kacariyosaken malih
dening : Rust Luh Getih
3
Yen awan mau mendhung mentiyung jagad dadi peteng dhedhet, bledhege sesautan ora ana kendhate, merga kesapu angin, mendhunge ilang resik. Wengi kuwi mbeneri ora wayah panglong, rembulan isih sore wis ndadari, bunder seser kaya ndhog bebek didadar neng wajan. Angine sumribit nggawa hawa seger. Wong papat sing padha mangan pala kependhem bakaran wis rampung. Wukir karo Kurantil ngadeg golek tambahan kayu garing dilebokne bedhiang ing pamrih bedhiyange bisa luwih awet urupe.
"Uwis Kang Wukir" Marga ngandhani "ora sah golek kayu maneh, saenteke kayu sing ana kuwi wae mengko wis bisa ndawakne umure bedhiyang nganti sesuk esuk".
"Inggih Den" Wukir semaur karo bali mapan lungguh maneh "Nuwun sewu Den Rangga lan Den Marga, kaparengna kula badhe matur dhateng andika kekalih".
"Arep omong apa Kang Wukir?" Rangga nanggapi karo mesem "apa arep omong anggonmu teka neng Grojogan Jambe Kembar iki? Merga ngemban dhawuhe Gurumu nyegat lakune Pangumbara sing isih Jaka kumala-kala kuwi? Sapa ta Gurumu kuwi jane? lan madhepok ana ngendi?".
"Elho?" Wukir karo Kurantil pating plenggong, banjur Wukir nutugne omonge "dados Raden sampun uninga sedaya? Inggih Raden, mila leres kados ingkang Raden dhawuhaken punika. O, inggih kula kekalih punika cantrikipun Ki Sukirna ingkang kaprah sinebat Ki Banyugurih, saking Padhepokan Banyugurih".
"Dadi nDika sakloron kuwi siswa Banyugurih?" Marga semaur karo takon.
"Kasinggihan Raden" Wukir wangsulan alon.
"Lha saiki ndika wong loro arep nerusne laku maneges ing Grojogan Jambe Kembar, ngenteni pangumbara sing arep liwat kuwi, ngono apa?" Marga banjur takon maneh.
"Nuwun sewu, Raden" Kurantil genti sing omong "menawi kula kekalih punika pareng ngertos, Raden kekalih punika wingking saking pundi? lan badhe tindak pundi? punapa malah kepara Raden Kekalih punika ingkang manguwaosi laladan mriki?"
Marga mesem, Rangga ngguyu ngakak, krungu pitakone Kurantil sing jangkep kuwi.
"Ngertia ya Kang Wukir lan Kang Kurantil" Rangga banjur aweh wangsulan "omahku kuwi wujud gethek sing dicancang ing wit klumpit kuwi, dene asalku adoh saka kene, yaiku saka desa sing caket karo Kutha Gedhe ing Mataram kana. Dene ngendi sing tak tuju, kuwi aku durung ngerti, butuhku aku ngetutne iline banyu sing nggawa gethekku. Cetha?".
"Matur nuwun Raden" Wukir wangsulan "menawi makaten boten wonten sanes ingkang kula tengga kajawi namung Raden kekalih, awit dhawuhipun Bapa Guru Sukirna, kula kekalih kinen nyegat Pangumbara kalih ingkang taksih Jaka kumala-kala, ing Grojogan Jambe Kembar. Lan samangke kula kekalih sampun kepanggih malah sampun kaparingan pitulungan dening ingkang kula cegat kala wau, inggih punika Raden Rangga lan Raden Marga".
"Yen wis mantep lamun sing ndika cegat kuwi aku karo adhiku, saiki apa sing ndika sakloron karepne?"
"Inggih Raden" Wukir wangsulan sajak ngati-ati "dhawuh ingkang kula tampi saking Bapa Guru Sukirna, kula kadhawuhan, sepisan ngaturaken taklimipun Bapa Guru dhateng Raden kekalih, kaping kalihipun kula kekalih kadhawuhan ngaturaken panyuwunanipun Bapa Guru Sukirna dhateng Raden kekalih, inggih punika panyuwunan sanjata pitulungan kangge kulawarga Padhepokan Banyugurih minggahipun dhateng Kademangan Jatipethuk, awit Padhepokan Banyugurih punika mila kabawah reh dening Kademangan Jatipethuk. Awit saking punika, dhuh Raden mugi wonten sih kawlasan dhateng kula kekalih, kula suwun mugi Raden kersa tedhak dhateng Padhepokan Banyugurih sareng kaliyan lampah kula".
Rangga karo Marga ora enggal wangsulan. Bocah loro kuwi terus kelingan karo pawelinge Patih Mandaraka. Nanging Rangga lan Marga durung ngerti apa wujude pitulungan sing dikarepake dening Ki Banyugurih sing wis kongkonan cantrike kuwi. Bareng wus sawatara meneng, ora ana pilihan liya tumraping Rangga lan Marga kajaba nyaguhi panjaluke Ki Banyugurih.
"Kakang Wukir lan Kakang Kurantil" Rangga banjur kandha
"Inggih Raden" Wukir lan Kurantil gurawalan semaur.
"Aku karo adhiku gelem melu ndika menyang Padhepokan Banyugurih, nanging ana sarate".
"Saratipun punapa Raden?" Wukir takon karo dheg-dhegan.
"Sarat sing angka siji" Rangga nggenahne sarate "ndika lan sapa wae klebu Ki Guru Sukirna lan cantrik mentrike, ora kena nyebut aku lan adhiku nganggto sebutan Raden".
"Lajeng kedah ngaturi mawi sebatan punapa?" Kurantil takon.
"Sasenenge olehe nyebut, bisa Adhi, bisa Angger, bisa Ki, njangkar ya kena waton ora nganggo sebutan Raden utawa sebutan kang lumrah dienggo dening punggawa kraton" .
"Inggih Ra... eh, Ki" Wukir wangsulan.
"Sarat sing angka loro, aku lan adhiku mung bisa mbudidaya aweh pitulungan marang wong sing jujur lan ora gumampang ngapusi aku lan adhiku"
"Salajengipun punapa malih Ki Rangga?" Wukir takon maneh.
"Cukup loro kuwi sing dadi sarate, sesuk bareng pletheking Surya, aku, adhiku lan ndika sakloron budhal saka kene, tumuju ing padhepokan Banyugurih, yen Ki Banyugurih kersa mujudi sarat loro kuwi, aku karo adhiku ya gelem aweh bebantu. nanging yen Gurumu ora gelem, ya ora apa-apa, sesuk sawise tekan Banyugurih aku karo adhiku ya terus bali mrene lan nerusake lakuku. Lan aku meling yen aku wis nerusake laku, aja pisan-pisan ana sing nututi lakuku".
"Inggih Ki, dhawuhipun Ki Rangga lan Ki Marga badhe kula aturaken sedaya dhateng Bapa Guru Sukirna" Wukir lan Kurantil mangsuli bebarengan.
"Saiki, prayogane nDika sakloron enggal leren,murih sesuk ora kasep nggone budhal, ndika bisa leren neng ndhuwuring gethek kuwi. Aku karo adhiku arep rembugan sedhela" Rangga prentah supaya Wukir lan Kurantil padha munggah gethek. Sing diprentah uga banjur budhal.
Sawuse wong loro saka Banyugurih kuwi ora ana, Rangga banjur ngajak omong Marga :
"Kira-kira awake dhewe iki arep dijaluki tulung ing babagan apa ya Dhi?"
"Bares wae aku ora ngerti Kakang" wangsulane Marga "nanging kira-kira ora adoh karo jagading tukaran lan kerengan. Merga sak ngertiku, nganti jaman saiki iki isih akeh wong sing isih niru lan nganggo sipating kewan, yaiku endi sing kuwat ya kuwi sing rumangsa wenang nguwasani sing ringkih. Dadi kira-kira wektu iki ana kekuwatan saka liyan sing nguwasani Ki Guru Sukirna lan Padhepokan Banyugurih munggahe Kademangan Jatipethuk kaya sing dicritakne Wukir lan Kurantil mau".
"Banjur prayogane sesuk kuwi apa sing kudu ditindakne?" Rangga takon maneh.
"Ya kudu weruh larah-larahe nganti Ki Guru Sukirna njaluk bebantu awake dhewe iki, yen nurut pradhataning nalar Ki Guru pantes dibantu nganggo kekuwatan, ya dibantu nganggo kekuwatan. Yen nyatane Ki Guru perlu dibantu nganggo weninging nalar, ya Ki Guru kudu dibantu nganggo weninging nalar, sanadyan ki Guru rumangsa ora mbutuhake pisan".
"Yen mangkono aku mathuk banget karo panemumu Marga" Rangga wangsulan karo mesem lega "sadurunge tumandang awake dhewe kudu luwih dhisik mangerteni apa satemene sing wis dumadi".
"Dadi wis jumbuh karo sarat angka loro sing mau Kakang andharake marang utusane Ki Guru Sukirna" Marga numpangi rembug.
Wektune wis sansaya wengi. Saka kadohan lamat-lamat keprungu pambaunge asu ajag sing ngalup-alup ngeres-eresi ati.
Ana candhake.