Susiana ora semaur apa-apa krungu kandhane Munir sing keri dhewe kuwi mau. Mung ing batin takon-takon ya gene Munir kok ora gelem mundur olehe duwe karep tresna marang dheweke? Kamangka wis dikandhakne lan Munir ya wis ngerti nek wektu kuwi Susiana wis duwe sesambungan tresna karo Sodik sing uga isih duwe sesambungan sedulur karo Munir, enek sing ngarani nek Munir kuwi isih misanan nek karo Sodik. Kajaba saka kuwi Susiana ya ngerti nek cedhake sesambungan paseduluran antarane Keluargane Pak Hari, wong tuwane Munir karto Keluargane Bu Kaji Ali, wong tuwane Sodik kuwi olehe cedhak ora mung mandheg neng pangaran-aran thok, nanging uga katon ing pasrawungan saben dinane. Mula sawuse kandha marang Munir bab sesambungane karo Sodik sing wis kena diarani mateng, sanajan Munir isih nyoba guneman kanggo nutugne sedyane Susiana pilih meneng ora semaur.
"Iki tenan Dhik" wasana Munir mbaleni tembunge "olehku kepengin nyambung talining tresna karo slirane iki ora mung merga kepengin nuruti hardhaning karepku thok, nanging uga ngeman marang Dhis Sus supaya aja nganti getun ing tembe mburine, aku uga kepengin njaga kawibawane jeneng kulawargaku lan kulawargane Budhe Kaji"
"Kok bisa ngono Mas?" Susi takon.
"Iya jalaran Mas Sodik sing satremene kuwi kaya apa, kabeh durung padha ngaweruhi kanthi sanyatane. Ngertine Mas Sodik kuwi wong bagus, alus, sopan, pinter, soleh lan sapiturute. Kamangka aku minangka sedulure Mas Sodik sing kerep awor lan kumpul wiwit cilik, ngerti dhewe yen Mas Sodik kuwi kejaba sinung kabecikan kaya sing tak kandhakne mau uga duwe cacat sing mungguhku cacat sing luwih mbebayani" wangsulane Munir karo praupan sing ketok nek tenanan.
"Apa kuwi Mas?" Susi wiwit kena kepancing karo critane Munir, banjur mburu nganggo pitakonan.
"Sak jane aku ora pati mentala ngandhakne" wangsulane Munir "nanging gandheng kanggo kabecikane Dhik Susi lan kabecikane kulawargaku uga kulawargane Mas Sodik dhewe, kapeksa aku arep blaka bab cacate sedulurku kuwi Dhik".
"Lha ya , cacate Mas Sodik kuwi apa?" Susi rada anyel karo wangsulane Munir sing dianggep mbulet.
"Mas Sodik kuwi ora bisa yen weruh bathuk sing klimis Dhik" wangsulane Munir karo mesem.
"Ora bisa piye ta Mas?"
"Kuwi mung unen-unene Dhik, Mas Sodik kuwi gampang "jatuh cinta" marang sapa wae. Dadi kajaba duwe sesambungan karo Dhik Susi, sak jane Mas Sodik kuwi ya duwe sambung katresnan karo prawan liyane lan ora mung siji loro, nanging akeh" Munir aweh wangsulan karo suwara sing digawe rada alon nuduhne yen sing dikandhakne kuwi barang sing wadi.
"Mosok ta Mas?" Susi sansaya kasengsem ngrungokne apa sing dadi kandhane Munir.
"Kandhani kok" wangsulane Munir karo mesem "aku iki sedulure Mas Sodik wiwit cilik lan aku ya weruh dhewe nganggo mripatku iki, Dhik Sus ngerti dhewe ta nek Mas Sodik kuwi duwe daya pikat sing ampuh marang wong wadon? Jujur wae, prawan ngendi sing ora kepencut weruh tindak-tanduke Mas Sodik sing kajaba kasinungan rupa bagus uga sopan unggah-ungguhe katambahan pinter pisan?".
Susi manthuk-manthuk, atine mbenerake karo apa sing lagi wae dikandhakne Munir, yen Sodik kuwi kajaba bagus uga kabeh tindak-tanduke sarwa nengsemake marang sapa wae sing weruh, luwih-luwih marang bocah wadon.
"Kamangka Dhik Sus ya pirsa ta nek Mas Sodik kuwi uripe rina wengi tansah dirubung karo prawan-prawan ayu sing sepirang-pirang akehe? Gek dhasare Mas Sodik duwe cacat kaya sing tak omongne mau, ora bisa weruh bathuk klimis. Aku ngerti dhewe kuwi, wong sak ploke Mas Sodik manggon neng Pondhok dadi Ustadz kuwi aku wis bola-bali niliki mrana, dadi ya weruh dhewe kahanan sing sanyatane. Critaku iki dudu dongeng sing tak gawe-gawe" kandhane Munir nutugne critane.
Ya wiwit kuwi, Munir dadi luwih kerep sanja ing omahe Susi lan ora arang bocah loro metu bareng dolan-dolan ing sambi kalane preinan. Kamangka sasuwene duwe sesambungan katresnan karo Sodik, durung tau Sodik kuwi ngajak Susi lunga saka omah mung bocah loro tanpa kanca, malah nek pas Sodik ndolani Susi ngana kae, ajek Sodik nembung marang Bapak utawa Ibune Susi supaya melu ngancani jagongan neng ruang tamu.
Lan crita kabeh kuwi dingerteni dening Sodik saka layange Susi marang dheweke sing pirang-pirang lembar dikirimne bareng, nyritakne kabeh lelakon sing banget gawe ngeresing ati. Ya kuwi layang njaluk pangapura marang Sodik, merga awit ora kuwat tekane godha bareng karo ditulise layang kuwi, wis ana petung dadi antarane kulawargane Pak Hari wong tuwane Munir lan kulawargane Pak Wardi, wong tuwane Susiana, yen Munir kudu cepet-cepet dinikahne karo Susi kanggo nutupi wirang merga tumindake bocah loro sing wis ngliwati watesing pager kasusilan.
Nalika kuwi, atine Sodik krasa kaya diiris-iris, nanging bawane wong sing weruh marang takdir lan pangwasane Gusti Allah, lara ing jeroning atine isih bisa disamudana. Malah pas ijabane Susi karo Munir, Sodik uga ngelangake bali melu mangayubagya olehe omah-omah sedulur karo tilas pacare kuwi. Marang Ibune Sodik kandha nek pancen Gusti Allah wis ngersakne Susi kuwi pancen jodhone Munir. Neng omah Sodik ya ora bisa suwe, rampung resepsi ya banjur bali maneh menyang Pondhok nindakne kuwajibane. Kabeh wong sing weruh lan kober pethuk omong-omongan karo Sodik padha gumun lan eram, meruhi Sodik sing babar pisan ora susah utawa gela weruh prawan sir-sirane dirabi dening sedulure dhewe. Malah esem grapyake babar pisan ora uwal saka lambene lan guyune isih keprungu renyah kaya padatane. Nanging wong-wong kuwi kabeh ora weruh tatu sing mengangah ing jero atine nom-noman bagus sarjana weton saka negara Mesir kuwi.
Ngancik tahun katelu olehe ngabdi ing pondhoke, Sodik dikabari dening Ririen, mbakyune nek Ibune lagi gerah rada santer. Sodik ya banjur daya-daya bali menyang ndesane. Jebul gerahe Bu Kaji pancen nemen tenan, nganti olehe ngrawat neng Rumah Sakit Sala ana sepuluhan dina luwih. Bareng Bu Kaji wis waras, ya jenenge warase wong sing wis sepuh panggah wae ora bisa ditegakne. Kamangka anake lanang ya mung Sodik dhewe, mula kanthi pawadan arep nindakne bekti marang Ibune, Sodik banjur matur marang Kyai Pondhoke, mundur olehe dadi Ustadz lan arep bali menyang desane maneh supaya bisa cedhak karo wong tuwane sing mbutuhne kawigaten mirunggan saka dheweke. Pak Kyaine Sodik sing tuhu wicaksana kuwi uga marengake malah kepara njurung apa sing dadi panyuwune Sodik, mung wae Pak Kyai uga pesen supaya sabisa-bisa Sodik mbudidaya murih bisa nular-nularne ngelmu lan kawruh sing olehe entuk saka Pondhok marang wong liya sing mbutuhake.
Klakon Sodik bali menyang omah maneh kumpul karo Ibune. Awit saka panjurung saka Kahar, Ririen banjur masrahake kabeh warisan tinggalane sawargi bapake sing wujud sawah karotengah bahu lan omah sapekarangane marang Sodik. Lan sawuse neng omah rada sauntara, Sodik banjur ditekani salah siji saka sanakane sing njaluk tulung supaya Sodik gelem melu mulang Bahasa Inggris lan Bahasa Arab ing sawijining sekolahan sing lagi dirintis ing Ngawi, ora adoh karo panggonane Sodik. Dadi nganti saiki, kajaba ngopeni sawah lan Sapi sarta wedhuse, Sodik uga duwe samben mulang neng sekolahan dadi Guru sing ora saben dina mlebu.
Sing sok-sok ndadekne Sodik krasa ora kepenak ki, nalika Sodik krungu kabar yen durung nganti setahun olehe omah-omah Munir karo Susi, wong loro kuwi wis pegatan. Ya iku sawise Susi nglahirake anake sing ora gelem ngenger, banjur Munir milih bali menyang omahe wong tuwane maneh, Susi ora dijak lan ora diolehi ngetutne, wekasane Susi banjur milih lunga saka omah. Kabare melu dadi TKW neng luwar negeri.
Ora sida turu, sawise ngglethak karo nglamun dumadakan Sodik kelingan karo Waginem sing mau esuk bareng sak bus karo dheweke. Sodik mesem, bola-bali atine aweh pangalembana marang Waginem, Tukang Laundry sing omahe Ngawi. Bocah kuwi nyata wis ndudut atine, bocah kuwi nyata ayu rupane, bocah kuwi nyata alus solah bawane, bocah kuwi nyata sopan lan nengsemake nalikane guneman. Nanging, omahe Waginem kuwi ngendi? Ngawi, Ngawi penere sisih ngendi?.
Alon-alon Sodik tangi, metu saka kamar arep golek ngombe menyang pawon. Jebul neng pawon, Sampir karo simpen lagi muter VCD, sing diputer karawitan. Satleraman Sodik nyawang gelar karawitan sing wis gawe sengseme Sampir karo bojone kuwi. Dumadakan atine Sodik rada nratab, waranggana ing karawitan sing lagi nembangne Gendhing Pangkur Irama Lamba, wis ndudut kawigatene, sabrebetan memper banget karo Waginem sing lagi wae ngranuhi sajroning pikire.
ana candhake.