013.
Ki
Lurah Brendhilan ingkang ugi sampun dangu mangertos wewatakanipun Raden Mas
Daksina, ingkang boten saged ngampet raosipun menawi sumerep bathuk radi klimis,
boten patos kaget kalihan dhawuhipun Raden Mas Daksina makaten menika. Lan Ki
Brendhilan ugi boten badhe wantun ndaga dhawuh saking putranipun Kyai
Gendirireng ingkang sekti mandra guna kawewahan anggegem panguwaos ingkang
ageng menika. Malah kepara kangge langkung pinitados dening Kyai Gendirireng
minggahipun dening Kyai Nagalanang, badhea kados menapa Ki Lurah badhe
angrojongi sedaya ingkang dados kersanipun Raden Mas Daksina. Namung kemawon,
gandheng ing Brendhilan menika mila kalebet kathah pawestri ingkang kasinungan
warni ingkang sulistya, inggih wiwit ingkang taksih legan, sampun kawengku ing
pria ugi ingkang sampun randha, pramila Ki Lurah lajeng nyuwun pirsa dhateng
Raden Mas Daksina, ingkang badhe kakersakaken menika ingkang pundi?.
Raden
Mas Daksina dhawuh menawi dereng mangertos naminipun wanita ingkang sampun
damel kunjananing manahipun menika, nanging Raden Mas Daksina nyukani
ancer-ancer wanita ingkang dipun kersakaken menika ingkang manggen ing griya
sawetaning margi tikungan, ingkang plawanganing plataran wonten taneman
Blimbing Wuluh cacah kalih manggen ing sakanan keringipun plawangan. Ki Lurah
Brendhilan radi kaget manahipun, nanging inggih boten dangu. Griya ingkang
plawanganing plataran wonten taneman Blimbing Wuluh kanan lan kering menika
boten sanes griyanipun Ki Palir. Dados wanita ingkang sampun damel gandrungipun
Raden Mas Daksina menika boten sanes malih inggih semahipun Ki Palir ingkang
nami Nyai Tandur. Mila Nyai Tandur menika nyata wanita ingkang sulistyeng
warna, jaman prawanipun kondhang minangka kembang dhusun Brendhilan. Dipun
semah dening Ki Palir mila dereng dangu, taksih dereng jangkep setunggal tahun
lan dereng katingal badhe gadhah yoga.
“Nyuwun
pangapunten Den Mas” Ki Brebdhilan lajeng matur “pawestri ingkang jengandika
kersakaken menika, estunipun sampun lola wiwit alit, gesangipun tumut
simbahipun ingkang samangke sampun ngajal. Naminipun Tandur…..”
“Jenenge
Tandur lan wis lola ora duwe sapa-sapa maneh Ki Lurah?” Raden Mas Daksina munggel
aturipun Ki Lurah “yen mangkono malah tiba kabeneran, bocah lola kuwi tak
kukube lan tak mulyakne uripe sarana dadi selirku kang kaping pitu”.
“Nyuwun
pangapunten Den Mas” Ki Lurah atur wangsulan “watawis setunggal tahun
kapengker, Tandur sampun dipun semah dening Palir, inggih kawula ing Dhusun
Brendhilan mriki”.
“Tandur
wis dirabi Palir?” Raden Mas Daksina pitaken malih dhateng Ki Lurah “Palir kuwi
kawula lumrah, nyambut gawene dagang apa tani, apa kalebu Pamong Desa
Brendhilan kene? Wis melu dadi murid Paguron Gendirireng apa durung?”.
“Pangupajiwanipun
Palir menika inggih namung ulah tetanen, ingkang dipun sambi berah-berah
dodolan bau, jalaran mila sabin lan garapanipun boten wiyar lan boten anyekapi
menawi kangge gesang. Lan ing dinten samangke, Palir malah kesah mbara kerja
dhateng Dhusun sanes, inggih menika ing Dhusun Pangapitan, semahipun dipun
tilar ing griya piyambakan lan dipun sambangi saben wulan sepisan. Palir mila
sampun ndherek dados siswanipun ingkang rama, Den Mas” wangsulanipun Ki Lurah
ngaturaken pagesanganipun Ki Palir.
“Hm….
sansaya trenyuh rasaning atiku” Kalihan radi nggereng Raden Mas Daksina nyauti aturipun
Ki Lurah Brendhilan “memelas temen uripe Tandur, ing atase dheweke kuwi wanita
kang sampurna kahanane, teka mung dadi bojone Palir wong lanang sing uripe
kesrakat. Iki jeneng ora adil Ki Lurah!. Ora kena diterus-terusake!”
“Lajeng
kersanipun Den Mas?”
“Mau
aku rak wis kandha ta?” wicantenipun Raden Mas Daksina wiwit radi inggil “aku
kepengin njunjung drajate Tandur. Lan yen Tandur panggah isih dadi sisihane Palir,
tangeh bisane Tandur munggah drajate malah kepara cepak mlorote. Mula Tandur
kudu dipegatake karo Palir, sabanjure Tandur bakal tak pundhut dadi garwa
selirku, Dene Palir, merga dheweke iku isih pandhereke Bapa Gendirireng, mula
sanajan satemene kena dianggep luput merga ora bisa ngepenakake uripe sisihane
malah kepara nambahi sengsarane, babar pisan ora bakal nampa pidana apa-apa.
Malah cawisna brana picis sacukupe minangka pisungsung ndika marang aku, banjur
wenehna marang Palir samangsa-mangsa dheweke sambang omah. Lan kandhanana pisan
supaya Palir ora nggoleki Tandur maneh, jalaran Tandur wis dudu bojone maneh. Tandur
wis mukti merga tak pundhut dadi garwaku. Sabanjure, sesuk dherekna aku menyang
omahe Tandur, kandhakna kabeh sing dadi kersaku iki marang dheweke. Sesuk
bengi, bakal tak wedharake apa sing dadi dhawuhe Bapa Gendirireng marang ndika
lan marang kabeh para siswa ing Brendhilan kene, esuke aku kundur menyang
Padhepokan karo nganthi Tandur sing wis dadi garwa selirku.”
“Inggih
Denmas, sendika ngestokaken dhawuh” .
Sasampunipun
rembagan makaten menika kala wau, Raden Mas Daksina nembe saged tilem. Dinten
candhakipun kalihan kadherekaken Ki Lurah Brendhilan, Ki Jagabaya Tampeng saha
Durma lan Gati, kekalihipun cantrik saking Padhepokan Gendirireng, Raden Mas
Daksina lajeng murugi griyanipun Tandur. Pendherek sanesipun saking Padhepokan
kadhawuhan ngrantos ing dalem Kalurahan.
“Nyuwun
pangapunten Ki Lurah” Tandur ingkang boten nginten menawi badhe kedhatengan Ki
Lurah lan tiyang-tiyang kala wau rumaos kaget manahipun, kanthi manah ingkang
trataban piyambakipun matur dhateng Ki Lurah “mugi Ki Lurah pirsa bilih dinten
menika Kakang Palir nembe boten wonten griya”.
“Aku
wis ngerti Nyai, nek Palir dina iki isih mbara kerja ing Pangapitan, iya ta?”
wangsulanipun Ki Lurah kalih mesem semanak “nanging tekaku kene iki mau, ora
merga nggoleki Palir. Nanging ndherekne
Denmas Daksina, putrane Bapa Guru Kyai Gendirireng, sing sedhela maneh bakal
kawisuda dadi Tumenggung ing Majapahit Anyar, Pepundhenku Raden Mas Daksina
ngersakake ketemu karo keng slira, Tandur.”
Tandur
nembe mangertos menawi priya gagah ingkang sandhanganipun ketingal endah lan
mramong menika naminipun Raden Mas Daksina, putranipun Kyai Gendirireng,
ingkang dipun pundhi-pundhi dening sedaya tiyang ing Dhusun Brendhilan.
“Ngaturaken
kasugengan sarawuh jengandika ing rompok kula menika Denmas, bekti kula mugi
katur” gurawalan Tandur mbagekaken Raden Mas Daksina.
“Iya-iya
Nyai pangabektimu wis tak tampa lan gawe leganing atiku, pangestuku wae gage
tampanana” Raden Mas Daksina suka wangsulan kalihan manah ingkang sakalangkung
remen, suwantenipun Nyai Palir kapireng ing talinganipun Raden Mas Daksina
kados rerepening hapsari saking kaswargan.
“Nuwun
inggih pangestu jengandika kula pundhi mugi dadosa jimat Denmas” wangsulanipun
Nyai Palir kalihan kurmat “lajeng badhe paring dhawuh menapa dene Denmas
kepareng manggihi kula menika Denmas?”.
Raden
Mas Daksina boten tumunten suka wangsulan, malah lajeng njawil tanganipun Ki
Lurah Brendhilan, suka sasmita murih Ki Lurah Brendhilan anyulihi mangsuli pitakenipun
Tandur.
Ki
Lurah Brendhilan lajeng ndumugekaken sedaya ingkang dipun dhawuhaken dening
Raden Mas Daksina kala dalu dhateng Nyai Palir.
“Nyuwun
pangapunten Ki Lurah” sasampunipun kendel sawatawis awit saking kageting manah,
nampi rembag saking Ki Lurah Brendhilan ingkang makaten menika, Nyai Palir
lajeng suka wangsulan “kula menika rak semahipun Kakang Palir, menapa boten
prayogi menawi Ki Lurah mundhut pamanggihipun Kakang Palir langkung rumiyin?”
“Iki
dhawuh saka Denmas Daksina Nyai, dadi kudu ndika lakoni. Ora kena dibantah
utawa diselaki nganggo pawadan apa wae. Jalaran dhawuhe Denmas Daksina kuwi
padha karo dhawuhe Kyai Gendirireng. Sing sapa wonge wani mbantah dhawuhe Kyai
Gendirireng padha wae wani marang Kyai Nagalanang, sesembahane awake dhewe
kabeh kang wenang murba lan masesa beja lan cilakane manungsa sa ngalam donya
iki”.
Nyai
Palir sampun boten saged wangsulan malih, kajawi namung ndhingkluk kalihan
mripatipun wiwit kaca-kaca.
“Aja
kakehan sing mbok pikir mBokayu” Ki Jagabaya Tampeng ingkang taksih sedherek
nak dherekipun Tandur, ingkang wiwit wau namung kendel kemawon, sareng Nyai Palir
ketingal menawi bingung manahipun, lajeng tumut wicanten “wiwit sesuk esuk
uripmu wis beda, dadi kajen kineringan, sebutanmu wis beda, malih dadi mBok Mas
Rara, wong-wong sing kulinane njangkar wae marang awakmu, klebu Ki Lurah
luwih-luwih aku, bakal malih dadi tundhuk lan mundhuk-mundhuk yen kepethuk
ndika. Saya maneh yen wis klakon Denmas Daksina winisuda dadi Tumenggung
sansaya luhur maneh drajat sing bakal ndika sandhang. Saiki ndika tumuli
tata-tata, barang pengaji apa sing sakirane pantes ndika gawa ndherekne Denmas
Daksina………..”.
Raden
Mas Daksina mesem, kemutan lelampahan dinten kala wingi. Meh kemawon manahipun
pepes nalika kala wau enjing sumerep griyanipun Tandur sampun suwung.
Katujunipun Ki Jagabaya Tampeng nggadhahi panginten menawi kesahipun Tandur saking griya menika badhe nusul ingkang jaler
dhateng Pangapitan. Lan Ki Jagabaya ngajak mbujung nututi Nyai Palir. Samangke
Tandur sampun wonten ngajengipun. Kantun mbeta mlajeng, mumpung Ki Palir taksih
repot ngunggar kasudiran kalihan Durma, Cantrik saking Padhepokan Gendirireng.
ana candhake