Total Tayangan Halaman

Selasa, 30 Januari 2024

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (36)


 

036.

        Bebau Pilang gumujeng radi sora, ndadosaken Bebau Pethek mireng mila lajeng nggelak kapalipun kangge njejeri kapalipun Bebau Pilang. Lurung ingkang boten patos wiyar menika dipun kebaki dening tiyang tiga ingkang kekapalan, dados saupami saking ngajeng wonten tiyang ingkang ugi nunggang kapal badhe boten saged simpangan.

        “Lha iki kok malah padha jejer-jejer ngebaki dalan ta?” Sukmana grenengan ingkang ugi dipun mirengaken dening Bebau kalih ingkang wonten sisih keringipun menika “iki mengko nek ana wong liwat nggiring kebone rak sida ora bisa liwat”.

        “Nanging ing wanci-wanci makaten menika boten wancinipun tiyang nggereg maesa saking paguyangan kok Dhi” ingkang wangsulan Bebau Pilang “anu ngambali kala wau lho, tujunipun Adhi Sukmana wonten lan tumunten ngendika, upami boten wonten rak sampun dados pasulayan antawisipun kula lan Adhi Pethek kalihan Baune Jambon, tiyang kula kekalih sampun getem-getem dhateng sok sintena ingkang sampun ngempal kalihan tiyang-tiyang Paguron Nagalanang”.

        “Lha ndika napa getun kalih sing kula kandhakne dhateng Ki Bau Jambon kala wau ta Baune?” Sukmana gentos taken.

        “Boten makaten Adhi” wangsulanipun Bebau Pilang “malah kula matur nuwun dhateng ndika adhi Sukmana, jebul kula ingkang sampun tuwek niki, kawon nalar kalih adhi Sukmana ingkang kanthi gampil ngrampungaken prakawis kanthi mawi tembung ingkang sareh nanging nandhes lan mikolehi.”

        “Lha gajegipun Bapa Lurah menika rak sampun wongsal-wangsul paring pitedah dhateng sedaya pamong ing Pangapitan mriki ta Ki Bau?” Sukmana suka wangsulan kalihan mesem “sedaya prakawis menika manawi taksih saged dipun rampungaken mawi rembag inggih anggenipun ngrampungaken kedah mawi rembag, boten kengin migunakaken sanesipun. Menapa malih kala wau Ki Bau Jambon ugi boten nyebat sinten gurunipun menika sinten. Nanging ndika ketingal meh kemawon ndakwa menawi gurunipun Ki Bau Jambon menika menawi dede Ki Batasigar inggih Paman Dungkul rak makaten ta?, Pramila kula lajeng mbudidaya murih saged netepi ungeling paribasan, bisa kenaa iwake nanging aja nganti buket banyune, ngaten Ki Bau”.

        “Inggih mila leres makaten Adhi” wangsulanipun Bebau Pilang “nanging gandheng nalar kula ingkang dhedhel kekathahen betah menika, mbok menawi ingkang njalari kula supe dhateng pitedahipun ingkang Bapa, Ki Lurah Pangapitan.”

        “Inggih boten makaten Ki Bau” Sukmana gentos suka wangsulan “ndika supe kala wau awit kabekta saking taksih wonten raos anyel jalaran nembe kemawon grejegan kalihan Ki Bau ing Kawisan. Menapa boten makaten?”

        Bebau Pilang boten wangsulan malih, malah lajeng narik lising kapal ingkang dipun tunggangi temah radi alon lampahipun. Lurung ingkang kala wau dipun kebaki dening kapal ingkang jejer tiga, wangsul radi longgar malih. Bebau Pethek ugi tanggap. Lajeng tumut niru lekasipun Bebau Pilang. Samangke tiyang tiga menika anggenipun kekapalan iring-iringan. Sukmana ingkang manggen ing ngajeng piyambak, kasusul Bebau Pilang lan ingkang wingking piyambak Bebau Pethek.

        Nalika lampahipun tiyang tiga menika dumugi margi protigan Ngapit, Bebau Pethek lan Bebau Pilang nglajengaken lampahing kapalipun bablas badhe wangsul dhateng Dhukuhipun piyambak-piyambak, badhe ngrampungaken jejibahanipun nindakaken dhawuh saking Ki Lurah, parentah dhateng para pamong ing dhukuhipun lan nyiyagakaken para sapukawat lan sinoman murih baris pendhem ing sacaketing kalurahan. Sukmana menggok nganan badhe mampir dhateng griyanipun Bebau Krajan, saderengipun wangsul dhateng Kalurahan ngaturaken wohing dinuta dhateng tiyang sepuhipun, inggih Ki Lurah Pangapitan. Nalika samanten wekdalipun taksih siyang, sanaosa srengenge sampun ngglewang mangilen nanging taksih tebih saking cakrawala ngandhap sisih kilen, taksih watawis setunggal genter inggilipun.

        Nalika Sukmana dumugi griya, sedaya warga Dalem Kalurahan ketingal sami repot piyambak-piyambak. Ki Palir kabiyantu dening para rewang ketingal nata diyan-diyan lan ting ingkang badhe kangge madhangi pendhapa saha plataran Kalurahan.  Rewang sanesipun sami nata gelaran tikar kangge lenggahipun para Bebau lan Pamong mangke ing joganing pendhapa. Ing pawon para tiyang estri sami ocal-ocal tetedhan, nyawisaken pasegahan dhateng para ingkang badhe ndumugeni parepatan Akad Legen ingkang wekdalipun dipun majengaken mangke dalu menika.

        Sukmana inggih lajeng manggihi tiyang sepuhipun ing dalem wingking, ngaturaken sedaya wangsulanipun para Bebau ingkang dipun purugi kalihan Bebau Pilang lan Bebau Pethek. Kalebet ngaturaken wangsulanipun Bebau Sumber ingkang duginipun radi randhat awit badhe pamitan dhateng Ki Dungkul ingkang ngawontenaken pepanggihan ing Kawisan. Kajawi menika Sukmana ugi mamitaken Bebau Jambon ingkang wonten Pambeng awit katimbalan dening gurunipun, ugi ngaturaken kasagahanipun Bebau Jambon bilih benjing enjing badhe sowan ing ngarsanipun Ki Lurah ngaturaken sedaya ingkang dipun rembag kalihan gurunipun ingkang wonten sesambetanipun kalihan Dhusun Pangapitan.

        “Yen ngrungokne critamu kuwi, katone Bebau Sumber lan Bebau Jambon kuwi wis wiwit kasengsem marang pangajake Pamanmu Dungkul lan kanca-kancane” ngendikanipun Ki Lurah sasampunipun Sukmana rampung anggenipun matur “nanging sajake durung padha kebacut, ketitik isih padha eling marang kalungguhan lan jejere minangka Bebau sing kebawah dening Kalurahan Pangapitan. Ya muga-muga wae isih padha bisa dielingne, luwih-luwih Bebau Jambon sing wis nyaguhi yen sesuk esuk bakal nemoni aku lan nyritakne apa sing dirembug karo gurune kuwi, sing kira-kira ya Dungkul utawa Batasigar.”

        “Kula kinten inggih makaten Bapa” Sukmana matur “inggih mugi-mugi kemawon sedaya ingkang sampun dipun bujuk dening Paman Dungkul lan rencangipun, tumunten kaparingan emut lan taksih saged dipun emutaken.”

        “Ya muga-muga wae mangkono Sukmana” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah.

        “Nuwun sewu Bapa” Sukmana matur malih “menapa sampun wonten kabar saking Ki Bau Peleman prakawis anggenipun manggihi Ki Bau Kawisan?”

        “Ya, pancen Bebau Kawisan kuwi nyata julig lan mbutuhake kawigaten mirunggan” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah kalihan unjal napas landhung.

        “Liripun kados pundi Bapa?”

        “Mau Bebau Peleman wis teka kene maneh” dhawuhipun Ki Lurah malih “nglapurake menawa wis teka menyang omahe Bebau Kawisan. Sawise dikabari nek Parepatan Akad Legen dimajokne dadi mengko bengi, Bebau Kawisan ora guneman apa-apa kajaba mung wangsulan ngiyani. Nanging Bebau Peleman weruh yen kahanan Dhukuh Kawisan ana owah-owahan kang beda karo dhukuh-dhukuh liyane, ya kuwi saben omah katon padha yasa granggang sing dicawisake ing keringing omah. Kajaba kuwi, nalika Bebau teka ing omahe Bebau Kawisan, ing omahe Bebau Kawisan kuwi akeh banget gegaman lan pirantining perang, kaya dene Pedhang, Tumbak, Golok, Clurit lan sapanunggalane. Lan ing pekarangane Bebau Kawisan akeh para sapukawat lan sinoman sing katone lagi wae padha gladhen ulah kanuragan. Nanging Bebau Peleman ora guneman apa-apa marang Bebau Kawisan sing ana sambunge karo sing diweruhi. Mula banjur dadi gagasan, apa karepe Bebau Kawisan iki? Yen digandhengne karo sing dikabarake dening Bebau Pethek apa dene Bebau Pilang akeh benere manawa Bebau Kawisan wis duwe lekas arep wani marang aku lan arep mbudidaya murih Pangapitan misah saka Mataram lan manunggal karo Paguron Nagalanang sing mbalela marang Mataram.”

        “Lajeng kados pundi anggenipun nyikepi lekasipun Bebau Kawisan ingkang makaten menika Bapa?” Sukmana matur nyuwun pirsa.

        “Yen pancen wis cetha nek Bebau Kawisan mbalela ya kudu ditandangi, dirangket lan dipidana jumbuh karo dosane” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah “yen prelu mengko ing Parepatan Rembug Desa Akad Legen iki, Bebau Kawisan bakal tak tanting apa sing dikarepake, bakal panggah setya marang Pangapitan sing ateges isih setya marang Mataram apa nedya nurut lekase wong-wong Paguron Nagalanang sing nyata-nyata wani mbalela marang Mataram lan arep nyengkuyung madege kraton anyar sing mung ana angen-angene wong sing ora bisa nampa kahanan lan kanyatan. Kanthi mangkono bisa katon sapa sing isih setya marang Pangapitan lan sapa sing wis katut melu pambujuke wong-wong Nagalanang.”

        Sasampunipun paring dhawuh makaten menika kala wau, Ki Lurah lajeng dhawuh dhateng Sukmana murih tata-tata kangge ndherek pepanggihan ing adicara Rembug Desa mangke dalu. Sukmana inggih lajeng mundur saking dalem wingking badhe tata-tata.

        Boten dangu sasampunipun srengenge serap, kawontenan ing Kalurahan Pangapitan ketingal reja. Kathahing diyan ingkang dipun pasang ing Pendhapa sarta ting-ting ingkang dipun seleh ing Pekarangan ndadosaken kawontenan padhang meh kados ing wanci rahina kemawon. Lare-lare alit kathah ingkang sami dolanan ing plataran Kalurahan, kados dene gobag sodor, dhelikan, playon lan sapiturutipun. Sadaya ketingal remen kanthi manah ingkang mardika. Nanging lare-lare kala wau lajeng sami nyingkir sareng para pamong saking dhukuh-dhukuh sa Pangapitan sami dugi. Pamong-pamong kala wau sami macak besus, lajeng sami minggah ing pendhapa mapan linggih ing tikar ingkang sampun dipun gelar.

 

 

(ana candhake)

   

 

 

 

Senin, 29 Januari 2024

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (35)


 

035.

        Boten dangu ing griyanipun Bebau Punthuk tiyang tiga ingkang dados utusanipun Ki Lurah Pangapitan menika inggih lajeng nutugaken anggenipun ngayahi jejibahan. Ngabari para Bebau sanesipun bilih parepatan Rembug Dhusun utawi adicara parepatan Akad Legen dipun majengaken mangke dalu.

        Sedaya Bebau inggih sampun nyagahi dhawuh saking Ki Lurah Pangapitan bilih mangke dalu badhe nganthi sadaya Pamong ingkang wonten ing dhukuhipun andugeni parepatan rembug dhusun menika. Namung Bebau ing Sumber ingkang criyos bilih anggenipun dugi mangke dalu menika radi kasep. Lan Bebau ing Jambon taksih dereng saged suka wangsulan ingkang gumathok.

        “Nek pancen Ki Lurah ngersakne adicara Akad Legen dimajokne dadi mengko bengi, aku ya ndherek wae Ki Pilang lan Ki Pethek” makaten wicantenipun Bebau Sumber “sapungkur ndika mengko aku ya mesthi banjur aweh kabar marang Para pamong sing ana ing Sumber kene. Mung wae, aku nyuwun tulung mengko aturna Ki Lurah, nek anggonku teka mbok menawa rada kasep, jalaran aku wis kadhung nyaguhi nekani sedhahan saka Ki Batasigar lan Ki Dungkul ing Kawisan, dadi aku mengko sadurunge menyang Kalurahan mampir dhisik menyang Kawisan tak pamit marang Ki Batasigar lan Ki Dungkul”.

        “Iya Ki Sumber” wangsulanipun Bebau Pilang, kalihan nggagas nginten manawi Bebau Sumber sampun katut dhateng pangajakipun Bebau Kawisan, manunggal dhateng Paguron Nagalanang, nanging Bebau Pilang inggih boten wicanten menapa-menapa sasampunipun dipun kedhepi dening Sukmana murih boten wicanten kathah-kathah “weling ndika mengko bakal tak aturne marang Ki Lurah”.

        Nalika Sukmana, Bebau Pilang lan Bebau Pethek pamitan badhe nglajengaken lampah, Bebau Sumber anggenipun nguntabaken inggih ngantos dumugi regol ngajeng.

        Benten kalihan wangsulanipun Bebau ing Jambon, ingkang anggenipun murugi sasampunipun tiyang tiga kala wau nilaraken griyanipun Bebau Sumber.

        “Piye ya Ki Pilang lan Ki Pethek?” makaten anggenipun suka wangsulan Bebahu Jambon dhateng Bebau Pilang lan Bebau Pethek “satemene nek Ki Lurah ngersakne adicara Akad Legen iki dimajokne dadi mengko bengi kuwi ya apik-apik wae. Nanging ya gene kok dadakan ngono lho? Dhawuh kok kaya sak deg, sak nyet, kuwi rak ndadekne sing didhawuhi rada gedandaban ta Ki?”

        “Nampa dhawuh saka dhuwurane kok gedandaban ta Ki Jambon?” Bebau Pilang suka wangsulan “gajege awake dhewe biyen sadurunge dikukuhne dadi Bebau, wis tau nyaguhi jejibahan bakal leladi marang desa sawayah-wayah. Kamangka nekani parepatan Akad Legen iki kalebu peranganing kuwajibane Bebau. Rak ya ngono ta Ki Jambon? Ya gene bisa gedandaban?”.

        Mireng wangsulanipun Bebau Pilang makaten menika, Sukmana tumunten suka sasmita murih Bebau Pilang sampun kesangeten anggenipun wicanten. Sampun ngantos ndadosaken sulaya ing rembag kalihan Bebau Jambon.

        “Pancen nek diparakne neng rembug ndika kuwi, ndika bener Ki Pilang” tujunipun Bebau Jambon inggih lajeng nglenggana lan suka wangsulan kalihan suwanten ingkang sareh “nanging, kaya awake dhewe iki rak ya duwe urusan liyane barang ta Ki Pilang? Kaya mengko bengi kuwi, aku wis nduweni kesaguhan marang Guruku sing banget tak ajeni nek aku arep sowan ing ngarsane merga aku ditimbali supaya marak. Lha nek adicara Akad Legen kanthi dadakan dimajokne dadi mengko bengi, kuwi rak ndadekne aku bingung. Kamangka minangka Bebau ing Jambon sing kebawah prentah Desa Pangapitan, aku wajib nekani Parepatan Akad Legen iki, awit cetha nek aku iki kebawah dening Ki Lurah. Nanging nek aku ora nuhoni dhawuh timbalane Guruku, aku wedi nek nganti kena walat, priye nek ngene iki Ki Pilang?”

        Bebau Pilang ingkang sampun nggadhahi panginten awon dhateng Bebau Jambon, inggih menika kakinten menawi Guru ingkang dipun kajengaken dening Bebau Jambon menika menawi dede Ki Dungkul mesthi Ki Batasigar, ketingal menawi manahipun wiwit benter. Ketingal praupanipun wiwit mbrabak abrit lan tanganipun dipun kepelaken. Makaten ugi kalihan Bebau Pethek, mripatipun ketingal murup.

        “Nyuwun Pangapunten Ki Bau” nanging dereng ngantos Bebau Pilang menapa dene Bebau Pethek wicanten, Sukmana ngrumiyini wicanten dhateng Bebau Jambon.

        “Inggih, kados pundi Adhi Sukmana?” Bebau Jambon suka wangsulan lan pitaken ingkang menapa ingkang dipun kajengaken Sukmana.

        “Menawi purun ngalab pamanggih kula” Sukmana wicanten malih “prakawis menika sampun dipun damel awrat anggenipun nggagas, dados boten sisah ngantos bingung menapa……”

        “Kok saged makaten liripun kados pundi ta Dhi?” Bebau Jambon kalihan suwanten renyah pitaken “kula menika sak niki estu bingung lho Dhi? Bingung kaworan sumelang, sumelang kuwalat dhateng Guru nanging ugi sumelang nampi dukanipun nginggilan inggih keng Bapa ingkang dados pangarsaning Dhusun Pangapitan menika”.

        “Mila saking menika, kula tawa pamanggih dhateng Ki Bau, mbok bilih purun ngengge dene menawi boten purun lan Ki Bau milih nglajengaken anggenipun bingung lan sumelang inggih sumangga”  wangsulanipun Sukmana kalihan mesem.

        Boten namung Bebau Jambon kemawon ingkang ketingal dereng mudheng dhateng wicantenipun Sukmana, sanadyan Bebau Pilang lan Bebau Pethek, inggih sami-sami ketingal gumun.

        “Makaten Ki Bau” Sukmana lajeng wicanten malih “nggen kula criyos dhateng ndika menika, kula minangka putranipun Bapa Lurah Pangapitan. Dados inggih sampun ndika tampi kados wicantenipun lare dolan, purun menapa boten Ki Bau?”

        “Mesthi kemawon kula purun ta Dhi” wangsulanipun Bebau Jambon sareh “tiyang kula inggih mangertos menawi Adhi Sukmana menika asring kadhawuhan dening Ki Lurah anyulihi nindakaken padamelan ingkang dados jejibahanipun Ki Lurah.”

        “Menawi makaten” Sukmana nglajengaken anggenipun wicanten “mila leres menawi Pamong utawi Warga Dhusun Pangapitan menika ngantos wantun ndaga dhawuhipun Ki Lurah magepokan kalihan tata reh paprentahan, sami kemawon sampun wani nantang dhateng Ki Lurah lan pantes nampi pidananing Dhusun. Kalebet dugi ing parepatan Ahad Legen menika. Nanging, ndika nggih kedah emut, boten sedaya pamong ingkang boten dugi ing Parepatan Akad Legen menika sabab linandhesan raos wantun nantang dhawuhipun Ki Lurah, nanging ugi wonten ingkang jalaran wonten pambeng ingkang saged katampi dening nalar lan mila inggih awit wonten pambeng saestu. Kados upaminipun pamong ingkang nembe sakit, utawi kulawarganipun wonten ingkang sakit lan mbetahaken dipun tenggani. Lan menawi dalu mangke ndika sampun kelajeng nyagahi dhawuhipun Guru ndika, menika ugi saged kalebetaken pambeng, namung kemawon……”

        “Namung kemawon pripun Dhi?” kanthi suwanten ingkang groyok nanging kawewahan ulat ingkang wiwit bingar Bebau Jambon nyela rembag, pitaken.

        “Sepisan ndika kedah marentahaken sedaya Pamong ing Jambon murih ndugeni parepatan Akad Legen ingkang wekdalipun dipun majengaken dados mangke dalu menika” Sukmana wicanten malih “Kaping kalih benjing enjing menawi ndika sampun sowan ing ngarsanipun Guru ndika, ndika kedah sowan ing ngarsanipun Ki Lurah saprelu asok kalepatan awit boten saged ndugeni parepatan Akad Legen, lajeng ngaturaken menapa ingkang dipun rembag dening Guru ndika kalihan ndika lan sedherek-sedherek tunggal sapaguron ing pepanggihan menika mangke, menika menawi wonten rembag ingkang magepokan kalihan Dhusun utawi warga Pangapitan menawi prakawis sanesipun ingkang boten wonten sambetipun kalihan Dhusun utawi warga Pangapitan, boten ndika aturaken dhateng Ki Lurah inggih boten menapa-menapa.”

        “Inggih Adhi, kula sampun mangertos kalihan ingkang Adhi Sukmana dhawuhaken” Bebau Jambon nigas rembag malih.

        “Salajengipun mangke kula ingkang badhe ngaturaken sedaya menika dhateng Bapa” Sukmana nutugaken anggenipun wicanten, “nanging……”

        “Nanging kados pundi malih Adhi?” Bebau Jambon pitaken.

        “Nanging ndika kedah saestu anetepi ingkang kula criyosaken kalih prakawis kala wau” wangsulanipun Sukmana “menawi ndika jebul lamis, boten nindakaken kalih prakawis kasebat, mangka dede sinten-sinten ingkang badhe tumandang, kula piyambak ingkang badhe mandhegani para sapukawating dhusun, ngrangket lan ngendharat ndika kalebetaken ing pakunjaran. Awit sampun  cetha menawi ndika sampun wantun murang tata lan sampun ngremehaken kapitadosan ingkang ndika tampi saking Ki Lurah lumantar kula menika. Kados pundi?”

        “Inggih Adhi” Bebau Jambon suka wangsulan “sedaya dhawuhipun Adhi Sukmana badhe kula tindakaken”.

        Bebau Pilang menapa dene Bebau Pethek manthuk-manthuk, mireng wangsulanipun Bebau Jambon dhateng Sukmana ingkang makaten kala wau. Gandheng sedaya Bebau ing Pangapitan sampun dipun kabari lan Bebau Jambon menika ingkang pungkasan, pramila tiyang tiga menika inggih lajeng pamitan wangsul. Kanthi praupan ingkang bingar nedahaken menawi manahipun kalegan, Bebau Jambon nguntabaken wangsulipun Bebau Pilang, Bebau Pethek lan Sukmana ngantos dumugi regol ngajeng.

        “Kula ngaturaken genging panuwun saestu lho Dhi” sareng sampun radi tebih nilaraken griyanipun Bebau Jambon, Bebau Pilang nyaketaken kapalipun ingkang dipun tunggangi dhateng kapalipun Sukmana kalihan wicanten.

        “Ngaturaken panuwun ing prakawis menapa ta Ki Bau?” wangsulanipun Sukmana kalihan pitakenan.

 

 

(ana candhake)

Jumat, 26 Januari 2024

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (34)


 

034.

        “Salajengipun” Bebau Pilang nglajengaken anggenipun cariyos “Ki Bau Pethek lan rencang-rencangipun kula ajak wangsul dhateng griya, saprelu ngrembag lekasipun Ki Bau lan Ki Jagabaya Kawisan. Amargi Ki Bau Pethek kuwatos menawi lekasipun Ki Bau lan Jagabaya Kawisan mila sampun pikantuk palilah saking Ki Lurah, pramila enjing wau Ki Bau Pethek kula ajak manggihi Ki Bau Peleman. Dening Ki Bau Peleman, kula kekalih dipun ajak sowan lan nyuwun pitedah dhateng Ki Lurah”.

        Ki Lurah Pangapitan ketingal menawi santer lampahing penggalihipun. Ketitik sanaosa anggenipun cariyos Bebau Pilang sampun rampung nanging boten tumuli dipun tanggapi. Malah Ki Lurah ketingal lajeng tumungkul, palarapanipun ketingal njengkerut. Tiyang-tiyang sampun sami tanggap ugi sami mangertosi menawi panggalihipun Ki Lurah nembe ruwet. Nanging tiyang-tiyang menika boten mangertos lampahing penggalihipun Ki Lurah. Wasana tiyang-tiyang menika lajeng kendel boten wantun kumecap, namung ngrantos dhawuh saking Ki Lurah.

        “Hm……” sareng sampun sawatawis anggenipun kendel, Ki Lurah lajeng unjal ambegan landhung, lajeng ngunandika alon “babar pisan aku ora nyana, jebul wis adoh laku sing ditempuh dening Dungkul lan wong-wong Padhepokan Nagalanang kanggo ngorak-arik Desaku iki”.

        Mireng pangunandikanipun Ki Lurah makaten menika, tiyang-tiyang inggih lajeng sami sawang-sawangan sesamining rencang, boten wonten ingkang wantun atur pamanggih, awit inggih boten gadhah atur ingkang sakintenipun jumbuh kalihan lampahing penggalihipun Ki Lurah.

        “Nuwun sewu Kakang” dumadakan Ki Palir wicanten alon.

        “Iya, piye Dhi?” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah paring sasmita murih Ki Palir ngaturaken rerigen.

        “Saestu kula tumut rumaos dosa dhateng Pangapitan, menapa dene dhateng Kakang Lurah” Ki Palir lajeng matur “ingkang sepisan, jalaran duginipun Kakang Dungkul ing Pangapitan rumiyin sesarengan kalihan kula lajeng sasampunipun jengandika paringi griya, panggenan kula cecaketan kalihan panggenanipun Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal, ewa samanten kabekta saking anggen kula kasengsem ngraosaken legining rejeki peparing jengandika, ketungkul nggagas lan nggarap pategilan lan sabin,  kula lajeng tledhor temah boten mangertos menawi kadang-kadang kula menika jebul satru munggweng cangklakan. Sanaosa makaten, sanaosa sampun radi kasep, kula kepengin sanget nebus dosa lan ndandosi kalepatan kula kala wau, awit saking menika mugi Kakang Lurah kepareng nuntun kula murih kula tumunten saged nebus dosa lan ndandosi kalepatan menika.”

        “Ngene ya Dhi” Ki Lurah paring wangsulan “awakmu aja kaduk ati rumangsa luput ngono kuwi. Merga nek sing dipetung lupute, kuwi kabeh kanggonan luput, luwih-luwih aku sing wis gelem dadi pangarepe wong sadesa Pangapitan iki. Nanging nek perkara luput iki digedhek-gedhekne bakal ora becik kedadeane. Sing baku, wong-wong sing isih duwe kasetyan marang Desa Pangapitan iki kudu tumuli nyawiji ing panemu, banjur bareng tumandang murih Pangapitan rahayu saka sakehing godha rencana.”

        “Nuwun sewu Ki Lurah” Bebau Pethek munjuk atur “sak niki sampun cetha menawi Ki Bau lan Ki Jagabaya Kawisan sampun mbalela awit nuruti pangajakipun Ki Dungkul, menapa boten langkung prayogi menawi tiyang kalih menika tumunten dipun rangket lan dipun kunjara, makaten ugi Ki Dungkul sarta tiyang-tiyang ingkang ngaken minangka siswa saking Paguron Nagalanang ingkang sampun cetha badhe mbalela dhateng Mataram menika?”

        “Inggih Ki Lurah” Bebau Pilang numpangi rembag “kula sarujuk kalihan aturipun Adhi Bebau Pethek menika. Awit menawi boten tumunten dipun rangket, kula kuwatos selak sansaya kathah Bebau lan Pamong ing Pangapitan ingkang kenging kabujuk dening Ki Bau lan Ki Jagabaya Kawisan. Lan kula ugi kuwatos, menawi ngantos Ki Dungkul ngundang rencang-rencangipun kanthi sesidheman mlebet dhateng Pangapitan lan damel kisruh.”

        “Aja grusa-grusu Ki Bau” Ki Lurah paring wangsulan “kabeh kudu digagas sing dawa, aja nganti merga kesusu tumandang wekasan dadi kebat kliwat. Ora ngrampungake prakara malah sansaya ngambra-ambra”.

        “Lajeng kersanipun Ki Lurah kados pundi?” Bebau Peleman ingkang gentos matur “kaparenga paring dhawuh, menapa ingkang kedah kula lampahi murih kawontenan ing Pangapitan tumunten saged tentrem malih?”

        “Saiki ngene wae” Ki Lurah lajeng paring dhawuh “suk Ngahad kuwi rak dina Ngahad Legi ta?. Dina rembug desa saben selapan, ing rembug desa mengko prakara iki bakal tak bukak lan dadi rembug, kanthi mangkono bakal luwih gampang anggone ngudhari prekara sing ruwet iki. Mung wae, gandheng karo kahanan, rembug desa Ngahad Legen iki bakal tak majokne mengko bengi.”

        “Mangke dalu Bapa?” Sukmana nyela rembag, nyuwun pirsa.

        “Bener Sukmana” Ki Lurah paring wangsulan “Mula saiki uga ayo andum gawe, Kowe karo Ki Bau Pilang lan Ki Bau Pethek, mubenga. Para Bebau sa Pangapitan padha kabarana yen adicara Rembug Desa dianakne mengko bengi, kabeh Bebau supaya padha teka karo nganthi kabeh Pamong ing Padhukuhane dhewe-dhewe.”

        “Inggih Bapa sendika ngestokaken dhawuh” Sukmana atur wangsulan.

        “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” Bebau Pilang munjuk atur.

        “Iya, piye Ki Bau?”

        “Menapa kalebet Ki Bau Kawisan?” Bebau Pilang nyuwun pirsa.

        “He he he iya Ki Bau” Ki Lurah paring wangsulan kalihan gumujeng alon “prentahku mau durung rampung, mligi kanggo Bebau Kawisan aja ndika apa Sukmana sing ngabari, nanging kareben Ki Bau ing Peleman wae”.

        “Inggih Ki Lurah sendika ngestokaken dhawuh” kebat Bebau Peleman atur wangsulan.

        “Lan ana wuwuhan prentah marang ndika Ki Bau Pilang, Pethek lan Peleman” Ki Lurah nutugaken anggenipun paring dhawuh “kajaba nganthi para pamong sing ana dhukuh ndika, aja ngawistarani padha ndika siyagakne sinoman lan sapukawat saka dhukuh ndika, padha parentahna murih siyaga gegaman lan nganakne baris pendhem ing sakupenge Dalem Kalurahan, kanggo njagani menawa ana apa-apa.”

        “Inggih Ki Lurah, boten langkung inggih sendika” nyulihi Bebau Pilang lan Bebau Pethek, Bebau Peleman atur wangsulan.

        Sukmana lan Para Bebau ingkang wonten ing Pringgitan menika lajeng sami nyuwun pamit bidhal nindakaken dhawuhipun Ki Lurah.

        Sasampunipun dumugi jawi, Bebau Peleman inggih lajeng mendhet kapalipun dipun cengklaki badhe dhateng Kawisan. Sukmana, Bebau Pilang lan Bebau Pethek sami rerembagan, bidhal ijen-ijen andum ingkang badhe dipun purugi menapa bidhal sareng sedaya dipun purugi tiyang tiga.

        “Ingkang dipun purugi rak kantun nem panggenan ta Dhi?” Bebau Pethek pitaken dhateng Sukmana.

        “Lha inggih ta Ki Bau” Sumana suka wangsulan “Dhukuh ing Pangapitan menika sedaya rak cacah sedasa, sewelas sak Dhukuh Krajan. Ingkang sampun boten prelu dipun kabari sampun wonten tiga, lajeng ingkang ngabari Bebau ing Kawisan Ki Bau Peleman, Bebau Krajan mangke saged dipun ampiri. Dados nggih leres kantun nem dhukuh. Punthuk, Ngreca, Jambon, Sumber, Kuncen lan Munggur.”

        “Nuwun sewu nggih Dhi” Bebau Pethek wicanten malih “kula kok taksih radi njit-njiten ta Dhi, menawi badhe kepanggih kalihan kanca-kanca Bebau, menawi ijen sami ijen?. Wewayanganipun Ki Bau Kawisan kala wingi enjing ingkang badhe kerengan kalihan Kakang Bau Pilang menika taksih kumanthil-kanthil ing mripat kula”.

        “Menapa kula piyambak kemawon ingkang ngaturi Bebau-bebau ing nem Dhukuh menika?”  Sukmana pitaken kalihan mesem “ndika kalih Ki Bau Pilang wangsul kemawon?”.

        “Boten Dhi” ingkang wangsulan malah Bebau Pilang “kajawi menika dhawuh saking Ki Lurah, kula inggih kepengin kepanggih kadang-kadang Bebau sanesipun, kajawi Bebau Kawisan ingkang sampun dipurugi Ki Bau Peleman”.

        “Estunipun kula inggih kepengin kepanggih kanca-kanca Bebau sanesipun Dhi” Bebau Pethek wicanten malih “nanging pengin kula wontena rencangipun”.

        “Lha nek ngoten nggih awake piyambak, tiyang tiga niki mlampah sareng mawon” Sukmana wangsulan kalih mesem sansaya wiyar “dados saben Bebau dipurugi tiyang tiga.”

        “Inggih Dhi. Saenipun mila makaten kemawon” Bebau Pilang gentos wicanten “mumpung taksih wonten wekdal, mangga tumunten bidhal samenika kemawon”.

        Tiyang tiga tumunten minggah dhateng gigiring kapalipun piyambak-piyambak. Dipun wiwiti saking ler, ingkang dipun panggihi rumiyin piyambak Bebau ing Punthuk. Bebau ingkang sampun radi sepuh, nanging  taksih katingal njenthara menika, wicanten blaka menawi radi kaget, boten padatan Ki Lurah majengaken adicara Rembug Dhusun malem Ngahad Legen, mila lajeng pitaken wonten menapa?.

        “Boten wonten menapa-menapa kok Ki Bau” gandheng Bebau Pilang lan Bebau Pethek boten saged nyukani wangsulan, lajeng Sukmana ingkang mangsuli pitakenipun Bebau Punthuk inggih Ki Sukidi “namung benjing malem Ngahad Legi menika anyarengi Paman Palir ngawontenaken wilujengan ing griyanipun, nengeri anggenipun Boyong dhateng Pangapitan, tiyang samangke Bibi Tandur semahipun Paman Palir sampun dugi lan badhe ndherek gesang ing Pangapitan”.

        “Ooo, sokur ta Dhi, menawi makaten mangke dalu sedaya pamong ing Punthuk kula ajake sowan dhateng Pendhapa Kalurahan.”

 

 

(ana candhake)

 

Rabu, 24 Januari 2024

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (33)


 

033.

        Sasampunipun nyruput wedang jahe benter lan goroknanipun sampun kraos teles, Bebau Pethek lajeng atur wangsulan dhateng Ki Lurah ngiras nutugaken anggenipun kojah:

        “Sawangsulipun Ki Bau lan Ki Jagabaya Kawisan, raosing manah kula kraos boten sekeca. Kula kemutan menawi Ki Dungkul lan Ki Dhangkal menika taksih sedherekipun Ki Lurah, mokal sanget menawi kekalihipun tumindak boten awit pikantuk dhawuh utawi saboten-botenipun inggih idi palilah saking Ki Lurah. Menawi saestu makaten, ateges kula sampun wantun nantang kawicaksananipun Ki Lurah. Kula rumaos kuwatos.”

        “Iya, sabanjure kepiye?” Ki Lurah ndangu malih, awit Bebau Pethek kendel anggenipun cariyos.

        “Sampun dados pakulinan” Bebau Pethek nglajengaken anggenipun wicanten “menawi manah kula bingung, ajeg kula lajeng ngalab pitedah dhateng Ki Bau Pilang utawi Ki Bau Peleman ingkang miturut pamanggih kula langkung pana ing babagan menapa kemawon tinimbang kula lan mila kanyatanipun inggih makaten. Awit saking menika, enjingipun kula lajeng ngajak Ki Jagabaya Pethek tuwin sapukawat cacah tiga badhe manggihi Ki Bau Pilang. Jebul Ki Bau Pilang boten wonten griya, lan dening Nyi Bau kula dipun criyosi menawi Ki Bau Pilang menika meh saben enjing ajeg dhateng wandenipun mBah Semi saprelu pados wedang kopi. Nyi Bau ugi criyos menawi kala wau Ki Bau lan Ki Jagabaya Kawisan ugi madosi Ki Bau Pilang, lan dening Nyi Bau, Ki Bau lan Ki Jagabaya Kawisan ugi dipun criyosi menawi Ki Bau Pilang nembe dhateng wande lan kekalihipun lajeng nusul. Sareng kula nusul dhateng wandenipun mBah Semi, dereng ngantos dugi panggenan, saking katebihan kula sumerep Ki Bau Pilang sampun aben ajeng kalihan Ki Bau lan Ki Jagabaya Kawisan, kathik sedaya sami-sami sampun mandi dedamel, Ki Bau lan Ki Jagabaya Kawisan mbeta Pedhang lha Ki Bau Pilang nyepeng tumbakipun. Boten sranta kula kalihan Ki Jagabaya lan Sapukawat cacah tiga lajeng gegancangan nyaketi kalihan ngliga dedamel, badhe misah murih sampun ngantos Ki Bau lan Ki Jagabaya Kawisan kalihan Ki Bau Pilang sami pasulayan. Ingkang makaten menika kula lampahi jalaran ketingalipun tiyang-tiyang ingkang wonten mriku sami boten wantun misah. Jebul sareng kula dumugi mriku, Ki Bau lan Ki Jagabaya Kawisan lajeng kesah tanpa pamit, kula celuki inggih boten purun semaur. Makaten menika ingkang saged kula aturaken Ki Lurah.”

        “Matur nuwun Ki Bau” Ki Lurah paring wangsulan “akeh sing wis ndika kandhakne lan banget wigati tumrap aku lan Desa Pangapitan, nanging pitakonku sing dhisik dhewe mau durung oleh wangsulan, sanajan mbok menawa pancen ana sambung rapete karo sing ndika critakne perkara anggone Ki Bau lan Ki Jagabaya Kawisan ngajak manunggal marang Paguron Nagalanang kuwi. Nanging rak durung cetha?”

        “Leres Ki Lurah” ingkang wangsulan malah Bebau Pilang, ingkang lajeng nyariyosaken anggenipun badhe kerengan kalihan Bebau lan Jagabaya Kawisan “kados ingkang sampun kaaturaken dening Adhi Bau Pethek kala wau. Ki Bau lan Ki Jagabaya manggihi kula ing wandenipun mBah Semi. Estunipun sampun kula ajak wangsul dhateng griya menawi badhe ngajak rembagan kula, nanging kekalihipun boten purun, criyosipun mbujung wekdal. Sami kalihan ingkang dipun criyosaken Adhi Bau Pethek kala wau, Ki Bau Kawisan ugi criyos bab jangkaning Tanah Jawi lajeng prentah dhateng kula murih ngajak sedaya sapukawat, pamong lan sinoman ing Pilang manunggal dados siswanipun Kyai Nagalanang, ingkang criyosipun taksih titising Dewa ingkang nggadhahi jejibahan momong Ratu Adil ingkang badhe jumeneng ing Patalan.”

        “Lha ndika banjur aweh wangsulan kepriye marang Bebau Kawisan” Ki Lurah paring pandangu awit Bebau Pilang kendel sakedhap anggenipun wicanten.

        “Gandheng kula boten kiyat ngampet” Bebau Pilang atur wangsulan kalihan mesem “kula lajeng gumujeng lakak-lakak lan kula wangsuli menawi kula boten purun nggega dhateng piyambakipun, awit kula taksih waras lan ngertos menawi cariyosipun Ki Bau Kawisan menika namung cariyos ngayawara.”

        Ki Lurah saha tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan menika sami mesem, mireng cariyosipun Bebau  Pilang ingkang makaten kala wau.

        “nDika wangsuli ngono kuwi banjur Bebau lan Jagabaya Kawisan kepriye” kalihan mesem Ki Lurah mundhut pirsa.

        “Kekalihipun ketingal muring, Ki Lurah” Bebau Pilang atur wangsulan lan nglajengaken anggenipun wicanten “dening Ki Bau Kawisan kula dipun ungelaken sampun keblinger, boten pitados kalihan wecaning para kina ingkang kaserat ing Jangka. Lajeng kula dipun kengken murih emut, awit menawi ngantos Kyai Nagalanang midhanget menapa ingkang kula ucapaken kala wau, kula saged nampi sikudhendhanipun temah manggih bilahi. Kula lajeng gumujeng sansaya seru, lan kula wangsuli menawi kula babar pisan boten ajrih kalih ingkang naminipun Kyai Nagalanang menika, jalaran kula boten kebawah prentah dening piyambakipun, prakawis bilahi utawi cilaka menika menggah kula namung Gusti ingkang saged ndhawahaken jumbuh kalihan tumindakipun kawula”.

        Bebau Pilang kendel malih anggenipun cariyos, lajeng nyandhak cingkiripun gorokanipun ingkang kraos salit lajeng dipun telesi kanthi nyecep wedang jahe ing cingkiripun.

        “Sabanjure kepiye Ki Bau?” Ki Lurah mundhut pirsa malih.

        “Ki Bau Kawisan sansaya muring” atur wangsulanipun Bebau Pilang “kula dipun wastani tiyang ingkang boten gadhah tata, awit sampun wantun nggorohaken piwucalipun Kyai Nagalanang lan boten ajrih dhateng walatipun. Gandheng Ki Bau Kawisan menika ngeman kula, kula lajeng dipun kengken njabel sedaya ingkang kula ungelaken kala wau lan purun manunggal kalihan Paguron Nagalanang, awit sok sintena ingkang wantun nampik menawi wonten pangajak manunggal kalihan Paguron Nagalanang mesthi badhe sirna dados wadal ingkang yitmanipun badhe dipun lebetaken ing kawah candradimuka ingkang mapan ing pucaking Redi Mahendra. Mireng wicantenipun Ki Bau Kawisan ingkang sansaya ngawur menika, kula lajeng gentos suka penget….”

        “Lha penget apa sing ndika wenehake marang Bebau Kawisan kuwi, Ki Bau ?” Ki Lurah nyela rembag, mundhut pirsa.

        “Inggih kula emutaken prakawis linggihipun Dhusun lan kawula Pangapitan menika ta Ki Lurah?” Bebau Pilang atur wangsulan “Ki Bau Kawisan kula kengken emut, bilih jaman rumiyinipun para Cikal Bakal ingkang ambakali wontenipun Dhusun Pangapitan menika sampun ngucapaken janji prasetya manunggal sabaya mukti lan sabaya pati dhateng Raden Dananjaya inggih Raden Sutawijaya ingkang samangke jumeneng ing Mataram minangka Panembahan Senapati, jer Pangapitan menika kenging kawastanan siti peparingipun Raden Sutawijaya. Lha menawi sak niki wonten tiyang ingkang ngajak murih manunggal dhateng golongan sanes, menapa malih kanthi pawadan badhe njudhul Kraton enggal lan jumenengipun Ratu Adil, menika sami kemawon ngajak-ajak mbalela dhateng Mataram. Mila Ki Bau lan Ki Jagabaya Kawisan lajeng kula kengken mertobat lan matur dhateng Ki Lurah menawi sampun kesupen temah tumindak ingkang boten leres kanthi manunggal dhateng Paguron ingkang badhe wantun kalihan Mataram saha ngajak-ajak tiyang sanes murih manunggal dhateng Paguron ingkang nyata-nyata mengsahing nagari Mataram menika…..”

        “Yen mangkono apa sing ndika kandhakne marang Ki Bau lan Ki Jagabaya Kawisan kuwi wis trep banget, Ki Bau” Ki Lurah ngendika, nigas rembagipun Bebau Pilang “banjur kepiye wangsulane wong loro kuwi mau?”

        “Tiyang kalih menika malah sansaya ndadra anggenipun nguman-uman kula, Ki Lurah” Bebau Pilang atur wangsulan “kula dipun ungelaken lancang, keminter lan murang tata, awit anggenipun Ki Bau lan Ki Jagabaya ngajak kula kala wau awit saking dhawuh saking Ki Dungkul, kamangka  sampun cetha menawi Ki Dungkul menika sedherekipun Ki Lurah. Awit saking menika kula lajeng wicanten bilih Ki Dungkul menika dede Ki Lurah lan saupami Ki Lurah ngantos pitados dhateng dongeng ngayawara menika langkung-langkung kersa manunggal kalihan Paguron Nagalanang, mangka kula boten badhe ndherek, malah kepara badhe kula emutaken kados anggen kula suka penget dhateng Ki Bau lan Ki Jagabaya Kawisan menika.  Awit miturut pamanggih kula, boten pantes tiyang ingkang badhe ndherek utawi manunggal kalihan Paguron Nagalanang menika gesang ing Bumi Pangapitan. Ki Bau Kawisan lajeng mbanting layah wadhah jadah bakar ingkang wonten lincakipun mBah Semi lajeng kula dipun tantang adu katiyasan atosing balung lan uleting kulit. Gandheng kula rumaos boten lepat, panantangipun Ki Bau Kawisan inggih lajeng kula sagahi. Nanging dereng ngantos kedadosan kula lan Ki Bau saha Ki Jagabaya Kawisan ngunggar kasudiran, tiyang kalih menika sampun kesah, awit duginipun Ki Bau Pethek lan rencang-rencangipun.”

 

(ana candhake)

 

 

 

Selasa, 23 Januari 2024

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (32)


 

032.

        Mireng wicantenipun Sukmana makaten kala wau, Bebau Pilang lan Bebau Pethek sawang-sawangan, ketingalipun sami ngengken rowangipun murih ngandharaken wartos ingkang dipun beta. Nanging saderengipun salah setunggal saking tiyang kalih kala wau kober wicanten, Ki Palir langkung rumiyin ingkang wicanten suka wangsulan dhateng Sukmana :

        “Makaten kemawon Ngger, saenipun mila warta ingkang dipun asta dening Ki Bebau Pethek menapa dene Ki Bebau Pilang menika kaaturaken langkung rumiyin dhateng keng Bapa. Mangke awakipun piyambak rak inggih dipun dhawuhi dening Ki Lurah. Tiyang wekdal menika sampun siang, miturut petangan kula sakedhap malih Keng Bapa rak inggih rawuh.”

        “Makaten inggih Paman?” Sukmana suka wangsulan lajeng gentos wicanten dhateng Bebau-Bebau ingkang wonten ing gandhokipun Ki Jagabaya “ndika sampun mireng piyambak ingkang dipun kersakaken Paman Palir, Ki Bau, dados inggih sampun mangke kemawon ndika sami matur dhateng Bapa, menapa ingkang sampun kedadosan ingkang sami ndika prangguli kala wau.”

        Ingkang dipun criyosaken dening Ki Palir kala wau saestu, boten dangu saking Pendhapa kepireng suwanten kenthongan alit ingkang dipun tabuh kaping tiga sungsun tiga. Sukmana sampun apal kalihan tengara menika. Tengara saking Ki Lurah menawi ngersakaken nimbali piyambakipun murih ngadhep ing Pendhapa. Sukmana tumunten menyat dhateng pendhapa sasampunipun suka sumerep dhateng tiyang-tiyang menawi Ki Lurah sampun rawuh, lan tiyang-tiyang kapurih nengga ing mriku langkung rumiyin.

        “Kowe mau menyang ngendi ta Sukmana?” pandangunipun Ki Lurah sasampunipun Sukmana dumugi pendhapa “Pamanmu Palir tak goleki ana jero omah uga ora ana.”

        “Nyuwun pangapunten Bapa” Sukmana atur wangsulan “kula kalihan Paman Palir nembe jejagongan kalihan Ki Jagabaya Munggur ing gandhokipun, andilalah kala wau wonten Ki Bau Peleman, Ki Bau Pilang lan Ki Bau Pethek, ingkang badhe munjuk atur dhateng Bapa. Gandheng kala wau Bapa dereng rawuh, Bebau tiga menika kula aturi nengga ing gandhokipun Ki Jagabaya. Samangke nembe jagongan kalihan Paman Palir lan Ki Jagabaya Munggur”.

        “Ki Bau Peleman, Pethek karo Pilang?” Ki Lurah paring wangsulan kalihan ketingal radi kejot “ya wis saiki Pamanmu Palir lan wong-wong sing ana gandhoke Ki Jagabaya padha aturana mrene. mBok menawa ana warta sing wigati saka Bebau telu kuwi”.

        “Inggih Bapa” Sukmana atur wangsulan lajeng ngadeg badhe murugi tiyang-tiyang ingkang wonten gandhok panggenanipun Ki Jagabaya Munggur.

        Nanging nalika Sukmana lan tiyang-tiyang kala wau badhe dhateng Pendhapa, jebul dening Ki Lurah dipun ajak dhateng Pringgitan. Tiyang-tiyang inggih lajeng ndherek dhateng Pringgitan. Saderengipun tumut nusul dhateng Pringgitan, Sukmana langkung rumiyin suka sasmita dhateng rewang dalem Kalurahan murih damel unjukan benter kagem Ki Lurah lan tamu-tamunipun.

        “Aku mau kober mampir, neng warunge mBah Semi, Ki Bau Pilang” nembe kemawon tiyang-tiyang sami mapan linggih, Ki Lurah sampun ngendika.

        “Inggih Ki Lurah” wangsulanipun Bebau Pilang kalih ndengengekaken sirahipun, mila sampun kondhang menawi wandenipun mBah Semi ingkang mapan ing Padhukuhan Pilang menika, sanget miraos menggah kopinipun.

“Ana kabar jarene Bebau Kawisan karo Jagabayane lagi wae rada kisruh karo ndika?” Ki Lurah nglejengaken anggenipun ngendika “apa bener mangkono? Kok jarene mBah Semi mau, anggon ndika padha padudon rada keladuk. Nganggo nggebrak-nggebrak meja barang, nganti cangkir karo layahe mBah Semi ana sing katut pecah barang?”.

“Nyuwun pangapunten Ki Lurah” Bebau Pilang atur wangsulan “mila leres menawi kula kalihan Ki Bau lan Ki Jagabaya Kawisan sampun tumindak ingkang boten sae, regejegan ing wande dados tontonanipun tiyang kathah, boten namung paben kemawon, menawi boten dipun pisah dening Ki Bau Pethek, kinten-kinten malah sampun wonten Rajapejah ing plataran wandenipun mBah Semi, tiyang Ki Bau lan Ki Jagabaya sampun sami ngliga pedhangipun lan kula ugi sampun siyaga ngladosi kalihan Tumbak kula menika. Inggih tujunipun Ki Bau lan Ki Jagabaya Pethek ingkang mbeta sapukawat tiga tumunten dugi lan misah. Temah Ki Bau lan Ki Jagabaya Kawisan lajeng kesah nilar plataran wandenipun mBah Semi, tanpa pamit lan tanpa wicanten menapa-menapa.”

“Ora pamit lan ora guneman apa-apa?” kalihan ngangkat alisipun Ki Lurah mundhut pirsa “dadi prekarane Bebau lan Jagabaya Kawisan karo ndika kuwi durung rampung?”

        “Mila dereng Ki Lurah” Bebau Pilang atur wangsulan.

        “Banjur larah-larahe apa? Teka ndika karo Bebau lan Jagabaya Kawisan sing wis padha gerange kuwi teka padha kerah kaya jago rebutan babon wae he?”

        “Inggih estinipun lampah kula mriki wau badhe matur lan nyuwun pitedah dhateng Ki Lurah ing prakawis menika” Bebau Pilang atur wangsulan “nanging gandheng Ki Lurah kepareng ndangu ingkang dados jalaran anggen kula sampun kerengan kalihan Ki Bau lan Ki Jagabaya Kawisan, murih langkung cethanipun kaparenga  Ki Lurah ndangu dhateng Ki Bebau Pethek, awit antawisipun prekawis kula kalihan Ki Bau lan Jagabaya Kawisan menika wonten sambetipun kalihan Ki Bau Pethek lan Ki Bau Pethek langkung mangertos prakawis menika.”

        “Kok dadi sansaya ngambra-ambra ngene Ki Bau?” Ki Lurah ngendika malih, nanging suwantenipun kepireng sareh, lajeng ndangu dhateng Bebau Pethek “tenane ngono kepiye ta Ki Bau Pethek?”

        “Inggih Ki Lurah” Bebau Pethek nata anggenipun linggih lajeng matur “estunipun saderengipun Ki Bau lan Ki Jagabaya Kawisan menika manggihi Ki Bau Pilang, langkung rumiyin inggih dalunipun sampun manggihi kula ing Pethek. Tiyang kalih menika cariyos bilih nembe meguru malih dhateng salah satunggaling Paguron ingkang sampun kondhang, inggih menika Paguron Nagalanang. Ki Bau lan Ki Jagabaya Kawisan ugi criyos menawi para sinoman lan sapukawat ing Kawisan sadaya sampun dados siswa Paguron Nagalanang, dene ingkang minangka wewakiling Kyai Nagalanang ing Pangapitan mriki menika Ki Dungkul ingkang dipun biyantu dening Ki Dhangkal”.

        “Sing dikarepake Dungkul karo Dhangkal kuwi apa sedulurku sing saka Brendhilan kae Ki Bau?” Ki Lurah nyela rembag.

        “Leres Ki Lurah” atur wangsulanipun Bebau Pethek.

        “Iya, sabanjure kepiye?”

        “Salajengipun” Bebau Pethek nglajengaken anggenipun matur “semu radi meksa, Ki Bau lan Ki Jagabaya Kawisan prentah dhateng kula, murih ngajak sedaya sinoman, pamong saha Sapukawat ing Pethek supados tumut manunggal dhateng Paguron Nagalanang, jalaran miturut kekalihipun jangkaning jagad nyebataken bilih boten dangu malih badhe wonten kedadosan ageng ing Tanah Jawi, inggih menika jumedhulipun Kraton enggal lan jumenengipun Ratu Adil trah Brawijaya ing wana Patalan. Lan kedadosan ageng menika mangke badhe nuwuhaken kurban lan bebanten ingkang ageng, sok sintena ingkang boten kepengin dados wadaling kawontenan, kedah manunggal kalihan Paguron Nagalanang, awit kacariyos bilih pangarsaning Paguron Nagalanang menika titising Dewa ingkang nindakaken jejibahan minangka pamomongipun Ratu ing kraton ingkang badhe jumedhul menika mangke.”

        Bebau Pethek kendel sakedhap anggenipun wicanten, jalaran wonten abdi utawi rewang Dalem Kalurahan ingkang mlebet dhateng Pringgitan, lelados unjukan benter kagem Ki Lurah lan sedaya ingkang wonten mriku.

        “Lha ndika banjur aweh wangsulan kepiye marang Bebau lan Jagabaya Kawisan, Ki Bau?” sareng rewang kala wau sampun medal saking Pringgitan, Ki Lurah lajeng ndangu Bebau Pethek.

        “Salebeting manah kula tuwuh raos tidha-tidha Ki Lurah” atur wangsulanipun Bebau Pethek “sakedhik wonten raos pitados, nanging ugi wonten raos boten pitados. Mila kula lajeng suka wangsulan dhateng tiyang kalih kala wau, badhe kula manah rumiyin lan kula criyosi bilih mesthinipun prakawis menika Ki Lurah langkung pana babagan jangkaning jagad tinimbang sinten kemawon ingkang mapan ing Pangapitan menika, pramila sinambi nggagas-nggagas pangajakipun tiyang kalih kala wau, kula ugi nengga dhawuh-dhawuh saking Ki Lurah ing babagan menika. Kula wangsuli makaten kala wau, Ki Bau lan Ki Jagabaya Kawisan ketingal menawi boten remen, malah lajeng mungel-mungel menawi kula menika kalebet tiyang ingkang landhep dhengkul rasanipun. Nanging kula panggah ing wangsulan kula kala wau, lajeng kekalihipun pamit wangsul.”

        “Lha banjur sambunge karo anggone kerengan Ki Bau Pilang karo Bebau lan Jagabaya Kawisan ana ngendi Ki Bau?” Ki Lurah mundhut pirsa, lajeng kalihan ngasta cingkir ingkang wonten ngarsanipun Ki Lurah ngendika malih “nanging sadurunge ndika kandhakne, becik luwih dhisik ndika sruput wedang sing wis meh adhem kuwi, mangga kabeh wae padha diunjuk wedange.”

        Bebau Pethek lan sedaya ingkang wonten ing Pringgitan lajeng sami nyepeng cingkiripun piyambak-piyambak, nyruput wedang jahe ingkang dipun lalapi gula klapa.

 

ana candhake

Jumat, 19 Januari 2024

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (31)

031.

        Ki Palir, Sukmana lan Ki Jagabaya Munggur sakala sami ndhingkluk sirah-sirahipun sami tumungkul ningali jogan ngrumaosi manawi pamanggihipun kirang leres. Sanaosa makaten, ing manahipun tiyang tiga menika taksih rumaos kuwatos awit trekahipun Ki Dungkul lan rencang-rencangipun ingkang mbebayani tumrap Dhusun lan Warga ing Pangapitan lan ngrumaosi dereng manggihaken cara kangge ngadhepi Ki Dungkul sarencangipun menika. Estunipun, ingkang dipun penggalih Ki Lurah ugi boten benten kalihan tiyang tiga menika. Mila kawontenan ing Pringgitan inggih lajeng sepen, sanaosa wonten tiyang ingkang sami lelenggahan nanging boten wonten suwanten ingkang kapireng.

        “Nalare manungsa kuwi winates” sareng sampun radi sawatawis sepen Ki Lurah lajeng ngendika “nek wis kakehan olehe nggagas kamangka durung nemu apa sing digoleki, adhakane banjur dadi kethul. Bisane mung kari takon marang atine dhewe-dhewe, piya karo piye lan ora bakal oleh wangsulan sing maremake. Saiki wektune wis awan, padha lerena ing paleremanmu dhewe-dhewe, sokur-sokur nek padha gelem nenuwun marang Gusti, nyuwun pitulungan murih kahanan iki dadi padhang. Merga awake dhewe iki kabeh kawulane Gusti lan ya mung Gusti sing bisa paring pepadhanging ati kang lagi ribed. Mengko utawa kapan dirembug maneh, karo pamong-pamong liyane lan para sesepuh”.

        Boten ngentosi wangsulan, rampung anggenipun ngendika Ki Lurah lajeng jumeneng nilaraken Pringgitan, mlebet dhateng dalem wingking. Ki Palir lan Sukmana inggih lajeng nututi mlebet, Ki Jagabaya wangsul malih dhateng gandhok ingkang kala wau dipun angge singidan.

        Ebahing wanci boten nate ewah. Ngantos dinten enjingipun, dereng wonten rembagan antawisipun Ki Lurah, Ki Palir menapa dene Sukmana ingkang ngrembag prakawis ingkang wonten gegayutanipun kalihan Ki Dungkul lan rencang-rencangipun. Namung Ki Lurah wiwit enjing sampun miyos saking dalem Kalurahan, nindakaken kuwajiban naliti lan ngulat-ulati pagesanganipun kawula ing Pangapitan, madosi menawi-menawi wonten kawula ingkang gesangipun taksih mbetahaken pitulungan murih saged gesang limrah kados tanggi-tangginipun. Sawatawis menika Ki Palir lan Sukmana ketingal sami wonten gandhok papanipun Ki Jagabaya. Tiyang tiga menika sami rerembagan prakawis anggenipun Ki Jagabaya sampun boten kraos manggen ing gandhok, lan Ki Jagabaya sampun kepengin sanget wangsul dhateng griyanipun piyambak.

        “Bares kemawon Ki Palir lan Adhi Sukmana” Wicantenipun Ki Jagabaya Munggur dhateng Ki Palir lan Sukmana “sanadyan nembe kalih dalu mapan ing gandhok mriki, nanging rumaos kula sampun dangu sanget. Menapa saestu menawi kula wangsul dhateng griya, lajeng Ki Dungkul murugi kula malih?”

        “Ki Jagabaya” Ki Palir suka wangsulan “estunipun ingkang ndhawahaken dom cem-ceman wisa dhateng ndika kala wingi menika, ingkang rumiyin piyambak dede Kakang Dungkul. Nanging tiyang sanes rencangipun Kakang Dungkul, ingkang dereng kula mangertosi, ingkang cetha tiyang menika kasektenipun tebih ing sanginggilipun Kakang Dungkul. Kasektenipun tiyang ingkang dereng kula sumerepi sinten tiyangipun menika, boten namung ing ngelmu ingkang kasat mata kemawon, nanging ugi ngelmi kebatosan ing aji jaya kawijayan, menawi ndika salebeting wekdal sapeken menika ngetingal lan kadenangan dening tiyang kala wau, gampil sanget piyambakipun menawi badhe ngambali anggenipun nyawataken dom cem-ceman wisa dhateng ndika. Nanging menawi sampun kliwat saking sapeken, miturut petangan kula, tameng ingkang kula tanem ing saliranipun Ki Jagabaya sampun saged ngalingi menawi wonten serangan susulan.”

        “Oo jebul makaten ta Ki Palir?” Ki Jagabaya Munggur nembe mudheng kalihan kersanipun Ki Palir “manawi makaten, inggih badhe kula kraos-kraosaken singidan ing gandhok menika.”

        “Inggih Ki Jagabaya mila kedah makaten” wangsulanipun Ki Palir kalihan mesem “kula piyambak, estunipun inggih sampun kangen kalihan griya kula, nanging gandheng dening Ki Lurah dereng kaparengaken wangsul awit inggih kalihan kawontenan, kula inggih lajeng ndherek kemawon menapa ingkang dados kersanipun Ki Lurah.”

        Dumadakan saking pendhapa kepireng suwanten gentha, minangka sasmita menawi wonten tamu ingkang nggadhahi kajeng badhe sowan Ki Lurah. Sukmana ingkang mangertos menawi Ki Lurah nembe miyos nganglang padhukuhan-padhukuhan laladan Dhusun Pangapitan, tumunten ngadeg menyat dhateng Pendhapa, badhe manggihi tiyang ingkang ngungelaken gentha kala wau.

        Sareng sampun sawatawis dangu, Sukmana wangsul malih dhateng gandhokipun Ki Jagabaya malih, dipun tutaken Bebau Peleman, Bebau Pethek lan Bebau Pilang. Tiyang tiga ingkang nembe dugi menika inggih lajeng mapan linggih ing tikar.

        “Kinten-kinten Ki Lurah dangu menapa boten nggih Dhi?” Bebau Pilang mbikani rembag kalihan taken dhateng Sukmana.

        “Lha menika kula ingkang boten ngertos Ki Bau” wangsulanipun Sukmana “menawi salebeting nganglang dhusun menika Bapa boten mrangguli prakawis ingkang wigatos, mesthinipun inggih tumuli kundur, tiyang kala wingi wonten rembag kalihan kula, miwah Paman Palir saha Ki Jagabaya Munggur ingkang dereng rampung”.

        “Rembag menapa menika Dhi?” Bebau Peleman gentos ingkang taken “menapa taksih wonten gegayutan kalihan lelampahan ingkang dipun sandhang Ki Jagabaya Munggur kala wingi? Lan menapa saestu, titiyang sikep gegaman ingkang wonten ing wana salering Peleman menika wonten sambetipun kalihan tiyang ingkang nedya damel cilakanipun Ki Jagabaya Munggur?”

        “Lho Ki Bau menapa dereng pikantuk wartos ingkang kula titipaken dhateng Wala, Sapukawat Kalurahan kala wingi?” Sukmana gentos pitaken.

        “Manawi prakawis dhawuh saking Ki Lurah lumantar Adhi Sukmana ingkang dipun beta Wala, kala wingi menika kula sampun mangertos lan sampun kula lampahi, para Sinoman lan Sapukawat panggah kula parentah murih samekta sawanci-wanci, sanaosa tiyang-tiyang ingkang sikep dedemel menika sampun tebih nilaraken wana tepis wiring ler Pangapitan” Bebau Peleman suka wangsulan.

        “Bares mawon Ki Bebau” Sukmana lajeng wicanten “nitik saking lelampahan ingkang dipun alami dening Ki Jagabaya Munggur kala wingi menika, Bapa, Paman Palir, Ki Jagabaya lan kula sampun gadhah  pandakwa ingkang sami dhateng  Paman Dungkul sakancanipun menawi sampun gadhah lekas badhe damel  kisruh ing Pangapitan mriki. Namung kemawon sedaya menika dereng wonten bukti kasat mata ingkang saged dipun angge nglarapaken Paman Dungkul ing parepataning Pradhata  Dhusun. Inggih menika ingkang kula aturaken menawi wonten rembag  ingkang dereng rampung kala wau. Mila kanthi rawuh ndika sesarengan kalihan Ki Bau Pethek lan Ki Bau Pilang menika mugi-mugi saged mbekta bukti ingkang kiyat menawi Paman Dungkul sarencangipun menika saestu sampun tumindak ingkang nrajang paugeraning Dhusun Pangapitan.”

        Bebau Peleman boten tumunten suka wangsulan malah lajeng sawang-sawangan kalihan Bebau Pilang menapa dene Bebau Pethek.

        “Nuwun sewu Ki Bau” sareng boten wonten ingkang numpangi rembagipun Sukmana, Ki Palir lajeng wicanten “sajakipun Ki Bau tetiga menika ngasta warta ingkang sakalangkung wigatos ingkang wonten sambetipun kalihan kedadosan ingkang dipun alami dening Ki Jagabaya Munggur kala wingi. Menapa leres makaten Ki Bau?”

        Sepisan malih Ki Bau Peleman boten tumunten mangsuli pitakenipun Ki Palir ingkang makaten menika. Kados wau Bebau Peleman malah gentosan nyawang dhateng Bebau Pethek lan Bebau Pilang. Ki Palir mesem, ngrumaosi menawi anggenipun pitaken sampun keladuk, pramila inggih lajeng wicanten kalihan suwanten ingkang sareh :

        “Nyuwun pangapunten Ki Bau, mbok menawi mila kula kirang pantes nyuwun pirsa babagan menika dhateng ndika. Awit saking menika kula nyuwun pangapunten lan kaanggepa kula boten nyuwun pirsa menapa-menapa dhateng ndika sedaya.”

        Mireng wicantenipun Ki Palir ingkang makaten kala wau, Bebau Peleman ketingal pucet, lajeng suka wangsulan :

        “Nyuwun pangapunten Ki Palir, mugi ndika boten lepat ing panampi, menawi kula menapa dene Ki Pethek lan Ki Pilang boten tumunten atur wangsulan…..”.

        “nDika boten lepat Ki Bau” Ki Palir nigas rembag kalihan gumujeng lirih “mila ing babagan wewadosing Dhusun kedah ngatos-atos, boten kenging kacariyosaken dhateng sadhengah tiyang, boten kenging kacariyosaken menapa malih namung jalaran kesandhung raos ewuh lan pakewuh. Dados menawi nyata pawarta ingkang sami ndika asta menika kalebet wewadosing dhusun, langkung prayogi menawi pitaken kula kala wau boten ndika wangsuli.”

        Sukmana ingkang mireng wicantenipun Ki Palir lan Bebau Peleman makaten kala wau, tumunten wicanten anengahi :

        “Nuwun sewu Paman Palir lan ndika Ki Bau Peleman saha Ki Bau Pethek lan Ki Bau Pilang, mila leres ingkang dipun dhawuhaken Paman Palir bilih wewadosing dhusun menika boten kenging dipun umbar ingkang ndadosaken sadaya tiyang nyumerepi. Nanging, kala wau sanaosa namung sakedhik sampun kawiyos dhateng kula prakawis warta ingkang dipun beta dening Ki Bau Pethek lan Ki Bau Pilang sanaosa inggih nembe sakedhik. Ing gandhok menika, boten wonten tiyang sanes Ki Bau, Paman Palir menika sampun dipun pitados dening Bapa kangge tetimbangan prakawis  ruwet rentenging Pangapitan. Dados menawi wewados kala wau kasumerepan dening Paman Palir estunipun inggih boten menapa-menapa…”

 

 

ana candhake

 

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...