Total Tayangan Halaman

Jumat, 01 Maret 2024

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (50)


 

50.

        Ki Bau Sumber lajeng mandhap saking kapalipun. Para Pamong ingkang dados andhahanipun dipun prentah murih ngrumiyini wangsul dhateng Sumber lan nengga Ki Sumber ing griyanipun. Ingkang kantun ing papan mriku namung kula kalihan Bebau Sumber. Kula inggih sampun mandhap saking kapal lan mapan linggih ing watu ageng ingkang wonten sapinggiring margi, caket kalihan anggenipun linggih Bebau Sumber.

        “Apa ndika ora ngrasakne nek rembugan ing joglone Baune Kawisan iki mau, ana sing aneh Ki Jambon?” Ki Bau Sumber miwiti rembag kalihan nakeni kula.

        “Aneh piye ta Ki Sumber?” kula wangsul gentos pitaken “merga minangka wong anyar, bares wae aku mau bingung karo sing didhawuhne Ki Batasigar apa dene Ki Dungkul, dadi aku isih mbutuhne wektu kanggo ngangen-angen apa sing dikersakne dening panjenengane sakloron. Mligine ing tembung sapa sing ora nggugu lan ora percaya karo warta sing diasta dening Ki Dungkul lan Ki Batasigar ditegesi wani marang Kyai Nagalanang lan dadi mungsuh tumrap awake dhewe sing nek prelu kudu disirnakne, kuwi sing nalarku durung bisa nampa.”

        “Mulane aku mau banjur matur marang Bapa Dungkul” Ki Sumber nyauti rembag kula “apa awake dhewe kudu wani marang Ki Lurah mau? Merga jaman biyen aku tau duwe prajanjen karo wong tuwaku sadurunge aku dadi Bebau biyen, ya kuwi wong tuwaku sing isih jejer dadi Bebau Sumber nglilani aku maris kalungguhane klawan janji aku kudu setya lan bekti selawas-lawase marang Ki Lurah, yen aku ora gelem mangka kalungguhan Bebau ing Sumber jaman semana arep dipasrahake marang Paman Gupuh, adhine ramakku. Mula nek aku nganti wani marang Ki Lurah, ateges aku wis nyidrani janjiku marang wong tuwaku dhewe.”

        “Aku ya mangkono Ki Sumber” wangsulan kula “sanadyan ora ana pranjanjen apa-apa, aku selawase ya ora bakal wani marang Ki Lurah. Jalaran wong tuwaku biyen tau dislametake dening Ki Lurah sing wis suwargi ya wong tuwane Ki Lurah sing saiki, dadi mokal aku arep wani marang wong sing motangake nyawa marang wong tuwaku, karo maneh sasuwene aku dadi Bebau durung tau aku meruhi tindake Ki Lurah sing nerjang paugeraning desa, sing ana mung tansah menggalihake murih kawula ing Pangapitan kabeh bisa sansaya makmur uripe. Kuwi sing tak rasakne lho Ki Sumber, mbok menawa bisa beda karo ndika utawa Ki Kawisan.”

        “Lhah, bareng ndika nyebut jenenge wong Kawisan atiku bali krasa panas maneh Ki Jambon” dumadakan wicantenipun Ki Sumber kepireng radi minggah “upama mau Bapa Dungkul ora tumuli ngendika, Baune Kawisan wis tak ajak metu neng latar arep tak todhi sepira kaprawirane. Rembuge Ki Kawisan mau, nyata wis kebacut nasare lan wis wani ngilani dhadhane bebau sa Pangapitan, klebu marang aku lan ndika. Apa rumangsane kuwi, ora ana wong lanang kejaba dheweke? Apa dikira nek bebau-bebau sa Pangapitan iki mung loro saudhon telu saurupan….?”

        “Sabar dhisik  Ki Sumber” kula nyelani rembagipun Ki Sumber ingkang kapireng sansaya benter “ndika kuwi apa lali karo wewatakane Ki Bau Kawisan sing sok dhemen ngumukne kaprawirane ta ? Olehe muni kaya ngana mau, Ki Kawisan ora nedya ngremehne kanca-kanca bebau liyane, nanging mung merga kepengin oleh pangalembana saka Ki Dungkul lan Ki Batusigar, sarana ngandhakne kasetyane marang Paguron Nagalanang. Dadi tak jaluk ndika aja kepancing marang rembuge sing akeh ngawure kae.” 

        “Hm…..” Bebau Sumber nggereng, lajeng wangsulan “ngawur ya ngawur nanging ngawure bocah Kawisan mau wis kebacut, malah wani guneman arep nyirnakne Ki Lurah barang. Aku dadi sujana, aja-aja anggone gelem percaya lan nggugu apa sing didhawuhne Bapa Dungkul lan Bapa Batasigar, mung merga Bocah kae kepengin madeg dadi Lurah njongkeng kalenggahane Ki Lurah, Ki Jambon?”

        “mBok menawa panduga ndika kaya mangkono kuwi mula ana benere Ki Sumber” wangsulan kula sareh “nanging aku ya durung wani mesthekne yen panduga ndika kuwi mau mesthi benere. Ya pangapura ndika wae marang aku sing gedhe, jalaran bares wae aku iki rada dhedhel yen dikongkon mikir. Klebu mikir prakara kabegjan lan kaslametan sing diasta Ki Batasigar lan Ki Dungkul iki. Maune sawise ndika kandhani lan sorene ndika ajak sowan marang Ki Dungkul kae, atiku wis manteb nggonku percaya, nanging sawise mlumpuk neng pendhapa joglone Ki Kawisan lan nyemak rembug-rembug sing ana, dumadakan rasa kapitayanku ora mundhak manteb nanging malah dadi rada kendho. Ora nggorohake nanging ya durung manteb nggonku percaya. Mula aku mrelokne wektu sing mirunggan kanggo nggagas prakara iki, kanggo mutusne bakal tak tutugne nggonku melu ndika meguru marang Padhepokan Nagalanang apa ora, aku dadi bingung, mula aku arep nentremne pikir luwih dhisik.”

        “Bener ndika Ki Jambon” Ki Sumber wicanten malih “ora mung ndika sing rumangsa dhedhel anggone mikir, sanadyan aku uga ora beda lan rumangsa dadi wong sing bodho banget. Kaya sing ndika weruhi, aku iki kena diarani wis manteb banget nggonku percaya marang kabeh sing didhawuhne dening Bapa Dungkul apa dene Bapa Batasigar, nanging kaya sing ndika alami, iki mau kedadak dadi suda. Luwih-luwih sawise aku krungu gunemane Bocah Kawisan sing nampeg rai mau. Lan nyatane dienengake wae dening Bapa Batasigar apadene Bapa Dungkul. Dadi cethane dina iki aku karo ndika kuwi padha. Padha olehe dadi tidha-tidha. Yen aku nyawang para pamong saka Sumber mau, sajake ya ngalami kaya sing lagi tak rasakne. Mula mau kabeh tak prentah supaya njujug neng omahku, arep tak ajak ngrembug prekara iki. Apa becike ndika mampir dhisik neng omahku? Banjur bareng-bareng ngrembug prekara iki karo aku lan pamong-pamong ing Sumber?”

        “Becike aku tak ora melu rembugan prekara kuwi dhisik Ki Sumber” kula suka wangsulan “atiku lagi bingung lan nalarku uga lagi ruwet, aku kuwatir yen aku melu rembugan neng Sumber malah nambahi kisruhing atiku sing bisa wae ndadekne kisruhe sing padha lagi rembugan. Becike, aku tak bali menyang Jambon wae, ya nek ndika ora kabotan apa sing dadi dudutan anggon ndika rembugan mengko, tulung aku ndika kabari, mbok menawa wae bisa nambani petenging atiku.”

        “Yen pancen mangkono, ya uwis saiki aku tak bali ndika ya bali menyang Jambon, ora liwat nek ana kabar anyar endi sing oleh dhisik gelema kabar-kabar.” Ki Sumber suka wangsulan, lajeng ngadeg nyaketi kapalipun.

        Kula inggih lajeng nglajengaken lampah, wangsul dhateng Jambon. Nalika kula dumugi regoling pekarangan griya kula, jebul anyarengi kalihan para Pamong saking Jambon wangsul saking kalurahan, sedaya sami mampir ing griya kula.

        Sareng sadaya sampun satata anggenipun linggih ing jogan pendhapa kula, Darja inggih Jagabaya Jambon lajeng nyariyosaken dhawuh-dhawuh saking jengandika Ki Lurah. Ingkang wosipun sedaya kawula ing Pangapitan kedah setya anetepi sumpah prasetyanipun para Leluhur ingkang yasa Dhusun Pangapitan menika. Inggih menika boten badhe wantun dhateng Gusti Panembahan Senapati ingkang jumeneng ing Mataram. Angemuti menawi Bumi Pangapitan menika rumiyin mila peparingipun Raden Sutawijaya dhumateng para leluhur ingkang yasa dhusun menika. Lan Pangapitan boten badhe saged kapisah kalihan Mataram.

        Inggih awit mireng cariyosipun Jagabaya menika kala wau, sakala manah kula dados padhang. Raos pitados dhateng warta ingkang dipun criyosaken dening Ki Dungkul lan Ki Batasigar sampun ical babar pisan. Lan kula lajeng emut menawi beja lan apesing kawula menika boten ing tanganipun sinten-sinten, nanging ing astanipun Gusti Ingkang Maha Kawasa. Menawi kawula tansah tumindak sae, boten remen damel kapitunaning liyan mesthi Gusti badhe paring kabegjan kan menawi kawula dhemen ngumbar hardaning angkara tartamtu badhe manggih cilaka.

        Makaten Ki Lurah, ingkang saged kula aturaken ing ngarsa jengandika. Salajengipun kaparenga kula angambali prasetya kula bilih pejah gesang kula namung badhe ndherek ingkang dados kersanipun Ki Lurah” Bebau Jambon mungkasi anggenipun matur.

        “Aku banget nedha nrima marang ndika Baune Jambon” Ki Lurah ngendika paring wangsulan dhateng Bebau Jambon “nanging sadurunge tak tutugne anggonku arep guneman, prasetya ndika sing keri dhewe kuwi mau luwih dhisik ndika benerne. Aja ndika nduwe tekad mati urip melu aku utawa sapa wae, nanging nduwea tekad nganti ana jaman apa wae ndika bakal ngugemi apa sing dadi paugeraning Desa Pangapitan sing kebawah negara Mataram.”

 

 

(ana candhake)

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (49)


 

49.

        Radi sawatawis kawontenan dados temawon awit saking anggenipun sami grenengan sami rowang antawisipun tiyang-tiyang ingkang wonten pendhapa joglonipun Ki Bau Kawisan menika. Mila kathah ingkang gumun kaworan gawok kalihan cariyosipun Ki Sobrah kala wau. Tiyang ingkang gesang malih sasampunipun pejah lan tangi saking kuburipun kanthi kawontenaning raga ingkang pulih kados jaman taksih nem rumiyin.

        “Para siswa kabeh” dumadakan Ki Batasigar wicanten sora lan tiyang-tiyang ugi lajeng kendel anggenipun sami grenengan “critane Sobrah mau pancen kepara nyata, lan kang mangkono iku jalaran Sobrah wis manteb lahir trusing batin anggone percaya marang Bapa Guru Kyai Nagalanang. Dadi olehe percaya Sobrah ora mung lelamisan sing mung kandheg ana pangucap wae. Lan kang mangkono mau ora saben wong bisa. Kaya kang ora suwe maneh bakal kawiyak ing Pangapitan iki, endi sing percaya kanthi lahir batin marang Bapa Guru Nagalanang lan endi sing mung lelamisan. Mesthi wae tumrap wong sing mung lelamisan mesthi bakal nemu kacilakan lan kasangsaran ora beda karo sing padha wani nggorohake marang warta lan piwulang saka Bapa Guru lan sing wis manteb nggone percaya kanthi lahir trusing batin bakal nampa kanugrahan wujud kabegjan lan kaslametan.”

        Sedaya ingkang wonten pendhapa sami ndhingkluk boten wonten ingkang wantun ndengengek lan atur wangsulan dhateng wicantenipun Ki Batasigar. Kalebet kula inggih makaten, jalaran sansaya kraos ing salebeting manah kula manawi ewuh aya ing pambudi. Badhe pitados, nalar kula wicanten menawi wicantenipun Ki Batasigar lan Ki Dungkul sarta criyosipun Ki Sobrah kala wau babar pisan tebih saking nalar ingkang waras, menawi badhe boten pitados salebeting manah wonten raos ajrih menawi ngantos manggih cilaka lan ugi taksih ngajeng-ajeng pikantuk kabegjan. Wasana kula inggih mendel ngraosaken campuhing nalar lan raos ingkang sakalangkung rame.

        “Cethane mangkene para siswa kabeh” gentos Ki Dungkul ingkang lajeng wicanten nyambet wicantenipun Ki Batasigar “dhawuh sing tak tampa saka Bapa Guru Kyai Nagalanang, wiwit dina iki awake dhewe kudu wani nuduhake marang jagad yen awake dhewe iki pandhereke Bapa Guru Kyai Nagalanang lan mung bakal manut lan miturut marang apa sing dadi dhawuhe Bapa Guru, jalaran sing sapa wonge duwe panutan liya mangka kuwi ora bakal bisa nampa kabegjan lan kaslametan sarta mesthi bakal cilaka. Mula marang kang ora ngandel lan ora gelem percaya marang dhawuhe Bapa Guru, awake dhewe ora kena maneh duwe rasa ewuh lan pakewuh, wong kang mangkono mau cetha nek wis wani marang Bapa Guru lan lan sing wani marang Bapa Guru kuwi padha karo dadi mungsuhe para siswa Padhepokan Nagalanang klebu aku lan ndika kabeh. Sakehing mungsuh kudu disirnakne, ora metung kuwi isih kanca sing raket utawa sedulur sing caket.”

        “Inggih Bapa” Bebau Kawisan ingkang atur wangsulan “kula sampun prasetya, sanaosa kadang pribadi, sanak utawi malah anak lan semah kula piyambak, menawi boten purun pitados lan manut miturut dhawuh saking Kanjeng Eyang Guru Kyai Nagalanang badhe kula cuthat kados dene cacing malah menawi prelu boten badhe kula eman kula kecalan nyawanipun tiyang-tiyang ingkang makaten menika.”

        “Bagus Baune Kawisan. Mula pantes ndika nampa kanugrahan drajat sing luhur saka Bapa Guru Kyai Nagalanang!” Ki Dungkul suka wangsulan kalihan mesem wiyar “nanging, apa ndika temen-temen wani saupama kudu ngadhepi wong sing sasuwene iki banget ndika ajeni lan ndika bekteni jalaran wong mau jebul wani marang Bapa Guru Kyai Nagalanang ?”

        “Sinten menika Bapa? Mesthi kemawon kula boten badhe ajrih” Bebau Kawisan wangsulan kalihan suwanten ingkang nedahaken tataging manahipun “wiwit rumiyin mila kula tansah ngaosi lan bekti dhateng tiyang ingkang pantes dados pepundhen, nanging menawi sampun kula dadosaken pepundhen nanging nyatanipun wantun kalihan Kanjeng Eyang Kyai Nagalanang, kula boten badhe tidha-tidha nyirnakaken piyambakipun. Ki Lurah Pangapitan upaminipun, sanaosa Ki Lurah menika sedherek jengandika Bapa Dungkul lan sadangunipun menika tansah dados pandom kiblating lelabetan tumrap kula, nanging menawi Ki Lurah boten kersa ndherek rerigen saking jengandika menapa dene Bapa Batasigar awit langkung nggega aturipun rayi jengandika pun Ki Palir, kula inggih badhe wentala dhateng panjenenganipun.”

        “Bener ndika Baune” Ki Dungkul wicanten malih kalih sansaya jembar esemipun “pancen sebutane wae Ki Lurah Pangapitan kae isih sedulur nek karo aku lan adhiku si Dhangkal, nanging kuwi ya mung winates ing sebutan wae, jalaran antarane aku karo Ki Lurah kae ora ana sambunging waris, beda nek karo si Palir, arepa kaya apa kae isih sedulurku nom tunggal bapa karo aku lan si Dhangkal. Lan si Palir kae mula isih adhine Ki Lurah Pangapitan, jalaran biyunge Ki Lurah iku uga biyunge Palir. Nanging sepisan maneh tak kandhakne, ndika kabeh kudu eling marang dhawuhe Bapa Guru Kyai Nagalanang, tumrap awake dhewe kabeh sing diarani kulawarga kuwi ya mung wong sing percaya lan ndherek marang dhawuhe Bapa Guru, yen ana wong sing cilike ora nggugu, gedhene wani marang Bapa Guru, kuwi cetha nek mungsuh sing kudu didohi lan nek prelu ya kudu disirnakne, sanadyan tata gelar isih waris dhewe.”

        “Nuwun sewu Bapa” dumadakan Bebau Sumber wicanten.

        “Iya piye Baune Sumber?” Ki Dungkul wangsul pitaken.

        “Menapa sampun cetha menawi kula sasedherek menika kedah wantun kalihan Ki Lurah?” Ki Bau Sumber nglajengaken anggenipun taken “menawi nyata makaten tak ateges kula sasedherek menika sampun boten nggadhahi Lurah? Lajeng sinten ingkang pantes nggentosi palenggahan Lurah ing Pangapitan menika Bapa?”  

        “nDika aja banjur kleru tampa Baune Sumber” Ki Dungkul suka wangsulan “sing dikandhakne Baune Kawisan apa dene sing tak kandhakne mau lagi teka ing tembung saupama. Lan sing prelu tak kandhakne, nganti dina iki aku apa dene Ki Batasigar durung nampa dhawuh pituduh saka Bapa Guru Kyai Nagalanang magepokan karo Ki Lurah Pangapitan. Apa Ki Lurah kae wis kersa ndhahar aturku lan ature Ki Batasigar sing wujud kersa manunggal karo Paguron Nagalanang apa durung, kuwi durung cetha. Lan mesthi wae, sanadyan mung sedulur aran-aran, aku ngarep-arep lan kepengin Ki Lurah kersa manunggal dadi siji karo awake dhewe. Nanging, sepisan maneh saupama, Ki Lurah mbeguguk makutha waton ora kersa manunggal karo awake dhewe, ya pancen drajate Ki Lurah kae ora pantes yen nglurahi Desa lan kawula ing Pangapitan kene. Pantese ya ragane kareben koklok dadi rabuke bumi Pangapitan lan sukmane nyemplung ing kawah candradimuka kana.”

        “Pangarep-arep lan pepenginane Bapa Dungkul magepokan karo Ki Lurah kuwi padha karo aku Ki Sumber” dumadakan Bebau Kawisan numpangi rembagipun Ki Dungkul “lire, muga-muga wae Ki Lurah kebukan penggalihe lan kersa ngajak kabeh kawula sarta Pamong lan kabeh sapukawat ing Pangapitan mangayom marang Padhepokan Nagalanang, murih kabeh bisa nampa kanugrahan saka Kanjeng Eyang Guru Kyai Nagalanang wujud kabegjan lan kaslametan. Nanging yen kapeksa Ki Lurah mung nggugu kersaning priyanggane, ya arep kepriye maneh? Ya kapeksa kudu disirnakne. Lan ndika ora susah kuwatir sapa bakale sing gumanti nglurahi Pangapitan kene. Aku sing bakal madeg dadi Lurah, lan manawa ana sing ora trima aku saguh nandangi, tak tetere sepira kadigdayane, yen bisa ngalahne aku, kena dheweke madeg nggenteni dadi lurah ing Pangapitan kene.”

        Rembagipun Bebau Kawisan ingkang makaten kala wau sinauran keplok rame dening para pamong saking Dhukuh Kawisan. Nanging lajeng dipun lerem dening Ki Dungkul ingkang lajeng wicanten malih :

        “Becike aja ngrembug barang sing durung karuwan kedadeyane. Sing luwih baku, apa kang tak kandhakne wengi iki padha ndika eling-eling, awit kabeh mau pituduh saka Bapa Guru sing kudu digugu dening sok sapawa sing kepengin nampa kanugrahan wujud kabegjan lan kaslametan. Saiki ndika kabeh dikeparengake bali menyang omahe dhewe-dhewe, mung wae ing omah kudu tansah samekta, sawayah-wayah ndika bakal ditimbali mrene saprelu nampa dhawuh lan nindakne kuwajiban saka Bapa Guru Kyai Nagalanang.”

        Sareng Ki Dungkul wicanten makaten menika, kula inggih lajeng pamit badhe wangsul. Makaten ugi Bebau Sumber lan para Pamong ingkang saking Dhukuh Sumber. Gandheng saking Jambon kula namung piyambakan, mila kula inggih lajeng nyarengi lampahipun Bebau Sumber. Nalika dumugi margi protigan, inggih ing papan ingkang kala wau sonten dening Ki Sumber kangge ngentosi kula, Ki Sumber ngajak kula mandheg rumiyin.

        “Mandheg dhisik Ki Jambon, ana rasa ngganjel ing atiku sing arep tak walehne marang ndika” wicantenipun Ki Sumber kalihan narik lising kapalipun murih mandheg.

        “Iya Ki Sumber, ana apa maneh?” pitaken kula.

 

(ana candhake)

 

Rabu, 28 Februari 2024

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (48)


 

48.

        Kula lirik tiyang-tiyang ugi katingal boten sami mangertos kalihan ingkang dipun ucapaken Bebau Kawisan makaten kala wau. Malah lajeng kepireng sami klesak-klesik sesamining rencang ingkang sami taken takenan menapa ingkang sampun katindakaken dening Bebau Pilang menapa dene Bebau Pethek, mesthi sampun wonten prakawis ingkang wonten sambetipun kalihan Jagabaya Kawisan, awit menawi namung prakawis Bebau Pilang lan Bebau Pethek boten pitados kalihan warta ingkang mungel bilih Ki Dungkul lan Ki Batasigar badhe andum kabegjan menika, mesthinipun Ki Jagabaya Kawisan boten ngantos kados makaten menika anggenipun gela.

        “Sing sabar Ki Jagabaya” gentos Ki Dungkul ingkang wicanten suka wangsulan dhateng Ki Jagabaya Kawisan “ora kudu ndika sing kudu tumandang, wis ana dhewe siswa Padhepokan Nagalanang sing kajibah ngrampungne prekarane Bebau Pilang lan Bebau Pethek kuwi. Kanggo ndika lan siswa-siswa liyane bakal nampa jejibahan sing adoh luwih abot lahir batine sing kudu ditindakne. Apa para siswa sing ana pendhapa iki padha saguh?”

        “Kangge nggayuh kabegjan lan kawilujenganing gesang, badhea awrat ingkang kados menapa kemawon, kula saha Pamong lan sapukawat ing dhukuh Kawisan mriki boten wonten atur sanes kajawi namung sendika ngestokaken dhawuh, Bapa”  sareng radi sawatawis boten wonten ingkang atur wangsulan dhateng Ki Dungkul, Ki Kawisan lajeng atur kasagahan “awit kula sadaya sami pitados bilih Kanjeng Eyang Guru Kyai Nagalanang tartamtu boten badhe negakaken kawilujengan kula sakanca.”

        “Pancen bener apa kang ndika kandhakne kuwi mau Baune Kawisan” Ki Dungkul wicanten malih, nanduki menapa ingkang dipun aturaken Ki Kawisan “Pukulun Kyai Nagalanang ora bakal negakne marang para pandherek lan para siswane ngadhepi apa wae, dadi saupama ndika kabeh sajroning ngayahi jejibahan nindakne dhawuh saka Panjenengane, ndika kudu ngadhepi mungsuh sing sekti pilih tandhing, ndika ora bakal bisa kasoran lan mungsuh ndika sing mesthi bakal sirna marga layu, kajaba….”

        “Kajawi menapa Bapa?” Jagabaya Kawisan nyela rembag, jalaran Ki Dungkul radi dangu boten nyambet wicantenipun nalika dumugi tembung “kajaba”.

        “Kajaba yen miturut paningale Bapa Guru Kyai Nagalanang ana peranganing raga ndika sing wis ora becik lan prelu diganti karo sing luwih apik” Ki nutugaken anggenipun wicanten kalihan mesem, lajeng paring pitakenan “wis ngerti sing tak karepake?”

        “Dereng” tiyang-tiyang sami atur wangsulan sesarengan.

        “Yen nganti ndika maju ana ing Palagan, nindakne dhawuh saka Bapa Guru Kyai Nagalanang manawa peranganing raga ndika kuwi isih sentosa kabeh, ndika mesthi bakal unggul ing yuda, sanadyan mungsuh sapa wae. Nanging yen ana peranganing raga ndika ana sing wis ora sempurna, kaya upamane sikile sing pincang, tangan sing ceko, kuping sing wis suda rungon, mripat sing wis ora awas lan sapiturute, mangka ya lumantar paprangan kuwi, ndika bakal dipulihake. Mula aja kaget lan susah ati ndika yen mengkone weruh sedulur ndika rubuh kapupu ing yuda. Katone mula tumekeng pati, nanging tenane ora. Ragane sing wis rusak dipendhem ing bumi, sukmane kanggo sauntara kaleremake ing suwarga tundha sanga. Yen wis oleh patang puluh dina, sukmane yen gelem bakal dibalekne ing raga sing anyar sing tanpa cacat babar pisan lan bakal bali kumpul karo kulawargane maneh, nanging yen luwih krasan manggon ing Swarga laya, iya dikeparengake mapan ing kono selawase.”

        Tiyang-tiyang boten wonten ingkang wicanten utawi pitaken dhateng Ki Dungkul magepokan kalihan katrangan ingkang nembe kemawon dipun dhawuhaken. Menawi kula, bares kemawon mila dereng ngandel kalihan katranganipun Ki Dungkul kala wau, jalaran kajawi boten kalebet ing nalar, kok kados-kados kuwaosipun Kyai Nagalanang menika saged nyameni panguwaosipun Gusti Ingkang Paring Gesang kemawon. Kula kinten anggenipun boten wicanten tiyang-tiyang ing Pendhapa menika mbok menawi nggadhahi gagasan ingkang meh sami kalihan kula.

        “nDika kok padha meneng wae?” Ki Dungkul lajeng wicanten malih “apa ndika ora percaya karo sing lagi wae tak kandhakne iki mau?”

        Dipun takeni makaten kala wau, tiyang-tiyang sakala sami pucet jalaran ajrih dhateng Ki Dungkul. Nanging panggah boten wonten ingkang semaur. Ki Dungkul mesem, lajeng noleh dhateng tiyang ingkang linggih ing kananipun Ki Dhangkal kalihan wicanten ingkang ngemu prentah :

        “Sobrah coba ngadega ing tengah jogan kono!”

        “Kula Kyai?” nem-neman bagus ingkang nami Sobrah suka wangsulan kalihan pitaken.

        “Iya” wangsulanipun Ki Dungkul “ngadega neng tengah kalangan lan critakna marang sedulur-sedulurmu kuwi lelakon sing tau mbok alami magepokan karo sing tak kandhakne iki mau!”

        Sobrah lajeng mlampah ing tengah jogan, sasampunipun mbungkuk atur kurmat dhateng Ki Dungkul lan Ki Batasigar miwah sedaya ingkang linggih ing jogan pendhapa, lajeng wiwit wicanten :

        “Nuwun sewu para sedherek kula sedaya, dipun tepangaken kemawon nami kula Sobrah saking Dhusun Brendhilan. mBok bilih ndika sami nginten lan mastani menawi umur kula menika nembe kur-kuran inggih?”

        “Leres kisanak menawi panginten kula umur ndika niku nggih selangkung tahun kirang” Bebau Sumber ingkang suka wangsulan radi sora “rak iya mangkono ta Lur?”

        “Nggih leres, Ki Bau” Pamong-pamong ingkang saking Dhukuh Sumber sami semaur sesarengan.

        “Nyuwun pangapunten Ki Bau lan para sedherek sedaya” Sobrah wicanten malih kalihan mesem “panginten jengandika sedaya dereng pas, jalaran kula menika kenging kawastanan sampun sepuh, nanging ugi boten lepat menawi kawastanan taksih lare. Jalaran, ingkang sepisan kula dipun lahiraken dening Biyung kula menika tebih saderengipun Ki Batasigar ingkang samangke sampun yuswa sewidak gangsal tahun. Cethanipun nalika Ki Batasigar miyos  kula sampun umur gangsal tahun, kula mangertos miyosipun Ki Batasigar jalaran tiyang sepuh kula menika mila abdi utawi rewang ing dalemipun Ki Batasigar. Nalika kula umur suwidak tahun kula wiwit suwita lan puruita dhateng Ki Gendirireng. Sasampunipun cekap anggen kula ngangsu kaweruh kebatinan dhateng Ki Gendirireng, lajeng kula kadhawuhan nutugaken sinau dhateng Bapa Guru Kyai Nagalanang ing Padhepokanipun. Sasampunipun ngangsu kawruh ing Padhepokan Nagalanang watawis tigang tahun kula kedah ndherek pandadaran siswa. Ing adicara pandadaran siswa menika dening Kyai Nagalanang kadhawuhan ndherek Ki Gendirireng numpes Paguron Bethetbiru ingkang mapan ing sak leripun wana Brangkal. Bethetbiru menika paguron ingkang mengsahi Padhepokan Nagalanang. Nalika badhe bidhal nglurug dhateng Padhepokan Bethetbiru dening Ki Gendirireng kula dipun paringi pitutur kados ingkang dipun dhawuhaken Kyai Dungkul kala wau. Lha ing mriku kula nembe ngertos ingkang dados kersanipun Bapa Guru Kyai Nagalanang. Inggih menika kajawi ndadar sapinten kasetyan kula dhateng Padhepokan saha Bapa Guru Kyai Nagalanang, Bapa Guru ugi kepareng badhe paring kanugrahan dhateng kasetyan lan kapitadosan kula. Suku, tangan, pamireng, lan panyawang kula sarta perangan sanesipun saking badan kula mila wekdal menika sampun wancinipun dipun pulihaken kados duk kula taksih nem rumiyin. Saestu ing paprangan mengsah Paguron Bethetbiru kala wau, dhadha kula sigar kenging tumbak. Tiyang-tiyang sami sumerep kula rebah ing siti. Nanging kula boten kraos menapa-menapa, malah rumaos kula, kula sampun ngalih ing papan ingkang sakalangkung endah lan asri lan ing mriku menapa ingkang kula betahaken sedaya sampun cumawis. Mila kula sakalangkung gumun. Capet-capet kula kemutan menawi kula wau kadhawuhan ndherek nglurug perang dhateng Padhepokan Bethetbiru, nanging kok dumadakan kula sampun dumugi papan ingkang endah lan asri menika?. Dumadakan kados wonten ingkang nuntun, kula mlampah lan saged mabur kados dene peksi. Inggih saking menika kula lajeng dumugi papan raga kula dipun kubur. Kula lajeng kemutan kalihan dhawuhipun Ki Gendiriireng nalika kula badhe bidhal dhateng Padhepokan Bethetbiru kala wingenane, inggih menika Bapa Guru Kyai Nagalanang ngersakaken mulihaken peranganing raga kula ingkang sampun risak wangsul kados jaman kula taksih nem rumiyin. Estunipun dening Jawata ingkang mangreh papan ingkang endah lan asri lan menapa ingkang kula betahaken sampun cumawis menika, kula kaparengaken manggen wonten mriku salami-laminipun. Nanging gandheng kula kepengin saged tansah cecaketan kalihan Guru-guru kula ing Gendiireng lan ing Nagalanang, kula lajeng nyuwun murih kula saged wangsul dhateng raga kula malih. Lan sasampunipun raga kula pulih kados jaman kula taksih nem rumiyin, dening Jawata kula dipun keparengaken manjing ing raga kula malih, temah kula saged tangi saking kuburan lan wangsul ngadhep Bapa Guru Kyai Nagalanang ing Padhepokan.”

        Sasampunipun cariyos makaten kala wau, Sobrah lajeng mapan linggih malih ing papanipun sakawit. Tiyang-tiyang sami ndomblong saking anggenipun kasengsem dhateng cariyosipun Sobrah, tiyang ingkang umuripun sampun pitung dasa langkung nanging kawonrenanipun kados nem-neman umur kur-kuran kemawon.

 

(ana candhake)

Senin, 26 Februari 2024

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (47)


 

47.

        “Ing pangangkah anggen kula badhe dhateng Kawisan, kula boten badhe ngampiri Ki Bau Sumber” Bebau Jambon nglajengaken cariyos malih “jalaran anggenipun dhawuh Ki Dungkul kula namung kadhawuhan sowan malih ing Kawisan dinten Budha Jenar malem Respati Palguna, boten mawi kenging ngajak utawi nyuwun dikancani Baune Sumber. Nanging jebul nalika kula dumugi margi protigan tengah sabin gempolan, Ki Bau Sumber sampun wonten mriku ngentosi.

        “Meh wae aku mau arep nusul ndika lho Ki Jambon” wicantenipun Ki Sumber nalika kula sampun caket kalih piyambakipun “aku kuwatir ndika lali utawa sengaja murungake nggon ndika arep sowan menyang Kawisan, merga ana dhawuh saka Lurahe nek Parepatan Akad Legen dimajokne dadi wengi iki.”

        “Aku mau awan wis pamit marang Adhi Sukmana, Ki Sumber” wangsulan kula “pamit nek wengi iki aku kapeksa ora bisa melu teka ing adicara rembug desa, jalaran aku ditimbali guruku supaya ngadhep wengi iki lan aku wis kadhung nyaguhi. Ya muga-muga nggonku wis kumawani ngaku yen ditimbali guruku kuwi ora ndadekne dukane Ki Dungkul lan Ki Batasigar, jalaran sing dhawuh supaya aku menyang Kawisan wengi iki panjenengane Ki Dungkul lan Ki Batasigar, kamangka aku ya durung bisa mesthekne aku iki wis dipercaya tenan dening Ki Dungkul lan Ki Batasigar apa durung.”

        “Sokur ta nek pancen mangkono Ki Jambon” Ki Sumber wicanten malih, suwantenipun kepireng menawi manahipun lega, lan kanthi pambiyantunipun soroting rembulan tanggal kaping sewelas, lamat-lamat ketingal menawi Bebau Sumber anggenipun wicanten kalihan mesem “ndika ora prelu kuwatir, ora bakal ndika kena duka saka Bapa Dungkul apa dene Bapa Batasigar awit anggon ndika kandha marang Adhi Sukmana yen ndika katimbalan dening Guru ndika. Jalaran sapungkur ndika wingenane kae, aku lan Ki Kawisan didangu akeh-akeh dening Bapa Dungkul lan Bapa Batasigar bab watak-watak ndika lan aku apa dene Ki Kawisan ya matur blaka apa anane yen ndika kuwi kena diarani wong sing lugu, apa sing dikandhakne padha karo sing dadi isen-isening atine…..”

        “Lha Ki Dungkul lan Ki Batasigar banjur kepiye?” kula nyela rembag, ing batos kula nggagas teka benten kojahipun Ki Sumber menika kalihan dhawuh pangandikanipun Ki Dungkul dhateng kula, kala wingenane menika Ki Dungkul dhawuh menawi panjenenganipun ngrantos dhawuh saking Kyai Nagalanang magepokan kalihan wangsulan kula, leres tumusing manah menapa namung lelamisan, awit estunipun sanaosa Kyai Nagalanang boten wonten ing Kawisan, nanging panjenenganipun uninga menapa ingkang nembe dipun rembag dening Ki Dungkul lan Ki Batasigar kalihan kula. Nanging menika kala wau nembe kemawon Ki Sumber criyos menawi piyambakipun lan Ki Kawisan dipun dangu kathah-kathah dening Ki Dungkul lan Ki Batasigar, magepokan kalihan watak kula. Nanging kula inggih boten blaka dhateng Ki Bau sumber ngengingi suwantening batos kula menika.

        “Bapa Guru sakloron iya banjur percaya marang apa sing tak aturake apa dene sing diaturne Ki Kawisan” Baune Sumber suka wangsulan “dadi wangsulan ndika wingenane kae wis dipercaya, lan iki mengko ndika bakal kaparingan pituduh apa sing kudu ndika tindakne murih ndika bisa kagolong wong sing nampa kabegjan lan kaslametan saka Eyang Guru Kyai Nagalanang lumantar Bapa Dungkul lan Bapa Batasigar. Mula saiki ayo daya-daya bareng karo aku marak ing ngarsane Bapa Dungkul lan Bapa Batasigar, aja nganti dadi pangarep-arepe Bapa Guru sakloron. Amarga kajaba kaya sing dak kandhakne iki mau, sajake bakal ana dhawuh saka Bapa Guru sakloron sing kudu ditindakne dening kabeh siswa-siswane, ketitik mau ana timbalan susulan supaya kabeh siswa mlumpuk ing joglone Ki Kawisan.”

        Kula kalihan Ki Bau Sumber inggih lajeng bidhal, anggenipun nggelak lampahing kapal inggih radi dipun rikataken. Nalika kula kalihan Bebau Sumber dumugi ing Joglonipun Bebau Kawisan, mila ing mriku sampun kathah tiyang. Nanging boten mlebet ing pendhapa, namung sami gegrombolan ing plataran lan ing pekarangan. Sedaya ketingal sami sikep dedamel, tiyang-tiyang menika boten wonten ingkang sampun kula tepangi awit dede warga Kawisan utawi Pangapitan. Ingkang wonten salebeting pendhapa namung Para Pamong saking Kawisan lan Pamong-pamong saking Sumber, namung menawi saking Sumber ketingalipun pamong ingkang wonten mriku boten jangkep. Sawatawis Ki Dungkul lan Ki Batasigar lenggah ing ngandhap talang, ing sisih kananipun ketingal Ki Dhangkal  jejer kalihan Ki Bau Kawisan lan tiyang gangsal malih ingkang dereng kula tepangi.

        “Kene, kene Baune Sumber lan Baune Jambon” Ki Batasigar grapyak anggenipun ngendika nalika pirsa kula kalihan Ki Bau Sumber minggah pendhapa “ndika wong loro padha linggiha sacakete baune Kawisan kene.”

        Mila radi benten kalihan lelampahan kala wingenane, Ki Batasigar menawi ngendikan kalihan kula ngginakaken basa krama, nanging dalu menika sampun ngginakaken basa ngoko. Salebeting manah kula nginten, menawi kula sampun dipun anggep dados siswanipun kados dene Ki Bau Sumber. Kamangka kanyatanipun kula dereng rumaos dados siswanipun Ki Batasigar menapa dene Ki Dungkul. Inggih kanthi wontenipun kedadosan kados makaten menika ingkang njalari raosing manah kula sansaya mindhak tidha-tidha, kapitadosan kula dhumateng Ki Batasigar lan Ki Dungkul dados suda. Nanging ingkang makaten menika boten kula lahiraken, kula namung kendel kemawon malah lajeng nirokaken slaganipun Ki Bau Sumber, ingkang ngabekti langkung rumiyin dhateng Ki Batasigar lan Ki Dungkul saderengipun mapan linggih ing sisihipun Bebau Kawisan.

        “Para siswa kabeh” Ki Batasigar lajeng ngendika kanthi suwanten ingkang radi sora “ndika kabeh padha sumurupa, Baune Jambon saiki wis dadi sedulur lahir batin karo awake dhewe kabeh. Awit saka kamurahane Bapa Guru Kyai Nagalanang, Panjenengane wis kepareng maringake Kabegjan lan Kaslametan marang Baune Jambon. Sabanjure dhawuh saka Bapa Guru Kyai Nagalanang marang Baune Jambon lumantar aku lan Ki Dungkul ya iku supaya ngajak para kawula ing Dhukuh Jambon mligine para pamonge  supaya padha pinter lan ngalab kabegjan lan kaslametan sing diasta dening Bapa Guru Kyai Nagalanang lumantar aku lan Ki Dungkul. nDika wis ngerti Baune Jambon?”

        Dipun tlemak kalihan rembag makaten menika, kula boten saged wangsulan menapa-menapa kajawi namung manthuk kemawon lan kula tingali Ki Batasigar, Ki Dungkul menapa dene Ki Dhangkal lan Bebau Kawisan sami mesem kalegan.

        “Sabanjure” Ki Batasigar lajeng wicanten malih “ndika kabeh padha sumurupa, wujude kabegjan lan kaslametan iki ora suwe maneh bakal katon ngalela cetha wela-wela bareng lan katone kacilakan lan kasangsaran sing bakal disandhang dening wong-wong sing kumalungkung wani nggorohake warta saka Bapa Guru Kyai Nagalanang sing tak gawa karo Ki Dungkul sakanca iki.”

        “Nyuwun pangapunten Bapa Guru, menapa ing Pangapitan mriki menika taksih wonten tiyang ingkang kumalungkung boten pitados dhateng menapa ingkang jengandika dhawuhaken Bapa?” Ki Lempuk, Jagabaya Sumber kalihan nyembah matur nyuwun pirsa.

        “Aku kandha mangkono kuwi cetha yen isih ana malah kepara isih akeh ta Ki Jagabaya” Ki Batasigar suka wangsulan “yen sing mangkono kuwi kawula lumrah, mbok menawa isih ana sethithik pangapura sing diparingake dening Bapa Guru Kyai Nagalanang, nanging manawa sing mangkono iku kalebu Pamong mangka sajroning wektu embuh sedina embuh rong dina mesthi bakal ilang saka lumahing bumi iki, titenana wae!!!”

        “Nggegirisi…..” boten kraos tiyang-tiyang sami grenengan alon.

        “Ya nek dirasakne pancen nggegirisi” Ki Batasigar wicanten malih “nanging kabeh-kabeh kuwi iya jalaran saka salahe dhewe, ngendel-ngendelne dumeh duwe kalungguhan lan kaluwihan ing reh ulah kanuragan banjur kasinungan ati kumalungkung wani ngremehake sedulure sing duwe niyat becik sing ngajak murih padha oleh kebegjan lan kaslametan, wekasane undhuh-undhuhane ya kaya sing tak kandhakne mau, ilang saka lumahing bumi, ragane bakal dadi rabuke desa iki dene sukmane nyemplung ing kawah candradimuka mbuh pirang atus tahun lawase, yen wis lagi dientas lan dikumpulake karo bangsa lelembut ing alam sonya luri. Sepisan maneh tak baleni, marang wong sing mangkono iku ndika kabeh ora dikeparengake duwe rasa welas lan mesakake.”

        “Inggih Bapa Guru” Jagabaya Kawisan kalihan suwantenipun ingkang gumleger nyauti wicantenipun Ki Batasigar, “kula babar pisan boten badhe welas dhateng tiyang ingkang kumalungkung makaten menika, malah menawi dipun keparengaken kula langkung remen menawi kadhawuhan nyirnakaken tiyang-tiyang ingkang makaten kala wau, sakiting manah kula dhateng tiyang kumalungkung kados patrapipun Bebau Pilang lan Bebau Pethek ingkang kumawantun nggorohaken dhawuh saking jengandika Bapa Guru, dugi sapriki dereng mantun.”

        Ki Batasigar lan Ki Dungkul ketingal mesem ketawis remen mireng aturipun Jagabaya Kawisan makaten menika kala wau. Kula piyambak boten mangertos menawi Bebau Pilang lan Bebau Pethek pranyata sampun damel sakit manahipun Jagabaya Kawisan.

 

(ana candhake)

Kamis, 22 Februari 2024

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8.(46)


 

46.

                Ki Dungkul lan Ki Batasigar ketingal ngetingalaken anggenipun migatosaken atur kula. Sanaosa makaten, kula inggih sumerep menawi kekalihipun sinambi mirengaken atur kula ugi kober ngliringaken netra kalihan mesem kasingidaken kalihan Ki Kawisan menapa dene Ki Sumber. Sami kalihan Ki Dungkul lan Ki Batasigar, Bebau Kawisan lan Bebau Sumber ugi katingal sumringah praupanipun nedahaken menawi nembe kasukan manahipun.

        “Salajengipun” kula nglajengaken atur malih “Ki Bebau Sumber ugi wicanten menawi piyambakipun lan Ki Bebau Kawisan sampun jengandika dhawuhi bilih sampun kagolongaken dhateng tiyang-tiyang ingkang nampi kabegjan saha kawilujengan kala wau. Ki Bau Sumber nunten pitaken dhateng kula, mbetahaken kabegjan lan kawilujengan kala wau menapa boten, menawi mbetahaken dening Ki Sumber kula dipun criyosi murih sowan jengandika Ki Dungkul lan Ki Batasigar, pramila sonten menika kula lajeng sowan mriki menika.”

        “Makaten inggih Ki Bau Jambon” Ki Dungkul lajeng paring dhawuh mangsuli atur kula “sedaya ingkang dipun criyosakem dening Baune Sumber kala wau mila leres, namung wonten ingkang kirang leres.”

        “Kirang leres kados pundi Ki Dungkul?” kula nyela atur, kalihan nglirik Ki Bau Sumber ingkang lajeng ngincangaken alisipun.

        “Inggih ing babagan Kabegjan lan Kawilujengan menika” Ki Dungkul paring wangsulan “ingkang kagungan kawilujengan lan kabegjan menika kala wau nuwun inggih panjenenganipun Bapa Kyai Nagalanang ingkang dipun tampi saking Pukulun Sang Hyang Wisnu, murih kaparingaken dhateng titah, boten namung ing Pangapitan kemawon, nanging dhateng sedaya titah ingkang mapan ing Tanah Jawi ingkang mbetahaken. Ingkang rumaos boten mbetahaken inggih boten badhe kaparingan, namung kemawon sampun dados kersanipun ingkang kagungan Tanah Jawi menika, menawi boten mbetahaken kabagjan inggih badhe nampi kacilakan, menawi boten mbetahaken kawilujengan inggih badhe nampi kasangsaran, raganipun badhe risak wekasan dados rabuking bumi Jawi dene sukmanipun badhe kawangsulaken ing alam sonyaluri dados kempal kalihan para lelembat menika sasampunipun dipun godhog ing kawah candradimuka inggih kawahipun redi Lawu ingkang dangunipun boten kantenan. Dene tumrap ingkang mbetahaken kabegjan lan kawilujengan inggih badhe pikantuk begja lan rahayu inggih menawi sampun netepi sarat masrut ingkang kadhawuhaken Bapa Kyai Nagalanang. Lha jejer kula lan Kyai Batasigar menika namung nindakaken dhawuh saking Bapa Kyai Nagalanang, andum kabegjan lan kawilujengan ingkang asalipun saking Sang Hyang Bathara Wisnu kala wau.”

        Mireng dhawuh wangsulanipun Ki Dungkul makaten kala wau, manah kula inggih dereng patos pitados. Namung badhe nggorohaken lan wicanten menawi kula boten mbetahaken kabegjan lan kawilujengan, ugi boten wantun lan bares kemawon manah kula kenging kawastanan tidha-tidha, boten pitados inggih boten nggorohaken. Pramila kula inggih lajeng boten tumunten wicanten. Ketingalipun Ki Dungkul lan Ki Batasigar mangertos menapa ingkang dados isining manah kula, ketitik Ki Batasigar ingkang lajeng gentos ngendika :

        “Menapa ingkang dipun dhawuhaken dening Ki Dungkul kala wau namung kabar limrah lho Ki Bau Jambon. Sedaya ingkang mireng, kenging pitados lan kenging nggorohaken. Ingkang cetha, sedaya wonten undhuh-undhuhanipun piyambak-piyambak. Kasaraning rembag, menawi wonten menapa-menapanipun badhe dipun tanggel piyambak-piyambak. Lan boten wonten malih kekadangan ingkang lahir batin antawisipun ingkang pitados lan ingkang boten pitados, Dados menawi ndika boten pitados, tumrap kula lan para-para ingkang pitados inggih boten wonten tunanipun. Lan sadaya tiyang ugi saged wicanten menawi pitados dhateng kabar menika, nanging menawi anggenipun pitados namung dumugi ing lathi, inggih tanpa pedah, awit Bapa Kyai Nagalanang saestu nguningani dhumateng ingkang samar menapa dene ingkang cetha. Sepisan malih kula ambali, ingkang kagungan lan ingkang ngregem kabegjan saha kawilujengan menika namung Bapa Kyai Nagalanang lan namung badhe kaparingaken dhateng sok sintena ingkang mbetahaken lahir trusing batos.”

        “Nyuwun pangapunten Ki Batasigar” nalika Ki Batasigar kendel anggenipun ngendika kula lajeng matur “estunipun kula minangka tiyang limrah, saestu kula kepengin ing tembenipun kula saged pikantuk kabegjan saha kawilujengan kados ingkang sampun kula criyosaken dhateng Ki Sumber kala wau enjang, lajeng menapa ingkang kedah kula wujudi minangka sarat masrut kangge saged nampi kabegjan saha kawilujengan menika?”

        “Sokur menawi makaten Ki Bau” gentos Ki Dungkul ingkang ngendika malih “mila sampun dados kodrating jagad, sanaosa kabegjan lan kawilujengan menika paribasan sampun kasebar, nanging namung titah ingkang gesang nalaripun kemawon ingkang purun ndarbeki, kalebet ndika menika. Lan mula leres ingkang ndika ngendikakaken, tumrap tiyang ingkang  ngersakaken pikantuk kabegjan lan kawilujengan menika wonten sarat masrut ingkang kedah dipun wujudi. Ingkang sepisan, kedah pitados lahir trusing batin dhumateng kabar ingkang kula aturaken kala wau, lha ndika menapa saestu sampun pitados Ki Bau?”

        “Inggih Ki Dungkul kula pitados” atur wangsulan setengah dora, jalaran estunipun kula inggih dereng pitados kanthi wetah dhateng menapa ingkang dipun dhawuhaken Ki Dungkul lan Ki Batasigar kala wau.

        “Estunipun wangsulan saking ndika dhateng pitaken kula wau boten kedah sakniki Ki Bau” Ki Dungkul suka wangsulan kalihan mesem “nanging gandheng sampun ndika ngendikakaken, inggih boten dados menapa, namung menawi kula menapa dene Kyai Batasigar sampun pitados kalihan wangsulan ndika menika, nanging benten kalihan Bapa Kyai Nagalanang ingkang ugi sampun nguningani menapa ingkang kula lan ndika rembag dalu menika, panjenenganipun Bapa Kyai Nagalanang sampun pitados dhateng wangsulan ndika wau menapa dereng, kula lan Kyai Batasigar dereng mangertos. Dados menapa ndika sampun kalebetaken dhateng golonganipun titah ingkang begja lan wilujeng kanthi pangayomaning Bapa Kyai Nagalanang menapa dereng, kula lan Kyai Batasigar inggih dereng mangertos. Murih cethanipun, ndika kula aturi mriki malih benjang dinten Budha Jenar malem Respati Palguna, ing wanci bakda seraping surya. Inggih ing wekdal lan dinten kasebat ndika mangke badhe nampi dhawuh saking Bapa Kyai Nagalanang lumantar kula utawi Kyai Batasigar, leres lan botenipun wangsulan ndika menika, lan menawi nyata-nyata leres badhe kadhawuhaken sarat masrut sanesipun ingkang kedah ndika cekapi.”  

        Sasampunipun kula sagahi menapa ingkang dados dhawuhipun Ki Dungkul menika, kula lajeng kadhawuhan wangsul rumiyin dene Ki Sumber kadhawuhan kendel rumiyin wonten Kawisan jalaran badhe wonten dhawuh dhateng piyambakipun saking Paguron Nagalanang, ingkang boten kenging kula sumerepi rumiyin. Kula inggih lajeng wangsul piyambak.

        Inggih awit kula sampun nyagahi Ki Dungkul kasebat, nalika kala wingi Adhi Sukmana sarta Baune Pilang saha Baune Pethek rawuh ing griya kula, ndumugekaken dhawuh jengandika Ki Lurah menawi adicara Parepatan Rembag Dhusun Akad Legen dipun majengaken, kapeksa kula pamit, awit badhe dhateng Kawisan kados ingkang sampun kula aturaken dhateng Adhi Sukmana kala wingi. Sanaosa makaten sedaya Pamong ing Jambon ingkang dados tanggel jawab kula, sedaya kula parentah murih dugi dhateng adicara Akad Legen ingkang dipun majengaken menika. Salajengipun nuhoni kasagahan kula dhateng Adhi Sukmana, sepisan nyuwun pangapunten dhateng Ki Lurah awit anggen kula sampun pamit kala dalu menika, dene kaping kalihipun badhe ngaturaken sedaya lelampahan menapa ingkang  kula panggihi salebetipun kula dhateng Kawisan kala dalu.” Bebau Jambon mungkasi anggenipun cariyos.

        Ki Lurah Pangapitan lan sedaya ingkang wonten Pringgitan sami manthuk-manthuk kasengsem dhateng menapa ingkang dipun criyosaken dening Bebau Jambon kala wau.

        “Iya Baune Jambon” Ki Lurah lajeng paring dhawuh “yen ndika njaluk pangapura marang aku, awit mau bengi ndika ora bisa teka ing parepatan Rembug Desa, aku ya wis aweh pangapura jaragan pancen ndika ora ana lekas kanggo wani nglirwakne kuwajiban nanging pancen ana pambeng sing luwih wigati tumrap ndika lan mbok menawa ya ana gunane kanggo Desa lan Warga Pangapitan. Sabanjure ndika mau kandha menawa arep ngandhakne lelakon sing ndika temoni nalika ndika menyang Kawisan mau bengi, mula saiki enggal ndika critakne aja nganti ana sing kliwatan, klebu ndika wis dipercaya dadi pandhereke Ki Nagalanang sing arep nampa kabegjan lan kaslametan saka dheweke kuwi apa durung?”

        “Inggih Ki Lurah” Bebau Jambon atur wangsulan “atur kula mangke badhe kula gandhengaken pisan kalihan dhawuh-dhawuh saking jengandika minangka putusaning rembag dhusun kala dalu, kados ingkang sampun kula tampi saking para Pamong saking Jambon ingkang kala dalu ndherek mirengaken wigatosing rembag dhusun.”

        “Ngono ya luwih prayoga Baune” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah “dadi ora ndadak mbaleni kandha, saiki diage ndika kandhakne.”

        Nembe kemawon Bebau Jambon badhe wicanten nyariyosaken lelampahanipun, lan sedaya ingkang wonten Pringgitan menika sampun siyaga mirengaken, dados kandheg, jalaran wonten abdi Kalurahan ingkang mlebet ing Pringgitan, badhe atur pasegahan, wedang jahe kalihan pala kapendhem ingkang dipun godhog.

 

 

(ana candhake)

Senin, 19 Februari 2024

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (45)


 

45.

        Namung ing salebeting batos kula taksih tidha-tidha dhateng wicanten lan cariyosipun Ki Bau Sumber, mliginipun ingkang pungkasan kala wau. Jalaran kula nate mireng dedongenganipun tiyang sepuh kula, bilih Bathara Wisnu ingkang kaprah kasebat ing Ringgit Beber lan Wacucal menika, rumiyin manggenipun ing Redi Empyak Jagad ingkang mapan ing Tanah Indu lan panguwaosipun inggih namung ing sakanan keringipun Tanah Indu kemawon. Boten kados ingkang dipun cariyosaken Ki Bau ing Sumber nembe kemawon menika kala wau. Nanging badhe mbantah menapa ingkang dipun criyosaken Bebau Sumber menika kula boten wantun, jalaran mila pangertosan kula babagan babading tanah Jawi menika namung sakedhik sanget.Malah kenging ugi kawastanan boten gadhah blas.

        “Bok menawa ndika durung bisa ngandel karo sing tak kandhakne iki mau, mligine sing ana sambung rapete karo jejibahane Ki Nagalanang bab anggone nindakne dhawuh saka Bathara Wisnu iki mau Ki Jambon?” sareng kula dangu boten wicanten, Bebau Sumber lajeng pitaken nodhi kula.

        “Nek diarani ora ngandel kuwi ya ora Ki Sumber” wangsulan kula “aku mung durung mudheng karo sing ndika andharake iki mau, ya sing rupa critane Tanah Jawa, madege Kraton anyar lan Dewaning Katentreman Bathara Wisnu mau. Merga nadyan mung sethithik aku ya tau krungu piwulange Agama Rasul sing saiki tak rasuk, ya kuwi ora kena ambathara marang sapa-sapa kajaba marang Gusti Allah lan sabisa-bisa kudu manembah manut piwulange Gusti Kanjeng Nabi Kang Jumeneng Rasulullah……”

        “Maune aku iki ya kaya ndika kuwi Ki Jambon” Bebau Sumber nigas wicanten kula kalih gumujeng “maune aku ya blas ora percaya marang anane Dewa sing wenang murba sakehing titah ing lumahing bumi iki, kalebu marang Bathara Wisnu sing tak kandhakne mau, merga wiwit cilik aku dikandhani dening wong tuwaku nek aku iki wis ngrasuk Agama Rasul sing piwulange kaya sing ndika kandhakne mau, nanging sawuse aku dituturi dening Ki Dungkul lan Ki Batasigar, dumadakan nalarku dadi kabukak, prasasat kaya wong mlaku ing wayah rembulan panglong, kedadak kepapag obor sewu ngana kae. Mula yen ndika pancen kepengin oleh kabegjan lan kaslametan, becike ndika sowan wae marang Ki Dungkul utawa Ki Batasigar matur yen ndika wis tak kandhani prekara iki lan ndika uga kepengin bisa nampa kabegjan lan kaslametan sing tak kandhakne mau, kang mangkono mau murih nalar lan rasa ndika bisa dibukak lan dituntun dening Ki Dungkul utawa Ki Batasigar kang anjoge marang kabegjan lan kaslametan.”

        “Mangkono ya Ki Bau?”

        “Iya Ki Jambon” wangsulanipun Ki Sumber malih “yen sajake ndika isih pakewuh sowan dhewe, aku saguh ngeterne ndika sowan marang Ki Dungkul lan Ki Batasigar. Mengko sore apa piye awake dhewe bareng-bareng menyang Kawisan.”

        “Kok menyang Kawisan ta Ki Sumber?” kula pitaken “gajege Ki Dungkul lan Ki Dhangkal karo adhine sing jeneng Ki Palir kae rak wis diyasakne omah dening Ki Lurah ing Pangapitan Krajan ta? Apa kajaba ing Krajan Ki Dungkul uga kagungan dalem ing Kawisan?”

        “Ora Ki Jambon” Ki Bau Sumber suka wangsulan “wis pirang-pirang dina iki Ki Dungkul lan Ki Batasigar luwih akeh ana ing omahe Ki Kawisan, jalaran awit saka panyuwune Ki Bau Kawisan, anggone Ki Batasigar lan Ki Dungkul nyebar kawruh kebatinan lan kanuragan murih ing Joglone Ki Kawisan sing anyar, ing kana papane luwih jembar lan luwih bawera. Nek olehe paring piwucal Ki Batasigar lan Ki Dungkul kuwi neng dalem olehe maringi Ki Lurah sing ana Pangapitan Krajan kae, katone rada rupak.”

        Saestu sontenipun kula dipun purugi dening Ki Bau Sumber malih dipun ajak dhateng Kawisan. Kaleresan nalika samanten Ki Dungkul lan Ki Batasigar nembe lenggah ing griyanipun Ki Bebau Kawisan, liripun boten ing Joglonipun ingkang enggal. Ingkang nembe jejagongan wonten ing mriku, kajawi Ki Bebau Kawisan, Ki Dungkul lan Ki Batasigar ugi wonten tiyang sanes radi kathah, ingkang dereng kula tepangi saderengipun.

        “Layak ta prenjak neng papahe klapa gadhing ngarep omah, mau sak awan ngganter olehe padha manggung” nembe kemawon kula lan Ki Sumber dumugi ngajeng pendhapa, Ki Bau Kawisan sampun ngadeg lan mapag kalihan tembung ingkang grapyak semanak  “ora ngira nek omahku arep katekan sedulurku lanang saka Dhukuh Jambon. Mangga, kene Ki Jambon lan Ki Sumber padha linggih kene pisan, kabeneran iki Kyai Batasigar lan Ki Dungkul iya lagi wae rawuh ing kene.”

        Namung wangsulan kalihan eseman, kula lan Ki Bau Sumber inggih lajeng nusul tumut linggih ing klasa ingkang dipun gelar ing jogan pendhapa menika.

        “Harak inggih sami wilujeng ta Ki Bau Sumber lan Ki Bau Jambon?” sasampunipun kula lan Bebau Sumber nyalami sedaya ingkang wonten mriku lan mapan linggih kanthi sekeca, Ki Dungkul ngendika paring pambagya dhateng kula lan Bebau Sumber.

        “Awit saking pangestu jengandika, lampah kula lan Ki Sumber tansah kaparingan wilujeng, Ki Dungkul” gandheng Ki Bau Sumber njawil kula, kula inggih ingkang lajeng atur wangsulan “inggih mugi-mugi Ki Dungkul, Ki Kawisan lan sedaya sedherek ingkang wonten mriki makatena ugi.”

        “Matur nuwun Ki Bau Jambon” Ki Dungkul suka wangsulan “mbok menawi ndika dereng nate wanuh kalihan sedherek-sedherek menika, inggih dipun tepangaken, menika ingkang wonten sisih kering kula menika, sedherek kula sepuh Ki Batasigar lan sedherek-sedherek sanesipun menika sedaya siswa-siswa saking Padhepokan Nagalanang.”

        Ki Batasigar lan tiyang sanesipun ingkang dereng kula tepangi menika sami manthuk lan mesem dhateng kula. Kula inggih lajeng mbales manthuk lan mesem, kalajengaken wicanten :

        “Inggih kula inggih matur nuwun Ki Dungkul, Ki Batasigar lan sedherek-sedherek saking Padhepokan Nagalanang, nami kula Palugon ingkang dipun sampiri jejibahan dening Ki Lurah Pangapitan lan warga dhukuh Jambon minangka Bebau ing mrika”.

        “Nuwun sewu” sasampunipun kula wicanten nepangaken dhiri, Ki Bau Kawisan lajeng wicanten “iki mau teka Ki Sumber lan Ki Jambon bisa bebarengan sarimbit kaya Prabu Baladewa lan Prabu Kresna, pancen bebarengan saka omah apa mung tiba kabeneran kapethuk ana dalan banjur mampir kene?”

        “Mula bener sing ndika ngendikakne Ki Kawisan” ingkang suka wangsulan gentos Ki Bebau Sumber “aku karo Ki Jambon pancen wis semayan sadurunge nek arep bareng sowan mrene. Lan aku mung sadrema ngeterne Ki Bau Jambon sing duwe karep kepengin sowan marang Bapa Dungkul lan Bapa Batasigar, merga ing sakawit Ki Jambon ngira manawa Bapa Dungkul lan Bapa Batasigar lenggah ana dalem sing ana Pangapitan Krajan, banjur tak warah menawa wektu iki Bapa Dungkul lan Bapa Batasigar lagi lenggah ana Kawisan kene.”

        “Ki Bebau Jambon ngersakne kepethuk aku lan Ki Batasigar, Baune Sumber?” Ki Dungkul nyelani rembag pitaken dhateng Bebau Sumber.

        “Inggih Bapa” atur wangsulanipun Ki Bau Sumber “langkung cethanipun kaparenga Bapa ndangu piyambak dhateng Ki Jambon.”

        “Menapa leres makaten Ki Bau Jambon?” Ki Dungkul gentos pitaken dhateng kula.

        “Mila leres makaten Ki Dungkul” kula atur wangsulan.

        “Lajeng kagungan kersa menapa, teka ndika madosi kula kalihan Ki Batasigar menika Ki Bau? Gajegipun ndika rak dereng tepang saderengipun kalihan Ki Batasigar?” Ki Dungkul pitaken malih.

        “Inggih Ki Dungkul” kula lajeng matur “waleh-waleh menapa, criyosipun wau rak makaten. Kala wau enjing Ki Bau Sumber sanja ing griya kula, Kajawi sanja kepengin ngabaraken kawilujengan kula sakulawarga, Ki Sumber ugi ngabaraken menawi Nyi Sumber ingkang sadangunipun menika kula sumerepi nembe kaganjar sakit sukunipun sampun pinten-pinten wulan boten saged mlampah kanthi sae, samangke sampun saras pulih kados saderengipun. Miturut kojahipun Ki Sumber, ingkang saged ngusadani sakitipun Nyi Bau Sumber kala wau, boten sanes kajawi jengandika Ki Dungkul.”

        “Mila leres Ki Bau Jambon” Ki Dungkul nyelani rembag kula kalihan mesem sumringah “dinten samangke semahipun Baune Sumber sampun saras lan boten badhe sakit malih, menika awit saking peparing lan kamirahanipun Kyai Nagalanang ingkang paring dhawuh dhateng kula murih ngicali sesakitipun Nyi Bau Sumber. Dados kula menika namung sadremi lantaran kemawon.”

        “Inggih Ki Dungkul” kula ngkajengaken atur “inggih awit sapanjang-panjangipun lurung menika taksih panjang gurung,  panjanging tiyang jejagongan, anggen kula rembagan kalihan Ki Sumber dumugi wartos, menawi estunipun rawuh jengandika Ki Dungkul ing Dhusun Pangapitan menika boten kados kabar ingkang sumebar sadangunipun menika, inggih menika mbara kerja, nanging nembe ngayahi jejibahan saking Paguron Nagalanang, saprelu andum kabagjan lan Kawilujengan dhateng Dhusun lan Kawula ing Pangapitan”.

 

 

(ana candhake)

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...