mung wong siji utawa loro, nanging wong akeh sing kerep tak rungokne nek lagi padha ngrasani Murtala. Dadi ora saka Nita, Nita mung tau crita nek Murtala kuwi bocah pinter, mung pas aku arep mbaleni sinau donga-donga salat sing sebagian ana sing aku lali, banjur Nita ngeguhne supaya aku takon menyang Murtala, merga bares wae arep takon menyang Kyai utawa Ustadz, aku iki isin”.

        “Dadi kowe kuwi katut ombyake wong akeh sing padha nggunggung lan ngalembana Murtala? Lan bener utawa orane pangalem lan panggunggunge wong-wong mau kowe dhewe ya durung weruh buktine?” Arja Gendhon nakoni adhine maneh.

        “Sing kuwi iya Kang” wangsulane Pak Sugiri karo mesem “nanging ya ana sing tak weruhi dhewe lan uga diweruhi wong akeh, lan nek tak othak-athik ya bener. Asile Murtala kuwi saben dinane ora sethithik, bebathene wong dodolan panganan mateng, luwih-luwih omben kaya kopi, teh, ngono kuwi pancen ya akeh tenan. Aku ngerti dhewe Murtala kuwi kerep menyang Bank ora merga mbayar cicilan, nanging nyelengi. Ora mung kuwi wae, Murtala kuwi bisa ajak-ajak wong-wong sing duwe pengasilan rada turah, dijak mbantu wong-wong liyane, neng Masjid cedhak omahku kae wis ana sing jenenge Be eM Te apa piye ngono?, ya kuwi ngutangi bakul-bakul cilik ngge candhak kulak cilik-cilikan, tanpa anakan, mung nek bathi wae dikon ngisi kotak amal sakalire. Nyatane Be eM Te mesjid kuwi saiki sansaya ngrembaka lho Kang? Kuwi sing ajak-ajak dhisik dhewe ya Murtala,  nek iki aku ngerti dhewe”.

        “Ngene ya Ri” wekasane Arja Gendhon guneman sareh “nek pancen kowe wis manteb arep njodhokne Nita karo Murtala lan kowe ya wis percaya tenan nek pamilihmu kuwi wis bener, tegese olehmu milih lelandhesan nalar sing bening, aku ya melu seneng. Nanging gandheng aku iki jarene ya isih Pakdhene Nita, aku mung duwe rigen, mbok sadurunge Murtala mbok tari utawa mbok takoni, kowe sowan nggone Kiyai utawa wong sing ngerti  babagan kebatinan luwih dhisik, nyuwun pituduh miturut petung sing bener cocog utawa ora nek Nita mbok jodhokne karo Murtala. Merga bisa wae, olehmu kenceng nduwe karep ngepek mantu Murtala kuwi merga ketiban sawab ngelmune wong ahli kebatinan”.

        “Nek sing keri kuwi pancen tak akoni Kang” Pak Sugiri wangsulan karo ngguyu “anggonku kepengin njodhokne Nita karo Murtala kuwi merga kena dayane wong sing ngerti kebatinan, wong tuwa sing gentur tirakate, gedhe prihatine, Kyai sing wis pirsa sadurunge winarah. Nanging iki ora ana gandheng rapete karo Murtala, malah Murtala durung ngerti babar pisan bab iki. Malah kira-kira wong sak desa Kedunggalar kae, sing wis ngerti perkara iki mung wong loro, ya kuwi aku karo Pak Guru Harmaka, sing lagi pensiun telung sasi kepungkur. Mula aku nggrengseng kepengin njodhokne Nita karo Murtala kuwi, merga aku kuwatir nek nganti kalah cepet karo Pak Guru Harmaka”.

 

 

Ana candhake

Jumat, 10 November 2023

GANDRUNG PULUNG ING LINCAK WARUNG (14)


 14.

        Arja Gendhon mlengak krungu gunemane adhine sing kaya mangkono iku. Mau dheweke kober duwe rasa pangeman, merga ngira nek antarane Murtala karo Nita nduwe sesambungan rasa tresna. Banjur atine bali dadi lega sawise krungu tembunge Murtala sing ngandhakne nek antarane Murtala karo Nita kuwi mung kekancan lumrah. Lha kok saiki malah krungu dhewe nek Pak Sugiri karo sisihane wis sarujuk kepengin njodhokne Nita karo Murtala. Kathik ngonowa, ing atine adhine sing sugih mbrewu kuwi isih ana rasa samar yen nganti Murtala ora gelem nek dipek mantu. Arja Gendhon dadi gumun, ora ngerti karepe sedulure lanang sing adoh karo tetimbangane nalar sing waras kuwi.

        Dumadakan thukul panyakrabawa ala ing atine Arja Gendhon marang Murtala. Atake olehe Pak Sugiri duwe karep kepengin njodhokne anake wedok sing mung siji ndhil kuwi, merga Pak Sugiri lan kulawargane wis ketiban kemayan mantra pangasihan sing disawatake dening Murtala utawa sambatane ?. Pancen sanadyan wis jaman internet ngene, jenenge ngelmu alus bangsane Aji Pengasihan ngono kuwi isih akeh sing nggunakne lan isih ana bukti kemandene. Arja Gendhon dhewe tau ngalami, gara-gara ora sengaja tembunge gawe serike liyan, dheweke ketiban kemayan. Sanadyan wis duwe putu, dheweke tau kesandhung rasa gandrung, kedanan marang sawijining wong wadon tilas palanyahan sing umure ya wis ora nom maneh. Saking nemene anggone gandrung, nganti kaya wong ora duwe nalar ngana kae. Wis ora duwe isin, rasa wirange ya wis ilang, rumangsane ora ana wong wadon ayu sing nduweni ati sing resik kajaba Lamijah, tilas tandhak sing nyambi nyewakne ragane. Bojone dhewe sing gemati lan nduweni katresnan sing suci lan wis nglahirne anake nganti ping lima, neng mripate ora duwe rasa tresna marang dheweke babar pisan, satiba malange sarwa gawe seriking atine, sing katon mung cacad lan kekurangane. Jaman semana Arja Gendhon wis ora kena dikandhani, anggone kayungyun marang Lamijah ora bisa mundur merga pitutur, malah tau thukul rasa kepengin megat bojo janur ajure. Kamangka, Arja Gendhon kala-kala ya weruh nek satemene tresnane Lamijah ya mung lelamisan lan kerep ngremehne dheweke sing regane ora luwih saka barang sing didhelikne ing waliking tapih. Rahayune Arja Gendhon tumuli kepethuk wong pinter sing tanpa dingerteni wis aweh tamba marang jiwane, dayaning mantra Pengasihan sing ditibakne dening Lamijah disirnakne nganggo ngelmu panawane. Wekasan Arja Gendhon bali eling lan bali rukun maneh karo sisihane.

        Nek panyakrabawane marang Murtala iki bener, Arja Gendhon rumangsa ketiban kuwajiban kanggo nylametne sedulure lanang saanak bojone pisan.

        “Mengko dhisik Ri” kandhane Arja Gendhon sawise nggagas tembung sing diucapne adhine “anakmu kuwi mung siji, sinung rupa becik, sinung kapinteran kudune nek kowe arep nggolekne jodho kuwi rak ya nganggo wewaton bibit, bebet lan bobote ta Ri? Saora-orane nek kowe golek mantu ki ya oleha anake Pegawe Negeri apa priyayi, nek anake wong tani ya wong tani sing sawahe amba, nek anake wong bakul ya wong bakul sing ndrebala lan bocahe dhewe ya kudu wis cekel gawe sing cetha, sing wis duwe sumber pengasilan maton. Lha nek Nita arep mbok olehne Murtala, kuwi apa ya wis timbang? Murtala kae omahe sisih ngendi ta? Gajege warung angkringane kae wae nunut neng emper tokone wong ta? Banjur Murtala kae anake sapa?”.

        “Murtala kuwi bocah sing ditinggal mati bapake jaman Murtala isih cilik, Kang” wangsulane Sugiri sareh “biyen Bapake Murtala kae Tukang Kebon neng SD Inpres, dadi saiki Murtala urip karo Ibune sing saben sasi nampa pensiunan randha warisan saka bojone”.

        “Oalaah, mung anake Tukang Kebon sing wis mati?” Arja Gendhon takon, swarane keprungu nek ngremehne Murtala.

        “Bener Kang, lha ngapa ta ?” Sugiri genti takon, suwarane nuduhne ora senenging atine ditakono sedulure lanang ngono kuwi mau.

        “Ya ora ngapa-ngapa” wangsulane Arja Gendhon karo ngudhunke suwarane “mung arep takon, lha nek  olehmu kepengin ngepek mantu nganti mbok rewangi ora bisa turu isih mbok jalukne pandonga marang Simbok, jan-jane sing mbok purih saka bakul angkringan kuwi apane?”.

        “O alah kuwi ta Kang?” Sugiri wangsulan karo mesem “saiki aku tak genti takon”.

        “Iya, takon apa?”

        “Kepriye rasane atine Kang Arja, saupama pitakone sampean kuwi mau sing ngucapne Maratuwaku jaman aku nembung Ibune Nita biyen?  Utawa sing takon kuwi Besanmu, maratuwane Sigit sing Tokone samana gedhene lan prahotone wae ya pirang-pirang kae?”

        “Beda Ri” Arja Gendhon semaur karo suwara sing sareh “Suwargi Pak Soma Ngadiran wong tuwane Sriutami ya Ibune Nita, kae Ngelmu Kasepuhane kandel, paningaling batine kuwat, paribasan bisa weruh sadurunge winarah, ora kaya aku lan kowe sing bisa weruh sajeroning karah  he he he…….”.

        “Iya, kabeh ya padha ngerti sajeroning karah kuwi genah nek Pesi, senajan ya ora ketok” Sugiri nyelani rembuge Kakange karo ngguyu anyel “banjur bacute piye?”

        “Sawargi Pak Soma biyen tau kawetu marang aku” Arja Gendhon nutugne kandhane  “nek olehe nyarujuki lan nampa lamaranmu biyen merga miturut paningaling batine, kowe kuwi senajan anake wong ora duwe, nembung anake wong mung bandha kendel sangu wani, nanging kowe kuwi sinung pulung pangayoman, tegese kowe kuwi duwe watak wani tanggung jawab kanggo ngayomi anak bojo, pirasat Iman Supingimu nuduhne nek kowe kuwi duwe watak sregep, ora gampang mutung, sing adhakane gampang dadi wong sugih. Kowe ya duwe watak setya lan tresna asih marang kulawarga, ora kaya aku he he he”.

        “Kuwi rak ya mung saka othak-athike sawargi Bapak Maratuwa wae” Sugiri mangsuli kandhane Kakange “nyatane aku ya sik seneng Gambyongan, doyan main lan ngabotohan barang ngono kok”.

        “Bener, pancen kabeh mau mung saka tembung othak-athik sing dadine mathuk” kandhane Arja Gendhon maneh, “merga othak-athike sawargi Pak Soma dibarengi nganggo nggunakne paningal batin. Nek olehmu isih seneng Nayub, nyawer Tandhak, kala-kala ya ngombe banyu landa lan Totohan nek eneng pilihan, kuwi isih kalebu lumrah, minangka selingane wong urip. Olehmu nglakoni ngono kuwi mau isih ing sajroning petung kalumrahan wae. Tegese kabeh sing mbok lakoni kuwi mau ora nganti nglalekne tanggung jawabmu. Lha beda maneh karo lakone anakmu Sigit”.

        “Iya nek lakone Sigit piye?” Pak Sugiri takon.

        “Nek Pak Sasangka gelem dadi maratuwane Sigit dhek emben kae” Arja Gendhon kojah maneh “ora merga nyawang Sigit luwih-luwih aku, nanging nyawang awakmu sing gelem ora gelem dadi Pakne cilik Sigit”.

        “Pancen ya bener nek aku iki Pak cilike Sigit” Pak Sugiri nyelani rembug “nanging kok malah sing disawang aku, dudu sampean sing cetha nek Bapak-e Sigit?”

        “Merga Sasangka ngerti sapa aku? Lan sapa kowe?” wangsulane Arja Gendhon “lan Sasangka ngerti nek Sigit kuwi luwih nggugu awakmu tinimbang aku. Jalaran sing marahi Sigit njawa marang gaweyan, ngerti marang tanggung jawab, kuwi kowe. Dudu aku. Merga nyatane Sigit kuwi mbok openi, mbok wenehi gaweyan lan mbok percaya ngurusi kabeh urusanmu, ya sing urusan Truck, urusan Pasir urusan gabah lan liya-liyane. Lan nyatane pancen Sigit kena mbok percaya. Lha kuwi sing marahi Pak Sasangka percaya banjur kepencut marang watak jujur lan tanggung jawabe Sigit, malah kena diarani rada kebacut ngira nek Sigit kuwi melu andhil nggedhekne usahamu. Mula bareng klakon dadi mantune, Pak Sancaya banjur nembung awakmu Sigit dijaluk supaya ngrewangi dheweke ta?”.

        “Iya aku bisa nampa Kang” Pak Suraji banjur genti guneman “saiki aku tak genti sing kandha, ya gene aku kepengin njodhokne anakmu Nita karo Murtala”.

        “Iya coba kandhakna” Arja Gendhon aweh wangsulan “aku mau ya krungu saka Simbok, jarene kowe kandha muga-muga Murtala luwih nggugu marang awakmu tinimbang marang Pak Guru Harmaka, kuwi cethane piye? Merga aku kuwatir wong kaya Murtala ngana kae ketoke anteng nanging sok seneng nggunakne ngelmune wong kuna, sing bisa gawe kominge wong waras, kaya sing tak alami pas aku gendheng wedokan dhek emben kae”.

 

 

Ana candhake

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...