Total Tayangan Halaman

Selasa, 16 Januari 2024

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (30)


 

030.

        Ki Palir njejegaken anggenipun sila, kendel sakedhap ketingalipun nembe nata ukara kangge atur wangsulan dhateng Ki Lurah. Ki Lurah, Ki Jagabaya Munggur lan Sukmana sami ningali praupanipun Ki Palir, ngrantos wangsulan ingkang dipun takenaken dening Ki Lurah.

        “Estunipun Kawuk menika tunggil sabregada kalihan kula nalika sami-sami meguru ing Padhepokanipun Ki Gendirireng, awit dipun gosokaken dening Kakang Dungkul menapa dene kakang Dhangkal saha Ki Lurah Brendhilan” Ki Palir miwiti atur wangsulan “nalika samanten siswa-siswa saking Brendhilan wonten pitu kalebet kula, inggih menika Sadi, Sukir, Tasma, Kawuk, Basu, Gurit lan kula”.

        “O, genahe Kawuk sing tau digawe pepes balung garese dening Ki Jagabaya merga maling sapine mBah Karsa kuwi wong  Brendhilan sing melu ngudi ngelmu kanuragan ing Padhepokane Ki Gendirireng?” Ki Lurah nyela rembag, nyethakaken sinten tiyang ingkang nami Kawuk kala wau.

        “Inggih Kakang” wangsulanipun Ki Palir ingkang lajeng nutugaken anggenipun cariyos  “lare pitu kala wau sareng dumugi ing Padhepokan lajeng dipun kempalaken kalihan siswa sanes tunggil bregada. Sareng anggenipun sinau ulah kanuragan ing Padhepokan sampun angsal nem wulan, dening Ki Gendirireng kapendhet lare sedasa ingkang miturut pambijinipun Ki Gendirireng sae lan gathekan anggenipun sinau ulah kanuragan lajeng dipun dhawuhi murih nglajengaken anggenipun sinau dhateng padhepokan Nagalanang. Lare pitu ingkang saking Brendhilan kala wau sedaya katut, nanging gandheng kula boten patos remen mireng cariyos-cariyos ingkang kula wastani cariyos umuk, kula boten tumut nglajengaken dhateng Padhepokan Nagalanang lan milih wangsul dhateng Brendhilan malih.”

        “Lha si Adhi milih bali menyang Brendhilan kuwi, apa Adhi Dungkul lan Adhi Dhangkal ya banjur meneng wae? Lire apa Wong loro kuwi ya nyarujuki lekase si Adhi kuwi?” Ki Lurah nyelani rembag kalihan mundhut pirsa.

        “Waunipun Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal inggih muring-muring, kula dipun srengeni boten kantenan, nanging inggih boten kula reken babar pisan, tekad kula nalika samanten mila angur bodho watone ngaso” atur wangsulanipun Ki Palir kalihan mesem “salajengipun, sareng angsal setahun lare-lare kala wau anggenipun puruita ing Padhepokan Nagalanang, sami endhang wangsul dhateng Brendhilan. Slaganipun sampun benten tebih kalihan jaman saderengipun meguru. Lare nem menika sami dhemen pamer kalangkungan dhateng para warga ing Brendhilan. Ingkang sami dipun pameri inggih sami eram kaworan ering lan kathah ingkang sami maiben dhateng kula awit kala samanten kula boten purun tumut meguru dhateng padhepokan Nagalanang sareng kalihan lare-lare kala wau”.

        “Menapa Paman ugi lajeng rumaos keduwung Paman?” gentos Sukmana ingkang nyela rembag, pitaken dhateng Ki Palir.

        “Boten Ngger, malah kula rumaos sokur lan kaleresan, awit kula sampun kaslametaken saking watak dhemen ngongasaken kalangkungan utawi watak dhemen gumendhung adigang adigung kados makaten”  wangsulanipun Ki Palir “nanging nalika Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal tumut maiben awit kula boten kados lare nenem kala wau, kula inggih boten semaur menapa-menapa.”

        “Iya sabanjure kepiye?” Ki Lurah dhawuh murih Ki Palir nglajengaken anggenipun cariyos.

        “Anuju setunggaling dinten” Ki Palir nutugaken cariyos “kula mireng anggenipun rerembagan antawisipun Kakang Dhangkal lan Kakang Dungkul, ingkang wosing rembag Kakang Dungkul ngabaraken bilih sampun pikantuk setunggal dinten lare nem babaran Paguron Nagalanang menika bidhal ngayahi pandadaran. Lare nem dipun pantha dados tigang pantha, ingkang sapantha murih kesah mangaler, ingkang sapantha mangetan, dene ingkang sapantha malih mangilen. Lan salebeting wekdal gangsal welas dinten sedaya kedah ngempal ing griyanipun Kakang Dungkul malih. Menawi pambijinipun Kakang Dungkul lare-lare kala wau lulus salebeting nglampahi pandadaran, mangka badhe kadhawuhan wangsul malih dhateng Padhepokan Nagalanang nutugaken anggenipun puruita saprelu nyinaoni ngelmu kanuragan ingkang langkung inggil malih. Kosok wangsulipun, menawi boten lulus badhe kawangsulaken malih dhateng padhepokan Gendirireng, matengaken ngelmi ingkang dereng sampurna”.

        “Sing dikarepne lunga mangalor, mangetan lan mangulon kuwi menyang ngendi wae Dhi? Lan wujude pandadaran kaya apa?” Ki Lurah mundhut pirsa.

        “Nalika samanten kula piyambak inggih boten mangertos Kakang” atur wangsulanipun Ki Palir “nembe sasampunipun sedaya sami wangsul lan ngempal ing griyanipun Kakang Dungkul, kula nggadhahi pandakwa awon, duka leres lan botenipun.”

        “Pandakwa ala kepiye Dhi?”

        “Nalika sami ngempal kados ingkang sampun sami dipun sarujuki saderengipun bidhal rumiyin, Kawuk lan Tasma boten tumut ngempal. Sadi sareng kalihan Sukir, Basu sareng kalihan Gurit. Lare sekawan menika sami nyukakaken barang-barang pangaji dhateng Kakang Dungkul, wujudipun mas-masan saha sandhangan ingkang sae-sae. Kakang Dungkul ketingal remen lan marem” Ki Palir atur wangsulan nyambet anggenipun cariyos “namung nalika Sadi nyuwun pirsa kok Kawuk lan Tasma boten tumut ngempal, Kakang Dungkul anggenipun wangsulan kepireng sengol : - Bocah loro kae wis gawe wirangku, padha ora lulus anggone nglakoni pandadaran, Tasma wis tak prentah budhal menyang Padhepokan Gendirireng maneh, Kawuk isih ngglethak neng omahe, sikile loro pepes balunge kabeh, jarene dikrubut wong ndesa papane pandadaran, saupama ora tak susul lan tak colong, tak gawa mlayu saka pakunjaran, kira-kira wae bocah loro kuwi saiki wis digantung neng desa kulonan kana.  Nadyanta mangkono, Kawuk karo Tasma isih bisa asok sapi telu sing saiki tak selehne ana kandhang omahku kae -. Inggih sareng kula mireng wicantenipun Kakang Dungkul makaten menika kula lajeng nggadhahi pandakwa bilih lare-lare ingkang criyosipun nindakaken pandadaran kala wau jebul anggenipun andadar dhiri mawi sarana tumindak juti. Lan sareng kula mireng cariyosipun Ki Jagabaya ingkang nembe kemawon menika wau, kula saged mesthekaken menawi ingkang sampun damel pepes balungipun Kawuk inggih Ki Jagabaya, lan kula lajeng nggadhahi pandakwa bilih Kakang Dungkul anggenipun ngreka damel cilakanipun Ki Jagabaya kala wingi menika jalaran awit taksih nggembol raos pangigit-igit dhateng tiyang ingkang sampun damel pepesing balungipun Kawuk.”  

        Ngantos radi dangu, Ki Lurah, Ki Jagabaya lan Sukmana anggenipun manggut-manggut sasampunipun Ki Palir ngrampungaken anggenipun matur. Sedaya boten wonten ingkang nginten menawi, maling ingkang ucul saking pakunjaran, kaling tahun kapengker menika taksih wonten sambetipun kalihan Ki Dungkul. Samanten ugi tumrap Ki Palir, piyambakipun babar pisan boten nginten menawi kalih tahun kapengker sedherekipun jaler sampun nate dhateng Pangapitan nulungi sedherekipun sapaguron ingkang dipun kunjara jalaran nglampahi tumindak durjana ing Pangapitan.

        “Babar pisan aku ora ngira yen Adhi Dungkul jebul wis tau menyang Pangapitan kene sadurunge teka kanthi becik-becik bareng karo Adhi Dhangkal lan Adhi Palir” sareng sampun sawatawis dangu Ki Lurah ngendika kados katujokaken dhateng saliranipun piyambak.

        “Samanten ugi kula Kakang” Ki Palir numpangi rembag “sampuna Ki Jagabaya nyariyosaken anggenipun jejagongan kalihan Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal lajeng nyariyosaken anggenipun damel pepes balung garesipun Kawuk, kula inggih boten mangertos menawi anggenipun maling Kawuk kala rumiyin jebul ing Pangapitan mriki.”

        “Ya kuwi Dhi sing diarani Adiling Gusti Allah” Ki Lurah paring wangsulan “sing becik bakal ketitik, sing ala bakal ketara. Jenenge wong ndhelikne bathang tan wurunga mesthi bakal konangan.”

        “Inggih Kakang” Ki Palir lajeng matur malih “samangke sampun sansaya cetha sinten lan kados menapa tindakipun Kakang Dungkul menika, menapa inggih lajeng badhe dipun kendelaken kemawon?”

        “Inggih Bapa” Sukmana ndherek ngaturaken pamanggih “nitik cariyosipun Ki Jagabaya Munggur lan kasambet kalihan cariyosipun Paman Palir menika, Paman Dungkul cetha menawi sampun tumindak dosa ageng ing Pangapitan mriki. Makaten menika sampun boten kenging dipun sabari malih, kedah tumunten karangket lan kapatrapan pidana ingkang murwat satimbang kalihan lepat lan dosanipun. Sampun ngantos nuwuhaken pandakwa awon saking para warga, dumeh Paman Dungkul menika taksih kadangipun Bapa, lajeng boten dipun pidana sanaosa sampun cetha anggenipun sampun damel kapitunaning Pangapitan.”

        “Adhi Palir lan kowe Sukmana” Ki Lurah paring wangsulan kalihan mesem “aku kudu ngandhani kowe wong loro sepisan maneh, padha sinaua lan padha nggegulanga kasabaran. Prelune supaya bisa mikir kanthi wening lan ora gampang kejeglong ing dalan sing katone warata. Kowe kudu mikir, sanadyan apa sing dikandhakne Ki Jagabaya lan Adhi Palir mau bener, nanging ora saben wong mesthi percaya ngono wae, kajaba kudu ana bukti sing kasat mata lan seksi sing kena dipercaya. Kamangka bukti yen sing nyolong sapine mBah Karsa rong tahun kuwi wong sing dikongkon dening  Dungkul kuwi ora ana. mBok menawa Kawuk bisa mbok goleki supaya gelem dadi seksi, nanging apa kowe wong loro manteb lan percaya Kawuk gelem ngaku yen olehe nyolong sapine mBah Karsa biyen merga dikongkon Dungkul ?”

 

 

ana candhake

 

Senin, 15 Januari 2024

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (29)

029.

        Sasampunipun atur wangsulan kados makaten kala wau, Ki Jagabaya Munggur lajeng wongsal-wangsul njengkerutaken bathuk, ketingalipun nembe ngemut-emut prakawis ingkang mbok menawi sampun supe. Ki Lurah lan Ki Palir ugi Sukmana ugi sami kendel, tiyang tiga menika kados sami ingkang dipun gagas, inggih menapa ingkang sampun ndadosaken jalaran Ki Jagabaya dipun arah cilakanipun dening Ki Dungkul. Ngantos radi sawatawis dangu, kawontenan ing Pendhapa sepen, boten kepireng suwantenipun tiyang ingkang wicanten. Malah suwantenipun napas ingkang boten kendel tansah medal lan mlebet ugi boten kapireng.

        “Jangkeping cariyos anggen kula linggih sapajagong kalihan Ki Dungkul lan Ki Dhangkal menika rak makaten ta Ki Lurah” sareng sampun radi dangu kawontenan sepen,  Ki Jagabaya wicanten matur malih dhateng Ki Lurah.

        “Iya piye Ki Jagabaya? Coba ndika critakne!” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah.

        “Nalika samanten” Ki Jagabaya miwiti anggenipun cariyos “kula nembe kemawon nganglang dhusun, nalika lampah kula dimugi pategilan antawisipun Dhukuh Peleman kalihan Dhukuh Ngreca, kula sumerep regemengipun tiyang cacah kalih ingkang nembe linggih ing salah satunggaling galengan boten tebih kalihan margi. Saking papan ingkang kaotipun watawis gangsal welas jangkah, sanaosa kawontenan nembe terang lan sunaring rembulan ugi anyoroti, nanging kula boten sumerep kanthi cetha sinten tiyang kalih menika. Pramila kalihan ngatos-atos, tiyang kalih kala wau lajeng kula caketi.

        “He sapa kowe? Ana apa nyedhaki papanku jagongan?” jebul tiyang kalih ingkang nembe linggih ing galeng pategilan menika ugi boten mangertos menawi ingkang nyaketi menika kula, mila lajeng pitaken kanthi suwanten ingkang ngemu raos sujana.

        “Nyuwun pangapunten, kula Jagabaya Munggur, Ki Dungkul” atur wangsulan kula awit kula apal kalihan suwanten ingkang nakeni kula kala wau cetha menawi suwantenipun Ki Dungkul. Lan kula inggih sansaya nyaket lajeng tumut linggih ing galengan, Pedhang ingkang kala wau sampun kula liga, kula wrangkakaken malih.

        “Oalah, Ki Jagabaya ta?” Ki Dungkul lajeng wicanten kalihan suwanten mandhap “saking tindak pundi ta Ki Jagabaya, niki wau?"

        “Nglampahi kuwajiban Ki, nganglang dhusun kados padatan menawi wanci dalu” wangsulan kula ingkang kula lajengaken mawi pitakenan “lha kok njanur gunung, kadhingaren, Ki Dungkul lan Ki Dhangkal wonten mriki?”

        “Anu, Ki Jagabaya” ingkang wangsulan gentos Ki Dhangkal “niki wau kula kekalih rak saking Kalurahan? Atur uninga dhateng Ki Lurah, menawi benjing enjing menika kula lan Kakang Dungkul badhe dhateng Brendhilan watawis sapeken, anceranipun nyambangi tiyang estri, Ki Jagabaya.”

        “Oh, ndika kekalih saking Dalem kalurahan?” wangsulan kula malih, namung salebeting manah ngraosaken aneh. Saking Kalurahan kok dumugi mriki, kamangka pategilan menika arahipun benten kalihan arah saking kalurahan dhateng griyanipun Ki Dungkul menapa dene Ki Dhangkal.

        “Inggih Ki Jagabaya” wangsulanipun Ki Dhangkal ingkang lajeng wicanten  “ngepasi mandhap saking Pendhapa Kalurahan lan badhe wangsul kala wau, Kakang Dungkul kok sumerep rembulan ingkang sakalangkung padhang nyebar kaendahan dhateng ingkang dipun sunari, lajeng  Kakang Dungkul ngajak kula, mlampah-mlampah ngresepi asrining Pangapitan ing wanci dalu. Wasana ngantos dumugi mriki menika.”

        “O, cethanipun makaten?” kula nyauti wicantenipun Ki Dhangkal kalihan gumujeng renyah “lha upami kula ngertos menawi ndika kekalih wau badhe tindak-tindak ngubengi dhusun, jathukna kula wau rak mampir Kalurahan? Dados saged ndherekaken ndika kekalih ngiras nganglang?”

        “Inggih Ki Jagabaya” Ki Dungkul gentos ingkang wicanten ugi kalihan gumujeng alon “jathukna rak inggih langkung gayeng, inggih sanes wekdal kemawon kula tak ndherek Ki Jagabaya nganglang, nanging nggih niku, menawi kawontenan nuju terang lan wancinipun padhang rembulan”

        “Inggih Ki Dungkul, kula remen sanget menawi ndika kersa ngancani kula ngayahi jejibahan minangka Jagabayaning Dhusun” wangsulan kula.

        “Nuwun sewu Ki Jagabaya” Ki Dungkul wicanten malih “sak plokipun kula manggen ing Pangapitan menika, saben dalu Ki Jagabaya boten ngetang jawah menapa terang, peteng menapa padhang, sangertos kula kok ajeg boten kendhat tansah nganglang dhusun ta? Makaten ugi cakruk-cakruk parondhan saben dalu ugi tansah kebak kalihan warga ingkang nglampahi kuwajiban rondha lan ugi ajeg saben wanci sampun lingsir dalu sami mubeng kalihan kothekan nggigahi warga supados nglilir. Sepisan malih nuwun sewu, menapa ing Pangapitan mriki taksih sok wonten tiyang awon ingkang nglampahaken tindak durjana juti?”

        “Menika makaten Ki Dungkul” kula atur wangsulan kalihan mesem “mila nalika kula sagah kapiji dados salah satunggaling Jagabaya ing Pangapitan menika, kuwajiban kula inggih sami kalihan Jagabaya-jagabaya sanesipun, inggih menika salah setunggalipun inggih nganglang lan ngubengi dhusun menika, namung wekdalipun benten antawisipun Jagabaya setunggal lan setunggalipun. Makaten ugi kalihan warga dhusun ingkang sami rondha ing saben dalu, wiwit jaman siyen rondha ing cakruk-cakruk parondhan ingkang saben padhukuhan cacahipun langkung saking sedasa panggenan, menika sampun dados pakulinan. Estunipun ing Pangapitan menika boten wonten warga ingkang purun tumindak awon, kados dene maling utawi mendhet gadhahanipun tiyang sanes tanpa palilah. Saemut kula, wiwit kula sepisanan dipun piji dados Jagabaya menika, ngantos sapriki mrangguli ing Pangapitan menika wonten durjana nembe kaping pisan. Menika kemawon, ingkang dados durjana ugi sanes warga ing Pangapitan, nanging tiyang njawi rangkah ingkang adol kuwanen kadosipun ndadar ngelmi saking paguronipun…..”

        “Tiyang pundi menika Ki Jagabaya?” Ki Dungkul nyelani rembag “lan kala menapa kedadosanipun?”.

        “Tiyang pundi menika kirang cetha, awit saged dipun beta mlajar rencangipun, dipun colong saking pakunjaran, saderengipun kober dipun takeni sasampunipun kula remuk bebalunging sukunipun” wangsulan kula “dene kedadosanipun watawis kalih tahun kapengker.”

        “Dipun beta mlajar? kados pundi menika cariyosipun Ki Jagabaya?” Ki Dhangkal pitaken dhateng kula.

        “Nalika samanten mBah Karsagudel ingkang griyanipun Peleman, menika gadhah ingon-ingon rakajaya ingkang radi kathah, ingkang wujud lembu wonten kalih dasa, mahesanipun pitulikur,mila ngantos mBah Karsa dipun sebat Karsa Gudel, menawi mendanipun sampun boten saged kawilang malih. Rajakayanipun mBah Karsa menika, menawi siang dipun ngen ing wana, menawi dalu dipun lebetaken ing kandhang sacaketing griyanipun, murih boten dipun ganggu dening sima utawi buron wana sanesipun.

Inggih nalika kewan-kewan menika nuju ing salebeting kandhang, dipun purugi dening durjana, saben dalu dipun colong setunggal ngantos tigang dalu. Sareng kadenangan, durjana ingkang nyolong lembu menika wantun nglawan. Sanaosa malingipun namung tiyang kalih nanging pangen saha rewangipun mBah Karsa ingkang cacah gangsal boten saged mimpang. Malah salah satunggal saking rewangipun mBah Karsa, ingkang nami Kemis ngantos ceklek tanganipun. Pramila mBah Karsa lajeng wadul dhateng kula.

Kalampahan dalu candhakipun, maling kalih kala wau lajeng kula dhedhepi, kula nganthi sinoman ing Peleman sacekapipun. Saestu, maling ingkang setunggal boten ngantos sapanginang sampun pasrah bongkokan dhateng para sinoman. Lha, ingkang setunggal malih, ingkang wantun nyebat naminipun, inggih menika Kawuk, pranyata nggadhahi kalangkungan ing ulah kanuragan, kapeksa ingkang majeng kula piyambak. Piyambakipun mbeta klewang lan kula mbeta teken Liraning jambe. Wekasan maling kala wau saged kula lumpuhaken ngantos boten emut, awit suku kalih-kalihipun kenging kula babat garesipun mawi Lira dados lan pepesipun. Maling kalih kala wau lajeng kula kengken nglebetaken dhateng lumbung suwung minangka pakunjaran, angkah kula enjingipun nembe kula beta ing ngarsanipun Ki Lurah saprelu dipun adili. Jebul, enjingipun nalika lumbung suwung dipun bikak, Kawuk kalih kancanipun sampun boten wonten. Kula lan tiyang-tiyang sami nginten menawi Kawuk dipun beta mlajar kancanipun wau. Lha sakbakdanipun lelampahan menika, ing Pangapitan wangsul boten nate wonten maling malih dumugi sapriki.”

“Waa jebul Ki Jagabaya menika saestu sekti mandraguna” Wicantenipun Ki Dhangkal sasampunipun rampung anggen kula criyos.

“Estunipun inggih boten Ki Dhangkal” wangsulan kula “namung kemawon anggen kula saged kapiji dados Jagabayaning Dhusun menika salah satunggal awit miturut pambijinipun Ki Lurah lan  para Pamong sanesipun, kula nggadhahi sakedhik kalangkungan tinimbang kanca sanesipun”.

Sasampunipun rampung anggen kula cariyos, Ki Dungkul lan Ki Dhangkal pamitan badhe wangsul. Kula inggih lajeng nglajengaken anggen kula nganglang Dhusun” Ki Jagabaya mungkasi anggenipun matur dhateng Ki Lurah.

Ki Lurah Pangapitan boten tumunten paring pangandika, Sukmana ugi namung kendel ngrantos dhawuh.

“Samangke sampun wonten titikan ingkang sakalangkung cetha Kakang”  dumadakan Ki Palir matur dhateng Ki Lurah “anggenipun Kakang Dungkul mentala ngarah cilakanipun Ki Jagabaya menika jalaran Kakang Dungkul taksih ngigit-igit kalihan tiyang ingkang damel pepesing sukunipun kadang sapaguronipun ingkang nami Kawuk”.

“Ngono ya Dhi?” Ki Lurah sajak ngungun kalihan aturipun Ki Palir “genahe piye Dhi?”.

 

ana candhake

 

Minggu, 14 Januari 2024

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (28)


 028.

        Anggenipun mesem Ki Lurah makaten menika jalaran Ki Lurah uninga menawi aturipun Ki Palir makaten kala wau nedahaken menawi Ki Palir nggadhahi pamanggih menawi pangajakipun Ki Batasigar saha Ki Dungkul lan Ki Dhangkal menika kedahipun dipun tampik ngaten kemawon. Jalaran sampun cetha menawi menika pangajak ingkang badhe njlomprongaken Ki Lurah lan Dhusun Pangapitan ing margi ingkang sasar. Nanging Ki Lurah ugi kagungan pawadan anggenipun paring wangsulan dhateng Ki Dungkul lan rencang-rencangipun makaten menika. Boten amargi Ki Lurah kagungan raos pitados sanaosa namung sakedhik dhateng cariyosipun Ki Batasigar lan rencang-rencangipun, nanging awit Ki Lurah kemutan dhateng aturipun Ki Bebau Peleman lan Ki Kebayan Kuncen kala wingi sonten.

        “Ngene ya Dhi” Ki Lurah lajeng paring dhawuh dhateng Ki Palir “satemene saben selapan dina sepisan, ya kuwi pendhak malem Akad Legi, aku mesthi nglumpukne para Bebau, para pamong lan para sapukawating desa sarta para sesepuh lan mancakaki, saprelu tak ajak ngrembug kahanan lan ruwet rentenging desa, apa lan endi sing kudu ditandangi lan kepiye carane nandangi. Lha, limang dina maneh rak ngepasi dina Setu Kliwon malem Akad Legi? Ya ing kono mengko apa pangajake Adhi Dungkul lan kanca-kancane arep tak kabarake marang Para Bebau, Para Pamong lan Para Sapukawating Desa sarta Para Sesepuh lan Mancakaki. Lan kuwi ya mung satleraman wae, lan tak dhisiki klawan ngelingake kalungguhane Desa Pangapitan iki wiwit madege nganti saiki minangka peranganing Negara Mataram kang mangayom marang Kanjeng Panembahan Senapati”.

        “mBok menawi ingkang dipun kersakaken Paman Palir kala wau makaten lho Bapa” Sukmana ndherek matur udhu pamanggih “kenging menapa kala wau Bapa boten paring wangsulan dhateng Paman Dungkul menawi badhea kados menapa Pangapitan panggah badhe setya dhateng Gusti Panembahan Senapati?”.

        “Pancen kudune wangsulanku mau mangkono kuwi Sukmana lan Adhi Palir” Ki Lurah paring wangsulan “nanging aku kelingan karo kabar sing digawa dening Ki Bebau Peleman lan Bayan Kuncen wingi sore kae, ya kuwi anane wong-wong sikep gegaman jangkep, sing ana ing alas salore Pangapitan. Kamangka ing sajroning atiku, aku duwe pandakwa yen wong-wong kuwi kanca-kancane Dungkul, iki tak gandhengne karo sing dialami dening Ki Jagabaya Munggur sing meh wae dadi kurban lan tumekaning tiwas, tujune isih bisa dislametake dening Adhi Palir. Bares wae, aku durung ngerti sepira kekuwatane wong-wong sing ana alas sak lore desa kuwi, apa maneh Sukmana sing tak prentah supaya nitik kahanan durung bisa ditakoni merga tekane omah wae sajroning kahanan kaya wong lagi mendem Ketela Gendruwo. Mula aku banjur nggagas, yen nganti pangajake Batasigar lan Dungkul sakancane tak tampik ngono wae, aku kuwatir Batasigar lan Dungkul banjur nyeluk wong-wong sing ana alas lor desa kuwi diajak njarah rayah lan gawe kisruhing desa. Sanadyan mesthi wae para Bebau lan Para Sapukawating Desa ora bakal mung meneng wae, nanging yen kedadean ana perang, aku nggagas akeh tunane tinimbang bathine. Mula aku butuh wektu, kanggo mikir apa sing kudu ditindakne warga Pangapitan yen klakon ana perang antarane Pangapitan mungsuh wong-wonge Dungkul sakancane. Lan aku duwe pangira, perang iki bakal klakon temenan, merga nglengkara aku manut lan nuruti pangajake Batasigar sing mesthine olehe tekan kene merga dikongkon dening Gurune sing jeneng Kyai Nagalanang kuwi. Dadi sepisan maneh, anggonku aweh wangsulan marang Batasigar mangkono kuwi mau, merga awake dhewe butuh wektu kanggo niti kahanan sarta nyusun kekuwatan kanggo ngadhepi mungsuh sing luwih dhisik siyaga kuwi.”

        “Inggih Kakang” Ki Palir ingkang matur rumiyin “kula nglenggana menawi pangertosan kula tebih ing sangandhap jengandika. Boten langkung kula nyuwun pangaksami”

        “Awakmu ora luput Adhi” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah kalihan mesem “jalaran si Adhi durung kulina momong wong sadesa, suwe-suwe yen kowe kerep tak ajak melu ngrembug bab ruwet rentenging kahananing desa, mbok menawa bakal saya jembar mekaring nalarmu lan bisa uga ngluwihi aku.”

        “Nyuwun pangapunten Bapa” Sukmana matur malih “kados ingkang sampun kula aturaken kala wau, bilih nurut kabar ingkang kadhawuhaken dhateng kula dening Ki Lurah Dhedhali kala dalu, tiyang-tiyang ingkang sikep dedamel ing wana ler dhusun menika, sakniki sampun tebih saking saking Pangapitanm dados boten badhe gampil dipun celuk dening Paman Dungkul sakancanipun kangge meksa Bapa murih nggega pangajakipun Ki Batasigar menika kala wau”.

        “Bener Sukmana” Ki Lurah ngendika sareh “kajaba olehku ngerti yen wong-wong sing neng alas lor desa kuwi wis adoh saka Pangapitan, sawuse Batasigar lan Pamanmu Dungkul sakancane lunga saka Pendhapa mau, kowe ya kudu eling marang dhawuh liya saka Senapati Arya Sandi marang kowe lan uga marang aku kaya kang wis kacethakne ing rontal sing mbok gawa. Ya kuwi awake dhewe kudu nambahi pangati-ati lan ora kena nyuda kaprayitnaning batin, jalaran cetha yen ing Pangapitan kene lagi ana mungsuh sing nindakne laku dom sumuruping banyu”

        “Lha menika ingkang badhe kula suwunaken pirsa Kakang” Ki Palir nyauti pangandikanipun Ki Lurah.

        “Ing bab sing endi Dhi?” Ki Lurah mundhut pirsa.

        “Tiyang nglampahaken dom sumuruping banyu menika adhakanipun sarwa wadi, sarwa ngatos-atos lan boten ngetingalaken padamelanipun dhateng sok sintena kemawon. Nanging kenging menapa Kakang Dungkul kok sembrana lampahipun? Dereng-dereng sampun damel dhadhakan gendra kanthi badhe damel cilakanipun Ki Jagabaya?. Menika menapa awit saking bodhonipun Kakang Dungkul menapa awit saking menapa Kakang? Lan kenging menapa ingkang badhe dipun arah cilakanipun kok Ki Jagabaya Munggur, dede sanesipun?” Ki Palir ngaturaken ingkang dados pitakenipun.

        “Pitakone si Adhi iki angel diwangsuli” Ki Lurah paring wangsulan “mung siji sing mesthi dene liyane mung dhapur pangira-ngira. Lire mangkene, sing cetha kuwi merga saka adilie sing Maha Kawasa. Wangsulan liyane, mbok menawa sing dadi mata-pitaning mungsuh ing Pangapitan kene kuwi dudu utawa ana sak liyane Adhi Dungkul lan kanca-kancane mau. mBok menawa wae, sadurunge kedadeyan wingi kae, Ki Jagabaya Munggur tau kepethuk lan sapajagong karo Adhi Dungkul, wekasan Adhi Dungkul duwe panemu yen Ki Jagabaya Munggur becik yen digawe cilaka dhisik dhewe awit mbebayani tumrap Adhi Dungkul lan kanca-kancane.”

        Ki Lurah lajeng paring dhawuh dhateng Sukmana :

        “Murih cethane, coba Ki Jagabaya sing saiki lagi umpetan neng Gandhok sing tau dienggoni Pamanmu Dungkul timbalana mrene, Sukmana”.

        “Inggih Bapa” wangsulanipun Sukmana kalihan ngadeg lajeng menyat badhe madosi Ki Jagabaya Munggur.

        Boten dangu Ki Jagabaya sampun dumugi ing Pringgitan dipun etutaken dening Sukmana.

        “Piye kahanan ndika Ki Jagabaya?” pandangunipun Ki Lurah sasampunipun Ki Jagabaya Munggur mapan linggih ing sisihipun Ki Palir.

        “Awit saking pangestunipun Ki Lurah saha pandonganipun sedherek-sedherek sedaya, kula ngraosaken sampun saras saestu Ki Lurah” atur wangsulanipun Ki Jagabaya .

        “Iya nanging, tak jaluk Ki Jagabaya aja bali menyang imah dhisik, panggah manggona ing Gandhok kae nganti kahanan pulih” Ki Lurah paring dhawuh malih.

        “Inggih Ki Lurah, boten langkung inggih ngestokaken dhawuh” atur wangsulanipun Ki Jagabaya .

        “Iki ngene Ki Jagabaya” dhawuh pangandikanipun Ki Lurah salajengipun “nek nitik bukti dom cem-ceman sing dening Adhi Palir diwetokake saka tatu ndika, mesthine ndika wis ngerti sapa sing wis tumindak wentala gawe cilaka ndika kuwi ta?”

        “Inggih Ki Lurah”

        “Saiki aku arep takon” Ki Lurah laheng ngendika malih, “jalaran iki mau Adhi Palir lan Sukmana uga aku dhewe lagi ngrembug bab iki. Ya gene kok nganti Adhiku Dungkul mentala arep gawe cilaka ndika iki? Lan anehe anggone tumindak kanthi dhedhemitan ora wani adu arep, nanging sarana nglimpe. Malah Adhi Dungkul wis api-api aweh tamba barang marang ndika. Apa sasuwene iki Ki Jagabaya tau sapajagong karo Adhi Dungkul lan mbok menawa kanthi ora sengaja ndika wis gawe serike Adhi Dungkul?”

        “Kula mila nate kepanggih kalihan Ki Dungkul lan Ki Dhangkal Ki Lurah” Ki Jagabaya atur wangsulan “inggih menika nalika dalunipun Ki Dungkul lan Ki Dhangkal badhe bidhal sambang semahipun dhateng Brendhilan tigang peken kapengker. Nalika samanten anggen kula jagongan kalihan Ki Dungkul lan Ki Dhangkal mila radi dangu, nanging saemut kula, kula boten paben kalihan tiyang kalih menika”.

 

ana candhake

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (27)


 

027.

        Ki Lurah Pangapitan mesem mirsani slaganipun Sukmana ingkang ketingal boten sabar, selak kepengin mireng kados pundi anggenipun Ki Dungkul lan Ki Dhangkal nggiri-giri tiyang sepuhipun. Sukmana ingkang dipun esemi dening Ki Lurah, inggih lajeng ndhingkluk rumaos radi lingsem. Ki Palir ingkang linggihipun jejer kalihan Sukmana inggih lajeng tumut-tumut ndhingkluk.

        “Aku ora maido nggonmu sajak kebranang krungu nek wong tuwamu digiri-giri dening Pamanmu Dungkul lan Pamanmu Dhangkal Sukmana” Ki Lurah lajeng ngendika kalihan suwanten ingkang sareh “nanging kowe kudu eling, wong kuwi yen gampang nesu, gampang kebranang, kuwi mesthi ora becik oleh-olehane. Merga wong kuwi yen nesu, nalare dadi mandheg merga kalah karo ubaling napsu amarah, temah suda kaprayitnaning batin. Adoh kabecikane cepak tunane. Mula kowe minangka anakku sing mbesuke bakal nutugake jejibahan mangarsani Desa Pangapitan kene, tak jaluk gelema sinau sabar ora gampang kebranang ngadhepi lelakon apa wae”.

        “Inggih Bapa” kalihan tumungkul Sukmana atur wangsulan.

        “Sabanjure, Ki Batasigar lan Pamanmu sakloron ngandhakake, miturut jangka sing dadi kapitayane wong-wong kuwi, sapa wae sing ngenggoni Tanah Jawa, mangka ngaweruhi lekase Kyai Nagalanang sing arep ngrebut panguwasa Tanah Jawa saka Trahe Raden Patah lan dibalekne marang Trah Majapahit, banjur gelem nyengkuyung lan manunggal karo barisane Kyai Nagalanang, mangka bakal nampa nugraha saka Sang Hyang Wisnu lumantar Kyai Nagalanang. Kosok baline, yen ora gelem nyengkuyung lekase Kyai Nagalanang, mangka bakal nampa walat, nemoni pati sing nggegirisi tanpa kinaweruhan sababe, sukmane bakal binalekne ing alam Sonyaluri dadi lelembut sing saben dina siniksa ing nerakane Kyai Nagalanang.”

        “Lajeng Bapa paring wangsulan dhateng Paman Dhangkal lan Paman Dungkul sarta Ki Batasigar, kadospundi?” Sukmana nyuwun pirsa malih.

        “Maune Ki Batasigar lan Pamanmu sakloron tak kandhani” Ki Lurah paring wangsulan “yen saiki iki sing nyekel panguwasa Tanah Jawa kuwi wis dudu Trah Raden Patah maneh, nanging Trah Majapahit. Awit sing ngratoni Tanah Jawa sing ngedhaton ing Kutha Gedhe Mataram kuwi Gusti Panembahan Senapati, wayah Buyute Ki Ageng Ngabdurrahman Sela lan Ki Ageng Ngabdurrahman Sela kuwi wayahe Raden Bondhan Kejawan putra dalem Sinuhun Brawijaya kang kaping lima. Dadi aran kleru yen ana sing kepengin ngrebut Panguwasa Tanah Jawa saka tangane Trah Raden Patah sing jarene arep dipasrahake marang Trah Majapahit.”

        “Lajeng Ki Batasigar lan Paman Dungkul saha Paman Dhangkal atur wangsulan kados pundi Bapa?” Sukmana nyela atur malih.

        “Kaya sing wis tak kandhakne ing ngarep mau, wong bodho kuwi angel dituturi. Mula yen ana unen-unen : sak angel-angel wong nuturi isih angel wong sing dituturi, kuwi nyata yen bener” Ki Lurah paring wangsulan “sanadyan wis tak jlentrehne sarasilahe Gusti Panembahan Senapati, wiwit Ki Ageng Pemanahan, Ki Ageng Enis, Ki Ageng Sela, Ki Ageng Getas Pendhawa nganti tumekan Raden Bondhan Kejawan lan Kanjeng Sinuwun ing Majapahit, Ki Batasigar lan Pamanmu sakloron panggah ngeyel lan ngarani yen sing tak kandhakne mau luput kabeh lan panggah ngarani yen Gusti Panembahan Senapati kang jumeneng ing Kutha Gedhe Mataram kuwi dudu Trah Majapahit nanging Trah Demak Bintara. Lan lucune, nalika tak takoni leluhure Gusti Panembahan Senapati wiwit Ki Gede Pemanahan nganti Kanjeng Sultan ing Demak Bintara kuwi sapa wae? Wong telu kuwi kandha yen ora ngerti mung kandha yen sing ngerti Gurune ya Kyai Nagalanang kuwi. Lan yen aku kepengin ngerti aku arep diajak sowan menyang Padhepokan, nyuwun pirsa bab iki marang Kyai Nagalanang”

        “Salajengipun kados pundi Bapa?” Sukmana nyuwun pirsa kalihan mesem.

        “Sing luwih ndadekne aku sansaya ora ngerti” Ki Lurah ngendika malih “Wong telu kuwi ketara nek rumangsa wis tak remehake nalika aku takon, Trah Majapahit sing arep dipasrahi Panguwasa Tanah Jawa yen Mataram wis klakon bedhah kuwi sapa? Lan garising sarasilah saka sapa?.”

        “Dipun dangu makaten kok rumaos dipun remehaken menika kados pundi ta Bapa?” Sukmana nyela atur kalihan radi gumujeng.

        “Jalaran aku dianggep ora percaya lan wani nggorohake marang sabdane Bathara Nagalanang sing mesthi benere” Dhawuh wangsulanipun Ki Lurah ugi kalihan mesem “banjur Pamanmu Dungkul guneman kanthi suwara sing ora pati kepenak dirungokne, - menawi Ki Lurah boten pitados lan wantun nggorohaken dhateng sabdaning Dewa, inggih mangga, nanging menawi wonten walat saking Bathara Nagalanang, kula boten badhe cawe-cawe - . Mangkono ucape Pamanmu Dungkul”.

        “Nyata nek menungsa sing murang tata, Si Paman Dungkul” Sukmana sumela atur kalihan nggeget untu ketang runtiking manahipun.

        “Leres Ngger” Ki Palir ingkang wiwit wau namung kendel numpangi rembagipun Sukmana “mila sampun kebacut wuwusipun Kakang Dungkul, kala wau meh kemawon kula badhe njangkah dhateng Pendhapa badhe kula taker wareg kakang Dungkul ingkang sampun kumawantun degsura dhateng keng Bapa, nanging kula emut bilih keng Bapa namung ngeparengaken  kula nengga ing Pringgitan mriki.”

        “Mengko dhisik” Ki Lurah lajeng ngendika kalihan suwanten radi inggil “jan-jane kowe wong loro mau ngrungokne pituturku apa ora? He?”

        “Nyuwun pangapunten Kakang” Ki Palir lajeng ndhingkluk. Sukmana makaten ugi.

        “Dikandhani supaya padha pinter kok malah padha nggugu karepe dhewe?” Ki Lurah ngendika malih “nek kowe padha ngono kuwi, bedane apa kowe sakloron karo Batasigar, Dungkul lan Dhangkal?”.

        “Nyuwun pangapunten Kakang, kula supe” kalihan ndhingkluk Ki Palir atur wangsulan.

        “Inggih Bapa, kula supe lan kula lepat” Sukmana nyambet aturipun Ki Palir ugi kalihan ndhingkluk.

        “Satemene, nek nuruti pangajake napsu amarahku” Ki Lurah ngendika malih “ya kaya kowe kabeh, meh wae Dungkul tak tempiling sirahe. Nanging aku isih kaparingan eling, yen aku kudu luwih sabar ngadhepi wong bodho kaya Dungkul sakancane kuwi. Yen nganti ora bisa sabar bisa mbilaeni kanggoku lan kanggo Desa Pangapitan. Mula aku banjur kaya mau, Adhi Palir melu ngrungokne kandhaku marang Dungkul mau apa ora?”.

        “Nyuwun pangapunten Kakang” Ki Palir atur wangsulan “kabekta saking bentering manah kula, mila kula lajeng boten saged mirengaken kanthi cetha menapa ingkang jengandika dhawuhaken dhateng Kakang Dungkul”.

        “Harak tenan ta?” Ki Lurah ngendika kalihan gumujeng kecut “mula sepisan maneh, panjalukku marang kowe lan Sukmana padha sinaua supaya bisa nindakne laku sabar.”

        “Inggih” meh sareng Sukmana kaliha Ki Palir atur wangsulan.

        “Mau aku kandha marang Dungkul lan kanca-kancane” Ki Lurah nutugaken pangandikanipun “manawa ing Pangapitan iki aku mung nyekel panguwasaning kawula lan warga Desa Pangapitan, lire sing nduweni panguwasa kuwi kawula lan warga, dene aku mung sadrema nindakne apa sing dadi kekarepane kawula lan warga Pangapitan. Mula kanggo mutusake apa aku kudu nggugu marang pangajake Kyai Nagalanang apa aku kudu ngukuhi kasetyan marang Kanjeng Panembahan Senapati kang wis paring palilah marang para leluhure wong Pangapitan lan anak turune ngenggoni Desa iki, aku arep rembugan dhisik karo kawula lan warga Pangapitan kene. Kang mangkono mau, merga antarane aku lan kabeh kawula Pangapitan wis prasetya bakal sabaya mukti lan sabaya pati. Lire, aku gelem mukti yen kawula Pangapitan uga mukti, samono uga tumrap kawula Pangapitan ora bakal gelem urip mukti yen ora bareng karo Lurah Pangapitan.”

        “Lajeng Paman Dungkul matur kados pundi malih Bapa?” Sukmana sampun wantun ndengengek malih lan nyuwun pirsa dhateng Ki Lurah.

        “Maune sing guneman Batasigar, karepe arep ngotot, meksa aku supaya aku ora susah ndadak ngajak rembugan karo kawula lan warga Pangapitan” Ki Lurah paring wangsulan “nanging bareng aku kandha yen aku ora nggorohake lan uga durung ngandel apa sing dikandhakne Batasigar lan Dungkul mau, lan sapa wae ora wenang meksa aku percaya utawa ora percaya marang Gurune wong telu kuwi. Batasigar lan Dungkul sarta Dhangkal banjur bisa nyarujuki lan nyengkuyung nggonku arep ngajak rembugan karo kawula lan warga Pangapitan. Bubar kuwi Dungkul sakancane banjur pamitan bali lan tak untabne nganti tekan regol ngarep mau.”

        “Nuwun sewu Kakang” Ki Palir gentos matur “menapa saestu Kakang Lurah badhe ngawontenaken rembag dhusun namung jalaran midhanget cariyos ingkang ngayawara menika?”

        Ki Lurah mesem, midhanget aturipun Ki Palir ingkang makaten menika.

 

 

ana candhake

Sabtu, 13 Januari 2024

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (26)


 

026.

        Ki Lurah Pangapitan njejegaken anggenipun lenggah sila, Sukmana lan Ki Palir dipun pirsani genti-gentos. Sasampunipun kendel sakedhap lajeng ngendika :

        “Kaya sing tak critakne nalika kowe lan Pamanmu Palir lagi teka saka mapag bibimu wingi. Pamanmu Dungkul lan Dhangkal nemoni aku neng pendhapa Kalurahan karo nganthi wong papat sing durung tau tak tepungi sadurunge. Wingi kuwi, Adhi Dungkul lan Adhi Dhangkal mung ngabarake yen wis bali menyang Pangapitan maneh sawise nyambangi omahe sing ana Brendhilan, wong loro kuwi uga kober nyuwun pangapura merga anggone teka ing Pangapitan maneh rada kasep, jalaran kapeksa leren ing Brendhilan rada suwe amarga sisihane Adhi Dhangkal jarene rada ora pati kepenak awake, dadi olehe bali mrene ngenteni warase sisihane Adhi Dhangkal.

        Adhi Dungkul uga takon, Pamanmu Palir menyang ngendi? jalaran nalika Pamanmu loro kuwi teka omah, padha meruhi omahe Pamanmu Palir suwung. Banjur tak warah menawa Pamanmu Palir lagi wae budhal menyang Brendhilan mapag bibimu arep diajak boyong menyang Pangapitan kene. Krungu wangsulanku mangkono kuwi, pamanmu sakloron katon rada kaget semu gumun. Nanging uga ora guneman apa-apa. Semono uga nalika tak kandhani yen mbok menawa rong dina utawa telung dina maneh paman lan bibimu lagi tekan ing Pangapitan maneh. Dadi mesthine Pamanmu Dungkul lan Pamanmu Dhangkal nganti dina iki durung ngerti nek Pamanmu Palir lan Bibimu Tandur wis ana omah kene, mula mau nalika aku nemoni Pamanmu sakloron, Pamanmu Palir mung tak kongkon melu ngrungokne saka Pringgitan kene, jalaran nitik saka lelakon sing dialami dening Bibimu Tandur, ana perkara sing ora beres antarane Pamanmu Palir karo sedulure loro kuwi.

        Kajaba saka kuwi, Pamanmu sakloron uga nepungake kanca-kancane sing diajak mrene. Kabeh ana papat, sing tuwa dhewe jenenge Ki Batasigar, banjur Ki Kecrukabang, Ki Tempuyung lan Ki Klabangbiru. Kabeh mau jarene isih sedulur tunggal sapaguron karo Paman-pamanmu. Dene tekane kene nyuwun palilah jarene arep melu mbara kerja bareng karo Pamanmu sakloron lan bakal manggon ing omahe Pamanmu sakloron”.

        “Lajeng Bapa inggih ngeparengaken panyuwunipun Paman Dungkul lan Paman Dhangkal saha rencang-rencangipun kala wau?” Sumana nyela atur, nyuwun pirsa dhateng tiyang sepuhipun.

        “Wangsulanku ya kaya lumrahe nek ana wong njabane Pangapitan  sing nembung arep golek sandhang pangan kanthi bener ngana kae. Ya kuwi, kabeh titahing Allah wenang luru sandhang pangan ing Pangapitan kene, waton ora gawe kapitunane warga Pangapitan lan kudu manut marang paugeran kang ana ing Pangapitan” Ki Lurah paring wangsulan, lan nutugaken anggenipun ngendika “wong-wong mau iya padha nyaguhi, malah semu pamer merga wong-wong mau siswa Paguron kang gedhe, yen nganti tumindak sing ora bener ing desane wong tan wurunga bakal ngucemake luhuring pagurone. Nanging iki mau, Pamanmu sakloron lan kanca-kancane mrene maneh lan sing dirembug wis beda karo wingi kae.”

        “Benten kados pundi Bapa?” Sukmana matur nyuwun pirsa.

        “Iki mau, wong tuwa sing ngaku jeneng Ki Batasigar wiwit dodolan umuk, kaya sing dikandhakne Pamanmu Palir mau, ya iku crita sing ngayawara” Ki Lurah paring wangsulan.

        “Ngayawara kados pundi Bapa?” Sukmana matur kalihan mesem.

        Ki Lurah ugi mesem lajeng ngendika malih :

        “Ki Batasigar nyritakne jangkane Tanah Jawa wiwit dumadine nganti tumeka pungkasane kapundhut bali dening Jawata lan kapapanake ing alam sonyaluri,  crita iki banget ngawure, nganti ora tinemu ing nalar babar pisan. Dheweke kandha yen biyen Tanah Jawa iki manggon ing Alam gaib kang uga sinebut Alam Sonyaluri, papane para lelembut sing dadi reh-rehane Sang Hyang Bathara Wisnu. Banjur salah siji saka putrane Bathara Wisnu sing asmane Raden Wijaya kepengin jumeneng Nata mrentah para manungsa, mangka Sang Hyang Wisnu banjur maringake Tanah Jawa iki marang Raden Wijaya supaya dadi negarane, dene kawulane kacipta saka para lelembut sing banjur pinuja dadi manungsa, sarta Tanah Jawa dadi wujud alam kang nyata, lan wiwit kuwi Tanah Jawa diarani Negara Majapahit. Iki cetha nek ngawur lan cetha nek ngayawara sarta ora tinemu ing nalar.”

        “Lha Bapa menapa boten paring dhawuh dhateng Ki Batasigar menawi cariyosipun kala wau boten leres?” Sukmana nyuwun pirsa malih.

        “Maune arep tak wangsuli mangkono kuwi” Ki Lurah paring wangsulan “nanging bareng Ki Batasigar tak takoni, crita kuwi kapethik saka layang apa lan sing yasa sapa, Ki Batasigar wangsukan yen dheweke kuwi ora ngerti aksara lan ora bisa maca, lan Jangka kuwi jarene ditampa saka gurune sing selawase ora tau dora. Aku banjur murungake nggonku arep aweh weruh marang Ki Batasigar yen critane kuwi ora bener. Jalaran, wong kaya ngono kuwi rumangsa luwih ngerti lan rumangsa sing bener mung dheweke dhewe, dadi ora ana gunane rebut bener karo wong kang mangkono kuwi”.

        “Mila leres makaten Bapa” Sukmana atur wangsulan lan kalajengaken nyuwun pirsa malih, awit Sukmana mangertos menawi ingkang dipun dhawuhaken Ki Lurah menika nembe perangan pucukipun “salajengipun kados pundi Bapa?”.

        “Sabanjure Ki Batasigar nyaritakne nek Negara Majapahit nate kaparentah Ratu lima cacahe, ya kuwi Prabu Brawijaya kapisan nganti Raden Damarwulan kang jejuluk Prabu Brawijaya Kalima. Iki cetha nek Ki Batasigar luwih ngawur maneh, jalaran miturut layang sing tau diwaca dening Sawargi mBah Buyutmu, lan aku uga melu ngrungokne, sing tau jumeneng Nata ing Majapahit kuwi ana telulas, lan ora kabeh ngagem asma Brawijaya. Lan Raden Damarwulan sing dicritakne banjur jumeneng Nata, kuwi tenane mung dedongengan wae, ya kuwi dongeng yasane Kanjeng Susuhunan ing Giri Prapen. Tekan kene iki, aku durung ngerti mengku karep apa Ki Batasigar nyritakne sing diarani jangka kuwi marang aku” Ki Lurah kendel sakedhap anggenipun ngendika.

        Sukmana tanggap lajeng menyat mendhet Kendhi kaselehaken ing ngarsanipun Ki Lurah Pangapitan. Ki Lurah inggih lajeng ngunjuk toya kendhi kala wau.

        “Aku lagi ngerti karepe Ki Batasigar bareng wonge nyritakne nek Raden Patah kuwi putrane Raden Damarwulan ya Kanjeng Sinuhun Brawijaya Pamungkas” sasampunipun ngunjuk Ki Lurah nglajengaken anggenipun ngendika “lan Raden Patah kuwi putra sing wani mbalela marang Bapa lan klakon mbedhah Majapahit, banjur nggenteni jumeneng Nata ing Demak Bintara. Kamangka cetha bedhahe Majapahit nganti ilang kuwi kelakon jaman sing jumeneng ing Demak Bintara Kanjeng Sultan Trenggana. Nanging merga wegah bebantahan, aku ora guneman apa-apa marang Ki Batasigar. Sabanjure Ki Batasigar kandha nek madege Kraton Demak nganti tumekan Mataram saiki iki, wis gawe gerahing penggalihe Sang Hyang Wisnu. Mula Sang Hyang Wisnu banjur ngutus salah sijining Dewa sing dadi siswane, sing jaman Tanah Jawa isih mapan ing Sonyaluri siswane Sang Hyang Wisnu kuwi kapatah dadi Lurahe Tanah Jawa, wujude Ula Naga, supaya ngrebut panguwasa saka trahe Raden Patah lan mbalekne marang Trah Brawijaya maneh. Ya Ula Naga kuwi sing saiki dadi gurune Ki Batasigar, Pamanmu Dungkul lan Pamanmu Dhangkal. Dene Ki Kecrukabang, Ki Tempuyung lan Ki Klabangbiru, kuwi kaprenah muride Ki Batasigar.”

        “Nuwun sewu Bapa” Sukmana nyela atur nyuwun pirsa “menapa ingkang dipun kajengaken Ki Batasigar Dewa ingkang wujud Sawer Naga siswanipun Sang Hyang Wisnu menika ingkang samangke nami Ki Nagalanang menika?”.

        “Bener Sukmana” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah “lan Ki Nagalanang sing wujud manungsa sing saiki dadi Pangarsane Padhepokan Nagalanang kae, kae siswane Bathara Nagalanang sing wujud Ula Naga sing wis bisa manunggalake jiwa lan ragane karo Gurune, Dadi ora ana bedane antarane Nagalanang sing wujud Ula Naga lan Naga Lanang sing wujud manungsa. Mung sing dadi gumune atiku, ana crita sing ngayawara kaya mangkono kuwi, lha kok Pamanmu Dungkul lan Pamanmu Dhangkal percaya banget, malah wani ngajak aku supaya melu nyengkuyung karepe Ki Batasigar sing ngajak supaya Pangapitan gelem manunggal karo Padhepokan Nagalanang sing arep mbalela marang Mataram lan nggiri-giri apa sing bakal dumadi yen nganti aku ora gelem nuruti pangajake.”

        “Nggiri-giri kados pundi Bapa? Menapa Paman Dungkul lan Paman Dhangkal saha Ki Batasigar lan murid-muridipun badhe ngrebat Dhusun Pangapitan?” Sukmana matur nyuwun pirsa kalihan suwanten ingkang nedahaken bentering manahipun.

        “Ora, Sukmana” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah sareh.

        “Lajeng kados pundi?” Sukmana matur malih.

 

ana candhake

Kamis, 11 Januari 2024

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (25)


 

025.

        Ki Lurah inggih lajeng nusul lenggah ing tikar nyaketi Sukmana lan Ki Palir ingkang sampun linggih langkung rumiyin. Sami antawisipun Ki Lurah lan Ki Palir anggenipun ngulati Sukmana prasasat boten kedhep lan panyawangipun nedahaken raos kepengin ngertos dhumateng kedadosan kala dalu ingkang dipun lampahi Sukmana nalika nindakaken dhawuhipun Ki Lurah saprelu ngulat-ulati tiyang-tiyang ingkang sikep gegaman lan kendel ing wana sak leripun Dhusun Pangapitan.

        “Ingkang nembe mandhap saking pendhapa kala wau menapa Paman Dhangkal lan Paman Dungkul ta Bapa?” kados boten ngawaki menawi dipun gatosaken, Sukmana malah matur nyuwun pirsa dhateng Ki Lurah.

        “Iya, Pamanmu Dungkul lan Dhangkal karo kanca-kancane, sing olehe teka kene iki mau ngajak rembugan sing klebu wigati” wangsulanipun Ki Lurah “nanging sadurunge tak kandhakne apa wigatine Adhi Dungkul sakancane mau, aku kepengin takon marang kowe Sukmana”.

        “Inggih Bapa” atur wangsulanipun Sukmana.

        “Kapan lan ing ngendi kowe kepethuk Senapati Arya Sandi? Ya gene panjenengane ora mbok aturi pinarak ing Kalurahan?” Ki Lurah ndhawuhaken pamundhutipun pirsa.

        Mireng pandangunipun Ki Lurah makaten menika, gentos Sukmana ingkang ketingal bingung, boten mangertos kalihan ingkang dipun kersakaken Ki Lurah.

        “Nyuwun pangapunten Bapa” wekasan Sukmana matur “Senapati Arya Sandi menika sinten? Kula boten kepanggih kalihan panjenenganipun menika”.

        “Lho? Apa paraga sing paring rontal kanggo aku sing mbok gawa mau esuk ora dhawuh sapa panjenengane?” Ki Lurah mundhut pirsa malih “kowe kuwi kepiye ta Sukmana? mBesuk maneh nek dititipi apa-apa kuwi kudu ngerti sapa sing titip, ora kok waton gelem nggawa ngono kuwi. Ngertia Sukmana, sadurunge aku maca rontal sing mbok gawa mau, atiku banget sumelang semu kuwatir merga kahananmu sing banget nguwatiri. Kowe teka munggah pendhapa malah tekenan Tumbak Kyai Larih karo mripat merem, ora kandha apa-apa banjur niba ing jogan kaya patrape wong mendem Ketela Gendruwo. Mula banjur dening Pamanmu Palir kowe didhabyang-dhabyang mlebu ing paturon. Nanging sawuse aku nemu rontal sing ditaleni ing poking landheyane Kyai Larih, aku lagi krasa ayem, jebul rontal kuwi rontal dhawuh kanggo aku minangka Lurah ing Pangapitan kene, saka Senapati Arya Sandi sing uga jejuluk Ki Lurah Dhedhali…….”.

        “Inggih Bapa” dupi mireng Ki Lurah nyebat nami Dhedhali, Sukmana lajeng saged nyaut pangandikanipun Ki Lurah. Sukmana kemutan bilih tiyang ingkang badhe dipun rangket kala dalu nepangaken naminipun Dhedhali.

        “Inggih piye?” Ki Lurah mundhut pirsa.

        Sukmana lajeng matur, nyariyosaken ingkang dipun lampahi wiwit bidhal saking griya ngantos kepanggih kalihan tiyang ingkang nami Dhedhali. Inggih tiyang nyalawadi ingkang pantes dipun sujanani. Sukmana ugi lajeng nyariyosaken anggenipun perang tandhing kalihan Dhedhali ingkang pranyata sekti mandraguna, ngantos saged ngrebat Kyai Larih saking tanganipun lan ndadosaken piyambakipun boten emut menapa-menapa.

        “Dados kajawi kula boten mangertos menawi Ki Dhedhali ingkang badhe kula kendharat nanging wurung menika jebul Senapati Arya Sandi, kula ugi boten mangertos anggen kula saged dumugi ing Pendhapa Pangapitan ingkang dhawuhipun Bapa kala wau, kula mlampah kalihan merem, teteken Tumbak Kyai Larih, dugi-dugi lajeng rebah kados tiyang mendem Ketela Gendruwo lan kula ugi boten mangertos wontenipun rontal ingkang cinancang ing landheyanipun Kyai Larih” Sukmana mungkasi anggenipun cariyos.

        “Eeeeeng……” Ki Lurah manggut-manggut lajeng paring dhawuh “yen mangkono olehmu tekan pendhapa parak esuk mau, merga dituntun nganggo ngelmune Senapati Arya Sandi, sing nyata jeroning kadigdayane ora bisa dijajagi”.

        “Mila saestu leres Bapa, kula sampun mbuktekaken menawi Ki Lurah Dhedhali nyata sekti mandraguna” Sukmana mewahi rembag.

        “Aja maneh kok mung sak kowe ta Sukmana?” Ki Lurah ngendika malih “mbok wong sa Pangapitan maju bareng ora bakal kuwawa mapaki kadigdayane Lurahing Prajurit Teliksandi Mataram, Putra wuragile Gusti Patih Mandaraka kuwi”.

        Sukmana lan Ki Palir sami anggenipun manthuk-manthuk eram. Sukmana rumaos keduwung dene boten nginten babar pisan menawi tiyang nami Dhedhali ingkang dipun adhepi kala dalu jebul tetuwangganipun Prajurit teliksandi Mataram ingkang ugi putranipun Patih Mandaraka.

        “Lajeng suraosing dhawuh ing rontal kala wau kalebet dhawuh ngemu wewados menapa boten Kakang?” sareng sampun sawatawis radi dangu Ki Palir lajeng matur nyuwun pirsa.

        “Kanggo awakmu apa dene Sukmana kena diarani ora wadi, malah kepara awakmu wong loro kudu melu ngaweruhi” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah “mula saiki arep tak waca sepisan maneh, padha melua ngrungokne”.

        Ki Lurah lajeng mbikak gulungan rontal lajeng dipun waos isinipun ingkang sinawung ing Asmaradana :

Saka kene datan tebih

ana klilipe mataram,

Nagalanang sesinglone,

welingku marang Ki Lurah

diage sumurupa

ana dom sumurup banyu

aneng desa pangapitan.

 

“Mangkono iku kang dadi surasaning rontal saka Senapati Arya Sandi, Adhi Palir lan kowe Sukmana.”

“Inggih Bapa” Sukmana atur wangsulan “saemut kula, kala dalu Senapati Arya Sandi inggih wicanten dhateng kula, bilih ing Dhusun Pangapitan mriki mila sampun wonten mata-pitaning mengsah ingkang mbudidaya murih kisruhing Pangapitan, namung kemawon Panjenenganipun boten blaka sinten telik sandining mengsah ingkang mlebet ing Pangapitan menika”.

“Nyuwun pangapunten Kakang” gentos Ki Palir ingkang munjuk atur “kula kok lajeng ngraosaken kirang sekeca ing salebeting manah menika ta?”

“Kurang kepenak merga apa Dhi?” Ki Lurah ndangu dhateng Ki Palir.

“Inggih Kakang” Ki Palir atur wangsulan “sanaosa ing rontal ingkang jengandika waos kala wau ugi kados ingkang sampun dipun cariyosaken dening Angger Sukmana, Ki Lurah Dhedhali boten nyebataken sinten pawongan ingkang nglampahaken dom sumuruping toya dhateng Dhusun Pangapitan menika, nanging manah kula wicanten bilih ingkang dipun kersakaken dening Senapati Arya Sandi menika boten sanes inggih kadang-kadang kula piyambak, inggih menika Kakang Dungkul menapa dene Kakang Dhangkal lan rencang-rencangipun ingkang kala wau ngadhep lan matur ing ngarsa jengandika Kakang Lurah.”

“Ora tak selaki Dhi” Ki Lurah ngendika malih “maune aku ya duwe rasa ora kepenak yen kudu ngira sing tak dhaku minangka adhi-adhiku sing wis nindakne laku dom sumuruping banyu ing Pangapitan. Nanging rasa ora kepenak kuwi wiwit ilang nalika aku krungu apa sing dikarepake Dungkul lan Dhangkal sawise ngadhep aku lagi wae iki mau. Apa Adhi Palir babar pisan ora krungu sing dadi rembug antarane aku karo Adhi Dungkul lan Adhi Dhangkal lan kanca-kancane iki mau?”

“Nyuwun pangapunten Kakang” Ki Palir atur wangsulan “sanaosa boten jangkep, kula ugi mirengaken cariyos ngayawara ingkang dipun criyosaken dening rencangipun Kakang Dungkul ingkang nami Ki Batasigar kala wau. Kula ugi mireng anggenipun Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal kumawantun adol gendhung, nggiri-nggiri Kakang Lurah kala wau. Inggih awit saking menika kula rumaos boten sekeca manah kula, jebul sedherek-sedherek kula kados makaten menika. Kamangka duginipun Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal ing Pangapitan mriki ingkang lajeng jengandika paringi kamukten menika sesarengan kalihan kula……”

“Si Adhi aja kaduk ati bela panampa ing babagan iki” Ki Lurah nigas aturipun Ki Palir ingkang dereng rampung, kalihan suwanten sareh “ana unen-unen, ndhog pitik sapatarangan kae dadine kuthuk sok ora padha. Luwih-luwih awakmu wis tau ngucapake sumpah yen ora bisa dipisahake maneh karo Desa Pangapitan lan wis wegah dadi kawula ing Brendhilan Desa papanmu lahir. Lan si Adhi kudu percaya yen aku minangka kakangmu lan minangka Lurah ing Pangapitan kene ngerti lan percaya yen si Adhi iki dudu Dungkul lan dudu Dhangkal, nanging Palir sing nduweni jiwa sing beda karo sedulur-sedulure tunggal Bapa. Dadi kipatna rasa ora kepenak sing saiki mapan ana atimu kuwi Dhi”.

“Inggih Kakang” Ki Palir atur wangsulan “boten langkung inggih ngestokaken dhawuh lan ngaturaken genging panuwun awit kawicaksanan jengandika menika. Lan sepisan malih kula ambali prasetya kula, badhea putung kinarya bebalang, lebur kinarya sawur bebasanipun, sauger kangge kamulyaning Pangapitan pun Palir boten badhe suwala”.

Kawontenan ing Pringgitan lajeng sepen sawatawis, awit Ki Lurah ugi boten tumuli paring dhawuh malih sasampunipun Ki Palir ngambali anggenipun prasetya. Lan Ki Palir ugi boten nyambet wicantenipun.

“Nuwun sewu Bapa” Sukmana mecah sepening kawontenan kalihan matur dhateng tiyang sepuhipun.

“Iya ana apa Sukmana?” Ki Lurah paring wangsulan kalihan mundhut pirsa menapa ingkang dipun kajengaken Sukmana.

“Bares kemawon, kula taksih dereng mangertos underaning perkawis ingkang nembe kemawon dipun dhawuhaken Bapa saha Paman Palir” Sukmana atur wangsulan kalajengaken nyuwun pirsa “estunipun cariyosipun Paman Dungkul lan Paman Dhangkal menika kados pundi ta Bapa?”.

 

 

ana candhake

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...