Total Tayangan Halaman

Jumat, 16 September 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (098)

98.

Guru jumeneng njegreg ing lambening sendhang, karo mirsani weninging banyune sing nganti katon dhasaring sendhang wujud pasir lan watu-watu cilik sing kaya ditata, katon tharik-tharik, sauntara aku karo Lancur ngadeg neng pungkure. Guru ora tumuli ambyur kaya sing wis ditindakne dening Kang mBok Setyawati lan abdi-abdine mau, malah banjur noleh memburi nyawang aku lan Lancur, karo ngendika, mundhut pirsa lan panemu :

 

“nDika sakloron apa percaya karo sing dikandhakne Setyawati mau?”.

 

“Bares kemawon kula boten mangertos Guru” aku atur wangsulan “kewedan anggen kula badhe matur, menawi nyata bilih korining kadhaton Katentreman menika manggen ing telenging sendhang menika, raosipun aneh saha boten kepanggih ing nalar, nanging nyatanipun Ratu Setyawati tuwin abdinipun kekalih wau sampun langkung rumiyin ambyur lan awakipun piyambak kapurih nututi”.

 

“Dudu kuwi sing tak karepne Gus” Guru ngendika karo cengar-cengir nuduhne lucune “aku sujana Setyawati yen sing dikandhakne Setyawati mau mung sarana kanggo gawe cilakaku lan ndika sakloron. Mula bener miturut panrawanging mripatku ing dhasaring sendhang iki ana lawing sing tumuju menyang sitinggil kraton Katentreman, nanging bisa wae ing jerone sendhang iki ana utawa akeh buron banyune sing galak lan mawa wisa, kamngka sing bisa nyrateni buron-buron banyu kuwi mung Setyawati lan abdi-abdine, banjur nalika awake dhewe ambyur lan slulup menyang dhasaring sendhang banjur dikruyuk dening buron-buron sing mawa wisa kuwi, awake dhewe bisa cilaka sadurunge bisa mlebu menyang kedhatone Setyawati”.

 

“Nanging Guru gajegipun rak sampun saged nglulutaken wisaning gegremetan kados sawer lan sapanunggalanipun ta?” aku matur, kelingan yen tau weruh Guru tau dolanan ula mandi, ya iku ula bandhotan emprit sing mandine wisane bisa gawe patine sapa wae sing kena dicakot.

 

“Beda Gus, saben buron sing mawa wisa duwe watak sing ora padha” wangsulane Guru karo mesem “nek mung bangsane ula lan gegremetan ing dharatan, kanthi gampang aku mesthi bisa ngatasi, nanging nek ngadhepi buron banyu sing mawa wisa, aku durung ngerti bisa ngayomi ndika sakloron apa ora?”.

 

“Lajeng prayoginipun kados pundi Guru?” aku matur karo neng angen-angen tuwuh rasa kuwatir, yen nganti Guru ora sida ngetutne lakune Kang mBok Setyawati, Ratu Kraton Katentreman mesthi bakal nesu lan embuh nganggo srana apa mesthi banjur mbudidaya nundhung Guru sarta aku lan Lancur saka papan kene digusah kaya nggusah kewan. Gelem ora gelem bakal dadi pancakara antarane Guru, aku lan Lancur mungsuh Kang mBok Setyawati, Ki Jurudah lan Ki Prasanta. Aku mung kari bisa ngarep-arep, muga-muga mengko yen klakon dadi kerengan tenan, Kang mBok Setyawati lan para abdine bisa dikalahake.

 

“Saiki kari anteb lan tekad ndika kepriye?” Guru mbalekne pitakonku “wani apa ora nempuh bebaya iki? Yen ndika ora wani, kuwi aran lumrah lan babar pisan ora kena dianggep luput, becike awake dhewe enggal oncat wae saka papan kene sadurunge Setyawati mbalik mrene karo ngerigne wadya balane kanggo nggusah awake dhewe. nDika aja kleru tampa, aku ora wedi saupama klakon dadi kerengan antarane aku mungsuh Setyawati sawadya balane, nanging aku kuwatir yen nganti sajroning pancakara mengko Setyawati nganti tumekan pati, jalaran jenenge adu kasekten bisa wae Setyawati utawa aku sing bakal tumekeng lampus, jalaran kekarone padha dene suthik yen kudu kasoran. Lan yen nganti Setyawati sing mati, awake dhewe babar pisan ora bisa ngukup bathi apa-apa, malah kepara bakal kelangan, mligine ndika dhewe Gus Wanda”.

 

Tak gagas-gagas apa sing didhawuhne Guru kuwi pancen bener. Nanging nek aku milih oncat saka kene, mangka gegayuhanku kanggo bisa mengku Kang mBok Setyawati bakal gagar wigar babar pisan. Mula sawuse tak timbang lan tak limbang-limbang, aku arep matur marang Guru yen embuh apa sing bakal kelakon, luwih becik aku milih wani wae nggebyur ing telenging sendhang iki, mbok menawa ana pitulunganing Dewa sing bisa nylametake aku temah bisa manjing kedhaton lan ngunggahi sitinggil kraton Katentreman, ing kono bakal tak kandhakne isen-isening atiku marang Kang mBok Setyawati. Kaya sing didhawuhne Guru sadurunge budahl mrene mau, ya iku Guru paring dhawuh supaya aku kandha blaka marang Kang mBok Ratu yen aku banget tresna marang dheweke lan nedya ngajak urip bebarengan dadi bojo.

 

Nanging kepiye karo Lancur? Apa aku mentala lan tega, ngajak Lancur nempuh bebaya sing kaya ngene gedhene?. mBok menawa wae kanthi jiwa satriyane, Lancur milih melu wani ambyur menyang dhasaring sendhang sing mbok menawa wae bakal mati merga dikruyuk buron banyu sing ana sendhang iki, kamangka Guru uga wis blaka yen durung karuwan bisa ngayomi. Banjur apa entuk-entukane Lancur nganti direwangi ngudhokne nyawane kuwi?. Lan yen nganti Lancur klakon dadi kurban ing dhasaring sendhang iki mung merga nglabuhi aku, iki cetha nek ora adil. Apa klakon mentala tumindak ora adil marang wong sing wis akeh labuh marang aku iki?.

 

“Dadi wong kuwi aja gampang bingungan Gus” kaya ngerti sing ana gegambaraning gagasanku dumadakan Guru paring dhawuh, karo cengar-cengir lucu “anggon ndika kedanan marang sedulur tunggal guru ndika kuwi pancen angel ditambani kajaba yen wis kelakon, mula nek mung kudu ngadhepi bebaya wisaning buron banyu ing sendhang iki kuwi tumrap ndika jeneng barang sing mung sepele. Uga watak sing diukir dening Tumenggung Jatikusuma nalika ndika dadi anak angkate kae pancen elok tenan. Nanging, ndika aja banjur bingung ngono kuwi, ora becik!, mundhak cepet gendheng kaya aku iki he he he he”.

 

“Inggih Guru” aku wangsulan karo mesem kecut “lajeng kados pundi prayoginipun? Keparenga Guru paring kali damar”.

 

“He he he ……Gampang tur nganggo banget kuwi” Guru paring wangsulan karo ngguyu “saiki ndika rungokne aku tak kandha marang Ki Lancur”.

 

“Mangga Guru”

 

“Ki Lancur” Guru nimbali Lancur.

 

“Wonten dhawuh Guru?” atur wangsulane lancur karo nundhuk kurmat.

 

“Murih luwih slamete urip ndika” Guru nutugne paring dhawuh “ndika kanggo sawatara wektu kudu pisah karo aku lan Gus Wanda, jalaran kaya sing wis ndika rungokne dhewe, aku karo Gus Wanda arep ambyur ing telenging sendhang iki, kamangka kira-kira wae, ing sendhang iki akeh bebaya sing bisa gawe patine sapa wae sing wani nyemplung. Lan nek dijupuk tuna bathine, yen ndika melu-melu ambyur menyang sendhang iki luwih akeh tunane tinimbang bathine. Mula sadurunge aku lan Gus Wanda ambyur menyang sendhang iki, ndika bakal tak sawatake metu saka wewengkon Kraton Katentreman lan Sendhang Pangayoman kene, ndika bakal bali ing jagad kang nyata dudu jagad maya kaya wektu iki. Mengko nek wis rampung aku karo Gus Wanda nindakne prakaryan iki, ndika bakal tak temoni lan awake dhewe bali kumpul kaya wektu sadurunge iki”.

 

Durung nganti Lancur atur wangsulan, dumadakan Guru wis mandi slendhang sutra ireng ing astane. Ora karo ngendika apa-apa, slendhangireng dikebutne marang ragane Lancur. Eloking kahanan, Lancur tumuli ilang saka pandulu padha sakala. Ora suwe lamat-lamat keprungu Lancur guneman aweh warta :

“Guru, kula sampun dumugi jagad ingkang nyata, samangke kula mapan ing sangandhaping wit kepuh ageng ing caketing sumber toya. Kula namung saged memuji mugi Guru lan Gus Wanda sageda lebda ing karya, kula ngrantos rawuhipun Guru ing ngandhaping Kepuh menika sinambi ndedonga dhumateng Dewa Maha Kawasa”.

 

Guru mesem, ora mangsuli suwarane Lancur sing mung lamat-lamat kuwi, malah banjur paring dhawuh marang aku :

 

“Ayo Gus, awake dhewe nuli ambyur menyang sendhang iki, selak dadi pangarep-arepe calon garwamu Ratu Setyawati”.

 

“Mangga Guru suwawi kula dherekaken” wangsulanku karo tata-tata arep ambyur menyang telenging sendhang.

 

 

 

Ana candhake.

 

Kamis, 15 September 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV (097)


 97.

Ratu ing Kraton Katentreman kuwi mung manthuk-manthuk krungu pawadan sing dingendikakne Guru dene Guru wani tindak ninggal Candhi ing Gunung Kumitir sing tanggung jawabe. Dadi kanthi pawadan iki cetha yen Guru ora ninggalne jejibahan, sanadyan Guru kena diarani kluyuran tekan ngendi-endi, nanging Candhi ing Gunung Kumitir tetep ana sing ngreksa kayuwanane.

 

“Dene pandakwa ndika sing angka loro” Guru nutugne olehe ngendika “temene ora bener yen aku nggodha Raden Bagus Suwanda anggone lagi arep ngayati nindakne laku Sabar Narima sing ndika dhawuhake, nanging aku malah kepara asung pambiyantu murih luwih cepeting laku nggone Raden Bagus Suwanda bisa nguwasani Ngelmu Sejatining Sih. Jalaran aku uga weruh yen temene kawruh ndika ing babagan Ngelmu Sejatining Sih kuwi uga durung paya-paya sampurna, lan aku weruh cara sing luwih cepet tumrap ndika lan Raden Bagus Suwanda kanggo ngaweruhi Aji Sekti Ngelmu Sejatining Sih tilarane Sang Maharsi Doradruwasa sing suci kuwi. Mula aku banjur nganthi Raden Bagus Suwanda kanggo nemoni ndika, kaya sing wis klakon iki. Mung kuciwane, wangune ndika durung bisa nyingkur sipat adigung sing mapan ing sela-selaning pangrasa, temah ndika milih ndhisikne nyawang remeh marang aku sing mung wong gendheng tilas bramacorah lan trahe wong dosa sing dhemen nindakne laku palacidra, babar pisan ndika nyingkur jiwaning adil lan wicaksana temah ora katon ing pandulu ndika sing abang ora selawase dadi abang, sing ijo ora selawase dadi ijo, sing reged ing titi mangsane uga bisa dadi resik lan kosok baline sing suci yen ora ngati-ati bisa malih dadi njejemberi……….”.

 

“Cukup!” rada banter Kang mBok Setyawati celathu, ngendheg kojahe Guru Raden Kala Canthuka karo ulat sing katon tenanan nuduhne yen migatekne apa sing dingendikakne Guru “aja ndika tutugne nggon ndika kandha, minangka titah lumrah aku wis ngrumangsani yen panggah kanggonan cacad, lali sarta luput. Nanging aku uga weruh laku pangati-ati kuwi luwih wigati murih ora gampang kena diapusi. Aku uga mbenerake lan ora ngluputake apa sing ndika kandhakne, sepisan maneh sing ndika ucapake mawa lathi, nanging aku durung ngerti apa sejatine sing ana ing waliking ukara sing ndika kandhakne. Luwih-luwih nalika aku njaluk wektu marang ndika kanggo nglimbang lan nimbang warta lan sarana sing ndika gawa lan njaluk supaya kanggo sawatara wektu ndika ninggalne papan kene nanging ndika ora anuju prana, kanthi mangkono nuduhne yen ndika uga isih ngremehne lan nganggep aku luwih bodho tinimbang ndika, ndika uga ndhisikne rasa sujana lan ora percaya marang apa sing dak kandhakne. Yen aku lan ndika padha ngukuhi benere dhewe-dhewe, mangka ora ana enteke awit ora bakal klakon ana pethuking rembug, sing ana iya sulayaning rembug. Nanging, minangka titah kang wis sinampiran jejibahan nata lan ngreksa Kraton Katentreman sing suci, Setyawati uga kagadhuhan papan kanggo miyak sakehing wewadi, sing sapa wae klebu aku dhewe, mlebu ing papan kuwi mangka bakal katon apa sing dadi isen-isening atine. Apa ndika sarowang wani bebarengan karo aku manjing ing papan kuwi kanggo nuduhne ana aksara apa ing waliking ukara sing diucapake? Yen ndika sarowang ora gelem kanthi pawadan apa wae, luwih becik cukup samene wae ndika ngajak rerembugan aku lan klawan nyebut asmaNe Dzat Sang Murweng Dzat  ndika sakanca bakal tak peksa ninggalne papan kene sarta selawase ora bakal ndika sakanca bisa bali mrene. Piye Raden Kala Canthuka? Ndika wani apa ora?”.

 

Ana rasa geter kaworan ndhredheg ana jeroning dhadhaku krungu ucape Kang mBok Setyawati sing keri dhewe iki mau. Apa sing dikandhakne kuwi mau cetha yen wujud panantang marang Guru lan uga marang aku. Yen sing dikandhakne Kang mBok kuwi nyata, mangka aku mesthi bakal kewirangan awit wis kejodheran wewadiku, ya iku yen satemene aku ora pati merdulekne marang apa sing sing diarani Ngelmu Sejatining Sih, sing baku malah aku mung kepengin bisa mengku Kang mBok Setyawati bisaa dadi sisihanku, dene lekas kanggo ngaweruhi Ngelmu Sejatining Sih wewarah saka Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa kuwi bisa diarani mung pawadan wae. Nanging, yen nganti aku matur marang Guru supaya aja nggugu sing dadi karepe Kang mBok Setyawati luwih abot maneh pepulihe, yen klakon Guru lan aku sarta Lancur klakon dipeksa ninggalne papan kene lan ora bakal bisa bali mrene maneh, ateges pangarep-arepku bisa mangun bebrayan karo Kang mBok Setyawati wis gagar wigar lan buyar, mung mandheg tekan samene. Atiku dadi peteng dhet-dhet lelimengan kaya petenging wengi sing langite ketutupan mendhung ireng.

 

Aku uga ora bisa ngira-ngira apa sing ana penggalihe Guru, jumbuh karo sing dingendikakne apa ora? Nanging aku weruh yen Guru kagungan aji jaya kawijayan sing angel ditaker sepira akehe, mbok menawa wae bisa gawe tambar dayaning papan sing dikandhakne Kang mBok Setyawati mau. Lire, sanadyan wis manjing papan sing ora tulisaning ati sing bisa didhelikne, nanging merga dayaning aji jaya kawijayan sing digadhuh dening Guru luwih unggul, ndadekne Guru panggah ora bisa diwaca suwara sing ana penggalihe. Apa Guru uga bisa ngayomi marang aku lan Lancur ing papan sing dikandhakne Kakang mBok Setyawati kuwi?.

 

Tak lirik pasuryane Guru katon peteng, lathine rapet, palarapane katon sedhela-sedhela dijengkerutne, wangune wae lagi menggalih marang apa sing lagi wae dikandhakne Ratu Kraton Katentreman mau. Nganti rada sauntara Guru ora ngendika apa-apa.

 

“Piye Raden Kala Canthuka? Apa kurang cetha sing dadi kandhaku mau?” Ratu Kraton Katentreman kuwi ngambali pitakone.

 

“Ora, Ora Ratu” semu glageban Guru wangsulan “sing ndika kandhakne wis cetha lan wis tak ngerteni kabeh sing dadi surasane. Mung wae, krasa aneh ing angen-angenku dene ana papan kaya sing ndika kandhakne kuwi, kuwi nyata apa ngayawara?”.

 

“Ing kene sansaya cetha Kala Canthuka” Kang mBok Setyawati wangsulan karo mesem ngece “ing babagan iki wae ndika wis nggagas kanggo ora percaya karo sing tak ucapne, yen mangkono uga bisa dijupuk dudutan yen tenane antarane ndika karo aku iki padha dene olehe ora duwe rasa percaya marang siji lan sijine……..”.

 

“Mengko dhisik Ratu” kaya wong gragapan Guru nugel rembuge Kang mBok Setyawati “aku ngandel lan aku percaya marang apa sing ndika kandhakne mau kanthi sawutuhe. Aku mung kepengin weruh, papan sing ndika kandhakne kuwi manggone ana ngendi yen wis cetha papane, aku mesthi wae wani nggawa Raden Bagus Suwanda lan muridku sing jeneng Ki Lancur kuwi manjing ing papan sing ndika kandhakne yen ing kono kabeh wewadining ati bakal katon ngegla lan cetha”.

 

“Manggone ing Sitinggil Kraton Katentreman dene dalan kanggo tekan kana, bisa ngliwati telenging Sendhang Pangayoman ing sisih kono kuwi” muni ngono kuwi Kang mBok Setyawati karo nudingi Sendhang sing banyune bening lan nyarong nengsemake “Yen ndika wis saguh, ayo tutna lakuku ngunggahi Sitinggil Kraton Katentreman”.

 

Bubar ngucap ngono kuwi, Kang mBok Ratu banjur ngadeg, kursi gadhing sing mau dilungguhi dumadakan ilang saka pandulu, banjur prentah marang abdine :

 

“Ki Prasanta aja kesuwen nggonmu kapusan dening rasa lara sing mung semu kuwi, ayo dherekna aku munggah menyang Sitinggil. Ki Jurudah, ndhisikana laku bukaken korine”.

 

“Sendika Gusti” Ki Prasanta lan Ki Jurudah wangsulan bareng. Ana kaelokan maneh, Ki Prasanta sing mau ora kuwat ngglawat kesawaban slendhang pusakane Guru lan sandhangane sing rowak-rawek, wis bali pulih kaya sadurunge.

 

Ki Jurudah nyembah banjur ndhisiki mlaku, nyedhaki Sendhang sing banyune bening direngga dening wira-wirining iwak banyu sing padha nglangi kanthi mardika. Ki Jurudah banjur ambyur menyang Sendhang, ora suwe Kang mBok Ratu uga banjur ambyur bablas slulup menyang Sendhang kuwi diterokne Ki Prasanta. Guru aweh sasmita marang aku lan Lancur supaya ndherekne Guru nututi lakune Kang mBok Ratu.

 

 

Ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (096)

96.

Sauntara Guru karo Ratu Kraton Katentreman padha omong-omongan, tak sawang Ki Jurudah mlaku nyedhaki Ki Prasanta sing isih ngathang-athang, ora obah. Alon-alon Ki Jurudah nulungi sedulure kuwi supaya tangi, lan kanthi katon ngrekasa banget Ki Prasanta bisa lungguh, nanging kahanane katon melas banget, praupane dadi pucet kaya praupan mayit, sandhangan sing nutupi ragane padha rowak-rawek kaya disuwek-suwek, perangan ragane Ki Prasanta kaprenah dhadha katon geseng kabeh nandhakne yen lagi nandhang tatu njero sing rada nemen. Ora mung aku sing nyawang kahanane Ki Prasanta, Lancur, Guru lan uga Kang mBok Setyawati tak lirik uga padha maspadakne anggone Ki Jurudah nulungi tangi sedulure.

 

“Kala Canthuka” Kang mBok Setyawati wiwit guneman maneh sawuse rada sauntara nguwasi kahanane abdine sing memelas kedadeyane kuwi “yen nyawang wohing tumindakmu marang punggawaku, kaya-kayaa aku arep tega nguntapne patimu, nanging gandheng aku isih eling yen sing wenang murba pati uripe titah kuwi mung Hyang Kang Maha Agung, ndika isih tak wenehi kalodhangan kanggo lunga saka kene kanthi kahanan sing wutuh. Mula sepisan maneh tak ambali kandhaku, diage ajaken kanca rowangmu lunga ninggalne papan sing dadi wewengkonku iki kanggo selawas-lawase, ora pisan-pisan aku marengake bumi wewengkonku kapidak sikile titah sing kaya ndika sarowang, mula diage ndika budhal lunga lan aja nyoba bali mara mrene maneh!”.

 

“nDika aja banjur gumendhung dumeh kasampiran panguwasa ngono kuwi Ratu” Guru aweh wangsulan karo mripat sing murup nandhakne yen panjenengane uga lagi duka “madeg ndika ing papan sing ndika arani Kraton Katentreman lan Sendhang Pangayoman iki ora kasampiran jejibahan menging titah liya urip ing papan yasane Gusti Sing Maha Nitahake iki, dadi sanadyan ndika kuwi kena diarani Ratune papan kene iki, nanging ndika ora wenang menging wong utawa titah liyane melu manggon ana kene”.

 

“Aku kasampiran jejibahan ngreksa katentremane papan iki Canthuka” Kang mBok Ratu semaur banter karo ngepelne tangane, mripate uga katon angatirah, praupane mbrabak abang mangar-mangar. Nanging saka rumangsaku, nadyan sajroning kahanan nesu, ewa samono ayune Kang mBok Setyawati babar pisan ora suda, malah kepara sansaya wuwuh sulistyane. Aku dadi sansaya kasengsem ndulu kaendahaning titahing Gusti sing jeneng Setyawati iki.

 

“nDika mung bisa kandha nanging ora gelem nindakne sampiran jejibahan sing lagi wae ndika kandhakne kuwi Ratu” ora kalah sengole, Guru ngendika marang Kang mBok Setyawati.

 

“Aku ora mbutuhne pambijimu Canthuka, ndika sarowang wis gawe kisruhing wewengkonku, kanthi wani mara mrene banjur pamer kasudiran lan wis wani milara punggawa kraton Katentreman. Kudune ndika sarowang nampa pidananing Ratu Katentreman, nanging kagawa saka gedhening rasa welasku marang ndika sakanca, ndika sakanca ora tak patrapi pidana, mung tak kongkon tumuli lunga saka kene, mula enggal lungaa, aja ngenteni tak peksa nganggo cara sing mbok menawa bisa ndadekne ndika sarowang konclang nganti tekan Yamaniloka” karo muni ngono kuwi, Kang mBok Setyawati ngobah-ngobahne slendhang ijo sing mau dienggo nangkis slendhang irenge Guru. Slendhang sutra ijo kuwi, neng tangane Ratu Pangayoman bisa obah kaya obahe ula sing lagi arep nyaut mangsane, kaya ula sing lagi ngangkat sirah lan peranganing awake sisih ngarep, jejogedan arep nibakne upas sembur marang mungsuhe.

 

“Sansaya adoh nggonmu salah tampa Ratu” dumadakan suwarane Guru malih dadi nglendheh mudhun, keprungu sareh “wiwit pisanan aku wis kandha, yen tekaku kene kuwi ora nedya gawe kisruh kaya sing ndika kandhakne kuwi, nanging tekaku kene malah nggawa warta lan sarana murih sansaya tentreme wewengkon sing dadi reh-rehan ndika iki, nanging gandheng ndika ndhisikne rasa sujana lan nggedhekne rasa ora percaya, temah abdi ndika katut melu ngundamana aku, malah ngundhat-undhat dosane wong tuwa lan leluhurku sing wis ngundhuh wohing pakarti ing donya lan lagi nindakne lakuning pangadilaning Hyang Agung ing alam antara, wasana aku dhewe uga banjur lali nganti tumindak sing rada kebacut marang Ki Prasanta ya abdi ndika mau. Mula saiki tak suwun ndika gelema angapura marang aku lan saupama pangapura saka ndika kudu nganggo srana rupa pidana, aku ora bakal ngresula nampani pidana sing bakal ndika tibakne”.

 

Sansaya eram lan kurmatku marang Guru, jebul wong sing kala-kala katon kaya wong ora ganep nalare kuwi, nggembol jiwa sing agung lan mulya. Sanadyan nggadhuh kasekten sing kena diarani punjul ingapapak, parandene Guru isih ndhisikne weninging nalar kanggo nggayuh katentremaning sasama. Malah Guru uga ora suwala yen anggone tumindak merga saka lalining ati, kabranang pancinganing liyan, saupama kudu dianggep luput lan saguh nampa pidana barang. Aku tumuli nggagas sing katumpangan rasa pangarep-arep, kudune sawuse ngerteni apa sing dadi kersane Guru iki mau, Kang mBok Setyawati bisa migunakne nalare sing wening, ora ndhisikne rasa adigunge, banjur nggugu marang apa sing didhawuhne Guru mau. Ya iku tumuli nglumahake tangan nampani nugrahaning Gusti, ngrengkuh aku dadia gurulakine. Kanthi mangkono Ngelmu Sejatining Sih bakal tumuli bisa diweruhi kanthi wutuh temah bisa mbabar karaharjan lan katentremaning jagad, mligine katentreman lan karaharjane wewengkon Kraton Katentreman lan Taman Pangayoman sing dadi reh-rehane.

 

Pangarep-arepku sansaya ngrembaka wor lan rasa seneng sing wiwit ngebaki dhadha, nalika tak sawang Kang mBok Setyawati wis ora katon galak kaya mau, pasuryane bali ruruh jatmika lan merak ati maneh. Slendhang sutra ijo sing mau kober diobahne kaya ula bandhotan arep nyamber mangsan wis bali disimpen ana waliking busanane. Lan ora tak weruhi sangkane, ing sandhinge Kang mBok Setyawati wis cemawis kursi gadhing sing endah lan nengsemake. Alon-alon Kang mBok Setyawati banjur mapan lungguh ing kursi gadhing sing lagi wae jumedhul tanpa sangkan kuwi. Katon sansaya mundhak agung lan mrebawani.

 

“Sing ndika kandhakne kuwi pancen ana benere Raden Kala Canthuka” kanthi suwara alus sawuse mapan lungguh ing kursine Kang mBok Ratu wiwit guneman “aku ora selak pancen ana rasa sujana ing atiku marang ndika, nanging ndika aja banjur ngluputake aku jalaran nggonku duwe rasa sujana iki ana dhasare. Ya iku kang kapisan, aku weruh yen temene ndika wis nglirwakne jejibahan sing kudune ora bisa ditinggal, ya iku ngreksa kayuwanane Candhi ing Gunung Kumitir, nanging nyatane ndika wis kluyuran nganti tekan papanku kene. Kapindho, ndika wis kumawani nggodha marang sedulurku anom ya iku Dhimas Suwanda sing kudune dina iki miwiti nggone nindakne laku sabar narima minangka tebusan olehe wis gawe pepati sadurunge nguwasani Ngelmu Sejatining Sih, nanging malah ndika ajak bali maneh menyang Taman Pangayoman kene. Ewa samono, ndika isih bisa kandha yen teka ndika iki ora nedya gawe kisruhing kahanan ing Kraton Katentreman, nanging kepara  nggawa warta lan sarana murih sansaya tentreme jagad sing dadi wewengkonku, nganggo dhasar apa ndika bisa ngucapne tembung kuwi heh Raden Kala Canthuka?”.

 

“Ngene ya Ratu” Guru semaur karo ngguya-ngguyu “aku ora ngluputake nggon ndika nyujanani aku, merga aku uga ngerti lamun tekane sujana ing ati ndika, kuwi jalaran saka ndika durung weruh kang sanyatane, sepisan anane aku ninggalne Candhi Gunung Kumitir sing nyimpen awune wong tuwaku Raden Layang Seta sarta awune Pamanku Paman Layang Kumitir, kuwi jalaran ing wektu iki aku wis duwe siswa sing kena tak percaya lan sembada ngreksa kayuwanane Candhi ing Gunung Kumitir kuwi, yen ndika kepengin ngerti siswaku kuwi sapa, tak blakakne pisan ya iku Raden Gumilar, putrane Sawargi Menak Koncar ing Lumajang. Raden Gumilar nampa dhawuh liwat impen saka Kanjeng Eyang Resi ing Paluamba yen kepengin nggayuh kaswargan tanpa ngliwati laku panitisan utawa kudu klambrangan inga lam antara mbesuk yen wis tumekeng lampus, sranane kudu gelem necep ngelmu sing sumbere saka Paluamba, mula kanthi tekad sing gedhe Raden Gumilar milih lolos saka dalem kadipaten ing Lumajang ninggal kamuktene, banjur nusul aku menyang Gunung Kumitir saperlu nglari ilining ngelmu sing tuke saka Paluamba”.

 

 

Ana candhake.

Rabu, 14 September 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (095)

95.

Olehe guneman mangkono kuwi Kang mBok Setyawati karo suwara sing rada dhuwur, semune nundhung Guru lan wong liyane klebu aku lan Lancur supaya enggal-enggal lunga ninggalake papan sing dadi wewengkone Ratu Kraton Katentreman kuwi. Wis tak badhe sadurunge, Guru mesthi ora manut nuruti apa sing dikandhakne Kang Mbok Setyawati ngono wae, Panjenengane kuwi wong waskitha sing bisa maca tulisan tanpa aksara sing manggon ana atine wong sing diajak guneman, klebu Kang mBok Setyawati. Lan aku percaya yen Guru bakal mbudidaya murih Kang mBok Setyawati lan aku tumuli bisa mangwasani Ngelmu Sejatining Sih, kanthi sarana ndhaupake aku lan Kang mBok Setyawati.

 

“Ratu” Kanthi suwara sing sareh Guru ngendika, aweh wangsulan marang panundhung aluse Kang mBok Setyawati “aku ngerti yen kanggo mutusake percaya utawa ora marang sing wis tak kandhakne mau Ratu mbutuhake wektu, embuh kanggo nggagas embuh kanggo samadhi nyuwun pituduhing Gusti, nanging hara kora kudu nganti sasen-sasen ta? Lan maneh papan wewengkon ndika sing temene mapan ing jagad maya iki jembare tanpa watesan, kanggo nindakne laku nggagas utawa samadhi ndika bisa milih papan sing ora ana sing bisa ngganggu. Mula prayogane Ratu tumuli nindakne laku kanggo nemokne putusan magepokan karo sarana sing wis tak kandhakne mau. Lan aku njaluk idin marang ndika, yen aku arep nunggu wangsulan saka Ratu ana papan kene. Dadi aku ora arep lunga sadurunge oleh wangsulan saka ndika Ratu Kraton Katentreman”.

 

Ratu Kraton Katentreman kuwi ora enggal semaur aweh wangsulan marang Guru, malah banjur tumungkul karo ngeremake mripate, ora guneman apa-apa. Dumadakan tanpa tak ngerteni sangkan parane, weruh-weruh Ki Jurudah lan Ki Prasanta abdi dalem Kraton Katentreman, wis ngadeg ana ngarepe Guru karo ulat sing katon peteng, wong loro kuwi katon mencereng nyawang marang pasuryane Guru. Nanging Guru babar pisan katon ora migatekne marang wong loro kuwi, malah cengar-cengir kaya padatan, bola-bali kukur-kukur mustakane sing ora gatel. Kang mangkono kuwi mesthi wae ndadekne abdi-abdine Kang mBok Setyawati kuwi katon sansaya muring.

 

“He Kala Canthuka” dumadakan karo maju sajangkah Ki Jurudah nggetak Guru kanthi njangkar asmane, mesthi wae atiku sing dadi panas, tak lirik Lancur ya katon ora trima Guru disewiyah dening Ki Jurudah. Alku tumuli ngadeg tata-tata ing sandhinge Guru, samono uga karo Lancur sing wis siaga neng keringing Guru karo sikep sing waspada.

 

“Gajege iki rak Ki Jurudah biyen kae ta?” kaya wong nambong Guru malah genti takon kango mangsuli panggetake Ki Jurudah “kupingku durung pati amoh Ki Jurudah, nek ndika ngajak guneman aku ora prelu bengak-bengok kaya wong nggusah manuk ngono kuwi, nanging nek olehmu mbengok kuwi kegawa saka kahananmu sing wis suda rungon ya ora apa-apa, wong pancen wong sing suda rungon kuwi nek guneman kudu banter ben kupinge melu krungu”.

 

“Aja ngawur kowe Canthuka” wangsulane Ki Jurudah kasar “aku ora budheg kaya pandakwamu kuwi……”.

 

“nDika aja kleru tampa, aku iki ora ndakwa, mung nocogne kahanan, wong sing senengane yen guneman nganggo bengak-bengok kuwi adate lagi suda pangrungune. Nek ndika pancen ora kaya pangiraku ya sokur aku melu seneng, dene upama aku ngajak guneman ndika, ora kudu ndadak nganggo bengak-bengok”.

 

“Setan alas ora tatanan” Ki Jurudah misuh banter “ora sah ndadak kakehan gunem sing tanpa guna, tak cekak wae, kowe gelem tumuli minggat saka kene apa ora he?” .

 

“Mengko dhisik” Guru wangsulan sareh “ndika nakoni aku kaya ngono kuwi wis mikir apa durung upama aku aweh wangsulan rupa pitakonan he?”.

 

“Kowe ora prelu mangsuli kandhaku Canthuka” Ki Jurudah nggereng banter “sing mbaku kowe aja kesuwen njejemberi endahing Taman Pangayoman iki, tak wenehi wektu sapanginang kowe karo kanca-kancamu kuwi kudu lunga ninggalne Taman iki, ngerti?”.

 

“He he he he……” Guru ngguyu njegigis sajak ngece banjur disusul grenengan marang awake dhewe “lagi tumon saiki iki aku, ana ana batur gedibal ping sanga likur, wani nrucak marang satriya siswane Brahmana dibya, apa dumeh lagi kasampiran panguwasa ya?”.

 

“Kowe grenengan apa Canthuka?” Ki Jurudah takon karo nggetak “nek wangsulan sing cetha, aja mung grenengan kaya wong dodol upas ngono kuwi!”.

 

“Raden Kala Canthuka” durung nganti Guru mangsuli panggetake Ki Jurudah, Ki Prasanta amul rembug ngundang asmane Guru.

 

“Iya ana apa Ki Prasanta?” Guru aweh wangsulan kanthi suwara panggah sareh.

 

“Oraa ndika pamerne, aku lan kadangku iki wis ngerti nek ndika kuwi siswane Gusti Patih Maudara sing jumeneng Resi ing Paluamba” Ki Prasanta nyambung rembuge “anane adhiku wani tumindak kasar marang ndika kuwi, ora merga ndika siswane Resi ing Paluamba, jalaran Sang Resi kuwi nyata wikan ing babagan tata krama apadene suba sita, beda adoh karo wewatakane sedulure anom Sang Resi sing wis mutokne ndika kae, kajaba wonge julig, licik uga wuta ing reh tatakrama, wangune lekas ndika dina iki ora tumuli lunga ninggalne papan kene iki merga kegawa saka watak wantune Patih Logender lan anak-anake lanang sing kabeh duwe wulu ana atine kae apa?”.

 

Bener-bener beda karo padatan, Guru sing sasuwene iki ora tau ngrewes diunekne apa wae dening wong-wong lan bocah-bocah cilik sing kerep ngundang kanthi sebutan wong edan, kajaba mung karo cengar-cengir karo ngguyu, dina iki pasurytane Guru katon mbrabak abang nganti tekan kuping, kegawa saka panasing penggalihe krungu rembuge Ki Prasanta mau. Socane Guru katon murup mirsani praupane Ki Prasanta, kaya-kaya abdi Kraton Katentreman kuwi arep diklethak-kletaka sirahe.

 

“Iblis malaningrat kowe Prasanta” pangandikane Guru keprungu sereng marang Ki Prasanta “aja langap-langap waton bisa ngucap kowe Iblis, aku ora bakal lara ati mbok unekne kaya apa wae, nanging nek wong sing wis entek awune jinempana ing angin, sing nyatane kuwi kabeh leluhurku, mbok undhat-undhat kaluputane sing wis tinebus klawan ilanging jiwa lan ragane, nanging panggah isih mbok gunem ing ngarepku, padha wae kowe niyat ngenping lara nggenjah pati, selak kangen karo panasing Yamaniloka”.

 

Bubar ngendika mangkono kuwi tanpa ngenteni wangsulan, Guru banjur mundhut slendhang sutra ireng sing mau tak gujengi pucuke karo Lancur sing wekasan bisa tekan kene. Ing astane Guru, dumadakan Slendhang kuwi dadi kaku, bisa ngadeg dadi kaya pedhang, lan……..

 

“Nya saiki tampanana Prasanta!” Guru ngendika seru karo nyabetake slendhang sing wis dadi kaya pedhang ngarah marang ragane Ki Prasanta sing ora adoh karo papane Guru jumeneng.

 

Ki Prasanta katon pucet saking kagete, wangune ora duwe panyana yen bakal disabet nganggo slendhang pusaka dening Guru. Nanging wis kasep, obahing slendhang sing disabetake Guru kahiring suwara gumuruh kaya bledheg sewu muni bebarengan kuwi wis sansaya cedhak karo gulune Prasanta.

 

“Dhaaaaag……Glegeeeeeerrrrrr……” nalika Ki Prasanta wis katon pasrah, dumadakan ana cahya ijo sing ngerti-ngerti ngadhang ing ngarepe slendhang ireng gegamane Guru. Tumempuke cahya ijo lan slendhang ireng sing diasta dening Guru kuwi nuwuhake suwara kaya gunung njeblug kairing ana lindhu gedhe sing ngoregne papan kono.

 

Guru katon kontal memburi watara telung jangkah adohe, pucuking slendhang katon madhul-madhul kaya diwudhari tenunane. Sauntara Ki Prasanta sing ora sida kena sabetan slendhang jebul isih ksababan, temah konclang watara limang dhepa adohe, tiba neng lemah ngathang-athang durung bisa tangi. Lan ora adoh saka papan sing mau dipidak dening Ki Prasanta, katon Kang mBok Setyawati nyekeli slendhang sutra warna ijo maya-maya, lagi ngadeg lan nyawang tanpa kedhep marang Guruku, Ki Tanpa Aran ya Raden Kala Canthuka.

 

“Wis sansaya cetha yen sedyamu arep adol gendhung ing wewengkonku kene, Raden Kala Canthuka?” alon-alon nanging cetha dirungokne Kang mBok Setyawati nyelathu Guruku.

 

“Aja salah tampa Ratu” wangsulane Guru karo suwara rada kedher “abdi ndika wis kebacut nggone guneman marang aku, dadi kapeksa arep tak padhakne dosane”.

 

 

Ana candhake. 

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (094)

 


94.

Krungu pangandikane Guru sing mangkono mau, atiku krasa dadi rada adhem. Jebul Guru ora mutung krungu wangsulane Kang mBok Setyawati sing ora mbutuhake pambiyantu saka Guru kanggo bisa mangwasani Ngelmu Sejatining Sih. Malah Guru kober nyethakne yen panjenengane ngajeni banget marang wong tuwane Kang mBok Setyawati luwih-luwih marang Eyange. Alon-alon mripatku nglirik pasuryane Kang mBok Setyawati, kepengin ngerti kepriye sikepe sawuse krungu wangsulane Guru sing kaya mangkono mau. Ora ana owah-owahan babar pisan, pasuryane Kang mBok Setyawati panggah katon sumunar mencutake ati, mung kuwi wae.

“Ing ngarep wis tak kandhakne ta Kala Canthuka?” alon nanging cetha Kang mBok Setyawati aweh wangsulan marang Guru “sanadyan aku ora mbutuhake banget-banget marang apa sing arep ndika kandhakne, nanging aku uga ora arep kumalungkung banjur wegah ngrungokne apa sing arep ndika kandhakne. Mung wae, perkara aku bakal nggugu lan percaya sing ndika arani sarana kuwi mau utawa orane gumantung marang dudutan sing bakal tak gagas sawuse aku ngrungokne apa sing arep ndika kandhakne!”.

 

“Matur Nuwun Ratu” Guru ngendika karo mesem “samengko arep tak wiwiti klawan crita kawicaksanan sing ditempuh dening Sang Maharsi Doradruwasa sing mbok menawa wae durung ndika uningani”.

 

“Apa kuwi Kala Canthuka?” Kang mBok Setyawati katon kepengin ngerti karo sing arep dikandhakne Guru.

 

“Ya iku kawicaksanan sing magepokan karo rasa tresnane Sang Maharsi marang siswa-siswane ya iku nalika dumadi pralaya ing Dalem Kabayanan Bulak Pandhe” wangsulane Guru nutugne nggone crita “nalika uninga nalika samana putra wuragile Kebayan Bulak Pandhe sing jeneng Andalu arep suduk jaja jalaran ora kuwat ngampet lara wirang awit pokale Makara lan andhahane, Sang Maharsi tumuli ngetog kekuwatan kanggo nylametake aluse Andalu murih ora dadi bangsa alus sing klambrangan ing alam antara, jalaran Sang Maharsi uga wis pirsa yen satemene Andalu kuwi wis kinodrat dadi jodhone Raden Bagus Suwanda, siswa wuragile Sang Maharsi sing nalika iku lagi arep budhal menyang Keduwang. Mula sawuse ragane Andalu tumiba ing lemah dadi bathang, aluse Andalu banjur tinuntun dening Sang Maharsi menyang Keduwang sing nalika samana mbarengi karo tekane Ratu Pangayoman menyang Keduwang lan tanpa paring weruh marang ndika Ratu, Sang Maharsi wis kepareng mratitisake aluse Andalu nyawiji marang jiwa raga ndika Kang mBok utawa Dhiajeng Setyawati. Coba ndika eling-eling ana kedadeyan apa nalika ndika jumujug ing patunggone Sang Maharsi sing nalika samana lagi nindakne laku ambesut raga jalaran lagi lelana sarana mangraga suksma?”.

 

“Sanadyan durung bisa tak tampa kanthi wutuh” Kang mBok Setyawati aweh wangsulan karo suwara sing ketara yen tulus ing tumeka ati “sing ndika critakne lan sing ndika takokne kuwi ana sing rada memper karo kahanan sing tak temoni, ya iku mbarengi aku mlebu ing patunggone Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa, panjenengane dumadakan wungu saka anggone sare malah banjur jengkar saka patunggon banjur mapan sare maneh ana ing pringgitan lan sadurunge sare luwih dhisik ndhawuhake supaya aku miwiti miyaki rontal ngidungake kakawin sarta kidung suci piwucale para Brahmana duking kuna. Nanging dhawuhe kanjeng Eyang Resi kuwi lagi bisa tak lakoni sawise Kanjeng Eyang Sare, jalaran nalika iku dumadakan aku ngrasakne geter pater sing gawe gonjang-ganjinge jero dhadhaku temah aku meh wae rubuh kantaka lan sawuse ragaku asat saka anggonku adus kringet adhem, lagi gonjang-ganjing kuwi mbaka sethithik ilang lan aku bali pulih kaya sadurunge lan bisa nindakne sing didhawuhne Kanjeng Eyang Resi, nanging wektu kuwi Kanjeng Eyang wis sare maneh”.

 

Aku mung ndomblong wae krungu wangsulane Kang mBok Setyawati sing nyritakne kedadeyan ing Keduwang nalika Kanjeng Eyang nindakne laku ngambara kanthi angragasuksma. Sauntara Guru tak sawang katon cengar-cengir sajak kaya padatan ngana kae.

 

“Ya nalika ndika ketaman rasa gonjang-ganjing ing sajroning dhadha kuwi, mbarengi nyawijine aluse Andalu marang jiwa raga ndika Ratu” Guru paring katrangan mungguh sing dialami Kang mBok Setyawati nalika samana. Atiku dadi sansaya eram marang kawaskithane Guruku, ora krsa atiku dadi mundhak mongkog dene aku wis klakon dadi siswane Guru sing nyata waskitha iki.

 

“Kuwi sing ndika kandhakne marang aku Kala Canthuka?” dumadakan Kang mBok Setyawati wangsulan karo mesem sing aneh, katon ora tulus eseme “kanggo mercaya kandha ndika sing iki utawa kanggo nggorohake aku isih mbutuhne wektu sing rada suwe. Nanging ora ana alane yen ndika tutugne dhisik sing arep ndika critakne iki!”.

 

“Iya Ratu, bakal tak tutugne nggonku arep kandha” Guru sajak ora nggagas marang esem sepa saka Kang mBok Setyawati mau “lan satemene nalika Sang Maharsi paring dhawuh marang ndika murih paring tuntunan marang Raden Bagus Suwanda kanggo ngaweruhi isining Ngelmu Sejatining Sih nalika iku, Sang Maharsi luwih dening uninga lamun ndika satemene uga durung pati pana kanthi sampurna ngelmu kang tinulis tanpa aksara rinembug tanpa ukara kuwi. Dhawuh supaya ndika paring tuntunan kuwi mung minangka sasmita, yen satemene ndika lan Raden Bagus Suwanda bisa sembada lebda lan pirsa sari pathining Ngelmu Sejatining Sih lamun ndika nyawiji dadi siji ing lahir trusing batin. Lire, ndika kudu dadi jodhone Raden Bagus Suwanda lan Raden Bagus Suwanda kudu dadi jodhone Ratu Setyawati Panguwasa Kraton Katentreman”.

 

Guru banjur kendel ora ngendika apa-apa maneh, wangune ngenteni tumanggape Kakang mBok Setyawati marang apa sing dingendikakne iku mau. Aku dhewe rumangsa lega sawuse Guru mungkasi nggone ngendika, rasa kuwatir sing sinurung gagasan neka-neka marang Guru wis ilang tanpa nisa. Guruku Raden Kala Canthuka iki nyata yen Guru Sejati sing welas lan asih marang siswane. Uga Satriya sing bawa leksana, lire bisa anetepi pangandika ora mung nuruti kersaning priyangga, ketitik sanadyan tau kasmaran lan ditampik malah kena sot pisan jalaran anresnani Kang mBok Setyawati, nanging malah saiki mbales kabecikan marang wanita sing ditresnani nanging males kanthi panampik sing nglarani ati kuwi kanthi mbukakne wiwaraning sasmita saka Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa sing durung dingerteni dening Kang mBok Setyawati. Jroning ati aku memuji sarana nguwuh-uwuh jenenge Andalu, kanthi pangajab supaya aluse Andalu sing wis nunggal sajiwa karo Kang mBok Setyawati kuwi tumuli ngobahake jatining rasane Kang mBok Setyawati murih nggugu apa sing lagi wae didhawuhake dening Guru iki mau.

 

Nanging tak enteni nganti sauntara ora mung Guru sing ora nyuwara, sanadyan Kang mBok Setyawati uga ora enggal nanggapi apa sing didhawuhake Guru kuwi mau. Ana karep arep kandha marang Kang mBok Setyawati ing ati iki, nanging aku ora wani.

 

“Apa wis cukup sing ndika kandhakne Kala Canthuka?” sawuse kahanan sepi sauntara, dumadakan Kang mBok Setyawati guneman takon marang Guru.

 

“Uwis Ratu, ya mung kuwi sing arep tak kandhakne marang ndika” wangsulane Guru karo mesem sajak karenan penggalihe “piye apa isih ana sing kurang cetha sing mbutuhake katrangan kanggo nggenahne karepe?”.

 

“Cukup Kala Canthuka” Kang mBok Setyawati wangsulan karo mesem “kabeh sing ndika kandhakne wis tak ngerteni sing dadi karepe. Saiki ndika tak lilani ninggalne papan kene luwih dhisik!”.

 

“Aku durung arep lunga Ratu” Guru wangsulan karo cengar-cengir kaya padatan “aku isih kepengin krungu panemu ndika ngenani apa sing lagi wae tak kandhakne iki mau”.

 

“Kala Canthuka” Kang mBok Ratu wangsulan karo suwara sing rada dhuwur “ing ngarep wis tak kandhakne, yen kanggo bisa mercaya utawa bisa nggorohake crita sing ndika kandhakne kuwi, aku mbutuhne wektu rada suwe, dadi ora bisa aku aweh wangsulan dina iki, sesuk utawa sesuke, sedina rong dina munggahe  nganti tekan sepasar, lan kanggo njupuk dudutan kudu percaya utawa kudu nggorohake critamu kuwi mau, aku mbutuhne suwasana sing sepi samun, dadi ndika kudu lunga luwih dhisik saka kene murih ora ngregon-regoni nggonku arep njupuk dudutan saka critamu mau”.

 

 

 

Ana candhake.


SENDHANG MIUSTIKANING WARIH VI (093)


 93.

Diunekne ngono kuwi Guru mung kari bisa cengar-cengir, wangune rumangsa yen wis diwelehne dening Ratu ing Kraton Katentreman kuwi. Nanging sajake kang mBok Setyawati ya ora pati seneng ndedawa nggone gawe dolanan pangrasane Guru sing sela kora sabar anggone ngenteni wangsulan, ketitik Ratu Kraton Katentreman kuwi tumuli nutugne olehe guneman :

 

“Mula sing dadi dhawuhe Eyang ing Paluamba biyen kae ora ana lupute, nanging gandheng aku uga kaparingan nalar lan budi sing jangkep dening Kang Maha Agung, aku banjur duwe dudutan yen sing dikersakne dening Eyang ing Paluamaba biyen kae, kuwi sikep sing dicakne marang wong sing ora tau kandha goroh lan ora seneng guneman sing ora jumbuh karo kahanan sing satemene mung jalaran saka nuruti ati sing melik, kesusu selak muluk barang sing katone melok. Ewa samono, kandhane wong sing sok goroh kuwi uga durung karuwan yen goroh kabeh, sabab saala-alaning wong mesthi duwe kabecikan lan sabecik-beciking wong uga mesthi duwe cacad utawa kekurangan. Mula, sadurunge aku ngandhakne percaya lan orane marang apa sing arep ndika kandhakne, aku kudu luwih dhisik krungu apa sing dadi kandha ndika kuwi Raden Kala Canthuka. Lan sawise aku krungu klawan kupingku dhewe, lagi bisa tak gawe dudutan aku kudu percaya apa kudu nggorohake”.

 

Guru manthuk-manthuk, karo palarapane bola-bali dijengkerutne. Wangune Guru lagi menggalih utawa nata ukara kanggo mangsuli katrangan sing dikandhakne Kang mBok Setyawati iki mau. Aku rada gumun, jebul ngadhepi Ratu ing Kraton Katentreman iki, Guru sing padatan yen mangsuli sapa wae bisa ceplas-ceplos ora ndadak dipenggalih luwih dhisik, nanging bareng arep paring wangsulan marang Kang mBok Setyawati ketara yen mbutuhne nata ukara luwih dhisik. Ana sethithik pangira sing tuwuh ing atiku, apa merga Kang mBok Setyawati sing ayune ora karuwan iki isih ndadekne Guru kagungan pangarep-arep kepengin ketetsan sih saka Ratu ing Kraton Pangayoman iki? Yen pangiraku iki bener, prasasat Guru wis mentala muthes rasa tresnaku tenan, awit aku ngrumangsani sanadyan mbok menawa wae aku isih menang bagus ing babagan rupa, nanging aku bakal ora menang yen kudu rebutan tresna mungsuh Guruku sing kagungan sewu cara iki.

 

“Lha yen kaya mangkono sing dadi wangsulane Ratu” sawuse kendel rada suwe Guru banjur ngendika, olehe ngendika beda karo padatan, nanging ketara yen kuwi ucape wong sing ganep nalare, dudu gunemane wong sing gendheng “Ratu isih durung percaya marang aku, siswane Kanjeng Eyang Resi ing Paluamba iki?”.

 

“Tak baleni ya Raden Kala Canthuka” Kang mBok Setyawati wangsulan karo mesem, manis banget “yen sing dhawuh lan ngendika kuwi Kanjeng Eyang Resi ing Paluamba, samedhang datan ana kang karempit, kabeh bakal tak percaya lan tak gugu yen iku mesthi benere, jalaran kanjeng Eyang ing Paluamba kuwi kajaba ora tau ngendika goroh, uga ora kagungan melik sing mamrihake hawa napsune dhewe. Beda karo ndika Raden Kala Canthuka, sing aku uga wis ngerti lan kepara wis apal kaya apa lakuning urip ndika sasuwene iki, dadi bares wae, aku bisa percaya lan nggugu sing dadi kandha ndika lamun sing ndika kandhakne jumbuh karo paugeraning nalar sarta ora nerjang pepacuh kapitayan sing tak rasuk”.

 

Sepisan maneh Guruku, ya Ki Tanpa Aran sing kagungan asma asli Raden Kala Canthuka iki manggut-manggut karo nyokoti lathine dhewe. Guru pranyata durung kuwawa nundhukne Kang mBok Setyawati supaya ngandel karo apa sing arep dikandhakne. Ing batin aku ya semu maido marang Guru, ya gene Guru ndadak ndedawa crita, ora enggal ngendika wae yen sranane bisa mangwasani Ngelmu Sejatining Sih, aku karo Kang mBok Setyawati kudu padha-padha anggone ngepek sisihan. Aku kudu ngepek Kang mBok dadia sisihanku, samono uga Kang mBok Setyawati kudu ngepek aku dadia gurulakine?. Apa olehe ora enggal ndhawuhake mangkono mau jalaran Guru wis ngowahi lekas sing jarene arep methukne aku karo Kang mBok Setyawati lan aweh pambiyantu supaya aku klakon bisa ngrabeni Ratu Panguwasa Taman Katentreman iki ? Lire wis owah jalaran Guru isih kagungan rasa kapencut marang sedulur nak dulure kuwi?. Rasaning atiku dadi sansaya ora karu-karuwan, jantungku sansaya krasa dheg-dhegan.

 

“Yen mangkono” Guru banjur ngendika maneh marang Kang mBok Setyawati “apa ora luwih becik tak wurungake wae ciptaning ati suciku kango nuduhake dalan marang Ratu marang kasampurnaning kawruh Aji Sekti Ngelmu Sejatining Sih iki? Sanadyan satemene aku ya weruh dhewe, Ratu Setyawati durung paya-paya sampurna nggone angawruhi Ngelmu Sejatining Sih iki?”.

 

“He he he…..” Kang mBok Setyawati gumuyu lirih nanging keprungu renyah, guyu sing endah, sing bisa gawe rasaning atiku sansaya kayungyun marang sing duwe guyu kuwi.

“Apa sing ndika guyu Ratu?” dumadakan keprungu suwarane Guru takon nganggo suwara sing sajak ora karenan penggalihe midhanget guyune Kang mBok Ratu sing renyah kuwi.

 

“Aja gampang rumangsa Raden Kala Canthuka” Kakang mBok Ratu wangsulan karo ngempet guyune “aku mung nggeguyu awakku dhewe. Ya gene kanggo nindakne jejibahanku dhewe aku kudu ngrungokne kojahe wong liya sing ora ana sambung rapete karo jejibahan sing kudu tak ayahi iki. Saiki babar pisan tak wangsuli pitakon ndika Kala Canthuka, yektine aku ora butuh krungu karo apa sing arep ndika kandhakne kuwi, nanging aku uga ora banjur kumalungkung ngangep yen arep ndika kandhakne kuwi ora ana gunane. Mula wangsulanku, kari sakarep ndika wae, ndika gelem guneman ngandhakne sing ndika arani srana murih enggal bisa nguwasani Ngelmu Sejatining Sih marang aku ya becik, dene ora gelem ngandhakne ya ora ana alane. Lan murih ora katut kalepetan dosa merga kaluputan ndika sing wis wani ninggalne kuwajiban rumeksa  Candhi ing Gunung Kumitir, kapeksa aku kudu nundhung ndika saka papan sing dadi wewengkonku iki”.

 

Krungu wangsulane Kang mBok Ratu sing canthas lan cetha kuwi, atiku dadi masgul sakala. Guru wis dikongkon ninggalne Taman Pangayoman kene, banjur aku kudu kepriye. Yen Guru banjur lunga saka kene, minangka murid aku kudu ndherek mbuh menyang ngendi parane, mangkono iku cetha yen wis nugel tekadku kanggoi bisa ngaweruhi Ngelmu Sejatining Sih klawan wutuh. Lan yen aku kudu lunga saka kene, ateges aku bakal kelangan pangarep-arep kanggo bisa mengku Kang mBok Setyawati dadi sisihanku. Karo meneng aku wiwit nimbang-nimbang, apa sing kudu tak lakonoi sabanjure. Tetep setya marang Guru, apa kudu murtad cukup tekan semene wae anggonku dadi muride Ki Tanpa Aran sing asma asline Raden Kala Canthuka iki?.

 

“Apa sing ndika kandhakne kuwi mau pancen wis bener Ratu” dumadakan Guru ngendika sing suwarane keprungu sabar lan sareh “tumrap ndika iya awit durung sumurup kang sanyatane, wis bener yen ndika ngandhakne ora mbutuhake kandhaku sing arep medhar srana murih ndika tumuli bisa nyampurnakne Ngelmu Sejatining Sih kuwi. Kudune, minangka wong sing ora kepengin dadi Kebo Gerang Nantang Pasangan, luwih kinurmat kanggoku tumuli lunga saka papan kene. Nanging, bareng aku kelingan kabecikan sing tau tak tampa saka Rama lan Ibu ndika temah aku isih dikeparengake urip nganti saiki, ora dikatutake dosane wong tuwa lan eyangku, malah banjur direngkuh kanthi becik dening Eyang ndika ya pepundhenku Kanjeng Eyang Resi ing Palu Amba, aku rumangsa bakal kaya Munyuk sing mendem Kecubung yen aku nganti nuruti panasing ati banjur tumuli lunga saka kene ngono wae”.

 

“Apa sing ndika karepake karo tembung ndika sing keri iki Kala Canthuka?” Kang mBok Setyawati nugel gunem kanthi pitakon sing canthas suwarane.

 

“Aku panggah arep ngandhakne apa sing bisa dadi sarana nggon ndika bisa tumuli mangwasni Ngelmu Sejatining Sih mau. Mung wae sepisan maneh aku takon, apa Ratu kersa paring palilah marang aku ngandhakne apa sing arep tak kandhakne mau?”.

 

 

 

Ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...