Total Tayangan Halaman

Kamis, 07 Desember 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (003)


 

003.

        Bener apa sing dikandhakne Marga, mbarengi Rangga ngentas kutuk sing dibuntel lempung saka bedhiyang, merga wis mateng, wong sing ditambani lan ditunggoni Marga kuwi wiwit nglilir saka anggone turu. Sawise mbukak mripate wong kuwi ketara yen kaget weruh Marga sing lungguh ana sandhinge. Gage-gage wong kuwi tangi, mapan lungguh karo guneman sing suwarane ketara yen ngemu rasa kuwatir :

        “Tulung Kisanak, aja cedhak-cedhak aku, aja nganti ndika katularan lelaraku sing ora lumrah iki”.

        “Aja kuwatir Kisanak” wangsulane Marga ayem, atine seneng merga sing ditulungi wis bisa guneman “aku ora bakal ketularan lelara sing mau ndika sandhang. Luwih-luwih saiki lelara ndika wis ilang, ndika wis waras, mung kari nunggu pulihe tenaga wae”.

        “Apa?” wong kuwi sansaya katon gumun krungu wangsulane Marga mangkono kuwi “aku wis waras? Sapa sing kandha? Ndika kuwi sapa?” .

        Marga mesem oleh pitakonan mangkono mau, banjur wangsulan :

        “Bener, ndika wis ora lara. Apa ndika ora krasa? Sing kandha nek ndika saiki wis waras kuwi aku, jenengku Marga lan sing ana sandhingku iki sedulurku tuwa, Kakang Rangga. Coba saiki ndika tiliki dhadha ndika sing mau rasane panas semu gatel kuwi, kareben ndika weruh nek ndika wis mari saka anggon ndika lara”.

        Wong kuwi ndhingkluk, ngulati prenah pulung atine, banget anggone gumun. Plenthing cilik-cilik sing mau ngebaki prenah pulung atine wis resik, mung kari tilas bubukan rupa kuning semu ijo sing ana dhadhane. Wong kuwi ngusap bubukan kuwi banjur diambu, ngganda jamu kaya empon-empon. Wong kuwi banjur ngerti nek wong sing ana sandhinge ngaku jeneng Marga lan Rangga kuwi sing nambani dheweke. Mripate manther nyawang Marga.

        “Saiki coba ndika ngadeg lan unjal ambegan sing landhung, isih krasa lara kaya mau apa wis suda?” Marga guneman maneh aweh prentah marang wong kuwi supaya ngadeg lan unjal napas landhung.

        Ora semaur wong kuwi banjur nindakne apa sing dikandhakne Marga. Wola-wali anggone nyedhot hawa nganggo irunge banjur alon-alon diwetokne manjaba. Dhadhane krasa longgar, longgar banget, ora ana rasa ora kepenak sing ditemoni. Ora sranta, wong kuwi banjur ndheprok neng lemah, banjur nyembah marang Marga disusul sujud karo guneman :

        “Dhuh Pukulun Jawata ingkang ngejawantah, utawi Malaikat ingkang tuhu suci, abdi paduka kula pun Sukmana ngaturaken gening panuwun awit pitulungan Paduka, temah kula boten siyos pejah lan saged mantun kados menika, lepas saking pasiksaning upasipun Kyai Nagalanang ingkang tumanduk ing raga kula. Sembah kula mugi kunjuka ing ngarsa Paduka Pukulun kekalih”.

        Marga lan Rangga banjur ngerti nek wong sing lagi wae ditambani Marga kuwi jenenge Sukmana. Nom-noman loro kuwi uga banjur kapencut kepengin ngerti luwih akeh sapa satemene Sukmana iki, awit mau keprungu nyebutake yen larane merga kena wisane Kyai Nagalanang. Apa sing dikarepake dening Sukmana iki Kyai Nagalanang sing dadi sesembahan ing Alas Patalan utawa Nagalanang liyane?.

        “nDika aja salah tampa Ki Sukmana” kandhane Marga sabanjure “ndika ora kena sujud kaya mangkono kuwi, awit kajaba sujud marang titah mangkono kuwi kleru, aku karo Kakang Rangga iki dudu Dewa ya dudu Malaikat. Nanging titah wantah, manungsa lumrah sing ora beda karo ndika lan manungsa-manungsa liyane. Saiki becik ndika tumuli tangi, lan ayo lungguh awor aku lan Kakang Rangga kene, mbok menawa awake dhewe bisa omong-omongan lan jejagongan sing ana gunane”.

        Sukmana banjur tangi lan mapan lungguh ngadhep Marga lan Rangga sing uga lungguh ing pasuketan.

        “Manawi ndika kekalih menika sanes Dewa lan sanes Malaikat, lajeng ndika kekalih menika saking kasatriyan pundi Raden Marga lan Raden Rangga?” pitakone Sukmana sawise lungguh kepenak.

        “Kaya sing dikandhakne adhiku mau Ki Sukmana” sing mangsuli genti Rangga “aku bocah loro iki anake wong sing omahe cedhak Kuthagedhe Mataram kana, merga kadohan anggonku dolan,  banjur kebablasen wegah mulih, lali omah, klambrangan nganti tekan ngendi-endi wekasane dina iki mau tekan papan kene iki lan kepethuk ndika sing mlayu - mlayu banjur tiba neng lemah, ora eling, banjur dening adhiku ndika ditambani lan andelalah saka kersane Allah ndika bisa mari iki mau. Dadi kena diarani yen aku bocah loro iki, bocah kleyang kabur kanginan, tanpa dhangka ya tanpa kayang, kandhangku langit kemulku mega. Dadi nek ngundang aku lan adhiku, Ki Sukmana bisa nganggo sebutan Adhi utawa njangkar ya kena”.

        “Inggih, inggih Adhi Rangga lan Adhi Marga” kandhane Sukmana nimbangi wangsulane Rangga “kula saestu ngaturaken panuwun ingkang tanpa pepindhan dhateng ndika kekalih, dene sampun ngluwari panandhang kula. Saestu adhi, kula sampun meh sewulan menika nandhang sakit ingkang aniksa jiwa lan raga kula, awit kapanduk wisanipun Kyai Nagalanang, ingkang miturut kabar ingkang kula tampi boten wonten tambanipun. Ananging pranyata Adhi kekalih kuwawa sembada paring usada temah kula boten siyos pejah kados ungeling kabar ingkang kula tampi bilih kula badhe pejah salebeting wekdal kalih purnama sasampunipun kula nandhang sakit ingkang boten kantenan menggah raosipun. Estunipun minangka raos panuwun kula dhateng Adhi Rangga lan Adhi Marga, kula kepengin sanget angaturi Adhi kekalih pinarak ing rompok kula, panggih kalihan kulawarga kula, nanging gandheng kalihan kawontenan ing dhusun kula ingkang nembe kisruh kula kuwatos menawi Adhi kekalih ngantos dados kurban awit tumindakipun titiyang ingkang kepengin nguwaosi dhusun kula menika”.

        “Kakang Sukmana” Marga genti sing guneman aweh wangsulan “ndika ora kudu nedha nrima sing banget-banget marang aku lan sedulurku tuwa iki, jalaran aweh pitulungan marang wong sing mbutuhake pitulungan kuwi wis dadi kuwajibanku wong loro iki. Lan maneh, temene dudu aku lan Kakang Rangga sing wis bisa marasake Kakang Sukmana saka pasiksan Wisane Kyai Nagalanang iki mau, nanging kabeh mau mung awit saka Maha Murahing Gusti Kang Maha Kawasa, kang wus njumbuhake lakuning pesthi sing kudu tak lakoni lan dilakoni dening Kakang Sukmana. Dadi nek miturut petung ndika, dina iki kurang prayoga yen aku lan Kakang Rangga sanja ing wisma ndika, ya mbesuk wae yen ana wektu sing prayoga aku lan Kakang Rangga mbok menawa bisa mampir. Mung wae, mbok menawa Kakang Sukmana ora kabotan lan dhangan ing penggalih aku lan kakang Rangga kepengin takon marang ndika Kakang Sukmana”.

        “Inggih Adhi” gage wae Sukmana mangsuli kandhane Marga “Adhi kekalih ngersakaken mundhut pirsa menapa? Ngibaratipun cangkriman, menawi kula sumerep batanganipun, tartamtu kanthi remening manah badhe kula aturaken sagamblang-gamblangipun ing ngarsa jengandika kekalih”.

        “Matur nuwun sadurunge Kakang Sukmana” wangsulane Marga “aku mung arep nyuwun pirsa, mau ndika dhawuh yen Desa panggonan ndika lagi kisruh merga ana perkara rebut panguwasa, pitakonku apa kang ndadekne sabab ndika ketaman wisane Kyai Nagalanang iki mau ana sambung rapete karo kisruhing desa ndika mau? Lan Kyai Nagalanang kuwi sapa?”.

        “Mila estu Adhi” kandhane Sukmana aweh wangsulan “sedaya ingkang jengandika pundhutaken pirsa menika mila wonten sambung rapetipun. Murih cethanipun badhe kula aturaken sedaya, sanaosa radi panjang lan mbetahaken wekdal sawatawis, mugi-mugi Adhi kekalih sabar midhangetaken cariyos ingkang badhe kula aturaken”.

        “Mesthi wae aku lan Kakang Rangga bakal kanthi seneng ngrungokne apa sing arep ndika critakake Kakang Sukmana” wangsulane Marga karo mesem “nanging gandheng kutuk sing dibakar Kakang Rangga wis mateng lan wis ora panas maneh, kanggo ampet-ampet, saiki becik awake dhewe nyampurnakne Kutuk bakar kuwi luwih dhisik, kanggo ngganjel weteng. Yen wis, gandheng wektune sedhela maneh wis surup srengenge, aku karo Kakang Rangga kudu nindakne laku panembah utawa sembahyang Maghrib dhisik. Mengko sawise sembahyang, lagi aku karo Kakang Rangga bisa kepenak nyemak lan ngrungokne crita ndika”.

        Iwak Kutuk cacah telu gedhe-gedhe sing dibakar kanthi dibuntel nganggo lempung, mung dibumboni uyah, banjur padha dipurak. Wong telu padha mangan bebarengan. Kegawa saka weteng sing lagi luwe, olehe padha mangan krasa enak banget. Nalika kuwi mbarengi kahanan dadi sansaya peteng, merga srengenge wis ambles ing cakrawala imbang kulon.

 

 

ana candhake

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (002)


 

002.

        Marga mesem ngemu teges, sedulur angkate Raden Rangga kuwi apal banget karo wewatakane Senapati Agung Mataram sing rada getapan lan luwih percaya marang kasudirane dhewe lan ora gampang nggugu kandhane wong liya. Lan sasuwene iki, tumrap Pangeran Singasari, Rangga iku isih dianggep kaya dene bocah cilik sing durung ngerti apa-apa, kajaba mung dolan lan dolanan. Mula saben-saben antarane Raden Rangga lan Pamane kuwi kerep geseh ing panemu. Sanadyan wis wola-wali Rangga tumandang aweh pambiyantu marang Pangeran Singasari nalika ngadhepi mungsuh sing mbilaeni, suprandene ora tau Pangeran Singasari nganggep yen Raden Rangga kuwi kagadhuhan kaluwihan sing migunani, nanging mung dianggep sawijining kabeneran wae.

        “Lha banjur awake dhewe apa kudu ngedoh saka Alas Patalan papane Paguron Nagalanang kuwi Kakang?” Marga banjur takon “merga yen nganti Gusti Pangeran Singasari pirsa yen awake dhewe ana sacedhake Paguron kuwi, tan wurunga awake dhewe bakal nampa bendu saka Gusti Senapati Agung kuwi, jalaran dianggep mung arep ngrusuhi wong tandang gawe?”.

        “mBah Juru ora paring dhawuh supaya aku ngadohi papane Paguron Nagalanang, mung dhawuh supaya aku luwih ngati-ati wae” wangsulane Rangga “dadi awake dhewe dening mBah Juru uga dikeparengake melu labuh mbebela Mataram ngadhepi klilip sing wujude kumpulane wong sing ngaku-aku isih turas Majapahit sing mung arep gawe kisruh kuwi. Mung wae luwih becik nek awake dhewe ora nunggal sabarisan karo wadya bala saka Mataram sing ditindhihi Paman Pangeran Singasari. Si Adhi mesthine isih kelingan lelakon-lelakon sing wis kepungkur, ya iku wong-wong sing ngaku trah Majapahit sing ajeg mesthi didombani dening para Lelembut bangsane Jim lan Siluman, kabeh mau punjere mung siji yaiku weton saka Alas Patalan. Lan Si Adhi uga ngerti, satemene sing bisa ngundurake mungsuh-mungsuhe Mataram sing ngaku-aku minangka trah Majapahit sasuwene iki satemene dudu Paman Singasari, nanging nom-noman sing jenenge Marga awit oleh pambiyantu saka gurune sing jejuluk Ki Tanparupa. Mula dina iki aku uga arep ngajak Si Adhi murih aja nganti negakne Wadyabala Mataram sajrone ngemban jejibahan saka Kanjeng Rama, mbengkas satru sekti saka Alas Patalan iki”.

        Marga mesem krungu ompakan tembung saka Rangga marang dheweke mau. Marga ya mesthi tansah kelingan wiwit geger ing Tundhan, ing Paguron Tangen lan sapiturute tanpa pambiyantu saka Rangga lan Marga wadya bala Mataram kangelan anggone bisa nglahake mungsuhe. Marga arep kumecap yen dheweke mung manut apa sing dadi karepe Rangga, nanging durung nganti kawetu tembunge, dumadakan saka kadohan nom-noman loro kuwi weruh sesawangan sing nyalawadi. Ana wong  mlayu sajak kesusu, bola-bali tiba jekangkangan neng lemah banjur tangi maneh lan nerusake anggone mlayu, wekasan wong mau teka sacedhake papan sing dienggo lungguh Rangga lan Marga. Wong mau bali tiba maneh lan nganti sauntara suwene ora bisa tangi, mung sikile obah kejet-kejet kaya wong ketaton sing arep pesat nyawane.

        Ora sranta Rangga lan Marga bebarengan ngadeg banjur mrepegi papane wong kejet-kejet sing mengkureb neng lemah kuwi. Kanthi cukat Rangga malik ragane wong mau, dilumahake. Katon mripate wong kuwi mendhelik mendhuwur nganti ora katon manike, sing katon mung mripat sing putih ora ana warna irenge babar pisan. Rangga ngrasakne nek awake wong kuwi panas banget nganti kaya mawa. Jalaran wong mau isih tansah polah, dening Rangga banjur digujer kenceng sikile. Marga sing uga weruh lan melu ngerteni kahanane wong kuwi, tumuli grengengan alon :

        “Wisa Tapakangin…….?”.

        “Apa Dhi?” Rangga kebat anggone takon “sing dikarepne si Adhi wong iki mentas dicokot ula Tapakangin?”.

        “Ora Kakang” wangsulane Marga karo nduduli peranganing ragane wong kuwi nganggo driji panudinge lan wong sing maune kudu polah kuwi banjur meneng ora obah mripate ora mendhelik maneh nanging banjur merem kaya wong lagi turu. Mung ambegane wae isih keprungu kaya wong menggeh-menggeh.

        “Wong iki sajake wis rada sauntara klebon upase Ula Tapakangin sing dicarub karo upas liyane” Marga nutugne olehe aweh wangsulan “rahayune durung kliwat saka patang puluh dina, dadi mbok menawa oleh pitulunganing Gusti, isih bisa ditambani lan dislametake”.

        Bubar muni ngono kuwi Marga banjur njupuk bumbung cilik saka pethukane, isine barang-barang bunder kaya mrica rupane abang kaya bata sing lagi mudhun saka linggan. Marga njupuk telung glintir barang sing kaya mrica kuwi, banjur dilebokne tutuke wong sing lagi ketaman wisa kuwi. Banjur wong kuwi diuculi klambine, ing dhadhane katon kaya gudhig sing mruntuk ing prenah pulung atine. Sepisan maneh Marga njupuk bumbung liyane, isine bubukan rupa ijo semu kuning, banjur sing kaya gudhig diwur-wuri bubukan kuwi. Rangga mung nyawang ora guneman apa-apa, Rangga ngrumangsani yen ing babagan kuwarasan lan lelara, dheweke kalah adoh ing sangisore Marga.

        “Muga-muga Gusti paring pitulungan” Marga grenengan ijen karo mbalekne bumbung-bumbunge menyang jero pethukane.

        “Tak takon Dhi” kandhane Rangga “saupama wong iki mau ora kepethuk awake dhewe, banjur ora kober oleh tamba, apa bakal mati ana kene?”.

        “Durung mesthi mangkono Kakang” wangsulane Marga “nek nitik wewatakane wisa sing mlebu ing ragane wong iki, nalika anggone mlebu lagi sedina nganti pitung dina, wong sing klebon wisa iki ora ngrasakne yen ketaman wisa. Lagi sawise dina kawolu nganti dina kaping pat belas, banjur ngrasakne sarandhuning awake krasa lungkrah, bebalunge krasa ngeres lan ngethok, linu-linu, disusul awake dadi sedhela panas sedhela atis. Lan yen wis ana sesasi banjur kerep bingung, saawak dadi lara kabeh ambegane dadi kerep krasa sesak lan yen wis thukul plenthing-plenthing cilik kaya sing ana dhadha kuwi, kaya-kaya sing ketaman upas iki luwih kepenak yen tumuli mati, merga saking larane lan yen wis kliwat saka patang puluh dina wong mau bakal kelangan nalar, utawa kasarane dadi edan iya awit saking ora kuwat ngempet rasa lara ing sarandhuning awake lan suwe-suwe iya banjur mati”.

        “Biyuh….biyuh, nganti kaya mangkono kejem lan wengising wewatakane wisa sing mlebu ing ragane wong iki?” kandhane Rangga takon maneh “gek kira-kira nganti bisa klebon wisa sing nggegirisi kuwi, wong iki merga dicokot Ula Tapakangin apa merga apa ya Dhi?”.

        “Yen ana wong sing dicokot Ula Tapakangin, ora nganti sapanginang suwene, wonge mesthi wis tumekeng pati, ragane garing remuk sabebalunge pisan, Kakang” wangsulane Marga “kuwi miturut crita sing tak tampa saka Ki Tanparupa jaman awake dhewe isih ana Mataram biyen. Wisa Ula Tapakangin sing mlebu ing ragane wong iki, ora ana saprasatuse wisa sing kulina digunakne Ula Tapakangin nyokot, lan dicarub karo wisa-wisa liyane, ana sing dumadi saka wisane ula nanging iya ana sing dumadi saka wisane gegremetan liyane. Dadi cetha yen ana wong liya sing kanthi sengaja ngarah cilakane wong iki, kanthi nglebokne wisa menyang ragane”.

        “Yen mangkono sing nglebokne wisa sing nggegirisi marang ragane wong iki cetha yen atine ana ulune utawa pancen pranakane Iblis” kandhane Rangga karo nggegetne untune “arepa saupama wong iki duwe luput sing kaya apa wae gedhene, ora pantes yen paukumane kudu dileboni wisa sing kaya mangko wengise. Saupama aku bisa kepethuk menungsa sing tega nindakne kaya mangkono kuwi, aku mentala saupama nempiling sirahe kareben mawut uteke”.

        “Kuwi jenenge Kakang padha wae karo wong sing gawe cilakane wong kuwi mau” wangsulane Marga karo ngguyu “apa Kakang lali karo dhawuhe Ki Tanparupa, sabisa-bisa awake dhewe iki kudu mbudidaya murih wong sing ala tumindake, njejemberi budi pakertine, bisaa bali dadi manungsa sing gelem nganggo wewatakane manungsa, ora milih nganggo wewatakaning kewan utawa wewatakaning Iblis”.

        “He he he he” Rangga gumuyu banjur wangsulan “bener awakmu Dhi, jebul aku isih kerep lali. Banjur becike kepiye Dhi?”.

        “Becike saiki awake dhewe nindakne laku sembahyang dhisik, srengengene wis ngglewang mangulon” wangsulane Marga karo mesem “miturut petunganku sadurunge srengenge surup, wong kuwi mengko wis bisa diajak omong-omongan”.

        Rangga gumuyu, banjur ngadeg ndhisiki mlaku ngudhuni gampeng, arep sesuci ing Kali Sumberlanang. Marga ora tumuli nututi jalaran ora tega ninggal wong ditambani kuwi kijenan tanpa ana sing ngancani.

 

ana candhake

 

Selasa, 05 Desember 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (001)


 

001.

        Rangga aweh sasmita marang Marga supaya mandheg, sawuse dirasa anggone mlaku rikat wis rada adoh karo Padhukuhan Kepuh Agal. Pancen anggone mlaku rikat nom-noman loro kuwi wis sansaya cedhak karo Gunung Lawu, kang miturut weca sing ditampa Rangga lan Marga ing sukuning Gunung kuwi mapane Sendhang Mustikaning Warih. Rangga banjur mapan ngiyom ing ngisore wit sing gedhe sing ana sapinggiring kali cilik sing bening banyune. Ngerti nek Rangga lungguh neng ngisor wit, Marga banjur mudhun menyang gisiking kali, raup lan ngincipi banyune kali sing bening kuwi. Ora suwe banjur mlaku munggah nusul Rangga lan mapan lungguh ing sandhinge.

        “Wis mbok rasakne banyune kali kuwi Dhi?” pitakone Rangga nalika Marga wis mapan lungguh.

        “Uwis Kakang, kali iki beda karo kali Gebyog sing ana sacedhake Kepuh Agal” wangsulane Marga “kali iki luwih dawa tinimbang kali Gebyog, jalaran tuking kali iki sajake saka gunung sing luwih dhuwur. Ketitik saka rasa lan wataking banyune”.

        “Si Adhi wis ngerti kali iki aran kali apa?” Rangga takon maneh.

        “Durung Kakang” wangsulane Marga sing banjur genti takon “lha Kakang apa wis pirsa?”.

        “He he he ….” Rangga gumuyu lirih banjur wangsulan “nek nitik unine layang saka Simbah Juru sing digawa Tumenggung Tesengkusuma, kali iki sing diarani Kali Lanang utawa Kali Sumber Lanang, tuke kali iki mapan ana Gunung Lawu, sumbere sinimpen ing oyote wit Waringin Putih. Biyen aku tau didongengi Kanjeng Ibu, ya ing ngisor wit Waringin Putih kuwi  Raden Yudayanaputra nglakoni tarak brata patang puluh dina lawase, sawise kapracondhang saka madyaning perang Pralaya sing ndadekne tumpese Sri Dharmaputra”.

        “Raden Yudayanaputra kuwi sapa Kakang? Gajege lagi saiki aku krungu sebutan kuwi uga Sri Darmaputra kuwi ratu ing ngendi? Dhek jaman apa?” Marga takon sajak kapencut karo wangsulane Rangga.

        “Kuwi dongeng jaman kuna” wangsulane Rangga “sing ndongeng Kanjeng Ibu marang aku saben-saben aku angel turu. mBuh tenane aku dhewe ya ora ngerti, Raden Yudayanaputra kuwi satriya saka Tlatah Bali, ya kuwi pulo cilik sing manggon ing sawetane Tanah Jawa, sing banjur dipundhut putra mantu dening Sang Prabu Teguh Darmaputra ya Darmawangsa, Narendra gung binathara sing ngratoni Tanah Jawa, kuthane sinebut Medhangkamulan”.

        “Medhangkamulan kratone Prabu Baka sing wekasane kecemplung segara dadi bajul putih, merga dikebut nganggo sorbane Aji Saka kae Kakang?” Marga nyelani crita.

        “Kuwi aku ya ora ngerti, Mendhangkamulan sing mbok kandhakne kuwi apa Mendhangkamulan liyane” wangsulane Rangga “wong jenenge panggonan kuwi sok ana sing padha nanging beda papane. Karo maneh wong kabeh mau mung dedongengan, jenenge dongeng kuwi nek dipaido ya ora mengeng, bisa bener lan bisa luput, nanging ora kena dieyel”.

        “Iya Kakang” wangsulane Marga karo mesem “banjur tutuge piye?”.

        “Ya jaman Kraton Medhangkamulan nganakne pista raja kanggo mahargya dhaupe Raden Yudayanaputra kuwi, Kraton Mendhangkamulan katlusuban mungsuh sing apangawak dom sumuruping banyu, ya iku Raja Telukan saka Negara Wora-wari, sing wekasane dadi srayane negara Swarnabumi. Ya merga saka culikane Ratu Wora-wari sawadya balane kuwi sing ndadekne Kraton Medhangkamulan lebur dadi awu merga diobong nalikane Prabu Darmaputra lan para punggawa praja padha kepati nendra sawuse tutug nggone padha mangun pista.  Tujune nalika samana Raden Yudayanaputra uninga sanajan wis kepara kasep, yen sing ngobong kraton Mendhangkamulan kuwi Ratu Wora-wari lan wadya balane. Merga kalah wadya, wekasan Raden Yudayanaputra kanthi kadherekne dening garwane  Dewi Sri lan Dewi Lasmi, lolos nilar praja. Ing pangangkah arep nata kekuwatan kanggo males wirang mara Raja Wora-wari. Sawuse lolos nilar praja wekasan Raden Yudayanaputra tekan ing sangisore wit Waringinputih sing ngemu cahya kaya cahyane Wulan Purnama. Raden Yudayanaputra tumuli nindakne tapa brata ing kono nganti patang puluh dina suwene lan kaparingan pituduh dening Kang Maha Kawasa temah bisa ngrebut Kraton Medhangkamulan sing wis dadi awu kuwi saka tangane mungsuh lan bisa ngalahne mungsuh-mungsuhe. Wekasan Raden Yudayana yasa Kraton anyar sing diarani Kraton Medhangkauripan, jumeneng nata ing kono, nutugne jejibahane Prabu Teguh Darmawangsa, ajejuluk Sang Maha Prabu Erlangga. Kuwi dedongengan saka Kanjeng Ibu sing tau tak rungu, mbuh nyatane aku ya ora ngerti”.

        “Dadi tuke kali cilik iki klebu panggonan kang ora sabaene ya Kakang?” pitakone Marga sawuse Rangga rampung nyritakne dedongengan sing ditampa saka ibune “aku kok kepengin ngerti kaya apa wujude Waringin Putih sing ana pok-pokane kali iki ta Kakang?”.

        “Padha Dhi” wangsulane Rangga “jalaran, kajaba saka dedongengan mau, ing layang saka Simbah Juru sing digawa Tumenggung Tesengkusuma iki, uga dicritakne yen durung pati suwe iki ing tuke Kali Lanang iki, uga ana sawijining bangsa Jim sing apangawak ula gedhe jenenge Kyai Nagaraga ya Kyai Nagalanang sing nindakne tapa brata lan sawuse tapa brata ana kono, dina iki Kyai Nagaraga utawa Kyai Nagalanang mapan ana salah sijining guwa kang ana ing alas Patalan. Kyai Nagalanang kuwi dadi sesembahane wong-wong sing manggon ing sacakete Guwa papane Kyai Nagalanang. Paguron kuwi jenenge Paguron Nagalanang lan pangarsane nganggo sebutan jeneng sing padha karo sesebutane Jim apangawak ula gedhe kuwi, ya iku Kyai Nagaraga utawa Kyai Nagalanang. Lan Paguron kuwi sing nyawisake pangan kanggo Ula sing manggon neng njerone guwa kuwi, wujude wedhus jemaka urip sing dilebokne liwat lawangane guwa, samangsa-mangsa juru kuncine guwa krungu suwara ngakake Ula saka sajabane guwa”.

        “Ya pancen mekaring budayaning wong kuwi beda-beda Kakang” kandhane Marga nyelani kandhane Rangga “mbok menawa wae Jim sing wujude Ula gedhe kuwi tau nuduhne pangeram-eram sing gawe gumune wong-wong ing Paguron sing manggone ing alas Patalan kuwi, temah banjur padha ngira yen Ula kuwi Dewa sing bisa gawe beja cilakane manungsa, mula banjur padha disembah. Lan yen cadhong pangane Ula kuwi wujude mung wedhus jemaka, tak kira iya ora pati mitunani tumrap wong kono, tinimbang diumbar golek pangan dhewe, rak luwih mbebayani, bisa – bisa sing dimangsa malah bocah sing lagi dolan.”

        “Nek perkara Ula didadekne sesembahan lan dicadhongi pangan wedhus jemaka, kuwi ora dadi kawigaten sing baku tumrap mBah Juru sing disebutake ing layang iki, Dhi” kandhane Rangga maneh.

        “Banjur apa maneh dhawuhe Gusti Patih Mandaraka, sing ana sambung rapete karo Ula gedhe kuwi Kakang?” Marga banjur takon marang Rangga.

        “mBah Juru ndhawuhake, mesthi wae dhawuhe mBah Juru Martani iki iya saka atur palapurane Prajurit Teliksandi Mataram. Paguron Nagalanang kuwi ngimpun kekuwatane wong-wong sing ngaku Trah Majapahit, sing satemene tedhak turune Adipati Girindrawardana. Lan wong-wong kuwi kaya sing uwis-uwis duwe gegayuhan arep njongkeng kawibawan Mataram. Malah wektu iki wis akeh Desa cilik-cilik sing ana sakiwa tengene Patalan lan sakupenge Gunung Lawu sisih lor wetan, padha kapilut melu manunggal marang Paguron Nagalanang lan wis ora gelem seba unjung ngaturake bulu bekti marang Mataram. Pancene ora kabeh Lurah Desa kuwi anggone manunggal karo Paguron Nagalanang kuwi merga kapencut kepengin uwal saka kawibawan Mataram, nanging jalaran saka rumangsa wedi yen nganti dimungsuhi dening Paguron Nagalanang, wekasan iya banjur pilih manut watone slamet” wangsulane Rangga nggenahne isining layang saka Patih Mandaraka marang dheweke.

        “Mangkono ya Kakang?” wangsulane Marga sing banjur takon “mbok menawa ana dhawuh saka Gusti Patih marang Kakang lan aku magepokan karo anane lelakon iki?”.

        “Kanggo aku lan si Adhi durung ana dhawuh apa-apa” wangsulane Rangga “kajaba supaya nambahi pangati-ati jalaran lakune awake dhewe iki wis sansaya cedhak karo mapane Sendhang Mustikaning Warih. mBah Juru uga paring warta yen Paman Pangeran Singasari uga wis nata prajurit lan milihi para senapatine, kanggo diajak nglurug menyang Paguron Nagalanang lan ngendharat pangarsane Paguron sing mirong kampuh jingga kuwi. Mula mBah Juru paring weling, aku ora kaparengake melu-melu ing babagan iki, merga wis dadi watake Paman Singasari yen maju perang lan nindakne jejibahane ora seneng yen ana bocah cilik sing teka melu rusuh-rusuh”

 

 

ana candhake

Rabu, 29 November 2023

GANDRUNG PULUNG ING LINCAK WARUNG (31)

31.

        Sawise kabeh padha sepakat, ora suwe ya banjur padha pamitan bali kabeh. Pak Sugiri bali bareng karo Arja Gendhon lan mBah Di Dong. Boss Jodi bali bareng karo Gejrot lan Gagak. Murtala banjur ngukuti gelas-gelas kothong diloroti arep digawa neng papan korah-korahan. Nanging jebul ibune wis metu karo nggawa bakine, dadi Murtala mung nyeleh-nyelehne gelas kuwi nang baki.

        “Kok mau sajak gayeng olehe padha jagongan sing dirembug apa wae lho Le?” dumadakan Marsini malah mapan lungguh neng kursi karo nakoni anake lanang “gajege sing mrene mau wong-wong sing arang srawung karo awake dhewe kabeh ta? Malah sing tak ngerteni mung telu, Pak Diyana Durenan, Bapake Nita karo kakangane sing jenenge Pak Arja Gendhon kae mau”.

        “Mosok Ibu boten mireng babar pisan?” wangsulane Murtala genti takon “kula nggih sami kalihan Ibu, waune ingkang kula tepangi nggih niku, sareng sampun jagongan nembe tepangan, ingkang kalih kancane Pak Diyana ingkang kula nuwun wau namine Sadiran, celukane Gejrot lan setunggal malih namine Warsiman celukane Gagak, kalih-kalihe tiyang Sragen. Lha nek sing sareng Pak Sugiri goncengan kalihan Pakdhe Arja Gendhon wau, namine mBah Di Dong, tiyang waskitha saking Watugudel, Brang Ler”.

        “Lha kok aku mau krungu Pak Sugiri ketoke ngrasani Pak Guru Har barang ta? Banjur Pak Arja Diyana omong perkara anjang-anjang tanduran kara, lan wekasane padha ngguyu mbandhingne driji jenthik karo jempol barang?” Marsini takon maneh “wong olehe Ibu krungu saka kadohan karo disambi nandangi gaweyan dadi ya ora pati cetha”.

        “Oalah, nggih Bu” wangsulane Murtala karo ngguyu “Pak Sugiri criyos nek wonten kabar Pak Harmaka badhe pala krama kalihan Ibu, nanging Ibu boten kersa lajeng wonten kabar malih menawi badhe mundhut mantu kula, nanging menika namung kabar angin dados inggih sampun dipun gagas. Lha nek sing dicriyosne Pak Diyana wau, sanes anjang-anjang kara, nanging Ki Ambyangkara cikal bakal ingkang kawitan mbakali Desa Kedunggalar mriki”.

        Murtala banjur kanthi ringkes nyritakne apa-apa sing wis dirembug wong-wong mau sawutuhe. Marsini plenggang-plenggong kaworan gumun ngrungokne sing dikandhakne Murtala. Rumangsane sing dicritakne Murtala kuwi lucu banget, malah ora pati klebu nalar, utawa kaya critane dongeng jaman biyen sing isine sarwa ora jumbuh karo kahanan sanyatane.

        “Lha wong-wong sugih tur ya padha pinter-pinter kok padha duwe pikiran sing lucu kaya ngono, lho Mur? Mosok mung merga impen karo njajal nganggo ali-ali wae, banjur percaya nek kowe upama melu mancung Lurah  mesthi kepilihe?” kandhane Marsini sawise Murtala rampung olehe crita, lan dibacutne takon “lha kowe apa ya melu-melu percaya omongane wong-wong mau? Banjur kowe arep melu mancung Lurah neng pilihan tahun ngarep kuwi?”.

        “Lha niku Bu” wangsulane Murtala “kula niki ajeng nggorohne sing dicriyosne tiyang-tiyang nika wau raosing manah boten mentala, tiyang Pak Diyana kalih Pak Sugiri wau jan ketingal sampun mantep saestu kalih wangsit lan pitedah ingkang sami dipun tampi. Nanging nek badhe percaya kok nggih raose kok kaningaya temen?. Milanipun kala wau pas ditari Pak Diyana kula lajeng semados, badhe mikir saged utawi botenipun kula ngayahi jejibahan menawi saged kapilih dados Lurah, badhe dados sae tumrap awak kula piyambak menapa malah dados awon menawi kula tumut mancung ing pilihan benjing. Kalih kula inggih criyos menawi badhe sembahyang istikharah rumiyin. Lajeng dening Pak Diyana ingkang ugi disarujuki dening Pak Sugiri, kula dipun sukani wekdal kalih minggu kangge mikir lan salat istikharah menika”.

        “Ya wis nek pancen mangkono” kandhane Marsini maneh “rumangsaku wong-wong kae mau kok kaya dudu karepe dhewe. Lha wong pilihan lurah kok dianggep kaya bocah dolanan? Wong arep mancung Lurah kuwi kudu duwe sangu serep, lha wong wragate ya ora sethithik. Mula kuwi olehmu arep mikir kudu sing tenanan, apa-apa ki aja mung nyawang gampange wae, nanging gampenge barang ya kudu mbok petung. Ya nek kowe bingung olehmu arep mikir, ya nyuwun pitutur marang Pak Kyai Zamzuri karo Ustadz Nurhamid kana ta. Merga nek kanggoku timbang dhukun apa wong tuwa apa pusaka, luwung nyuwun pitutur wong sing ngalim ngana kae, ora duwe pamrih kajaba ngajak marang kaslametaning urip neng donya tekan akhirat”.

        “Inggih Bu” wangsulane Murtala “nek angsal kula mikir niku jane sampun rampung, kula boten saged nglampahi nyawung utawi mancung Lurah ing pilihan mangke, anggen kula badhe salat istikharah menika namung badhe nyuwun pitedah kados pundi caranipun suka wangsulan dhateng Pak Diyana kalih Pak Sugiri murih kekalihe boten cuwa utawi gela dhateng kula. Kula inggih badhe ngaturaken sedaya menika dhateng Kyai Zamzuri lan Ustadz Nur kok Bu”.

        Toa masjid wis ngumandhangake suwarane wong ngaji, aweh sasmita yen sepuluh menit maneh wektune adzan Dzuhur. Murtala banjur ngadeg, pamit marang Ibune nek arep sesuci banjur budhal menyang Masjid nindakne kuwajibane wong urip marang Pengerane.

        Sauntara kuwi, sawise tekan omahe, Jodi banjur ngandhani Gagak karo Gejrot supaya tansah ngawat-awati Murtala, melu njaga kaslametane, aja nganti ana sing ganggu gawe marang dheweke. Merga ora mokal nek ana wong sing uga kepengin mancung lurah lan ngerti yen Murtala kuwi wis kecondhokan pulung, banjur nekad ora wedi kuwalat nindakne laku sing ora bener kanggo nyingkirake Murtala.

        “Nanging olehmu mlaku aja grusa-grusu” kandhane Jodi marang Gagak lan Gejrot “sing ngati-ati, aja ngawistarani, aja nganti ana wong sing ngerti nek kowe nindakne gaweyan iki”.

        “Inggih Boss” wangsulane Gejrot karo Gagak meh bareng.

        Meh wae Jodi arep kawetu tembunge, nek olehe ngrewangi Murtala kuwi satemene ya duwe pamrih. Ya iku Jodi ngerti nek bar pilihan Lurah mengko bakal ana lowongan Carik, merga petunge Jodi carik Saidi kae wis wayahe leren kegawa saka umur. Lan Jodi ngarah anake lanang sing maune arep digala-gala maju ing pilihan lurah nanging jebul ora dikeparengake dening Sing yasa desa Kedunggalar, arep dibudidaya murih bisa dadi Carik. Nek Saiki dheweke labuh marang Murtala, mbesuk mesthi Murtala ora arep nglalekne marang lelabuhane. Nanging Jodi ora mblakakne isi atine ngono kuwi marang Gejrot lan Gagak.

        Bareng wektune, beda panggonane, seje critane sing ana omahe Pak Sugiri. Tekan omah, Pak Sugiri gage wae kongkonan Nita supaya ngabari Murtala liwat WhatsApp, nek awan kuwi Pak Sugiri lagi ana tamu dadi ora bisa sembahyang jamaah nyang Masjid.  Bar prentah nyang anake wedok, lagi mbalik menyang pendhapa, arep nutugne olehe rembugan karo kakangane lan mBah Di Dong sing mau padha durung nyandhak sing dadi karepe Pak Sugiri.

        “Kudune kuwi mau mbok tegesne pisan Ri” kandhane Arja Gendhon sawise adhine mapan lungguh neng kursine “ora mung arep ngrewangi golek biting thok, nanging kudune Murtala mbok tanting pisan, kowe sanggup ngangkat ragat, ning Murtala kudu gelem dadi mantumu. Merga miturut petunge mBah Di ya kaya sing dikandhakne mau, Nita kuwi bakal dadi mukti uripe nek dijodhokne karo Murtala. Gek jaremu Nita ya wis gelem upama diolehne Murtala? Lha kok mau mung mbok saguhi nek kowe arep ngrewangi thok, bisa-bisa Murtala mengko ora sida wani mancung merga wedi ora duwe wragat”.

        “Aja samar Kang” wangsulane Pak Sugiri ayem “kanggo kuwi aku wis duwe cara dhewe sing luwih becik. Nek nganggo cara kaya sing mbok omong kuwi, Murtala kae bocah pinter lan duwe jiwa satriya, kaprawirane genep, mesthi sak kal ngomong emoh. Kudu nganggo cara alus, sing mlaku mengko ben Nita karo Ibune, liwate Bu Kojin, kira-kira iki mengko akeh kasile”

        “Nggih niku langkung pas lan langkung leres Pak Sugiri” mBah Di nambahi rembug “lan sedaya inggih kedah dipun suwunaken dhateng Ingjang Maha Kuwaos murih saenipun”.

        mBaleni critane Murtala sing numpak sepedha pancale menyang Masjid. Kelingan perkara Pilihan Lurah tahun ngarep kuwi, sepisan maneh Murtala mesem. Banjur eling marang janjine marang awake dhewe, yen ora arep mikir sing abot-abot sadurunge kasembadan sing dijangka, ya kuwi gawe senenge wong tuwane, saora-orane kudu bisa ngancani Ibune Ziarah Umrah neng Mekah luwih dhisik nganggo wragat sing dicelengi saka asil saben dinane, lagi bisa nggagas perkara liyane.

 

tamat

 

 

 

 

Selasa, 28 November 2023

GANDRUNG PULUNG ING LINCAK WARUNG (30)

30.

        Ali-ali dening Jodi banjur dibalekne marang mBah Di maneh. Banjur tangane dicedhakne tangane Gejrot, drijine wong loro kuwi diedho, bener drijine Gejrot luwih gedhe-gedhe tinimbang drijine Jodi. Mula ya pancen nggumunake, ali-ali mau neng drijine Gejrot lodho, nanging neng drijine Jodi ora sedheng. mBah Di Dong karo Arja Gendhon mung padha mesem.

        “Niku boten aneh Boss” kandhane Arja Gendhon mangsuli olehe grenengan Jodi “pancen nek sing nyoba niku tiyang sing boten gadhah wewenang mancung teng Kedunggalar nggih lodho, mbok tangan kula niki nggih lodho. Benten nek sing nyoba ngangge niku tiyang sing angsal menawi badhe majeng, nek boten jodho lire jane boten kiyat dados lurah, nggih sesak utawi boten cekap. Sak niki sing dereng nyobi kantun Mas Murtala, cobi mBah Di, Mas Murtala kapurih ngagem ali-ali Suleman Ratu niku jodho menapa boten?”.

        mBah Di ora wangsulan malah banjur kandha marang Murtala, karo ngulungne ali-aline :

        “Cobi panjenengan agem Mas, ali-ali niki, panjenengan jodho napa boten?”.

        “Walah kinten-kinten nggih lodho mBah Di, tiyang driji kula niki alit-alit” wangsulane Murtala karo mesem, nanging kanggo nglegakne atine mBah Di lan wong-wong sing ana kono, ali-ali kuwi ya ditampani.

        “Cobi kula agemne Dhik” Jodi nyandhak tangane Murtala ali-ali kuwi arep dienggokne neng drijine Murtala. Murtala manut wae, ali-ali dilebokne nyang driji jempolan. Pas, Ora lodho ya ora sesak. Sing weruh padha mlengak.

        “Lha ning nganggo ali-ali mosok neng jempol? Coba nek nek driji manis?” Pak Sugiri ketok sumringah praupane.

        Murtala nyopot ali-ali saka jempolane, banjur dienggo neng driji manis. Pas maneh, ora keciliken ya ora kegedhen. Wong-wong sansaya ketok sumringah, seneng. Banjur Murtala nyoba driji-driji liyane, sing kiwa lan sing tengen kabeh dicoba dienggoni ali-ali sing mripate akik Suleman Ratu kuwi. Murtala dadi gumun dhewe, merga kabeh pas, kamangka cetha nek driji jenthik karo driji jempol kuwi gedhene ora padha.

        “Sampun mBah Di” kandhane Murtala sawise nyopot ali-ali saka tangane lan ngulungake ali-ali kuwi menyang sing duwe.

        “Piye Gan nek ngene iki?” durung nganti mBah Di guneman mangsuli kandhane Murtala, Jodi wis ndhisiki takon marang Pak Sugiri “panjenengan saiki mesthi wis percaya nek wangsit sing tak tampa saka Eyang Ambyangkara kuwi bener ta?”.

        “Aku wiwit pisanan mau ki ya wis percaya karo sing sampean ngendikakne Boss” wangsulane Pak Sugiri “merga miturut sasmita sing tak tampa ya kaya sing sampean ngendikakne mau. Mung wae, saiki dadi luwih manteb maneh”.

        “Lha nek wis cetha ngene iki, mosok nek Panjenengan ora arep nyengkuyung Dhik Murtala maju neng Pilihan tahun ngarep kuwi?” Jodi banjur nanting Pak Sugiri.

        “Nuwun sewu Pak Diyana kalihan Pak Sugiri lan Bapak-bapak sedaya” Murtala wis ora bisa ngampet maneh anggone kepengin melu guneman, nrambul wong-wong sing lagi katrem ngrembug perkara pilihan lurah sing olehe nganakne isih suk tahun ngarep lan sing njalari Murtala kapeksa nyaru wuwus kuwi merga wong-wong kuwi mung adhedhasar petung batin lan wangsit sing durung mesthi wangsit tenan, wis percaya nek dheweke bakal menang menawa melu maju ing pilihan.

        “Inggih pripun Dhik?” sing aweh wangsulan Jodi, sing banjur nakoni karepe Murtala.

        “Nggih kula ngaturaken panuwun awit kawigatosanipun Pak Diyana, Pak Sugiri lan sanesipun dhateng kula ing prakawis Pilihan Lurah tahun ngajeng menika” kandhane Murtala sabanjure “boten ateges kula niki ngremehaken utawi boten pitados dhateng wangsit utawi petang saha ampuhing ali-alinipun mBah Di kala wau, nanging kados ingkang dipun dhawuhaken Pak Diyana kala wau, jangka menika sagedipun dumugi kedah dipun jangkah rak inggih ta?".

        “Mila leres makaten Dhik” wangsulane Jodi sing banjur omong marang Pak Sugiri “rak ya ngono ta Gan?”.

        “Iya, nek gak dijangkah ya ora bakal kasembadan, ngibarate wong luwe wis dicepaki sega, nek pengin mari luwene, segane ya kudu dipangan, nek gak dipangan ya panggah luwe” wangsulane Pak Sugiri.

        “Kamangka” Murtala nutugne olehe guneman “njangkah niku kedah gadhah sikil sing kenging kangge njangkah, liripun kedah cekap sarat masrute. Lha kula piyambak sampun ngrumaosi upama tumut kepengin dados Lurah, niku kenging diparibasakaken kados cecak pengin nguntal empyak, wong cebol nggayuh lintang, dados inggih nglengkara menawi kula badhe majeng tumut mancung ing Pilihan tahun ngajeng menika”.

        “Sampun ngaten Dhik, Dhik Murtala niku kangge kepilih dados Lurah sarate namung setunggal, inggih menika kersa ndhaftar tumut mancungm niku sampun cekap. Sarat sanese kados wragat upaminipun niku saged dipadosne kalih mlampah” Jodi nanggapi kandhane Murtala.

        “Bener Mur” Pak Sugiri melu guneman mbenerne kandhane Jodi “pokoke awakmu gelem mancung, mengko sing obah ben sing tuwek-tuwek ngene iki. Boss Jodi kuwi wonge neng Kidulan kana akeh, wiwit Dasem, Durenan tekan Kaliwowo sasat keneng dijagakne kabeh, mengko Plosorejo, Ngarengan karo Pulo aku ya bisa melu ngrewangi kuwi mengko paling mung kudu dhisik-dhisikan karo Pak Guru Har, nek wonge sida nekad arep maju”.

        “Inggih Bapak-bapak” wangsulane Murtala sabanjure “perkawis ndhaftar niku nggih gampil mawon, nanging saderengipun mancung rak kedah dipun manah rumiyin, sembada menapa boten saupami kula dados lurah, saged damel tambah saenipun dhusun menapa boten? Lajeng tumrap pribadi kula piyambak, majeng tumut nyawung mangke saged mewahi kasaenan kula menapa malah mewahi dosa saha mengsah? Sadaya menika kajawi mbetahaken obahing nalar ingkang panjang ugi mbetahaken pitedah saking Gusti Allah lumantar sembahyang Istikharah”.

        “Dados saupami kula nyuwun pirsa sak niki Dhik Murtala kersa majeng ing Pilihan tahun ngajeng menika menapa boten, Dhik Murtala dereng kersa paring wangsulan?”

        “Leres Pak Diyana” wangsulane Murtala maneh “kula taksih mbetahaken wekdal kangge mikir lan sembahyang istikharah langkung rumiyin, sedaya menika murih saenipun tumrap kula ugi tumrap dhusun lan warga masyarakat Kedunggalar”.

        “Aku mbenerne awakmu Mur” genti Pak Sugiri sing guneman “senajan nek miturut petungane wong-wong iki kabeh yen awakmu gelem mancung wis kaya kenek dijagakne mesthi menange, nanging nek awakmu isih arep mikir lan arep sembahyang istikharah, kuwi ya luwih prayoga. Aku mung meling, anggonmu mikir lan sembahyang istikharah kuwi aja suwe-suwe”.

        “Upami ngeten pripun?” sadurunge Murtala mangsuli kandhane Pak Sugiri Jodi wis guneman luwih dhisik “kalih minggu melih, kula suwun Juragan Giri, kula, Mas Arja Gendhon kalih mBah Di mlempak malih wonten mriki, Lha Dhik Murtala mesthinipun sampun pikantuk pitedah lan mutusaken saged utawi botenipun majeng pilihan tahun ngajeng menika. Pripun menawi makaten?”.

        “Nuwun sewu Boss Jodi” Arja Gendhon melu guneman “kula kalih mBah Di niku tiyang njawi rangkah lho? Dede tiyang Kedunggalar”.

        “Ngeten Mas Arja” wangsulane Jodi karo mesem “panjenengan kalihan mBah Di niki sampun kathah ngawuningani lampahing pulung Desa Dunggalar niki, dados nggih sampun ngantos panjenengan negakaken Dhik Murtala, mila nggih kedah ndherek menggalihaken murih saene”.

        “Nek bisa ya ditambah wong Boss, sampean pilihi sing sajake bisa dijak nyambut gawe” Pak Sugiri nambahi rembuge Jodi “lan aja neng omah kene, aku kuwatir nek nganti ana wong sing melu ngrungokne banjur nglakokne laku dom sumuruping banyu. Aku pengin mbesuk kuwi lakune pilihan kaya jaman pilihane Pak Tapa biyen, jagone ora keprungu kablak lan kluruke nanging nyatane menang. Dadi botoh njaba bisa kecelik kabeh”.

        “Aku ya mathuk banget kuwi Gan, lha mathuke olehe golek enggon neng ngendi?”

        “Mengko wae nek wis cedhak tak kandha” wangsulane Pak Sugiri “mengko laku karo panggonan sarta uba-rampene dadi tanggunganku, tugase sampean golek tambah kanca telu utawa lima maneh”.

        “Ya wis mathuk Gan” wangsulane Jodi karo mesem lega, banjur genti kandha marang Murtala “mathuk ngaten nggih Dhik?”.

        “Inggih Pak Diyana” wangsulane Murtala, dheweke wis rumangsa ora bisa endha “nanging kula suwun menawi saged wekdalipun sampun ngantos manjing luhur, enjing mawon kados ngeten niki, awit kula menawi siang kedah kendel sakedhap”.

 

 

 

ana candhake

 

 

 

 

Minggu, 26 November 2023

GANDRUNG PULUNG ING LINCAK WARUNG (29)


 

29.

        Diwangsuli ngono kuwi Murtala ya banjur meneng, kamangka maune dheweke arep nyethakne nek jenenge impen, embuh kuwi impen sing klebu wangsit embuh kuwi impen lumrah, kuwi olehe negesi kudu dijumbuhne karo kahanan kang nyata. Ora banjur dienggo paugeran sing maton. Lan unine weca kuwi bisane klakon ya kudu disranani nganggo laku sing tenanan. Nanging gandheng Jodi isih kepengin ngrungokne panemu saka Pak Sugiri, mangka Murtala ya banjur ngalah. Meneng dhisik, aweh wektu marang Pak Sugiri sing dijaluk panemune dening Jodi.

        Pak Sugiri bareng dijaluki panemu dening Jodi, banjur njengkerutne bathuke, tandha yen mikir dhisik sadurunge aweh panemu. Nanging tumuli eling karo gagasane saka omah mau, ya kuwi arep ngongkon Murtala supaya nyoba nganggo akik Suleman Ratu duweke mBah Di Dong.

        “Ngene ya Boss” kandhane Pak Sugiri aweh wangsulan marang Jodi “nek sampean wis nampa wangsit saka Ki Ambyangkara merga sampean nglakoni laku prihatin ing pasareyane, aku uga wis nampa peling uga mBah Di Dong kuwi ya wis ngetung nganggo ngelmu kang dhedhasar watake dina, pasaran, sasi lan tahun sarta watake kahanan ing desane dhewe iki, asile meh padha. Ya kuwi sing kuwat kacondhokan Pulung Lurah Desane dhewe iki ora ana liya kajaba Murtala utawa Bu Kojin, ibune Murtala. Lha nek miturut panemune Pak Guru Har, sawuse oleh pituduh saka Kyai Burengan, kajaba Murtala lan Bu Kojin sing kuwat kacondhokan pulung kuwi wong sing bisa manunggalake jiwa ragane karo Murtala utawa Bu Kojin. Mulane aku ya ora gumun nalika ana kabar angin sing ngabarake nek Pak Guru Har arep nglamar Bu Kojin supaya kersa dadi garwane Pak Har. Nek ngono Pak Har wis nempuh cara supaya bisa manunggalake jiwa lan ragane karo Bu Kojin. Nanging kabar angin mau mbuh kena dipercaya mbuh ora, merga aku ya krungu nek Pak Har jarene ora arep ngepek Bu Kojin, nanging arep ngajak besanan, anake wedok sing Pegawe Bank kae arep dijodhokne karo Murtala”.

        Ora krasa sirahe Murtala gedheg-gedheg dhewe, batine gumun karo lakuning pikirane wong-wong kuwi. Thik ngonowa, dheweke kok ya dikatut-katutne melu dadi lakon ing gagasane wong-wong kuwi. Murtala ya banjur kelingan karo sing dicritakne Ibune nek Bulik Maryati tau mara neng omah merga diutus Pak Harmaka sing kepengin ngajak omah-omah. Murtala ya kelingan critane Ibune sing ngandhakne nek pas dheweke menyang omahe Pak Sugiri wingenane kae, Ratih teka neng omahe jare kepengin ketemu dheweke. Pikirane Murtala sedhela dadi nglambrang tekan ngendi-endi, nanging tumuli bali eling yen nganti dheweke nutugne nggone mikir bab kuwi, bisa marahi ora becik tumrap awake. Mula Murtala banjur maca istighfar, alon-alon, nyuwun pangapura marang Gusti Allah lan nyuwun pangayoman saka sakehing pitnah.

        “Lha panjenengan apa ya mathuk lire arep nyengkuyung kersane Pak Guru Har kuwi Gan?” Jodi nyelani rembuge Pak Sugiri, suwarane keprungu nek atine rada cuwa.

        “Ora ngono Boss” wangsulane Pak Sugiri karo mesem “srawungku karo Pak Guru Har pancen becik. Nanging nek perkara iki, aku blas gak mathuk. Aku ya wegah nek mung dadi ganjel kanggo ngangkat Pak Har dadi sansaya sugih, njur aku mung oleh digelani wong merga melu ngrewangi dheweke”.

        “Banjur piye Gan?” Jodi durung nyandhak sawutuhe karo sing dikarepne Pak Sugiri.

        “Aku karo sampean ki ketoke rada memper Boss” Pak Sugiri aweh wangsulan “aku kepengin Desane dhewe iki duwe Lurah sing pinter, isih nom, ngerti batal-karam, sing bisa nggawa desane dhewe iki dadi luwih maju tinimbang saiki lan sadurunge. Maune aku mathuk nek Semedi putrane sampean kae sing maju, ning nek sing maju sampean aku jujur wae gak setuju. Nanging, bareng aku krungu kabar saka langit, ya sing saka Kang Arja, kakanganku kuwi, ya saka Sampean mau, ya saka liyane, aku banjur kendho dhewe. Nek aku meksa nyengkuyung lan nyurung Semedi maju, rak padha wae aku njorogne sampean menyang jurang ta Boss?”.

        “Bener Gan” Jodi nyauti kandhane Pak Sugiri “lha saupama Pak Guru Har sing jarene arep ngajak besanan Bu Kojin kuwi mau, banjur ngejokne mantune sing dikongkon mancung Panjenengan mathuk gak?”.

        “Lha nek kuwi kari Murtala piye?” wangsulane Pak Sugiri karo mesem kecut “nek aku ya ora arep melu-melu, merga upama aku sing dadi Murtala, ya wegah nek olehe ngepek mantu Pak Guru Har kuwi merga pamrih, gelem ngepek mantu merga Murtala bakal dadi lurah, nek Murtala mung dadi bakul angkringan ora kepanggonan Pulung, mokal Pak Guru Har gelem besanan karo Bu Kojin sing mung pensiunan. Nanging sepisan maneh kuwi kari nang Murtala”.

        Murtala mesem krungu rembuge Pak Sugiri ngono kuwi. Batine rada mathuk karo panemune Pak Sugiri. Nanging Murtala durung guneman piye-piye, isih ngenteni rembuge Jodi karo Pak Sugiri sabanjure.

        “Lha nek ngene piye Gan?” Jodi takon maneh karo mesem “Upama Dhik Murtala kuwi dijodhokne karo putrane panjenengan, banjur disengkuyung ben mancung, piye?”.

        “Sampean kuwi ya aneh” wangsulane Pak Sugiri, batine rada anyel merga lakuning pikirane disemoni dening Jodi, mula cepet wae olehe mangsuli “aku arep sampean padhakne karo Pak Guru Har? . Ngene ya Boss, perkara jodho utawa perkara arep golek mantu kuwi, aja digandheng-gandhengne karo Pilihan Lurah. Saupama aku nyengkuyung Murtala mancung neng pilihan mengko, merga aku ngerti nek Murtala kuwi kuwat dadi Lurah sing bisa ngayomi desane dhewe. Lha nek saupama aku kepengin ngepek mantu Murtala, kuwi merga kajaba duwe kelakuwan apik lan pinter sarta duwe rasa tanggung jawab, ya merga anakku gelem lan seneng karo Murtala. Gek nganti saiki aku ya durung ngerti anakku kae upama tak jodhokne karo Murtala gelem apa ora, lan aku ya durung ngerti Murtala kuwi wis duwe pilihan calon bojo apa durung. Gelem apa ora nek tak jodhokne karo anakku Nita. Ngono lho Boss”.

        “Lha saiki banjur kepiye Gan?”  Jodi takon maneh.

        “Saiki ngene” Pak Sugiri arep mblakakne karepe “mumpung mBah Di Dong ya neng kene, saiki becike ditakokne mBah Di wae, olehe sampean negesi wangsit saka Ki Ambyangkara karo olehku negesi pituduhe Kyai Burengan marang Pak Guru Har dhek emben kae, jumbuh apa ora yen ditakokne marang pusakane mBah Di, merga miturut petung palintangane mBah Di ki jane ya padha karo sasmita sing sampean tegesi”.

        “Pripun mBah Di ?” Jodi genti nakoni mBah Di Dong.

        “Nggih dicobi mawon Boss, kula tak jawab dhateng Kyai Suleman Ratu riyin, tiyang samanten niki sinten sing kuwat dados Lurah teng Kedunggalar, merga nek Pak Giri sak kulawarga lan sak rewang-rewange pisan wau dicobi boten wonten ingkang jodho. Sinten ngertos nek malah Boss Jodi utawi sedherek kalih niki malah jodho?” wangsulane mBah Di Dong karo ngetokake ali-ali sing mawa sesotya akik Suleman Ratu.

        Jodi sing dhasare sugih pengalaman ing babagan ngono kuwi wis nyandhak apa sing dikarepake dening mBah Di. Mula ya banjur meneng wae, nanging wis sarujuk karo sing dikarepake mBah Di.

        Sawise diwacakne mantra, akik kuwi diulungake Gejrot supaya dienggo. Gejrot gage anggone nampani, banjur dicoba dilebokne driji manise.

        “Piye Jrot? Sedheng? Pas? Apa lodho?” Jodi nakoni Gejrot.

        “Lodho danten kok Boss, Jempolan mawon nggih lodho” wangsulane Gejrot karo mbalekne akik kuwi marang mBah Di “ketoke niki sing pas Gagak, mriku drijine rak ageng-ageng”.

        “Cobi gentos sampean Mas” kandhane mBah Di Dong karo ngulungne akike marang Gagak.

        “Walaaah, sami mBah” kandhane Gagak karo mesem, sawise nampa lan nyoba ngenggo ali-ali kuwi “driji sepuluh lodho danten”.

        “Sak niki cobi panjenengan Boss” kandhane mBah Di genti marang Jodi.

        “Lha nek drijine cah loro niku mawon lodho, driji kula nggih sansaya longgar ta mBah Di?” kandhane Jodi karo nampani akik kuwi, banjur dicoba arep dienggo.

        “Kok aneh?” Jodi grenengan ijen “driji sepuluh ora ana sing sedheng, kamangka drijiku iki luwih cilik tinimbang drijine Gejrot karo Gagak, kok malah ora sedheng? Aneh !”.

 

 

Ana candhake

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...