Total Tayangan Halaman

Senin, 11 Desember 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (006)


 

006.

        Ki Lurah sansaya bingung mireng aturipun Ki Palir makaten menika. Dugi aneh lelampahan ingkang kedah dipun sandhang dening Ki Palir? Piyambakipun ngaken menawi nyimpen wewados, menawi wewados menika ngantos kadenangan dening tiyang sanes saged kedadosan piyambakipun pejah ing tanganing sedherekipun piyambak. Nanging menawi sinimpen rapet ing manahipun, saged mbebayani tumrap Ki Lurah, inggih sedherekipun Ki Palir tunggil Biyung.

        “Ngene wae Dhi” wasana Ki Lurah ngendika kanthi sareh “yen nganti si Adhi mbukak wewadi iki, bisa-bisa awakmu tumekeng pati ing tangane sedulurmu dhewe sarta bisa mbebayani tumrap Adhi Dungkul lan Adhi Dhangkal, mula becik si Adhi sansaya mrimpeni anggone nyimpen wewadi kuwi. Jalaran nek nganggo petung tuna lan bathi, tunane luwih gedhe yen nganti si Adhi mbukak wewadi kuwi. Sing baku lungane Adhi Dungkul lan Adhi Dhangkal iki ora merga gela lan ora sajroning bebaya”.

        “Nyuwun pangapunten Kakang” Ki Palir matur malih “ing prakawis menika boten wonten petangan bathi lan tuna, nanging sedaya mitunani dhumateng kula. Waleh-waleh menapa, kula sampun netepaken pamilih menawi kula badhe blaka ing ngarsanipun Kakang Lurah, nyariyosaken wewadi ingkang keker ing simpenan kula menika. Namung kula nyuwun, mugi Kakang Lurah boten sanget-sanget anggenipun badhe duka dhateng kula lan Kakang Dungkul menapa dene Kakang Dhangkal, inggih awit saking wutaning manah temah boten saged males kabecikan ingkang sampun jengandika kucuraken dhateng kula tetiga ……”.

        “Ngene lho Dhi” wangsulanipun Ki Lurah panggah sareh “sepisan maneh aku kandha, yen miturut panemune si Adhi kanthi ora mbukak wewadi kuwi bisa nuwuhake bebaya marang aku nanging bisa nylametake Adhi-adhiku sing mbok kandhakne mau, becik yen si Adhi ora mbukak wewadi kuwi. Si Adhi aja pisan-pisan nguwatirake  kaslametanku, jalaran beja lan cilaka kang bakal tumiba marang aku kuwi, kabeh ora bakal katekan lan kedaden kajaba yen wis kinersakne dening Gusti lan Gusti selawase ora bakal kagungan kersa sing ora becik marang titah-E. Sabanjure aku uga ora bakal cilike cuwa gedhene nesu marang adhi-adhiku kabeh, sanadyan ta upama adhi-adhiku ora ngakoni yen wis nampa pitulungan saka aku. Awit satemene apa kang wus tak tindakne marang adhi-adhiku kuwi kabeh ora merga aku nulungi awakmu apa dene  Adhi Dungkul lan Adhi Dhangkal, nanging merga aku nulungi awakku dhewe. Dadi aku ora rumangsa motangake budi becik marang sapa wae, ngerti?”.

        “Kok saged makaten Kakang?” Ki Palir sumela atur “kamangka sampun cetha menawi kula tetiga boten ndika paringi pitulungan, mokal badhe gadhah siti garapan menapa dene griya ing Pangapitan mriki, malah kepara saupami boten kaparingan tedha dening mBokayu Lurah, boten sande kula tetiga badhe nandhang kaliren…….”.

        “Ha ha ha……” Ki Lurah gumujeng nigas aturipun Ki Palir kalajengaken kalihan pangandika “sumurupa ya Dhi, miturut kapitayan sing tak rasuk saben titah kuwi kaparingan kuwajiban dening Gusti supaya nulungi awake dhewe murih mbesuke bisa bali ing ngayunaning Gusti kanthi tentrem, dene sranane kudu gelem tumindak becik, ora gawe kapitunaning liyan lan kudu gelem aweh pitulungan marang wong liya sing lagi mbutuhake, luwih-luwih yen sing lagi mbutuhake kuwi sedulure dhewe. Lha kabeh kuwajiban kuwi bisa ditampa dening Gusti, sarate kudu lila lahir batin dikantheni lekas utawa niyat amung murih keparenging Gusti, ora kena ngarep-arep pituwas saka titah uga ora mbutuhake atur panuwun saka sing ditulungi. Yen isih ana rasa gela utawa cuwa merga nggone aweh pitulungan ora diajeni, kuwi tegese nggone nindakne dhawuhe Gusti ora iklas kuwi gedhe pidanane, anggone aweh pitulungan tanpa guna kajaba mung bakal nguwohake kasangsaraning batine dhewe”.

        Ki Palir ketingal manthuk - manthuk, ngangen - angen lan rumaos eram kalihan ingkang dipun dhawuhaken dening Ki Lurah. Sanaosa kapitayan ingkang dipun rasuk dening Ki Palir sami kalihan kapitayanipun Ki Lurah, inggih menika sami-sami ngrasuk agami ingkang dipun asta dening Kanjeng Nabi ingkang jumeneng Rasulullah, nanging nembe menika Ki Palir mangertos piwucal ingkang magepokan kalihan titah ingkang paring pitulungan dhateng tiyang sanes. Lan inggih nembe menika Ki Palir mangertos werdining iklas utawi lila, boten murih lan boten pamrih menapa-menapa kajawi murih kaparenging Gusti kemawon. Inggih awit saking wangsulanipun Ki Lurah kala wau, Ki Palir nunten emut bilih estunipun nasibing titah menika sampun ginaris lan sinerat langkung rumiyin dening Gusti saderenging titah menika dipun lahiraken. Inggih ingkang magepokan kalihan pesthi, jodho, beja, cilaka menika mila wewadosing Gusti tumrap titahipun, lan sedaya ingkang dipun kersakaken dening Gusti menika namung kangge kasaenaning titahipun kala wau.

        “Mulane Dhi” Ki Lurah ngendika malih sasampunipun radi dangu Ki Palir boten wicanten “sepisan maneh nek si adhi isih wedi marang bebaya yen ta si adhi mbukak wewadi sing mbok kandhakne mau, becik ora sah si adhi crita marang aku”.

        “Inggih Kakang” wangsulanipun Ki Palir kepireng sansaya tatag suwantenipun “sasampunipun kula mireng sedaya ingkang jengandika dhawuhaken kala wau, sansaya manteb tekading manah kula badhe mbikak wewadi menika ing ngarsa ndika. Jalaran wewadi menika, wewadi ingkang boten leres, inggih menika pasekuthon antawisipun Lurah Brendhilan lan sawatawis Pamong Dhusunipun, tuwin Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal kalihan pata pendherekipun Kyai Nagalanang ing Patalan, ingkang dipun pandhegani dening Kyai Gendirireng, siswanipun Kyai Nagalanang ingkang sampun madeg paguron ing tapel watesipun wana Ketangga kalihan wana Patalan”.

        “Banjur ana sambung rapete apa karo aku Dhi? Antarane Brendhilan karo Pangapitan iki ora tau ana kedadeyan apa-apa merga ya dhewe-dhewe panggonane” Ki Lurah nyela rembagipun Ki Palir, mundhut pirsa.

        “Sambetipun makaten Kakang” Ki Palir atur wangsulan “Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal tuwin Ki Lurah Brendhilan menika rak sampun sawatawis dangu maguru ngelmi kebatosan dhateng Ki Gendirireng ingkang nyebaraken piwucalipun Kyai Nagalanang inggih Kyai Nagaraga? Dados sedaya dhawuhipun Kyai Gendirireng langkung-langkung ingkang asalipun saking dhawuhipun Kyai Nagalanang, sakalangkung anggenipun mundhi-mundhi lan kedah dipun lampahi, awit menawi ngantos wantun boten pitados lan boten purun nglampahi dhawuh saking Kyai Gendirireng saha Kyai Nagalanang badhe manggih bilahi.”

        “Pancen lumrahe wong meguru kuwi kudu percaya kanthi wutuh marang sing dadi gurune ta Dhi?”Ki Lurah nyelani aturipun Ki Palir malih “ngono kuwi ora kena diluputake.”

        “Menawi ing babagan menika mila leres kados ingkang ndika dhawuhaken menika Kakang” Ki Palir atur wangsulan “namung ingkang ndadosaken tiyang kathah kalebet kula, boten remen menika jalaran para siswanipun Kyai Gendirireng menika anggenipun pados rowang murih purun dados muridipun Paguron Gendirireng, mawi cara ingkang boten sae malah cengkah kalihan limrahipun Paguron menawi badhe nampi siswa.”

        “Cengkahe manggon ing ngendi?” Ki Lurah mundhut pirsa malih.

        “Menawi limrahipun Paguron langkung-langkung paguron kebatosan, menika ngibaratipun sumur lha siswanipun menika timba. Kangge saged katampi dados siswa kedah saged netepi sarat ingkang awrat lan menawi sampun kaanggep kiyat nampi ngelmi ingkang dipun padosi, nembe dening Gurunipun dipun tampi dados murid. Menawi Paguron Gendirireng menika boten, meh saben tiyang mliginipun ing Brendhilan dening Ki Lurah Brendhilan dipun kengken dados siswa Paguron Gendirireng, menawi purun lajeng kaparentah kedah nglampahi kuwajibaning murid dhateng guru lan paguron. Menawi boten purun lajeng dipun mengsahi. Dados ketingalipun kathah sanget siswanipun Paguron Gendirireng menika, nanging kathah-kathah anggenipun purun maguru dhateng mriku awit ajrih menawi dipun mengsahi kemawon, kalebet kula piyambak menika” Ki Palir atur wangsulan “ketingalipun kula menika mila siswa Gendirireng, nanging estunipun kula babar pisan boten pitados dhateng sedaya piwucalipun Kyai Gendirireng menapa malih Kyai Nagalanang ingkang ngakenipun titising Sang Hyang Anantaboga menika”.

        “Dadi si Adhi iki tata gelar uga kalebu sapaguron karo Adhi Dungkul lan Adhi Dhangkal?” Ki Lurah mundhut pirsa malih “Banjur apa rupane piwulang saka Kyai Nagalanang sing diwulangake Kyai Gendiireng? Kok si Adhi nganti babar pisan  ora bisa percaya kuwi?”.

        Ki Palir boten tumunten atur wangsulan, malah lajeng noleh nganan lan noleh ngering, kados kuwatos menawi wonten tiyang sanes ndugeni papan anggenipun jejagongan kalihan Ki Lurah menika. Nanging gandheng kawontenan kala samanten sampun meh wanci Sepi Bocah, dados inggih kraos sepen. Namung lamat-lamat saking regol ngajeng taksih kapireng geguyonanipun tiyang-tiyang ingkang sami rondha ing dalem kalurahan.

 

ana candhake

Minggu, 10 Desember 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (005)


 

005.

        Sasampunipun manggen ing Pangapitan, Ki Dungkul, Ki Dhangkal lan Ki Palir ketingal menawi golonganing tiyang ingkang pinter srawung, ketitik dereng ngantos sewulan sampun kathah tepangan ingkang dados mitra ingkang raket. Tiyang tiga menika sakalangkung sregep ing bab gotong royong kalihan warga ing Pangapitan, inggih ing babagan layat, jagong, sambatan lan sanes-sanesipun. Mila inggih boten maiben menawi sansaya dangu tiyang-tiyang ing Pangapitan ugi sami remen dhateng tiyang tiga kala wau. Nalika Ki Lurah ndamelaken griya cacah tiga kangge rayi-rayinipun menika, inggih menika sasampunipun Ki Dungkul, Ki Dhangkal lan Ki Palir sampun tigang wulan mapan ing Pangapitan, titiyang ing Pangapitan ugi kathah ingkang sami dugi suka pambiyantu, temah boten ngantos sapeken, griya cacah tiga ingkang jejer-jejer manggen ing pategilanipun Ki Lurah menika sampun dados lan sampun saged dipun panggeni.

        Ki Lurah sakalangkung remen sumerep sedherek-sedherekipun saged srawung kanthi sae kalihan warga ing Pangapitan. Makaten ugi kalihan anakipun Ki Lurah pun Sukmana, sanaosa piyambakipun kaprenah nem ugi umur-umuranipun mila inggih langkung nem katimbang tiyang tiga kala wau, nanging sikep lan solah bawanipun Ki Dungkul, Ki Dhangkal lan Ki Palir dhateng piyambakipun tansah ngaosi, pramila Sukmana ugi sakalangkung ngaosi dhateng paman-pamanipun kala wau. Lan sasampunipun tiyang tiga kala wau sampun sami manggeni griyanipun piyambak-piyambak, Sukmana ugi asring sanja dhateng griyaning paman-pamanipun menika. Pranyata boten namung Sukmana kemawon ingkang asring dolan dhateng griyaning paman-pamanipun menika, para sinoman Pangapitan ugi kathah ingkang saben dalu sami mlempak ing griyanipun salah satunggal saking tiyang tiga kala wau, gentosan. Mila boten aneh, inggih awit kajawi tiyang tiga kala wau pinter srawung, inggih kaleresan ing griya mila boten wonten rencangipun. Kulawarganipun tiyang tiga menika mila dereng sami dipun boyong dhateng Pangapitan, taksih manggen ing Brendhilan. Lajeng para sinoman sami mara mriku saprelu ngajak jejagongan.

        Ki Lurah estunipun ugi nate paring dhawuh dhateng sedherek-sedherekipun menika murih mboyongi semah - semahipun dhateng Pangapitan, prakawis kangge nyekapi kabetahan saben dintenipun, saderengipun tiyang tiga menika gadhah pengasilan ingkang maton, sampun dipun penggalihaken dening Ki Lurah. Nanging tiyang tiga kala wau taksih dereng purun mboyongi kulawarganipun kanthi pawadan ingkang ugi klebet ing nalar.

        “Kula sakalangkung matur nuwun awit paringipun rerigen kala wau Kakang Lurah” wangsulanipun Ki Dungkul nalika samanten “nanging mugi kauningan, sanaosa kirang saking sailat, estunipun rayi-rayi ndika niki, ing Brendhilan rak inggih gadhah siti garapan ingkang wonten tanemanipun. Gandheng siti-siti kasebat dereng pajeng kula sade, semah kula lan semahipun Dhangkal menapa dene Palir sami nggadhahi kuwajiban ngopeni siti kasebat. Ing pangangkah mangke menawi sampun pajeng dipun sade, nembe semah kula lan semahipun Dhangkal lan Palir badhe nusul mriki”.

        “Ya wis yen pancen mangkono Dhi” Ki Lurah gentos wangsulan “nanging tumrape wong sing wis omah-omah, ora kumpul karo bojo sajroning wektu sing rada suwe kuwi sok ora becik, ya kanggone wong lanang ya kanggone wong wadon. Merga wong saumurane si Adhi kuwi isih banget mbutuhake pangan, panganing lahir lan uga panganing batin. Loro-lorone ora kena dilirwakake”.

        “Mila leres dhawuh jengandika menika Kakang Lurah”  Ki Dungkul wangsulan kalihan mesem “inggih awit saking menika, kula lan Dhangkal saha Palir nyuwun pangapunten, menawi ing salebeting wekdal meh gangsal wulan menika, kula sampun wongsal-wangsul wira-wiri antawisipun Pangapitan lan Brendhilan, tanpa matur, nyuwun palilah dhateng Kakang Lurah langkung rumiyin sanaosa saben wangsul kula lan Dhangkal sarta Palir namung nyipeng setunggal dalu ing Brendhilan lan anggen kula sambang griya  inggih gentosan antawisipun tiyang tiga menika. Sepisan malih kula nyuwun pangapunten”.

        “Iya Dhi, ora dadi apa, nek anggone Si Adhi sambang omah kuwi mung sedina utawa gedhene nganti sepasar” wangsulanipun Ki Lurah salajengipun “nanging nek kira-kira mbutuhne wektu kliwat saka sepasar sing wis dirancang sadurunge, becike si Adhi kandha marang aku utawa marang Pamong liyane,prelune supaya si Adhi ora dadi golekan”.

        “Inggih Kakang”.

        Ing dinten-dinten salajengipun ing Pangapitan boten wonten kedadosan menapa-menapa. Saben-saben salah satunggal saking tiyang tiga kala wau badhe nyambangi semahipun ing Brendhilan ajeg pamitan rumiyin dhateng Ki Lurah utawi saboten-botenipun titip rembag murih kaaturaken dhateng Ki Lurah. Lan menawi sampun wangsul malih dhateng Pangapitan ugi lajeng sowan ing Dalem Kalurahan matur menawi sampun wangsul malih. Ngantos ing satunggaling wekdal, Ki Lurah dipun kejotaken dening wartos ingkang babar pisan boten dipun kinten saderengipun.

        Inggih menika nuju satunggaling dinten, Ki Dungkul lan Ki Dhangkal pamit menawi badhe nyambangi semahipun ing Brendhilan. Anggenipun pamit inggih namung sapeken tumunten wangsul malih dhateng Pangapitan. Ki Palir boten tumut sambang awit dereng dangu anggenipun sambang. Nanging sampun mlampah gangsal welas dinten wiwit Ki Dungkul lan Ki Dhangkal bidhal saking Pangapitan, tiyang kalih kala wau dereng sami wangsul. Ingkang makaten menika, estu damel boten sekecaning penggalihipun Ki Lurah. Kajawi nguwatosaken kawilujenganipun tiyang kalih kala wau, Ki Lurah ugi nguwatosaken menawi Ki Dungkul lan Ki Dhangkal kacuwan manahipun dhateng Ki Lurah, awit Ki Lurah tanpa paring sumerep dhateng kekalihipun, sampun maringi Ki Palir wewahan siti garapan saprasekawan bahu malih, wasana pamit sambang griya nanging bablas boten wangsul dhateng Pangapitan.

        Inggih awit saking penggalih ingkang kirang sekeca makaten kala wau, Ki Lurah lajeng nimbali Ki Palir murih sowan ing dalem Kalurahan, saprelu badhe dipun ajak rerembagan bab kesahipun Ki Dungkul lan Ki Dhangkal menika.

        “Iki wis limalas dina, Adhi Dungkul lan Adhi Dhangkal anggone sambang menyang Brendhilan” ngendikanipun Ki Lurah sasampunipun Ki Palir sowan “kamangka anggone pamitan marang aku, jarene paling suwe ya mung sepasar. Nanging kanyatane nganti saiki sedulurmu loro kuwi durung ana bali, apa ora luwih becik yen Adhi Palir lari menyang Brendhilan? Nanging becike nek si Adhi nglari Adhiku Dungkul lan Adhiku Dhangkal aja budhal ijen, becike nganthia Sapukawating Desa loro utawa papat, jalaran bares wae aku nguwatirake banget marang kaslametane adhi-adhiku kabeh”.

        Dipun ajak ngendikan kados makaten kala wau, Ki Palir dangu boten wangsulan. Malah praupanipun dados kados tiyang ingkang nembe bingung. Salajengipun tanganipun kekalih ingkang ngapurancang dipun tindhihi bathukipun, praupanipun kasingidaken.  Ki Lurah gumun sumerep tingkahipun Ki Palir ingkang makaten menika.

        “Awakmu kuwi ana apa Dhi?” Ki Lurah mundhut pirsa kalih suwanten ingkang nedahaken gumunipun “dijak rembugan barang sing wigati, kok malah ndhingkluk karo nutupi rai. Ana apa Dhi?”.

        “Nyuwun pangapunten Kakang” wangsulanipun Ki Palir kalihan kados tiyang ngampet tangis “bares kemawon kula bingung anggen kula badhe matur”.

        “Bingung?” Ki Lurah sansaya gumun “sing mbok bingungake manggon ing ngendi Dhi? Apa antarane Awakmu karo Adhi Dungkul lan Adhi Dhangkal tau seling surup banjur padha regejegan sing wekasane Dungkul lan Dhangkal padha lunga ninggalake Pangapitan iki?”.

        “Boten Kakang” wangsulanipun Ki Palir “nalika Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal ngertos menawi kula ndika paringi wewahan siti garapan saprasekawan bahu ing kilen Dhusun, Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal ugi boten meri lan anggenipun bidhal nilaraken Pangapitan menika ugi boten awit gela kalihan kula. Kula ugi ngertos menawi boten dangu, duka sapeken, duka kalih peken malih, Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal tamtu sampun wangsul malih dhateng Pangapitan mriki. Lha duginipun Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal menika mangke ingkang ndadosaken kuwatosing manah kula”.

        “Aku kok dadi sansaya bingung krungu tembungmu kuwi ta Dhi?” Ki Lurah dereng saged mangertosi kekajenganipun Ki Palir kalihan tembung ingkang makaten kala wau “coba kandhaa sing cetha bongkot pucuke, kareben aku ora bingung”.

        “Nyuwun pangapunten Kakang” aturipun Ki Palir dhateng Ki Lurah “magepokan kalihan kesahipun Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal menika, estunipun sampun dangu kula menika nyingidaken wewadi. Menawi wewadi menika kula singidaken dangu-dangu saged mbebayani tumrap sedherek kula jaler tunggil biyung, ugi saged ndadosaken kula edan jalaran ngampet raos sesanggan awrat ing salebeting manah. Kosok wangsulipun, menawi ngantos wewadi menika kula bikak, saged ugi mbebayani tumrap sedherek kula jaler tunggil Bapa ugi saged kemawon kula pejah ing tanganipun kadang kula piyambak”.

 

ana candhake

Jumat, 08 Desember 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (004)


 

004.

        Ing dhuwuring watu gedhe sing praenane amba lan leter, wong telu, Rangga, Marga lan Sukmana padha lungguhan kasorotan sunaring rembulan tanggal kaping sewelas. Sukmana wiwit nyaritakne lelakon minangka wangsulan saka pitakone Marga mau.

        “Kala rumiyin ingkang miwiti mbabat wana kadamel padhusunan ingkang samangke nami Dhusun Pangapitan, menika tilas Prajurit saking Jipang, pandherekipun Adipati Arya Penangsang ingkang keplajar awit kasoran jurit mengsah Prajurit Pajang, ingkang dipun lurahi dening Ki Tamejana. Inggih Ki Tamejana menika ingkang salajengipun nglurahi Dhusun Pangapitan ingkang kapisan. Nanging dereng ngantos jangkep setunggal tahun dados Lurah, Ki Tamejana sampun kapundhut wangsul dening Gusti Ingkang Maha Agung. Kamangka yuswanipun Ki Tamejana nalika seda dereng kapetang sepuh, rikmanipun taksih cemeng lan saliranipun inggih taksih prakosa.

        Ki Tamejana nilar semah setunggal lan yoga setunggal ingkang nami Dasir, Inggih Dasir menika ingkang dening warga ing Pangapitan lajeng kawisuda dados lurah nggentosi palenggahanipun Ki Tamejana. Nalika samanten yuswanipun Ki Dasir nembe kalih dasa tahun. Gandheng Ki Dasir sampun dados Lurah, mila sareng anggenipun nindakaken kuwajiban ngancik kalih tahun, lajeng emah-emah. Saelah utawi Nyi Tamejana  ingkang yuswanipun inggih dereng patos sepuh lajeng emah-emah malih kalihan Ki Anggira minangka semah ingkang angka tiga. Ki Anggira menika Dhukun prewangan lan griyanipun ing Dhusun Brendhilan, saking Pangapitan watawis lampahan setunggal dinten. Nyi Tamejana utawi Saelah, ingkang sampun santun dados Nyi Anggira ugi lajeng kaboyong dhateng Brendhilan. Sawatawis griya tilaranipun Ki Tamejana dipun panggeni dening Ki Dasir ingkang sampun dados Lurah Pangapitan lan semahipun.

        Sansaya dangu anggenipun nglampahi jejibahan minangka Lurah ing Pangapitan, Ki Dasir sansaya kathah seserepanipun. Sansaya dangu kawontenanipun Dhusun Pangapitan sansaya reja, pagesanganing para warga sansaya sekeca. Pasabinan ing Pangapitan sansaya jembar, makaten ugi pategilanipun. Para warga Pangapitan ugi kathah ingkang nyambi ngingah rajakaya kados dene, Mesa, Lembu, Menda lan sapiturutipun, ugi meh saben griya sami ngingah iwen kados panunggalanipun Ayam, Bebek, Menthog lan sapiturutipun. Ugi kathah warga Pangapitan ingkang sami nglampahaken pedamelan minangka dagang lan bebakulan nyade wulu wedaling Pangapitan dhateng dhusun sanes lajeng kulakan barang-barang ingkang dipun betahaken dening warga Pangapitan saking dhusun sanes. Gampiling rembag, Dhusun Pangapitan estu satunggaling Dhusun ingkang warganipun gesang sekeca, ayem, tentrem, guyun rukun, kinayoman dening Lurah lan para pamong sanesipun. Boten wonten kabar Dhusun Pangapitan kadhatengan durjana, panunggalanipun Maling lan Kampak, awit Warga Pangapitan nggadhahi kekiyatan ingkang tansah ngayomi warganipun, inggih menika para sinoman ingkang kagulang kawruh kanuragan lan kaprajuritan.

        Kawontenan ingkang kados menika kala wau lumampah ngantos pinten-pinten tahun. Ngantos anakipun Ki Dasir ingkang namung setunggal, inggih pun Sukmana diwasa lan emah-emah. Lan watawis setunggal tahun kapengker, kawontenan Dhusun Pangapitan wiwit kisruh lan sansaya dangu sansaya kisruh.

        Dene ingkang anjalari kisruhipun Pangapitan, kawiwitan ing satunggaling dinten, wonten tamu saking Brendhilan manggihi Ki Lurah Dasir ing dalem kalurahan.

        “Nuwun sewu Ki Lurah” makaten aturipun salah satunggal saking tamu ingkang cacahipun tiga kala wau, sasampunipun dipun panggihi kanthi sae dening Ki Lurah Dasir lan dipun dangu pikajengipun “estunipun anggen kula tetiga sowan dhateng Ki Lurah menika kala wau, kajawi badhe nyuwun palilah saha pangayoman badhe ndherek pados gesang, mbara kerja ing Pangapitan mriki ugi badhe ngluri sanak, madosi balung ingkang pisah, awit miturut wartos ingkang nate kula tampi, kula tetiga menika taksih wonten sambetipun kalihan Dhusun Pangapitan menika”.

        “Lekas ndika sing kepengin nitik waris, ngluri sanak, nggoleki balung pisah kuwi, becik banget Kisanak” wangsulanipun Ki Lurah Dasir kalihan mesem “merga ambak -ambak sedulur nek kesuwen anggone ora saban sinaban, ana kalane banjur ilang, bareng wis tiba anak luwih-luwih putu, banjur padha ora tepunge nek jebul isih waris dhewe. Coba ndika kandhakne sapa asmane waris ndika sing biyen tau manggon neng Pangapitan kene, mbok menawa aku bisa melu ngrewangi nggoleki lan nggathuk - nggathukne prenahe”.

        “Matur nuwun sanget Ki Lurah” wicantenipun tiyang kala wau kalihan mesem, ketingal menawi remen manahipun “estunipun ingkang gadhah sedherek ing Pangapitan menika ingkang caket piyambak inggih adhi kula ingkang alit piyambak niku, inggih pun Palir menika. Menawi kula pun Dungkul lan adhi kula Dhangkal menika kenging kawastanan namung kadang katut kemawon”.

        “Ngono ya Kisanak Dungkul?” Ki Lurah nanggapi anggenipun wicanten Ki Dungkul “coba ndika kandhakne kepiye luwih cethane”.

        “Kula tetiga menika mila taksih sedherek tunggil Bapa nanging benten Biyung” aturipun Ki Dungkul malih “inggih menika sami-sami anakipun sawargi Ki Anggira, kula kalihan Dhangkal lahir saking Biyung Tukijem dene adhi kula Palir menika yoganipun sawargi Biyung Saelah ingkang seda kunduran nalika nglahiraken Palir menika ………..”

        “Mengko dhisik” Ki Lurah nigas aturipun Ki Dungkul “dadi ndika kabeh iki isih putrane Ki Anggira? lan Ki Palir iki putrane Biyung Saelah?”.

        “Inggih, leres makaten Ki Lurah”.

        “Yen mangkono” Ki Lurah wangsulan kalihan mesem lan ketingal menawi panggalihipun kraos bingah “ndika kabeh kuwi karo aku dudu wong liya maneh. Jalaran Ki Anggira kuwi isih kaprenah Bapakku kwalon lan Biyung Saelah kuwi biyungku dhewe, mula Ki Dungkul karo Ki Dhangkal kuwi nek karo aku isih sedulur kwalon lan Palir kuwi adhiku dhewe, adhi tunggal biyung seje bapa. Merga sawise Wongtuwaku lanang seda, Biyung banjur kapundhut garwa dening Ki Anggira. Lan sawise Biyung Saelah seda, aku wis ora tau maneh sanja menyang Brendhilan, malah aku ya ora krungu kabar yen Ki Anggira jebul uga wis seda”.  

        Tiyang tiga ingkang saking Brendhilan menika ketingal sami remen manahipun, jalaran Ki Lurah sampun ngakeni bilih tiyang tiga kala wau mila taksih sedherekipun piyambak. Malah Ki Lurah lajeng nimbali Nyai Lurah lan anakipun jaler, sami dipun tepangaken kalihan tiyang tiga kala wau.

        “Wong telu iki, jebul kabeh isih adhi-adhimu dhewe Nyai” dhawuhipun Ki Lurah dhateng semahipun “sing loro kuwi, sedulur merga isih putrane Bapakku kwalon Ki Anggira lan sing siji iki, adhiku padha-padha putrane Biyung Saelah”.

        “Inggih Kyaine” atur wangsulanipun Nyi Lurah ingkang lajeng nepangaken dhirinipun dhateng tiyang tiga kala wau “ya ditepungake wae, adhi-adhi kabeh, kaya ngene iki sing jarene isih mBokayumu, merga aku isih sisihane Kakanganmu, ya Ki Lurah Dasir”.

        “Inggih Nyi Lurah, ngaturaken genging panuwun” tiyang tiga sami wangsulan sareng lan gentosan sami nyebut naminipun piyambak-piyambak.

        “Lha nek iki ponakan ndika” Ki Lurah lajeng nepangaken Sukmana dhateng tiyang tiga kala wau “jenenge Sukmana”.

        “Paman-paman sedaya, bekti kula katur”  Sukmana nyambet pangandikanipun Ki Lurah.

        “Inggih Ngger, sampun kula tampi” wangsulanipun tiyang tiga kala wau sesarengan.

        Salajengipun anggenipun sami jejagongan inggih lajeng sansaya gayeng. Lan ing lenggah sapajagong menika ugi lajeng dipun sarujuki Ki Dungkul, Ki Dhangkal lan Ki Palir, ingkang suwaunipun badhe  mbara kerja pados berahan dhateng warga Pangapitan ingkang mbetahaken bau, lajeng dening Ki Lurah kaparingan siti garapan ingkang wiyaripun setunggal bahu kangge tiyang tiga. Sadangunipun siti garapan kala wau dereng ngedalaken asil, kangge gesang sadinten-dintenipun dipun tanggel dening kulawarganipun Ki Lurah. Ugi menawi saderengipun  tiyang tiga kala wau badhe pados pondhokan ing griyanipun warga Pangapitan, dening Ki Lurah kadhawuhan manggen ing Gandhok Wetan dalem Kalurahan ing mangkenipun manawi sampun wonten redana ingkang cekap, sedaya badhe kayasakaken griya piyambak-piyambak lan kulawarganipun saged kaboyong dhateng Pangapitan.

        “Samanten kasaenan jengandika dhateng kula tetiga, boten langkung kula namung saged ngaturaken genging panuwun Ki Lurah” aturipun Ki Dungkul dhateng Ki Lurah kalihan nyulihi rayi-rayinipun.

        “Kabeh mau minangka wujuding rasa tresnaku marang adhi-adhiku kabeh, Dhi” wangsulanipun Ki Lurah “minangka sedulur tuwa, bisaku mbantu lagi samono kuwi mau. Kuwi wae aku isih njaluk tulung marang adhi-adhiku kabeh supaya nuruti kang dadi pakonku”.

        “Ki Lurah ngersakaken dhawuh menapa?” Ki Dungkul nyuwun pirsa.

        “Pisan si Adhi kabeh bisaa srawung sing becik karo warga ing Pangapitan kene, dene sing kaping pindho si adhi aja ana sing pisan-pisan wani nindakne sing dadi pepacuhing desa kene ya iku siji ngabotohan kaping pindho dhemen mendem merga nindakne madat utawa ngombe omben sing marakake wuru”.

        “Inggih, sedaya dhawuhipun Ki Lurah badhe kula estokaken”.

 

 

ana candhake

Kamis, 07 Desember 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (003)


 

003.

        Bener apa sing dikandhakne Marga, mbarengi Rangga ngentas kutuk sing dibuntel lempung saka bedhiyang, merga wis mateng, wong sing ditambani lan ditunggoni Marga kuwi wiwit nglilir saka anggone turu. Sawise mbukak mripate wong kuwi ketara yen kaget weruh Marga sing lungguh ana sandhinge. Gage-gage wong kuwi tangi, mapan lungguh karo guneman sing suwarane ketara yen ngemu rasa kuwatir :

        “Tulung Kisanak, aja cedhak-cedhak aku, aja nganti ndika katularan lelaraku sing ora lumrah iki”.

        “Aja kuwatir Kisanak” wangsulane Marga ayem, atine seneng merga sing ditulungi wis bisa guneman “aku ora bakal ketularan lelara sing mau ndika sandhang. Luwih-luwih saiki lelara ndika wis ilang, ndika wis waras, mung kari nunggu pulihe tenaga wae”.

        “Apa?” wong kuwi sansaya katon gumun krungu wangsulane Marga mangkono kuwi “aku wis waras? Sapa sing kandha? Ndika kuwi sapa?” .

        Marga mesem oleh pitakonan mangkono mau, banjur wangsulan :

        “Bener, ndika wis ora lara. Apa ndika ora krasa? Sing kandha nek ndika saiki wis waras kuwi aku, jenengku Marga lan sing ana sandhingku iki sedulurku tuwa, Kakang Rangga. Coba saiki ndika tiliki dhadha ndika sing mau rasane panas semu gatel kuwi, kareben ndika weruh nek ndika wis mari saka anggon ndika lara”.

        Wong kuwi ndhingkluk, ngulati prenah pulung atine, banget anggone gumun. Plenthing cilik-cilik sing mau ngebaki prenah pulung atine wis resik, mung kari tilas bubukan rupa kuning semu ijo sing ana dhadhane. Wong kuwi ngusap bubukan kuwi banjur diambu, ngganda jamu kaya empon-empon. Wong kuwi banjur ngerti nek wong sing ana sandhinge ngaku jeneng Marga lan Rangga kuwi sing nambani dheweke. Mripate manther nyawang Marga.

        “Saiki coba ndika ngadeg lan unjal ambegan sing landhung, isih krasa lara kaya mau apa wis suda?” Marga guneman maneh aweh prentah marang wong kuwi supaya ngadeg lan unjal napas landhung.

        Ora semaur wong kuwi banjur nindakne apa sing dikandhakne Marga. Wola-wali anggone nyedhot hawa nganggo irunge banjur alon-alon diwetokne manjaba. Dhadhane krasa longgar, longgar banget, ora ana rasa ora kepenak sing ditemoni. Ora sranta, wong kuwi banjur ndheprok neng lemah, banjur nyembah marang Marga disusul sujud karo guneman :

        “Dhuh Pukulun Jawata ingkang ngejawantah, utawi Malaikat ingkang tuhu suci, abdi paduka kula pun Sukmana ngaturaken gening panuwun awit pitulungan Paduka, temah kula boten siyos pejah lan saged mantun kados menika, lepas saking pasiksaning upasipun Kyai Nagalanang ingkang tumanduk ing raga kula. Sembah kula mugi kunjuka ing ngarsa Paduka Pukulun kekalih”.

        Marga lan Rangga banjur ngerti nek wong sing lagi wae ditambani Marga kuwi jenenge Sukmana. Nom-noman loro kuwi uga banjur kapencut kepengin ngerti luwih akeh sapa satemene Sukmana iki, awit mau keprungu nyebutake yen larane merga kena wisane Kyai Nagalanang. Apa sing dikarepake dening Sukmana iki Kyai Nagalanang sing dadi sesembahan ing Alas Patalan utawa Nagalanang liyane?.

        “nDika aja salah tampa Ki Sukmana” kandhane Marga sabanjure “ndika ora kena sujud kaya mangkono kuwi, awit kajaba sujud marang titah mangkono kuwi kleru, aku karo Kakang Rangga iki dudu Dewa ya dudu Malaikat. Nanging titah wantah, manungsa lumrah sing ora beda karo ndika lan manungsa-manungsa liyane. Saiki becik ndika tumuli tangi, lan ayo lungguh awor aku lan Kakang Rangga kene, mbok menawa awake dhewe bisa omong-omongan lan jejagongan sing ana gunane”.

        Sukmana banjur tangi lan mapan lungguh ngadhep Marga lan Rangga sing uga lungguh ing pasuketan.

        “Manawi ndika kekalih menika sanes Dewa lan sanes Malaikat, lajeng ndika kekalih menika saking kasatriyan pundi Raden Marga lan Raden Rangga?” pitakone Sukmana sawise lungguh kepenak.

        “Kaya sing dikandhakne adhiku mau Ki Sukmana” sing mangsuli genti Rangga “aku bocah loro iki anake wong sing omahe cedhak Kuthagedhe Mataram kana, merga kadohan anggonku dolan,  banjur kebablasen wegah mulih, lali omah, klambrangan nganti tekan ngendi-endi wekasane dina iki mau tekan papan kene iki lan kepethuk ndika sing mlayu - mlayu banjur tiba neng lemah, ora eling, banjur dening adhiku ndika ditambani lan andelalah saka kersane Allah ndika bisa mari iki mau. Dadi kena diarani yen aku bocah loro iki, bocah kleyang kabur kanginan, tanpa dhangka ya tanpa kayang, kandhangku langit kemulku mega. Dadi nek ngundang aku lan adhiku, Ki Sukmana bisa nganggo sebutan Adhi utawa njangkar ya kena”.

        “Inggih, inggih Adhi Rangga lan Adhi Marga” kandhane Sukmana nimbangi wangsulane Rangga “kula saestu ngaturaken panuwun ingkang tanpa pepindhan dhateng ndika kekalih, dene sampun ngluwari panandhang kula. Saestu adhi, kula sampun meh sewulan menika nandhang sakit ingkang aniksa jiwa lan raga kula, awit kapanduk wisanipun Kyai Nagalanang, ingkang miturut kabar ingkang kula tampi boten wonten tambanipun. Ananging pranyata Adhi kekalih kuwawa sembada paring usada temah kula boten siyos pejah kados ungeling kabar ingkang kula tampi bilih kula badhe pejah salebeting wekdal kalih purnama sasampunipun kula nandhang sakit ingkang boten kantenan menggah raosipun. Estunipun minangka raos panuwun kula dhateng Adhi Rangga lan Adhi Marga, kula kepengin sanget angaturi Adhi kekalih pinarak ing rompok kula, panggih kalihan kulawarga kula, nanging gandheng kalihan kawontenan ing dhusun kula ingkang nembe kisruh kula kuwatos menawi Adhi kekalih ngantos dados kurban awit tumindakipun titiyang ingkang kepengin nguwaosi dhusun kula menika”.

        “Kakang Sukmana” Marga genti sing guneman aweh wangsulan “ndika ora kudu nedha nrima sing banget-banget marang aku lan sedulurku tuwa iki, jalaran aweh pitulungan marang wong sing mbutuhake pitulungan kuwi wis dadi kuwajibanku wong loro iki. Lan maneh, temene dudu aku lan Kakang Rangga sing wis bisa marasake Kakang Sukmana saka pasiksan Wisane Kyai Nagalanang iki mau, nanging kabeh mau mung awit saka Maha Murahing Gusti Kang Maha Kawasa, kang wus njumbuhake lakuning pesthi sing kudu tak lakoni lan dilakoni dening Kakang Sukmana. Dadi nek miturut petung ndika, dina iki kurang prayoga yen aku lan Kakang Rangga sanja ing wisma ndika, ya mbesuk wae yen ana wektu sing prayoga aku lan Kakang Rangga mbok menawa bisa mampir. Mung wae, mbok menawa Kakang Sukmana ora kabotan lan dhangan ing penggalih aku lan kakang Rangga kepengin takon marang ndika Kakang Sukmana”.

        “Inggih Adhi” gage wae Sukmana mangsuli kandhane Marga “Adhi kekalih ngersakaken mundhut pirsa menapa? Ngibaratipun cangkriman, menawi kula sumerep batanganipun, tartamtu kanthi remening manah badhe kula aturaken sagamblang-gamblangipun ing ngarsa jengandika kekalih”.

        “Matur nuwun sadurunge Kakang Sukmana” wangsulane Marga “aku mung arep nyuwun pirsa, mau ndika dhawuh yen Desa panggonan ndika lagi kisruh merga ana perkara rebut panguwasa, pitakonku apa kang ndadekne sabab ndika ketaman wisane Kyai Nagalanang iki mau ana sambung rapete karo kisruhing desa ndika mau? Lan Kyai Nagalanang kuwi sapa?”.

        “Mila estu Adhi” kandhane Sukmana aweh wangsulan “sedaya ingkang jengandika pundhutaken pirsa menika mila wonten sambung rapetipun. Murih cethanipun badhe kula aturaken sedaya, sanaosa radi panjang lan mbetahaken wekdal sawatawis, mugi-mugi Adhi kekalih sabar midhangetaken cariyos ingkang badhe kula aturaken”.

        “Mesthi wae aku lan Kakang Rangga bakal kanthi seneng ngrungokne apa sing arep ndika critakake Kakang Sukmana” wangsulane Marga karo mesem “nanging gandheng kutuk sing dibakar Kakang Rangga wis mateng lan wis ora panas maneh, kanggo ampet-ampet, saiki becik awake dhewe nyampurnakne Kutuk bakar kuwi luwih dhisik, kanggo ngganjel weteng. Yen wis, gandheng wektune sedhela maneh wis surup srengenge, aku karo Kakang Rangga kudu nindakne laku panembah utawa sembahyang Maghrib dhisik. Mengko sawise sembahyang, lagi aku karo Kakang Rangga bisa kepenak nyemak lan ngrungokne crita ndika”.

        Iwak Kutuk cacah telu gedhe-gedhe sing dibakar kanthi dibuntel nganggo lempung, mung dibumboni uyah, banjur padha dipurak. Wong telu padha mangan bebarengan. Kegawa saka weteng sing lagi luwe, olehe padha mangan krasa enak banget. Nalika kuwi mbarengi kahanan dadi sansaya peteng, merga srengenge wis ambles ing cakrawala imbang kulon.

 

 

ana candhake

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (002)


 

002.

        Marga mesem ngemu teges, sedulur angkate Raden Rangga kuwi apal banget karo wewatakane Senapati Agung Mataram sing rada getapan lan luwih percaya marang kasudirane dhewe lan ora gampang nggugu kandhane wong liya. Lan sasuwene iki, tumrap Pangeran Singasari, Rangga iku isih dianggep kaya dene bocah cilik sing durung ngerti apa-apa, kajaba mung dolan lan dolanan. Mula saben-saben antarane Raden Rangga lan Pamane kuwi kerep geseh ing panemu. Sanadyan wis wola-wali Rangga tumandang aweh pambiyantu marang Pangeran Singasari nalika ngadhepi mungsuh sing mbilaeni, suprandene ora tau Pangeran Singasari nganggep yen Raden Rangga kuwi kagadhuhan kaluwihan sing migunani, nanging mung dianggep sawijining kabeneran wae.

        “Lha banjur awake dhewe apa kudu ngedoh saka Alas Patalan papane Paguron Nagalanang kuwi Kakang?” Marga banjur takon “merga yen nganti Gusti Pangeran Singasari pirsa yen awake dhewe ana sacedhake Paguron kuwi, tan wurunga awake dhewe bakal nampa bendu saka Gusti Senapati Agung kuwi, jalaran dianggep mung arep ngrusuhi wong tandang gawe?”.

        “mBah Juru ora paring dhawuh supaya aku ngadohi papane Paguron Nagalanang, mung dhawuh supaya aku luwih ngati-ati wae” wangsulane Rangga “dadi awake dhewe dening mBah Juru uga dikeparengake melu labuh mbebela Mataram ngadhepi klilip sing wujude kumpulane wong sing ngaku-aku isih turas Majapahit sing mung arep gawe kisruh kuwi. Mung wae luwih becik nek awake dhewe ora nunggal sabarisan karo wadya bala saka Mataram sing ditindhihi Paman Pangeran Singasari. Si Adhi mesthine isih kelingan lelakon-lelakon sing wis kepungkur, ya iku wong-wong sing ngaku trah Majapahit sing ajeg mesthi didombani dening para Lelembut bangsane Jim lan Siluman, kabeh mau punjere mung siji yaiku weton saka Alas Patalan. Lan Si Adhi uga ngerti, satemene sing bisa ngundurake mungsuh-mungsuhe Mataram sing ngaku-aku minangka trah Majapahit sasuwene iki satemene dudu Paman Singasari, nanging nom-noman sing jenenge Marga awit oleh pambiyantu saka gurune sing jejuluk Ki Tanparupa. Mula dina iki aku uga arep ngajak Si Adhi murih aja nganti negakne Wadyabala Mataram sajrone ngemban jejibahan saka Kanjeng Rama, mbengkas satru sekti saka Alas Patalan iki”.

        Marga mesem krungu ompakan tembung saka Rangga marang dheweke mau. Marga ya mesthi tansah kelingan wiwit geger ing Tundhan, ing Paguron Tangen lan sapiturute tanpa pambiyantu saka Rangga lan Marga wadya bala Mataram kangelan anggone bisa nglahake mungsuhe. Marga arep kumecap yen dheweke mung manut apa sing dadi karepe Rangga, nanging durung nganti kawetu tembunge, dumadakan saka kadohan nom-noman loro kuwi weruh sesawangan sing nyalawadi. Ana wong  mlayu sajak kesusu, bola-bali tiba jekangkangan neng lemah banjur tangi maneh lan nerusake anggone mlayu, wekasan wong mau teka sacedhake papan sing dienggo lungguh Rangga lan Marga. Wong mau bali tiba maneh lan nganti sauntara suwene ora bisa tangi, mung sikile obah kejet-kejet kaya wong ketaton sing arep pesat nyawane.

        Ora sranta Rangga lan Marga bebarengan ngadeg banjur mrepegi papane wong kejet-kejet sing mengkureb neng lemah kuwi. Kanthi cukat Rangga malik ragane wong mau, dilumahake. Katon mripate wong kuwi mendhelik mendhuwur nganti ora katon manike, sing katon mung mripat sing putih ora ana warna irenge babar pisan. Rangga ngrasakne nek awake wong kuwi panas banget nganti kaya mawa. Jalaran wong mau isih tansah polah, dening Rangga banjur digujer kenceng sikile. Marga sing uga weruh lan melu ngerteni kahanane wong kuwi, tumuli grengengan alon :

        “Wisa Tapakangin…….?”.

        “Apa Dhi?” Rangga kebat anggone takon “sing dikarepne si Adhi wong iki mentas dicokot ula Tapakangin?”.

        “Ora Kakang” wangsulane Marga karo nduduli peranganing ragane wong kuwi nganggo driji panudinge lan wong sing maune kudu polah kuwi banjur meneng ora obah mripate ora mendhelik maneh nanging banjur merem kaya wong lagi turu. Mung ambegane wae isih keprungu kaya wong menggeh-menggeh.

        “Wong iki sajake wis rada sauntara klebon upase Ula Tapakangin sing dicarub karo upas liyane” Marga nutugne olehe aweh wangsulan “rahayune durung kliwat saka patang puluh dina, dadi mbok menawa oleh pitulunganing Gusti, isih bisa ditambani lan dislametake”.

        Bubar muni ngono kuwi Marga banjur njupuk bumbung cilik saka pethukane, isine barang-barang bunder kaya mrica rupane abang kaya bata sing lagi mudhun saka linggan. Marga njupuk telung glintir barang sing kaya mrica kuwi, banjur dilebokne tutuke wong sing lagi ketaman wisa kuwi. Banjur wong kuwi diuculi klambine, ing dhadhane katon kaya gudhig sing mruntuk ing prenah pulung atine. Sepisan maneh Marga njupuk bumbung liyane, isine bubukan rupa ijo semu kuning, banjur sing kaya gudhig diwur-wuri bubukan kuwi. Rangga mung nyawang ora guneman apa-apa, Rangga ngrumangsani yen ing babagan kuwarasan lan lelara, dheweke kalah adoh ing sangisore Marga.

        “Muga-muga Gusti paring pitulungan” Marga grenengan ijen karo mbalekne bumbung-bumbunge menyang jero pethukane.

        “Tak takon Dhi” kandhane Rangga “saupama wong iki mau ora kepethuk awake dhewe, banjur ora kober oleh tamba, apa bakal mati ana kene?”.

        “Durung mesthi mangkono Kakang” wangsulane Marga “nek nitik wewatakane wisa sing mlebu ing ragane wong iki, nalika anggone mlebu lagi sedina nganti pitung dina, wong sing klebon wisa iki ora ngrasakne yen ketaman wisa. Lagi sawise dina kawolu nganti dina kaping pat belas, banjur ngrasakne sarandhuning awake krasa lungkrah, bebalunge krasa ngeres lan ngethok, linu-linu, disusul awake dadi sedhela panas sedhela atis. Lan yen wis ana sesasi banjur kerep bingung, saawak dadi lara kabeh ambegane dadi kerep krasa sesak lan yen wis thukul plenthing-plenthing cilik kaya sing ana dhadha kuwi, kaya-kaya sing ketaman upas iki luwih kepenak yen tumuli mati, merga saking larane lan yen wis kliwat saka patang puluh dina wong mau bakal kelangan nalar, utawa kasarane dadi edan iya awit saking ora kuwat ngempet rasa lara ing sarandhuning awake lan suwe-suwe iya banjur mati”.

        “Biyuh….biyuh, nganti kaya mangkono kejem lan wengising wewatakane wisa sing mlebu ing ragane wong iki?” kandhane Rangga takon maneh “gek kira-kira nganti bisa klebon wisa sing nggegirisi kuwi, wong iki merga dicokot Ula Tapakangin apa merga apa ya Dhi?”.

        “Yen ana wong sing dicokot Ula Tapakangin, ora nganti sapanginang suwene, wonge mesthi wis tumekeng pati, ragane garing remuk sabebalunge pisan, Kakang” wangsulane Marga “kuwi miturut crita sing tak tampa saka Ki Tanparupa jaman awake dhewe isih ana Mataram biyen. Wisa Ula Tapakangin sing mlebu ing ragane wong iki, ora ana saprasatuse wisa sing kulina digunakne Ula Tapakangin nyokot, lan dicarub karo wisa-wisa liyane, ana sing dumadi saka wisane ula nanging iya ana sing dumadi saka wisane gegremetan liyane. Dadi cetha yen ana wong liya sing kanthi sengaja ngarah cilakane wong iki, kanthi nglebokne wisa menyang ragane”.

        “Yen mangkono sing nglebokne wisa sing nggegirisi marang ragane wong iki cetha yen atine ana ulune utawa pancen pranakane Iblis” kandhane Rangga karo nggegetne untune “arepa saupama wong iki duwe luput sing kaya apa wae gedhene, ora pantes yen paukumane kudu dileboni wisa sing kaya mangko wengise. Saupama aku bisa kepethuk menungsa sing tega nindakne kaya mangkono kuwi, aku mentala saupama nempiling sirahe kareben mawut uteke”.

        “Kuwi jenenge Kakang padha wae karo wong sing gawe cilakane wong kuwi mau” wangsulane Marga karo ngguyu “apa Kakang lali karo dhawuhe Ki Tanparupa, sabisa-bisa awake dhewe iki kudu mbudidaya murih wong sing ala tumindake, njejemberi budi pakertine, bisaa bali dadi manungsa sing gelem nganggo wewatakane manungsa, ora milih nganggo wewatakaning kewan utawa wewatakaning Iblis”.

        “He he he he” Rangga gumuyu banjur wangsulan “bener awakmu Dhi, jebul aku isih kerep lali. Banjur becike kepiye Dhi?”.

        “Becike saiki awake dhewe nindakne laku sembahyang dhisik, srengengene wis ngglewang mangulon” wangsulane Marga karo mesem “miturut petunganku sadurunge srengenge surup, wong kuwi mengko wis bisa diajak omong-omongan”.

        Rangga gumuyu, banjur ngadeg ndhisiki mlaku ngudhuni gampeng, arep sesuci ing Kali Sumberlanang. Marga ora tumuli nututi jalaran ora tega ninggal wong ditambani kuwi kijenan tanpa ana sing ngancani.

 

ana candhake

 

Selasa, 05 Desember 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (001)


 

001.

        Rangga aweh sasmita marang Marga supaya mandheg, sawuse dirasa anggone mlaku rikat wis rada adoh karo Padhukuhan Kepuh Agal. Pancen anggone mlaku rikat nom-noman loro kuwi wis sansaya cedhak karo Gunung Lawu, kang miturut weca sing ditampa Rangga lan Marga ing sukuning Gunung kuwi mapane Sendhang Mustikaning Warih. Rangga banjur mapan ngiyom ing ngisore wit sing gedhe sing ana sapinggiring kali cilik sing bening banyune. Ngerti nek Rangga lungguh neng ngisor wit, Marga banjur mudhun menyang gisiking kali, raup lan ngincipi banyune kali sing bening kuwi. Ora suwe banjur mlaku munggah nusul Rangga lan mapan lungguh ing sandhinge.

        “Wis mbok rasakne banyune kali kuwi Dhi?” pitakone Rangga nalika Marga wis mapan lungguh.

        “Uwis Kakang, kali iki beda karo kali Gebyog sing ana sacedhake Kepuh Agal” wangsulane Marga “kali iki luwih dawa tinimbang kali Gebyog, jalaran tuking kali iki sajake saka gunung sing luwih dhuwur. Ketitik saka rasa lan wataking banyune”.

        “Si Adhi wis ngerti kali iki aran kali apa?” Rangga takon maneh.

        “Durung Kakang” wangsulane Marga sing banjur genti takon “lha Kakang apa wis pirsa?”.

        “He he he ….” Rangga gumuyu lirih banjur wangsulan “nek nitik unine layang saka Simbah Juru sing digawa Tumenggung Tesengkusuma, kali iki sing diarani Kali Lanang utawa Kali Sumber Lanang, tuke kali iki mapan ana Gunung Lawu, sumbere sinimpen ing oyote wit Waringin Putih. Biyen aku tau didongengi Kanjeng Ibu, ya ing ngisor wit Waringin Putih kuwi  Raden Yudayanaputra nglakoni tarak brata patang puluh dina lawase, sawise kapracondhang saka madyaning perang Pralaya sing ndadekne tumpese Sri Dharmaputra”.

        “Raden Yudayanaputra kuwi sapa Kakang? Gajege lagi saiki aku krungu sebutan kuwi uga Sri Darmaputra kuwi ratu ing ngendi? Dhek jaman apa?” Marga takon sajak kapencut karo wangsulane Rangga.

        “Kuwi dongeng jaman kuna” wangsulane Rangga “sing ndongeng Kanjeng Ibu marang aku saben-saben aku angel turu. mBuh tenane aku dhewe ya ora ngerti, Raden Yudayanaputra kuwi satriya saka Tlatah Bali, ya kuwi pulo cilik sing manggon ing sawetane Tanah Jawa, sing banjur dipundhut putra mantu dening Sang Prabu Teguh Darmaputra ya Darmawangsa, Narendra gung binathara sing ngratoni Tanah Jawa, kuthane sinebut Medhangkamulan”.

        “Medhangkamulan kratone Prabu Baka sing wekasane kecemplung segara dadi bajul putih, merga dikebut nganggo sorbane Aji Saka kae Kakang?” Marga nyelani crita.

        “Kuwi aku ya ora ngerti, Mendhangkamulan sing mbok kandhakne kuwi apa Mendhangkamulan liyane” wangsulane Rangga “wong jenenge panggonan kuwi sok ana sing padha nanging beda papane. Karo maneh wong kabeh mau mung dedongengan, jenenge dongeng kuwi nek dipaido ya ora mengeng, bisa bener lan bisa luput, nanging ora kena dieyel”.

        “Iya Kakang” wangsulane Marga karo mesem “banjur tutuge piye?”.

        “Ya jaman Kraton Medhangkamulan nganakne pista raja kanggo mahargya dhaupe Raden Yudayanaputra kuwi, Kraton Mendhangkamulan katlusuban mungsuh sing apangawak dom sumuruping banyu, ya iku Raja Telukan saka Negara Wora-wari, sing wekasane dadi srayane negara Swarnabumi. Ya merga saka culikane Ratu Wora-wari sawadya balane kuwi sing ndadekne Kraton Medhangkamulan lebur dadi awu merga diobong nalikane Prabu Darmaputra lan para punggawa praja padha kepati nendra sawuse tutug nggone padha mangun pista.  Tujune nalika samana Raden Yudayanaputra uninga sanajan wis kepara kasep, yen sing ngobong kraton Mendhangkamulan kuwi Ratu Wora-wari lan wadya balane. Merga kalah wadya, wekasan Raden Yudayanaputra kanthi kadherekne dening garwane  Dewi Sri lan Dewi Lasmi, lolos nilar praja. Ing pangangkah arep nata kekuwatan kanggo males wirang mara Raja Wora-wari. Sawuse lolos nilar praja wekasan Raden Yudayanaputra tekan ing sangisore wit Waringinputih sing ngemu cahya kaya cahyane Wulan Purnama. Raden Yudayanaputra tumuli nindakne tapa brata ing kono nganti patang puluh dina suwene lan kaparingan pituduh dening Kang Maha Kawasa temah bisa ngrebut Kraton Medhangkamulan sing wis dadi awu kuwi saka tangane mungsuh lan bisa ngalahne mungsuh-mungsuhe. Wekasan Raden Yudayana yasa Kraton anyar sing diarani Kraton Medhangkauripan, jumeneng nata ing kono, nutugne jejibahane Prabu Teguh Darmawangsa, ajejuluk Sang Maha Prabu Erlangga. Kuwi dedongengan saka Kanjeng Ibu sing tau tak rungu, mbuh nyatane aku ya ora ngerti”.

        “Dadi tuke kali cilik iki klebu panggonan kang ora sabaene ya Kakang?” pitakone Marga sawuse Rangga rampung nyritakne dedongengan sing ditampa saka ibune “aku kok kepengin ngerti kaya apa wujude Waringin Putih sing ana pok-pokane kali iki ta Kakang?”.

        “Padha Dhi” wangsulane Rangga “jalaran, kajaba saka dedongengan mau, ing layang saka Simbah Juru sing digawa Tumenggung Tesengkusuma iki, uga dicritakne yen durung pati suwe iki ing tuke Kali Lanang iki, uga ana sawijining bangsa Jim sing apangawak ula gedhe jenenge Kyai Nagaraga ya Kyai Nagalanang sing nindakne tapa brata lan sawuse tapa brata ana kono, dina iki Kyai Nagaraga utawa Kyai Nagalanang mapan ana salah sijining guwa kang ana ing alas Patalan. Kyai Nagalanang kuwi dadi sesembahane wong-wong sing manggon ing sacakete Guwa papane Kyai Nagalanang. Paguron kuwi jenenge Paguron Nagalanang lan pangarsane nganggo sebutan jeneng sing padha karo sesebutane Jim apangawak ula gedhe kuwi, ya iku Kyai Nagaraga utawa Kyai Nagalanang. Lan Paguron kuwi sing nyawisake pangan kanggo Ula sing manggon neng njerone guwa kuwi, wujude wedhus jemaka urip sing dilebokne liwat lawangane guwa, samangsa-mangsa juru kuncine guwa krungu suwara ngakake Ula saka sajabane guwa”.

        “Ya pancen mekaring budayaning wong kuwi beda-beda Kakang” kandhane Marga nyelani kandhane Rangga “mbok menawa wae Jim sing wujude Ula gedhe kuwi tau nuduhne pangeram-eram sing gawe gumune wong-wong ing Paguron sing manggone ing alas Patalan kuwi, temah banjur padha ngira yen Ula kuwi Dewa sing bisa gawe beja cilakane manungsa, mula banjur padha disembah. Lan yen cadhong pangane Ula kuwi wujude mung wedhus jemaka, tak kira iya ora pati mitunani tumrap wong kono, tinimbang diumbar golek pangan dhewe, rak luwih mbebayani, bisa – bisa sing dimangsa malah bocah sing lagi dolan.”

        “Nek perkara Ula didadekne sesembahan lan dicadhongi pangan wedhus jemaka, kuwi ora dadi kawigaten sing baku tumrap mBah Juru sing disebutake ing layang iki, Dhi” kandhane Rangga maneh.

        “Banjur apa maneh dhawuhe Gusti Patih Mandaraka, sing ana sambung rapete karo Ula gedhe kuwi Kakang?” Marga banjur takon marang Rangga.

        “mBah Juru ndhawuhake, mesthi wae dhawuhe mBah Juru Martani iki iya saka atur palapurane Prajurit Teliksandi Mataram. Paguron Nagalanang kuwi ngimpun kekuwatane wong-wong sing ngaku Trah Majapahit, sing satemene tedhak turune Adipati Girindrawardana. Lan wong-wong kuwi kaya sing uwis-uwis duwe gegayuhan arep njongkeng kawibawan Mataram. Malah wektu iki wis akeh Desa cilik-cilik sing ana sakiwa tengene Patalan lan sakupenge Gunung Lawu sisih lor wetan, padha kapilut melu manunggal marang Paguron Nagalanang lan wis ora gelem seba unjung ngaturake bulu bekti marang Mataram. Pancene ora kabeh Lurah Desa kuwi anggone manunggal karo Paguron Nagalanang kuwi merga kapencut kepengin uwal saka kawibawan Mataram, nanging jalaran saka rumangsa wedi yen nganti dimungsuhi dening Paguron Nagalanang, wekasan iya banjur pilih manut watone slamet” wangsulane Rangga nggenahne isining layang saka Patih Mandaraka marang dheweke.

        “Mangkono ya Kakang?” wangsulane Marga sing banjur takon “mbok menawa ana dhawuh saka Gusti Patih marang Kakang lan aku magepokan karo anane lelakon iki?”.

        “Kanggo aku lan si Adhi durung ana dhawuh apa-apa” wangsulane Rangga “kajaba supaya nambahi pangati-ati jalaran lakune awake dhewe iki wis sansaya cedhak karo mapane Sendhang Mustikaning Warih. mBah Juru uga paring warta yen Paman Pangeran Singasari uga wis nata prajurit lan milihi para senapatine, kanggo diajak nglurug menyang Paguron Nagalanang lan ngendharat pangarsane Paguron sing mirong kampuh jingga kuwi. Mula mBah Juru paring weling, aku ora kaparengake melu-melu ing babagan iki, merga wis dadi watake Paman Singasari yen maju perang lan nindakne jejibahane ora seneng yen ana bocah cilik sing teka melu rusuh-rusuh”

 

 

ana candhake

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...