Total Tayangan Halaman

Minggu, 19 Desember 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (027)

 

 

27.

Panemune Wimba sing keri dhewe kuwi pancen bener, nanging Sima Loreng uga banjur nggagas, yen panemu iki dituruti padha wae ora budi daya kanggo bisa nusul lan nggoleki gurune. Malah biyen Sima Abang tau meling yen nganti rong tahun ora bali, mangka Paguron Parangabang sawutuhe dadi tanggung jawabe Sima Loreng. Yen dheweke ora enggal bisa nemoni Gurune, padha wae karo dheweke wis gelem madeg dadi Pangarsaning Paguron. Kamangka Sima Loreng isih mbutuhne tuntunan saka Gurune, tanpa gurune sing tansah aweh tuntunan dheweke rumangsa kangelan kanggo mikir Pagurone.

 

"Adhi Wimba" kandhane Sima Loreng sawise sauntara padha meneng-menengan "biyen Bapa Guru aweh kaparcayan marang aku kanggo ngurus Paguron iki mbaka sethithik, banjur suwe-suwe dipasrahi kaparcayan sing luwih jembar lan omber, mula lekase Guru marang aku kuwi saiki arep tak cakne marang si Adhi. Wiwit sesuk si Adhi kudu tata-tata bakal nampa tuntunan kanuragan saka aku sing luwih akeh. Iya kanggo matengne ngelmu sing wis ana ing si adhi, uga kanggo nambahi ngelmu-ngelmu sing durung adhi kaweruhi. Cekake, wiwit sesuk, sajroning wektu telung sasi bakal tak gembleng, murih si adhi bisa madhani aku, perlune si adhi supaya luwih siap nampa kaparcayan kanggo ngurusi pagurone dhewe iki".

 

"Sabanjure Kakang arep lunga nusul lan nggoleki Guru?" Wimba takon.

 

"Kuwi ya durung karuwan, muga-muga wae sajroning aku matengne ngelmune si adhi mbarengi karo rawuhe Guru neng Parangabang kene" wangsulane Sima Loreng.

 

Wekasane, saben dina kaya ora ana lerene Wimba digladhi dening Sima Loreng ing Sanggar. Sanajan asile ora kaya nalika Ki Sima Abang nggembleng Jungkung sing banjur dadi Sima Loreng, nanging wis akeh undhak-undhakane Wimba ing reh ulah kanuragan. Tata carane nyawijekne lan nggunakne hawa murni uga wiwit katon bisa luwih tumata. Jebul wektu telung sasi kaya sing dikandhakne Sima Loreng kuwi durung cukup, dening Sima Loreng ditutugne nganti oleh nem sasi lan asile dadi sansaya maremake. Wimba wis keneng dijagakne butuh, kadigdayane wis kena dijibne kanggo njaga adege Paguron. Sauntara Sima Loreng uga sansaya akeh anggone bisa mekarake ngelmu-ngelmu sing ditampa saka gurune lan nglahirne ngelmu-ngelmu anyar sing durung tau ana. Sing mangkono iku sansaya ndadekne kadigdayane Sima Loreng wuwuh luwih dhuwur maneh.

 

Sawuse lungane Ki Sima Abang saka Parangabang luwih saka rong tahun, kadigdayane para murid sing ditinggal uga sansaya luwih akeh undhake, mangkono kuwi merga ya saka tlataten lan tumemene Sima Loreng anggone nindakne kabeh welinge Ki Sima Abang. Kanthi pawadan kahanan sing sansaya nyenengake kuwi, Sima Loreng banjur pamitan marang sedulur-sedulure arep nusul lan nggoleki Gurune menyang puncake Gunung Wilis. Kanggo sauntara ditinggal lunga kuwi, suhing Paguron dipasrahake marang Wimba, kaya jaman Ki Sima Abang masrahne Paguron marang Sima Loreng biyen. Wimba ya wis ora suwala maneh, nanging panggah meling supaya olehe lunga, Sima Loreng ora suwe-suwe.

 

Kanthi tekad sing wis gilig, Sima Loreng budhal nusul lan nggoleki Gurune menyang puncake Gunun Wilis. Saka Parangabang dheweke mlaku ngalor ngulon, luwih akeh ngliwati alas katimbang ngliwati padesan. Kanthi sangu kaluwihan ing ulah kanuragan ndadekne lakune Sima Loreng bisa luwih cepet, mung mbutuhne wektu sepasar kanthi diselani leren sacukupe, lakune Sima Loreng wis tekan sukune Gunung Wilis pereng kidul. Jroning atine Sima Loreng nggagas ora nganti ngentekne wektu rong dina maneh, dheweke mesthi wis bisa nggayuh puncake Gunung Wilis lan mider nggoleki ing ngendi Gurune nindakne laku samadi kaya lumrahe wong sekti sing nyampurnakne ngelmune.

 

Esuk kuwi, sadurunge budhal arep ngunggahi Gunung, Sima Loreng mampir ing sawijining warung panganan sing manggon neng sawijining pasar sacedhake dalan munggah menyang Gunung. Warung kuwi rame, merga akeh bakul-bakul sing padha andhok sawise dagangane payu dituku wong-wong sing blanja neng pasar kono. Wis jamake wong bakulan ngono kuwi padha sugih dhuwit, luwih-luwih sing olehe tekan pasar kono padha nggawa Cikar dhewe sing digeret sapi kanggo nggawa dagangane. Bakul-bakul sing ngono kuwi omongane luwih banter lan sok nuduhne yen luwih pinter tinimbang bakul liyane sing olehe nggawa dagangane mung nganggo Cikar Sewan sak Bajingane (Bajingan=Kusir Cikar, dudu bajingan penjahar. rust), luwih-luwih bakul sing mung bisa nggawa dagangane sarana dipikul dhewe. Sima Loreng milih golek panggonan neng pojokan warung ora pati adoh karo lungguhe bakul-bakul sing olehe omong kaya banter-banteran kuwi.

 

"Won...... Kliwon...." Bakul gedhe dhuwur sing brengose nylaprang nyeluk bakul sing lagi wae arep mlebu warung, suwarane banter.

 

"Nggih Gan?" sing diceluk semaur alon nanging wong sak warung ya wis krungu kabeh, karo ngingeti sing nyeluk.

 

"Kowe wis oleh Cikar pa rung? pun-punan karo sapa wae? Wong pira?" wong sing nyeluk kuwi takon, suwarane panggah banter.

 

"Nek sios ngangge Cikare Jiya, kalih Kang Dimun, Man Lasa, Jithut tiyang sekawan, ning duka criyose dagangane Jithut radi kathah, nek boten cekap nggih kula pikul mawon wong namung sakedhik mawon" wangsulane Kliwon karo mapan lungguh ora adoh karo nggone lungguh wong sing brengose claprang kuwi "lha enten napa ta Gan?".

 

"Aku mung oleh dagangan sethithik, Cikarku ora kebak" wangsulane wong mau "nek cikare Dimun wis kebak, kowe angur melu aku wae. Ora sah opah, ning aku mengko melu amul kinangmu ya? aku ki seneng karo jambemu sing semu legi kuwi lho!".

 

"Nggih Juragan, matur nuwun" wangsulane Kliwon.

 

"Lha iki mengko sidane sing arep ngeterne sapa, Kang Jalu?" dumadakan mlebu maneh bablas marani wong sing brengose nylaprang kuwi karo takon "Pedhut pamit merga nunggoni bojone sing arep nglahirne, nek sin budhal mung Sidi karo Gana thok, wong-wong mau jarene isih mamang, merga sak jege Ki Sima Abang ora ana iki, brandhal-brandhal kabeh kaya ompakan, merga wis ora ana sing diwedeni maneh, wong wis diterne Pedhut wae sok-sok brandhal-brandhal kae ya isih ana sing nyoba nyegat kok. Dadi ya lumrah nek wong-wong banjur mamang nek sing ngeterne mung Sidi karo Gana".

 

Krungu jenenge gurune diucapne Sima Loreng dadi kepencut, kepengin luwih ngerti karo sing diomong bakul-bakul kuwi. Mau wong sing lagi teka kuwi kandha nek gurune saiki wis ora ana. Menyang ngendi?. Sajake kanggo nyukupi butuh saben dinane sasuwene mapan neng puncak Gunung Wilis kuwi gurune golek dhuwit sarana aweh pangayoman marang bakul-bakul sing budhal lan bali menyang pasar, saka gangguwane para brandhal.

 

"Lha iya?" wong sing jeneng Jalu kuwi wangsulan njengkerutne bathuke "Upama golek gantine Pedhut ngono kira-kira apa ora ana ya? lha ya, wong Pedhut wingi pas ngeterne budhal kae ya ora crita nek bojone arep nglahirne, marahi".

 

"Ketoke ya angel Kang" wangsulane wong sing lagi teka mau "nek pancen dina iki Pedhut ora bisa, ya kapeksa ngenteni sak bisane Pedut wae, koplakane Ki Dira ben mundhak laris he he he".

 

"Nuwun sewu Ki Juragan" bareng wis sauntara bakul-bakul kuwi padha meneng mikir golek cara murih ora ndadak nginep maneh Sima Loreng kandha.

 

"Nggih enten napa Kisanak?" Jalu sing lungguhe ora adoh karo nggon lungguhe Sima Loreng takon.

 

"Kula sagah nggentosi padamelane Kisanak Pedhut sadangune piyambake taksih repot" kandhane Sima Loreng nggenahne karepe. Sima Loreng kepengin aweh pitulungan marang bakul-bakul kuwi ngiras pantes arep golek sisik melik neng ngendi Ki Sima Abang manggon.

 

"Iki gaweyan sing ora entheng Kisanak, totohane nyawa" wangsulane Jalu "ndika kuwi sapa ta? lan apa ndika wis kulina ngadhepi begal sing duwe kasekten neka-neka?".

 

"Nggih ditepangne mawon" wangsulane Sima Loreng karo nglirik bakul barang weton pandhe sing nggelar dagangane ora adoh ing ngarep warung kuwi "nami kula Jungkung, tiyang-tiyang nek nyeluk nami kula Sima Loreng, menawi ndika sangga rugi dhateng kula, ndika tingali rumiyin sepinten kekiyatan kula".

 

Bubar muni ngono kuwi Sima Loreng banjur metu marani bakul barang weton pandhe, njupuk linggis siji banjur dicandhak disabetne kentole, sakala linggis kuwi dadi bengkung. Banjur nyandhak linggis siji maneh, kanthi gampang linggis kuwi ditekuk-tekuk kaya wong nekuk papah gedhang. Banjur njupuk bendho sing bebakalane saka waja, bendho kuwi dislenthik nganggo driji, pedhot dadi loro. Bubar kuwi, Sima Loreng njupuk dhuwit perak saka kanthongane cacah telu banjur diuncalne neng ngarepe sing dodolan barang-barang sing wis dirusakne kuwi karo kandha :

 

"Nyuwun pangapura Ki, iki gantine barang-barang ndika sing wis tak rusakne".

 

Bakul barang weton pandhe kuwi ora bisa kumecap, saking erami weruh kadigdayan sing dituduhne Sima Loreng. Wong-wong sing ana jero warung, sing uga padha weruh sing ditindakne Sima Loreng padha keplok rame, padha ngalembana marang Sima Loreng, rumangsa eram weruh kadigdayane.

 

ana candhake.


Sabtu, 18 Desember 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (026)

 


26.

Dina gumanti dina, sasi gumanti sasi jroning nindakne kabeh sing diwelingne dening gurune ora ana sing kecicir, malah kepara luwih apik maneh. Sima Loreng saben dina tansah ngudi murih ngelmu sing ditampa saka gurune bisa luwih sampurna maneh lan kanthi mangkono jebul malah bisa ndadekne Sima Loreng nemokne ngelmu-ngelmu anyar minangka mekaran saka ngelmu dhasar sing ditampa saka gurune. Jroning nguwasani hawa murni uga wis luwih sampurna maneh. Sedulur-sedulure tunggal sapaguron uga wis akeh sing mundhak becik ulah kanuragane, sanajan nek dibandhing karo Sima Loreng isih kalah adoh ing sangisore.

 

Kanggo nyukupi kabutuhan saben dinane, nekani susuh-susuh brandhal panggah ditindakne. Malah saiki wis ora ana maneh brandhal-brandhal sing olehe masrahne jatah kanggo Paguron Parangabang sing ndadak nganggo dipeksa. Kabeh wis luwih dhisik ngrumangsani yen ora nuruti panjaluke Sima Loreng karo kanca-kancane mesthi luwih akeh kapitunane tinimbang bathine. Malah saiki jatah sing dijaluk dening Paguron Parangabang luwih akeh maneh tinimbang sadurunge, jalaran saka panjaluke sedulur-sedulure, Sima Loreng wis gelem nampa murid anyar sing kepengin sinau kanuragan ing Parangabang. Murid-murid anyar sing teka kuwi ora liya ya saka krandhahe sedulur-sedulur tunggal gurune Sima Loreng.

 

Ora krasa olehe lunga Ki Sima Abang saka Paguron Parangabang wis setahun luwih lan durung bali menyang Paguron maneh. Sing mangkono kuwi tumrap murid-murid Paguron Parangabang ora pati dadi gagasan, beda karo sing ana pikirane Sima Loreng. Yen sedulur-sedulure ora pati nggagas jalaran sing nggenteni kuwajibane Gurune wis ana, ya iku Sima Loreng. Nanging nek neng pikirane Sima Loreng, kanthi ora anane Guru sing didadekne pandoming laku, kerep wae Sima Loreng sok tidha-tidha sajroning nibakne pilihan kanggo mlaku murih tambah becike tata paguron. Kajaba saka iku, Sima Loreng uga isih rumangsa kurang anggone necep ngelmu saka gurune, sing rumangsane Sima Loreng, Sima Abang kuwi menungsa sing ora duwe pangapesan babar pisan. Ora ana sing bisa ngalahne ing babagan ngelmu kanuragan lan kawicaksanan sajrone nglakoni urip. Mungguhe Sima Loreng, Sima Abang sumbering daya kekuwatan lan sumbering bebener, ora ana sing bener kajaba sing jumbuh karo panemune Sima Abang. Mula bareng wis setahun luwih Ki Sima Abang durung ana tandha-tandha bali menyang Parangabang, Sima Loreng dadi sansaya bingung pikire.

 

"Kakang Sima Loreng" nalika ing sawijining dina Sima Loreng lagi nggagas gurune sing ora teka-teka, karo lungguh sendhen watu gedhe ing iringan pondhoke, Wimba, adhine tunggal paguron sing tuwa dhewe marani karo takon "pirang-pirang dina iki tak sawang Kakang kerep meneng kaya wong sing lagi bingung. Satemene ana apa ta Kakang?".

 

"Ora ana apa-apa ki Dhi?" wangsulane Sima Loreng karo mesem, atine krasa seneng dene sedulure jebul migatekne dheweke "Adhi Wimba ora sah nguwatirake aku, aku ora apa-apa. Sing baku si adhi aja nganti klendran nggone aweh piwulang marang para murid lan nindakne kuwajiban paguron liyane".

 

"Iya Kakang" kandhane Wimba sabanjure "aku ora nguwatirake Kakang, merga aku ngerti nek Kakang wis sarwa cukup ing reh kanuragan. Nanging nek Kakang kerep meneng, banjur arang gelem guneman nalikane nonton olehku aweh tuntunan marang para murid uga nalikane aku lan adhi-adhi padha aweh palapuran sawise bali saka njupuk jatah saka susuh-susuhe brandhal, ngono kuwi ndadekne aku karo adhi-adhi padha wedi, kuwatir nek ana tumindak sing ora mranani ing atine Kakang, nanging Kakang ora gelem aweh panyaruwe merga ora tega nek nganti gawe gelane adhi-adhimu kabeh, Kakang. Tak jaluk Kakang kudu gelem aweh panyaruwe yen ana tumindake adhi-adhimu sing ora pas, dadi ora banjur kebacut olehe ora bener".

 

"Ora Dhi" wangsulane Sima Loreng karo mesem sareh "yen aku ngerti ana sing ora pas karo tumindake adhi-adhiku, aku mesthi aweh panyaruwe murih pase. Dadi olehku nganti kaya wong bingung iki ora ana gandheng cenenge karo tumindake adhi-adhiku kabeh. Pancen bener wektu iki kena diarani aku lagi bingung utawa sedhih, dene sing dadi jalaran, amarga aku kelingan karo Gurune awake dhewe, ya iku Bapa Sima Abang sing nganti saiki durung kundur menyang Parangabang kene, kamangka olehe jengkar saka kene biyen nganti saiki wis setahun luwih. Mung kuwi Dhi sing ndadekne pikiranku kerep dadi bingung".

 

"Tak kira antarane aku karo Kakang Sima Loreng kuwi padha, Kakang" Wimba nanggapi wangsulane Sima Loreng "lire padha olehe ngrasakne kangen karo Guru, nanging sadurunge Guru jengkar biyen rak wis masrahake Paguron iki marang Kakang? dadi waton Kakang ora nyidrani apa sing dadi piwulange Guru lan nyatane Kakang uga wis nindakne kabeh kuwajiban sing didhawuhne Guru, kakang ora perlu sedhih lan bingung sing kebanjur-banjur, mundhak ora becik kedadeyane".

 

"Kuwi bener Dhi, nanging Guru biyen uga dhawuh, nek olehe ninggalne Parangabang iki ora nganti suwe, aku nguwatirake Guru nemoni kedadeyan sing ora prayoga, temah ora kundur-kundur iki".

 

"Kakang nguwatirake Guru kepethuk mungsuh banjur Guru digawe cilaka dening mungsuh kuwi?" Wimba takon.

 

"Ora kuwi" wangsulane Sima Loreng "tak kira neng lumahing bumi iki ora ana wong sing kadigdayane bisa mapaki kadigdayane Guru, mokal mana manungsa sing bisa ngalahake Guru. Sing tak kuwatirake, Guru neng paran nemu papan sing anyar sing luwih nengsemake katimbang Parangabang iki, banjur Guru katrem ana kana, ora kersa kundur mrene maneh. Kuwi sing tak kuwatirake Dhi, kamangka aku ngarep-arep Guru enggal kundur lan nambahi piwulang-piwulang anyar marang awake dhewe. Wong ngendikane Guru marang aku biyen tindake iki arep ngunggahi Gunung Wilis saperlu matengake ngelmune neng kana, lha nek ngelmune Guru wis sansaya mateng rak ya dadi wajibe Guru banjur muwuhi anggone paring ngelmu marang murid-muride ta Dhi?".

 

Wimba manthuk-manthuk rumangsa mathuk karo panemune Sima Loreng sing dikandhakne keri dhewe iki. Sanajan miturut pamawase Wimba, Sima Loreng kuwi wis keneng diarani duwe kasekten sing durung ana sing ngluwihi, ketitik durung tau ana bangsa brandhal sing ora bisa dikalahake dening Sima Loreng, malah sing ana brandhal-brandhal sing kondhang duwe kasekten lan kadigdayan nyatane kanthi gampang bisa ditundhukne dening Sima Loreng. Nanging yen Gurune bali banjur aweh wuwuhan ngelmu marang Sima Loreng lan adhi-adhine kabeh, kuwi bakal luwih dadi lanbecike tumrap Paguron Parangabang.

 

"Mula saka kuwi Adhi" kandhane Sima Loreng sabanjure "aku duwe gagasan, murih rasa bingungku ora kedlarung-dlarung, rasa kuwatirku ora kebacut dadi kasunyatan, aku kepengin budhal nusul lan nggoleki Guru menyang Gunung Wilis. Saiki piye panemune si Adhi karo gagasanku iki?".

 

"Kakang arep ninggalne Parangabang?" Wimba takon suwarane nuduhne rasa kuwatir.

 

"Iya" Sima Loreng wangsulan "nanging si Adhi ora prelu kuwatir, aku janji nek wis kepethuk Guru, aku mesthi banjur bali, sokur bage bisa bebarengan karo Guru, nanging yen Guru isih kepareng mbacutake anggone nyampurnakne ngelmune, saora-orane baliku menyang Parangabang kene wis bisa nggawa wuwuhan ngelmu sing bisa tak tular-tularne marang adhi-adhiku kabeh. Kepriye?".

 

Wimba meneng sedhela, sajake lagi nggagas lan nimbang-nimbang apa sing   dikandhakne Sima Loreng kuwi. Bareng   wis rada sauntara olehe mikir, Wimba banjur guneman, ngandhakne sing dadi panemune :

 

"Satemene aku mathuk banget karo niyate Kakang iki, merga kanthi mangkono Kakang bisa nambahi ngelmu-ngelmu anyar marang aku lan adhi-adhi kabeh. Nanging, yen Kakang Sima Loreng lunga, banjur Parangabang iki piye dadine? Jalaran aku ngrumangsani lan uga ngerti, sanajan padha-padha bareng olehe sinau ulah kanuragan marang Guru, kanyatane kabisanku lan kabisane adhi-adhi kabeh isih adoh karo kabisane Kakang Sima Loreng. Aku kuwatir yen nganti Kakang lunga saka kene, aku lan adhi-adhi ora bisa mrantasi gawe sajroning nindakne kuwajiban, mligine sing ana sambung rapete karo para brandhal sing sasuwene iki mung bisa diatasi dening Kakang Sima Loreng. Dadi aku durung bisa nyarujuki karo gagasane Kakang Sima Loreng nusul lan nggoleki Guru menyang Gunung Wilis kuwi".

 

Panemune Wimba sing keri dhewe iki pancen tinemu ing nalar. Sima Loreng uga ngerti yen isih akeh brandhal-brandhal sing olehe gelem teluk lan aweh jatah marang Paguron Parangabang kuwi merga saka kasekten lan kaluwihane Sima Loreng. Tanpa Sima Loreng, Wimba lan sedulur-sedulur liyane ora bakal bisa mrantasi gawe, nelukne para brandhal-brandhal kuwi kabeh. Sima Loreng banjur meneng sedhela, pikirane seser mikir murih bisane ngrampungne perkara iki. Ya iku kepriye murih dheweke bisa lunga nusul lan nggoleki Ki Sima Abang menyang Gunung Wilis, sauntara Paguron Parangabang panggah bisa nelukne para brandhal sing dijagakne jatahe kanggo ngragadi adege Paguron.

 

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (025)

 


25.

Mingkur sing wis ndudut keris saka wrangkane sing uga diterokne Ki Lurah karo Ki Bekel, ora enggal tumandang, para andhahane isih ngenteni aba saka Mingkur, sanajan satemene wis ana rasa giris luwih dhisik ing sajroning atine dhewe-dhewe. Sima Loreng panggah ora obah saka papane, ora ana tandha-tandha siaga arep kerengan babar pisan, tangane sing tengen ditumpangne neng bangkekan, lambene isih mesam-mesem sajak ngece karo wong sing ngepung karo gegaman neng tangan.

 

"Kowe Mingkur Bajingan licik, saiki kancamu wis mlumpuk ngenteni prentahmu, kowe ya wis ngunus keris malah Lurah nggladrah karo Bekel Bosok kuwi ya wis padha nyekeli keris kabeh, nek pancen arep njajal gojeg karo Sima Loreng ya gene ora enggal tumandang he?" karo ngece Sima Loreng nakoni wong sing ana sandhinge kuwi.

 

"Mengko dhisik Ki Sima Loreng" wangsulane Mingkur ngati-ati "bares wae, aku tau duwe gagasan ora arep wani karo Paguron Parangabang sing ndika pandhegani kuwi, nanging rasane dadi saru nek aku kesusu pasrah lan dadi telukan ngono wae, kamangka aku durung ndika wenehi pituduh ing reh kanuragan. Mula gandheng ndika wis teka kene, mesisan aku karo kanca-kancaku ndika wenehi pituduh carane gelut luwih dhisik, yen nyata piwulang ndika kuwi becik mesthi aku sakanca bakal sumpah setya gelem dadi telukan ndika, nanging yen jebul Sima Loreng kuwi mung sak macan rembah, tak kira ora ana gunane aku tepung karo Paguron Parangabang".

 

"Bagus!" Sima Loreng wangsulan banter "yen ngono aja kesuwen, ayo tak enteni neng latar".

 

Muni ngono kuwi Sima Loreng banjur ngalih mlaku ninggalne pendhapa, Jodhog sakancane sing ngadeg neng ngarep pendhapa klawan gegaman sing jangkep kuwi padha nisih aweh dalan metu marang Sima Loreng.  Mingkur banjur nyedhaki Jodhog sakancane kabeh, dikandhani piye carane supaya bisa mateni Sima Loreng sing mung wong ijen. Ora suwe wong-wong kuwi banjur nusul nututi Sima Loreng sing wis ngenteni ana latar.

 

Sima Loreng sing ora nyekel gaman apa-apa kuwi, dumadakan nglirik wit sawo sing pange pirang-pirang. Ora sranta Sima Loreng mencolot karo nggunakne tangane nyempal salah sijine pang sawo sing gedhene sa jempolan sikil dawane kira-kira limang kilan, sawise disempal pang kuwi dicoklek pucuke kanthi gampang, banjur dicekel kaya wong nyekel gagange pedhang.

 

"Aku njaluk pangmu sawo Mingkur" Kandhane Sima Loreng karo nyawang wong-wong sing wis siaga arep ngebyuk nyerang dheweke "iki mung tak ngge cara ngajebi kowe kabeh sing wis padha nyekel gaman".

 

Mingkur ora wangsulan, tangane obah aweh sasmita marang kanca-kancane supaya bareng ngebyuk saka kiwa tengen ngarep lan mburi. Dikrubut wong rolas sing bareng maju ngrangsang saka iring kiwa lan tengen, ngarep lan mburi kanthi gegaman landhep kabeh, Sima Loreng mung ngetokne suwara saka irunge. mBuh piye carane endha, kang ana ora ana gegaman sing bisa nyenggol kulite Sima Loreng. Serangan kapisan luput, Jodhog sakancane ora kemba, banjur mbaleni ngrangsang maneh klawan serangan sing luwih nggegirisi. Nanging kanthi gampang, serangan-serangan kuwi diendhani dening Sima Loreng sing katone ora obah saka papane. Mingkur sing durung tumandang lan mung nyawang saka kadohan dadi sansaya getem-getem, banjur maju mengarep arep melu kanca-kancane ngrubut Sima Loreng sing mung mesam-mesem ora ngawaki yen lagi arep diranjab gegaman dening mungsuh-mungsuhe. Mangka ora suwe sabanjure, neng latar kuwi wis rame suwarane sikil sing  gedebag-gedebug tumiba ing lemah, kala-kala diselingi suwara sambat campur pisuh sing disaut karo suwara guyu-guyu ngece.

 

Ki Lurah lan Ki Bekel sing ora melu ngrubut Sima Loreng nanging melu nyawang sing lagi padha kerengan kuwi rumangsa eram weruh tandange Sima Loreng, mung ijen nanging ora kethetheran dikrubut wong telulas sing padha nggawa gaman sing landhep kabeh kuwi. Ki Bekel nyedhakne lambene menyang sandhing kupinge Ki Lurah, Ki lurah manthuk-manthuk. Embuh apa sing diucapne Ki Bekel marang Ki Lurah kuwi, ora ana sing ngerti. Padha karo Ki Bekel lan Ki Lurah sing uga ora ngerti, sanajan dikrubut wong telulas sing ora leren olehe genti-genten aweh serangan sing mbebayani, nanging pranyata Sima Loreng isih weruh yen Ki Bekel mbisiki kupinge Ki Lurah.

 

"He Bekel bosok karo Lurah nggladrah" ing sela-selane ngadhepi mungsuhe Sima Loreng nyuwara banter ditujokne Ki Bekel lan Ki Lurah "nek ndika wong loro niyat arep nglungani papan kene sadurunge genah petunge, ndika mengko mesthyi bakal getun dhewe".

 

Krungu kandhane Sima Loreng ngono kuwi, sapandurat sing padha ngrubut noleh marang pernahe Ki Lurah lan Ki Bekel. Nanging ya mung sedhela, banjur bali aweh serangan marang Sima Loreng sing dianggep wis cawang kawigatene, ya iku kawigaten marang gegamane mungsuh-mungsuhe lan uga kawigaten marang Ki Lurah lan Ki Bekel sing arep lunga ninggalne papan kono. Malah serangan sing keri iki kepara luwih nggegirisi maneh, merga wong-wong kuwi selak kepengin bisa natoni Sima Loreng sing wis wola-wali nglarani awake sarana tumibane kepelan lan sadhukan sing nyenggol perangan awake. Ki Lurah lan Ki Bekel sing mau kaget oleh pangincim saka Sima Loreng mandheg sedhela, arep murungne karepe nggone arep nglungani papan kuwi, nanging bareng weruh yen Mingkur karo andhahane ningkatne serangane marang Sima Loreng, Ki Lurah lan Ki Bekel ilang rasa kuwatire. Ora ngrewes karo pangincime Sima Loreng, wong loro kuwi mencolot mlaku kanthi rikad nyedhaki papan anggone nyencang jarane.

 

"Setan alas" wong loro sing arep mlayu kuwi babar pisan ora ngira nek Sima Loreng bisa obah luwih cukat mencolot ninggalne mungsuh-mungsuhe lan saiki wis ngadeg karo mencereng ngadhang lakune karo guneman sing keprungu sereng "ora nggugu kandhaku, iki jalukanmu!".

 

Rampung anggone muni ngono kuwi, prasasat mung mbutuhne wektu sagebyare that-thit, pang sawo sing ana gegemane Sima Loreng kuwi wis disabetne sikile Ki Bekel sing sisih tengen lan sikile Ki Lurah sing sisih kiwa. Sakala wong loro sing arep mlayu kuwi mbengok banter sambat lara bareng karo awake rubuh tiba neng lemah, banjur munyer-munyer kaya pitik bubar disembeleh, suwarane banter sambat ngaruara.

 

Bubar ngrubuhne Ki bekel lan Ki Lurah, kaya wong lagi kesurupan Sima Loreng genti mencolot bali nemoni mungsuh-mungsuhe maneh karo ngobahne pang sawo sing ana tangane kanggo mbabati wong-wong sing lagi ngarah patine. Merga tandange Sima Loreng sing kaya wong kesetanen., ndadekne andhahane Mingkur sing cacahe wong rolas kuwi padha mencelat memburi watara limang jangkah tiba neng lemah karo mbengok kelaran, tangan sing nggoceki garan pedhang lan gaman liyane padha pepes balung lengene kebabat pang sawo sing diobahne Sima Loreng. Sauntara Mingkur sing manggone rada adoh misah karo andhahane, wis rubuh neng lemah karo kejet-kejet balung garese wis remuk disabet nganggo pang sawo gegamane Sima Lorek.

 

Weruh mungsuhe wis rubuh kabeh, Sima Loreng banjur leren, lungguh neng oyot sawo sing karo mbukak klambine, arep ngesatne kringet. Kira-kira sapanginang sabanjure, wong-wong sing maune padha polah wis padha ora obah maneh, sambate ya wis ora banter maneh mung padha gereng-gereng karo ngglethak neng lemah. Sima Loreng banjur nyedhaki Mingkur sing uga gereng-gereng ngempet lara, dicandhak tangane sesisih banjur digeret dilarak dicedhakne Ki Lurah lan Ki Bekel sing uga isih nggereng merga ngrasakne lara neng sikile.

 

Sima Loreng banjur ngetokne bumbung sing disimpen neng kanthongane, njupuk barang bunder-bunder sing gedhene watara sa endhog cecak. Mingkur dicangap banjur cangkeme dicemplungi barang bunder kuwi siji, karo muni.

 

"Diuntal!, ben tatumu ora pati krasa lara!".

 

Marang Ki Lurah lan Ki Bekel, Sima Loreng uga tumindak sing padha . Banjur genti nyedhaki andhahane Mingkur, kabeh diwenehi barang bunder kuwi supaya padha diulu. Rampung menehi jamu sing bisa nyuda rasa lara kuwi, Sima Loreng banjur bali nyedhaki Ki Lurah, Ki Bekel lan Mingkur sing wis ora sambat maneh.

 

"Mingkur, karo ndika Ki Lurah lan Ki Bekel" kandhane Sima Loreng sawise cedhak karo wong telu kuwi "kudune ben adil, ndika wong telu iki tak kethok sikilmu sesisih karo tanganmu sesisih, ben ora bisa tumindak duraka maneh. Nanging aku ora arep nibakne ukuman kuwi marang ndika kabeh. Saiki padha rungokna, paling suwe sepuluh dina maneh, ndika wis padha bisa waras nadyan yen dienggo mlaku isih rada krasa lara. Lan yen wis, prentahku marang ndika kabeh kudu ndika lakoni. Sing sepisan, bandha tinggalane Biyung Dirah sing wis ndika rebut saka tangane Jungkung kudu ndika balekne dadi kas kayaning desa kanggo aweh pitulungan marang warga sing lagi kesrakat. Kaping pindho, marang kowe Mingkur bandhane Taju saka desa Serut sing wingenane mbok dum karo Lurah lan Bekel Serut, kudu mbok balekne kanthi wutuh. Lima las dina maneh aku karo bocah-bocah Paguron Parangabang bakal nekani papan iki maneh. Nek nganti prentahku padha mbok lirwakne, aja padha takon dosa nek padha nampa pidana".

 

"Nggih Ki Sima Loreng, dhawuh ndika badhe kula estokne" wangsulane Mingkur isih karo ngglethak.

 

"Lha ndika pripun Ki Lurah kalih Ki Bekel?" Sima Loreng genti nakoni Lurah lan Bekele.

 

"Nggih Kisanak, weling ndika badhe kula lampahi".

 

Wis ana rasa rada lega ing dhadhane Sima Loreng, ora suwe ana kono banjur lunga, arep nerusne nggone golek sisik melik ing ngendi ana susuh brandhal sing durung tau diparani.

 

 

ana candhake.

 


Jumat, 17 Desember 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (024)

 


24.

Kanthi nggunakne ngelmu kebat angin, yaiku ngelmu kanggo mlaku sing cepet, ora nganti setengah ari lakune Sima Loreng wis tekan panggonan sing dituju. Sing diarani susuhe Brandhal Mingkur kuwi beda adoh karo susuhe brandhal-brandhal liyane. Sanadyan manggone ndhelik neng tengah alas, nanging wewangune ora kalah karo wewangunan ing padesan. Ana omah sing gedhe-gedhe jejer telu, pendhapane wangun limas ketok jembar mrebawani, platarane jembar, resik, pratandha saben dina ana sing nyaponi, ora adoh saka plataran ana gedhogane jaran, ketok ing kono ana jaran sing gedhe-gedhe cacah lima, sajake gedhogan jaran kuwi uga kopen. Kanthi nyawang nek neng gedhogan ana jarane, Sima Loreng bisa oleh dudutan yen Mingkur lan para sing mbaureksa papan kuwi ora lagi lelungan. Nanging Sima Loreng ora tumuli munggah menyang pendhapa nggoleki Mingkur, malah banjur singidan ing walike wit gedhe sing ora adoh saka papan kuwi, kupinge Sima Loreng krungu ana suwara tracak jaran saka kadohan sing nyedhaki papan kono. Suwara tracak jaran sing lagi mlayu kuwi sansaya keprungu cetha.

 

Ora suwe sabanjure, Sima Loreng weruh ana wong loro nunggang jaran mlebu plataran banjur nyancang jarane neng cancangan sing wis cemawis. Sima Loreng ora pangling, wong loro sing lagi teka kuwi Ki Bekel lan Ki Lurah sing biyen bareng-bareng karo Mingkur wis ngrekadaya lan ngrebut bandha sing kudune dadi duweke, yaiku bandha tinggalane mBok Randha Dirah wong tuwane pupon.

 

Tekane Ki Lurah karo Ki Bekel dipapagne dening andhahane Mingkur sing banjur mlayu nyedhaki wong loro kuwi, Sima Loreng isih apal karo andhahane Mingkur kuwi, ya iku sing meh wae ngiris gulune nganggo golok, sing banjur dipenging dening Ki Sima Abang, gurune.

 

"Ki Lurah saha Ki Bekel badhe kepanggih Lurah kula?" pitakone andhahane Mingkur kuwi marang dhayohe sing lagi teka.

 

"Iya, Ki Jodhog" wangsulane Ki Lurah "Ki Mingkur rak ya ana ing pasanggrahane ta?".

 

"Inggih wonten Ki" wangsulane wong sing jeneng Jodhog kuwi karo manthuk kurmat "mangga pinarak dhateng pendhapa, Lurahe kula kula aturane".

 

Wong telu kuwi banjur bareng mlaku menyang pendhapa. Sima Loreng banjur ngecakne aji Sapta Pangrungu, supaya bisa luwih cetha nggone arep ngrungokne apa sing arep dirembug Ki Lurah lan Ki Bekel sing mara neng papane Mingkur kuwi. Ora suwe Sima Loreng weruh Mingkur metu menyang pendhapa nemoni dhayohe, wong telu banjur padha mapan lungguh neng klasa sing lagi wae digelar Jodhog. Jodhog dhewe banjur nyingkrih memburi, ora wani melu jagongan karo Lurahe sing lagi nemoni dhayohe.

 

"Wonten wartos napa Ki Lurah kalih Ki Bekel? napa wonten Kutuk nglubuk sing betah kula damelne layang kekancingan ? Napa wonten kidang sing mlebet pategilan sing betah kula cepengne?" karo mesam-mesem sajak seneng Mingkur nakoni dhayohe.

 

"Nek Kidang sing mlebu tegalan satemene ya akeh Ki Mingkur" sing mangsuli Ki Bekel "nanging dening Ki Lurah isih durung dikeparengake dicekel. Nek kutuk sing nglubuk neng siwakan pancen ana, ya iku anak mantu sing ditinggal mati maratuwane".

 

"Mantune niku jaler napa estri Ki Bekel?" Mingkur takon maneh.

 

"Lanang, bojone wis mati sadurunge wong tuwane mati, kamangka anake ya mung siji kuwi" genti Ki Lurah sing aweh wangsulan "piye? bisa ta digawekne layang kekancingan?".

 

"Gampil Ki Lurah" wangsulane Mingkur karo mesem seneng.

 

"Nanging, mengko olehe ngedum kudu diowahi Ki Mingkur" Ki Bekel nrambul gunem "aja kaya padatane ngana kae".

 

"Diowahi pripun Ki Bekel?" Mingkur takon karo mesem.

 

"Aku krungu, ndika wingi karo Lurah Serut jare ya nyekel Kutuk sing nglubuk neng siwakan? sapa jenenge ? Taju?".

 

"Nggih leres, Taju"

 

"Lha, aku karo Ki Lurah mengko njaluk bagean sing padha karo bagean sing ndika wenehne Lurah karo Bekel Serut, jarene wonge ndikia bagei separo?" Ki Bekel nggenahne karepe.

 

"Leres Ki Bekel" wangsulane Mingkur karo ngguyu "amargi teng Serut kala wingi niku kutuke boten gadhah patil, dados lare-lare kula boten kula wedalne, benten kalih jaman nggarap teng siwakane mBok Randha Dirah siyen, nika kutuke kuru tur patile radi landhep. Lha Kutuk sing ajeng dicepeng niki mengke pripun?" .

 

"Ketoke wonge ringkih Ki Mingkur, nanging lemu lagi ngendhog pisan, dadi Ki Mingkur ora perlu nggawa kanca akeh-akeh, nek ana apa-apane aku sing saguh nandangi" wangsulane Ki Bekel .

 

"Nek ngoten nggih kula manut Ki Bekel, sepalih nggih sepalih, nanging kangge tumbas satane lare-lare kula sing kula ken ngancani ndika tanggel nggih?" Mingkur nyaguhi panjaluke Ki Bekel nanging mawa sarat "boten kathah kok, namung lare tiga napa sekawan".

 

"Ora bisa!" sadurunge Ki Bekel aweh wangsulan, dumadakan ora weruh sangkane ana wewayangan mencolot sing banjur ngadeg neng cedhake wong telu sing lagi jagongan kuwi karo malangkerik, aweh wangsulan marang Mingkur.

 

Wong telu sing lagi jagongan kuwi padha kaget, banjur padha ora kedhep ngulati sapa sing lagi teka, karo mripat sing murup merga nesu, rumangsa wis diganggu olehe lagi padha rembugan dening wong sing ora duwe deduga lan suba sita.

 

"Pangling karo aku he Ponakane mBok Randha Dirah?" Sima Loreng mesem ngece karo nakoni Mingkur.

 

Mingkur meneng ora wangsulan, pancen Mingkur wis lali karo rupane Jungkung, biyen olehe kepethuk mung pas dheweke teka karo Ki Lurah lan Ki Bekel menyang omahe mBok Randha Dirah saperlu ngrebut bandha warisane.

 

"Kowe...Jung.....kung?" Ki Bekel sing apal karo rupane Jungkung takon semu kaget, merga jaman semana ki Bekel wis dikandhani Mingkur nek Jungkung kapeksa dipateni dening andhahane merga ana niyat arep bali lan ngrebut bandha sing dipaeka dening Ki Lurah, Ki Bekel lan Mingkur.

 

"He he he sanes Ki Bekel" wangsulane Sima Loreng karo ngguyu nyepelekne "Jungkung empun mati disembeleh Jodhog andhahane Mingkur si Bajingan elek kancane Lurah nggladrah karo Bekel bosok saka desa Weru".

 

Mingkur sing wis bisa ngilangne rasa kagete tumuli njedhirne lambene, ngetokne suwara singsut nyeluk andhahane supaya mara menyang pendhapa kanthi siaga gegaman.

 

"Klumpukna kabeh andhahanmu Mingkur, kareben aku ora ndadak mindhon gaweni" kandhane Sima Loreng bareng ngerti Mingkur singsut ngundang andhahane.

 

"Setan alas kowe Jungkung" wangsulane Mingkur karo ngadeg, ditutne Ki Lurah lan Ki Bekel sing uga banjur ngadeg. Sauntara iku andhahane Mingkur wis padha teka kabeh, ana wong wong rolas sing padha nyekel gegamane dhewe-dhewe, siaga ngepung pendhapa.

 

"Ha ha ha..... " Sima Loreng ngguyu lakak-lakak krungu pisuhane Mingkur lan weruh andhahane Mingkur sing wis padha siaga.

 

"Ngapa kowe ngguyu Jungkung?" Mingkur nggetak karo mlilik nuduhne nesune.

 

"Kupingmu pancen budheg tenan Mingkur" wangsulane Sima Loreng sawise meneng guyune "wis kupingmu budheg isih ditambah matamu ya picek".

 

"Aja kakehan cocot kowe Jungkung" wangsulane Mingkur sing sansaya mundhak olehe nesu merga dilokne budheg karo picek "sedhela engkas, klakon tak suwek cangkemmu tenan kowe".

 

"Ha ha ha....." Sima Loreng bali gumuyu maneh banjur disusul wangsulan "kupingmu budheg merga ora krungu kandhane Jodhog karo kancane papat kae, Jungkung wis mati disembeleh neng alas. Matamu ya picek, merga kowe ora weruh sapa aku sing saiki ngadeg neng ngarepmu, lekna mripatmu ben weruh, jembrengen kupingmu ben bisa krungu sing ana ngarepmu iki Sima Loreng saka Paguron Parangabang. Ngerti?".

 

Mingkur lan andhahane padha kaget krungu jeneng Sima Loreng diucapne. Wong-wong kuwi pancen wis suwe krungu yen Sima Abang wis duwe wakil sing jenenge Sima Loreng, kasektene Sima Loreng ora pati adoh kaceke karo kasektene Sima Abang. Wis akeh susuhe para brandhal ditekani dening Sima Loreng dijaluki jatah kanggo ngragadi pagurone. Lan kabeh para benggolan brandhal padha ora ana sing bisa ngalahne kasektene Sima Loreng. Mingkur sing susuhe ndhelik durung konangan wong Paguron Parangabang, pancen durung tau diparani Sima Loreng. Malah Mingkur dhewe tau rerasanan karo andhahane yen nganti pandhelikane konangan dening wong Paguron Parangabang, lan diparani Sima Loreng, wis duwe niyat yen ora arep nglawan, arep manut apa sing dikarepne wong-wong Paguron Parangabang kuwi. Saiki kelakon, Sima Loreng wis tekan papan pandhelikane tenan. Mingkur dadi wiwit mikir, sida pasrah lan menehne apa sing dibutuhne Sima Loreng apa nglawan, merga tekane Sima Loreng mung ijen?.

 

Beda maneh karo sing ana angen-angene Jodhog karo wong papat kancane sing biyen tau arep mateni Jungkung. Jodhog karo wong papat kuwi kelingan, wis nggorohi Lurahe, kandha yen Jungkung wis dipateni lan bathane dibuwang neng jero jurang. Kamangka satemene, nalika samana Jungkung ora sida dipateni merga tekane Sima Abang . Apa kira-kira Jungkung banjur dipupu Sima Abang dadi muride? Sing wekasane duwe kasekten sing ngedab-edabi lan jenenge diganti nganggo jeneng Sima Loreng?.

 

 

ana candhake.

 


SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (023)

 


23.

Ditinggal Ki Sima Abang Paguron Parangabang kaya ora ana bedane, kabeh lumaku kaya padatan. Mung Sima Loreng wae sing saiki gaweyane dadi tambah rada akeh, kajaba mulang matengake kanuragane sedulur-sedulure tunggal sapaguron uga nganglang jagade kadurjanan ngulat-ulati manawa ana susuh brandhal anyar utawa susuh brandhal sing durung tau diparani. Tumrap Sima Loreng, gaweyan mangkono kuwi ora aran angel. Merga kanthi kabisane ing reh kanuragan, Sima Loreng wis meh nyedhaki karo kondhange Ki Sima Abang lan Sima Loreng pancen pinter golek sisik melik ing ngendi ana susuhe brandhal. Sing rada angel golek-golekane kuwi yen ana Brandhal nanging ora kawistara nek brandhal, ya iku wong sing duwe praupan loro utawa luwih. Cethane ing donya iki jebul akeh manungsa sing ing wektu-wektu kang tinamtu jejer dadi punggawa desa utawa punggawa negara, nanging wektu liya sandhangane ganti lan jejer minangka branadhal, malah ana  uga sing brnadhal sing saben dinane kerep duwe praupan sing welas asih jalaran sandhangan sing dienggo sandhangane bangsa Ngulama utawa busanane Brahmana. 

 

Anuju sawijining esuk, Sima Loreng mlebu sawijining desa sing wis akeh wargane, tujuwane ya mung arep golek sisik melik ing ngendi ana susuh brandhal sing perlu diparani supaya gelem aweh jatah kanggo ngragadi pagurone. Wektu kuwi sandhangan sing dienggo Sima Loreng, kaya pacakane wong sing kulina nyambut gawe dadi tenaga kasar sing dodol bau marang wong sugih. Kaya lumrahe wong golek warta, Sima Loreng mlebu ing sawijining warung panganan sing cukup rame, akeh wong-wong sing lagi padha jajan lan mangan ana kono. Sima Loreng aba wedang kopi banjur golek nggon lungguh sing kepenak, karo ngrungokne omongane wong-wong sing lagi padha jejagongan.

 

"Lakon kaya sing dialami Taju kuwi cetha nek akal-akalane Lurah karo Bekel sing wis pidak jempol karo Bangsat sing didandani dadi adhik tunggal bapak karo mBah Dangsa" kandhane wong lanang sing lungguh ora adoh ing ngarepe Sima Loreng, marang kancane, wong kuwi pawakane cilik nanging ketok kiyeng, brengose dawa "aku ki ngerti dhewe, mBah Dangsa ki sedulure mung siji jenenge Tomblok, wis mati sadurunge rabi, lha kok bareng mBah Dangsa mati kok dumadakan ana wong teka ngaku-aku nek dheweke adhine mBah Dangsa. Kuwi kaya sing tau tak rungu kira-kira telung tahun kepungkur, neng Desa Weru ana kedadeyan sing persis karo lakone Taju iki. Kaceke sing dadi anak pupone sing mati, kabare banjur lunga ora karuwan parane, malah ana sing kandha jare wis mati merga dipateni wong sing ngaku-aku jare isih ponakane sing duwe bandha warisan".

 

"Nanging nyatane Ki Bekel apa dene Ki Lurah nyekel layang kekancingan sing nuduhne nek wong sing jeneng Mingkur kuwi pancen adhine Ki Dangsa lho Kang?" wangsulane kancane sing nganggo iket modang sing rupane wis klawus.

 

Krungu jeneng Mingkur disebut, atine Sima Loreng dadi rada nratab sethithik. Kelingan lelakon sing dialami jaman semana lan nek ndelok karo sing dikandhakne wong loro sing lagi jagongan kuwi, sajake Mingkur bali nindakne laku apus krama kaya jaman ngrebut bandha tinggalane mBok Randha Ditah marang dheweke biyen. Sima Loreng luwih tenanan nggone nyemak olehe jagongan wong loro kuwi.

 

"Alaaah, kowe kuwi kok gampang temen percaya unine layang" wong kiyeng sing brengose dawa kuwi wangsulan karo ngguyu "karo maneh, wong nuduhne layang kok marang wong sing ora ngerti tulis? Malah aku duwe gagasan, aja maneh kok aku kowe ngertia isine sing jarene layang kekancingan kae, lha wong Lurah karo Bekel kae wae durung karuwan nek bisa maca kok. Dadi kanggo ngalahne Taju supaya ora bisa maris bandha tinggalane mBah Dangsa sing ngopeni lan genti diopeni Taju nganti sak matine kae cukup nganggo sing jarene Layang Kekancingan sing unine piye ora ana sing ngerti".

 

"Kowe kok bisa ngarani ngono kuwi dhasare apa Kang?" wong sing nganggo iket modang takon.

 

"Dhasare cetha" wong sing awake kiyeng kuwi semaur "wingenane kae aku kandha supaya Taju diwenehi wektu kanggo nliti bener utawa orane layang kekancingan kuwi, nanging Ki Bekel malah nesu-nesu, ngunek-unekne nek mokal Taju bisa nliti layang kuwi, wong Taju ki cetha nek ora bisa maca. Nanging bareng aku njaluk supaya Ki Bekel utawa Ki Lurah macakne isine layang sing jarene kekancingan kuwi, wangsulane bola-bali ya mung "ngono kuwi mau" kamangka layange telung lembar sing dadi siji. Genah nek Lurah karo Bekel kuwi satemene ora beda karo wong liyane sing ora ngerti hanacaraka. Luwung wong sing dadi kaum kae, najan ora ngerti hanacaraka nanging ngerti alip bengkong".

 

"Ning sidane Taju rak ya ora oleh apa-apa ta Kang?" Iket modang takon maneh.

 

"Pancen Taju ya tak kon ngalah, merga wong sing jenenge Mingkur kae tekane ora ijen, nanging nggawa kanca. Sing diarep-arep Mingkur gelema Taju ngotot ben dadi pasulayan, nek wis ngono Taju banjur dirangket merga wis wani nerjang Paugeran wani karo pranatan, lha kanggoi ngrangket Taju sing tumandang kancane Mingkur, bisa-bisa Taju didakwa nglawan banjur dipateni pisan. Mula Taju tak kandhani supaya manut karo karepe Lurah, lan gandheng Taju kuwi isih ponakanku dhewe banjur tak jak bali manggon neng omahku. Kuwi wae, bengine Taju ditekani Mingkur sakancane diincim yen nganti Taju konangan sinau olah kanuragan jarene arep dilunasi pisan. Ya tak wangsuli, Taju tak penging sinau ajar gelut, merga wong luwe kuwi ora bisa wareg nek ora mangan, sanajan ta pinter gelut".

 

"Dadi ngono kuwi ta Kang critane?" wong sing ikete modang kuwi takon "pancen esuk iki mau ndika sengaja tak jak mrene kuwi mau ben gelem crita, merga nek neng kene arep ngrasani Bekel utawa Lurah ora bakal ana sing ngerti".

 

"Iya" wangsulane wong sing awake kiyeng brengose dawa "lha wong kene iki genah dhukuh Wates, ora bakal ana pamong utawa punggawa sing wani mlebu dhukuh kene, kejaba nek kepengin endheg umure dipangan dhanyang dhukuh kene".

 

"Nanging andhahane Mingkur rak ya wani ta nek mrene Kang?"

 

"Wanine wani, nanging mokal andhahane Mingkur arep klayaban mrene, wong susuhe ki manggon neng kidule alas Jowar kana" wangsulane wong sing awake kiyeng.

 

Wong loro kuwi bannnjur meneng, nutugne olehe ngombe wedange karo ngentekne panganan sing wis dicawisne neng ngarepe.

 

Sima Loreng ya banjur ngentekne wedange, banjur gage-gage nggone mbayari regane wedang sing diombe.

 

"Kok kesesa ta Kang?" pitakone sing duwe warung karo nampani dhuwite Sima Loreng.

 

"Enggih Dhi" wangsulane Sima Loreng alus "wong niki wau mpun radi kawanen, mpun kasep nek ajeng tawa bau teng sabin. Niki ajeng nyobi tawa bau teng padhusunan mawon".

 

"Nggih mugi-mugi angsal damelan Kang" kandhane sing duwe warung maneh.

 

"Kisanak apa ndika arep adol bau?" dumadakan wong sing awake kiyeng kuwi takon marang Sima Loreng.

 

"Enggih Ki? betah tenaga napa?" wangsulane Sima Loreng mbales takon.

 

"Neng omah mau ana gaweyan, nyrumbati krambil, kira-kira ya rong atusan, nek ndika gelem lan bisa, ayo saiki bareng aku mulih ndika tandangi gaweyan kuwi".

 

"Nggih Ki, mangga" wangsulane Sima Loreng karo mlaku metu saka warung.

 

Ora let suwe Sima Loreng mlaku bareng karo wong loro sing mau padha jagongan ngrembug pokale Lurah lan Bekel sing pidak jempol karo Durjana sing jenenge Mingkur.

 

Nalika Sima Loreng tekan omahe wong kiyeng sing nawani gaweyan kuwi, jebul kecelik krambil sing ditawakne supaya disrumbatne wis kadhung disrumbati dening Taju, ponakane.  Wong kiyeng kuwi rumangsa ora kepenak karo Sima Loreng, nanging Sima Loreng malah ngguyu seneng. Pancen satemene Sima Loreng ora butuh gaweyan, nanging butuh sisik melik ngenani Mingkur lan andhahane sarta ing ngendi susuhe.

 

"Boten dados napa Ki" kandhane Sima Loreng mangsuli kandhane wong kiyeng sing asok kaluputane "malah kaleresan, saged damel nylimur manahe ponakan ndika sing nembe susah atine niku. Malah nek ndika wonten wekdal, kula kepengin rembagan sakedhik".

 

"Ngrembug apa kuwi Kisanak?"

 

Sima loreng nyedhakne lambene menyang kupinge wong kuwi, takon ancer-ancer dalan sing tumuju papan sing digawe susuh Mingkur sakancane.

 

"Dadi ndika niku gadhah petang kalih durjana niku?" wong kuwi takon.

 

"Leres Ki" wangsulane Sima Loreng "mpun radi dangu kula madosi piyambake, nek ndika ngersakne ngertos perkawis kula kaliyan Mingkur, ndika saged taken dhateng tiyang Weru, enten perkawis napa antawisipun Mingkur kalih Jungkung, yoga pupone mBok Randha Dirah".

 

Wong kuwi plenggang-plenggong dhewe, nganti nalika Sima Loreng pamitan ora konber aweh wangsulan. Ngerti-ngerti dhayohe wis adoh ninggalne omahe.

 

 

ana candhake.


Kamis, 16 Desember 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (022)

 

 

22.

Satemene nek diarani Paguron ya durung pati pas, wong Parang Abang kuwi sing madeg dadi Guru ya mung siji lan sing dadi murid ya mung bocah pitu. Nanging murid-muride Ki Sima Rekta ya Sima Abang luwih seneng ngarani nek Parang Abang kuwi Paguron, merga kanyatane pancen nom-noman pitu kuwi tekane kono pancen arep meguru ngelmu kanuragan. Nadyan ing jagade para durjana Sima Abang kuwi kondhang minangka Durjana sing kasektene durung ana sing kuwawa mapaki, nanging durung ana critane Ki Sima Abang lan murid-muride ngrampog, ngecu utawa nindakne kadurjanan liyane ing padesan utawa nyegat lan mbegal bandhane wong sing lagi lelungan. Babar pisan durung tau ana. Awit Ki Sima Abang kuwi olehe gelem nindakne laku durjana juti ora kanggo numpuk kasugihan nanging mung kanggo nyukupi kabutuhan urip kaya dene sandhang lan pangan kanggo dheweke lan murid-muride, tur maneh Sima Abang kuwi olehe nindakne laku durjana juti, mligi nekani susuhe para durjana banjur njaluk bandha donya asil rampogan sacukupe, para brandhal sing susuhe ditekani Ki Sima Abang adhakane ya luwih milih nglilani bandha asile maling lan ngrampog dijupuk sethithik dening Ki Sima Abang, tinimbang  ngukuhi kanthi adu kadigdayan luwih dhisik, jalaran kena dipesthekne sapa wani nglawan Ki Sima Abang paling beja remuk awake lan ora sethithik sing banjur dadi bathang.

 

"Kowe kabeh dadi muridku ora arep tak warahi dadi bajingan sing seneng ngrebut bandhane wong-wong sing olehe nglumpukne bandhane sarana nyambut gawe sing ora gawe kapitunane wong liya" pitutur ngene iki kerep dikandhakne Ki Sima Abang marang murid-muride, pitutur iki ya dijandhakne nalika Jungkung wis oleh sepasar manggon neng Parang Abang suwita dadi muride Ki Sima Abang "nanging, gandheng aku karo kowe ya butuh urip, murih bisa mangan lan salin sandhangan, awake dhewe bisa njupuk bandha asil malingan lan sapanunggalane ing susuh-susuhe para brandhal. Nek ana brandhal sing ora nglilani, ya kudu dipeksa karo kekuwatan. Mula aku mung kepengin kowe kabeh bisa dadi wong menangan, gaweyanmu neng kene mung gladhen kanuragan, mbesuk nek kowe wis dadi wong menangan, kari sakarepmu arep dadi wong tani, sodagar, apa dadi apa wae aku ora arep menging".

 

"Inggih Guru" murid-muride padha wangsulan bareng.

 

Gandheng wektu kanggo gladhen kanuragan sasat ora tau ana lerene, mula ora mokal nom-noman sing dadi murid Paguron Parang Abang kuwi, cepet olehe wasis ing reh kanuragan. Klebu Jungkung, malah Jungkung sing dhasare duwe bebalungan sing becik, dadi nduweni kapinteran sing luwih onjo tinimbang kanca-kancane. Oleh setahun anggone meguru, Jungkung sing olehe teka ing Parangabang keri dhewe, nanging kapinterane kacek adoh ing sadhuwure murid liyane, mula dening Ki Sima Abang, Jungkung diangkat dadi Murid sing paling tuwa lan jejer dadi wewakile Ki Sima Abang. Jungkung disampiri kuwajiban melu aweh gladhen marang sedulur-sedulure sapaguron. Jalaran Ki Sima Abang dhewe ing sela-selane nggladhi murid-muride uga ora tau kendhat nggone mbudidaya nambahi kasektene sarana njingglengi sarta mekarake ngelmu sing ditampa saka guru-gurune jaman biyen. Kanggo njupuk bandha kanggo ngragadi Paguron Parangabang ing susuhe para brandhal, saiki luwih kerep Ki Sima Abang aweh kaparcayan marang Jungkung mandhegani sedulur-sedulure, sauntara Ki Sima Abang keri neng Paguron kanggo  matengne ngelmu-ngelmune.

Anuju sawijing wengi, ngepasi Jungkung karo sedulur-sedulure sapaguron lagi teka saka anggone njupuk jatah ing susuhe Brandhal Setan Kuning, dening Ki Sima Abang diceluk supaya ngadhep neng sanggar. Jungkung dadi krasa rada dheg-dhegan, padatan nek lagi rampung ngayahi kuwajiban ngono kuwi para murid diwenehi kalonggaran kanggo leren sedina, lagi sesuke ditakoni lakune olehe nyambut gawe mau. Iki durung suwe teka, Jungkung wis diceluk malah dikongkon ngadhep neng sanggar, mula ya banjur rada dheg-dhegan.

 

"Sidane sing mbok parani susuhe sapa iki mau Jungkung?" pitakone Ki Sima Abang sawise Jungkung tekan Sanggar.

 

"Susuhipun Setan Kuning Guru" wangsulane Jungkung "samangke ngalih dhateng wana sacaketipun Jurang Mangleng, kalih niki wau kapeksa kula nyukani tetenger dhateng Ki Jonggol awit badhe nyelaki kuwajibanipun dhateng Paguron Parangabang".

 

"Jonggol arep mbalela ngono apa piye?" Ki Sima Abang takon.

 

"Inggih Guru, piyambakipun boten pitados menawi dugi kula awit ngemban prentah saking Guru" wangsulane Jungkung "nanging, Ki Jonggol namung kula tengeri tatu nglebet, inggih kinten-kinten kalih peken sampun mantun".

 

"Bagus!, lha andhahane ana sing mati apa ora?"

 

"Andhahanipun namung didamel bonyok-bonyok dening para kadang, boten wonten ingkang dipun pejahi. Niki wau ingkang kula pendhet radi kathah, cekap kangge kabetahan Paguron antawis setunggal wulan" wangsulane Jungkung nggenahne asile.

 

"Ngene Jungkung" kandhane Ki Sima Abang sabanjure "aku arep lunga kanggo sawatara wektu ninggalne Parangabang kene, lungaku arep ngundhakne lan mateng ngelmu sing tak duweni iki murih luwih sampurna. Parangabang lan panggulawenthahe bocah-bocah tak pasrahne marang kowe, tindakna kabeh kuwajibanku kaya padatan, nganti aku bali. Sesuk esuk, sedulurmu klumpukna tak kandhanane perkara iki".

 

"Inggih Guru" wangsulane Jungkung "menapa kula dipun keparengaken ngertos dhateng pundi Guru badhe nyampurnakaken ngelmi menika?"

 

"Iki mung kanggo kowe dhewe, sing arep tak parani iki mengko ing puncake Gunung Wilis. Yen nganti setahun luwih aku durung bali, kowe tak wenangake nusul nggoleki aku. Nanging, yen ing kene isih akeh pagaweyan, Parangabang aja mbok tinggal, yen nganti rong tahun aku panggah durung bali, Parangabang iki kabeh dadi wewenangmu kanggo sateruse" wangsulane Ki Sima Abang ngiras aweh paweling.

 

"Guru?" Jungkung rada nggragap krungu welinge gurune ngono kuwi "kula suwun Guru kedah sampun kundur saderengipun setunggal tahun lan sampun ngantos Guru boten kundur, kula kaliyan para kadang boten saged gesang tanpa tuntunan saking Guru".

 

"Kowe aja kuwatir Jungkung" wangsulane Sima Abang karo ngguyu "ora nganti setahun aku mesthi wis bali mrene, nutugne olehku aweh kawruh kanuragan marang kowe. Welingku sing iki mau, mung dhapur kanggo njagani yen nganti apa sing tak rancang ana mlesete".

 

"Inggih Guru" wangsulane Jungkung alon.

 

Dina candhake, isih esuk Jungkung wis mrentahne para sedulure supaya mlumpuk ing sanggar kanggo gladhen kanuragan. Jumbuh karo sing diprentahne dening Ki Sima Abang mau bengi. Sawuse murid-murid Paguron Parangabang padha gladhen sauntara kanthi dipandhegani Jungkung, Ki Sima Abang teka, sing padha gladhen diprentah supaya leren. Ki Sima Abang arep aweh katrangan.

 

"Murid-muridku kabeh padha rungokna" kandhane Ki Sima Abang sawise murid-muride padha lungguh siaga nampa prentah "wiwit dina iki Jungkung tak sengkakne dadi Guru ing paguron kene, dheweke wenang nampa murid anyar sing kepengin nyuwita ing Paguron kene. Kaping pindho Jungkung tak paringi jeneng anyar, ya kuwi Ki Sima Loreng. Dadi saiki jeneng Jungkung wis ora ana maneh ing Paguron kene, sing ana Sima Loreng. Kaping telu kanggo sawantara suwene, mbuh sesasi, rong sasi, telung sasi utawa setahun aku arep lunga. Kabeh perkara sing magepokan karo Paguron Parangabang tak pasrahne marang Ki Sima Loreng. Iki kabeh prentah saka aku, sing sapa wani nglawan padha karo wani nglawan aku. Apa wis padha genah?".

 

"Inggih, sampun cetha sedaya Guru" wangsulane para murid bebarengan.

 

"Yen wis cetha, saiki mangsa bodhowa kowe Sima Loreng, Paguron Parangabang saisine tak pasrahne kowe" kandhane Ki Sima Abang sabanjure.

 

"Inggih Guru" wangsulane Sima Loreng karo nyembah "mugi-mugi kula saged nindakne kuwajiban menika kanthi leres lan boten damel kuciwaning penggalihipun Bapa Guru sawanci-wanci Bapa Guru kundur malih ing Parangabang".

 

KI Sima Abang banjur metu saka Sanggar lan tanpa pamitan maneh tumuli budhal ninggakne pagurone.  Sima Loreng banjur ngalih panggonan, genti lungguh ing watu palungguhane Gurune, banjur wiwit aweh wejangan marang sedulur-sedulure :

 

"Sedulurku kabeh, tenane ngono aku rumangsa rada kabotan nampa dhawuh saka Guru iki mau. Nanging, aku percaya kanthi pambiyantumu kabeh aku mesthi bisa ora gawe kuciwaning penggalihe Bapa Guru sawayah-wayah Bapa Guru rawuh maneh ing kene. Mula tak jaluk ndika kabeh kanthi rilaning ati aweh pambiyantu marang aku, kanggo ngayahi jejibahan iki".

 

"Iya Kakang" sedulur-sedulure Sima Loreng wangsulan bareng.

 

"Sabanjure, prentah kapisan saka aku marang sedulurku kabeh padha rungokna!" Sima Loreng nutugne anggone guneman "perkara tindake Bapa Guru ninggal Parangabang iki aja nganti keprojol marang sapa wae, dadi aja nganti ana wong sajabane Paguron iki sing ngerti nek Bapa Guru ora ana ing Parangabang. Ngerti?".

 

"Iya, ngerti Kakang" kabeh wangsulan bareng.

 

"Prentah sabanjure bakal tak kandhakne mengko, saiki ayo ditutugne nggone padha gladhen".

 

Murid-murid Paguron Parangabang kuwi nuli nutugne anggone padha gladhen kanuragan dituntuni dening Sima Loreng sing saiki wis dadi pengarepe Paguron.

 

 

ana candhake.

 


SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (021)


 21.

 

Jungkung nglirik ngiwa sarta nengen, jroning pikirane mung golek dalan kanggo mlayu sing angel diburu dening wong lima sing arep gawe patine kuwi. Nanging Jungkung isih api-api arep nglawan luwih dhisik, dadi mungsuhe ora ana sing ngira yen dheweke satemene arep mlayu ngoncati. Petungane Jungkung yen sepisanan mungsuhe nyerang dheweke bakal ngendhani, mengko nek mungsuhe wis klena, dheweke ora arep males nanging banjur mlayu sakayange, mbrobos ketele gegrumbulan.  Temenan serangan sepisanan, Jungkung isih bisa ngendhani kanthi becik, goloke mungsuhe ora nganti ngenani awake. Nanging bareng serangan kapindho, Jungkung jebul ora bisa endha, wetenge kena didugang mungsuhe, sing ndadekne Jungkung krasa senep lan lara banget, malah dheweke rubuh neng lemah saking ora kuwat ngempet larane. Mungsuhe ngguyu cekakakan karo marani Jungkung sing ngglethak neng lemah.

 

"Wis Jungkung tangia nek nyata kowe arep nglawan" kandhane wong mau ing sela-selane guyune "nanging nek nggatek aku, timbang kowe tangi banjur tak dugang ndhasmu, luwih becik kowe meneng wae neng kono, mengko tak beleh gulumu saka ngarep ben ora kesuwen nggonmu ngrasakne lara".

 

Jungkung ora wangsulan uga ora bisa tangi, dheweke wis nyipta yen sedhela maneh bakal mati kanthi ditugel gulune dening wong-wong andhahane Mingkur kuwi. Jungkung mung bisa pasrah marang sing gawe urip. Jungkung tau krungu crita yen sawise mati manungsa bakal manggon nek ora neng suwarga sing endahe ngungkuli kedhaton, isine kabeh sarwa nyenengake, ya kono kuwi papane wong sing becik kelakuwane ora akeh dosane,  ya neng neraka sing isine klabang karo ula kanggo nyiksa marang wong sing akeh tumindak dosa. Jungkung ora bisa ngarani dheweke kuwi klebu wong becik apa wong sing kakehan dosa, nanging sadurunge mati Jungkung ya isih eling yen Gusti kagungan sipat sing welas asih, mula gandheng rumangsa yen wis ora bisa nglawan mungsuhe sing ateges kudu ditugel gulune, Jungkung isih kober nyebut nenuwun marang Gusti supaya dislametake ora dicemplungne menyang neraka.

 

Wong sing nyekel golok kuwi tumuli njambak rambute Jungkung, digeret mendhuwur supaya Jungkung bisa lungguh, kanthi mangkono bakal luwih gampang olehe nugel gulune. Jungkung merem ora wani nyawang gaman sing arep nyembeleh gulune.

 

"Saiki klakon tak tugel gulumu kowe Jungkung, ndhasmu bakal diijolne lemah teles tinggalane Biyung angkatmu" kandhane wong sing nggawa golok kuwi karo arep numpangne landheping goloke menyang gulune Jungkung.

 

"He setan alas, sapa kowe wani-wani arep ngregeti papan kene kanthi arep nyembeleh menungsa sing wis ora duwe daya he?" durung nganti goloke wong kuwi nyenggol gulune Jungkung, dumadakan ana wewayangan kumleyang mrepegi papan kuwi karo ngucp pitakonan kanthi suwara sing sereng. Tangane wong sing lagi teka kuwi wis kenceng nggoceki tangan sing nyekel golok, saking kencenge golok kuwi nganti tumiba ing lemah.

 

Jungkung ngelekne mripate, jebul neng kono wis ngadeg wong gedhe dhuwur, sandhangane sarwa ireng, tangane sing siji sajak entheng nyekel tangane wong sing arep nyembeleh gulune, digeret munggah nganti wong sing mau nyekel golok, kaya pitik sing lagi bubar dibeleh banjur diangkat salah siji suwiwine.

 

"Aku ngerti kowe wong lima iki nek ndelok sandhang panganggomu  cetha nek andhahane Si Mingkur, wong Undur-undur iya apa ora?" Wong sing lagi teka kuwi takon karo nyawang wong-wong andhahane Mingkur kuwi genti genten, sauntara sing dicandhak tangane wis ora bisa apa-apa, krasa yen tenagane dumadakan wis entek, temah ora kuwat ngglawat.

 

Sing ditakoni padha ora ana sing wangsulan. Malah sing papat padha mlaku maju karo nyepakne gegamane dhewe-dhewe.

 

"Oo dadi kowe arep nglawan aku ?" Wong sing lagi teka kuwi takon karo suwara sing banter "padha lekna matamu kabeh ya? Nek kowe  kabeh durung ngerti, ya aku iki sing aran Sima Rekta, ya Sima Abang. Kene ndang padha maju mrene nek pancen kepengin tak pecahne ndhasmu kabeh".

 

Krungu wong sing lagi teka kuwi nyebut jenenge, wong papat sing wis siaga karo gegamane padha mandheg, wong papat kuwi katon kaget. Luwih-luwih bareng Sima Abang, nguculi tali klambine, dhadhane diungalne mengarep katon ing dhadhane Sima Abang ana rajah (tato) gambar macan galak sing lagi mangap. Wong papat kuwi kaget, campur rasa miris, malah banjur padha ndheprok nyelehne gegamane dhewe-dhewe.

 

"Piye?" Sima Abang takon maneh.

 

"Kula boten wantun kalih panjenengan nDara, kula ajrih, kula nyuwun pangapunten" wong sing mau tangane digoceki Sima Abang.

 

Sima Abang ngguyu banter, nganti godhong-godhong garing sing durung ucul saka wite padha gogrog kaperbawab dening guyune.  Andhahane Mingkur kuwi dadi sansaya wedi, merga guyune Sima Abang krasa kaya arep ngrontog-ngrontogne isen-isene dhadhane wong-wong kuwi.

 

"Kowe andhahane Mingkur kabeh kudune padha tak pateni merga wis arep gawe regede papan lerenku, nanging dina iki aku lagi ora kepengin gawe pepati, mula sadurunge aku nesu kowe gek padha minggat saka ngarepku kene, minggat sing adoh lan aja wani-wani bali mlebu alas kene maneh" kandhane Sima Abang sawuse meneng olehe ngguyu.

 

"Inggih, nDara, kula badhe kesah saking mriki" wangsulane wong sing mau dicekel tangane dening Sima Abang makili kancakancane, banjur tangi lan aweh sasmita kanca-kancane supaya padha lunga ngetutne dheweke.

 

Ora suwe wong lima andhahane Mingkur kuwi banjur kaya setengah mlayu ninggalne papan kuwi. Ora sumbut karo omongane marang Jungkung sadurunge Sima Abang teka.

 

Jungkung sing uga weruh tekane Sima Abang lan weruh apa sing wis ditindakne, banjur tangi mbrangkang marani Sima Abang sing isih ngadeg ana papane sakawit.

 

"Kula ngaturaken panuwun Bendara" kandhane Jungkung sawise tekan ngarepe Sima Abang, isih karo mbrangkang.

 

"He sapa jenengmu Le?" Sima Abang takon karo mesem, tembunge wis ora kasar kaya dhek mau nalika guneman karo andhahane Mingkur.

 

"Nami kula Jungkung Bendara" wangsulane Jungkung.

 

"Ya wis, aku wis ngerti ya gene kowe arep dibeleh dening wong-wong mau, merga pancen salahmu dhewe" wangsulane Sima Abang.

 

"Inggih nDara, salah kula napa nggih?" Jungkung takon apa lupute.

 

"Luputmu mung siji, ya kuwi kowe ora bisa gelut, dadi Mingkur karo Lurahmu kae ya padha wani tumindak ngrebut warisane Biyungmu Angkat. Upama kowe kuwi bisa gelut lan menangan, ora bakal wong-wong kae wani marani kowe banjur gawe crita sing digawe-gawe kanggo ngrebut bandha sing kudune dadi duwekmu dhewe" wangsulane Sima Abang.

 

Jungkung ora bisa semaur maneh, wong pancen nyatane dheweke ora bisa gelut tenan. Lan ya lagi iki Jungkung krungu yen wong ora bisa gelut kuwi jebul luput. Mula Jungkung ya banjur meneng wae. Sima Abang banjur nutugne olehe kandha :

 

"Ngertia Jungkung, jagad iki wis sansaya tuwa, jaman saiki iki sing menangan kuwi sing bakal kuwasa. wong sing ora bisa gelut, uripe bakal njleput, merga bakal gampang dikalahne dening wong sing menangan. Mula dadi wong kuwi nek kepengin urip kepenak kudu dadi wong menangan. Aku wis weruh nek bebalunganmu kuwi yen diopeni bisa ndadekne kowe wong menangan, nanging ya kudu gelem rekasa nyinaoni ulah kanuragan. Yen kowe gelem dadi muridku, mangka sajroning wektu kurang saka setahun kowe mesthi wis dadi wong menangan, nek mung Lurah, Bekel utawa Mingkur saandhahane kae ora bakal bisa menang munsuh kowe. Piye kowe kepengin dadi wong menangan apa pilih kaya saiki iki, uripmu mung dienggo dolanan dening wong-wong sing rumangsa menang kae?".

 

Krungu kandhane Sima Abang sing ngono kuwi, Jungkung rumangsa seneng atine. Mula ora sranta sikile Sima Abang banjur dirangkul karo guneman :

 

"Guru, kula sagah dados murid panjenengan lan kula sumpah wiwit dinten menika kula badhe ndherek sedaya dhawuh saha piwucalipun Guru dhateng kula".

 

"Bagus!" Sima Abang aweh wangsulan karo suwara sing nuduhne senenging atine "Yen ngono, aja kesuwen saiki melua aku lan urip bareng awor aku neng pondhokanku kana".

 

Muni ngono kuwi, karo tangane Sima Abang nyandhak awake Jungkung digeret supaya ngadeg. Jungkung mung bisa nurut, nalika Sima Abang mlaku arep mulih, Jungkung ngetutne neng mburine. Wiwit dina kuwi, Jungkung wis dadi muride Sima Rekta alias Sima Abang. Lan manggon kumpul ana Paguron Parang Abang, bareng lan para muride Sima Abang liyane.

 

 

ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...