Aku wis menggok nurut dalan sing mau dikandhakne dening Ajar Sarapat, dalan
sing tumuju menyang Gunung Lawu. Ora akeh desa sing tak liwati, lakune
Baratketiga sing tak tumpaki wiwit ngambah alas gung, ngancik dalan sing rumpil
lan akeh pepalang kaya dene ri bandhil lan bebondhotan. Pisan pindho aku kudu mudhun
saka gigir jaran lan kapeksa mlaku karo nuntun Baratketiga jalaran kepalang jurang
sing mbambing yen ora ngati-ati bisa kepleset kejegur jurang sing jero,
ndadekne cilaka. Nanging babar pisan ora ana rasa ngresula sajroning ati, iya
labet aku kepengin enggal bisa puruita marang Eyang Resi Doradruwasa lan yen
wis ganep patang wulan utawa satus rong puluh dina wis dikeparengake bali lan
tumuli bisa dhaup karo Andalu.
Sansaya adoh mlebu menyang jero alas, dalan sing kudu tak liwati sansaya
ora karuwan. Aja maneh kok olehe liwat karo nunggang jaran, lha wong mlaku wong
thok wae ngrekasa. Wekasan aku duwe panemu yen satemene nggawa Jaran kanggo
tunggangan iki jebul luwih ngebot-eboti laku, ora ndadekne luwih cepeting laku
kaya sing tak kira sadurunge budhal. Mula nalika ngarepake surup srengenge,
Jaran Kyai Baratketiga tak lukari sandhangane banjur tak bisiki kupinge :
“Baratketiga, aku banget nedha nrima marang kowe sing wis ngeterne
lakuku nganti tekan kene, nanging gandheng kahanan dalan sing kudu tak liwati
kaya ngene wujude, tak jaluk pangapuramu yen kapeksa aku karo kowe kudu pisah.
Sandhanganmu wis tak uculi kabeh muri hora ngganggu nggonmu arep mlaku, saiki
yen bisa balia menyang Majapahit maneh menyang dalem Katumenggungan nanging yen
ora bisa kowe tak wenangake milih jagad ngendi sing arep mbok panggoni lan
milih sapa sing bakal mbok ngengeri urip”.
Krungu tembung sing tak ucapne neng cedhak kupinge kuwi, kaya ngerti apa
sing dadi karepku, Baratketiga nggedhegake endhase ngiwa nengen bola-bali. Aku
ngira yen Baratketiga ora gelem nuruti apa sing tak karepake. Aku dadi rada
gela, kandhaku marang Baratketiga maneh :
“Kowe kudu nurut apa sing dadi prentahku, aku ngerti yen kowe isih
kepengin nutugne nggonmu aweh bebantu marang aku, nanging kowe kudu ngerti nek neng
kene iki kowe ora bisa mbantu aku, malah kepara nambahi sesangganku wae, kowe
kudu bali saiki!”.
Tak sawang saka mripate Baratketiga drodosan banyu luh sing mbanjir
mangisor, Jaran peparinge Rama Tumenggung kuwi sajak sedhih lan nangis. Aku
dadi sansaya anyel. Merga tak anggep Baratketiga kuwi kaya bocah cilik sing ora
gelem ditinggal wong tuwane sing arep lunga blanja menyang pasar, banjur nangis
ngana kae. Merga anyel, aku banjur njupuk cuthik, Baratketiga arep tak gitik
murih gelem tumuli lunga saka ngarepku.
Nanging wangune Baratketiga ora gelem nampa gitikku malah kepara arep
nglawan, ketitik banjur beker-beker ora karuwan. Aku dadi sansaya muring, gitik
tak selehne banjur aku njupuk sabet sing luwih gedhe, Jaran kuwi arep tak
sampluk. Nanging dumadakan ana kedadeyan sing aneh, ora klebu yen digagas
nganggo nalar. Baratketiga dumadakan ilang tanpa tilas, kaya ilange geni damar
sing mati ketiyup ing angin. Ora kaweruhan menyang ngendi parane lunga. Aku dadi
kaget karo sajroning ati ketuwuhan rasa gumun sing ora bisa tak ngerteni
wangsulane.
“Heh Suwanda wong bodho sing kumalungkung” dumadakan saka langit
keprungu suwarane wong sing nguman-uman aku, suwarane cetha mlebu jeroning
kupingku, dudu suwarane angen-angen “bodhomu mbok gendhong mbok indhit, nganti
kowe ora ngerti sapa satemene Baratketiga sing wujude mung sak Turangga. Ngeria
Suwanda, aku Baratketiga iki satemene gegaman kagungane Gusti Tumenggung
Jatikusuma sing dititipne kowe, bisa mbok purih guna lan kabisane lan ora
pisan-pisan kowe diwenehi wewenang kanggo nglarani aku. Nanging gandheng kowe
saiki emoh kanggonan aku, malah akua rep mbok pilara dumeh kowe kuwasa, aku
kapeksa lunga ninggalne kowe. Satemene aku isih kepengin nyoba kasetyanmu
marang dhawuhe Gusti Tumenggung nanging pranyata mung samono kasetyanmu, tenane
nek mung ngliwati dalan sing kaya apa wae rumpile Baratketiga ora bakal
kangelan. Saiki sawangen apa kabisan sing bisa tak tindakne, aku bisa ngambah
gegana. Gandheng kowe wis duwe karep supaya aku lunga, ya tak turuti prentahmu,
aku lunga lan ora arep bali menyang Majapahit jalaran aku uga ngerti yen ing
kana aku wis ora ana sing mbutuhake”.
Aku ndhangak mendhuwur, katon Baratketiga kaya manuk mabur kekiteran ing
ndhuwurku. Akua rep semaur, kepengin njaluk pangapura marang dheweke, nanging
sadurunge tembungku kawetu, Baratketiga wis mabur mendhuwur sansaya dhuwur
wekasan ilang nusup mega-mega, embuh menyang ngendi parane. Kaya dilolosi
bebalung sarandhuning ragaku, aku lungguh neng lemah, lemes tanpa daya. Rasa
getun lan kedhuwung, sedhih lan bingung wor suh dadi siji. Aku nangis nggetuni
bodhoning nalarku, babar pisan aku ora ngira yen Kyai Baratketiga ampilane Rama
Tumenggung kuwi jebul dudu salumrahing jaran. Nanging jaran sembrani sing bisa
mabur ngambah gegana. Saiki jalaran saka bodho lan sembranaku, Jaran sing
tenane bisa nggawa lakuku menyang Bumi Kedhuwang kanthi gampang kuwi wis lunga,
lunga ninggalake aku jalaran tak prentah lunga. Lungane Kyai Baratketiga karo
nggawa ati sing gela marang aku.
Nganti suwe aku lungguh meneng njetung karo ati nelangsa sambat-sambat
nutuh awakku dhewe. Ora krasa kahanan ing sakiwa tengenku wis dadi peteng
ndhedhet lelimengan. Aku ora bisa weruh apa-apa, jalaran wis rada suwe
srengenge sing duwe daya aweh pepadhang marang lumahing bumi, ambles neng
cakrawala sisih kulon. Gandheng aku kelingan nek papanku iki cedhak karo jurang-jurang
sing jero, aku ora wani obah ngalih saka panggonanku lungguh, kuwatir yen
nganti aku salah nggonku njangkah temah kepleset kejegur jurang, mesthi bakal
mati ora ana sing ngaweruhi. Aku banjur mapan ngglethak ana kono. Aku lali yen
petenging wengi satemene bisa diwiradati sarana nguripake geni nganggo
thithikan watu sing tak gawa, thitikan watu minangka piranti kanggo gawe geni.
Sanadyan pikiran kuwur, nalar bingung, ati susah, nanging kegawa saka
keseling raga, ngglethak neng lemah tanpa payon apa-apa, neng tengahing alas
kuwi aku bisa turu kepati. Aku lagi nglilir nalika ana suwara rame, suwarane
ayam alas sing padha petok lan kluruk sesautan manembrama tekane srengenge sing
durung katon, mung saka cakrawala sisih wetan mega abang wis aweh tengara lamun
ora suwe maneh srengenge bakal teka. Aku tangi saka nggonku ngglethak, nanging
kaya mau sore, aku durung wani ngadeg utawa ngalih saka papanku kuwi, merga
kahanan isih peteng, lor kidul durung cetha ngendi prenahe.
mBaka sethithik petenging wengi sansaya nipis. Sanadyan durung ngatonake
wujude, nanging srengenge wis nuduhne katiyasane. Bumine wiwit katon padhang.
Manuk-manuk wis padha rame anggone ngoceh lan tetembangan ana wit-witan, ora
adoh saka papanku leren. Ocehing manuk alas sing ora mung siji jinise, sesahutan
mawa unine dhewe-dhewe, ndadekne caruban suwara maneka warna dadi siji,
keprungu endah lan kepenak dirungokne. Sapandurat aku lali karo kahanan sing
lagi tak sandhang, kepilut endahing suwara ocehane manuk. Dumadakan aku dijagetne dening suwara sing
beda, dudu suwarane manuk sing lagi ngoceh, nanging cetha yen kuwi suwarane
manungsa. Suwara sing ora banter, nanging bisa dirungokne kanthi kepenak, suwara
rerepen tembang dhandhanggula :
Ana loro sandhanganing jalmi
Kang kapisan diarani beja
Cilaka kaping pindhone
Lelorone puniku
Satemene bisane dadi
Sandhanganing manungsa
Mung saka ing laku
Laku becik dadi beja
Laku nistha cilaka ingkang ngeloni
Mangkono kodratira.
Ana candhake.