Total Tayangan Halaman

Minggu, 25 April 2021

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (42)

 SENDHANG MUSTIKA WARIH II

42.


Sauntara iku kang ana Desa Tundhan, Ki Gambangkawat lagi nampa  sedulur-sedulure tunggal sapaguron, sing teka saka Gunung Layang. Tekane wong - wong sekti kuwi merga sengaja diceluk dening Ki Gambangkawat. Amerga Ki Gambangkawat rumangsa kuwatir karo lolose Ki Landhung sawise nglumpuhne Thungkel sakancane. Petungane Ki Gambangkawat, Ki Landhung mesthi golek sraya kanggo males ukum marang dheweke sing wis niyat arep numpes Ki Landhung sakulawargane.


"Dadi klilip sing katon kuwi mung kari menungsa sing jeneng Landhung kuwi Kakang?" Luwuk Abang adhi sapagurone Gambangkawat takon.


"Iya kuwi sing nduweni kasudiran nek ditambah para Bebau lan para sinoman sing keplayu  ya isih rada akeh" wangsulane Gambangkawat "mung wae miturut petungku, Landhung mesthi banjur golek srayan kanggo males lara wirange".


"Lha kira-kira olehe golek bebantu kuwi menyang ngendi?" genti Ki Lindhuk sing takon "apa kira-kira nyang Mataram?. Nek nyang Mataram mesthine mbutuhne wektu sing rada suwe, dadi awake dhewe bisa tata-tata".


"Nek dhateng Mataram mesthine boten Paman" wangsulane Gambangkawat "amargi kula ngaken menawi kula sakanca punika dedamel saking Mataram. Mbok menawi kemawon dhateng paguronipun Satata anake si Landhung, nanging kula nggih dereng mangertos ing pundi paguronipun Satata niku".


"Lha nek mung arep perang sing mungsuhe durung cetha wae kok Kakang Gambangkawat ndadak nyeluk Paman Lindhuk, Kakang Taliwangsa barang? Tak kira cukup aku karo Adhi Tamparangin wae wis bisa ngrampungi gawe" Luwuk Abang ngucap sajak maido.


"Sing dicakne Gambangkawat kuwi wis trep Luwukabang" Ajar Taliwangsa sing semaur  "ngadhepi mungsuh sing durung cetha kekuwatane kudu luwih ngati-ati, aja nganti lelakone Thungkel sing ora metung kekuwatane Ki Landhung wekasan mulih klawan kahanan Babakbundhas lumpuh tanpa daya, dipindhoni maneh".


"Iya Kakang" Luwukabang wangsulan "aku malah dadi kepengin enggal bisa adhep-adhepan karo menungsa sing aran Landhung kuwi, pengin aku bisa neter sepira kadigdayane, saka anggone kumalungkung kumawani gawe lumpuhe Thungkel sakancane kuwi".


"Kamangka yen bener Landhung golek srayan, awake dhewe bakal ngadhepi wong sing duwe kadigdayan ngluwihi Landhung luwih akeh maneh" Ki Gambangkawat nambahi rembug.


"Aja cilik atimu Kecruk" Ki Lindhuk nugel rembug "neng kene ana aku, Taliwangsa, Luwukabang, Tamparangin uga kowe dhewe. Tak kira nadyan ana Landhung cacah sepuluh ora bakal menang ngadhepi awake dhewe".


"Inggih Paman kula pitados" wangsulane Ki Gambangkawat "sampuna sedasa, najan satus Landhung boten badhe saged nyameni seprapating kadigdayanipun Paman Lindhuk lan Kakang Taliwangsa".


Ki Lindhuk gumuyu lakak-lakak krungu wangsulane Gambangkawat ngono mau, kandhane :


"Nanging aja kelalen siagakna Blenggur Sasmita kanggo njaluk bebantu marang Gunung Layang, mbokmenawa wae petunganku mleset, Landhung jebul oleh srayan saka para dhedhemit saka segara kidul, he he he".


Gambangkawat mesem, wangsulane :

"Inggih Paman, sampun kula cawisaken"


Ana Candhake.

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (41)

 41.

Kyai Saepullah mrayogakne budhale wong-wong saka alas, muter ngalor liwat gisik bengawan. Perlune supaya ora gampang dingerteni dening Ki Gambangkawat lan kanca-kancane.  Ora njujug nyang Tundhan nanging luwih dhisik mampir ing papan palerenane Ki Landhung sakancane ing gisik bengawan sak lore Desa Tundhan. Kang mangkono iku minangka subasitane pasrawungan. Uga barang bunder titipane Rangga, sing kudune disawatake mendhuwur kinarya sasmita, ora digunakne, nanging  dikongkon nyimpeni Satata.


Tekane Kyai Saepullah ing gisik papan palerenane Ki Landhung sakancane, nyata gawe gedhening atine wong-wong sing ana kono. Rangga lan Marga sing uga melu nampa tekane barisan sing arep aweh bebantu marang Ki Landhung lan para Bebau ing Tundhan kuwi, uga melu seneng. Miturut pamawase bocah nom loro kuwi, kajaba Kyai Saepullah nduweni kadigdayan sing kinacek karo sapepadhaning wong, para muride katon wis kulina nyolahne gegaman ngadhepi mungsuh.


Ki Landhung minangka sesulihe wong sing ditekani, banjur nepungake dhiri bebau telu, Ki Wangsa lan Wanda marang Kyai Saepullah kang pranyata uga gurune anake, Satata.


"Inggih saderengipun mugi kaapuntena lampah degsura kula Kyai" Ki Landhung miwiti omong "awit nadyan dereng tepang saderengipun kula sampun kumawantun ngrepoti Kyai lumantar anak kula pun Satata. Inggih mugi katampia tetepangan saking kula pun Landhung bapakipun Satata, ing sisih kanan kula punika Bebau ing dhukuh Palkuning miwah Ngampon, dene ingkang sisih kering kula punika Bebau ing Saradan, lajeng Ki Wangsa saha putunipun ingkang nama Wanda. Kula minangka sesulih warga Tundhan ingkang kenging kawastanan nembe keplajar punika ngaturaken kasugengan dhateng Kyai Saepullah saha para kadang pandherek sadaya".


"Inggih ngaturaken genging panuwun Ki Landhung"tanggap wangsulane Kyai Saepullah anoraga "tuhu antuk nugraha gung saking Allah dene kula saged kepanggih lan tetepangan kaliyan andika tuwin para kadang Bebau ing Tundhan, kados ingkang sampun kadhawuhaken kula pun Saepullah dene tiyang pitungdasa ing wingking kula punika sedherek kula tunggal sedya ing margining lampah tobat. Estunipun kula inggih radi pakewet dene sampun kumawantun badhe atur pambiyantu dhateng kadang-kadang ing Tundhan punika. Awit kajawi kasagedan kula sakadang inggih namung dhawah pas-pasan kemawon, ugi kula sumerep saderengipun Anakmas Satata nyariyosaken lelampahan ing Tundhan dhumateng kula, ing mriki sampun wonten unusaning jalma, titahing Gusti ingkang kinacek, nadyan kula estunipun namung tepang ing pakabaran ingkang binekta mbok bakul sinambewara. Menawi Ki Landhung marengaken mbok inggiha kula dipun tepangaken kaliyan Putra Mataram siswanipun Ki Tanpa Rupa saking Jagad Panglemunan punika".


Krungu ucape Kyai Saepullah ngono kuwi, Ki Landhung Adi Sastra sajak gumun semu bingung, noleh menyang para bebau ing sacedhake. Sing ditoleh mung gedheg-gedheg. Tujune Rangga sing lungguhe rada adoh neng sisih kanane cepet-cepet nyauti kandha karo mesem :


"Nuwun sewu Kyai Saepullah, mbok inggih sampun damel bingung ta. Menawi nDika ngersakaken tetepangan kaliyan putra Mataram, benjang kemawon menawi Tundhan sampun aman, kula sagah kok ndherekaken Kyai dhateng Mataram. Menawi Kyai Saepullah madosi Putra Mataram ing mriki, mangke mawon Kyai saged nyuwun pirsa dhateng Rayinipun Resi Gunung Layang ingkang asma Ajar Udaya. O. Inggih ndherek tepang Kyai kula Tukang Watang ing benawi mriki, nami kula Rangga lan niki sedherek kula anem namine Marga".


Kyai Saepullah mesem amba krungu rembuge Rangga ngono kuwi, wangsulane :


"Ngaturaken genging panuwun ingkang tanpa pepindhan Angger, Angger Rangga miwah Anakmas Marga sampun kepareng tetepangan kaliyan kula. Boten langkung kula ugi nyuwun pangapunten awit anggen kula ssmpun nglambrangaken ukara, inggih awit kabekta saking cubluking pangertosan".


Ki Landhung sing nyemak rembug antarane Kyai Saepullah lan Rangga manthuk-manthuk. Wong tuwa kuwi cepet oleh dudutan sapa satemene Rangga lan sapa satemene Kyai Saepullah sing loro-lorone wis siaga ing dhiri arep aweh bebantu marang bot repote Desa Tundhan.


Ana Candhake.

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (40)

 40.

Sawise para murid katon wis ngangen-angen apa kang diucapne, Kyai Saepullah nerusne anggone aweh piwulang :


"Sabanjure, budhal menyang Tundhan iki mengko kajaba mbutuhake sangu rupa kekuwataning batin kaya kang wis tak aturne ing ngarep, uga mbutuhake sangu lahir yaiku kekuwataning lahir, kasarasaning raga lan carane maju perang murih bisa unggul ing yuda. Mula dina iki aku nyuwun saka andika kabeh ana sing keklumpuk pangan sing dibutuhne sajroning mangsa paprangan. Amerga perang iki mengko bisa nganti sepasar utawa luwih suwene, lan mesthi wae sajroning wektu semono iku aku lan andika kabeh mbutuhake pangan kanggo kekuwataning raga".


"Inggih Kyai, bab tedha kangge kabetahaning sedherek-sedherek punika, kula lan kanca-kanca sampun wonten. Mangke wonten sedherek ingkang anggenipun ndherek perang mapan ing wingking, ayahan bakenipun cecawis tedhanipun para kadang ugi ngopeni kadang-kadang ingkang ambok bilih wonten ingkang nandhang tatu utawi tiwas kaprawasa ing mengsah" Lungit atur wangsulan.


"Lho, nek ngono apa pancen Ki Lungit wis tata-tata sadurunge tetemon dina iki?" Kyai Saepullah takon.


"Kenging dipun wastani makaten Kyai" wangsulane Lungit "awit kula tansah enget dhawuhipun Kyai, bilih kula sadaya kedah tansah enget cecawis ing rikalane senggang saderengipun karepotan andugeni punika kuwajiban".


"Sokur bage sewu" Kyai Saepullah ananggapi "yen mangkono apa sawayah-wayah budhal menyang Tundhan iki bisa diayati?".


"Kantun nengga dhawuh nDika Rama, sawanci-wanci bidhal boten badhe nguciwani" Guwara sing semaur "sesarengan Ki Lungit, sampun kula tata, para tilas lelurah jaman kula sadaya taksih dados begal lan kecu, mangke ingkang ngesuhi pepanthaning barisan, inggih tilas andhahanipun rumiyin".


"Yen mangkono, mengko sabubare sembahyang ngisak, aku lan andika kabeh budhal menyang Tundhan, liwat dalan muter murih ora gampang dingerteni mungsuh" 


"Nuwun sewu Rama" Satata sumela atur.


"Iya piye Anakmas?" Kyai Saepullah takon.


"Welingipun Kakang Rangga, sawanci-wanci awakipun piyambak bidhal, kula kaparentah nyawataken punika mawi bandhil dhateng langit, minangka sasmita dhateng Kakang Rangga miwah Bapa Landhung ingkang nengga ing  gisik Benawi sisih ler" muni ngono kuwi Satata karo ngetokne barang bunder sing gedhene saendhog banyak saka waliking klambine.


Kyai Saepullah ngiling-ilingi barang bunder kuwi sedhela. Sakala pasuryane katon bingar gambira.


"Alhamdulillah, muga dadia sabab gangsare pambudidaya nyirnakne tindak angkara" kandhane alon, nanging bisa durungokne kabeh sing ana kono.


"Barang bunder punika punapa Kyai?" Bengkas ketrucut rembug, takon.


Kyai Saepullah mesem, banjur wangsulan :

"Iki barang yen disawatake menyang awang-awang bakal ambyar, nuwuhake pletikan kembang api sing lumrah kanggo aweh sasmita marang wong sing adoh papane".


"Dados kados dene panah sendaren Kyai?" Lungit takon.


"Iya, nanging nitik wujude barang iki ana sasmita yen sing kagungan dudu wong lumrah, nanging titahing Gusti Kang Kinacek" wangsulane Kyai Saepullah, banjur tembunge marang Satata "anakmas ngerti, sapa sejatine sing anakmas arani Kakang Rangga kuwi?".


"Babar pisan kula dereng mangertos Rama" wangsulane Satata "piyambakipun sinten Kyai?".


"Sumurupa, panjenengane iku temene Raden Rangga putra pambarepe Kanjeng Panembahan Senapati Kang Jumeneng ing Mataram. Uga siswane Ki Tanparupa sing mapane ing jagad panglemunan".


Wong-wong padha kaget semu gawok sajroning ati krungu katrangane Kyai Saepullah kang mangkono iku.


Ana Candhake.

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (39)

 39.

Kyai Saepullah ngubengake panyawange marang kabeh para muride sing lagi nglakoni laku tobat kuwi. Sawuse dirasa cukup lan kabeh katon padha siaga nampa wejangan, Kyai Saepullah miwiti aweh katrangan kanthi muji syukur marang Allah lan shalawat marang Rasulullah, sawise iku nuli kandha :

"Sedulurku kabeh, mbok manawa aku lan andika kabeh duwe rasa sing padha, nalika krungu pawarta yen ana wong-wong sing dianiaya dening wong-wong sing ngendelake dumeh duwe kekuwatan kanggo nindhes pepadhaning titah. Yaiku kemudu-kudu melu ambyur mbelani sing lagi dianiaya, luwih-luwih ing babagan iki, sing dianiaya isih klebu sedulure dhewe, yaiku anak mas Satata lan kulawargane ing Desa Tundhan".


Kyai Saepullah leren sedhela anggone kandha. Wong-wong padha manthuk-manthuk mbenerake apa sing dadi ucape Kyai Saepullah. Ora suwe nggone meneng, Kyai sing tilas Ajar kuwi mbacutake kandhane :

"Tenane ngono, aku lan andika kabeh bakal nampa dedukaning Allah, yenta sumurup kadurakan kok mung meneng wae, ora tumandang murih kadurakan kuwi mandheg. Kaya upamane, ngumbar kadurakan ing Desa Tundhan iki. Kosok baline, nek aku lan andika tumandang nanging malah nemu bilahi tegese nganti tumekeng tiwas, mangka tiwase ndika kabeh ora tiwas nistha nanging klebu pati utama, awit mati mbelani bebener. Mung wae, jroning mbelani bebener iki kudu nganggo petung sing mateng lan lelandhesan tumindak krana netepi dhawuh, ora merga kapilut nuruti hardaning hawa napsu. Sanajan wis dijanjeni suwarga yen kongsi gugur labuh bener, nanging aja banjur nedya nglalu kepengin bisa mati ing palagan".


"Nglalu kados pundi Kyai?" Lungit nyela takon.


"Iya, tegese nglalu kuwi ora mung merga golek dalane pati wae, nanging upamane wis ngerti upama lumawan miturut petung akeh matine tinimbang menange, kuwi ya aran nglalu" wangsulane Kyai Saepullah.


"Liripun?"


"Lire mangkene, upamane Ki Lungit budhal dhewe, kamangka wis ngerti nek musuh sing diadhepi ora karuwan akehe, temah tekane Ki Lungit ing papan kono ora ana gunane kajaba setor nyawa marang musuh, iki miturut panemuku ya kena diarani nglalu. Beda maneh, najan mung ijen lan sing diadhepi akeh banget sarta gegamane ganep, yen ora ana dalan liya kajaba kudu nglawan, senadyan kudu gugur ing tengahe paprangan kuwi ora mati nglalu nanging mati sahid ing madyane perang sabil".


"Inggih Kyai, sakniki kula sakanca nyuwun pitedah murih saene lampah" wangsulane Lungit sing nuduhake isih kepengin bisa melu nyengkuyung wong ing Tundhan ngadhepi bangsa budi candhala.


Kyai Saepullah mesem seneng krungu wangsulane  Lungit sing mangkono iku. Kyai sing wicaksana iku tumuli nerusne anggone asung wejangan :


"Tenane, aku kepengin ngajak andika kabeh budhal menyang Tundhan. Nyumbang tenaga marang para sedulur sing lagi kena paeka ngiras pantes nyirnakne laku angkara.......".


"Inggih Kyai, kula sedaya ndherek......" kaya diabani wong-wong padha semaur bareng.


"Mengko dhisik, tak tutugne rembugku andika kersaa ngrungokne luwih dhisik" wangsulane Kyai Saepullah. Wong-wong padha bali meneng maneh.


Kyai Saepullah nerusne rembuge :

"Sadurunge budhal, luwih dhisik ayo padha madhakne sedya. Yaiku sumedya nindakne dhawuh, nyegah anane kadurakan mung ngarep-arep ridla lan keparenge Allah walaka. Mangka sanadyanta, saupama ing mengko kapeksa kudu gugur ing madyaning jejibahan wus cinawisan swarga dening Gusti Allah, nanging aja nganti aku lan andika tibeng sasar mangeranake marang swarga, nglalekne sing kagungan suwarga".


Kyai Saepullah leren sedhela, aweh  wektu marang kang padha ngrungokne murih  ngangen-angen apa kang dadi ucape. Sing padha ngrungokne sajake rumangsa dibukak pangeling-elinge yen temene ngono ora ana kamulyan tumraping titah kang ngungkuli kamulyan bisa oleh sih lan ridlaNe.


"Kaping pindho" Kyai Saepullah mbacutne tutur "nyirnakne angkara murka kuwi beda karo nyirnakne manungsane. Lire, nadyan yen kepepet aku lan ndika dikeparengake gawe pepati marang wong duraka, nanging kudu kaudi yen bisa , bisaa ngendheg laku angkarane lan nyingkiri ngendheg umure menungsane".


Para wong sing lagi nindakne laku tobat kuwi padha manthuk-manthuk. Padha kelingan lelakon sing ndadekne padha mapan lan nyantrik marang Kyai Saepullah. Biyen upama Kyai Saepullah gelem males apa sing wis ditindakne, wong-wong mau mesthi wis padha tumekeng pati kabeh. Nanging, Kyai Saepullah luwih seneng mbales kelakuwane wong-wong iku kanthi nenuntun ngliwati dalan laku tobat. Mula lekase Kyai Saepullah kang mangkono iku yekti pantes tinulad dening wong-wong iku, wong-wong sing wis ndadekne Kyai Saepullah dadi guru lan panutane.


Ana Candhake.

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (38)

 38.

Banter playuning pikire Satata, ndadekne bocah nom kuwi getun dene mau wis nembung nyuwun bebantu marang Kyai Saepullah. Ing petung pamikire Satata, Gambangkawat mesthi didombani para gegedhug lan wadyabalane saka paguron Gunung Layang. Yen nganti Ki Landhung lan para bebau sing mung kari telu wani nglawan tan wurunga bakal karoban ing mungsuh. Sanajan bakal oleh pambiyantu saka Rangga lan Marga ditambah Kyai Saepullah lan para muride sing udakara cacahe ana pitung puluh, nanging ngadhepi gegedhug saka Gunung Layang, kena diparibasakne bakal kaya sulung mlebu ing geni. Nek ngonowa harak padha wae dheweke ajak-ajak mati siniya-siya para kancane ?.


"Ya gene keng slira katon suntrut anak mas?" Satata kaget, Kyai Saepullah dumadakan takon.


"Nyuwun pangapunten Rama" groyok Satata wangsulan "bares kemawon kula getun sampun matur nyuwun pitulungan kekiyatan dhateng Rama Kyai".


"Apa keng slira tidha-tidha marang pitulunganing Allah? Apa keng slira duwe sangga rugi marang kasetyane sedulur-sedulure dhewe ing alas kene iki?" Kyai Saepullah takon.


"Nyuwun pangapunten Rama" Satata matur prasaja "boten makaten ingkang kula getuni, nanging kula ajrih menawi nampi sesikuning Gusti awit sampun ajak-ajak rencang lan sedherek pejah kados dene Sulung mlebet ing padhiyangan".


Kyai Saepullah gumuyu, banjur kandhane :


"Muga-muga wae ora mangkono mengko dadine anakmas".


Sauntara iku murid-muride Kyai Saepullah wis padha teka. Kabeh katon gumbira lan kebak pangarep-arep bisa nampa prentah saka gurune. Ki Lungit sing wingenane takon perkara impen sing ditampa lan gandheng cenenge karo mati sahid lungguh maju ing ngarep dhewe. Dheweke duwe pangira yen anggone para murid diklumpukne iki ana sambung rapete karo pitakonane dhek wingenane kae.


Temenan, bareng kabeh wis mlumpuk Kyai Saepullah wiwit kandha :


"Sedulurku kabeh, anane ndika kabeh tak klumpukne iki, mung saperlu arep tak kabari".


"Dipun kabari punapa Kyai?" Guwara, tilas lurah kecu sing saiki nindakne laku tobat, takon.


"Kabar yen impene Ki Lungit sing ditakokne aku wingi, jebul impen sing ndaradasihi, lire impen sing dudu mung kembange turu".


"Cethanipun kados pundi Kyai?" Saka poncot wetan wong sing jeneng Bengkas takon.


Kyai Saepullah banjur nyritakne lelakon kang ditemoni Satata nalika dikongkon supaya golek warta nyang Desa Tundhan wingenane kae.


Para murid sing maune padha meneng ngrungokne, bareng anggone crita Kyai Saepullah wis ranpung, banjur padha alok karo kancane dhewe-dhewe. Suwarane mbrengengeng kaya suwarane tawon. Ana sing ngomongne pangalembana marang Lungit sing impene ndaradasihi. Ana maneh sing ngomongne, iba senenge yen kadhawuhan budhal menyang Tundhan aweh bebantu marang kang lagi kena paeka, mbok menawa ing kono bisa ditemu dalan sing anjog marang suwarga gung.


"Nyuwun pangapunten Kyai" ing tengahe suwara mbrengengeng, Lungit ngangkat tangane karo nyuwara banter.


"Ki Lungit arep ngendika apa? Mangga!" Wangsulane Kyai Saepullah alon, nanging kuwawa ngendheg wong-wong sing lagi omong dhewe-dhewe.


"Matur nuwun Kyai" wangsulane Lungit "badhe mangsuli pitakenan kula kala emben, punapa menawi kula bidhal dhateng Tundhan lajeng caos bebantu dhateng titiyang Tundhan ingkang nembe kaaniaya dening para tiyang abudi candhala, punika kenging kawastanan ndherek Perang Sabil lan saupami pejah, pejahipun pejah sahid?".


Krungu pitakone Lungit sing ngono kuwi, kabeh sing ana kono padha meneng, ngarep-arep wangsulan katrangan saka Kyai Saepullah. Kyai Saepullah mesem, banjur nata lungguhe, ora suwe banjur aweh wangsulan.


"Ki Lungit lan sedulurku kabeh, katone wangsulan saka pitakonan iki mung sepele, yaiku mung wujud iya apa ora, ngono wae wis cukup. Nanging gandheng jawaban sing bener bisa ya ya bisa ora, mula sadurunge aku aweh wangsulan tak suwun, kabeh wae aja tuna dungkap nggone nampa wangsulanku. Awit yen nganti kliru anggone nampa marang apa sing tak kandhakne, kurang-kurang bejane bakal nemu kapitunan kang gedhe".


Wong-wong sansaya dipet anggone mingkem, sansaya tenanan nggone arep padha ngrungokne pituture gurune.


Ana candhake.

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (37)

37.

Sauntara iku lepas lakune Satata sing tekuk penjalin liwat dalan liya tumuju papane Kyai Saepullah. Tekane Satata njujug neng paleremane Kyai Saepullah lan banjur matur apa sing dialami nalika tilik ing bumi kelahirane kuwi, wiwit kena apus ngombe banyu degan sing wis diwenehi darubeksi warangan, nganti tekan anggone sapatemon karo nom-noman loro sing wis aweh pitulungan marang dheweke. Satata uga matur, yen dikeparengake dheweke nyuwun bebantu marang Kyai Saepullah lan para muride kabeh kanggo nylametake  Bumi Tundhan saka cengkeremane  Ki Gambangkawat sakancane.


"Jebul impen sing tak tampa kae klebu impen sing puspatajem" ngendikane Kyai Saepullah sawuse Satata rampung nggone crita.


"Inggih Rama" wangsulane Satata "samangke kula nengga dhawuh salajengipun saking Rama Kyai, punapa ingkang kedah kula lampahi murih saenipun?".


"Iya.... iya...." Kyai Saepullah semaur alon, disusul prentah kanthi alus "saiki thonthongan kayu Elo sing ana langgar kae tabuhen kanthi irama dara muluk kaping pindho. Aku kepengin sedulur-sedulur padha mlumpuk, yen uwis enggal baliya mrene ana pitakonan sing mbutuhne wangsulan saka keng slira".


"Inggih Rama, ngestokaken dhawuh" Satata wangsulan banjur mundur marani thonthongan Kayu Elo sing gemandhul ing blandar langgar.


Swara thonthongan irama daramuluk, gumontang, ngumandhang ing satengahe alas sing dadi papan paleremane wong-wong sing lagi nindakne laku tobat iku. Bubar nabuh thonthongan, Satata bali ngadhep gurune lan cadhong katrangan.


"Sawuse aku ngrungokne crita sing anakmas gawa iki mau, saiki sansaya cetha sapa satemene Ki Gambangkawat, Nyai Guwarni, Thungkel lan liya-liyane sing ngaku dadi gegaman Mataram. Lan iki sing perlu anakmas ngerteni" kandhane Kyai Saepullah sawuse Satata ngadhep.


"Inggih Rama" wangsulane Satata "mila leres kula babar pisan dereng mangertos titiyang kasebat kalawau".


"Biyen" Kyai Saepullah nerusne kandha "wiwit jaman Demak, ana wong-wong abudi cendhala sing tansah kepengin gawe kisruhe negara. Wong-wong utawa golongan culika kuwi satemene ya wis ana wiwit jaman Majapahit, ya golongan iki sing melu udhu runtuhe Majapahit. Nanging  nyatane Majapahit ora runtuh, nanging dibacutne kanthi madege Demak Bintara. Golongan iki banjur gawe crita yen madege Demak awit tumindak murang tatane Panembahan Jin Bun, ya Raden Patah marang ingkang ramane, Sinuwun Brawijaya.  Ora mandheg ing crita, nanging golongan iki ajak-ajak wong sing ora ngerti lelakon sing sanyatane supaya gawe ringkihe Demak nganggo pawadan agama kang beda.


Aku dhewe maune ya ngandel karo critane golongan iki, gethingku marang Raden Patah lan turun-turune sarta sengitku marang Agama Rasul ora karuwan, jalaran kabar sing tak tampa Agama Islam kuwi arep numpes agama liyane. Rahayune, aku ketemu Seh Jakpar lan adu guna kasantikan, adu ngelmu njaba njero, wekasan mbarengi tumuruning hidayah saka Allah, aku dadi ngerti sing sabenere lelakon, temah aku melu ngrasuk Agama sing diasta Kanjeng Nabi iki.


Lha, bareng golongan budi candhala iku kasoran prabawa klawan para Ngulama banjur sumingkir lan nerusne tindak culikane kanthi dhedhemitan. Ora mlumpuk nanging sumebar ing ngendi-endi, padha ngedegne paguron kanuragan lan kabatinan sing mulangake barang sing ora bener mligine kanggo ngrusak agama Islam. Ing antarane paguron iku ana sing manggon neng Gunung Layang, dipandhegani Wong sing ngaku dadi Resi, nganggo sebutan Resi Dumung Seta. Lha Gambangkawat kuwi jeneng singlon, sing asli jenenge Kecruk, kuwi salah siji muride Resi Dumung Seta. 


Ya gene aku ngerti?

Awit aku tau nyawiji karo wong-wong mau".


Satata mung manggut-manggut mangerteni yen Gambangkawat kuwi dudu wong siji saudhon loro saurupan, nanging isih muride Resi Dumung Seta sing nduweni kasekten sing ngluwihi pepadhaning manungsa. Satata banjur nggagas, yen ngonowa Tundhan wektu iki kena dingibararake ancik-ancik pucuking eri..........


Ana Candhake. 

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (36)


36.


Ki Purwa ya Bebau Saradan manthuk, banjur bali lungguh ing papane sekawit. Bareng wis sauntara, banjur wiwit omong :


"Ki Wangsa lan kowe ngger Wanda, padha sumurupa biyen nalika aku wis sarembug karo sawargi Ki Lurah Tundhan kapindho, magepokan karo kahananku sing ora kaparingan turun, yaiku nyarujuki yen sawayah-wayah aku wis ora kuwat ngayahi kuwajiban momong warga ing dhukuh Saradan bakal masrahake kalungguhanku minangka Bebau marang putra pupone Ki Lurah yaiku Kesit. Sanajan wektu kuwi aku ya wis lila lan legawa, nanging saka kersane sing nganggit lakon aku kelalen, ora masrahake piyandel dhukuh Saradan sing wujude Keris Kyai Lothek marang si Kesit. Andilalah Ki Lurah Tundhan Kapindho sajake iya kesupen, dadi ora ngrembug anane Kyai Lothek sing ora bisa dipisah klawan Dhukuh Saradan".


"Lha Ki Lurah punapa pirsa Ki Bau?" Wanda sing maune mung ndhingkluk kuwi nyela rembug "Menawi Dhukuh Saradan kagungan sipat kandel Kyai Lothek punika?" 


Ki Saradan ngguyu lirih banjur wangsulan :


"Ya mesthi wae pirsa, merga Kyai Lothek kuwi biyen sing masrahake marang aku Ki Lurah Tundhan Kapisan lan Ki Lurah Tundhan Kapindho nalika samana iya ndherek nekseni".


"Sing didhawuhne Ki Bebau Saradan kuwi nyata bener" Ki Landhung melu negesi "kajaba si Labuh, wektu kuwi aku ya ana".


"Inggih Ki" Wanda semaur "wiwit medal lan mlajar saking griya ingkang sampun dipun obong dening Thungkel nika, Simbah Wangsa ngengken kula supados ngreksa Wangkingan Kyai Lothek ingkang kula sengkelit punika. Welingipun Simbah,  wangkingan punika boten kenging uwal saking badan kula kajawi menawi kula  pejah. Pramila, wangkingan punika tetep kula sengkelit dugi sapriki. Samangke gandheng Ki Bebau Saradan sampun dumugi mriki, kula namung badhe cadhong dhawuh punapa Wangkingan Kyai Lothek badhe kapundhut kangge ngadhepi mengsah punapa kedah kula sengkelit murih boten kadenangan tiyang budi candhala?".


Ki Purwa meneng sedhela banjur wangsulan :

"Mengko dhisik Wanda, sadurunge pitakonmu tak wangsuli, aku arep matur marang Ki Landhung luwih dhisik".


"Kok ndadak nganggo arep kandha marang aku barang ta Ki Bau?" Ki Landhung nyaut gunem "arep takon utawa kandha apa?".


"Makaten Ki" Bebau Saradan matur alon "esthining kajeng, kula kepengin masrahaken Ki Lothek punika dhateng pun Wanda. Nanging kula taksih emut yen kula kaiket ing prajanjen kaliyan Sawargi Ki Lurah prakawis Kesit. Lha niki lajeng pripun saenipun?".


Ki Landhung ngguyu krungu pitakone Ki Saradan mangkono iku. Wangsulane :

"Lha wong wis cetha ngono lho? Kok ndika ki malah bingung dhewe?".


"Cetha pripun Ki?"


"Sepisan ndika wis kaiket prajanjen karo Labuh bab anggon ndika arep nglintirake kalenggahan Bebau marang Kesit. Kapindho, ndika arep masrahake Keris Kyai Lothek marang Wanda. Dadi loro-lorone isih mandheg ing arep. Tembung arep, kuwi durung karuwan kelakone, lire bisa kelakon bisa ora, beda karo tembung wis, tembung wis, kuwi mesthi kelakone".


"Lajeng jlentrehipun kados pundi Ki?" Bebau Saradan ketok sansaya bingung.


"Biyen Kesit duwe janji apa marang nDika lan marang Labuh?" Ki Landhung genti takon.


Ki Purwa meneng, sajak ngeling-eling janji sing tau dirungokne saka Kesit marang dheweke lan marang Ki Tundhan Kapindho.


"Boten wonten janji punapa-punapa Ki, kajawi namung badhe setya dhateng Padhukuhan Saradan minggahipun dhateng Dhusun Tundhan" wangsulane Ki Purwa sawuse meneng sauntara.


"Nah, saiki wis cetha ta? Kesit meneng wae lan malah kepara nyengkuyung lekase Gambangkawat anggone ngrusak Saradan lan gawe kisruh Tundhan?".


"Inggih Ki" wangsulane Bebau Saradan kuwi alon.


"Dadi prajanjen antarane nDika lan Labuh wis ora kanggo maneh, amarga wis dirusak dening pakartine Kesit. Saiki nek nDika arep mercayakake Kyai Lothek marang Wanda, tak kira ora ana alane yen enggal dileksanakake".


Ana Candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...