43.
Ki Lurah
Pangapitan ketingal njengkerutaken palarapanipun nalika midhanget asmanipun
dipun sebat dening Bebau Jambon nalika nerokaken wicantenipun Bebau Sumber. Tiyang-tiyang
sanesipun kajawi Jagabaya Jambon ugi ketingal kepengin mangertos menapa ingkang
dipun kajengaken kalihan dipun sebating asmanipun Ki Lurah menika kala wau.
“Dadi
Baune Sumber nyebut jenengku barang Baune Jambon?” boten sranta Ki Lurah
nyelani anggenipun Bebau Jambon carios.
“Leres
Ki Lurah” atur wangsulanipun Bebau Jambon.
“Iya
tutugna nggon ndika crita” Ki Lurah paring dhawuh malih “aku sansaya kepengin ngerti
tutuge crita ndika kuwi”.
“Sareng
kula takeni makaten menika kala wau, Ki Bau Sumber radi dangu anggenipun suka
wangsulan” Bebau Jambon nutugaken anggenipun wicanten.
“Iki
muturut dhawuh saka Ki Dungkul lan saka Ki Batasigar lho” makaten anggenipun
wangsulan Baune Sumber sasampunipun tadi sawatawis anggenipun kendel.
“Ki
Batasigar kuwi sapa Ki Sumber?” kula nusuli pitaken malih.
“Ki
Batasigar kuwi sedulur tunggal guru karo Ki Dungkul, nanging Ki Batasigar luwih
tuwa ngelmune tinimbang Ki Dungkul” wangsulanipun Bebau Sumber.
“Ooo
ngono?” kula wicanten malih saha mangsuli anggen kula taken “lha banjur apa
sing wis dumadi magepokan karo Ki Lurah?”
“Ki
Lurah kuwi jebul ora ngersakne kabegjan lan kaslametan sing diaturne dening Ki
Dungkul lan Ki Batasigar” wangsulanipun Bebau Sumber salajengipun “malah semune
Ki Lurah nggorohake utawa ora percaya marang apa sing diaturake Ki Dungkul lan
Ki Batasigar, mosok ngendikane Ki Dungkul marang aku ki ngene : Ki Lurah durung
bisa nampa apa sing diaturne Ki Dungkul lan Ki Batasigar jalaran Ki Lurah isih
arep nglumpukne para Pamong lan Sapukawate Desa Pangapitan dhisik, nek para
Pamong lan Sapukawat akeh sing gelem nggugu marang apa sing diaturne Ki Dungkul
lan Ki Batasigar mau, mangka Ki Lurah lagi arep menggalih luwih jero maneh bab
sing diaturne Ki Dungkul lan Ki Batasigar mau. Nanging manawa Pamong lan
Sapukawat Pangapitan luwih akeh sing ora nggugu, mangka Ki Lurah ya ora bisa
nuruti apa sing diaturne Ki Dungkul lan Ki Batasigar marang panjenengane kuwi
mau. Nek ngono kuwi rak ya aran aneh ta Ki Jambon?”
“Aneh
piye Ki Sumber?” kula mangsulaken pitakenipun Baune Sumber.
“Sangertiku
sasuwene iki” Ki Bau Sumber wicanten nyukani wangsulan dhateng kula “ya wiwit
aku durung dadi Bebau ing Sumber, nganti tekan saiki, sing tak ngerteni Ki
Lurah kuwi tansah menggalih murih Desa Pangapitan iki bisa dadi Desa ngrembaka,
panguripane kawula bisa luwih makmur, ayem tentrem didohi bilahi sing wujud apa
wae. Nanging bareng dening Ki Dungkul sing isih sedulure dhewe, diaturi
kabagyan lan kaslametan ora mung kanggo Ki Lurah pribadi, nanging uga kanggo
kabeh kawula sing urip ing Pangapitan kene iki, teka Ki Lurah paring wangsulan
kang kaya sing tak kandhakne neng ngarep mau. Jajal ndika nalar, kuwi aneh apa
ora?”
Blaka
suta, dipun criyosi lan dipun takeni Bebau Sumber makaten menika kala wau, kula
radi bingung anggen kula badhe wangsulan. Pramila kula inggih lajeng mendel
boten saged ngucap menapa-menapa.
“Piye
Ki Jambon?” Ki Bau Sumber lajeng wicanten malih “ndika rak ya melu judheg ta
nek mikir karo kersane Ki Lurah sing ora tumuli ndhahar ature Ki Dungkul lan Ki
Batasigar kuwi mau? Merga iki magepokan karo keslametane Desa lan Warga
Pangapitan. Lan sing duwe wewenang dhuwur dhewe ing Pangapitan iki ya mung Ki
Lurah dhewe, wiwit biyen nganti tekan saiki ora ana tinone ana Pamong sing wani
nggesehi apa sing wis dadi putusane Ki Lurah. Nanging ya gene Ki Lurah ndadak
paring pawadan marang Ki Dungkul lan Ki Batasigar nek arep mundhut panemune
para Pamong lan Sapukawat luwih dhisik? Lan nyatane nganti seprene awake dhewe
ya ora didhawuhi apa-apa luwih-luwih didangu dening Ki Lurah magepokan karo kabegjan
lan kaslametan sing diaturne Ki Dungkul lan Ki Batasigar mau. Pancen ing
babagan iki Ki Dungkul uga kagungan sethithik rasa sujana marang keng rayine
dhewe…..”
“Sapa
kuwi Ki Sumber? Lan apa sing ndadekne rasa sujana kuwi?” kula nyela rembag mawi
pitakenan.
“Biyen
rawuhe Ki Dungkul lan Ki Dhangkal neng Pangapitan kene kuwi rak nganthi rayine
sing cilik dhewe jenenge Palir ta Ki Jambon?” Ki Bau Sumber suka wangsulan “ya
merga Palir kuwi sedulur wuragil, mula kabeh sedulure padha kasok tresnane
marang dheweke kalebu Ki Lurah. Palir kuwi dening sedulur-sedulure prasasat
diugung apa sing dadi karepe, lha merga rumangsa diasihi dening Ki Lurah kuwi Palir
banjur kerep ngadi-adi. Kerep matur sing sakarepe dhewe marang Ki Lurah, lire
atur sing mung mikirne bathine dhewe. Lan sing luwih ndadekne Ki Dungkul
sujana, Palir kuwi biyene iya diajak melu ngangsu kawruh dening Ki Dungkul,
nanging gandheng bocah ugungan wiwit cilik mula, Palir gemang nutugne anggone meguru
milih misah saka pagurone lan kerep nyritakne marang wong-wong tangga teparone
yen ora ana gunane ngangsu kaweruh ing paguron sing arep andum kabegjan lan
kaslametan kuwi……”
“Mengko
dhisik Ki Sumber” gandheng kula menika boten remen menawi wonten tiyang nyatur
awoning tiyang sanes ingkang namung dhapur pangira-ngira, kula lajeng nigas
rembagipun Ki Bau Sumber.
“Iya
piye Ki Jambon?” Bebau Sumber gentos nakeni kula.
“Nek
dawa-dawa dinudut iki dadine awake dhewe malah melu-melu ngrasani Ki Palir
sedulure Ki Lurah barang, nek ana ora bejane, nek nganti kapireng Ki Lurah,
awake dhewe dadi ora kepenak. Dadi ing babagan sing ndika kandhakne kuwi mau,
tak kira yen awake dhewe nggunakne pangira becik wae marang Ki Lurah, dadi
awake dhewe ora kudu judheg dhisik” wangsulan kula.
“Pangira
becik sing kepiye Ki Jambon?” Bebau Sumber wicanten malih “ndika kudu eling,
sing mbutuhne kabegjan lan kaslametan kuwi wong sadesa Pangapitan kabeh….”
“Iya
Ki Sumber, aku wis ngerti bab kuwi” wangsulan kula kalih mesem awit Ki Bau
Sumber ketingal radi muring “sing tak karepake pangira becik marang Ki Lurah
kuwi ngene lho, awake dhewe aja kesusu ngarani Ki Lurah ora percaya marang Ki
Dungkul lan Ki Batasigar, luwih-luwih ndakwa Ki Lurah ora mbutuhne kabegjan lan
kaslametane Desa lan Kawula Pangapitan. Gajege ndika mau ya wis kandha nek Ki
Lurah arep ngajak rembugan para Pamong ing Pangapitan kene luwih dhisik? Kamangka
wektu iki dina Akad Legi wis ora suwe maneh, ya neng adicara rembug desa Akad
legen kuwi mengko tak kira Ki Lurah arep ndhawuhake apa sing diaturne Ki
Dungkul lan Ki Batasigar babagan kabegjan lan kaslametan mau marang para Pamong
lan Sapukawat. Lan sawuse iku banjur dhawuh marang Ki Carik supaya ditulis lan
ditetepake minangka asiling rembug desa, bubar kuwi lagi Ki Lurah nimbali Ki Dungkul
lan Ki Batasigar kadhawuhan menawa kanthi wewaton asil rembug desa Ki Lurah
ngersakne nampa apa sing diaturne Ki Dungkul lan Ki Batasigar. Nek ngono piye
Ki?”
“Iya
Ki Jambon” Ki Bau Sumber wicanten malih “nek ngrungokne dhakik-dhakike sing
ndika kandhakne kuwi pancen kepenak dirungokne kuping, nanging ing parepatan
Rembug Desa Akad Legen kuwi mengko, durung karuwan lho nek kabeh Pamong padha
ing panemu, nek nganti ana sing duwe panemu beda karo awake dhewe bisa uga
kahanan dadi rame, Ki Lurah bisa wae mutusake ora ndhahar ature Ki Dungkul lan
Ki Batasigar, nek klakon mangkono apa ora mbebayani, Ki?”
“Ki
Bau aja banjur lali ngono kuwi ta?!?” kula wangsulan kalihan gumujeng lirih.
“Lali
nggon apa kuwi Ki Jambon?” Ki Bau Sumber taken.
“Gajege
mau Ki Sumber wis kandha dhewe” kula wangsulan sareh “wiwit jaman biyen, ora
ana tinone ana Pamong utawa Sapukawat ing Pangapitan kene iki sing wani nggesehi
karo apa sing didhawuhake Ki Lurah, yen wis ngono banjur apa maneh sing kudu
dikuwatirake? Nanging ora ana alane yen Ki Sumber ngersakne jaga-jaga, lire
njagani nek ana sing beda karo padatan sing banjur nuwuhake kaya sing ndika
kuwatirake mau.”
“Piye
carane jaga-jaga Ki Jambon? Ndika kandhakne, mengko tak lakonane.”
(ana candhake)