49.
Radi sawatawis
kawontenan dados temawon awit saking anggenipun sami grenengan sami rowang
antawisipun tiyang-tiyang ingkang wonten pendhapa joglonipun Ki Bau Kawisan
menika. Mila kathah ingkang gumun kaworan gawok kalihan cariyosipun Ki Sobrah
kala wau. Tiyang ingkang gesang malih sasampunipun pejah lan tangi saking
kuburipun kanthi kawontenaning raga ingkang pulih kados jaman taksih nem
rumiyin.
“Para
siswa kabeh” dumadakan Ki Batasigar wicanten sora lan tiyang-tiyang ugi lajeng
kendel anggenipun sami grenengan “critane Sobrah mau pancen kepara nyata, lan
kang mangkono iku jalaran Sobrah wis manteb lahir trusing batin anggone percaya
marang Bapa Guru Kyai Nagalanang. Dadi olehe percaya Sobrah ora mung lelamisan
sing mung kandheg ana pangucap wae. Lan kang mangkono mau ora saben wong bisa.
Kaya kang ora suwe maneh bakal kawiyak ing Pangapitan iki, endi sing percaya
kanthi lahir batin marang Bapa Guru Nagalanang lan endi sing mung lelamisan.
Mesthi wae tumrap wong sing mung lelamisan mesthi bakal nemu kacilakan lan
kasangsaran ora beda karo sing padha wani nggorohake marang warta lan piwulang
saka Bapa Guru lan sing wis manteb nggone percaya kanthi lahir trusing batin
bakal nampa kanugrahan wujud kabegjan lan kaslametan.”
Sedaya
ingkang wonten pendhapa sami ndhingkluk boten wonten ingkang wantun ndengengek
lan atur wangsulan dhateng wicantenipun Ki Batasigar. Kalebet kula inggih
makaten, jalaran sansaya kraos ing salebeting manah kula manawi ewuh aya ing
pambudi. Badhe pitados, nalar kula wicanten menawi wicantenipun Ki Batasigar
lan Ki Dungkul sarta criyosipun Ki Sobrah kala wau babar pisan tebih saking nalar
ingkang waras, menawi badhe boten pitados salebeting manah wonten raos ajrih
menawi ngantos manggih cilaka lan ugi taksih ngajeng-ajeng pikantuk kabegjan.
Wasana kula inggih mendel ngraosaken campuhing nalar lan raos ingkang
sakalangkung rame.
“Cethane
mangkene para siswa kabeh” gentos Ki Dungkul ingkang lajeng wicanten nyambet
wicantenipun Ki Batasigar “dhawuh sing tak tampa saka Bapa Guru Kyai
Nagalanang, wiwit dina iki awake dhewe kudu wani nuduhake marang jagad yen
awake dhewe iki pandhereke Bapa Guru Kyai Nagalanang lan mung bakal manut lan
miturut marang apa sing dadi dhawuhe Bapa Guru, jalaran sing sapa wonge duwe
panutan liya mangka kuwi ora bakal bisa nampa kabegjan lan kaslametan sarta
mesthi bakal cilaka. Mula marang kang ora ngandel lan ora gelem percaya marang
dhawuhe Bapa Guru, awake dhewe ora kena maneh duwe rasa ewuh lan pakewuh, wong
kang mangkono mau cetha nek wis wani marang Bapa Guru lan lan sing wani marang
Bapa Guru kuwi padha karo dadi mungsuhe para siswa Padhepokan Nagalanang klebu aku
lan ndika kabeh. Sakehing mungsuh kudu disirnakne, ora metung kuwi isih kanca
sing raket utawa sedulur sing caket.”
“Inggih
Bapa” Bebau Kawisan ingkang atur wangsulan “kula sampun prasetya, sanaosa
kadang pribadi, sanak utawi malah anak lan semah kula piyambak, menawi boten
purun pitados lan manut miturut dhawuh saking Kanjeng Eyang Guru Kyai
Nagalanang badhe kula cuthat kados dene cacing malah menawi prelu boten badhe
kula eman kula kecalan nyawanipun tiyang-tiyang ingkang makaten menika.”
“Bagus
Baune Kawisan. Mula pantes ndika nampa kanugrahan drajat sing luhur saka Bapa
Guru Kyai Nagalanang!” Ki Dungkul suka wangsulan kalihan mesem wiyar “nanging,
apa ndika temen-temen wani saupama kudu ngadhepi wong sing sasuwene iki banget
ndika ajeni lan ndika bekteni jalaran wong mau jebul wani marang Bapa Guru Kyai
Nagalanang ?”
“Sinten
menika Bapa? Mesthi kemawon kula boten badhe ajrih” Bebau Kawisan wangsulan
kalihan suwanten ingkang nedahaken tataging manahipun “wiwit rumiyin mila kula
tansah ngaosi lan bekti dhateng tiyang ingkang pantes dados pepundhen, nanging
menawi sampun kula dadosaken pepundhen nanging nyatanipun wantun kalihan
Kanjeng Eyang Kyai Nagalanang, kula boten badhe tidha-tidha nyirnakaken
piyambakipun. Ki Lurah Pangapitan upaminipun, sanaosa Ki Lurah menika sedherek
jengandika Bapa Dungkul lan sadangunipun menika tansah dados pandom kiblating
lelabetan tumrap kula, nanging menawi Ki Lurah boten kersa ndherek rerigen
saking jengandika menapa dene Bapa Batasigar awit langkung nggega aturipun rayi
jengandika pun Ki Palir, kula inggih badhe wentala dhateng panjenenganipun.”
“Bener
ndika Baune” Ki Dungkul wicanten malih kalih sansaya jembar esemipun “pancen
sebutane wae Ki Lurah Pangapitan kae isih sedulur nek karo aku lan adhiku si
Dhangkal, nanging kuwi ya mung winates ing sebutan wae, jalaran antarane aku
karo Ki Lurah kae ora ana sambunging waris, beda nek karo si Palir, arepa kaya
apa kae isih sedulurku nom tunggal bapa karo aku lan si Dhangkal. Lan si Palir
kae mula isih adhine Ki Lurah Pangapitan, jalaran biyunge Ki Lurah iku uga
biyunge Palir. Nanging sepisan maneh tak kandhakne, ndika kabeh kudu eling
marang dhawuhe Bapa Guru Kyai Nagalanang, tumrap awake dhewe kabeh sing diarani
kulawarga kuwi ya mung wong sing percaya lan ndherek marang dhawuhe Bapa Guru,
yen ana wong sing cilike ora nggugu, gedhene wani marang Bapa Guru, kuwi cetha
nek mungsuh sing kudu didohi lan nek prelu ya kudu disirnakne, sanadyan tata
gelar isih waris dhewe.”
“Nuwun
sewu Bapa” dumadakan Bebau Sumber wicanten.
“Iya
piye Baune Sumber?” Ki Dungkul wangsul pitaken.
“Menapa
sampun cetha menawi kula sasedherek menika kedah wantun kalihan Ki Lurah?” Ki
Bau Sumber nglajengaken anggenipun taken “menawi nyata makaten tak ateges kula
sasedherek menika sampun boten nggadhahi Lurah? Lajeng sinten ingkang pantes
nggentosi palenggahan Lurah ing Pangapitan menika Bapa?”
“nDika
aja banjur kleru tampa Baune Sumber” Ki Dungkul suka wangsulan “sing
dikandhakne Baune Kawisan apa dene sing tak kandhakne mau lagi teka ing tembung
saupama. Lan sing prelu tak kandhakne, nganti dina iki aku apa dene Ki
Batasigar durung nampa dhawuh pituduh saka Bapa Guru Kyai Nagalanang magepokan
karo Ki Lurah Pangapitan. Apa Ki Lurah kae wis kersa ndhahar aturku lan ature
Ki Batasigar sing wujud kersa manunggal karo Paguron Nagalanang apa durung,
kuwi durung cetha. Lan mesthi wae, sanadyan mung sedulur aran-aran, aku
ngarep-arep lan kepengin Ki Lurah kersa manunggal dadi siji karo awake dhewe.
Nanging, sepisan maneh saupama, Ki Lurah mbeguguk makutha waton ora kersa
manunggal karo awake dhewe, ya pancen drajate Ki Lurah kae ora pantes yen
nglurahi Desa lan kawula ing Pangapitan kene. Pantese ya ragane kareben koklok
dadi rabuke bumi Pangapitan lan sukmane nyemplung ing kawah candradimuka kana.”
“Pangarep-arep
lan pepenginane Bapa Dungkul magepokan karo Ki Lurah kuwi padha karo aku Ki
Sumber” dumadakan Bebau Kawisan numpangi rembagipun Ki Dungkul “lire, muga-muga
wae Ki Lurah kebukan penggalihe lan kersa ngajak kabeh kawula sarta Pamong lan
kabeh sapukawat ing Pangapitan mangayom marang Padhepokan Nagalanang, murih
kabeh bisa nampa kanugrahan saka Kanjeng Eyang Guru Kyai Nagalanang wujud
kabegjan lan kaslametan. Nanging yen kapeksa Ki Lurah mung nggugu kersaning
priyanggane, ya arep kepriye maneh? Ya kapeksa kudu disirnakne. Lan ndika ora
susah kuwatir sapa bakale sing gumanti nglurahi Pangapitan kene. Aku sing bakal
madeg dadi Lurah, lan manawa ana sing ora trima aku saguh nandangi, tak tetere
sepira kadigdayane, yen bisa ngalahne aku, kena dheweke madeg nggenteni dadi
lurah ing Pangapitan kene.”
Rembagipun
Bebau Kawisan ingkang makaten kala wau sinauran keplok rame dening para pamong
saking Dhukuh Kawisan. Nanging lajeng dipun lerem dening Ki Dungkul ingkang
lajeng wicanten malih :
“Becike
aja ngrembug barang sing durung karuwan kedadeyane. Sing luwih baku, apa kang
tak kandhakne wengi iki padha ndika eling-eling, awit kabeh mau pituduh saka
Bapa Guru sing kudu digugu dening sok sapawa sing kepengin nampa kanugrahan
wujud kabegjan lan kaslametan. Saiki ndika kabeh dikeparengake bali menyang
omahe dhewe-dhewe, mung wae ing omah kudu tansah samekta, sawayah-wayah ndika
bakal ditimbali mrene saprelu nampa dhawuh lan nindakne kuwajiban saka Bapa
Guru Kyai Nagalanang.”
Sareng
Ki Dungkul wicanten makaten menika, kula inggih lajeng pamit badhe wangsul.
Makaten ugi Bebau Sumber lan para Pamong ingkang saking Dhukuh Sumber. Gandheng
saking Jambon kula namung piyambakan, mila kula inggih lajeng nyarengi
lampahipun Bebau Sumber. Nalika dumugi margi protigan, inggih ing papan ingkang
kala wau sonten dening Ki Sumber kangge ngentosi kula, Ki Sumber ngajak kula
mandheg rumiyin.
“Mandheg
dhisik Ki Jambon, ana rasa ngganjel ing atiku sing arep tak walehne marang
ndika” wicantenipun Ki Sumber kalihan narik lising kapalipun murih mandheg.
“Iya
Ki Sumber, ana apa maneh?” pitaken kula.
(ana candhake)