Total Tayangan Halaman

Selasa, 23 Januari 2024

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (32)


 

032.

        Mireng wicantenipun Sukmana makaten kala wau, Bebau Pilang lan Bebau Pethek sawang-sawangan, ketingalipun sami ngengken rowangipun murih ngandharaken wartos ingkang dipun beta. Nanging saderengipun salah setunggal saking tiyang kalih kala wau kober wicanten, Ki Palir langkung rumiyin ingkang wicanten suka wangsulan dhateng Sukmana :

        “Makaten kemawon Ngger, saenipun mila warta ingkang dipun asta dening Ki Bebau Pethek menapa dene Ki Bebau Pilang menika kaaturaken langkung rumiyin dhateng keng Bapa. Mangke awakipun piyambak rak inggih dipun dhawuhi dening Ki Lurah. Tiyang wekdal menika sampun siang, miturut petangan kula sakedhap malih Keng Bapa rak inggih rawuh.”

        “Makaten inggih Paman?” Sukmana suka wangsulan lajeng gentos wicanten dhateng Bebau-Bebau ingkang wonten ing gandhokipun Ki Jagabaya “ndika sampun mireng piyambak ingkang dipun kersakaken Paman Palir, Ki Bau, dados inggih sampun mangke kemawon ndika sami matur dhateng Bapa, menapa ingkang sampun kedadosan ingkang sami ndika prangguli kala wau.”

        Ingkang dipun criyosaken dening Ki Palir kala wau saestu, boten dangu saking Pendhapa kepireng suwanten kenthongan alit ingkang dipun tabuh kaping tiga sungsun tiga. Sukmana sampun apal kalihan tengara menika. Tengara saking Ki Lurah menawi ngersakaken nimbali piyambakipun murih ngadhep ing Pendhapa. Sukmana tumunten menyat dhateng pendhapa sasampunipun suka sumerep dhateng tiyang-tiyang menawi Ki Lurah sampun rawuh, lan tiyang-tiyang kapurih nengga ing mriku langkung rumiyin.

        “Kowe mau menyang ngendi ta Sukmana?” pandangunipun Ki Lurah sasampunipun Sukmana dumugi pendhapa “Pamanmu Palir tak goleki ana jero omah uga ora ana.”

        “Nyuwun pangapunten Bapa” Sukmana atur wangsulan “kula kalihan Paman Palir nembe jejagongan kalihan Ki Jagabaya Munggur ing gandhokipun, andilalah kala wau wonten Ki Bau Peleman, Ki Bau Pilang lan Ki Bau Pethek, ingkang badhe munjuk atur dhateng Bapa. Gandheng kala wau Bapa dereng rawuh, Bebau tiga menika kula aturi nengga ing gandhokipun Ki Jagabaya. Samangke nembe jagongan kalihan Paman Palir lan Ki Jagabaya Munggur”.

        “Ki Bau Peleman, Pethek karo Pilang?” Ki Lurah paring wangsulan kalihan ketingal radi kejot “ya wis saiki Pamanmu Palir lan wong-wong sing ana gandhoke Ki Jagabaya padha aturana mrene. mBok menawa ana warta sing wigati saka Bebau telu kuwi”.

        “Inggih Bapa” Sukmana atur wangsulan lajeng ngadeg badhe murugi tiyang-tiyang ingkang wonten gandhok panggenanipun Ki Jagabaya Munggur.

        Nanging nalika Sukmana lan tiyang-tiyang kala wau badhe dhateng Pendhapa, jebul dening Ki Lurah dipun ajak dhateng Pringgitan. Tiyang-tiyang inggih lajeng ndherek dhateng Pringgitan. Saderengipun tumut nusul dhateng Pringgitan, Sukmana langkung rumiyin suka sasmita dhateng rewang dalem Kalurahan murih damel unjukan benter kagem Ki Lurah lan tamu-tamunipun.

        “Aku mau kober mampir, neng warunge mBah Semi, Ki Bau Pilang” nembe kemawon tiyang-tiyang sami mapan linggih, Ki Lurah sampun ngendika.

        “Inggih Ki Lurah” wangsulanipun Bebau Pilang kalih ndengengekaken sirahipun, mila sampun kondhang menawi wandenipun mBah Semi ingkang mapan ing Padhukuhan Pilang menika, sanget miraos menggah kopinipun.

“Ana kabar jarene Bebau Kawisan karo Jagabayane lagi wae rada kisruh karo ndika?” Ki Lurah nglejengaken anggenipun ngendika “apa bener mangkono? Kok jarene mBah Semi mau, anggon ndika padha padudon rada keladuk. Nganggo nggebrak-nggebrak meja barang, nganti cangkir karo layahe mBah Semi ana sing katut pecah barang?”.

“Nyuwun pangapunten Ki Lurah” Bebau Pilang atur wangsulan “mila leres menawi kula kalihan Ki Bau lan Ki Jagabaya Kawisan sampun tumindak ingkang boten sae, regejegan ing wande dados tontonanipun tiyang kathah, boten namung paben kemawon, menawi boten dipun pisah dening Ki Bau Pethek, kinten-kinten malah sampun wonten Rajapejah ing plataran wandenipun mBah Semi, tiyang Ki Bau lan Ki Jagabaya sampun sami ngliga pedhangipun lan kula ugi sampun siyaga ngladosi kalihan Tumbak kula menika. Inggih tujunipun Ki Bau lan Ki Jagabaya Pethek ingkang mbeta sapukawat tiga tumunten dugi lan misah. Temah Ki Bau lan Ki Jagabaya Kawisan lajeng kesah nilar plataran wandenipun mBah Semi, tanpa pamit lan tanpa wicanten menapa-menapa.”

“Ora pamit lan ora guneman apa-apa?” kalihan ngangkat alisipun Ki Lurah mundhut pirsa “dadi prekarane Bebau lan Jagabaya Kawisan karo ndika kuwi durung rampung?”

        “Mila dereng Ki Lurah” Bebau Pilang atur wangsulan.

        “Banjur larah-larahe apa? Teka ndika karo Bebau lan Jagabaya Kawisan sing wis padha gerange kuwi teka padha kerah kaya jago rebutan babon wae he?”

        “Inggih estinipun lampah kula mriki wau badhe matur lan nyuwun pitedah dhateng Ki Lurah ing prakawis menika” Bebau Pilang atur wangsulan “nanging gandheng Ki Lurah kepareng ndangu ingkang dados jalaran anggen kula sampun kerengan kalihan Ki Bau lan Ki Jagabaya Kawisan, murih langkung cethanipun kaparenga  Ki Lurah ndangu dhateng Ki Bebau Pethek, awit antawisipun prekawis kula kalihan Ki Bau lan Jagabaya Kawisan menika wonten sambetipun kalihan Ki Bau Pethek lan Ki Bau Pethek langkung mangertos prakawis menika.”

        “Kok dadi sansaya ngambra-ambra ngene Ki Bau?” Ki Lurah ngendika malih, nanging suwantenipun kepireng sareh, lajeng ndangu dhateng Bebau Pethek “tenane ngono kepiye ta Ki Bau Pethek?”

        “Inggih Ki Lurah” Bebau Pethek nata anggenipun linggih lajeng matur “estunipun saderengipun Ki Bau lan Ki Jagabaya Kawisan menika manggihi Ki Bau Pilang, langkung rumiyin inggih dalunipun sampun manggihi kula ing Pethek. Tiyang kalih menika cariyos bilih nembe meguru malih dhateng salah satunggaling Paguron ingkang sampun kondhang, inggih menika Paguron Nagalanang. Ki Bau lan Ki Jagabaya Kawisan ugi criyos menawi para sinoman lan sapukawat ing Kawisan sadaya sampun dados siswa Paguron Nagalanang, dene ingkang minangka wewakiling Kyai Nagalanang ing Pangapitan mriki menika Ki Dungkul ingkang dipun biyantu dening Ki Dhangkal”.

        “Sing dikarepake Dungkul karo Dhangkal kuwi apa sedulurku sing saka Brendhilan kae Ki Bau?” Ki Lurah nyela rembag.

        “Leres Ki Lurah” atur wangsulanipun Bebau Pethek.

        “Iya, sabanjure kepiye?”

        “Salajengipun” Bebau Pethek nglajengaken anggenipun matur “semu radi meksa, Ki Bau lan Ki Jagabaya Kawisan prentah dhateng kula, murih ngajak sedaya sinoman, pamong saha Sapukawat ing Pethek supados tumut manunggal dhateng Paguron Nagalanang, jalaran miturut kekalihipun jangkaning jagad nyebataken bilih boten dangu malih badhe wonten kedadosan ageng ing Tanah Jawi, inggih menika jumedhulipun Kraton enggal lan jumenengipun Ratu Adil trah Brawijaya ing wana Patalan. Lan kedadosan ageng menika mangke badhe nuwuhaken kurban lan bebanten ingkang ageng, sok sintena ingkang boten kepengin dados wadaling kawontenan, kedah manunggal kalihan Paguron Nagalanang, awit kacariyos bilih pangarsaning Paguron Nagalanang menika titising Dewa ingkang nindakaken jejibahan minangka pamomongipun Ratu ing kraton ingkang badhe jumedhul menika mangke.”

        Bebau Pethek kendel sakedhap anggenipun wicanten, jalaran wonten abdi utawi rewang Dalem Kalurahan ingkang mlebet dhateng Pringgitan, lelados unjukan benter kagem Ki Lurah lan sedaya ingkang wonten mriku.

        “Lha ndika banjur aweh wangsulan kepiye marang Bebau lan Jagabaya Kawisan, Ki Bau?” sareng rewang kala wau sampun medal saking Pringgitan, Ki Lurah lajeng ndangu Bebau Pethek.

        “Salebeting manah kula tuwuh raos tidha-tidha Ki Lurah” atur wangsulanipun Bebau Pethek “sakedhik wonten raos pitados, nanging ugi wonten raos boten pitados. Mila kula lajeng suka wangsulan dhateng tiyang kalih kala wau, badhe kula manah rumiyin lan kula criyosi bilih mesthinipun prakawis menika Ki Lurah langkung pana babagan jangkaning jagad tinimbang sinten kemawon ingkang mapan ing Pangapitan menika, pramila sinambi nggagas-nggagas pangajakipun tiyang kalih kala wau, kula ugi nengga dhawuh-dhawuh saking Ki Lurah ing babagan menika. Kula wangsuli makaten kala wau, Ki Bau lan Ki Jagabaya Kawisan ketingal menawi boten remen, malah lajeng mungel-mungel menawi kula menika kalebet tiyang ingkang landhep dhengkul rasanipun. Nanging kula panggah ing wangsulan kula kala wau, lajeng kekalihipun pamit wangsul.”

        “Lha banjur sambunge karo anggone kerengan Ki Bau Pilang karo Bebau lan Jagabaya Kawisan ana ngendi Ki Bau?” Ki Lurah mundhut pirsa, lajeng kalihan ngasta cingkir ingkang wonten ngarsanipun Ki Lurah ngendika malih “nanging sadurunge ndika kandhakne, becik luwih dhisik ndika sruput wedang sing wis meh adhem kuwi, mangga kabeh wae padha diunjuk wedange.”

        Bebau Pethek lan sedaya ingkang wonten ing Pringgitan lajeng sami nyepeng cingkiripun piyambak-piyambak, nyruput wedang jahe ingkang dipun lalapi gula klapa.

 

ana candhake

Jumat, 19 Januari 2024

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (31)

031.

        Ki Palir, Sukmana lan Ki Jagabaya Munggur sakala sami ndhingkluk sirah-sirahipun sami tumungkul ningali jogan ngrumaosi manawi pamanggihipun kirang leres. Sanaosa makaten, ing manahipun tiyang tiga menika taksih rumaos kuwatos awit trekahipun Ki Dungkul lan rencang-rencangipun ingkang mbebayani tumrap Dhusun lan Warga ing Pangapitan lan ngrumaosi dereng manggihaken cara kangge ngadhepi Ki Dungkul sarencangipun menika. Estunipun, ingkang dipun penggalih Ki Lurah ugi boten benten kalihan tiyang tiga menika. Mila kawontenan ing Pringgitan inggih lajeng sepen, sanaosa wonten tiyang ingkang sami lelenggahan nanging boten wonten suwanten ingkang kapireng.

        “Nalare manungsa kuwi winates” sareng sampun radi sawatawis sepen Ki Lurah lajeng ngendika “nek wis kakehan olehe nggagas kamangka durung nemu apa sing digoleki, adhakane banjur dadi kethul. Bisane mung kari takon marang atine dhewe-dhewe, piya karo piye lan ora bakal oleh wangsulan sing maremake. Saiki wektune wis awan, padha lerena ing paleremanmu dhewe-dhewe, sokur-sokur nek padha gelem nenuwun marang Gusti, nyuwun pitulungan murih kahanan iki dadi padhang. Merga awake dhewe iki kabeh kawulane Gusti lan ya mung Gusti sing bisa paring pepadhanging ati kang lagi ribed. Mengko utawa kapan dirembug maneh, karo pamong-pamong liyane lan para sesepuh”.

        Boten ngentosi wangsulan, rampung anggenipun ngendika Ki Lurah lajeng jumeneng nilaraken Pringgitan, mlebet dhateng dalem wingking. Ki Palir lan Sukmana inggih lajeng nututi mlebet, Ki Jagabaya wangsul malih dhateng gandhok ingkang kala wau dipun angge singidan.

        Ebahing wanci boten nate ewah. Ngantos dinten enjingipun, dereng wonten rembagan antawisipun Ki Lurah, Ki Palir menapa dene Sukmana ingkang ngrembag prakawis ingkang wonten gegayutanipun kalihan Ki Dungkul lan rencang-rencangipun. Namung Ki Lurah wiwit enjing sampun miyos saking dalem Kalurahan, nindakaken kuwajiban naliti lan ngulat-ulati pagesanganipun kawula ing Pangapitan, madosi menawi-menawi wonten kawula ingkang gesangipun taksih mbetahaken pitulungan murih saged gesang limrah kados tanggi-tangginipun. Sawatawis menika Ki Palir lan Sukmana ketingal sami wonten gandhok papanipun Ki Jagabaya. Tiyang tiga menika sami rerembagan prakawis anggenipun Ki Jagabaya sampun boten kraos manggen ing gandhok, lan Ki Jagabaya sampun kepengin sanget wangsul dhateng griyanipun piyambak.

        “Bares kemawon Ki Palir lan Adhi Sukmana” Wicantenipun Ki Jagabaya Munggur dhateng Ki Palir lan Sukmana “sanadyan nembe kalih dalu mapan ing gandhok mriki, nanging rumaos kula sampun dangu sanget. Menapa saestu menawi kula wangsul dhateng griya, lajeng Ki Dungkul murugi kula malih?”

        “Ki Jagabaya” Ki Palir suka wangsulan “estunipun ingkang ndhawahaken dom cem-ceman wisa dhateng ndika kala wingi menika, ingkang rumiyin piyambak dede Kakang Dungkul. Nanging tiyang sanes rencangipun Kakang Dungkul, ingkang dereng kula mangertosi, ingkang cetha tiyang menika kasektenipun tebih ing sanginggilipun Kakang Dungkul. Kasektenipun tiyang ingkang dereng kula sumerepi sinten tiyangipun menika, boten namung ing ngelmu ingkang kasat mata kemawon, nanging ugi ngelmi kebatosan ing aji jaya kawijayan, menawi ndika salebeting wekdal sapeken menika ngetingal lan kadenangan dening tiyang kala wau, gampil sanget piyambakipun menawi badhe ngambali anggenipun nyawataken dom cem-ceman wisa dhateng ndika. Nanging menawi sampun kliwat saking sapeken, miturut petangan kula, tameng ingkang kula tanem ing saliranipun Ki Jagabaya sampun saged ngalingi menawi wonten serangan susulan.”

        “Oo jebul makaten ta Ki Palir?” Ki Jagabaya Munggur nembe mudheng kalihan kersanipun Ki Palir “manawi makaten, inggih badhe kula kraos-kraosaken singidan ing gandhok menika.”

        “Inggih Ki Jagabaya mila kedah makaten” wangsulanipun Ki Palir kalihan mesem “kula piyambak, estunipun inggih sampun kangen kalihan griya kula, nanging gandheng dening Ki Lurah dereng kaparengaken wangsul awit inggih kalihan kawontenan, kula inggih lajeng ndherek kemawon menapa ingkang dados kersanipun Ki Lurah.”

        Dumadakan saking pendhapa kepireng suwanten gentha, minangka sasmita menawi wonten tamu ingkang nggadhahi kajeng badhe sowan Ki Lurah. Sukmana ingkang mangertos menawi Ki Lurah nembe miyos nganglang padhukuhan-padhukuhan laladan Dhusun Pangapitan, tumunten ngadeg menyat dhateng Pendhapa, badhe manggihi tiyang ingkang ngungelaken gentha kala wau.

        Sareng sampun sawatawis dangu, Sukmana wangsul malih dhateng gandhokipun Ki Jagabaya malih, dipun tutaken Bebau Peleman, Bebau Pethek lan Bebau Pilang. Tiyang tiga ingkang nembe dugi menika inggih lajeng mapan linggih ing tikar.

        “Kinten-kinten Ki Lurah dangu menapa boten nggih Dhi?” Bebau Pilang mbikani rembag kalihan taken dhateng Sukmana.

        “Lha menika kula ingkang boten ngertos Ki Bau” wangsulanipun Sukmana “menawi salebeting nganglang dhusun menika Bapa boten mrangguli prakawis ingkang wigatos, mesthinipun inggih tumuli kundur, tiyang kala wingi wonten rembag kalihan kula, miwah Paman Palir saha Ki Jagabaya Munggur ingkang dereng rampung”.

        “Rembag menapa menika Dhi?” Bebau Peleman gentos ingkang taken “menapa taksih wonten gegayutan kalihan lelampahan ingkang dipun sandhang Ki Jagabaya Munggur kala wingi? Lan menapa saestu, titiyang sikep gegaman ingkang wonten ing wana salering Peleman menika wonten sambetipun kalihan tiyang ingkang nedya damel cilakanipun Ki Jagabaya Munggur?”

        “Lho Ki Bau menapa dereng pikantuk wartos ingkang kula titipaken dhateng Wala, Sapukawat Kalurahan kala wingi?” Sukmana gentos pitaken.

        “Manawi prakawis dhawuh saking Ki Lurah lumantar Adhi Sukmana ingkang dipun beta Wala, kala wingi menika kula sampun mangertos lan sampun kula lampahi, para Sinoman lan Sapukawat panggah kula parentah murih samekta sawanci-wanci, sanaosa tiyang-tiyang ingkang sikep dedemel menika sampun tebih nilaraken wana tepis wiring ler Pangapitan” Bebau Peleman suka wangsulan.

        “Bares mawon Ki Bebau” Sukmana lajeng wicanten “nitik saking lelampahan ingkang dipun alami dening Ki Jagabaya Munggur kala wingi menika, Bapa, Paman Palir, Ki Jagabaya lan kula sampun gadhah  pandakwa ingkang sami dhateng  Paman Dungkul sakancanipun menawi sampun gadhah lekas badhe damel  kisruh ing Pangapitan mriki. Namung kemawon sedaya menika dereng wonten bukti kasat mata ingkang saged dipun angge nglarapaken Paman Dungkul ing parepataning Pradhata  Dhusun. Inggih menika ingkang kula aturaken menawi wonten rembag  ingkang dereng rampung kala wau. Mila kanthi rawuh ndika sesarengan kalihan Ki Bau Pethek lan Ki Bau Pilang menika mugi-mugi saged mbekta bukti ingkang kiyat menawi Paman Dungkul sarencangipun menika saestu sampun tumindak ingkang nrajang paugeraning Dhusun Pangapitan.”

        Bebau Peleman boten tumunten suka wangsulan malah lajeng sawang-sawangan kalihan Bebau Pilang menapa dene Bebau Pethek.

        “Nuwun sewu Ki Bau” sareng boten wonten ingkang numpangi rembagipun Sukmana, Ki Palir lajeng wicanten “sajakipun Ki Bau tetiga menika ngasta warta ingkang sakalangkung wigatos ingkang wonten sambetipun kalihan kedadosan ingkang dipun alami dening Ki Jagabaya Munggur kala wingi. Menapa leres makaten Ki Bau?”

        Sepisan malih Ki Bau Peleman boten tumunten mangsuli pitakenipun Ki Palir ingkang makaten menika. Kados wau Bebau Peleman malah gentosan nyawang dhateng Bebau Pethek lan Bebau Pilang. Ki Palir mesem, ngrumaosi menawi anggenipun pitaken sampun keladuk, pramila inggih lajeng wicanten kalihan suwanten ingkang sareh :

        “Nyuwun pangapunten Ki Bau, mbok menawi mila kula kirang pantes nyuwun pirsa babagan menika dhateng ndika. Awit saking menika kula nyuwun pangapunten lan kaanggepa kula boten nyuwun pirsa menapa-menapa dhateng ndika sedaya.”

        Mireng wicantenipun Ki Palir ingkang makaten kala wau, Bebau Peleman ketingal pucet, lajeng suka wangsulan :

        “Nyuwun pangapunten Ki Palir, mugi ndika boten lepat ing panampi, menawi kula menapa dene Ki Pethek lan Ki Pilang boten tumunten atur wangsulan…..”.

        “nDika boten lepat Ki Bau” Ki Palir nigas rembag kalihan gumujeng lirih “mila ing babagan wewadosing Dhusun kedah ngatos-atos, boten kenging kacariyosaken dhateng sadhengah tiyang, boten kenging kacariyosaken menapa malih namung jalaran kesandhung raos ewuh lan pakewuh. Dados menawi nyata pawarta ingkang sami ndika asta menika kalebet wewadosing dhusun, langkung prayogi menawi pitaken kula kala wau boten ndika wangsuli.”

        Sukmana ingkang mireng wicantenipun Ki Palir lan Bebau Peleman makaten kala wau, tumunten wicanten anengahi :

        “Nuwun sewu Paman Palir lan ndika Ki Bau Peleman saha Ki Bau Pethek lan Ki Bau Pilang, mila leres ingkang dipun dhawuhaken Paman Palir bilih wewadosing dhusun menika boten kenging dipun umbar ingkang ndadosaken sadaya tiyang nyumerepi. Nanging, kala wau sanaosa namung sakedhik sampun kawiyos dhateng kula prakawis warta ingkang dipun beta dening Ki Bau Pethek lan Ki Bau Pilang sanaosa inggih nembe sakedhik. Ing gandhok menika, boten wonten tiyang sanes Ki Bau, Paman Palir menika sampun dipun pitados dening Bapa kangge tetimbangan prakawis  ruwet rentenging Pangapitan. Dados menawi wewados kala wau kasumerepan dening Paman Palir estunipun inggih boten menapa-menapa…”

 

 

ana candhake

 

 

Selasa, 16 Januari 2024

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (30)


 

030.

        Ki Palir njejegaken anggenipun sila, kendel sakedhap ketingalipun nembe nata ukara kangge atur wangsulan dhateng Ki Lurah. Ki Lurah, Ki Jagabaya Munggur lan Sukmana sami ningali praupanipun Ki Palir, ngrantos wangsulan ingkang dipun takenaken dening Ki Lurah.

        “Estunipun Kawuk menika tunggil sabregada kalihan kula nalika sami-sami meguru ing Padhepokanipun Ki Gendirireng, awit dipun gosokaken dening Kakang Dungkul menapa dene kakang Dhangkal saha Ki Lurah Brendhilan” Ki Palir miwiti atur wangsulan “nalika samanten siswa-siswa saking Brendhilan wonten pitu kalebet kula, inggih menika Sadi, Sukir, Tasma, Kawuk, Basu, Gurit lan kula”.

        “O, genahe Kawuk sing tau digawe pepes balung garese dening Ki Jagabaya merga maling sapine mBah Karsa kuwi wong  Brendhilan sing melu ngudi ngelmu kanuragan ing Padhepokane Ki Gendirireng?” Ki Lurah nyela rembag, nyethakaken sinten tiyang ingkang nami Kawuk kala wau.

        “Inggih Kakang” wangsulanipun Ki Palir ingkang lajeng nutugaken anggenipun cariyos  “lare pitu kala wau sareng dumugi ing Padhepokan lajeng dipun kempalaken kalihan siswa sanes tunggil bregada. Sareng anggenipun sinau ulah kanuragan ing Padhepokan sampun angsal nem wulan, dening Ki Gendirireng kapendhet lare sedasa ingkang miturut pambijinipun Ki Gendirireng sae lan gathekan anggenipun sinau ulah kanuragan lajeng dipun dhawuhi murih nglajengaken anggenipun sinau dhateng padhepokan Nagalanang. Lare pitu ingkang saking Brendhilan kala wau sedaya katut, nanging gandheng kula boten patos remen mireng cariyos-cariyos ingkang kula wastani cariyos umuk, kula boten tumut nglajengaken dhateng Padhepokan Nagalanang lan milih wangsul dhateng Brendhilan malih.”

        “Lha si Adhi milih bali menyang Brendhilan kuwi, apa Adhi Dungkul lan Adhi Dhangkal ya banjur meneng wae? Lire apa Wong loro kuwi ya nyarujuki lekase si Adhi kuwi?” Ki Lurah nyelani rembag kalihan mundhut pirsa.

        “Waunipun Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal inggih muring-muring, kula dipun srengeni boten kantenan, nanging inggih boten kula reken babar pisan, tekad kula nalika samanten mila angur bodho watone ngaso” atur wangsulanipun Ki Palir kalihan mesem “salajengipun, sareng angsal setahun lare-lare kala wau anggenipun puruita ing Padhepokan Nagalanang, sami endhang wangsul dhateng Brendhilan. Slaganipun sampun benten tebih kalihan jaman saderengipun meguru. Lare nem menika sami dhemen pamer kalangkungan dhateng para warga ing Brendhilan. Ingkang sami dipun pameri inggih sami eram kaworan ering lan kathah ingkang sami maiben dhateng kula awit kala samanten kula boten purun tumut meguru dhateng padhepokan Nagalanang sareng kalihan lare-lare kala wau”.

        “Menapa Paman ugi lajeng rumaos keduwung Paman?” gentos Sukmana ingkang nyela rembag, pitaken dhateng Ki Palir.

        “Boten Ngger, malah kula rumaos sokur lan kaleresan, awit kula sampun kaslametaken saking watak dhemen ngongasaken kalangkungan utawi watak dhemen gumendhung adigang adigung kados makaten”  wangsulanipun Ki Palir “nanging nalika Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal tumut maiben awit kula boten kados lare nenem kala wau, kula inggih boten semaur menapa-menapa.”

        “Iya sabanjure kepiye?” Ki Lurah dhawuh murih Ki Palir nglajengaken anggenipun cariyos.

        “Anuju setunggaling dinten” Ki Palir nutugaken cariyos “kula mireng anggenipun rerembagan antawisipun Kakang Dhangkal lan Kakang Dungkul, ingkang wosing rembag Kakang Dungkul ngabaraken bilih sampun pikantuk setunggal dinten lare nem babaran Paguron Nagalanang menika bidhal ngayahi pandadaran. Lare nem dipun pantha dados tigang pantha, ingkang sapantha murih kesah mangaler, ingkang sapantha mangetan, dene ingkang sapantha malih mangilen. Lan salebeting wekdal gangsal welas dinten sedaya kedah ngempal ing griyanipun Kakang Dungkul malih. Menawi pambijinipun Kakang Dungkul lare-lare kala wau lulus salebeting nglampahi pandadaran, mangka badhe kadhawuhan wangsul malih dhateng Padhepokan Nagalanang nutugaken anggenipun puruita saprelu nyinaoni ngelmu kanuragan ingkang langkung inggil malih. Kosok wangsulipun, menawi boten lulus badhe kawangsulaken malih dhateng padhepokan Gendirireng, matengaken ngelmi ingkang dereng sampurna”.

        “Sing dikarepne lunga mangalor, mangetan lan mangulon kuwi menyang ngendi wae Dhi? Lan wujude pandadaran kaya apa?” Ki Lurah mundhut pirsa.

        “Nalika samanten kula piyambak inggih boten mangertos Kakang” atur wangsulanipun Ki Palir “nembe sasampunipun sedaya sami wangsul lan ngempal ing griyanipun Kakang Dungkul, kula nggadhahi pandakwa awon, duka leres lan botenipun.”

        “Pandakwa ala kepiye Dhi?”

        “Nalika sami ngempal kados ingkang sampun sami dipun sarujuki saderengipun bidhal rumiyin, Kawuk lan Tasma boten tumut ngempal. Sadi sareng kalihan Sukir, Basu sareng kalihan Gurit. Lare sekawan menika sami nyukakaken barang-barang pangaji dhateng Kakang Dungkul, wujudipun mas-masan saha sandhangan ingkang sae-sae. Kakang Dungkul ketingal remen lan marem” Ki Palir atur wangsulan nyambet anggenipun cariyos “namung nalika Sadi nyuwun pirsa kok Kawuk lan Tasma boten tumut ngempal, Kakang Dungkul anggenipun wangsulan kepireng sengol : - Bocah loro kae wis gawe wirangku, padha ora lulus anggone nglakoni pandadaran, Tasma wis tak prentah budhal menyang Padhepokan Gendirireng maneh, Kawuk isih ngglethak neng omahe, sikile loro pepes balunge kabeh, jarene dikrubut wong ndesa papane pandadaran, saupama ora tak susul lan tak colong, tak gawa mlayu saka pakunjaran, kira-kira wae bocah loro kuwi saiki wis digantung neng desa kulonan kana.  Nadyanta mangkono, Kawuk karo Tasma isih bisa asok sapi telu sing saiki tak selehne ana kandhang omahku kae -. Inggih sareng kula mireng wicantenipun Kakang Dungkul makaten menika kula lajeng nggadhahi pandakwa bilih lare-lare ingkang criyosipun nindakaken pandadaran kala wau jebul anggenipun andadar dhiri mawi sarana tumindak juti. Lan sareng kula mireng cariyosipun Ki Jagabaya ingkang nembe kemawon menika wau, kula saged mesthekaken menawi ingkang sampun damel pepes balungipun Kawuk inggih Ki Jagabaya, lan kula lajeng nggadhahi pandakwa bilih Kakang Dungkul anggenipun ngreka damel cilakanipun Ki Jagabaya kala wingi menika jalaran awit taksih nggembol raos pangigit-igit dhateng tiyang ingkang sampun damel pepesing balungipun Kawuk.”  

        Ngantos radi dangu, Ki Lurah, Ki Jagabaya lan Sukmana anggenipun manggut-manggut sasampunipun Ki Palir ngrampungaken anggenipun matur. Sedaya boten wonten ingkang nginten menawi, maling ingkang ucul saking pakunjaran, kaling tahun kapengker menika taksih wonten sambetipun kalihan Ki Dungkul. Samanten ugi tumrap Ki Palir, piyambakipun babar pisan boten nginten menawi kalih tahun kapengker sedherekipun jaler sampun nate dhateng Pangapitan nulungi sedherekipun sapaguron ingkang dipun kunjara jalaran nglampahi tumindak durjana ing Pangapitan.

        “Babar pisan aku ora ngira yen Adhi Dungkul jebul wis tau menyang Pangapitan kene sadurunge teka kanthi becik-becik bareng karo Adhi Dhangkal lan Adhi Palir” sareng sampun sawatawis dangu Ki Lurah ngendika kados katujokaken dhateng saliranipun piyambak.

        “Samanten ugi kula Kakang” Ki Palir numpangi rembag “sampuna Ki Jagabaya nyariyosaken anggenipun jejagongan kalihan Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal lajeng nyariyosaken anggenipun damel pepes balung garesipun Kawuk, kula inggih boten mangertos menawi anggenipun maling Kawuk kala rumiyin jebul ing Pangapitan mriki.”

        “Ya kuwi Dhi sing diarani Adiling Gusti Allah” Ki Lurah paring wangsulan “sing becik bakal ketitik, sing ala bakal ketara. Jenenge wong ndhelikne bathang tan wurunga mesthi bakal konangan.”

        “Inggih Kakang” Ki Palir lajeng matur malih “samangke sampun sansaya cetha sinten lan kados menapa tindakipun Kakang Dungkul menika, menapa inggih lajeng badhe dipun kendelaken kemawon?”

        “Inggih Bapa” Sukmana ndherek ngaturaken pamanggih “nitik cariyosipun Ki Jagabaya Munggur lan kasambet kalihan cariyosipun Paman Palir menika, Paman Dungkul cetha menawi sampun tumindak dosa ageng ing Pangapitan mriki. Makaten menika sampun boten kenging dipun sabari malih, kedah tumunten karangket lan kapatrapan pidana ingkang murwat satimbang kalihan lepat lan dosanipun. Sampun ngantos nuwuhaken pandakwa awon saking para warga, dumeh Paman Dungkul menika taksih kadangipun Bapa, lajeng boten dipun pidana sanaosa sampun cetha anggenipun sampun damel kapitunaning Pangapitan.”

        “Adhi Palir lan kowe Sukmana” Ki Lurah paring wangsulan kalihan mesem “aku kudu ngandhani kowe wong loro sepisan maneh, padha sinaua lan padha nggegulanga kasabaran. Prelune supaya bisa mikir kanthi wening lan ora gampang kejeglong ing dalan sing katone warata. Kowe kudu mikir, sanadyan apa sing dikandhakne Ki Jagabaya lan Adhi Palir mau bener, nanging ora saben wong mesthi percaya ngono wae, kajaba kudu ana bukti sing kasat mata lan seksi sing kena dipercaya. Kamangka bukti yen sing nyolong sapine mBah Karsa rong tahun kuwi wong sing dikongkon dening  Dungkul kuwi ora ana. mBok menawa Kawuk bisa mbok goleki supaya gelem dadi seksi, nanging apa kowe wong loro manteb lan percaya Kawuk gelem ngaku yen olehe nyolong sapine mBah Karsa biyen merga dikongkon Dungkul ?”

 

 

ana candhake

 

Senin, 15 Januari 2024

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (29)

029.

        Sasampunipun atur wangsulan kados makaten kala wau, Ki Jagabaya Munggur lajeng wongsal-wangsul njengkerutaken bathuk, ketingalipun nembe ngemut-emut prakawis ingkang mbok menawi sampun supe. Ki Lurah lan Ki Palir ugi Sukmana ugi sami kendel, tiyang tiga menika kados sami ingkang dipun gagas, inggih menapa ingkang sampun ndadosaken jalaran Ki Jagabaya dipun arah cilakanipun dening Ki Dungkul. Ngantos radi sawatawis dangu, kawontenan ing Pendhapa sepen, boten kepireng suwantenipun tiyang ingkang wicanten. Malah suwantenipun napas ingkang boten kendel tansah medal lan mlebet ugi boten kapireng.

        “Jangkeping cariyos anggen kula linggih sapajagong kalihan Ki Dungkul lan Ki Dhangkal menika rak makaten ta Ki Lurah” sareng sampun radi dangu kawontenan sepen,  Ki Jagabaya wicanten matur malih dhateng Ki Lurah.

        “Iya piye Ki Jagabaya? Coba ndika critakne!” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah.

        “Nalika samanten” Ki Jagabaya miwiti anggenipun cariyos “kula nembe kemawon nganglang dhusun, nalika lampah kula dimugi pategilan antawisipun Dhukuh Peleman kalihan Dhukuh Ngreca, kula sumerep regemengipun tiyang cacah kalih ingkang nembe linggih ing salah satunggaling galengan boten tebih kalihan margi. Saking papan ingkang kaotipun watawis gangsal welas jangkah, sanaosa kawontenan nembe terang lan sunaring rembulan ugi anyoroti, nanging kula boten sumerep kanthi cetha sinten tiyang kalih menika. Pramila kalihan ngatos-atos, tiyang kalih kala wau lajeng kula caketi.

        “He sapa kowe? Ana apa nyedhaki papanku jagongan?” jebul tiyang kalih ingkang nembe linggih ing galeng pategilan menika ugi boten mangertos menawi ingkang nyaketi menika kula, mila lajeng pitaken kanthi suwanten ingkang ngemu raos sujana.

        “Nyuwun pangapunten, kula Jagabaya Munggur, Ki Dungkul” atur wangsulan kula awit kula apal kalihan suwanten ingkang nakeni kula kala wau cetha menawi suwantenipun Ki Dungkul. Lan kula inggih sansaya nyaket lajeng tumut linggih ing galengan, Pedhang ingkang kala wau sampun kula liga, kula wrangkakaken malih.

        “Oalah, Ki Jagabaya ta?” Ki Dungkul lajeng wicanten kalihan suwanten mandhap “saking tindak pundi ta Ki Jagabaya, niki wau?"

        “Nglampahi kuwajiban Ki, nganglang dhusun kados padatan menawi wanci dalu” wangsulan kula ingkang kula lajengaken mawi pitakenan “lha kok njanur gunung, kadhingaren, Ki Dungkul lan Ki Dhangkal wonten mriki?”

        “Anu, Ki Jagabaya” ingkang wangsulan gentos Ki Dhangkal “niki wau kula kekalih rak saking Kalurahan? Atur uninga dhateng Ki Lurah, menawi benjing enjing menika kula lan Kakang Dungkul badhe dhateng Brendhilan watawis sapeken, anceranipun nyambangi tiyang estri, Ki Jagabaya.”

        “Oh, ndika kekalih saking Dalem kalurahan?” wangsulan kula malih, namung salebeting manah ngraosaken aneh. Saking Kalurahan kok dumugi mriki, kamangka pategilan menika arahipun benten kalihan arah saking kalurahan dhateng griyanipun Ki Dungkul menapa dene Ki Dhangkal.

        “Inggih Ki Jagabaya” wangsulanipun Ki Dhangkal ingkang lajeng wicanten  “ngepasi mandhap saking Pendhapa Kalurahan lan badhe wangsul kala wau, Kakang Dungkul kok sumerep rembulan ingkang sakalangkung padhang nyebar kaendahan dhateng ingkang dipun sunari, lajeng  Kakang Dungkul ngajak kula, mlampah-mlampah ngresepi asrining Pangapitan ing wanci dalu. Wasana ngantos dumugi mriki menika.”

        “O, cethanipun makaten?” kula nyauti wicantenipun Ki Dhangkal kalihan gumujeng renyah “lha upami kula ngertos menawi ndika kekalih wau badhe tindak-tindak ngubengi dhusun, jathukna kula wau rak mampir Kalurahan? Dados saged ndherekaken ndika kekalih ngiras nganglang?”

        “Inggih Ki Jagabaya” Ki Dungkul gentos ingkang wicanten ugi kalihan gumujeng alon “jathukna rak inggih langkung gayeng, inggih sanes wekdal kemawon kula tak ndherek Ki Jagabaya nganglang, nanging nggih niku, menawi kawontenan nuju terang lan wancinipun padhang rembulan”

        “Inggih Ki Dungkul, kula remen sanget menawi ndika kersa ngancani kula ngayahi jejibahan minangka Jagabayaning Dhusun” wangsulan kula.

        “Nuwun sewu Ki Jagabaya” Ki Dungkul wicanten malih “sak plokipun kula manggen ing Pangapitan menika, saben dalu Ki Jagabaya boten ngetang jawah menapa terang, peteng menapa padhang, sangertos kula kok ajeg boten kendhat tansah nganglang dhusun ta? Makaten ugi cakruk-cakruk parondhan saben dalu ugi tansah kebak kalihan warga ingkang nglampahi kuwajiban rondha lan ugi ajeg saben wanci sampun lingsir dalu sami mubeng kalihan kothekan nggigahi warga supados nglilir. Sepisan malih nuwun sewu, menapa ing Pangapitan mriki taksih sok wonten tiyang awon ingkang nglampahaken tindak durjana juti?”

        “Menika makaten Ki Dungkul” kula atur wangsulan kalihan mesem “mila nalika kula sagah kapiji dados salah satunggaling Jagabaya ing Pangapitan menika, kuwajiban kula inggih sami kalihan Jagabaya-jagabaya sanesipun, inggih menika salah setunggalipun inggih nganglang lan ngubengi dhusun menika, namung wekdalipun benten antawisipun Jagabaya setunggal lan setunggalipun. Makaten ugi kalihan warga dhusun ingkang sami rondha ing saben dalu, wiwit jaman siyen rondha ing cakruk-cakruk parondhan ingkang saben padhukuhan cacahipun langkung saking sedasa panggenan, menika sampun dados pakulinan. Estunipun ing Pangapitan menika boten wonten warga ingkang purun tumindak awon, kados dene maling utawi mendhet gadhahanipun tiyang sanes tanpa palilah. Saemut kula, wiwit kula sepisanan dipun piji dados Jagabaya menika, ngantos sapriki mrangguli ing Pangapitan menika wonten durjana nembe kaping pisan. Menika kemawon, ingkang dados durjana ugi sanes warga ing Pangapitan, nanging tiyang njawi rangkah ingkang adol kuwanen kadosipun ndadar ngelmi saking paguronipun…..”

        “Tiyang pundi menika Ki Jagabaya?” Ki Dungkul nyelani rembag “lan kala menapa kedadosanipun?”.

        “Tiyang pundi menika kirang cetha, awit saged dipun beta mlajar rencangipun, dipun colong saking pakunjaran, saderengipun kober dipun takeni sasampunipun kula remuk bebalunging sukunipun” wangsulan kula “dene kedadosanipun watawis kalih tahun kapengker.”

        “Dipun beta mlajar? kados pundi menika cariyosipun Ki Jagabaya?” Ki Dhangkal pitaken dhateng kula.

        “Nalika samanten mBah Karsagudel ingkang griyanipun Peleman, menika gadhah ingon-ingon rakajaya ingkang radi kathah, ingkang wujud lembu wonten kalih dasa, mahesanipun pitulikur,mila ngantos mBah Karsa dipun sebat Karsa Gudel, menawi mendanipun sampun boten saged kawilang malih. Rajakayanipun mBah Karsa menika, menawi siang dipun ngen ing wana, menawi dalu dipun lebetaken ing kandhang sacaketing griyanipun, murih boten dipun ganggu dening sima utawi buron wana sanesipun.

Inggih nalika kewan-kewan menika nuju ing salebeting kandhang, dipun purugi dening durjana, saben dalu dipun colong setunggal ngantos tigang dalu. Sareng kadenangan, durjana ingkang nyolong lembu menika wantun nglawan. Sanaosa malingipun namung tiyang kalih nanging pangen saha rewangipun mBah Karsa ingkang cacah gangsal boten saged mimpang. Malah salah satunggal saking rewangipun mBah Karsa, ingkang nami Kemis ngantos ceklek tanganipun. Pramila mBah Karsa lajeng wadul dhateng kula.

Kalampahan dalu candhakipun, maling kalih kala wau lajeng kula dhedhepi, kula nganthi sinoman ing Peleman sacekapipun. Saestu, maling ingkang setunggal boten ngantos sapanginang sampun pasrah bongkokan dhateng para sinoman. Lha, ingkang setunggal malih, ingkang wantun nyebat naminipun, inggih menika Kawuk, pranyata nggadhahi kalangkungan ing ulah kanuragan, kapeksa ingkang majeng kula piyambak. Piyambakipun mbeta klewang lan kula mbeta teken Liraning jambe. Wekasan maling kala wau saged kula lumpuhaken ngantos boten emut, awit suku kalih-kalihipun kenging kula babat garesipun mawi Lira dados lan pepesipun. Maling kalih kala wau lajeng kula kengken nglebetaken dhateng lumbung suwung minangka pakunjaran, angkah kula enjingipun nembe kula beta ing ngarsanipun Ki Lurah saprelu dipun adili. Jebul, enjingipun nalika lumbung suwung dipun bikak, Kawuk kalih kancanipun sampun boten wonten. Kula lan tiyang-tiyang sami nginten menawi Kawuk dipun beta mlajar kancanipun wau. Lha sakbakdanipun lelampahan menika, ing Pangapitan wangsul boten nate wonten maling malih dumugi sapriki.”

“Waa jebul Ki Jagabaya menika saestu sekti mandraguna” Wicantenipun Ki Dhangkal sasampunipun rampung anggen kula criyos.

“Estunipun inggih boten Ki Dhangkal” wangsulan kula “namung kemawon anggen kula saged kapiji dados Jagabayaning Dhusun menika salah satunggal awit miturut pambijinipun Ki Lurah lan  para Pamong sanesipun, kula nggadhahi sakedhik kalangkungan tinimbang kanca sanesipun”.

Sasampunipun rampung anggen kula cariyos, Ki Dungkul lan Ki Dhangkal pamitan badhe wangsul. Kula inggih lajeng nglajengaken anggen kula nganglang Dhusun” Ki Jagabaya mungkasi anggenipun matur dhateng Ki Lurah.

Ki Lurah Pangapitan boten tumunten paring pangandika, Sukmana ugi namung kendel ngrantos dhawuh.

“Samangke sampun wonten titikan ingkang sakalangkung cetha Kakang”  dumadakan Ki Palir matur dhateng Ki Lurah “anggenipun Kakang Dungkul mentala ngarah cilakanipun Ki Jagabaya menika jalaran Kakang Dungkul taksih ngigit-igit kalihan tiyang ingkang damel pepesing sukunipun kadang sapaguronipun ingkang nami Kawuk”.

“Ngono ya Dhi?” Ki Lurah sajak ngungun kalihan aturipun Ki Palir “genahe piye Dhi?”.

 

ana candhake

 

Minggu, 14 Januari 2024

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (28)


 028.

        Anggenipun mesem Ki Lurah makaten menika jalaran Ki Lurah uninga menawi aturipun Ki Palir makaten kala wau nedahaken menawi Ki Palir nggadhahi pamanggih menawi pangajakipun Ki Batasigar saha Ki Dungkul lan Ki Dhangkal menika kedahipun dipun tampik ngaten kemawon. Jalaran sampun cetha menawi menika pangajak ingkang badhe njlomprongaken Ki Lurah lan Dhusun Pangapitan ing margi ingkang sasar. Nanging Ki Lurah ugi kagungan pawadan anggenipun paring wangsulan dhateng Ki Dungkul lan rencang-rencangipun makaten menika. Boten amargi Ki Lurah kagungan raos pitados sanaosa namung sakedhik dhateng cariyosipun Ki Batasigar lan rencang-rencangipun, nanging awit Ki Lurah kemutan dhateng aturipun Ki Bebau Peleman lan Ki Kebayan Kuncen kala wingi sonten.

        “Ngene ya Dhi” Ki Lurah lajeng paring dhawuh dhateng Ki Palir “satemene saben selapan dina sepisan, ya kuwi pendhak malem Akad Legi, aku mesthi nglumpukne para Bebau, para pamong lan para sapukawating desa sarta para sesepuh lan mancakaki, saprelu tak ajak ngrembug kahanan lan ruwet rentenging desa, apa lan endi sing kudu ditandangi lan kepiye carane nandangi. Lha, limang dina maneh rak ngepasi dina Setu Kliwon malem Akad Legi? Ya ing kono mengko apa pangajake Adhi Dungkul lan kanca-kancane arep tak kabarake marang Para Bebau, Para Pamong lan Para Sapukawating Desa sarta Para Sesepuh lan Mancakaki. Lan kuwi ya mung satleraman wae, lan tak dhisiki klawan ngelingake kalungguhane Desa Pangapitan iki wiwit madege nganti saiki minangka peranganing Negara Mataram kang mangayom marang Kanjeng Panembahan Senapati”.

        “mBok menawi ingkang dipun kersakaken Paman Palir kala wau makaten lho Bapa” Sukmana ndherek matur udhu pamanggih “kenging menapa kala wau Bapa boten paring wangsulan dhateng Paman Dungkul menawi badhea kados menapa Pangapitan panggah badhe setya dhateng Gusti Panembahan Senapati?”.

        “Pancen kudune wangsulanku mau mangkono kuwi Sukmana lan Adhi Palir” Ki Lurah paring wangsulan “nanging aku kelingan karo kabar sing digawa dening Ki Bebau Peleman lan Bayan Kuncen wingi sore kae, ya kuwi anane wong-wong sikep gegaman jangkep, sing ana ing alas salore Pangapitan. Kamangka ing sajroning atiku, aku duwe pandakwa yen wong-wong kuwi kanca-kancane Dungkul, iki tak gandhengne karo sing dialami dening Ki Jagabaya Munggur sing meh wae dadi kurban lan tumekaning tiwas, tujune isih bisa dislametake dening Adhi Palir. Bares wae, aku durung ngerti sepira kekuwatane wong-wong sing ana alas sak lore desa kuwi, apa maneh Sukmana sing tak prentah supaya nitik kahanan durung bisa ditakoni merga tekane omah wae sajroning kahanan kaya wong lagi mendem Ketela Gendruwo. Mula aku banjur nggagas, yen nganti pangajake Batasigar lan Dungkul sakancane tak tampik ngono wae, aku kuwatir Batasigar lan Dungkul banjur nyeluk wong-wong sing ana alas lor desa kuwi diajak njarah rayah lan gawe kisruhing desa. Sanadyan mesthi wae para Bebau lan Para Sapukawating Desa ora bakal mung meneng wae, nanging yen kedadean ana perang, aku nggagas akeh tunane tinimbang bathine. Mula aku butuh wektu, kanggo mikir apa sing kudu ditindakne warga Pangapitan yen klakon ana perang antarane Pangapitan mungsuh wong-wonge Dungkul sakancane. Lan aku duwe pangira, perang iki bakal klakon temenan, merga nglengkara aku manut lan nuruti pangajake Batasigar sing mesthine olehe tekan kene merga dikongkon dening Gurune sing jeneng Kyai Nagalanang kuwi. Dadi sepisan maneh, anggonku aweh wangsulan marang Batasigar mangkono kuwi mau, merga awake dhewe butuh wektu kanggo niti kahanan sarta nyusun kekuwatan kanggo ngadhepi mungsuh sing luwih dhisik siyaga kuwi.”

        “Inggih Kakang” Ki Palir ingkang matur rumiyin “kula nglenggana menawi pangertosan kula tebih ing sangandhap jengandika. Boten langkung kula nyuwun pangaksami”

        “Awakmu ora luput Adhi” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah kalihan mesem “jalaran si Adhi durung kulina momong wong sadesa, suwe-suwe yen kowe kerep tak ajak melu ngrembug bab ruwet rentenging kahananing desa, mbok menawa bakal saya jembar mekaring nalarmu lan bisa uga ngluwihi aku.”

        “Nyuwun pangapunten Bapa” Sukmana matur malih “kados ingkang sampun kula aturaken kala wau, bilih nurut kabar ingkang kadhawuhaken dhateng kula dening Ki Lurah Dhedhali kala dalu, tiyang-tiyang ingkang sikep dedamel ing wana ler dhusun menika, sakniki sampun tebih saking saking Pangapitanm dados boten badhe gampil dipun celuk dening Paman Dungkul sakancanipun kangge meksa Bapa murih nggega pangajakipun Ki Batasigar menika kala wau”.

        “Bener Sukmana” Ki Lurah ngendika sareh “kajaba olehku ngerti yen wong-wong sing neng alas lor desa kuwi wis adoh saka Pangapitan, sawuse Batasigar lan Pamanmu Dungkul sakancane lunga saka Pendhapa mau, kowe ya kudu eling marang dhawuh liya saka Senapati Arya Sandi marang kowe lan uga marang aku kaya kang wis kacethakne ing rontal sing mbok gawa. Ya kuwi awake dhewe kudu nambahi pangati-ati lan ora kena nyuda kaprayitnaning batin, jalaran cetha yen ing Pangapitan kene lagi ana mungsuh sing nindakne laku dom sumuruping banyu”

        “Lha menika ingkang badhe kula suwunaken pirsa Kakang” Ki Palir nyauti pangandikanipun Ki Lurah.

        “Ing bab sing endi Dhi?” Ki Lurah mundhut pirsa.

        “Tiyang nglampahaken dom sumuruping banyu menika adhakanipun sarwa wadi, sarwa ngatos-atos lan boten ngetingalaken padamelanipun dhateng sok sintena kemawon. Nanging kenging menapa Kakang Dungkul kok sembrana lampahipun? Dereng-dereng sampun damel dhadhakan gendra kanthi badhe damel cilakanipun Ki Jagabaya?. Menika menapa awit saking bodhonipun Kakang Dungkul menapa awit saking menapa Kakang? Lan kenging menapa ingkang badhe dipun arah cilakanipun kok Ki Jagabaya Munggur, dede sanesipun?” Ki Palir ngaturaken ingkang dados pitakenipun.

        “Pitakone si Adhi iki angel diwangsuli” Ki Lurah paring wangsulan “mung siji sing mesthi dene liyane mung dhapur pangira-ngira. Lire mangkene, sing cetha kuwi merga saka adilie sing Maha Kawasa. Wangsulan liyane, mbok menawa sing dadi mata-pitaning mungsuh ing Pangapitan kene kuwi dudu utawa ana sak liyane Adhi Dungkul lan kanca-kancane mau. mBok menawa wae, sadurunge kedadeyan wingi kae, Ki Jagabaya Munggur tau kepethuk lan sapajagong karo Adhi Dungkul, wekasan Adhi Dungkul duwe panemu yen Ki Jagabaya Munggur becik yen digawe cilaka dhisik dhewe awit mbebayani tumrap Adhi Dungkul lan kanca-kancane.”

        Ki Lurah lajeng paring dhawuh dhateng Sukmana :

        “Murih cethane, coba Ki Jagabaya sing saiki lagi umpetan neng Gandhok sing tau dienggoni Pamanmu Dungkul timbalana mrene, Sukmana”.

        “Inggih Bapa” wangsulanipun Sukmana kalihan ngadeg lajeng menyat badhe madosi Ki Jagabaya Munggur.

        Boten dangu Ki Jagabaya sampun dumugi ing Pringgitan dipun etutaken dening Sukmana.

        “Piye kahanan ndika Ki Jagabaya?” pandangunipun Ki Lurah sasampunipun Ki Jagabaya Munggur mapan linggih ing sisihipun Ki Palir.

        “Awit saking pangestunipun Ki Lurah saha pandonganipun sedherek-sedherek sedaya, kula ngraosaken sampun saras saestu Ki Lurah” atur wangsulanipun Ki Jagabaya .

        “Iya nanging, tak jaluk Ki Jagabaya aja bali menyang imah dhisik, panggah manggona ing Gandhok kae nganti kahanan pulih” Ki Lurah paring dhawuh malih.

        “Inggih Ki Lurah, boten langkung inggih ngestokaken dhawuh” atur wangsulanipun Ki Jagabaya .

        “Iki ngene Ki Jagabaya” dhawuh pangandikanipun Ki Lurah salajengipun “nek nitik bukti dom cem-ceman sing dening Adhi Palir diwetokake saka tatu ndika, mesthine ndika wis ngerti sapa sing wis tumindak wentala gawe cilaka ndika kuwi ta?”

        “Inggih Ki Lurah”

        “Saiki aku arep takon” Ki Lurah laheng ngendika malih, “jalaran iki mau Adhi Palir lan Sukmana uga aku dhewe lagi ngrembug bab iki. Ya gene kok nganti Adhiku Dungkul mentala arep gawe cilaka ndika iki? Lan anehe anggone tumindak kanthi dhedhemitan ora wani adu arep, nanging sarana nglimpe. Malah Adhi Dungkul wis api-api aweh tamba barang marang ndika. Apa sasuwene iki Ki Jagabaya tau sapajagong karo Adhi Dungkul lan mbok menawa kanthi ora sengaja ndika wis gawe serike Adhi Dungkul?”

        “Kula mila nate kepanggih kalihan Ki Dungkul lan Ki Dhangkal Ki Lurah” Ki Jagabaya atur wangsulan “inggih menika nalika dalunipun Ki Dungkul lan Ki Dhangkal badhe bidhal sambang semahipun dhateng Brendhilan tigang peken kapengker. Nalika samanten anggen kula jagongan kalihan Ki Dungkul lan Ki Dhangkal mila radi dangu, nanging saemut kula, kula boten paben kalihan tiyang kalih menika”.

 

ana candhake

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (27)


 

027.

        Ki Lurah Pangapitan mesem mirsani slaganipun Sukmana ingkang ketingal boten sabar, selak kepengin mireng kados pundi anggenipun Ki Dungkul lan Ki Dhangkal nggiri-giri tiyang sepuhipun. Sukmana ingkang dipun esemi dening Ki Lurah, inggih lajeng ndhingkluk rumaos radi lingsem. Ki Palir ingkang linggihipun jejer kalihan Sukmana inggih lajeng tumut-tumut ndhingkluk.

        “Aku ora maido nggonmu sajak kebranang krungu nek wong tuwamu digiri-giri dening Pamanmu Dungkul lan Pamanmu Dhangkal Sukmana” Ki Lurah lajeng ngendika kalihan suwanten ingkang sareh “nanging kowe kudu eling, wong kuwi yen gampang nesu, gampang kebranang, kuwi mesthi ora becik oleh-olehane. Merga wong kuwi yen nesu, nalare dadi mandheg merga kalah karo ubaling napsu amarah, temah suda kaprayitnaning batin. Adoh kabecikane cepak tunane. Mula kowe minangka anakku sing mbesuke bakal nutugake jejibahan mangarsani Desa Pangapitan kene, tak jaluk gelema sinau sabar ora gampang kebranang ngadhepi lelakon apa wae”.

        “Inggih Bapa” kalihan tumungkul Sukmana atur wangsulan.

        “Sabanjure, Ki Batasigar lan Pamanmu sakloron ngandhakake, miturut jangka sing dadi kapitayane wong-wong kuwi, sapa wae sing ngenggoni Tanah Jawa, mangka ngaweruhi lekase Kyai Nagalanang sing arep ngrebut panguwasa Tanah Jawa saka Trahe Raden Patah lan dibalekne marang Trah Majapahit, banjur gelem nyengkuyung lan manunggal karo barisane Kyai Nagalanang, mangka bakal nampa nugraha saka Sang Hyang Wisnu lumantar Kyai Nagalanang. Kosok baline, yen ora gelem nyengkuyung lekase Kyai Nagalanang, mangka bakal nampa walat, nemoni pati sing nggegirisi tanpa kinaweruhan sababe, sukmane bakal binalekne ing alam Sonyaluri dadi lelembut sing saben dina siniksa ing nerakane Kyai Nagalanang.”

        “Lajeng Bapa paring wangsulan dhateng Paman Dhangkal lan Paman Dungkul sarta Ki Batasigar, kadospundi?” Sukmana nyuwun pirsa malih.

        “Maune Ki Batasigar lan Pamanmu sakloron tak kandhani” Ki Lurah paring wangsulan “yen saiki iki sing nyekel panguwasa Tanah Jawa kuwi wis dudu Trah Raden Patah maneh, nanging Trah Majapahit. Awit sing ngratoni Tanah Jawa sing ngedhaton ing Kutha Gedhe Mataram kuwi Gusti Panembahan Senapati, wayah Buyute Ki Ageng Ngabdurrahman Sela lan Ki Ageng Ngabdurrahman Sela kuwi wayahe Raden Bondhan Kejawan putra dalem Sinuhun Brawijaya kang kaping lima. Dadi aran kleru yen ana sing kepengin ngrebut Panguwasa Tanah Jawa saka tangane Trah Raden Patah sing jarene arep dipasrahake marang Trah Majapahit.”

        “Lajeng Ki Batasigar lan Paman Dungkul saha Paman Dhangkal atur wangsulan kados pundi Bapa?” Sukmana nyela atur malih.

        “Kaya sing wis tak kandhakne ing ngarep mau, wong bodho kuwi angel dituturi. Mula yen ana unen-unen : sak angel-angel wong nuturi isih angel wong sing dituturi, kuwi nyata yen bener” Ki Lurah paring wangsulan “sanadyan wis tak jlentrehne sarasilahe Gusti Panembahan Senapati, wiwit Ki Ageng Pemanahan, Ki Ageng Enis, Ki Ageng Sela, Ki Ageng Getas Pendhawa nganti tumekan Raden Bondhan Kejawan lan Kanjeng Sinuwun ing Majapahit, Ki Batasigar lan Pamanmu sakloron panggah ngeyel lan ngarani yen sing tak kandhakne mau luput kabeh lan panggah ngarani yen Gusti Panembahan Senapati kang jumeneng ing Kutha Gedhe Mataram kuwi dudu Trah Majapahit nanging Trah Demak Bintara. Lan lucune, nalika tak takoni leluhure Gusti Panembahan Senapati wiwit Ki Gede Pemanahan nganti Kanjeng Sultan ing Demak Bintara kuwi sapa wae? Wong telu kuwi kandha yen ora ngerti mung kandha yen sing ngerti Gurune ya Kyai Nagalanang kuwi. Lan yen aku kepengin ngerti aku arep diajak sowan menyang Padhepokan, nyuwun pirsa bab iki marang Kyai Nagalanang”

        “Salajengipun kados pundi Bapa?” Sukmana nyuwun pirsa kalihan mesem.

        “Sing luwih ndadekne aku sansaya ora ngerti” Ki Lurah ngendika malih “Wong telu kuwi ketara nek rumangsa wis tak remehake nalika aku takon, Trah Majapahit sing arep dipasrahi Panguwasa Tanah Jawa yen Mataram wis klakon bedhah kuwi sapa? Lan garising sarasilah saka sapa?.”

        “Dipun dangu makaten kok rumaos dipun remehaken menika kados pundi ta Bapa?” Sukmana nyela atur kalihan radi gumujeng.

        “Jalaran aku dianggep ora percaya lan wani nggorohake marang sabdane Bathara Nagalanang sing mesthi benere” Dhawuh wangsulanipun Ki Lurah ugi kalihan mesem “banjur Pamanmu Dungkul guneman kanthi suwara sing ora pati kepenak dirungokne, - menawi Ki Lurah boten pitados lan wantun nggorohaken dhateng sabdaning Dewa, inggih mangga, nanging menawi wonten walat saking Bathara Nagalanang, kula boten badhe cawe-cawe - . Mangkono ucape Pamanmu Dungkul”.

        “Nyata nek menungsa sing murang tata, Si Paman Dungkul” Sukmana sumela atur kalihan nggeget untu ketang runtiking manahipun.

        “Leres Ngger” Ki Palir ingkang wiwit wau namung kendel numpangi rembagipun Sukmana “mila sampun kebacut wuwusipun Kakang Dungkul, kala wau meh kemawon kula badhe njangkah dhateng Pendhapa badhe kula taker wareg kakang Dungkul ingkang sampun kumawantun degsura dhateng keng Bapa, nanging kula emut bilih keng Bapa namung ngeparengaken  kula nengga ing Pringgitan mriki.”

        “Mengko dhisik” Ki Lurah lajeng ngendika kalihan suwanten radi inggil “jan-jane kowe wong loro mau ngrungokne pituturku apa ora? He?”

        “Nyuwun pangapunten Kakang” Ki Palir lajeng ndhingkluk. Sukmana makaten ugi.

        “Dikandhani supaya padha pinter kok malah padha nggugu karepe dhewe?” Ki Lurah ngendika malih “nek kowe padha ngono kuwi, bedane apa kowe sakloron karo Batasigar, Dungkul lan Dhangkal?”.

        “Nyuwun pangapunten Kakang, kula supe” kalihan ndhingkluk Ki Palir atur wangsulan.

        “Inggih Bapa, kula supe lan kula lepat” Sukmana nyambet aturipun Ki Palir ugi kalihan ndhingkluk.

        “Satemene, nek nuruti pangajake napsu amarahku” Ki Lurah ngendika malih “ya kaya kowe kabeh, meh wae Dungkul tak tempiling sirahe. Nanging aku isih kaparingan eling, yen aku kudu luwih sabar ngadhepi wong bodho kaya Dungkul sakancane kuwi. Yen nganti ora bisa sabar bisa mbilaeni kanggoku lan kanggo Desa Pangapitan. Mula aku banjur kaya mau, Adhi Palir melu ngrungokne kandhaku marang Dungkul mau apa ora?”.

        “Nyuwun pangapunten Kakang” Ki Palir atur wangsulan “kabekta saking bentering manah kula, mila kula lajeng boten saged mirengaken kanthi cetha menapa ingkang jengandika dhawuhaken dhateng Kakang Dungkul”.

        “Harak tenan ta?” Ki Lurah ngendika kalihan gumujeng kecut “mula sepisan maneh, panjalukku marang kowe lan Sukmana padha sinaua supaya bisa nindakne laku sabar.”

        “Inggih” meh sareng Sukmana kaliha Ki Palir atur wangsulan.

        “Mau aku kandha marang Dungkul lan kanca-kancane” Ki Lurah nutugaken pangandikanipun “manawa ing Pangapitan iki aku mung nyekel panguwasaning kawula lan warga Desa Pangapitan, lire sing nduweni panguwasa kuwi kawula lan warga, dene aku mung sadrema nindakne apa sing dadi kekarepane kawula lan warga Pangapitan. Mula kanggo mutusake apa aku kudu nggugu marang pangajake Kyai Nagalanang apa aku kudu ngukuhi kasetyan marang Kanjeng Panembahan Senapati kang wis paring palilah marang para leluhure wong Pangapitan lan anak turune ngenggoni Desa iki, aku arep rembugan dhisik karo kawula lan warga Pangapitan kene. Kang mangkono mau, merga antarane aku lan kabeh kawula Pangapitan wis prasetya bakal sabaya mukti lan sabaya pati. Lire, aku gelem mukti yen kawula Pangapitan uga mukti, samono uga tumrap kawula Pangapitan ora bakal gelem urip mukti yen ora bareng karo Lurah Pangapitan.”

        “Lajeng Paman Dungkul matur kados pundi malih Bapa?” Sukmana sampun wantun ndengengek malih lan nyuwun pirsa dhateng Ki Lurah.

        “Maune sing guneman Batasigar, karepe arep ngotot, meksa aku supaya aku ora susah ndadak ngajak rembugan karo kawula lan warga Pangapitan” Ki Lurah paring wangsulan “nanging bareng aku kandha yen aku ora nggorohake lan uga durung ngandel apa sing dikandhakne Batasigar lan Dungkul mau, lan sapa wae ora wenang meksa aku percaya utawa ora percaya marang Gurune wong telu kuwi. Batasigar lan Dungkul sarta Dhangkal banjur bisa nyarujuki lan nyengkuyung nggonku arep ngajak rembugan karo kawula lan warga Pangapitan. Bubar kuwi Dungkul sakancane banjur pamitan bali lan tak untabne nganti tekan regol ngarep mau.”

        “Nuwun sewu Kakang” Ki Palir gentos matur “menapa saestu Kakang Lurah badhe ngawontenaken rembag dhusun namung jalaran midhanget cariyos ingkang ngayawara menika?”

        Ki Lurah mesem, midhanget aturipun Ki Palir ingkang makaten menika.

 

 

ana candhake

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...