Total Tayangan Halaman

Jumat, 15 Desember 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (11)


 

011.

        Ki Jagabaya Tampeng sansaya muntab manahipun awit dipun penthelengi dening Ki Palir makaten menika. Tumrap Ki Jagabaya, Ki Palir menika boten wonten menapa-menapanipun, dereng wonten tinonipun Ki Palir menika kerengan kalihan tiyang sanes lajeng mimpang makaten. Ki Jagabaya ugi ngertos menawi Ki Palir menika mila boten remen gladhen ulah kanuragan, rumiyin mila nate dipun gladhi dening tiyang sepuhipun ingkang ugi salah satunggaling dhukun kanuragan, nanging sasampunipun Ki Anggira pejah, Ki Palir kendel boten nate sinau ulah kanuragan malih. Malah nalika para siswanipun Kyai Gendirireng dening Ki Lurah Brendhilan dipun wajibaken tumut gladhen kanuragan, Ki Palir pilih atur pisungsung dhateng Ki Lurah murih kaparengaken boten tumut gladhen. Pramila dupi sumerep menawi Ki Palir sajak boten trimah dipun getak lan dipun pisuhi, Ki Jagabaya dados sakalangkung anggenipun nesu. Ngiras pantes badhe nedahaken kasetyanipun dhateng Daksina, Ki Jagabaya badhe ngajar Ki Palir babar pisan, sanaosa estunipun antawisipun Ki Palir lan  Jagabaya Tampeng menika taksih wonten sambeting sedherek, awit semahipun Ki Palir, Tandur, menika taksih kaprenah mbokayu nak dherek kalihan Ki Jagabaya. Ewa samanten Ki Jagabaya boten badhe tidha-tidha malih menawi Ki Palir boten purun nuruti dhawuhipun Raden Mas Daksina.

        “Heh Jagabaya Tampeng” dumadakan Ki Palir ugi maju sajangkah kalihan wicanten “nalarku iki isih waras, mula aku wegah nggugu rembug sing goroh lan ngayawara. mBuh sapa sing guneman, embuh kuwi Raja utawa Pandhita, embuh kuwi wong pidak pejarakan gedibal sangalikur paribasane, nek sing dikandhakne tinemu ing nalar lan ngajak marang kabecikan mesthi bakal tak gugu. Nanging nek omongane kaya wae sing lagi tak rungu iki mau, ora bakal aku percaya, mesthi aku ora sudi nggugu. Nek kowe utawa wong liyane arep nggugu, kuwi dudu perkaraku lan aku ora arep ngaru-biru, nanging aja ajak - ajak luwih – luwih meksa aku supaya aku melu. Sabanjure nek minangka pamong kowe wirang merga duwe warga aku, aja kuwatir Ki Jagabaya, dina iki uga aku ora arep manggon neng Brendhilan. Ora mung kowe sing duwe rasa wirang, sanadyan aku ya banget isin dadi warga Brendhilan sing pamonge mung kaya kowe kuwi….”

        “Iblis laknat, tak suwek cangkemmu sing rusak kuwi Palir!” kalihan mbengok seru, Jagabaya Tampeng mencolot badhe mrawasa Ki Palir.

Nanging boten kawon kebatipun, Dana ingkang wiwit wau boten pegat anggenipun ngulati kawontenanipun Ki Palir, sampun ngaglah ing ngajengipun Ki Jagabaya, pasang kuda-kuda siyaga ngadhepi bebaya.

“Keparat sapa iki wani ngadhang neng ngarepku he?” Ki Jagabaya sansaya muntab wonten tiyang ingkang cetha menawi badhe ngrencangi Ki Palir.

“Ditepungne wae Ki Jagabaya, jenengku Dana” wangsulanipun Dana kalihan mesem, babar pisan boten wonten tandha menawi ering dhateng Ki Jagabaya Tampeng.

“Duwe karep apa kowe malangi nggonku arep mrawasa Palir he ?” Ki Jagabaya pitaken kalihan nggetak.

“Ora arep malangi kowe Ki Jagabaya, nanging wis dadi tekading uripku, sapa wae kena nyenggol ragane Ki Palir yen wis kuwawa nglangkahi bathangku” Dana suka wangsulan kanthi suwanten ingkang atos.

“Setan alas, prenah apa kowe karo si Keparat Palir he?” Ki Jagabaya sansaya muntab.

“Dudu sanak dudu kadang, yen mati aku kelangan!” wangsulanipun Dana.

“Yen mangkono iki tampanana” Ki Jagabaya ngangkat sukunipun kanan dipun dugangaken ngarah lambungipun Dana.

Nanging Dana langkung prayitna, panyadhukipun Ki Jagabaya kapapag mawi dhengkul ingkang dipun kiyati mawi tangan kalih ingkang ngepel ing kanan lan keringipun. Wonten kekiyatan kalih ingkang tempuk. Kekiyatan panempuh saking Ki Jagabaya tempuk kalihan kekiyatanipun Dana ingkang anadhahi. Tempuking kekiyatan menika, ndadosaken kekalihipun sami kontal dhateng wingking. Dana kontal tigang jangkah, kuda -kudanipun ambyar, nanging tumunten saged siyaga malih kangge ngadhepi mengsahipun. Ki Jagabaya ingkang boten nyana menawi anggenipun ndugang badhe nanggor dhengkul lan kepelanipun Dana, ugi kontal mundur tigang jangkah, adegipun lajeng radi goyang. Ki Jagabaya tumuli tata-tata malih kangge ngambali panrajangipun dhateng Dana. Boten dangu tiyang kalih menika sampun rame anggenipun sami adu kasantikan.

Sawatawis menika, tiyang tiga pendherekipun Raden Mas Daksina, saking Paguron Gendirireng ingkang sumerep menawi Ki Jagabaya sampun aben ajeng kalihan Dana, tiyang tiga menika tumuli nyaketi Ki Palir, ingkang wurung dipun prawasa dening Ki Jagabaya. Gothot lan Wala, ugi sampun tanggap. Tiyang tiga ingkang nyaketi Ki Palir menika tumunten dipun adhepi. Dados tandhing. Tiga mengsah tiga. Namung Raden Daksina ingkang boten nggadhahi mengsah. Lajeng mundur pados papan ingkang radi ayom, ningali rowangipun ingkang sami  adu kasudiran.

Sansaya dangu anggenipun sami ngunggar kasudiran sansaya rame. Ki Palir ingkang ketingalipun boten remen ulah kanuragan menika, pranyata solahipun kesit lan cukat, mengsah Pendherekipun Raden Mas Daksina, siswa Padhepokan Gendirireng menika, Ki Palir babar pisan boten katingal kethetheran. Sanadyan mengsah ingkang dipun adhepi nyata cukat lan trengginas, lan solahing tangan lan sukunipun kados kitiran, suprandene kanthi gampil Ki Palir saged nangkis utawi ngendhani. Malah sampun wongsal-wangsul siswa Padhepokan Gendirireng menika dhawah glangsaran, kedhawahan dugangan utawi pupuhan saking Ki Palir.

Dangu-dangu sansaya kraos emu siswa Paguron Gendirireng menika, jalaran sedaya panrajangipun saged dipun tangkis dening Ki Palir kanthi pas, utawi dipun endhani kanthi sekeca. Lan pranyata Ki Palir nggadhahi simpenan tenaga ingkang langkung ageng katimbang piyambakipun, ketitik saben-saben kedadosan adu kekiyatan, pandherekipun Raden Mas Daksina menika kontal dhateng wingking langkung tebih tinimbang kontalipun Ki Palir. Wekasan telas kesabaranipun siswa Paguron Gendirireng menika, lajeng ndudut dedamelipun wujud Pedhang ingkang ketingal sakalangkung landhep lan lancip.

“Palir Murid murtad” kalihan ngobahaken pedhangipun murid Paguron Gendirireng niku wicanten “aja kesusu bungah dhisik, merga kowe sembada  ngladeni tandangku sing mung lelahanan. Saiki tanganku wis nyekel pedhang, gage unusen pedhangmu!. Yen nganti sajroning pitung jurus ora jebol jantungmu katembus pucuking pedhangku, tak sembah ider-ideran kowe”.

Sumerep mengsahipun sampun mbeta dedamel wujud pedhang, Ki Palir ugi lajeng ngunus pedhangipun saking wrangka. Boten patos panjang, nanging ketingal menawi menika pedhang pusaka, mila pedhang ingkang dipun sukani nami Kyai Sabetsatru menika pedhang kina tilaranipun Ki Anggira, tiyang sepuhipun Ki Palir, ingkang jaman gesangipun kondhang minangka dhukun ngelmu kanuragan.

“Aja kegedhen umuk Kisanak” kalihan mesem sajak ngece Ki Palir mangsuli sesumbaring mengsahipun “mara majua mrene leganing atiku, suntaken kasudiranmu keteken japa mantramu, ora-ora nek aku bakal mundur sejangkah”.

Tiyang kalih menika tumunten nglajengaken anggenipun kerengan. Malah sansaya nggegirisi tinimbang kala wau. Awit kekalihipun sampun sami nyepeng dedamel, sisip sembiring solah saged ndadosaken tiwas kenging dedameling mengsahipun.

Boten tebih saking papanipun Ki Palir perang tandhing kanthi gegaman pedhang, Gothot lan Wala ugi nembe ngadhepi mengsahipun. Gothot lan Wala anggenipun ngadhepi mengsahipun mawi cara perang pasangan, kados limrahipun peajurit ingkang perang ing palagan ageng. Kekalihipun gilir gumanti tansah ambiyantu rencangipun ugi ngayomi setunggalipun. Milih perang mawi pasangan menika, jalaran Wala sumerep kekiranganipun Gothot, ingkang kajawi sampun dangu boten tumut gladhen kanuragan jalaran mila padamelanipun mbajingi Cikar, wekdalipun telas kangge ngudhak dhedhak lan njereng rendeng kangge tedhaning lembunipun, ugi tenaganipun Gothot sampun boten rosa malih kabekta dening tambahing umur ingkang sansaya sepuh. Kanthi cara perang pasangan menika, kekiranganipun Gothot saged dipun tambal dening Wala, dados inggih boten patos nguwatiri.

Benten kalihan pandherekipun Raden Mas Daksina ingkang ngadhepi Gothot lan Wala. Kekalihipun ingkang dipun gladhi namung perang tandhing, ijen sami ijen, boten mudheng kalihan perang cara pasangan. Pramila sareng ngadhepi Gothot lan Wala ingkang ngginakaken cara pasangan, kekalihipun asring bingung piyambak setunggal lan setunggalipun asring salah tampi. Ingkang makaten menika malah ndadosaken perang sansaya rame. Awit sanaosa siswa saking Paguron Gendirireng menika nggadhahi kalangkungan ing ulah kanuragan, nanging kawon ing babagan tata caraning perang. Satemah kawontenan lajeng dados imbang.

Ingkang sakalangkung rame perang tandhingipun Ki Jagabaya ingkang mengsah Dana. Jagabaya Tampeng mila sekti mandraguna, cukat, trengginas lan trampil. Nanging Dana ugi nggadhahi kadigdayan ingkang ngedab-edabi. Boten maiben mila Dana menika kalebet sinoman Pangapitan ingkang pinitados ngesuhi para sinoman sanesipun. Pramila ngadhepi Ki Jagabaya Tampeng inggih boten rumaos kawratan, nanging ugi boten kraos kenthengen. Kekalihipun gilir gumantos, silih ungkih gentos kalindhih. Kekalihipun kerep dhawah glangsaran ing pasuketan awit kadhawahan gempuraning mengsah.

 

 

Ana candhake

Kamis, 14 Desember 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (10)

010.

        Ngantos radi dangu Ki Palir boten suka wangsulan, malah kalih suwanten ingkang namung klesak-klesik lajeng ngandhani semahipun murih radi manebih dhateng sacaketing cikar. Ki Palir nyriyosi semahipun menawi badhe ngadhepi tiyang-tiyang menika. Ki Jagabaya ingkang anggenipun pitaken boten tumunten dipun wangsuli, manahipun sansaya benter. Kalihan majeng sajangkah, Ki Jagabaya wicanten kalihan suwanten ingkang songar :

        “He Palir, aku iki Jagabaya, Pamong Desa Brendhilan! Kowe tak jak guneman wiwit mau kok tansah nyepelekne, mbok anggep apa aku iki He?”.

        “Aku iki ora nyepelekne Ki Jagabaya” wangsulanipun Ki Palir tatag “wiwit pisanan ketemu mau aku takon ora mbok wangsuli, malah ndika banjur takon bola-bali tak wangsuli apa anane. Mung pitakonmu sing keri dhewe kuwi mau sing durung tak wangsuli. Merga pitakonmu kuwi lucu, sing mlaku tekan kene kuwi ndika lha kok sing ditakoni karepe malah aku? Kuwi apa ora lucu? Nanging nek ndika meksa aku supaya wangsulan, saiki ndika rungokne aku arep wangsulan : ndika ndherekne sapa kuwi aku ora ngerti lan ora butuh ngerti. nDika lan sing ndika dherekne nganti tekan kene kuwi duwe kersa apa aku ya ora weruh lan ora butuh weruh, Wis cetha ta? Nek wis cetha, saiki aku arep ngajak bojoku lunga saka papan kene, merga aku isih duwe gaweyan sing kudu tak tandangi. Ngerti?”

        Dipun wangsuli kados makaten kala wau Ki Jagabaya Tampeng sakala muntab. Untunipun nggeget, tanganipun ngepel, Ki Palir badhe dipun tangani. Nanging dipun candhet dening tiyang ingkang dipun sebat Denmas Daksina kalawau. Sasampunipun Raden Mas Daksina suka sasmita dhateng Ki Jagabaya murih kendel, nunten majeng sejangkah kalihan wicanten dhateng Ki Palir, suwantenipun kepireng alus :

        “Aja kesusu ngalih dhisik Kang Palir, aku kepengin rembugan sethithik karo kowe”.

        Dipun ajak rembagan mawi suwanten ingkang alus makaten kala wau, Ki Palir lajeng wangsulan kanthi basa ingkang alus ugi:

        “Nyuwun pangapunten Denmas, Denmas badhe paring dhawuh menapa dhateng kula?”

        “Durung suwe iki, aku nampa dhawuh saka Kyai Nagalanang sing lagi tapa ing kedhatone kang wujud Guwa Suci Patalan, dhawuh mau kajaba kanggo aku uga kanggo Kang Palir” wangsulanipun Raden Mas Daksina.

        “Kangge ndika lan kangge kula Denmas? Kok aneh sanget?” Ki Palir wangsulan alus, mawi pitakenan “Kula menika sumerep saliranipun Kyai Nagalanang ingkang ngedhaton ing salebeting Guwa Suci Patalan menika kemawon dereng nate, malah kalihan Kyai Nagalanang ingkang jumeneng minangka Guru Agung ing Padhepokan menika, kula sumerep inggih nembe kaping sepisan, menika kemawon saking katebihan, kok dumadakan Denmas ngendika menawi nampi dhawuh kangge kula, harak inggih aneh ta Denmas?”

        “Aneh kuwi tumrap titah sing nggunakne nalar wantah?” Daksina suka wangsulan kalihan mesem wiyar “nek tumrap Kyai Nagalanang sing wenang murba tan wenang kapurba, aja maneh mung marang Kakang Palir ora pirsaa, sanadyan mobah-mosike kabeh titah sing ana ing Tanah Jawa iki Kyai Nagalanang ora kekilapan babar pisan. Iya sing wis kelakon apa kang durung kelakon”

        “Lajeng dhawuh kagem Denmas menapa ingkang kangge kula menapa Denmas?” ugi kalihan mesem Ki Palir pitaken.

        “Dhawuhe Kyai Nagalanang, sadurunge enteke tahun iki, Kraton Majapahit sing saiki manggon ana ing Alas Patalan bakal ngadeg, kang jumeneng Nata ora liya trah lajer saka Narendra Majapahit. Alas Patalan lan Alas Ketangga sing saiki isih wujud alas gung liwang-liwung kuwi jroning sakedheping netra bakal dadi Kutharaja sing rame lan reja. Kanthi timbule Kraton Majapahit iki mengko, sakehing Raja, Adipati, Demang, Lurah lan sapanunggalane kang wektu iki ana, bakal sirna kabeh, kajaba yen gelem manunggal lan sumpah bakal setya marang Majapahit, samono uga tumrap para kawula cilik sing gelem ngawula marang Raja Majapahit sarta gelem ambathara marang Kyai Nagalanang uripe bakal ora kurang sandhang apa dene boga selawas-lawase lan tumrap kang ora gelem ngawula marang Majapahit luwih-luwih ora gelem mbathara marang Kyai Nagalanang, mangka bakal nemu cilaka, ragane rusak dadi rabuking bumi, sukmane bakal digodhong dadi isen-isening kawahe Gunung Mahendra.”

        Daksina kendel sakedhap anggenipun wicanten, suka wekdal dhateng Ki Palir mbok menawi badhe wicanten. Nanging Ki Palir pilih mendel, boten kumecap menapa-menapa. Namung salebeting batos, maiben dhateng menapa ingkang dipun ucapaken dening Daksina, ingkang miturut pamanggihipun Ki Palir namung crita ngayawara ingkang boten kepanggih ing nalaripun tiyang ingkang waras.

        “Sabanjure” sareng Ki Palir babar pisan boten kumecap, Daksina nglajengaken anggenipun wicanten “sawise Majapahit klakon madeg, aku bakal kaparingan jejibahan dening Kanjeng Sinuhun minangka Adipati Brang Kulon, ngesuhi sakehing Adipati sing saiki kebawah Mataram. Lan kowe Kakang Palir bakal nampa ganjaran, kasengkakake ngaluhur dadi pepatihku. Nanging kabeh mau ana sarat kang kudu diwujudi wiwit saka saiki”.

        “Lajeng saratipun menapa Denmas?” tanpa dipun sengaja pitaken makaten menika medal saking lathinipun Ki Palir.

        “Sarat sing kanggo aku, ora prelu tak kandhakne marang kowe” wangsulanipun Daksina “dene sarat kang kudu mbok wujudi, kuwi klebu entheng lan gampang nganggo banget. Ya iku kowe kudu masrahake sisihanmu marang aku. Tandur bakal tak muktekake dadi garwa ampilku lan kowe bakal tak paringi brana picis sacukupe sing bisa turah-turah nek arep mbok enggo rabi maneh”.

        Mireng tembungipun Daksina ingkang makaten kala wau, Ki Palir nembe mudheng kalihan ucapipun ingkang estri kala wau ingkang mastani bilih tiyang-tiyang menika tiyang edan sedaya. Ki Palir boten tumunten ngucap wangsulan, nembe nata manahipun murih boten katut kepancing kalihan ucapipun Daksina, ingkang alus nanging sampun ngremehaken dhateng piyambakipun.

        “Kang Palir aja nduwe gagasan yen aku keyungyun marang ayune Tandur sing wis dadi sisihanmu kuwi” Daksina guneman malih amargi Ki Palir boten tumunten wicanten “nanging aku mung sadrema ngemban dhawuh saka Kyai Nagalanang sing kudu tak tindakne kanthi lila legawaning ati, kaping pindho merga aku uga kepengin aweh pambiyantu marang Kang Palir apa dene Tandur murih bisa nduweni kalungguhan lan drajat sing luwih luhur. Dina iki uga sarat kanggo Kang Palir bisa mbok wujudi, Tandur tak kanthine bali menyang kasatriyan lan brana picis sing kanggo kowe bisa mbok jupuk menyang Dalem Kalurahan Brendhilan sepasar maneh. Piye Kakang Palir?”

        Dipun ampet-ampet sansaya boten kiyat raosing manahipun Ki Palir, nanging rahayunipun Ki Palir taksih saged nata nalaripun, temah anggenipun wangsulan taksih kepireng runtut sanaosa sampun boten patos alus malih :

        “Nyuwun pangapunten Denmas, ndika mila kenging dhawuh menapa kemawon sakersa ndika, jumbuh kalihan kapitayan ndika. Nanging kula ugi wenang guneman lan ngekahi kapitayan kula. Menawi ndika lan tiyang sanesipun pitados lan badhe tumut miturut dhateng Kyai Nagalanang niku nggih mangga-mangga mawon, nanging tumrap kula ingkang taksih nggadhahi nalar jangkep lan waras, sedaya ingkang ndika dhawuhaken kala wau menika namung kabar goroh, crita ngayawara, menawi dipun gega tan wurunga badhe nguwohaken cilaka. Lan kula kalih semah kula sarta kanca-kanca kula niki sedaya boten kepengin cilaka, mula sedaya ingkang ndika dhawuhaken boten badhe kula pitados lan boten badhe kula lampahi”.

        “Keparat kowe Palir…..” Jagabaya Tampeng ingkang wiwit wau namung mendel mirengaken anggenipun rembagan Daksina kalihan Ki Palir, dumadakan misuhi kalihan nggetak Ki Palir “aja mung dlangap-dlangap waton bisa ngucap, kowe aja gawe wirange wong Brendhilan, rumangsamu kowe kuwi lagi guneman karo sapa he? Apa nalarmu wis onya, teka kowe wani mbantah apa sing dadi dhawuhe Denmas Daksina, putrane Kyai Gendirireng, wewakile Kyai Nagalanang sing kuwasa gawe beja lan cilakamu he? Ngertia!, aku wirang dadi Pamong Desa Brendhilan nek duwe kawula kaya dhapurmu sing wuta ing reh tata krama ngono kuwi!”.

        Dipun pisuhi lan dipun getak kados makaten menika, Ki Palir boten ajrih. Ki Palir ngertos menawi Ki Jagabaya Tampeng mila nggadhahi kalangkungan ing reh kanuragan. Lan sampun kathah tiyang-tiyang ing Brendhilan ingkang dipun tangani saha dipun ajar menawi wantun kalihan piyambakipun. Nanging bawaning ngekahi kaprawiran, sutik nampani tumindak sawiyah-wiyahing liyan, Ki Palir nekad badhe wantun kalihan Ki Jagabaya Tampeng. Ki Jagabaya dipun penthelengi kalihan mripat ingkang murup ingkang nedahaken menawi Ki Palir boten narimahaken anggenipun sampun dipun getak saha dipun pisuhi dening Ki Jagabaya.

       

ana candhake

 

Rabu, 13 Desember 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (009)


 

009.

        Sedinten sasampunipun Ki Palir jagongan kalihan Ki Lurah, Ki Palir siyos bidhal dhateng Brendhilan saprelu murugi semahipun badhe dipun ajak boyong dhateng Pangapitan. Dening Ki Lurah, Ki Palir dipun ampili Cikar ingkang dipun tarik dening lembu jangkep sabajinganipun ingkang nami Gothot. Ing pangangkah Cikar menika badhe kangge ngusung barang-barangipun Ki Palir saking Brendhilan ingkang saged dipun bekta dhateng Pangapitan. Kajawi menika lampahipun Ki Palir ingkang nunggang Kapal ampilan saking Ki Lurah, ugi dipun kancani Sinoman Pangapitan ingkang sampun lebda ing ulah kanuragan cacah kalih inggih menika Dana lan Wala, kekalihipun ugi sami nunggang kapalipun piyambak-piyambak.

        “Iki mengko kira-kira durung nganti surup srengenge wis tekan ngenggon kok Dhi” tuturipun Ki Palir dhateng Dana lan Wala nalika anggenipun sami mlampah sampun sawatawis wekdal “merga nek aku mlaku ndharat ngana kae, budhal saka Pangapitan mbarengi pletheking srengenge kaya mau, surup srengenge mesthi wis mlebu omah. Kamangka wong mlaku ndharat kuwi nganggo mondhag-mandheg barang. Beda nek karo nunggang jaran ngene iki, sanadyan ora mlayu merga ngetutne lakune cikar, nanging lakune rak ajeg, ora nganggo leran-leren.”

        “Inggih Ki” wangsulanipun Dana ingkang anggenipun nggelak kapal ingkang dipun tunggangi ing sisihipun Ki Palir, kalihan gumujeng alon “upami kendel, inggih mangke menawi sampun srengenge sampun meh ngglewang mangilen. Upami boten kendel inggih boten menapa-menapa, namung mesakaken wandenipun menawi namung dipun liwati lan boten dipun ampiri.”

        “Nek iki mengko ya kapeksa ora mampir warung Kang” dumadakan Wala ingkang anggenipun nggelak kapalipun ing wingkingipun Ki Palir nyauti rembag.

        “Kok kapeksa ta Dhi? Sapa sing meksa?” Dana noleh sakedhap kalihan pitaken dhateng Wala.

        “Sing meksa mBokmas Lurah Kang” wangsulanipun Wala kalih gumujeng “lha wong mau aku didhawuhi nglebokne bontotan menyang Cikare Man Gothot, sega sawakul jangkep salawuhane, ana dhendheng kidang, kuluban sambel lan lalapane barang ya ana. Aku mau didhawuhi sarapan neng kana, merga tekaku neng Kalurahan isih kesuken, wong tak kira budhale nek peteng, jebul srengengene wis mlethek lagi mangkat”.

        “Nek aku sarapan neng omah” wangsulanipun Dana “wong dening Biyung aku mau dicawisi sega loyang sing dikrawu klapa”.

        Kapal tiga ingkang ngeringaken Cikar menika terus mlampah kanthi ajeg, boten banter nanging inggih kalebet rikat. Nalika srengenge sampun manjer ing tengahing langit, Ki Palir ngajak kendel, ing panggenan ingkang radi lempar.

        Nanging nembe mawon Ki Palir mandhap saking kapalipun, dereng ngantos kapal dipun cencang, dumadakan Ki Palir dipun kagetaken kalihan suwantenipun tiyang estri ingkang nguwuh-uwuh saking katebihan.

        “Kakang Palir….. kula sampean tulungi Kakang…..”

        Sansaya kaget malih manahipun Ki Palir sareng noleh dhateng asaling suwanten, jebul ingkang sambat-sambat nedhi tulung menika semahipun piyambak ingkang mlajeng-mlajeng mrepegi papanipun. Boten sranta Ki Palir mlumpat anyaketi semahipun, kalihan manah ingkang trataban.

        “Kula sampean tulungi Kakang……” sambatipun Nyai Palir kalihan ngrangkul ingkang jaler, tangisipun ambrol.

        “Iya, iya Nyai, kowe mesthi tak tulungi” wangsulanipun Ki Palir kalihan ngusap-usap sirahing semahipun. Gothot, Dana lan Wala sami nyaket.

        “Tentremna atimu luwih dhisik Nyai” tuturipun Ki Palir dhateng ingkang estri “ilangna rasa was lan kuwatirmu, aku wis ana sandhingmu, aku bakal ngayomi awakmu saka sakehing bebaya”.

        “Kula ajrih Kakang” wangsulanipun Nyai Palir kalih kenceng anggenipun ngrangkul ingkang jaler “meh kemawon kala wau kula badhe nganyut tuwuh, saupamia boten tumunten sumerep ndika ingkang sampun wonten mriki nunggang jaran sareng kalihan sedherek-sedherek menika”.

        “Satemene ana apa ta Nyai? Nganti awakmu arep nganyut tuwuh barang? Kowe wedi apa, nganti kowe kedharang-dharang tekan papan kene iki?” Ki Palir nakeni semahipun.

        “Kala wingi siang wonten tiyang edan cacah gangsal ndugeni griyanipun piyambak Kakang…..:” wangsulanipun Nyai Palir.

        “Wong edan? Nganti cacah lima ? wong edan saka ngendi wae kuwi?” Ki Palir dereng mudheng kalihan ingkang dipun tuturaken semahipun, awit kapireng aneh, dene wonten tiyang ngantos cacah gangsal mlempak dados setunggal ndugeni griyanipun.

        “Inggih Kakang” Nyai Palir suka wangsulan “ingkang edan menika Ki Lurah, Ki Jagabaya kalihan tiyang tiga malih ingkang criyosipun taksih mitra ndika saking Paguron Gendirireng…….”

        “Mengko dhisik” Ki Palir munggel aturipun ingkang estri “Ki Lurah ki rak Ki Lurah Brendhilan ta? Lan Ki Jagabaya ki apa Ki Jagabaya Tampeng sedulur nak dulure dhewe kae? kok mbok arani edan kuwi genahe piye? Lan sapa iku sing jarene isih mitraku saka Paguron Gendirireng kuwi?”.

        “Leres kakang” Nyai Palir gage anggenipun wangsulan “mila saestu, tiyang-tiyang nika sedaya mpun sami edan, kala wingi dugi dhateng griyanipun piyambak. Ki Lurah criyos menawi kula badhe kaparingan ganjaran lan kajunjung drajat kula lan mangke menawi ndika sampun wangsul saking anggen ndika mbara kerja, ndika ugi badhe dipun sukani ganjaran brana picis ingkang kathah…..”

        “Lha kaya ngono kok mbok arani edan kuwi kepriye?” Ki Palir nigas anggenipun wicanten ingkang estri malih.

        “nDika ngertos napa sing diarani ganjaran kangge kula? Lan pripun anggenipun badhe njunjung drajat kula?” Nyai Palir gentos pitaken dhateng ingkang jaler.

        “Lha wong sing dikandhani ki kowe lho? Kok mbok takokne aku? Ya cetha nek aku ora ngerti ta Nyai?” wangsulanipun Ki Palir kalihan mesem.

        “Mulane nek sing wedok guneman niku dimirengne riyin, empun pijer diselani mawon” Nyai Palir guneman kalihan mrengut. Ki Palir namung mesem.

        “Ya wis gek ndang ditutugne olehe guneman aku tak ngrungokne karo meneng.” Wuwusipun Ki Palir malih ngengken murih semahe nglajengaken anggenipun cariyos. Ing manahipun Ki Palir kraos radi ayem, ketingalipun Nyai Palir sampun boten ajrih kados wau.

        Nanging dereng ngantos Nyai Palir wicanten, dumadakan saking papanipun Nyai Palir mbengok-mbengok wau, ketingal wonten tiyang gangsal mlampah sajak kesesa tumuju papanipun Ki Palir lan kanca-kancanipun. Nyai Palir ingkang ugi sumerep duginipun tiyang gangsal kala wau, sakala praupanipun dados pucet malih kados wau, lajeng ngalih saking papanipun, ndhelik ing wingkingipun Ki Palir.

        “Wong edane nusul mriki Kakang” kalihan suwanten alon Nyai palir mbisiki ingkang jaler.

        Gothot, Dana lan Wala tanggap menawi badhe wonten bebaya ingkang nyaketi. Tiang tiga niku lajeng sami mencar pados papan ingkang langkung lempar.

        “Walah jebul kowe wis teka kene ta Yu Tandur? Malah karo Kakang Palir barang, layak mau tak parani neng omah karo Denmas Daksina, omahmu suwung?” salah satunggal saking tiyang gangsal menika wicanten dhateng Nyai Palir ingkang naminipun Tandur.

        “Bener Ki Jagabaya, pancen Tandur mau nggoleki aku lan kepethuk ana kene” ingkang mangsuli malah Ki Palir “lha ndika sakanca iki mau saka ngendi utawa arep menyang ngendi?”

        “Eh, Kang Palir, apa kowe pangling karo sing ana sisih kiwaku iki? Kok kowe ora enggal ndhodhok atur sembah ki?” boten mangsuli pitakenipun Ki Palir, tiyang ingkang jebul Ki Jagabaya Tampeng menika malah nyendhu Ki Palir.

        “Sing gedhe pangapuramu Ki Jagabaya” wangsulanipun Ki Palir ayem “aku ora pangling nanging pancen aku durung tepung sapa priyayi sing ana sisih kiwa ndika kuwi, lan ya gene aku kudu atur sembah marang wong sing durung tak tepungi?”

        “Kowe durung tepung karo Denmas  Daksina putrane Kyai Gendirireng iki?” Ki Jagabaya ketingal menawi kaget, mripatipun ketingal radi mencereng “kowe mesthi wis suwe ora marak ing Padhepokan? Kowe mesthi ya wis lali karo sedulur-sedulur sing ndherekne tindake Denmas Daksina iki ya?”.

        “Pancen selawase uripku aku menyang Padhepokan Gendirireng kuwi lagi kaping pindho Ki Jagabaya” Ki Palir ingkang wau mireng saking semahipun menawi tiyang-tiyang niku edan, suka wangsulan saksekecanipun “dadi aku ya durung tau ngerti endi sing asmane Denmas Daksina sing jebul saiki ana kene kuwi. Aku ya rumangsa ora tepung karo wong-wong sing bareng karo ndika kuwi”

        “Ya wis yen pancen mangkono” wangsulanipun Ki Jagabaya kepireng wiwit sengol “sing baku saiki, kowe ngerti apa durung ya gene Denmas Daksina tak dherekne nganti tekan kene iki?”

        Nampi suwanten sengol saking Ki Jagabaya ngaten menika Ki Palir namung mesem kemawon. Salebeting manah nggadhahi panginten manawi anggenipun Tandur mastani menawi Ki Lurah Brendhilan lan Ki Jagabaya Tampeng tuwin tiyang-tiyang saking Paguron Gendirireng menika sampun edan, tamtu tiyang-tiyang menika sampun tumindak ingkang boten sae dhateng semahipun temah semahipun ajrih lan mlajar ngantos dumugi papan mriki menika.

 

ana candhake

 

Selasa, 12 Desember 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (008)

008.

        Ki Lurah boten tumunten nyauti aturipun Ki Palir kala wau, Ki Lurah nglenggana menawi wiwit wau Ki Palir mila gadhah lekas ingkang sae. Liripun kanthi jujur badhe ngaturaken kedadosan ingkang saestunipun, boten namung badhe pados slametipun piyambak. Pramila Ki Lurah namung kendel ngrantos sambeting atur saking sedherekipun tunggal Biyung menika. Lan sasampunipun Ki Lurah boten tumunten paring dhawuh, Ki Palur ugi lajeng nutugaken anggenipun matur :

        “Suwaunipun Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal ndhatengi griya kula lan ngajak ndandosi pagesangan murih langkung sae, inggih menika sarana mbara kerja dhateng Pangapitan mriki. Nalika samanten, kula boten daya-daya suka wangsulan nyarujuki, jalaran kula taksih rumaos awrat menawi nilar semah piyambakan ing Brendhilan. Lan kula kinten sanaosa mbara kerja dhateng pundi kemawon, menawi anggen kula makarya sami kalihan nalika wonten griya, inggih badhe panggah kemawon pagesangan kula. Nanging Kakang Dungkul lajeng cariyos bilih anggenipun ngajak kula mbara kerja dhateng Pangapitan menika boten namung mligi pados sandhang lan tedha, nanging ngiras ngluri waris.

        “Kowe kudu nglari warismu Dhi” makaten criyosipun Kakang Dungkul dhateng kula “mbok menawa kanthi mbara kerja ing Pangapitan kowe bakal kepethuk sedulurmu sing ana kana, jalaran Biyung Saelah kuwi biyen asale saka Pangapitan. Apa kowe ora seneng nek kowe bisa kepethuk sedulurmu lan bisa nyambung taline paseduluran?”.

        Kula mila ngrumaosi bilih sasampunipun Bapa Anggira seda, ing Brendhilan menika kula ngibarat kados tigan ingkang kacepit ing sela. Boten gadhah sanak kadang, jalaran Bapa mila boten gadhah sedherek caket ing Brendhilan mrika, jalaran Bapa menika tiyang sengkan saking tlatah Panaraga, ingkang dhusunipun pundi boten wonten ingkang nyumerepi. Benten kalihan Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal menapa dene mBokayu Jaminem. Biyungipun Kakang Dungkul lan Dhangkal menika Biyung Tukijem, asli saking Brendhilan. Makaten ugi Biyungipun mBokayu Jaminem ingkang nami Biyung Cikrak, ugi asli saking Brendhilan. Dados sedherek kula tiga tunggal Bapa menika taksih kathah nggadhahi waris ing Brendhilan.

        Pramila kula lajeng purun dipun ajak bidhal mbara kerja mriki menika. Nembe sareng Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal sapeken saderengipun bidhal pamit sambang griya menika, kula ngrumaosi menawi kula namung dipun damel gaman dening sedherek kula kalih kala wau, kangge nyaketaken kalihan Kakang Lurah saha murih Kakang Lurah pitados dhateng pangglembukipun Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal ingkang badhe ajak-ajak Kakang Lurah manunggal kalihan Kyai Nagalanang lumantar Kyai Gendirireng”.

        “Nanging Adhi Dungkul apa dene Adhi Dhangkal ora tau ngajak omong perkara kuwi marang aku lho Dhi?” Ki Lurah nanggapi aturipun Ki Palir “malah krungu jenenge Kyai Gendirireng lan Kyai Nagalanang barang kuwi ya lagi saka awakmu kuwi mau”.

        “Menika makaten Kakang” Ki Palir matur malih “anggenipun badhe ajak-ajak dhateng Kakang Lurah, mila dipun sangkani saking katebihan”.

        “Saka kadohan kepiye?”

        “Lha menika, ingkang ndadosaken kula ngertos, menawi namung badhe dipun dadosaken dedamel dening Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal…..”

        “Cethane……?”

        “Sapeken saderengipun Kakang kekalih menika pamit badhe sambang griya, kula mireng piyambak anggenipun reraosan antawisipun Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal. Inggih menika Kakang Dungkul ngabari Kakang Dhangkal menawi piyambakipun sampun kasil manggihi meh sedaya Pamong Desa ing Pangapitan mriki. Lan criyosipun Kakang Dungkul, sampun kathah Pamong ingkang nyarujuki menawi Dhusun Pangapitan manunggal kalihan Padhepokan Nagalanang lumantar Kyai Gendirireng, sanesipun mila dereng suka wangsulan sarujuk lan botenipun. Lajeng Kakang Dhangkal pitaken, benjing napa prayoginipun ngaturi Kakang Lurah murih kersa manunggal kalihan Paguron Nagalanang?. Wangsulanipun Kakang Dungkul, menika badhe kapasrahaken dhateng kula, nanging boten sak niki, ngentosi pitedah saking Kyai Gendirireng rumiyin, kangge njageni menawi Kakang Lurah boten kersa manunggal kalihan Paguron Nagalanang. Ngiras pantes ngrantosi kabar saking salah satunggaling Pamong ingkang criyos menawi badhe njajagi pamanggihipun Kakang Lurah ing babagan menika”.

        “Pantes….” Ki Lurah ngendikan alon, kados katujokaken dhateng sliranipun piyambak.

        “Pantes kados pundi Kakang?” Ki Palir ingkang mireng pangandikanipun Ki Lurah makaten kala wau lajeng nyuwun pirsa.

        “Watara telung dina kepungkur, Ki Jagabaya Klegung karo Ki Kamituwa Mancakan ngadhep aku ana Kalurahan kene” Ki Lurah paring wangsulan “yen tak gathukne ature Pamong loro kuwi karo apa sing wis mbok aturake iki mau sajak ana sambunge. Ki Mancakan apa dene Ki Jagabaya Klegung kandha marang aku yen wis wancine Pangapitan iki ucul saka panguwasane Mataram, wong loro kuwi uga kandha yen Pangapitan ora ngirimake bulu bekti marang Mataram saben tahune, ora bakal Mataram wani paring pidana marang aku, iki nitik karo apa sing wis ditindakne dening para Lurah ing desa-desa sakupenge Pangapitan kene, kabeh wis padha wegah kebawah dening Mataram lan nyatane ora ana balung erine. Lan saupama Mataram nekad arep midana Desa Pangapitan, jarene Ki Mancakan apa dene Ki Jagabaya Klegung, bakal ana wadya bala lelembut sing arep aweh pangayoman marang Pangapitan.”

        “Lha sambungipun wonten pundi Kakang?” Ki Palir matur nyuwun pirsa.

        “mBok menawa Pamong loro kuwi wis diglembuk dening Adhi Dungkul supaya ngojok-ojoki aku murih wani nantang marang panguwasa Mataram, sadurunge ngajak manunggal karo Paguron Nagalanang sing mbok critakne iki mau”.

        “Makaten inggih Kakang?” Ki Palir nyuwun pirsa malih “lan nuwun sewu, menapa Kakang Lurah lajeng nayogyani aturipun Ki Mancakan lan Ki Jagabaya Klegung kala wau?”.

        “He he he…..” Ki Lurah gumujeng lajeng paring wangsulan “sanadyan ora pinter, nanging aku ora nemen-nemen nggonku bodho, ora gampang kapilut tembung manis sing bisa nguwohake tangis. Pamong loro kuwi banjur tak wangsuli yen sesambungan antarane Pangapitan lan Mataram kuwi ora bakal bisa dipisahake. Wiwit sadurunge aku dadi Lurah, manunggale Pangapitan marang Mataram kuwi ora jalaran saka wedi yen kagebug ing perang, nanging kasurung rasa tresna lan minangka panuwune para cikal bakale Desa iki marang Panguwasa Mataram. Jalaran sing dadi cikal bakale Desa iki, biyen maune prajurit andhahane Tumenggung Garingging, pandhereke Gusti Pangeran Arya Penangsang ing Jipang, sing sawise Gusti Adipati Arya Penangsang gugur, Tumenggung Garingging banjur nekad arep bela pati sarana gawe kisruhe Kasultanan Pajang. Nanging bawane kalah bala, wekasan Tumenggung Garingging kepikut banjur kinunjara ing Pajang. Jaman semana sing dadi senapatining perang saka Pajang ora liya Ki Ageng Pemanahan kang uga didherekne dening putrane kang asmane Raden Sutawijaya, kang saiki jumeneng ing Mataram kanthi sebutan Kanjeng Panembahan Senapati ing Alaga. Sawise Tumenggung Garingging kapikut, prajurite banjur padha mlayu, buyar golek slamet dhewe-dhewe. Lha salah siji saka bregadaning prajurite Tumenggung Garingging, sing dilurahi Ki Tamejana olehe keplayu nganti tekan papan kene iki. Banjur padha nyopot sandhangan kaprajuritane lan wiwit mbabat alas yasa desa sing dadi Desa Pangapitan iki. Jebul lekase Ki Tamejana sakancane kuwi kadenangan dening Pandhereke Raden Sutawijaya lan diaturake marang pepundhene. Klakon Desa Pangapitan sing durung dadi lan isih wujud babadan sing durung sampurna kuwi dijegi prajurit sing dipandhegani dening Raden Sutawijaya pribadi. Nanging ora ana paprangan jalaran Ki Tamejana aweh prentah marang kanca-kancane supaya padha lungguh ndhodhok tanpa gegaman utawa babar pisan ora aweh panglawan. Wekasan dening Raden Sutawijaya, Ki Tamejana sakancane ora kaparingan pidana malah disengkuyung anggone padha arep yasa desa. Wiwit kuwi Ki Tamejana sakancane padha nyuwun didhaku dadia pandhereke Raden Sutawijaya. Raden Sutawijaya iya marengake. Mula marang Ki Kamituwa Mancakan lan Ki Jagabaya Klegung tak kandhakake, nganti pecating nyawaku, aku ora bakal nglilani Desa Pangapitan iki ucul saka panguwasa Mataram. Ki Kamituwa Mancakan lan Ki Jagabaya Klegung ya wis ora wangsulan apa-apa maneh”.

        “Inggih Kakang” Ki Palur lajeng matur “kula sakalangkung kasengsem kalihan tekad ndika menika. Menawi kaparengaken, sanaosa kula dede trahipun Ki Tamejana nanging sampun kadhaku minangka kadang dening Kakang Lurah lan sampun kalilan ndherek ngaup saha nedha wulu-wetuning Dhusun Pangapitan, kaparengna kula manunggalaken jiwa lan raga kula dhateng lekasipun Kakang Lurah menika. Benjing enjing kula badhe mapag semah kula dhateng Brendhilan, kula ajak boyong dhateng Pangapitan mriki. Manawi sawanci - wanci Kakang Dungkul utawi Kakang Dhangkal ngengken kula murih angglembuk Kakang Lurah murih kersa manunggal kalihan Paguron Nagalanang, mangka kula boten badhe bidhal malah badhe kula criyosi pisan menawi kula sampun medhot sesambetan kula kalihan Paguron Nagalanang.”

 

ana candhake

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (007)


 

007.

        Ki Lurah ingkang sampun uninga bilih Ki Palir kuwatos menawi ngantos wonten tiyang sanes ingkang mirengaken anggenipun wicanten, namung kendel kemawon. Kala wau sampun wongsal-wangsul paring dhawuh menawi Ki Palir taksih nggadhahi raos kuwatir menawi piyambakipun cilaka yenta ngantos nyariyosaken wewadi ingkang dipun sumerepi, langkung prayogi menawi Ki Palir boten sisah cariyos mbikak wewadi kala wau. Nanging Ki Palir inggih wongsal-wangsul matur badhea kados menapa kedadosanipun, Ki Palir panggah badhe mbikak wewadi menika ing ngarsanipun Ki Lurah Pangapitan. Pramila Ki Lurah inggih lajeng kendel kemawon.

        “Nyuwun pangapunten Kakang” sareng sampun cetha kawontenan aman, liripun boten wonten tiyang sanes ingkang mireng anggenipun rerembagan kalihan Ki Lurah, Ki Palir lajeng matur “kapitayan ingkang dipun wucalaken Kyai Gendirireng dhateng para siswanipun menika aneh sanget. Inggih menika Gusti Ingkang Maha Agung sampun matah dhateng Kyai Nagalanang utawi Kyai Nagaraga murih dados sarananing titah manembah dhateng Panjenenganipun. Menawi wonten titah ingkang manembah dhateng Gusti nanging boten mawi sarana Kyai Nagalanang, mangka panembah kala wau saestu tanpa gina. Dene tatacaranipun manembah dhateng Gusti menika, namung wujud nindakaken sedaya dhawuhipun Kyai Nagalanang. Lan sok sintena ingkang boten purun manunggal kalihan Kyai Nagalanang, mangka badhe manggih cilaka malah tumrap ingkang boten pitados dhateng piwucalipun Kyai Nagalanang ing tembenipun badhe sirna dados wadaling tanah Jawi.”.

        “Kuwi mungguhku ya kapitayan sing ora bener” Ki Lurah nyelani aturipun Ki Palir “kajaba cengkah karo piwulange agama sing tau ana, iki uga klebu kapitayan anyar sing aneh lan ora klebu ing nalar.”

        “Menika witing kapitayan ingkang kapisan Kakang” Ki Palir nglajengaken anggenipun matur “salajengipun miturut dhawuhipun Kyai Gendirireng, Kyai Nagalanang menika wujudipun Sawer ingkang ageng ingkang angedhaton wonten ing salah satunggaling guwa ing wana Patalan, Sawer ageng kasebat miturut dhawuhipun Kyai Gendirireng, panukswanipun Sang Hyang Hanantaboga, Dewa ingkang anyangga Tanah Jawa menika  . Lha menawi Kyai Nagalanang ngersakaken paring dhawuh dhateng para pandherekipun, Kyai Nagalanang ingkang wujud Sawer kala wau langkung rumiyin ambesut raga lan manunggalaken sukmanipun dhateng satunggaling tiang ingkang ugi asma Kyai Nagalanang utawi Kyai Nagaraga, ingkang samangke madhepok minangka guru ing Padhepokan sacaketing Guwa kala wau, ingkang ugi sinebat Padhepokan Nagalanang utawi Paguron Nagalanang. Nembe dening Pangarsaning Paguron utawi Padhepokan dipun dhawuhaken dhateng para murid ingkang piniji, ing antawisipun inggih Kyai Gendirireng kala wau, murih kadhawuhna dhateng sadaya para pandherekipun.”

        “Dadi sing jeneng Kyai Nagalanang utawa Kyai Nagaraga kuwi loro? Sing siji wujud Ula gedhe, sing siji wujud menungsa?” Ki Lurah mundhut pirsa malih.

        “Leres Kakang” wangsulanipun Ki Palir “nanging kekalihipun mila sampun manunggal, ingkang wujud sawer kalihan ingkang wujud manungsa sami, benten raganipun nanging sami jiwanipun”.

        “Lha sing wujud Ula Gedhe kuwi apa ya ana sing tau weruh wewujudane? Apa mung krungu critane Kyai Nagalanang sing wujud manungsa kuwi, yen ing jerone Guwa sacaketing Padhepokan kuwi ngedhaton Ula Gedhe sing aran Kyai Nagalanang?” Ki Lurah mundhut pirsa malih.

        “Menawi Ki Lurah Brendhilan lan Kakang Dungkul tuwin Kakang Dhangkal criyosipun nate sumerep sanadyan namung mustakanipun Kyai Nagalanang kemawon” wangsulanipun Ki Palir “inggih menika nalika Kyai Nagalanang ngetingalaken mustakanipun ing sangajenging guwa, criyosipun tiyang tiga kala wau agenging mustakanipun Kyai Nagalanang sagenthong, ngagem makutha emas ingkang tinaretes inten barleyan. Menawi kula lan tiyang ing Brendhilan sanesipun nembe namung mireng suwantenipun Kyai Nagalanang kemawon, inggih nalika kula lan kanca-kanca nuju dipun kanthi Ki Lurah Brendhilan ndherekaken Kyai Gendirireng tedhak dhateng Padhepokan. Nalika samanten kula mireng suwanten pangakakipun Kyai Nagalanang ingkang asung sasmita ngersakaken dhahar, suwantenipun sanget anggegirisi. Sareng dening Ki Jurukuncining guwa kacaosan menda jemaka cacah tiga ingkang kalebetaken liwat lelawanganing guwa, suwanten pangakakipun Kyai Nagalanang menika lajeng sirep.”

        “Lha banjur minangka siswane Kyai Gendirireng sing dadi pandhereke Kyai Nagalanang, kuwajiban apa sing tau mbok tindakne Dhi?” Ki Lurah mundhut pirsa kalihan mesem.

        “Sami kalihan pandherek sanesipun” Ki Palir atur wangsulan “saben nem wulan sepisan kadhawuhan atur pisungsung dhateng Kyai Nagalanang lumantar Ki Lurah Brendhilan lajeng kaaturaken malih dhateng Kyai Gendirireng salajengipun kaunjukaken ing ngarsanipun Kyai Nagalanang ing Padhepokanipun. Estunipun tumrap pandherekipun Kyai Nagalanang ing saben papan kaparingan kuwajiban malih inggih menika sinau ulah kanuragan lan kaprajuritan, ingkang mapan ing Brendhilan saben tigang dinten sepisan kadhawuhan gladhen ing ara-ara sangajengipun dalem Kalurahan, ingkang paring tuntunan Cantrik ingkang pinitados dening Kyai Nagalanang saking Padhepokanipun. Nanging kula saged lolos saking kuwajiban menika jalaran kula nyaosi pisungsung piyambak dhateng Ki Lurah Brendhilan temah dipun paringi pangentheng-entheng boten ndherek gladhen ulah kanuragan lan ulah kaprajuritan boten menapa-menapa, ingkang kados kula makaten menika warga Brendhilan ugi kathah. Wekdal menika tataranipun Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal sampun kalebet inggil inggih sangandhapipun Ki Lurah Brendhilan ing reh gladhen kanuragan menika.”

        “Dadi Kyai Nagalanang kuwi wis suwe nata lan nyiyagakne kekuwataning prajurit?” Ki Lurah mundhut pirsa suwantenipun kepireng radi gumun “banjur arep kanggo apa? Yen mung sadrema kanggo njaga katentreman wae, mesthine ora nganti kaya ngono kuwi anggone nata kekuwatan.”.

        “Lha menika ingkang kula wastani wewadi ing ngajeng kala wau Kakang” wangsulanipun Ki Palir salajengipun.

        “Banjur cethane kepiye Dhi?” Ki Lurah mundhut pirsa malih, samangke Ki Lurah wiwit kepencut kepengin mangertosi wewadi ingkang badhe dipun cariyosaken dening Ki Palir.

        “Estunipun Kyai Nagalanang menika sampun paring wartos dhateng sedaya siswa lan pandherekipun bilih Panjenenganipun menika badhe madeg minangka Pangeran ingkang sinembah sadayaning titah ing Tanah Jawi menika. Lajeng minangka kawitan kedah saged njumenengaken salah satunggaling Trah Majapahit ingkang samangke masanggrah ing Patalan dados raja ing Tanah Jawi. Awit saking menika, sadaya ingkang ngaken minangka raja ing Tanah Jawi menika kedah dipun telukaken, langkung-langkung raja ingkang ngedhaton ing tilasing wana Mentaok  ingkang namung turasing tiyang dhusun, menika kedah dipun dhawahi pidana ingkang murwat, timbang kalihan dosanipun ……”.

        “Sing dikarepake kuwi apa Gusti Panembahan Senapati ing Mataram Dhi?” Ki Lurah nyela rembag.

        “Mila leres makaten Kakang” wangsulanipun Ki Palir.

        “Lan anggone nata kekuwataning perang iki, dening Kyai Nagalanang arep digunakne kanggo ngrabasa Mataram ngono apa piye?” Ki Lurah ngendika kalihan gumujeng alon “gek sepira akehe murid-muride Kyai Nagalanang kuwi yen dilumpukne? Yen nganti wani nglurug menyang Mataram kuwi padha wae karo sulung sing arep mlebu menyang jero geni, merga kekuwataning prajurit sing manunggal karo Mataram kuwi leksan cacahe. Sanadyan Kyai Nagalanang ya sing wujud manungsa ya sing wujud Ula kuwi duwe kasekten sing nggegirisi, nanging ing Mataram kuwi gudhanging wong digdaya, kajaba Gusti Panembahan Senapati sing kondhang kasektene nganti bisa nelukne Ratu Lelembut Segara Kidul lan ngalahne sing ngrajani Gunung Merapi, Gusti Patih Mandaraka sing kasektene lagi timbang yen dimungsuhne karo satus prajurit wiratamtama sing maju bareng karo nggawa gegaman, isih ana Gusti Pangeran Singasari sing selawase durung ana critane kasoran ing sadhengah palagan, isih ana Gusti Pangeran Purbaya, Gusti Pangeran Demang Tanpa Nangkil lan isih akeh maneh senapati perang sing kadigdayane ora kena diukur.”

        “Mila leres ingkang ndika dhawuhaken menika Kakang” wangsulanipun Ki Palir “nanging tumrap tiyang ingkang kapitayanipun sampun mbalung sungsum kados dene Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal menapa dene Ki Lurah Brendhilan, boten mendha menawi namung dipun tuturi kados dhawuh ndika menika. Menapa malih, Kyai Nagalanang boten kendhat anggenipun tansah mbebujuk para Lurah ing sakupenging Patalan, murih purun manunggal lan kanyatanipun ugi boten sakedhik ingkang purun ngrojongi lekasipun menika. Mila Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal ingkang kasampiran kuwajiban mbebujuk Kakang Lurah ing Pangapitan mriki menika, sakalangkung sumrinthil anggenipun nglampahi…….”

        “Dadi tekane si Adhi apa dene Adhi Dungkul lan Adhi Dhangkal, ing kene biyen ora merga mbara kerja kaya sing dikandhakne marang aku nalika sepisanan teka? Nanging duwe karep liya ya iku ngemban dhawuh saka Kyai Nagalanang? Apa bener mangkono Dhi?” Ki Lurah mundhut pirsa suwantenipun kepireng menawi penggalihipun radi cuwa.

        “Nyuwun pangapunten Kakang” Ki Palir lajeng matur “ingkang nindakaken awit ngemban dhawuh menika Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal, lan anggen kula mangertos bab menika inggih nembe sapeken saderengipun Kakang Dungkul menapa dene Kakang Dhangkal pamit menawi badhe sanja griya menika”.

 

 

ana candhake

 

 

  

 

   

 

Senin, 11 Desember 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (006)


 

006.

        Ki Lurah sansaya bingung mireng aturipun Ki Palir makaten menika. Dugi aneh lelampahan ingkang kedah dipun sandhang dening Ki Palir? Piyambakipun ngaken menawi nyimpen wewados, menawi wewados menika ngantos kadenangan dening tiyang sanes saged kedadosan piyambakipun pejah ing tanganing sedherekipun piyambak. Nanging menawi sinimpen rapet ing manahipun, saged mbebayani tumrap Ki Lurah, inggih sedherekipun Ki Palir tunggil Biyung.

        “Ngene wae Dhi” wasana Ki Lurah ngendika kanthi sareh “yen nganti si Adhi mbukak wewadi iki, bisa-bisa awakmu tumekeng pati ing tangane sedulurmu dhewe sarta bisa mbebayani tumrap Adhi Dungkul lan Adhi Dhangkal, mula becik si Adhi sansaya mrimpeni anggone nyimpen wewadi kuwi. Jalaran nek nganggo petung tuna lan bathi, tunane luwih gedhe yen nganti si Adhi mbukak wewadi kuwi. Sing baku lungane Adhi Dungkul lan Adhi Dhangkal iki ora merga gela lan ora sajroning bebaya”.

        “Nyuwun pangapunten Kakang” Ki Palir matur malih “ing prakawis menika boten wonten petangan bathi lan tuna, nanging sedaya mitunani dhumateng kula. Waleh-waleh menapa, kula sampun netepaken pamilih menawi kula badhe blaka ing ngarsanipun Kakang Lurah, nyariyosaken wewadi ingkang keker ing simpenan kula menika. Namung kula nyuwun, mugi Kakang Lurah boten sanget-sanget anggenipun badhe duka dhateng kula lan Kakang Dungkul menapa dene Kakang Dhangkal, inggih awit saking wutaning manah temah boten saged males kabecikan ingkang sampun jengandika kucuraken dhateng kula tetiga ……”.

        “Ngene lho Dhi” wangsulanipun Ki Lurah panggah sareh “sepisan maneh aku kandha, yen miturut panemune si Adhi kanthi ora mbukak wewadi kuwi bisa nuwuhake bebaya marang aku nanging bisa nylametake Adhi-adhiku sing mbok kandhakne mau, becik yen si Adhi ora mbukak wewadi kuwi. Si Adhi aja pisan-pisan nguwatirake  kaslametanku, jalaran beja lan cilaka kang bakal tumiba marang aku kuwi, kabeh ora bakal katekan lan kedaden kajaba yen wis kinersakne dening Gusti lan Gusti selawase ora bakal kagungan kersa sing ora becik marang titah-E. Sabanjure aku uga ora bakal cilike cuwa gedhene nesu marang adhi-adhiku kabeh, sanadyan ta upama adhi-adhiku ora ngakoni yen wis nampa pitulungan saka aku. Awit satemene apa kang wus tak tindakne marang adhi-adhiku kuwi kabeh ora merga aku nulungi awakmu apa dene  Adhi Dungkul lan Adhi Dhangkal, nanging merga aku nulungi awakku dhewe. Dadi aku ora rumangsa motangake budi becik marang sapa wae, ngerti?”.

        “Kok saged makaten Kakang?” Ki Palir sumela atur “kamangka sampun cetha menawi kula tetiga boten ndika paringi pitulungan, mokal badhe gadhah siti garapan menapa dene griya ing Pangapitan mriki, malah kepara saupami boten kaparingan tedha dening mBokayu Lurah, boten sande kula tetiga badhe nandhang kaliren…….”.

        “Ha ha ha……” Ki Lurah gumujeng nigas aturipun Ki Palir kalajengaken kalihan pangandika “sumurupa ya Dhi, miturut kapitayan sing tak rasuk saben titah kuwi kaparingan kuwajiban dening Gusti supaya nulungi awake dhewe murih mbesuke bisa bali ing ngayunaning Gusti kanthi tentrem, dene sranane kudu gelem tumindak becik, ora gawe kapitunaning liyan lan kudu gelem aweh pitulungan marang wong liya sing lagi mbutuhake, luwih-luwih yen sing lagi mbutuhake kuwi sedulure dhewe. Lha kabeh kuwajiban kuwi bisa ditampa dening Gusti, sarate kudu lila lahir batin dikantheni lekas utawa niyat amung murih keparenging Gusti, ora kena ngarep-arep pituwas saka titah uga ora mbutuhake atur panuwun saka sing ditulungi. Yen isih ana rasa gela utawa cuwa merga nggone aweh pitulungan ora diajeni, kuwi tegese nggone nindakne dhawuhe Gusti ora iklas kuwi gedhe pidanane, anggone aweh pitulungan tanpa guna kajaba mung bakal nguwohake kasangsaraning batine dhewe”.

        Ki Palir ketingal manthuk - manthuk, ngangen - angen lan rumaos eram kalihan ingkang dipun dhawuhaken dening Ki Lurah. Sanaosa kapitayan ingkang dipun rasuk dening Ki Palir sami kalihan kapitayanipun Ki Lurah, inggih menika sami-sami ngrasuk agami ingkang dipun asta dening Kanjeng Nabi ingkang jumeneng Rasulullah, nanging nembe menika Ki Palir mangertos piwucal ingkang magepokan kalihan titah ingkang paring pitulungan dhateng tiyang sanes. Lan inggih nembe menika Ki Palir mangertos werdining iklas utawi lila, boten murih lan boten pamrih menapa-menapa kajawi murih kaparenging Gusti kemawon. Inggih awit saking wangsulanipun Ki Lurah kala wau, Ki Palir nunten emut bilih estunipun nasibing titah menika sampun ginaris lan sinerat langkung rumiyin dening Gusti saderenging titah menika dipun lahiraken. Inggih ingkang magepokan kalihan pesthi, jodho, beja, cilaka menika mila wewadosing Gusti tumrap titahipun, lan sedaya ingkang dipun kersakaken dening Gusti menika namung kangge kasaenaning titahipun kala wau.

        “Mulane Dhi” Ki Lurah ngendika malih sasampunipun radi dangu Ki Palir boten wicanten “sepisan maneh nek si adhi isih wedi marang bebaya yen ta si adhi mbukak wewadi sing mbok kandhakne mau, becik ora sah si adhi crita marang aku”.

        “Inggih Kakang” wangsulanipun Ki Palir kepireng sansaya tatag suwantenipun “sasampunipun kula mireng sedaya ingkang jengandika dhawuhaken kala wau, sansaya manteb tekading manah kula badhe mbikak wewadi menika ing ngarsa ndika. Jalaran wewadi menika, wewadi ingkang boten leres, inggih menika pasekuthon antawisipun Lurah Brendhilan lan sawatawis Pamong Dhusunipun, tuwin Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal kalihan pata pendherekipun Kyai Nagalanang ing Patalan, ingkang dipun pandhegani dening Kyai Gendirireng, siswanipun Kyai Nagalanang ingkang sampun madeg paguron ing tapel watesipun wana Ketangga kalihan wana Patalan”.

        “Banjur ana sambung rapete apa karo aku Dhi? Antarane Brendhilan karo Pangapitan iki ora tau ana kedadeyan apa-apa merga ya dhewe-dhewe panggonane” Ki Lurah nyela rembagipun Ki Palir, mundhut pirsa.

        “Sambetipun makaten Kakang” Ki Palir atur wangsulan “Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal tuwin Ki Lurah Brendhilan menika rak sampun sawatawis dangu maguru ngelmi kebatosan dhateng Ki Gendirireng ingkang nyebaraken piwucalipun Kyai Nagalanang inggih Kyai Nagaraga? Dados sedaya dhawuhipun Kyai Gendirireng langkung-langkung ingkang asalipun saking dhawuhipun Kyai Nagalanang, sakalangkung anggenipun mundhi-mundhi lan kedah dipun lampahi, awit menawi ngantos wantun boten pitados lan boten purun nglampahi dhawuh saking Kyai Gendirireng saha Kyai Nagalanang badhe manggih bilahi.”

        “Pancen lumrahe wong meguru kuwi kudu percaya kanthi wutuh marang sing dadi gurune ta Dhi?”Ki Lurah nyelani aturipun Ki Palir malih “ngono kuwi ora kena diluputake.”

        “Menawi ing babagan menika mila leres kados ingkang ndika dhawuhaken menika Kakang” Ki Palir atur wangsulan “namung ingkang ndadosaken tiyang kathah kalebet kula, boten remen menika jalaran para siswanipun Kyai Gendirireng menika anggenipun pados rowang murih purun dados muridipun Paguron Gendirireng, mawi cara ingkang boten sae malah cengkah kalihan limrahipun Paguron menawi badhe nampi siswa.”

        “Cengkahe manggon ing ngendi?” Ki Lurah mundhut pirsa malih.

        “Menawi limrahipun Paguron langkung-langkung paguron kebatosan, menika ngibaratipun sumur lha siswanipun menika timba. Kangge saged katampi dados siswa kedah saged netepi sarat ingkang awrat lan menawi sampun kaanggep kiyat nampi ngelmi ingkang dipun padosi, nembe dening Gurunipun dipun tampi dados murid. Menawi Paguron Gendirireng menika boten, meh saben tiyang mliginipun ing Brendhilan dening Ki Lurah Brendhilan dipun kengken dados siswa Paguron Gendirireng, menawi purun lajeng kaparentah kedah nglampahi kuwajibaning murid dhateng guru lan paguron. Menawi boten purun lajeng dipun mengsahi. Dados ketingalipun kathah sanget siswanipun Paguron Gendirireng menika, nanging kathah-kathah anggenipun purun maguru dhateng mriku awit ajrih menawi dipun mengsahi kemawon, kalebet kula piyambak menika” Ki Palir atur wangsulan “ketingalipun kula menika mila siswa Gendirireng, nanging estunipun kula babar pisan boten pitados dhateng sedaya piwucalipun Kyai Gendirireng menapa malih Kyai Nagalanang ingkang ngakenipun titising Sang Hyang Anantaboga menika”.

        “Dadi si Adhi iki tata gelar uga kalebu sapaguron karo Adhi Dungkul lan Adhi Dhangkal?” Ki Lurah mundhut pirsa malih “Banjur apa rupane piwulang saka Kyai Nagalanang sing diwulangake Kyai Gendiireng? Kok si Adhi nganti babar pisan  ora bisa percaya kuwi?”.

        Ki Palir boten tumunten atur wangsulan, malah lajeng noleh nganan lan noleh ngering, kados kuwatos menawi wonten tiyang sanes ndugeni papan anggenipun jejagongan kalihan Ki Lurah menika. Nanging gandheng kawontenan kala samanten sampun meh wanci Sepi Bocah, dados inggih kraos sepen. Namung lamat-lamat saking regol ngajeng taksih kapireng geguyonanipun tiyang-tiyang ingkang sami rondha ing dalem kalurahan.

 

ana candhake

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...