Total Tayangan Halaman

Senin, 18 Desember 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (15)

015.

        Sawatawis menika, Nyai Palir ingkang sampun saged ngadeg tangi lajeng nyaketi tiyang ingkang nggibeng Raden Mas Daksina kala wau.

        “Ngaturaken genging panuwun awit peparing pitulungan jengandika dhateng kula Den” kalian nangkebaken epek-epekipun lan katumpangaken dhadha, Nyai Palir ngaturaken panuwun dhumateng tiyang kala wau.

        “Dhawah sami-sami Bibi” wangsulanipun tiyang kalawau kalihan manthuk kurmat “menawi kalihan Bibi Palir kula menika  dede tiyang sanes, nami kula Sukmana, yoganipun  Bapa Lurah Pangapitan dados inggih taksih pulunanipun Bibi piyambak”.

        “O inggih, inggih Ngger, Kakang Palir mila asring nyariyosaken putranipun Ki Lurah ing Pangapitan dhateng kula lan samangke saestu sampun saged kepanggih saha maringi pitulungan dhateng kula, temah kula boten siyos cilaka awit saking pakartinipun tiyang ingkang murang tata kala wau”.

        Sukmana boten tumuli wangsulan jalaran Sukmana sumerep Ki Palir ingkang dipun tutaken Dana, Wala lan Gothot, nyaketi papanipun.

        “Nyuwun pangapunten Paman, anggen kula nusul radi randhat” nalika Ki Palir dumugi sacaketipun, Sukmana manthuk kurmat kalihan nyuwun pangapunten awit radi kasep duginipun.

        “Malah kula boten nginten menawi Angger badhe nusul” wangsulanipun Ki Palir blaka “awit Angger Sukmana boten paring uninga langkung rumiyin menawi badhe nusul. Pramila kula wau kober nglokro, meh kemawon kula mupus bilih gesang kula namung dumugi samanten sareng kula sumerep Denmas Daksina nyaketi Bibi ndika. Bares kemawon kula boten sumerep menawi Angger sampun rawuh lan nundhung Denmas Daksina, ngertos kula inggih sasampunipun Denmas Daksina ngajak kanca-kancanipun mlajeng kala wau”.

        “Nyuwun pangapunten Paman, ingkang nami Denmas Daksina nika kala wau sinten?” Sukmana pitaken dhateng Ki Palir “lan kados pundi cariyosipun dugi Paman Palir, Dana, Wala lan Man Gothot dumadakan kerengan wonten mriki menika kala wau? Ugi kenging menapa Bibi Palir sampun dumugi mriki? Awit miturut petangan kula, niki wau ndika mesthinipun dereng dumugi ing Brendhilan?”.

        “Mila leres petangan ndika menika Ngger” wangsulanipun Ki Palir “anggen kula mlampah kalihan Adhi Dana lan Adhi Wala menapa dene Paman Gothot saking Pangapitan kala wau, inggih nembe dumugi mriki niki. Lha ingkang dados jalaran kula sakanca sami kerengan kalihan tiyang-tiyang kala wau, murih runtutipun saking bongkot dumugi pucuk, kersanipun Bibi ndika kemawon ingkang matur, piyambakipun ingkang langkung mangertos wiwitanipun. Namung mugi kauningan bilih tiyang sekawan ingkang mlajeng kala wau, ingkang griyanipun Brendhilan namung setunggal, inggih menika Jagabaya Tampeng, ingkang estunipun taksih sedherek nak ndherek kalihan Bibi ndika menika”.

        “Menawi makaten, mangga Bibi kaparenga paring dhawuh” Sukmana lajeng ngengken Nyai Palir murih cariyos “awit kula mengke inggih badhe matur dhateng Paman Palir, bilih wonten wartos enggal magepokan kalihan Paman Dungkul lan Paman Dhangkal”.

        “Ayo Nyai, aturna apa sing wis mbok alami marang Angger Sukmana, kabeh aturna aja nganti ana sing kacicir” Ki Palir lajeng prentah dhateng semahipun.

        “Nyuwun pangapunten Gus Mana saha Ki Palir” dereng ngantos Nyai Palir guneman, dumadakan Gothot nyaru wuwus.

        Sedaya ingkang wonten mriku sami noleh ningali Gothot, awit boten kados padatan, Gothot menika arang sanget purun guneman kajawi namung menawi wonten prelu ingkang sanget.

        “Iya Man, ana apa?” Sukmana pitaken awit gumun.

        “Wekdal menika ketingalipun srengenge sampun ngglewang mangilen radi tebih” Gothot suka wangsulan kalihan sakedhap ndhangak dhateng prenahipun srengenge “kamangka kula tingali wiwit wau, praupanipun Wala kalih Dana sansaya mundhak ijem kemawon…..”.

        “Banjur ana sambunge apa antarane srengenge sing wis ngglewang karo praupane Dana lan Wala, Man?” Sukmana nigas tembungipun Gothot mawi pitakenan.

        ‘nDika niku pripun ta Gus?” Gothot wangsulan “srengenge ngglewang ngilen niku tandhane sampun sansaya siang lha praupan ijo pucet niku tandhane nek mpun sami ngelih, sampun wancine njaluk ingon….”.

        “Walaah Gus Mana niku kok nggih supe lho kalih klageyanipun Man Gothot?” dereng rampung anggenipun Gothot atur wangsulan sampun dipun punggel dening Wala kalih gumujeng “nanging nggih boten napa-napa kula kalih Kang Dana dipun damel pawadan, sanadyan kula ngertos nek cacing-cacing ing wadhuke Man Gothot mila sampun sami kroncalan. Nanging niku kirang baku Gus, ingkang langkung baken niku kula namung mesakaken menawi  sekul bontotan sing teng njero Cikar nika dados wayu, kelalen boten wonten ingkang nedha. Sak niki mumpung kelingan, badhe kula andhapne mriki lajreng sareng-sareng dipun sampurnakaken”.

        “O alaah ngono ta jebule?” Sukmana mesem, awit piyambakipun ugi ngertos menawi kala enjing dening Nyai Lurah, Gothot dipun betani bontot sekul ingkang radi kathah “bener kuwi, aku ya wis rada ngelih kok pancen wayah samene iki wancine madhang”.

        “Kowe ngangkat banyu sing ana pengaron tembaga kae wae lho La, ben diagem wijik Gus Mana lan Ki Palir karo Nyai Palir dhisik, bontote ben didhukne Dana” kalih ngadeg nututi Wala, Gothot ngaba murih Wala ngangkat toya kangge wijik.

        Dana inggih lajeng ngadeg badhe mlampah nyaketi cikar, kalih pitaken dhateng Gothot :

        “Lha ndika arep ngapa Man? Nek banyune wijik wis diangkat Adhi Wala, banjur bontote mbok kongkon ngangkat aku?”.

        “Kowe kuwi piye ta Na?” Gothot semaur kalih mesem “aku tak nggawa Kendhine, bubar madhang ora dicawisi kendhi kowe mengko plekiken?”.

        Boten antawis dangu ing papan mriku tiyang-tiyang sami nedha sesarengan. Dhasar inggih sampun sami ngelihipun, dados anggenipun sami nedha inggih ketingal seger, sanaosa namung lawuh kuluban ron kates kalihan sambel klapa, kawewahan dhendheng kidang asil anggenipun mbebedhag Sukmana kala emben.

        Sinambi nedha, Nyai Palir nyariyosaken kedadosan ingkang dipun alami. Wiwit dipun purugi dening Ki Lurah, Ki Jagabaya Tampeng lan Raden Mas Daksina sapendherekipun, ngantos piyambakipun nekad mlajar ing wanci tengah dalu badhe nusul ingkang jaler, ingkang nembe mbara kerja ing Pangapitan, jebul malah kepanggih ing tengah margi.

        “Dados kula inggih boten mangertos menawi Raden Mas Daksina kalihan rencang-rencangipun nututi plajeng kula, Ngger” Nyai Palir mungkasi anggenipun cariyos “andilalah Gusti ngersakaken Kakang Palir lan sedherek-sedherek menika kepanggih kula ing mriki, saha wekasanipun Angger Sukmana rawuh anyarengi kula badhe kabekta mlajar dening Raden Mas Daksina kala wau”.

        “Dados ingkang kula gibeng lajeng mlajeng kala wau, naminipun Raden Mas Daksina taksih putranipun Kyai Gendirireng ingkang kondhang sekti mandraguna menika? Saha siswa kinasih saking Kyai Nagalanang ingkang dados sesembahanipun Ki Lurah Brendhilan lan para kawulanipun menika?”.

        “Ngakenipun mila makaten Ngger, dene leres lan botenipun kula boten mangertos” wangsulanipun Nyai Palir.

        “Nuwun sewu Bibi” Sukmana taken dhateng Nyai Palir malih “ing lelampahan menika mliginipun nalika Ki Lurah Brendhilan murugi griyanipun Bibi kala wingi, Paman Dungkul lan Paman Dhangkal menapa boten mangertos?”

        “Lho Kakang Dungkul kalihan Kakang Dhangkal rak sami kalihan Kakang Palir ta Ngger? Sami-sami anggenipun mbara kerja dhateng Pangapitan. Kekalihipun inggih nuju boten wonten Brendhilan, tiyang Kakang kekalih menika langkung awis sambang griya menawi dipun tandhingaken kalihan Kakang Palir” Nyai Palir suka wangsulan .

        Sukmana manthuk-manthuk, lajeng kemutan kalihan ingkang nate dipun aturaken Ki Palir dhateng Ki Lurah Pangapitan, ingkang Sukmana ugi tumut mirengaken, bilih Ki Dungkul lan Ki Dhangkal menika estu pandherekipun Kyai Nagalanang ingkang setya. Lan Ki Palir ugi matur bilih dereng kantenan menawi Ki Dungkul lan Ki Dhangkal ingkang pamit badhe sambang griya menika estu-estu badhe wangsul dhateng griyanipun, saged ugi menika namung damel pawadan anggenipun badhe manggihi para pepundhenipun ingkang wonten ing Padhepokan Gendirireng utawi ing Padhepokan Nagalanang.

        “Inggih, inggih ngaturaken genging panuwun Bibi” sareng radi sawatawis kendel Sukmana lajeng wicanten malih “samangke gentos kula ingkang badhe caos kabar dhateng Paman Palir magepokan kalihan Paman Dungkul lan Paman Dhangkal”.

        “Inggih Ngger” Ki Palir suka wangsulan “suwawi tumunten kababarna pawarta ingkang wonten sambung rapetipun kalihan sedherek jaler kula kekalih menika”.

        “Namung kabar sepele Paman” Sukmana wicanten kalihan mesem “ingkang ndika aturaken dhateng Bapa kala wingenane menika nyata leres”.

        “Leres kados pundi Ngger?”

        “Paman Dungkul lan Paman Dhangkal mila sampun wangsul dhateng Pangapitan malih, malah mbeta rencang cacah sekawan. Kala wau nalika kula badhe bidhal nusul ndika, Paman Dungkul lan Paman Dhangkal dhateng Kalurahan badhe kepanggih Bapa kalihan nganthi kancanipun sekawan kala wau, badhe matur menapa dhateng Bapa kula dereng mangertos, awit kula lajeng bidhal nusul ndika niki wau”.

 

ana candhake

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (14)

014.

        Raden Mas Daksina lajeng nyaketi kapalipun ingkang kala wau dipun cancang lan dipun singidaken ing gegrumbulan watawis seket jangkah saking papanipun tiyang-tiyang ingkang sami kerengan menika. Kapal lajeng dipun tuntun nyaketi papanipun Nyai Palir. Nyai Palir ingkang nembe kasengsem ningali anggenipun perang tandhing ingkang jaler babar pisan boten sumerep menawi nembe dipun rindhik dening Raden Mas Daksina saking katebihan. Ngertos-ngertos sareng Raden Mas Daksina kantun watawis sedasa jangkah saking papanipun. Jalaran Raden Mas Daksina nyandhung pang garing ingkang malangi margi temah putung lan nuwuhaken suwanten ingkang radi banter, ndadosaken Nyai Palir noleh dhateng asalipun suwanten temah sumerep Raden Mas Daksina ingkang nyaketi papanipun kalihan nuntun kapal. Sakala Nyai Palir kaget, meh kemawon njerit. Rahayunipun Nyai Palir kemutan menawi ngantos piyambakipun njerit tartamtu badhe ngagetaken ingkang jaler ingkang nembe ngadhepi mengsah. Boten sengaja Nyai Palir ngebahaken tanganipun kangge nutupi tutukipun, lan mripatipun tanpa kedhep ngulati ingkang nembe dugi.

        “Aja kaget lan aja wedi Nyai…..” ngertos menawi dipun ulati Nyai Palir, Raden Mas Daksina lajeng wicanten alus, esemipun angrenggani lathi. Tangsul lising kapal ingkang kala wau dipun cepengi mawi tangan kering, dipun uculi. Kapal ingkang sampun lulut lan ambandara menika boten dipun cepengi malih.

        “Jengandika badhe menapa Den Mas?” kanthi mripat murup Nyai Palir pitaken dhateng Raden Mas Daksina.

        “Nek guneman aja banter-banter, wong ayu” suwantenipun Raden Mas Daksina panggah kapireng alus “mesakna marang Kang Palir, nek wonge kaget, kawigaten marang sing diadhepi bisa buyar, lan iku banget mbebayani”.

        Dipun emutaken makaten menika, Nyai Palir sansaya rapet anggenipun nutupi tutukipun mawi tangan. Lan Raden Mas Daksina inggih lajeng sansaya nyaket.

        “Ngene lho wong ayu” wicantenipun Raden Mas Daksina sasampunipun caket kalihan Nyai Palir “tak sawang saka kadohan, kahanane Kang Palir kae sansaya nguwatiri, semono uga karo kanca-kancane wong telu kae. Mula sadurunge kebacut ana kedadean rajatatu munggahe dadi rajapati, apa ora luwih becik yen sing padha kerengan kae dipisah?”.

        “Kersa jengandika kados pundi Denmas?” mireng wicantenipun Raden Mas Daksina makaten menika, Nyai Palir kraos ngungun, mila lajeng pitaken.

        “Aku ora kepengin ing papan kene ana rajatatu utawa rajapati, wong ayu” wangsulanipun Raden Mas Daksina kalihan mesem “nanging kuciwane aku ora bisa ngundurne sing lagi padha ngudang gegamane kae. Lan miturut pamawasku, ora ana sing bisa misah sing lagi padha kepengin gawe cilakane sing diadhepi kae, kajaba mung sliramu, wong ayu”.

        “Jengandika sampun ngajak gegujengan Denmas” wangsulanipun Nyai Palir, suwantenipun sampun boten atos kados wau “jengandika kemawon ingkang pria gagah prakosa, ngendika menawi boten kuwawi ngendheg ingkang sami pasulayan menika, menapa malih namung kula sak drajate tiang estri ingkang karubyung kabotan pinjung menika?”.

        “Aku ora guyon Tandur” Raden Mas Daksina wangsulan malih “sliramu mula bisa gawe paprangan sing tanpa guna iku bakal sirep padha sakala. Yen sliramu durung ngerti carane, aku saguh nuduhi”.

        “Inggih, kados pundi caranipun Denmas?”

        Raden Daksina sansaya nyaket lajeng suka wangsulan kalihan mesem :

        “Sliramu manut aku wae, saiki ayo ndherek aku kundur menyang Kasatriyan ing sacakete Pandepokan Gendirireng, ayo tak kanthi nitih jaran sing wis sumadya kae. Nanging sadurunge awake dhewe budhal, prayoga sliramu kandha marang Kang Palir yen katresnanmu marang dheweke wis entek tekan kene, sabanjure katresnanmu mung bakal mbok wenehake marang aku ………”

        “Cukup!” dumadakan Nyai Palir wangsulan radi seru lan mripatipun ketingal murup malih angulati dhateng Raden Mas Daksina “ora ana gunane aku basa marang ndika heh Raden Mas Daksina, menungsa sing ngakune duwe drajat luhur nanging lakumu luwih nggilani tinimbang lakune Iblis. Ora bakal aku nyidrani katresnanku marang Kakang Palir, luwung mati tinimbang aku ngladeni ndika, sing mung blegere wae menungsa nanging teku ndika luwih asor tinimbang kewan…..”

        “Sasenengmu anggonmu arep guneman,  Tandur” Raden Mas Daksina munggel rembagipun Nyai Palir “sing baku dina iki sliramu kudu ndherek aku kundur marang kasatriyan lan dadi garwa selirku. Sliramu wis ora bakal bisa budi maneh, ora bisa mlayu menyang ngendi-endi. Bisamu mung kari manut lan nurut marang sing dadi kersaku”.

        Kalihan wicanten Raden Mas Daksina sansaya majeng, tekadipun Nyai Palir badhe dipun ruket lan kabekta nunggang kapalipun. Nanging, dumadakan saking waliking kemben Nyai Palir ngedalaken patrem, ndadosaken Raden Mas Daksina kandheg anggenipun badhe angruket Nyai Palir.

        “Aja kaya mangkono kuwi wong ayu” Raden Mas Daksina wicanten alon “ora becik wong wadon seneng dolanan gaman landhep, ngertia Tandur, nek mung ngadhepi gaman kaya sing mbok cekel kuwi wae, aku ora bakal wedi. Apa maneh nek sing nyekel mung wadon ayu kaya kowe he he he….”.

        “Kaya sing tak kandhakne mau Daksina” Nyai Palir wangsulan kalihan nggeget untu “luwih becik aku mati tinimbang dadi papan panyuntaking napsu kewanmu, Patrem iki wis tak unus saka wrangkane, yen ora bisa ngendhegne polahmu luwih becik tak sudukne dhadhaku dhewe…..”.

        Rampung mungel makaten menika, Nyai Palir lajeng ngeremaken mripatipun. Lathinipun umak-umik nyebut asmanipun Ingkang Maha Agung, nyuwun pangaksami awit ngrumaosi badhe nindakaken prakawis ingkang dados pepacuhing agami, inggih menika nganyut tuwuh suduk salira. Sadaya menika kapeksa katindakaken labet ajrih menawi ngantos kabekta dening pria ingkang murang tata. Inggih kalodhangan menika ingkang lajeng dipun ginakaken dening Raden Mas Daksina. Tanganipun Nyai Palir ingkang nyepengi patrem kenging dipun saut. Ugel-ugel tanganipun Nyi Palir dipun gegem kenceng semu dipun cengkerem, temah patrem ingkang dipun cepeng dhawah ing siti. Raden Mas Daksina lajeng ngrangkul lan ngruket Nyai Palir, ingkang lajeng kroncalan awit bangga boten purun dipun ruket, nanging inggih tanpa pedah, jalaran kekiyatanipun Raden Mas Daksina mila tebih langkung rosa tinimbang Nyai Palir. Inggih awit tansah polah, ndadosaken sinjangipun Nyai Palir nyingkap. Raden Mas Daksina geter dhadhanipun, boten sranta Nyai Palir lajeng dipun bopong kalih dipun arasi, sanadyan tanganipun Nyai Palir lajeng nyakar saliranipun inggih boten dipun reken. Dangu-dangu kekiyatanipun Nyai Palir telas, lajeng semaput ing pondhonganipun Raden Mas Daksina.

        Raden Mas Daksina rumaos bingah, kalihan mesam-mesem Nyai Palir dipun beta nyaketi kapalipun. Nanging boten ngertos sangkan paraning bilahi, dumadakan Raden Mas Daksina kraos menawi saking wingking wonten tiyang ingkang njawil pundhakipun. Sakala Raden Mas Daksina noleh, kepengin mangertos sinten ingkang sampun njawil pundhakipun menika.  Inggih nalika noleh menika, dumadakan wonten kepelan ingkang nyamber uwangipun. Sakala Raden Mas Daksina rebah ing siti kalihan mbengok sambat sakit. Nyai Palir ugi lajeng mrucut saking pondhongan, dhawah ing siti ndadosaken emut saking anggenipun semaput. Kalih setengah ngesot Nyai Palir nebihi Raden Mas Daksina ingkang ugi nembe glenteran ing siti kalihan gereng-gereng, jebul saking tutukipun Raden Mas Daksina ngedalaken rah lan wonten untunipun ingkang ucul saking gusi, jalaran kenging gibengan ing uwangipun dening paraga ingkang wau njawil pundhakipun.

        “Ayo tangia leganing atiku” tiang ingkang nembe dugi lan nggibeng Raden Mas Daksina menika wicanten, kalihan tanganipun ngepel sukunipun siyaga pasang kuda-kuda “yen nyata lanang tenan, ayo adhepana aku, aja rumangsa wis peng-pengan dumeh kowe bisa ngalahake wanita”.

        Mireng sumbaripun tiyang ingkang nggibeng uwangipun ingkang ndadosaken rampal untunipun makaten menika, Raden Mas Daksina lajeng tangi. Ngadeg. Nanging jebul sirahipun taksih kraos mumet, pandulunipun klemun-klemun. Nggraita salebeting manah, badhe manggih kawirangan menawi wantun lumawan. Boten sranta lajeng mlumpat ing gigiring kapalipun, kapal dipun gebrag wantun, mlajar nilaraken papan mriku kalihan nyukani sasmita dhateng rowang-rowangipun murih mlajar sedaya.

        Kocapa Ki Jagabaya Tampeng tuwin para pendherekipun Raden Mas Daksina ingkang sampun kethetheran ngadhepi mengsahipun, dupi nampi sasmita saking pepundhenipun boten sranta ugi lajeng sami mencolot mundur, sedaya sami mlajar nilar mengsahipun, sami madosi kapalipun piyambak-piyambak ingkang kala wau dipun cancang lan dipun singidaken ing papan ingkang boten tebih saking mriku. Boten dangu kepireng suwantenipun tracaking kapal ingkang nebihi papan ingkang wau dados papan kerengan. Gothot, Wala lan Dana lajeng sami nyaketi Ki Palir ingkang taksih ngadeg ing papanipun.

 

Ana candhake

        

 

Minggu, 17 Desember 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (13)


 

013.

        Ki Lurah Brendhilan ingkang ugi sampun dangu mangertos wewatakanipun Raden Mas Daksina, ingkang boten saged ngampet raosipun menawi sumerep bathuk radi klimis, boten patos kaget kalihan dhawuhipun Raden Mas Daksina makaten menika. Lan Ki Brendhilan ugi boten badhe wantun ndaga dhawuh saking putranipun Kyai Gendirireng ingkang sekti mandra guna kawewahan anggegem panguwaos ingkang ageng menika. Malah kepara kangge langkung pinitados dening Kyai Gendirireng minggahipun dening Kyai Nagalanang, badhea kados menapa Ki Lurah badhe angrojongi sedaya ingkang dados kersanipun Raden Mas Daksina. Namung kemawon, gandheng ing Brendhilan menika mila kalebet kathah pawestri ingkang kasinungan warni ingkang sulistya, inggih wiwit ingkang taksih legan, sampun kawengku ing pria ugi ingkang sampun randha, pramila Ki Lurah lajeng nyuwun pirsa dhateng Raden Mas Daksina, ingkang badhe kakersakaken menika ingkang pundi?.

        Raden Mas Daksina dhawuh menawi dereng mangertos naminipun wanita ingkang sampun damel kunjananing manahipun menika, nanging Raden Mas Daksina nyukani ancer-ancer wanita ingkang dipun kersakaken menika ingkang manggen ing griya sawetaning margi tikungan, ingkang plawanganing plataran wonten taneman Blimbing Wuluh cacah kalih manggen ing sakanan keringipun plawangan. Ki Lurah Brendhilan radi kaget manahipun, nanging inggih boten dangu. Griya ingkang plawanganing plataran wonten taneman Blimbing Wuluh kanan lan kering menika boten sanes griyanipun Ki Palir. Dados wanita ingkang sampun damel gandrungipun Raden Mas Daksina menika boten sanes malih inggih semahipun Ki Palir ingkang nami Nyai Tandur. Mila Nyai Tandur menika nyata wanita ingkang sulistyeng warna, jaman prawanipun kondhang minangka kembang dhusun Brendhilan. Dipun semah dening Ki Palir mila dereng dangu, taksih dereng jangkep setunggal tahun lan dereng katingal badhe gadhah yoga.  

        “Nyuwun pangapunten Den Mas” Ki Brebdhilan lajeng matur “pawestri ingkang jengandika kersakaken menika, estunipun sampun lola wiwit alit, gesangipun tumut simbahipun ingkang samangke sampun ngajal. Naminipun Tandur…..”

        “Jenenge Tandur lan wis lola ora duwe sapa-sapa maneh Ki Lurah?” Raden Mas Daksina munggel aturipun Ki Lurah “yen mangkono malah tiba kabeneran, bocah lola kuwi tak kukube lan tak mulyakne uripe sarana dadi selirku kang kaping pitu”.

        “Nyuwun pangapunten Den Mas” Ki Lurah atur wangsulan “watawis setunggal tahun kapengker, Tandur sampun dipun semah dening Palir, inggih kawula ing Dhusun Brendhilan mriki”.

        “Tandur wis dirabi Palir?” Raden Mas Daksina pitaken malih dhateng Ki Lurah “Palir kuwi kawula lumrah, nyambut gawene dagang apa tani, apa kalebu Pamong Desa Brendhilan kene? Wis melu dadi murid Paguron Gendirireng apa durung?”.

        “Pangupajiwanipun Palir menika inggih namung ulah tetanen, ingkang dipun sambi berah-berah dodolan bau, jalaran mila sabin lan garapanipun boten wiyar lan boten anyekapi menawi kangge gesang. Lan ing dinten samangke, Palir malah kesah mbara kerja dhateng Dhusun sanes, inggih menika ing Dhusun Pangapitan, semahipun dipun tilar ing griya piyambakan lan dipun sambangi saben wulan sepisan. Palir mila sampun ndherek dados siswanipun ingkang rama, Den Mas” wangsulanipun Ki Lurah ngaturaken pagesanganipun Ki Palir.

        “Hm…. sansaya trenyuh rasaning atiku” Kalihan radi nggereng Raden Mas Daksina nyauti aturipun Ki Lurah Brendhilan “memelas temen uripe Tandur, ing atase dheweke kuwi wanita kang sampurna kahanane, teka mung dadi bojone Palir wong lanang sing uripe kesrakat. Iki jeneng ora adil Ki Lurah!. Ora kena diterus-terusake!”

        “Lajeng kersanipun Den Mas?”

        “Mau aku rak wis kandha ta?” wicantenipun Raden Mas Daksina wiwit radi inggil “aku kepengin njunjung drajate Tandur. Lan yen Tandur panggah isih dadi sisihane Palir, tangeh bisane Tandur munggah drajate malah kepara cepak mlorote. Mula Tandur kudu dipegatake karo Palir, sabanjure Tandur bakal tak pundhut dadi garwa selirku, Dene Palir, merga dheweke iku isih pandhereke Bapa Gendirireng, mula sanajan satemene kena dianggep luput merga ora bisa ngepenakake uripe sisihane malah kepara nambahi sengsarane, babar pisan ora bakal nampa pidana apa-apa. Malah cawisna brana picis sacukupe minangka pisungsung ndika marang aku, banjur wenehna marang Palir samangsa-mangsa dheweke sambang omah. Lan kandhanana pisan supaya Palir ora nggoleki Tandur maneh, jalaran Tandur wis dudu bojone maneh. Tandur wis mukti merga tak pundhut dadi garwaku. Sabanjure, sesuk dherekna aku menyang omahe Tandur, kandhakna kabeh sing dadi kersaku iki marang dheweke. Sesuk bengi, bakal tak wedharake apa sing dadi dhawuhe Bapa Gendirireng marang ndika lan marang kabeh para siswa ing Brendhilan kene, esuke aku kundur menyang Padhepokan karo nganthi Tandur sing wis dadi garwa selirku.”

        “Inggih Denmas, sendika ngestokaken dhawuh” .

        Sasampunipun rembagan makaten menika kala wau, Raden Mas Daksina nembe saged tilem. Dinten candhakipun kalihan kadherekaken Ki Lurah Brendhilan, Ki Jagabaya Tampeng saha Durma lan Gati, kekalihipun cantrik saking Padhepokan Gendirireng, Raden Mas Daksina lajeng murugi griyanipun Tandur. Pendherek sanesipun saking Padhepokan kadhawuhan ngrantos ing dalem Kalurahan.

        “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” Tandur ingkang boten nginten menawi badhe kedhatengan Ki Lurah lan tiyang-tiyang kala wau rumaos kaget manahipun, kanthi manah ingkang trataban piyambakipun matur dhateng Ki Lurah “mugi Ki Lurah pirsa bilih dinten menika Kakang Palir nembe boten wonten griya”.

        “Aku wis ngerti Nyai, nek Palir dina iki isih mbara kerja ing Pangapitan, iya ta?” wangsulanipun Ki Lurah kalih mesem semanak “nanging tekaku kene iki mau, ora merga nggoleki Palir. Nanging  ndherekne Denmas Daksina, putrane Bapa Guru Kyai Gendirireng, sing sedhela maneh bakal kawisuda dadi Tumenggung ing Majapahit Anyar, Pepundhenku Raden Mas Daksina ngersakake ketemu karo keng slira, Tandur.”

        Tandur nembe mangertos menawi priya gagah ingkang sandhanganipun ketingal endah lan mramong menika naminipun Raden Mas Daksina, putranipun Kyai Gendirireng, ingkang dipun pundhi-pundhi dening sedaya tiyang ing Dhusun Brendhilan.

        “Ngaturaken kasugengan sarawuh jengandika ing rompok kula menika Denmas, bekti kula mugi katur” gurawalan Tandur mbagekaken Raden Mas Daksina.

        “Iya-iya Nyai pangabektimu wis tak tampa lan gawe leganing atiku, pangestuku wae gage tampanana” Raden Mas Daksina suka wangsulan kalihan manah ingkang sakalangkung remen, suwantenipun Nyai Palir kapireng ing talinganipun Raden Mas Daksina kados rerepening hapsari saking kaswargan.

        “Nuwun inggih pangestu jengandika kula pundhi mugi dadosa jimat Denmas” wangsulanipun Nyai Palir kalihan kurmat “lajeng badhe paring dhawuh menapa dene Denmas kepareng manggihi kula menika Denmas?”.

        Raden Mas Daksina boten tumunten suka wangsulan, malah lajeng njawil tanganipun Ki Lurah Brendhilan, suka sasmita murih Ki Lurah Brendhilan anyulihi mangsuli pitakenipun Tandur.

        Ki Lurah Brendhilan lajeng ndumugekaken sedaya ingkang dipun dhawuhaken dening Raden Mas Daksina kala dalu dhateng Nyai Palir.

        “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” sasampunipun kendel sawatawis awit saking kageting manah, nampi rembag saking Ki Lurah Brendhilan ingkang makaten menika, Nyai Palir lajeng suka wangsulan “kula menika rak semahipun Kakang Palir, menapa boten prayogi menawi Ki Lurah mundhut pamanggihipun Kakang Palir langkung rumiyin?”

        “Iki dhawuh saka Denmas Daksina Nyai, dadi kudu ndika lakoni. Ora kena dibantah utawa diselaki nganggo pawadan apa wae. Jalaran dhawuhe Denmas Daksina kuwi padha karo dhawuhe Kyai Gendirireng. Sing sapa wonge wani mbantah dhawuhe Kyai Gendirireng padha wae wani marang Kyai Nagalanang, sesembahane awake dhewe kabeh kang wenang murba lan masesa beja lan cilakane manungsa sa ngalam donya iki”.

        Nyai Palir sampun boten saged wangsulan malih, kajawi namung ndhingkluk kalihan mripatipun wiwit kaca-kaca.

        “Aja kakehan sing mbok pikir mBokayu” Ki Jagabaya Tampeng ingkang taksih sedherek nak dherekipun Tandur, ingkang wiwit wau namung kendel kemawon, sareng Nyai Palir ketingal menawi bingung manahipun, lajeng tumut wicanten “wiwit sesuk esuk uripmu wis beda, dadi kajen kineringan, sebutanmu wis beda, malih dadi mBok Mas Rara, wong-wong sing kulinane njangkar wae marang awakmu, klebu Ki Lurah luwih-luwih aku, bakal malih dadi tundhuk lan mundhuk-mundhuk yen kepethuk ndika. Saya maneh yen wis klakon Denmas Daksina winisuda dadi Tumenggung sansaya luhur maneh drajat sing bakal ndika sandhang. Saiki ndika tumuli tata-tata, barang pengaji apa sing sakirane pantes ndika gawa ndherekne Denmas Daksina………..”.

        Raden Mas Daksina mesem, kemutan lelampahan dinten kala wingi. Meh kemawon manahipun pepes nalika kala wau enjing sumerep griyanipun Tandur sampun suwung. Katujunipun Ki Jagabaya Tampeng nggadhahi panginten menawi kesahipun Tandur  saking griya menika badhe nusul ingkang jaler dhateng Pangapitan. Lan Ki Jagabaya ngajak mbujung nututi Nyai Palir. Samangke Tandur sampun wonten ngajengipun. Kantun mbeta mlajeng, mumpung Ki Palir taksih repot ngunggar kasudiran kalihan Durma, Cantrik saking Padhepokan Gendirireng.

 

 

ana candhake

Sabtu, 16 Desember 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (12)

012.

        Sansaya dangu Ki Jagabaya sansaya kemropok, langkung-langkung sareng Dana wongsal-wangsul saged mimpangaken menawi nuju adu kekiyatan. Inggih nalika seranganipun Ki Jagabaya saged dipun tangkis dening Dana, Ki Jagabaya mesthi kontal lajeng adegipun glayaran malah kadhang ngantos dhawah menapa, sawatawis Dana sanaosa ugi kontal dhateng wingking nanging boten ngantos glayaran, namung kuda-kudanipun kemawon ingkang ambyar. Kalih waringutan Ki Jagabaya nunten ngedalaken dedamelipun ingkang ugi wujud pedhang . Tekading manahipun Ki Jagabaya, Dana badhe dipun sirnakaken kemawon.

        Dana ingkang ugi sumerep menawi Ki Jagabaya sampun mandi Pedhang, ugi lajeng nimbangi kanthi ngunus pedhangipun ugi.

        “nDika pancen kurang sabar Ki Jagabaya” kalihan ngangkat pedhangipun Dana wicanten dhateng Ki Jagabaya “kudune kerengan iki ora kudu nggunakne gegaman, merga matane gegaman kuwi ora bisa nyawang. Bisa mbebayani tumrap sapa wae”.

        “Ha ha ha ha….. Aja kakehan omong kowe Dana” wangsulanipun Ki Jagabaya kalihan gumujeng ngakak “yen pancen kowe wong sing jirih weruh getih, wedi marang pati, saiki uga mumpung aku isih durung nesu, kowe pasraha lan minggata saka kene, aja ngganggu nggonku arep aweh pidana marang Murid Murtad Si Palir kae. Ngertia, aku tenane uga ora seneng gawe pepati kajaba yen kapeksa”.

        “Semono uga aku Ki Jagabaya” Dana males suka wangsulan “tenane aku ya wegah kerengan karo sapa wae, nanging yen ana wong sing seneng meksa supaya wong liya nuruti kekarepane sing ora tinemu nalar, aku panggah ora bakal narimakake. Mligi kanggo Ki Palir, aku wis kadhung saguh arep atur bebela marang panjenengane sing lagi nindakne lekas mulyane ya iku bali marang dalan kang bener, mula kaya sing tak kandhakne neng ngarep aku ora wedi mati mbelani Ki Palir sing manggon bener. Dadi nek kowe wani nekad arep nggunakne pedhangmu, aku ya ora kabotan ngladeni, nganti tumetesing getih kang pungkasan”.

        “Setan alas” Ki Jagabaya nggetak kalih misuh “Klakon dadi bathang neng alas kene tenan, kowe Dana”

        Tiyang kalih lajeng wangsul adu kasudiran. Kekalihipun nyata-nyata prigel ngginakaken pedhang ing tangan, temah menawi katingalan ketingal endah nengsemaken, nanging sanget anggenipun mbebayani.

        Sawatawis menika, Raden Mas Daksina ingkang wiwit wau namung ningali rowang-rowangipun sami perang, rumaos cuwa manahipun. Awit piyambakipun babar pisan boten nginten manawi Ki Palir lan rencang-rencangipun menika nggadhahi kalangkungan ing ulah kanuragan, Nanging kanyatanipun, Ki Jagabaya jebul boten tumunten saged ngasoraken Dana. Para panandherekipun piyambak ingkang menawi ing gladhen kanuragan ing padhepokan ketingal langkung onjo tinimbang kanca-kancanipun jebul boten kados ingkang dipun ajeng-ajeng, sareng ngadhepi Ki Palir, Gothot lan Wala.

        Sansaya dangu anggenipun ningali, sansaya kuwatos manahipun Daksina. Boten ketingal wonten tandha-tandha menawi Ki Jagabaya lan para pendherekipun saged mimpang ing paprangan alit menika. Malah kepara boten mokal menawi Ki Jagabaya lan para siswa saking Paguron Gendirireng badhe dipun kawonaken dening Ki Palir lan rencang-rencangipun.

        “Hm….. aku kudu tumuli tumandang, ” Daksina nggereng piyambakan “yen ora, bisa-bisa Jagabaya Tampeng karo bocah-bocah kuwi digawe wirang dening Palir lan kanca-kancane kae”.

        Daksina lajeng nyilakaken nyampingipun, ngencengi koloripun, ing pangangkah badhe ngrencangi Ki Jagabaya Tampeng langkung rumiyin. Awit mila kawontenanipun Ki Jagabaya sansaya ketingali ndrawasi, wongsal-wangsul sampun kepireng anggenipun misuh-misuh, awit pucuk pedhangipun Dana kuwawa nggaritaken tatu ing gegeripun Ki Jagabaya. Daksina ugi lajeng ngliga pedhangipun, lajeng jumangkah badhe mrepegi papanipun Ki Jagabaya kerengan kalih Dana.

        Nanging, dumadakan Daksina mandheg, mripatipun sumerep cikar mandheg, ingkang lembunipun dipun cancang. Lan ing sacaketing cikar menika ketingal pawestri ingkang dedeg poyadegipun, pasuryanipun, pakulitanipun, lan sanes-sanesipun sampun damel getering birahinipun. Tandur, inggih semahipun Ki Palir, ingkang kala wau dipun tembung badhe dipun dadosaken garwa ampilipun.

        Wekdal niku Nyai Palir mila nembe linggih piyambakan ing wit ingkang rebah sacaketing cikaripun Gothot. Nyi Palir nembe kasengsem ngulati kakungipun ingkang ander pati kalihan mengsahipun. Wongsal-wangsul Nyai Palir tanpa kraos tumut ebah, ngetutaken ebahipun ingkang jaler. Menawi nuju Ki Palir katleyek mundur, Tandur tumut nutupi tutukipun. Menawi Ki Palir nuju ndheseg mengsahipun, Tandur tumut ngepel-ngepelaken gegemanipun. Menawi Ki Palir kenging pupuh utawi dugang saking mengsahipun, Nyi Palir ugi kados-kados ngraosaken sakit, nanging menawi Ki Palir saged damel mengsahipun dhawah glangsaran ing siti, Tandur ugi katut getem-getem kalihan nggegetaken untunipun.

        Raden Mas Daksina mrangkakaken malih pedhang ingkang sampun diunus. Lajeng ngleresaken nyampingipun malih, kalih mesam-mesem piyambak Daksina mlampah nylingker, badhe nyaketi papanipun Nyai Palir. Daksina mila sampun kedanan dhateng Nyai Palir, wiwit piyambakipun dumugi ing Dhusun Brendhilan tigang dinten kapengker. Estunipun anggenipun sanja dhateng Brendhilan kala emben menika, Raden Mas Daksina ngemban dhawuhipun Kyai Gendirireng murih mirsani kadospundi gregeting para siswa ingkang wonten Brendhilan anggenipun gladhen kanuragan. Jalaran Kyai Gendirireng sampun nampi prentah saking Kyai Nagalanang murih sansaya nggrengsengaken para siswa anggenipun sami gladhen, jalaran boten dangu malih ing Patalan badhe kakepyakaken jumenengipun Prabu Brawijaya Patalan, Inggih Prabu Brawijaya Patalan menika ingkang piniji dening Dewa jumeneng Nata ing Majapahit enggal. Lan sasampunipun kajumenengaken Nata Majapahit ing Patalan, Prabu Brawijaya Patalan badhe nglurug perang, ngrabasa Mataram sesarengan kalihan Kyai Nagalanang, para siswa sedaya kawajibaken ndherek. Pramila Raden Mas Daksina boten namung kadhawuhan mirsani gladhenipun para siswa ing Brendhilan kemawon, nanging ugi kadhawuhan nyobi dugi sepinten kaprigelan lan kadigdayanipun para siswa ing Brendhilan. Anggenipun ngayahi jejibahan ing Brendhilan menika dipun biyantu dening cantrik-cantrikipun Kyai Gendirireng ingkang sampun mumupuni ing reh kanuragan.

        Raden Mas Daksina dumugi ing Brendhilan sampun radi sonten, srengenge sampun radi mandhap ing cakrawala sisih kilen. Nyarengi tiyang-tiyang dhusun sami reresik salira wonten ing lepen lan sendhang. Inggih nalika samanten, Raden Mas Daksina ingkang nunggang kapalipun alon-alonan, papagan kalihan pawestri ingkang saliranipun weweg lencir, pakulitanipun jene, pasuryanipun mencorong kados sunaring rembulan ing wanci purnama. Palarapaning pawestri kala wau ketingal anyela cendhani, alis njlirit nanggal kapisan, mripat lindri-lindri amantesi, pipi anduren sajuring, irungipun ngrungih kados kencana tinatar, lathinipun ketingal abrit kados manggis karengat, gulu ngolan-olan. Sansaya mangandhap anggenipun ningali Raden Mas Daksina dhateng pawestri kala wau, sansaya ndadosaken jantungipun kraos gemeter. Pawestri ingkang ngindhit klenthing isi toya, menika namung ngangge sinjang, kadamel pinjungan, temah ketingal garesing suku ingkang nglabu dawa. Dereng ngantos tuwuk Raden Mas Daksina anggenipun ningali, kaselak pawestri kala wau menggok mlebet dhateng griyanipun. Raden Mas Daksina inggih nunten nglajengaken lampah dhateng Dalem Kalurahan Brendhilan.

        Dalunipun Raden Mas Daksina boten saged jenjem manahipun, lan nalika Ki Lurah lan para Pamong Dhusun ambagekaken duginipun, anggenipun suka wangsulan kados tiyang bingung. Anggenipun jagongan rembagipun kathah ingkang boten nyambung. Wewayanganing pawestri ingkang kepanggih ing margi kala wau tansah kumanthil-kanthil ing padoning mripatipun Raden Mas Daksina. Kamangka nalika samanten Raden Mas Daksina nembe selapan dinten mundhut garwa klangenan malih, mewahi garwanipun ingkang sampun cacah gangsal.

        Solah bawa lan slaganipun Raden Mas Daksina ingkang benten kalihan padatan lan nganeh-anehi makaten menika saestu ndadosaken bingungipun Ki Lurah Brendhilan. Dening Ki Lurah para pamong ingkang suwaunipun dipun klempakaken kangge nampi dhawuh ingkang dipun beta dening Raden Mas Daksina, lajeng sami kadhawuhan wangsul. Sasampunipun kawontenan Dalem kalurahan sepen, para pandherekipun Raden Mas Daksina ugi sampun sampi mapan ing gandhok kangge kendel, Ki Lurah lajeng nyuwun pirsa dhateng Raden Daksina sampun wonten kedadosan menapa dene Raden Mas Daksina ngantos kados makaten menika.

        Raden Mas Daksina nunten waleh dhateng Ki Lurah menawi manahipun kataman jemparinging Sang Hyang Asmara. Anggenipun sampun kepanggih kalihan wanita ingkang tuhu sulistyeng warna kala wau sadaya dipun cariyosaken dhateng Ki Lurah Brendhilan, kalebet anggenipun dereng ngantos marem ningali sampun kaselak wanita kala wau mlebet dhateng griyanipun.

        “Mula saka kuwi Ki Lurah, mesisan gawe aku dhawuh marang ndika” Raden Mas Daksina mungkasi anggenipun cariyos kalihan paring prentah dhateng Ki Brendhilan “ndika kudu bisa mbudidaya murih sedyaku bisa kasembadan. Ya iku aku kepareng arep njunjung drajate kawula ndika sing ora liya bocah wadon sing kepethuk aku mau, dheweke bakal tak muktekake tak pundhut garwa ampil kang angka pitu. nDika ora tak keparengake selak utawa ndaga dhawuhku iki Ki Lurah, malah yen nganti sedyaku iki ora kasembadan, ndika aja ngluputake aku yen nganti ndika tak patrapi pidana sing abot”.

 

ana candhake

 

Jumat, 15 Desember 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (11)


 

011.

        Ki Jagabaya Tampeng sansaya muntab manahipun awit dipun penthelengi dening Ki Palir makaten menika. Tumrap Ki Jagabaya, Ki Palir menika boten wonten menapa-menapanipun, dereng wonten tinonipun Ki Palir menika kerengan kalihan tiyang sanes lajeng mimpang makaten. Ki Jagabaya ugi ngertos menawi Ki Palir menika mila boten remen gladhen ulah kanuragan, rumiyin mila nate dipun gladhi dening tiyang sepuhipun ingkang ugi salah satunggaling dhukun kanuragan, nanging sasampunipun Ki Anggira pejah, Ki Palir kendel boten nate sinau ulah kanuragan malih. Malah nalika para siswanipun Kyai Gendirireng dening Ki Lurah Brendhilan dipun wajibaken tumut gladhen kanuragan, Ki Palir pilih atur pisungsung dhateng Ki Lurah murih kaparengaken boten tumut gladhen. Pramila dupi sumerep menawi Ki Palir sajak boten trimah dipun getak lan dipun pisuhi, Ki Jagabaya dados sakalangkung anggenipun nesu. Ngiras pantes badhe nedahaken kasetyanipun dhateng Daksina, Ki Jagabaya badhe ngajar Ki Palir babar pisan, sanaosa estunipun antawisipun Ki Palir lan  Jagabaya Tampeng menika taksih wonten sambeting sedherek, awit semahipun Ki Palir, Tandur, menika taksih kaprenah mbokayu nak dherek kalihan Ki Jagabaya. Ewa samanten Ki Jagabaya boten badhe tidha-tidha malih menawi Ki Palir boten purun nuruti dhawuhipun Raden Mas Daksina.

        “Heh Jagabaya Tampeng” dumadakan Ki Palir ugi maju sajangkah kalihan wicanten “nalarku iki isih waras, mula aku wegah nggugu rembug sing goroh lan ngayawara. mBuh sapa sing guneman, embuh kuwi Raja utawa Pandhita, embuh kuwi wong pidak pejarakan gedibal sangalikur paribasane, nek sing dikandhakne tinemu ing nalar lan ngajak marang kabecikan mesthi bakal tak gugu. Nanging nek omongane kaya wae sing lagi tak rungu iki mau, ora bakal aku percaya, mesthi aku ora sudi nggugu. Nek kowe utawa wong liyane arep nggugu, kuwi dudu perkaraku lan aku ora arep ngaru-biru, nanging aja ajak - ajak luwih – luwih meksa aku supaya aku melu. Sabanjure nek minangka pamong kowe wirang merga duwe warga aku, aja kuwatir Ki Jagabaya, dina iki uga aku ora arep manggon neng Brendhilan. Ora mung kowe sing duwe rasa wirang, sanadyan aku ya banget isin dadi warga Brendhilan sing pamonge mung kaya kowe kuwi….”

        “Iblis laknat, tak suwek cangkemmu sing rusak kuwi Palir!” kalihan mbengok seru, Jagabaya Tampeng mencolot badhe mrawasa Ki Palir.

Nanging boten kawon kebatipun, Dana ingkang wiwit wau boten pegat anggenipun ngulati kawontenanipun Ki Palir, sampun ngaglah ing ngajengipun Ki Jagabaya, pasang kuda-kuda siyaga ngadhepi bebaya.

“Keparat sapa iki wani ngadhang neng ngarepku he?” Ki Jagabaya sansaya muntab wonten tiyang ingkang cetha menawi badhe ngrencangi Ki Palir.

“Ditepungne wae Ki Jagabaya, jenengku Dana” wangsulanipun Dana kalihan mesem, babar pisan boten wonten tandha menawi ering dhateng Ki Jagabaya Tampeng.

“Duwe karep apa kowe malangi nggonku arep mrawasa Palir he ?” Ki Jagabaya pitaken kalihan nggetak.

“Ora arep malangi kowe Ki Jagabaya, nanging wis dadi tekading uripku, sapa wae kena nyenggol ragane Ki Palir yen wis kuwawa nglangkahi bathangku” Dana suka wangsulan kanthi suwanten ingkang atos.

“Setan alas, prenah apa kowe karo si Keparat Palir he?” Ki Jagabaya sansaya muntab.

“Dudu sanak dudu kadang, yen mati aku kelangan!” wangsulanipun Dana.

“Yen mangkono iki tampanana” Ki Jagabaya ngangkat sukunipun kanan dipun dugangaken ngarah lambungipun Dana.

Nanging Dana langkung prayitna, panyadhukipun Ki Jagabaya kapapag mawi dhengkul ingkang dipun kiyati mawi tangan kalih ingkang ngepel ing kanan lan keringipun. Wonten kekiyatan kalih ingkang tempuk. Kekiyatan panempuh saking Ki Jagabaya tempuk kalihan kekiyatanipun Dana ingkang anadhahi. Tempuking kekiyatan menika, ndadosaken kekalihipun sami kontal dhateng wingking. Dana kontal tigang jangkah, kuda -kudanipun ambyar, nanging tumunten saged siyaga malih kangge ngadhepi mengsahipun. Ki Jagabaya ingkang boten nyana menawi anggenipun ndugang badhe nanggor dhengkul lan kepelanipun Dana, ugi kontal mundur tigang jangkah, adegipun lajeng radi goyang. Ki Jagabaya tumuli tata-tata malih kangge ngambali panrajangipun dhateng Dana. Boten dangu tiyang kalih menika sampun rame anggenipun sami adu kasantikan.

Sawatawis menika, tiyang tiga pendherekipun Raden Mas Daksina, saking Paguron Gendirireng ingkang sumerep menawi Ki Jagabaya sampun aben ajeng kalihan Dana, tiyang tiga menika tumuli nyaketi Ki Palir, ingkang wurung dipun prawasa dening Ki Jagabaya. Gothot lan Wala, ugi sampun tanggap. Tiyang tiga ingkang nyaketi Ki Palir menika tumunten dipun adhepi. Dados tandhing. Tiga mengsah tiga. Namung Raden Daksina ingkang boten nggadhahi mengsah. Lajeng mundur pados papan ingkang radi ayom, ningali rowangipun ingkang sami  adu kasudiran.

Sansaya dangu anggenipun sami ngunggar kasudiran sansaya rame. Ki Palir ingkang ketingalipun boten remen ulah kanuragan menika, pranyata solahipun kesit lan cukat, mengsah Pendherekipun Raden Mas Daksina, siswa Padhepokan Gendirireng menika, Ki Palir babar pisan boten katingal kethetheran. Sanadyan mengsah ingkang dipun adhepi nyata cukat lan trengginas, lan solahing tangan lan sukunipun kados kitiran, suprandene kanthi gampil Ki Palir saged nangkis utawi ngendhani. Malah sampun wongsal-wangsul siswa Padhepokan Gendirireng menika dhawah glangsaran, kedhawahan dugangan utawi pupuhan saking Ki Palir.

Dangu-dangu sansaya kraos emu siswa Paguron Gendirireng menika, jalaran sedaya panrajangipun saged dipun tangkis dening Ki Palir kanthi pas, utawi dipun endhani kanthi sekeca. Lan pranyata Ki Palir nggadhahi simpenan tenaga ingkang langkung ageng katimbang piyambakipun, ketitik saben-saben kedadosan adu kekiyatan, pandherekipun Raden Mas Daksina menika kontal dhateng wingking langkung tebih tinimbang kontalipun Ki Palir. Wekasan telas kesabaranipun siswa Paguron Gendirireng menika, lajeng ndudut dedamelipun wujud Pedhang ingkang ketingal sakalangkung landhep lan lancip.

“Palir Murid murtad” kalihan ngobahaken pedhangipun murid Paguron Gendirireng niku wicanten “aja kesusu bungah dhisik, merga kowe sembada  ngladeni tandangku sing mung lelahanan. Saiki tanganku wis nyekel pedhang, gage unusen pedhangmu!. Yen nganti sajroning pitung jurus ora jebol jantungmu katembus pucuking pedhangku, tak sembah ider-ideran kowe”.

Sumerep mengsahipun sampun mbeta dedamel wujud pedhang, Ki Palir ugi lajeng ngunus pedhangipun saking wrangka. Boten patos panjang, nanging ketingal menawi menika pedhang pusaka, mila pedhang ingkang dipun sukani nami Kyai Sabetsatru menika pedhang kina tilaranipun Ki Anggira, tiyang sepuhipun Ki Palir, ingkang jaman gesangipun kondhang minangka dhukun ngelmu kanuragan.

“Aja kegedhen umuk Kisanak” kalihan mesem sajak ngece Ki Palir mangsuli sesumbaring mengsahipun “mara majua mrene leganing atiku, suntaken kasudiranmu keteken japa mantramu, ora-ora nek aku bakal mundur sejangkah”.

Tiyang kalih menika tumunten nglajengaken anggenipun kerengan. Malah sansaya nggegirisi tinimbang kala wau. Awit kekalihipun sampun sami nyepeng dedamel, sisip sembiring solah saged ndadosaken tiwas kenging dedameling mengsahipun.

Boten tebih saking papanipun Ki Palir perang tandhing kanthi gegaman pedhang, Gothot lan Wala ugi nembe ngadhepi mengsahipun. Gothot lan Wala anggenipun ngadhepi mengsahipun mawi cara perang pasangan, kados limrahipun peajurit ingkang perang ing palagan ageng. Kekalihipun gilir gumanti tansah ambiyantu rencangipun ugi ngayomi setunggalipun. Milih perang mawi pasangan menika, jalaran Wala sumerep kekiranganipun Gothot, ingkang kajawi sampun dangu boten tumut gladhen kanuragan jalaran mila padamelanipun mbajingi Cikar, wekdalipun telas kangge ngudhak dhedhak lan njereng rendeng kangge tedhaning lembunipun, ugi tenaganipun Gothot sampun boten rosa malih kabekta dening tambahing umur ingkang sansaya sepuh. Kanthi cara perang pasangan menika, kekiranganipun Gothot saged dipun tambal dening Wala, dados inggih boten patos nguwatiri.

Benten kalihan pandherekipun Raden Mas Daksina ingkang ngadhepi Gothot lan Wala. Kekalihipun ingkang dipun gladhi namung perang tandhing, ijen sami ijen, boten mudheng kalihan perang cara pasangan. Pramila sareng ngadhepi Gothot lan Wala ingkang ngginakaken cara pasangan, kekalihipun asring bingung piyambak setunggal lan setunggalipun asring salah tampi. Ingkang makaten menika malah ndadosaken perang sansaya rame. Awit sanaosa siswa saking Paguron Gendirireng menika nggadhahi kalangkungan ing ulah kanuragan, nanging kawon ing babagan tata caraning perang. Satemah kawontenan lajeng dados imbang.

Ingkang sakalangkung rame perang tandhingipun Ki Jagabaya ingkang mengsah Dana. Jagabaya Tampeng mila sekti mandraguna, cukat, trengginas lan trampil. Nanging Dana ugi nggadhahi kadigdayan ingkang ngedab-edabi. Boten maiben mila Dana menika kalebet sinoman Pangapitan ingkang pinitados ngesuhi para sinoman sanesipun. Pramila ngadhepi Ki Jagabaya Tampeng inggih boten rumaos kawratan, nanging ugi boten kraos kenthengen. Kekalihipun gilir gumantos, silih ungkih gentos kalindhih. Kekalihipun kerep dhawah glangsaran ing pasuketan awit kadhawahan gempuraning mengsah.

 

 

Ana candhake

Kamis, 14 Desember 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (10)

010.

        Ngantos radi dangu Ki Palir boten suka wangsulan, malah kalih suwanten ingkang namung klesak-klesik lajeng ngandhani semahipun murih radi manebih dhateng sacaketing cikar. Ki Palir nyriyosi semahipun menawi badhe ngadhepi tiyang-tiyang menika. Ki Jagabaya ingkang anggenipun pitaken boten tumunten dipun wangsuli, manahipun sansaya benter. Kalihan majeng sajangkah, Ki Jagabaya wicanten kalihan suwanten ingkang songar :

        “He Palir, aku iki Jagabaya, Pamong Desa Brendhilan! Kowe tak jak guneman wiwit mau kok tansah nyepelekne, mbok anggep apa aku iki He?”.

        “Aku iki ora nyepelekne Ki Jagabaya” wangsulanipun Ki Palir tatag “wiwit pisanan ketemu mau aku takon ora mbok wangsuli, malah ndika banjur takon bola-bali tak wangsuli apa anane. Mung pitakonmu sing keri dhewe kuwi mau sing durung tak wangsuli. Merga pitakonmu kuwi lucu, sing mlaku tekan kene kuwi ndika lha kok sing ditakoni karepe malah aku? Kuwi apa ora lucu? Nanging nek ndika meksa aku supaya wangsulan, saiki ndika rungokne aku arep wangsulan : ndika ndherekne sapa kuwi aku ora ngerti lan ora butuh ngerti. nDika lan sing ndika dherekne nganti tekan kene kuwi duwe kersa apa aku ya ora weruh lan ora butuh weruh, Wis cetha ta? Nek wis cetha, saiki aku arep ngajak bojoku lunga saka papan kene, merga aku isih duwe gaweyan sing kudu tak tandangi. Ngerti?”

        Dipun wangsuli kados makaten kala wau Ki Jagabaya Tampeng sakala muntab. Untunipun nggeget, tanganipun ngepel, Ki Palir badhe dipun tangani. Nanging dipun candhet dening tiyang ingkang dipun sebat Denmas Daksina kalawau. Sasampunipun Raden Mas Daksina suka sasmita dhateng Ki Jagabaya murih kendel, nunten majeng sejangkah kalihan wicanten dhateng Ki Palir, suwantenipun kepireng alus :

        “Aja kesusu ngalih dhisik Kang Palir, aku kepengin rembugan sethithik karo kowe”.

        Dipun ajak rembagan mawi suwanten ingkang alus makaten kala wau, Ki Palir lajeng wangsulan kanthi basa ingkang alus ugi:

        “Nyuwun pangapunten Denmas, Denmas badhe paring dhawuh menapa dhateng kula?”

        “Durung suwe iki, aku nampa dhawuh saka Kyai Nagalanang sing lagi tapa ing kedhatone kang wujud Guwa Suci Patalan, dhawuh mau kajaba kanggo aku uga kanggo Kang Palir” wangsulanipun Raden Mas Daksina.

        “Kangge ndika lan kangge kula Denmas? Kok aneh sanget?” Ki Palir wangsulan alus, mawi pitakenan “Kula menika sumerep saliranipun Kyai Nagalanang ingkang ngedhaton ing salebeting Guwa Suci Patalan menika kemawon dereng nate, malah kalihan Kyai Nagalanang ingkang jumeneng minangka Guru Agung ing Padhepokan menika, kula sumerep inggih nembe kaping sepisan, menika kemawon saking katebihan, kok dumadakan Denmas ngendika menawi nampi dhawuh kangge kula, harak inggih aneh ta Denmas?”

        “Aneh kuwi tumrap titah sing nggunakne nalar wantah?” Daksina suka wangsulan kalihan mesem wiyar “nek tumrap Kyai Nagalanang sing wenang murba tan wenang kapurba, aja maneh mung marang Kakang Palir ora pirsaa, sanadyan mobah-mosike kabeh titah sing ana ing Tanah Jawa iki Kyai Nagalanang ora kekilapan babar pisan. Iya sing wis kelakon apa kang durung kelakon”

        “Lajeng dhawuh kagem Denmas menapa ingkang kangge kula menapa Denmas?” ugi kalihan mesem Ki Palir pitaken.

        “Dhawuhe Kyai Nagalanang, sadurunge enteke tahun iki, Kraton Majapahit sing saiki manggon ana ing Alas Patalan bakal ngadeg, kang jumeneng Nata ora liya trah lajer saka Narendra Majapahit. Alas Patalan lan Alas Ketangga sing saiki isih wujud alas gung liwang-liwung kuwi jroning sakedheping netra bakal dadi Kutharaja sing rame lan reja. Kanthi timbule Kraton Majapahit iki mengko, sakehing Raja, Adipati, Demang, Lurah lan sapanunggalane kang wektu iki ana, bakal sirna kabeh, kajaba yen gelem manunggal lan sumpah bakal setya marang Majapahit, samono uga tumrap para kawula cilik sing gelem ngawula marang Raja Majapahit sarta gelem ambathara marang Kyai Nagalanang uripe bakal ora kurang sandhang apa dene boga selawas-lawase lan tumrap kang ora gelem ngawula marang Majapahit luwih-luwih ora gelem mbathara marang Kyai Nagalanang, mangka bakal nemu cilaka, ragane rusak dadi rabuking bumi, sukmane bakal digodhong dadi isen-isening kawahe Gunung Mahendra.”

        Daksina kendel sakedhap anggenipun wicanten, suka wekdal dhateng Ki Palir mbok menawi badhe wicanten. Nanging Ki Palir pilih mendel, boten kumecap menapa-menapa. Namung salebeting batos, maiben dhateng menapa ingkang dipun ucapaken dening Daksina, ingkang miturut pamanggihipun Ki Palir namung crita ngayawara ingkang boten kepanggih ing nalaripun tiyang ingkang waras.

        “Sabanjure” sareng Ki Palir babar pisan boten kumecap, Daksina nglajengaken anggenipun wicanten “sawise Majapahit klakon madeg, aku bakal kaparingan jejibahan dening Kanjeng Sinuhun minangka Adipati Brang Kulon, ngesuhi sakehing Adipati sing saiki kebawah Mataram. Lan kowe Kakang Palir bakal nampa ganjaran, kasengkakake ngaluhur dadi pepatihku. Nanging kabeh mau ana sarat kang kudu diwujudi wiwit saka saiki”.

        “Lajeng saratipun menapa Denmas?” tanpa dipun sengaja pitaken makaten menika medal saking lathinipun Ki Palir.

        “Sarat sing kanggo aku, ora prelu tak kandhakne marang kowe” wangsulanipun Daksina “dene sarat kang kudu mbok wujudi, kuwi klebu entheng lan gampang nganggo banget. Ya iku kowe kudu masrahake sisihanmu marang aku. Tandur bakal tak muktekake dadi garwa ampilku lan kowe bakal tak paringi brana picis sacukupe sing bisa turah-turah nek arep mbok enggo rabi maneh”.

        Mireng tembungipun Daksina ingkang makaten kala wau, Ki Palir nembe mudheng kalihan ucapipun ingkang estri kala wau ingkang mastani bilih tiyang-tiyang menika tiyang edan sedaya. Ki Palir boten tumunten ngucap wangsulan, nembe nata manahipun murih boten katut kepancing kalihan ucapipun Daksina, ingkang alus nanging sampun ngremehaken dhateng piyambakipun.

        “Kang Palir aja nduwe gagasan yen aku keyungyun marang ayune Tandur sing wis dadi sisihanmu kuwi” Daksina guneman malih amargi Ki Palir boten tumunten wicanten “nanging aku mung sadrema ngemban dhawuh saka Kyai Nagalanang sing kudu tak tindakne kanthi lila legawaning ati, kaping pindho merga aku uga kepengin aweh pambiyantu marang Kang Palir apa dene Tandur murih bisa nduweni kalungguhan lan drajat sing luwih luhur. Dina iki uga sarat kanggo Kang Palir bisa mbok wujudi, Tandur tak kanthine bali menyang kasatriyan lan brana picis sing kanggo kowe bisa mbok jupuk menyang Dalem Kalurahan Brendhilan sepasar maneh. Piye Kakang Palir?”

        Dipun ampet-ampet sansaya boten kiyat raosing manahipun Ki Palir, nanging rahayunipun Ki Palir taksih saged nata nalaripun, temah anggenipun wangsulan taksih kepireng runtut sanaosa sampun boten patos alus malih :

        “Nyuwun pangapunten Denmas, ndika mila kenging dhawuh menapa kemawon sakersa ndika, jumbuh kalihan kapitayan ndika. Nanging kula ugi wenang guneman lan ngekahi kapitayan kula. Menawi ndika lan tiyang sanesipun pitados lan badhe tumut miturut dhateng Kyai Nagalanang niku nggih mangga-mangga mawon, nanging tumrap kula ingkang taksih nggadhahi nalar jangkep lan waras, sedaya ingkang ndika dhawuhaken kala wau menika namung kabar goroh, crita ngayawara, menawi dipun gega tan wurunga badhe nguwohaken cilaka. Lan kula kalih semah kula sarta kanca-kanca kula niki sedaya boten kepengin cilaka, mula sedaya ingkang ndika dhawuhaken boten badhe kula pitados lan boten badhe kula lampahi”.

        “Keparat kowe Palir…..” Jagabaya Tampeng ingkang wiwit wau namung mendel mirengaken anggenipun rembagan Daksina kalihan Ki Palir, dumadakan misuhi kalihan nggetak Ki Palir “aja mung dlangap-dlangap waton bisa ngucap, kowe aja gawe wirange wong Brendhilan, rumangsamu kowe kuwi lagi guneman karo sapa he? Apa nalarmu wis onya, teka kowe wani mbantah apa sing dadi dhawuhe Denmas Daksina, putrane Kyai Gendirireng, wewakile Kyai Nagalanang sing kuwasa gawe beja lan cilakamu he? Ngertia!, aku wirang dadi Pamong Desa Brendhilan nek duwe kawula kaya dhapurmu sing wuta ing reh tata krama ngono kuwi!”.

        Dipun pisuhi lan dipun getak kados makaten menika, Ki Palir boten ajrih. Ki Palir ngertos menawi Ki Jagabaya Tampeng mila nggadhahi kalangkungan ing reh kanuragan. Lan sampun kathah tiyang-tiyang ing Brendhilan ingkang dipun tangani saha dipun ajar menawi wantun kalihan piyambakipun. Nanging bawaning ngekahi kaprawiran, sutik nampani tumindak sawiyah-wiyahing liyan, Ki Palir nekad badhe wantun kalihan Ki Jagabaya Tampeng. Ki Jagabaya dipun penthelengi kalihan mripat ingkang murup ingkang nedahaken menawi Ki Palir boten narimahaken anggenipun sampun dipun getak saha dipun pisuhi dening Ki Jagabaya.

       

ana candhake

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...