Total Tayangan Halaman

Senin, 12 Februari 2024

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (42)


 

42.

        Wancinipun taksih enjing, srengenge nembe kemawon jumedhul saking langit sisih wetan. Sukmana nembe wonten ing Kandhang, ngrencangi Gamel ingkang ngopeni kapalipun, ngiras pantes nedahaken kasok tresnanipun dhateng kewan ingkang dados tungganganipun menika. Mila wiwit alit rumiyin dening tiyang sepuhipun Sukmana menika dipun gegulang murih nggadhahi watak tresna asih dhateng sesamining gesang, kalebet dhateng kewan ingkang dados ingah-ingahanipun. Boten tebih saking papanipun Sukmana, ing sajawining kandhang Ki Palir ketingal sampun kringeten gobyos, awit kasengsem ngudang wadung mecoki bulung damel kajeng obong. Nyi Lurah saha Nyi Palir ugi ketingal ibut ngrencangi para Rewang Kalurahan nyambut damel ocal-ocal tetedhan ing Pawon.

        Dumadakan saking pendhapa kepireng ungeling gentha nedahaken menawi wonten ingkang suka sasmita menawi badhe sowan ing ngarsanipun Ki Lurah Pangapitan. Sasampunipun radi sawatawis dangu lajeng kasusul suwanten kenthongan oyod deling ingkang dipun thuthuk kalih-kalih kaping kalih lajeng kasambet kathuthuk kaping tiga susun kalih, ugi saking pendhapa.

        Sukmana nilar kapalipun, lajeng medal saking Kandhang nyaketi Ki Palir, kalihan wicanten :

        “Dipun timbali Bapa dhateng Pringgitan, Paman.”

        “Inggih Ngger, kula tak wijik rumiyin” wangsulanipun Ki Palir kalihan nyelehaken wadungipun, lajeng menyat dhateng padasan.

        “Kula inggih badhe reresik rumiyin kok Paman” kalihan nututi lampahipun Ki Palir, Sukmana wicanten. Tiyang kalih menika lajeng sareng-sareng reresik lan lajeng mlampah liwat Pendhapa badhe ngadhep Ki Lurah ing Pringgitan. 

        Jebul nalika Ki Palir lan Sukmana dumugi ing Pringgitan, ing mriku sampun wonten Bebau Pilang, Bebau Pethek, Bebau Peleman saha Bebau lan Jagabaya Jambon. Sedaya sami linggih kupeng ing ngarsanipun Ki Lurah. Ki Palir saha Sukmana inggih lajeng ndherek linggih ing mriku.

        “Dhisik dhewe sing arep tak kandhakne prekara sing mau bengi ditakokne adhiku Palir”  ngendikanipun Ki Lurah sasampunipun sedaya linggih kanthi sekeca “ya iku bab Adhiku Dungkul lan Adhiku Dhangkal. Mengko yen wis rampung tak kandhakne lagi dirembug apa sing ditakokne Baune Jambon.”

        “Inggih Kakang” ingkang atur wangsulan Ki Palir, ingkang lajeng nyuwun pirsa “Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal kados pundi? Menapa sampun kaparengaken kula madosi sedherek kula kalih ingkang sampun murang tata menika?”

        “Awakmu kuwi nek dikandhani supaya nggedhekne kasabaran kok angel temen ta Dhi?” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah setengah nyendhu dhateng Ki Palir “pancen sedulurku sing satemene mung kadang katut kae, tekane ing Pangapitan bareng awakmu kae jebul wis nggawa lekas sing ora becik. Olehe kandha arep mbara kerja biyen mung kanggo nutupi lekase sing ora bener. Anggonku kandha mangkono iki mau, jalaran miturut kandhane Baune Jambon mau, jebul Batasigar sing mara mrene bareng karo wong telu liyane ngetutne Dungkul lan Dhangkal kae, wis rada sawatara suwene olehe teka ing Pangapitan, manggone neng omahe Baune Kawisan. Ora mung wong papat nanging akeh, cacahe ana kur-kuran. Lan miturut katrangane Ki Jagabaya Jambon mau, Dungkul lan Dhangkal kuwi luwih akeh olehe manggon ing omahe Bebau Kawisan tinimbang ing omah olehku nggawekne bareng karo omahmu kae. Satemene, ing Parepatan Akad Legen mau bengi, Ki Jagabaya Jambon arep ngandhakne prekara iki, nanging gandheng Ki Jagabaya durung cetha anggone namatne endi kanca endi mungsuh sing padha teka ing parepatan mau bengi kuwi, mula dening Ki Jagabaya ora dikandhakne. Sabanjure, sing weruh isine keba kaya sing dicritakne Baune Peleman mau bengi kuwi Bebau Jambon, murih saya cethane Baune Jambon kareben mbaleni critane murih Si Adhi lan Sukmana bisa melu ngrungokne.”

        “Inggih Ki Lurah” Bebau Jambon lajeng nyauti pangandikanipun Ki Lurah “nuwun  sewu Ki Palir, Adhi Sukmana lan Para Kadang Bebau sedaya. Murih cethanipun badhe kula wangsuli atur kula dhateng Ki Lurah, kawiwitan saking anggen kula meh kemawon kajeglong lampah, awit kapencut katut nggega warta ngayawara ingkang dipun bekta dening Baunipun Kawisan lan Baunipun Sumber.”

        “Iya, Ki Bau” Ki Lurah nyelani rembagipun Bebau Jambon “becik ndika critakne kabeh, aja ana sing ndika liwati murih luwih cetha sakabehane.”

        “Inggih Ki Lurah” atur wangsulanipun Bebau Jambon ingkang kasambet nglajengaken cariyos :

        “Kawitan ingkang manggihi kula menika Ki Bau Sumber ing griya kula, piyambakipun cariyos bilih semahipun ingkang sampun sawatawis dangu sakit sukunipun, boten saged mlampah, samangke sampun saras lan saged mlampah kados wau-waunipun.

        “Kamangka kaya kang ndika weruhi, wis pirang-pirang wong tuwa sing tak parani tak suwuni japa lan berkah supaya nambani sisihanku kae,  nanging kabeh ora ana sing bisa marasake larane sisihanku, nganti aku mupus lan ngira manawa bojoku kuwi ora bakal bisa mari” makaten anggenipun criyos Ki Bau Sumber sasampunipun ngabaraken menawi semahipun sampun saras.

        “Lha saiki wis klakon bisa waras kuwi jalarane apa Ki Sumber?” kula ngecani rembag, pitaken.

        “Jebul Ki Dungkul, sedulure Ki Lurah sing saka Brendhilan kae dudu wong sembarangan, Ki Jambon. Ki Dungkul kagadhuhan kaluwihan sing nggegirisi. Nalika Ki Dungkul tindak menyang omahku karo Baune Kawisan, sadurunge aku matur panjenengane wis pirsa nek sisihanku lara lan nek mlaku banget olehe ngrekasa. Ki Dungkul banjur ngersakne banyu bening sing diwadhahi bathok. Sawise tak aturi, banyu neng bathok mau didamu kaping telu karo dimantrani banjur ndhawuhi aku supaya menehake banyu mau marang bojoku supaya diombe. Eloking kahanan, sawise ngombe banyu peparinge Ki Dungkul mau, ora nganti sapanginang, bojoku sing maune mung bisa ngathang-athang ing amben karo sambat, dumadakan bisa tangi lan bisa mlaku kaya padatan sadurunge lara kae, larane bojoku waras padha sakala, nganti teka saiki babar pisan wis ora tau kumat maneh” Ki Bau Sumber nyariyosaken anggenipun saras semahipun.

        “Ya sokur ta Ki Sumber, aku mung bisa melu bungah dene Nyi Sumber wis mari anggone lara” kula nyambeti anggenipun criyos Baune Sumber “kuwi jenenge tamba kanggo Nyi Sumber sing nekani, ndika wis lunga mlayu mrana-mrene nanging durung oleh gawe, lha kok dumadakan Ki Dungkul lam Baune Kawisan rawuh ing panggonan ndika ngasta tamba”.

        “Nek ndika arani ngono ya kena-kena wae Ki Jambon” Baune Sumber wicanten malih “nanging pancen satemene olehe Ki Dungkul sakancane kae nganti tekan Pangapitan kene iki merga nindakne kuwajiban saka Gurune, ya iku nyebar kabecikan paring pitulungan marang sapepadhaning wong, andum kabegjan lan kaslametan marang sok sapa sing mbutuhake. Dadi kaya aku iki tuladhane, aku wis kaparingan pitulungan kanthi warase sisihanku, banjur aku didangu dening Ki Dungkul apa aku mbutuhake kabegjan lan kaslametan apa ora?”

        “Lha nek wong urip neng donya kuwi tak kira kabeh nadyan ora ditari lan ora ditakoni, nek karo sing jenenge kabegjan lan kaslametan ya mesthi mbutuhake ta Ki Sumber?” kula nyela rembag udhu pamanggih “aja maneh kok wong sing isih urip, jeneh wong sing wis mati wae, isih disuwunake slamet lan begja kanthi cara dislameti wiwit asur tanah nganti sewu dinane ngana kae lho?”

        “Sepisan maneh, ndika bisa lan kena duwe panemu ngono kuwi Ki Jambon” Bebau Sumber suka wangsulan kalihan mesem lajeng taken malih “dadi ndika ya isih mbutuhake kabegjan lan kaslametan kuwi apa?”

        “nDika kuwi piye ta Ki Sumber?” wangsulan kula kalih radi anyel “aku mau rak wis kandha yen kabeh wong urip kuwi mesthi butuh kabegjan lan kaslametan, kamangka aku iki isih urip? Nek aku kandha ora butuh begja lan ora butuh slamet lha harak wis wingi-wingi aku nglalu ngendhat neng pang trembesi wetan latar kuwi rak ya mati?”.

        “He… he… he… “ kula ungeli makaten menika kala wau Baune Sumber malah gumujeng lajeng wicanten “aja muring dhisik ta Ki Jambon, merga rembugku mau isih ana sambunge he … he … he…”

        “Jeneh ndika kuwi nek guneman ya mung waton muni kok” wangsulan kula radi sareh “wis genah nek aku kandha mangkono mau kok ndadak isih ditakoni butuh kaslametan lan kabegajan apa ora, upama ndika sing ditakoni apa ora malah misuh-misuh hara?”

        “Iya, iya Ki Jambon, ndika pancen bener” Bebau Sumber wangsulan kalihan mesem “anane aku mbaleni olehku takon mangkono mau, jalaran aku krungu kabar sing aneh. Arep ora ngandel marang kabar mau aku ora wani, merga kabar mau sing ngendika Ki Dungkul. Nanging arep percaya aku ya wedi, jalaran sing dikabarake kuwi Ki Lurah Pangapitan.”

        “Ana kabar apa sing magepokan karo Ki Lurah, Ki Sumber?” kula nyela pitaken.

 

(ana candhake)

 

Minggu, 11 Februari 2024

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (41)


 

41.

        Boten dangu sapengkeripun Bebau tiga kala wau, Bebau Krajan dugi. Dening Sukmana inggih lajeng dipun ajak dhateng Pringgitan, manggihi Ki Lurah ingkang taksih lelenggahan ing mriku kalihan Ki Palir.

        “Piye Ki Bau? nDika mau wis diwarah Baune Peleman apa?” Pandangunipun Ki Lurah sasampunipun Bebau Dhukuh Krajan mapan linggih.

        “Inggih Ki Lurah” atur wangsulanipun Bebau Krajan “ingkang sepisan, sedaya Sapukawat sampun kula kengken nindakaken rondha lan ngiteri Dhukuh Krajan kanthi sesidheman. Kaping kalih, ngengingi dalemipun Ki Dungkul lan Ki Dhangkal sarta dalemipun Ki Palir ingkang wiwit sonten ketingal suwung, dumadakan dereng dangu menika dipun purugi dening tiyang tiga, kanthi dhedhemitan. Miturut aturipun Sapukawat ingkang nyumerepi, tiyang tiga kala wau sami mbeta keba, isining keba menapa, Sapukawat kala wau boten mangertos, awit mila kawontenan inggih peteng. Ingkang cetha, keba-keba kalawau sedaya dipun lebetaken ing dalemipun Ki Dungkul, Ki Dhangkal lan Ki Palir liwat kori butulan wingking. Estunipun tiyang tiga kasebat ugi sampun dipun kepung rapet dening para Sapukawat, ewa samanten boten kacepeng, tetiganipun saged ngical tanpa tilas. Namung nilar suwanten sesumbar….”

        “Piye sumbare Ki Bau?” Ki Lurah nyelani aturipun Bebau Krajan kalihan pamundhut pirsa.

        “Salah satunggal saking tiyang tiga menika wicanten sora: -Heh wong Pangapitan, ajaa mung bocah rong puluh sing kaya kowe kabeh, mbok nom-noman sa Pangapitan kabeh kerigna kongkon ngrubut aku wong telu, ora bakal kowe kabeh bisa nyenggol kulitku, bisa nyekel siswa Paguron Nagalanang padha wae bisa nggraji angin. Lan elingna marang wong Pangapitan liyane, aja pisan-pisan ana sing wani nyedhak omahe Ki Dungkul lan Ki Dhangkal apa dene omahe Murid Murtad Palir kae, yen durung serep nyawane -. Makaten sumbaripun tiyang kala wau, Ki Lurah. Samangke kula nyadhong dhawuh menapa ingkang kedah kula lampahi” atur wangsulanipun Bebau Krajan ingkang kasambet nyuwun dhawuh.

        “Saiki ngene wae, Baune” Ki Lurah lajeng paring dhawuh “para nom-noman ndika dhawuhi ngendhoni nggone padha rondha, murih bisa nglerenake raga lan pikirane. Miturut pamawasku, bengi iki ora bakal ana bebaya maneh sing arep nekani Pangapitan, nadyanta mangkono aja ninggal kaprayitnaning batin.”

        “Inggih Ki Lurah, ngestokaken dhawuh” atur wangsulanipun Bebau Krajan ingkang lajeng medal nilaraken Pringgitan.

        “Tak kira awakmu ya kudu tumuli leren dhisik, Dhi” dhawuhipun Ki Lurah dhateng Ki Palir sasampunipun Bebau Krajan medal.

        “Mangke rumiyin Kakang” atur wangsulanipun Ki Palir “taksih wonten sakedhik prakawis ingkang badhe kula suwunaken pirsa.”

        “Prekara apa kuwi?” Ki Lurah paring pandangu.

        “Prakawis isinipun keba ingkang dipun seleh ing griya kula menapa dene ingkang wonten griyanipun Kakang Dhangkal lan Kakang Dungkul” atur wangsulanipun Ki Palir “mireng cariyosipun Ki Bau Krajan kala wau, kok dumadakan kula kepengin sanget nuweni griya, ningali menapa isinipun keba ingkang dipun seleh dening tiyang-tiyang Paguron Nagalanang menika.”

        “Sabar dhisik Dhi” Ki Lurah paring wangsulan “aku dhewe ora ngerti isine keba sing dikandhakne Baune Krajan mau apa. Nanging nek nitik sing dikandhakne ing sumbare wong Paguron Nagalanang marang para Sapukawat mau, sajake isine barang sing mbebayani tumrap keslametane wong. Mula becike aja saiki nek awakmu kepengin niliki omah, sesuk wae nek wayah padhang, dadi bisa nyawang kanthi cetha. Sarta aja dhewekan kudu ana sing ngancani. Lha apa Si Adhi wis bisa ngira-ira apa isine keba sing dikandhakne Baune Krajan mau?”

        “Kula inggih dereng saged nginten-nginten Kakang” aturipun Ki Palir.

        “Yen pancen mangkono, becik kaya sing tak kandhakne mau wae Dhi” Ki Lurah paring dhawuh malih “karo maneh, aku uga duwe pangira liya. Ya iku anggone omahmu diselehi keba sing embuh apa isine kuwi, mung arep dienggo mancing Si Adhi supaya ngaton. Awit ora mokal yen Dungkul karo Dhangkal lan wong-wong Paguron Nagalanang, nyimpen rasa sujana marang Si Adhi lan dianggep wis mbalela marang Paguron Nagalanang luwih-luwih kanthi anane kedadean mlayune garwamu sing kepethuk ana alas lan mbok ajak bali menyang Pangapitan wingi kuwi. Mesthine wong-wong kuwi banjur nggoleki Si Adhi, nanging nyatane teka seprene durung ana sing ngerti yen si Adhi wis bali ing Pangapitan, mula becike sesuk aja awakmu sing niliki omahmu, luwih becik Sukmana utawa aku dhewe.”

        “Nanging badhea kados menapa, boten sande tiyang-tiyang menika mesthi badhe sumerep menawi kula mapan ing dalem Kalurahan kempal kalihan jengandika Kakang” Ki Palir matur malih “malah estunipun kula badhe madosi Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal, badhe kula taker wareg awit sampun tumindak nasar ing Pangapitan sasampunipun jengandika paringi pitulungan lan jengandika dhaken minangka kadang pribadi.”

        “Iya Dhi, aku ora maido gumronjal ing sajeroning atimu, sing nuwuhake ucapmu kang kaya mangkono kuwi” kalihan suwanten ingkang sareh, Ki Lurah paring wangsulan “nanging sepisan maneh tak kandhakne, aja dhemen grusa-grusu lan aja kesusu, sabab kesusu kuwi adhakane banjur kebat kliwat, kena disanepakne kaya wong ngiseni kendhi saka timba, yen kesusu olehe ngiseni banyu satimba kutah kabeh kendhine panggah kothong. Nanging si Adhi aja kuwatir, sanadyan kudu panggah ngugemi pangati-ati, prekara antarane awake dhewe karo Dungkul lan Dhangkal iki pancen kudu tumuli dirampungake. Becike saiki awake dhewe ngedhem ati lan nalar luwih dhisik, sarana ngaso lan ndedonga marang Gusti murih kaparingan pepadhang. mBok menawa sesuk esuk awake dhewe wis oleh dalan kanggo ngrampungake prekara iki.”

        Rampung anggenipun ngendika makaten menika, Ki Lurah nunten jumeneng lan tanpa ngentosi wangsulan saking Ki Palir lajeng nilaraken Pringgitan.  Sukmana inggih lajeng ngadeg lan wicanten dhateng Ki Palir :

        “Mangga ngaso rumiyin Paman”

        “Mangga Ngger” wangsulanipun Ki Palir kalihan ngadeg lajeng mlampah mlebet dhateng dalem wingking.

        Sanaosa Sukmana ngajak ngaso, nanging piyambakipun boten lajeng mlebet dhateng senthong patilemanipun. Nanging nyelakaken dhateng regol ngajeng murugi para Sapukawat ingkang nembe jagi ing regol. Ketingal ingkang nindakaken jagi wonten tiyang sedasa. Ingkang kalih ngadeg kanthi siyaga dedamel tumbak, ing ngajeng sisih kanan lan keringing regol, ingkang kalih linggih ing lincak sangajenging regol, ingkang setunggal mlampah wira-wiri kalihan nyepengi pedhangipun ing sakupenging regol. Dene ingkang gangsal nembe ngaso kanthi ngglethak ing lincak.

        “Wonten dhawuh saking Ki Lurah ta Gus Sukmana?” Sapukawat ingkang linggih ing lincak mapag Sukmana kalihan pitakenan.

        “Ora Kakang” wangsulanipun Sukmana kalih mesem, kalajengaken pitaken “piye rak ya ora ana apa-apa ta?”

        “Pikantuk berkah saha pangestunipun Ki Lurah, boten wonten menapa-menapa Gus” wangsulanipun Sapukawat kala wau, kalihan mapan linggih malih “namung kala wau sapengkeripun Ki Bau, ing radosan ngajeng wonten segawon ingkang ketingalipun radi nyalawadi kados segawon siluman….”

        “Asu sing nyalawadi?” Sukmana nyela rembag kalihan pitaken.

        “Inggih Adhi” ingkang wangsulan gentos Sapukawat setunggalipun “segawon ajak ulesipun pethak radi ageng, boten kasumerepan sangkanipun ngertos-ngertos sampun linggih ing tengah margi, majeng dhateng regol kados-kados nembe nguwasi tiyang ingkang nembe rondha menika.”

        “Lha banjur lungane kepiye?” Sukmana pitaken malih.

        “Dipun gusah dening Jiya wongsal-wangsul boten purun kesah, lajeng kalih Dikun dipun giring kalebetaken krangkeng lan dipun papanaken ing emper griyanipun Ki Taru kilen mriku” wangsulanipun Sapukawat kala wau kalih nuding mangilen, nedahaken papanipun segawon ingkang dipun krangkeng.

        “Ya wis, sesuk esuk nek karo mangkat bali, asune ndika uculi” Sukmana lajeng suka prentah dhateng Sapukawat kala wau “muga-muga mung asu lumrah, dudu asu siluman.”

        “Menawi segawon siluman kados pundi Gus?” Sapukawat ingkang kala wau mapag Sukmana gentos taken.

        “Lha nek asu siluman, saiki mesthi wis ilang, ora ana neng jero krangkeng maneh” wangsulanipun Sukmana kalih gumujeng “coba saiki ndika tiliki, isih apa ora?”

        Sapukawat kala wau lajeng ngadeg, mlampah badhe ningali segawon ingkang dipun krangkeng lan dipun seleh ing empering griya sakilening Kalurahan. Boten watawis dangu sampun wangsul malih dhateng lincak papanipun Sukmana linggih.

        “Taksih kok Gus, nembe tilem nglepus” kalih mapan linggih Sapukawat menika wicanten dhateng Sukmana “kersanipun, benjing kula betane wangsul, ajeng kula ingah, tiyang ulese pethak mulus, kula remen.”

        Sukmana boten wangsulan, namung mesem kemawon.

 

 

(ana candhake)

 

Jumat, 09 Februari 2024

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (40)


 

40.

        Ki Lurah Pangapitan saha Ki Palir sansaya kasengsem, kekalihipun boten kedhep anggenipun maspadakaken praupanipun Bebau Peleman, ingkang lajeng nutugaken anggenipun matur :

        “Para sinoman lan sapukawat saking Peleman, Pethek lan Pilang lajeng andum damel. Ingkang kalih welas kapasrahan nututi Sijam dhateng sabrangan lepen bulak Gempol lan ingkang kalih welas kapasrahan nututi Senthun dhateng ngandhaping wit Dara bengakan Kalibang, dene sanesipun nglajengaken rondha ing sakupenging Kalurahan”.

        “Pinter!” Ki Lurah nigas aturipun Bebau Peleman, ngalembana dhateng para sinoman saking dhukuh tiga kala wau, lajeng mundhut pirsa malih “mesthine Sijam lan Senthun sakancane bisa ketututan sadurunge tekan Sabrangan Bulak Gempol lan Ngisor Dara Bengakan Kalibang?”.

        “Boten Ki Lurah” atur wangsulanipun Bebau Peleman malih “lare-lare sapukawat milih langkung margi sidhatan, dados anggenipun dumugi papan ingkang dipun tuju langkung cepet tinimbang Senthun saha Sijam lan rencang-rencangipun. Malah nalika tiyang-tiyangipun Bebau Kawisan menika boten mangertos menawi dipun dhedhepi dening lare-lare Sapukawat inggih lajeng boten dangu saged dipun rangket lan badhe kabekta dhateng Kalurahan mriki. Nanging kuciwanipun, ing margi tumuju dhateng kalurahan lampahipun para sapukawat ingkang mbekta bandan menika kepanggih tiyang nyalawadi. Sapukawat ingkang mbeta Sijam lan rencang-rencangipun kepanggih tiyang sekawan, lan ingkang mbeta bandanipun Senthun kepanggih tiyang tiga. Sedaya sami ngaken menawi siswa-siswa saking Paguron Nagalanang. Awit saking sulayaning rembag, jalaran tiyang-tiyang kala wau nedhi luwaripun Senthun lan Sijam miwah rencang-rencangipun, wasana dados kerengan. Eloking kawontenan tandangipun tiyang sekawan lan tiyang tiga wau kados setan kemawon, sanaosa para Sapukawat boten wonten ingkang nandhang tatu awrat, nanging bandan ingkang badhe kabekta dhateng Kalurahan saged dipun rebat lan dipun beta mlajeng dening tiyang-tiyang  saking Paguron Nagalanang kala wau. Makaten ingkang saged kula aturaken ing ngersa jengandika Ki Lurah, samangke kaparengana kula nengga dhawuh menapa ingkang kedah kula lampahi.”

        Ki Lurah unjal napas radi landhung, sareng sampun radi sawatawis lajeng ngendika, boten paring wangsulan dhateng Bebau Peleman nanging malah mundhut pirsa :

        “Banjur bocah-bocah sapukawat saiki ana ngendi? Mau wetenge wis padha kisenan apa durung?”

        “Sampun Ki Lurah” atur wangsulanipun Bebau Peleman “sadaya sampun sami nedha, samangke kula papanaken ing pekaranganing Kalurahan mriki, sawanci-wanci kadhawuhan nglurug dhateng Kawisan saha ngendharat Bebaunipun, sampun siyaga ing dhiri sawega ing gati. Makaten ugi kula kalihan Bebau Pethek lan Bebau Pilang.”

        “Angkah kula mangke menawi nglurugi Kawisan, sedaya sapukawat saking Pilang saha Pethek badhe ndherek sedaya Ki Lurah” Bebau Pilang mewahi atur “menika kala wau, kula menapa dene Bebau Pethek sampun ngatag sapukawat murih murugi rencang-rencangipun ingkang kantun ing Pilang lan Pethek murih nusul mriki.”

        “Aja kesusu lan aja dhemen grusa-grusu Ki Bau” Ki Lurah paring wangsulan “aku ora kepengin ing Pangapitan ana perang padha sedulur awit yen nganti nuwuhake kurban ora ana undhuh-undhuhane kajaba tangise para wanita Pangapitan sing ditinggal mati sisihan utawa anak lanange….”

        “Nanging trekahipun Bebau Kawisan menika sampun kesangeten, Ki Lurah” Bebau Pilang nyela atur “kajawi sampun cetha menawi piyambakipun sampun mbalela kanthi boten nuhoni dhawuh jengandika ndugeni parepatan Akad legen, piyambakipun sampun nggadhahi lekas badhe mejahi kula lan Bebau Pethek. Menawi boten tumunten dipun rangket lan dipun kunjara, tiyang menika mesthi sanget mbebayani tumrap Dhusun Pangapitan.”

        “Sabar Ki Bau” Ki Lurah paring wangsulan “sing ndika kandhakne kuwi mau pancen bener, tumindake Baune Kawisan pancen nyata yen wis murang tata lan kudu nampa pidana. Nanging nek aku krungu apa sing dicritakne Ki Bau Peleman iki mau, katone Bebau Kawisan ora kena sinangga lamba. Jalaran rumangsa wis duwe agul-agul lan kekuwatan sing cukup kanggo mbalela lan nedya misah karo Pangapitan, ya kuwi wong-wong sing jarene saka Paguron Nagalanang mau.”

        “Sanaosa Bebau Kawisan dipun dombani Dewa pisan, Kula boten badhe ajrih, Ki Lurah” Bebau Pethek gentos ingkang atur wangsulan.

        “Aku percaya Ki Bau” kalihan mesem Ki Lurah paring wangsulan “ngadhepi sapa wae, para Pamong lan Sapukawat ing Pangapitan ora bakal wawang. Merga awake dhewe kabeh iki trahing prajurit Jipang sing kekendelane wis kondhang ing salumahing bumi tanah Jawa. Mung wae, kekendelan kuwi luwih ngedab-edabi yen dirangkepi nganggo petung sing mateng. Dina iki awake dhewe durung weruh sepira kekuwatane Bebau Kawisan lan wong-wong Paguron Nagalanang sing ana kana. Nanging mbok menawa sesuk, awake dhewe bakal nampa kabar sing nggambarake sepira kekuwatane wong-wong sing nedya wani marang pranatan Pangapitan lan mbalela marang Mataram.”

        Bebau Peleman, Pilang menapa dene Pethek, boten wonten ingkang nyauti dhawuhipun Ki Lurah makaten menika, namung mripatipun tiyang tiga menika sami manther nyawang pasuryanipun Ki Lurah, kalihan sorot ingkang nedahaken dereng mudheng kalihan ingkang dipun dhawuhaken Ki Lurah.

        “nDika mesthi padha lali” sepisan malih Ki Lurah mesem lajeng ngendika “jalaran ndika kaget merga anane kedadean sing dicritakne Baune Peleman mau, banjur ndika kebrongot selak kepengin tumuli ngrangket Baune Kawisan sing wis murang tata kuwi mau, iya apa iya?”

        “Nuwun sewu Ki Lurah” Bebau Peleman gentos matur “mila leres kula sedaya sampun getem-getem dhateng Bebau Kawisan, nanging menawi kula sedaya kesupen, supe ing bab menapa inggih Ki Lurah?”

        “nDika kabeh eling? Bebau ngendi sing ora teka ing parepatan Akad Legen iki mau?” Ki Lurah mundhut pirsa kalihan mesem.

        “Bebau Kawisan, Bebau Sumber kalihan Bebau Jambon, Ki Lurah” Bebau Peleman atur wangsulan.

        “Wangsulan ndika bener nanging kurang jangkep Baune” Ki Lurah mesem malih.

        “Liripun?”

        “Lire ngene” Ki Lurah paring dhawuh “Bebau telu mau pancen padha olehe ora teka, nanging beda-beda sing dadi pawadane. Nek Bebau Kawisan cetha nek pancen arep wani marang aku, lan sajake wis angel dielingake. Nek Bebau Sumber sanajan uga wis ana tandha-tandha kepencut marang pangglembuke wong-wong Paguron Nagalanang, nanging sajake isih ana sisa-sisa rasa percaya marang aku. Anane dheweke ora teka ing Parepatan mau, mbok menawa kesandhung rasa pakewuh karo Baune Kawisan utawa malah miris merga krungu yen Baune Kawisan wis nglakokne laku arep nyidra Baune Pilang lan Baune Pethek. Ya muga-muga wae, Bebau Sumber isih bisa dielingake lan gelem bali matang dalan sing bener, dalane wong Pangapitan sing setya marang sumpahe leluhure.”

        “Inggih Ki Lurah, mugi-mugi makaten” Bebau Peleman atur wangsulan alon.

        “Sabanjure Bebau Jambon” Ki Lurah paring dhawuh malih “Bebau Jambon iki, senajan wis kapencut marang kabar ngayawara sing digawa dening Wong-wong saka Paguron Nagalanang, nanging katon cetha yen isih luwih percaya marang aku, ketitik pamong ing Jambon kabeh diprentah supaya teka lan nyatane iya padha teka kabeh. Aku percaya sawuse ana pamong saka Jambon sing ngandhakake asiling parepatan mau marang Baune Jambon,  Baune Jambon mesthi banjur bali eling, ora ndadak ngenteni dielingake, luwih-luwih sadurunge iki aku krungu kabar saka Sukmana yen Baune Jambon wis janji menawa sesuk esuk bakal ngadhep aku ana kene. Dadi kanggo ngaweruhi sepira kekuwatane wong-wong sing nedya mbalela, aku ngenteni kabar saka Bebau Jambon sesuk.”

        “Inggih Ki Lurah” Bebau Peleman atur wangsulan lajeng nyuwun pirsa malih “samangke kaparenga Ki Lurah paring pitedah magepokan kalihan para sapukawat ingkang sampun siyaga ing Pekarangan Kalurahan menika.”

        “Kanggo njaga katentremaning Kalurahan, tulung ndika dhawuhne marang Bebau Krajan supaya marentahne Sapukawat ing Dhukuh Krajaan wae” Ki Lurah paring dhawuh “sabanjure ndika dhawuhne marang Para Sapukawat saka Peleman, Pilang lan Pethek, supaya bali menyang dhukuhe dhewe-dhewe, aja dikongkon padha leren dhisik nanging ndika prentah njaga dhukuhe dhewe-dhewe. Sarta marang ndika wong telu, tak jaluk padha nambahi pangati-ati. Kanggo sawatara wektu, ing ngendi-endi ndika wong telu aja mung ijenan, nanging nganthia Sapukawat loro utawa telu, Sapukawat sing kaprigelane ing ulah kanuragan kena dijagakne butuh. Lan sadurunge ndika padha bali, tulung ndika dhawuhne marang Baune Krajan supaya ngulati omahe Ki Dungkul lan Ki Dhangkal, apa kang wis kedadean ing omahe wong loro kuwi supaya dikandhakne marang aku.”

        “Inggih Ki Lurah” Bebau Peleman matur malih “sedaya dhawuh jengandika badhe kula estokaken, namung prakawis griyanipun Ki Dungkul lan Ki Dhangkal saha dalemipun Ki Palir, miturut panitinipun lare-lare griya tiga menika wiwit sonten sampun sepen, malah diyanipun inggih boten wonten ingkang gesang. Sanaosa makaten mangke badhe kula aturaken dhawuhipun Ki Lurah kala wau dhateng Ki Bau Krajan.”

 

 

(ana candhake)

Minggu, 04 Februari 2024

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (39)


 

039.

        Sedaya ingkang wonten ing Pendhapa sami kendel boten wonten ingkang kumecap, awit menapa ingkang dipun ucapaken dening Modin Dulah saking Dhukuh Sumber menika sampun narik kawigatosanipun piyambak-piyambak. Jalaran mila meh sedaya Pamong saking Dhusun Pangapitan menika sampun sami mireng menawi ing Pangapitan wonten tiyang pinter ingkang nangkaraken ngelmi kanuragan lan kebatosan ingkang sumberipun saking Padhepokan Nagalanang lan ugi boten sakedhik tangga tepalihipun para Pamong menika ingkang ameguru dhateng tiyang pinter kala wau. Para Pamong menika sami boten mangertos menawi salah satunggal saking ingkang dipun wucalaken dening tiyang pinter kala wau, wonten ingkang cengkah kalihan salah satunggal saking paugeraning Dhusun, inggih menika piwucal ingkang kedah nyengkuyung badhe madegipun nagari enggal ing Patalan ingkang sinebat Nagari Majapahit sarta kedah ngemohi kabawah ing parentahipun Panembahan ing Mataram. Ingkang makaten menika, jalaran para Pamong namung mangertosi menawi Tiyang Pinter saking Padhepokan Nagalanang menika taksih sedherekipun Ki Lurah Pangapitan piyambak, dados mokal menawi geseh ing pamanggih kalihan Ki Lurah.

        Ki Lurah ingkang ugi sanget anggenipun migatosaken aturipun Modin Sumber makaten menika kala wau, inggih lajeng ngendika :

        “Aku banget nedha nrima marang ndika Ki Modin. Mula pancen bener, manawa para kawula lan warga Pangapitan, mligine para Pamong lan sapukawate ora tumuli didandani lan dielingake,  Desa iki bakal nemu bebaya kang gedhe jalaran wis wani nyidrani sumpahe para leluhure. Lan merga tuking prekara iki jalaran saka pokale wong-wong saka Brendhilan, mula aku uga bakal nyeluk wong-wong saka Brendhilan kuwi mrene. Wong-wong kae kabeh bakal tak tundhung supaya ninggalake Pangapitan lan ora tak keparengake maneh bali mrene sanajan Dungkul karo Dhangkal kae isih mambu sedulur karo aku, nanging kekarone uga ora tak wenehi idin midak bumi Pangapitan kene.”

        Tiyang-tiyang kendel boten wonten ingkang atur wangsulan, namung salebeting manah nyarujuki menapa ingkang dipun dhawuhaken dening Ki Lurah sarta ing salebeting manah sami prasetya menawi badhe anyengkuyung sedaya ingkang dipun dhawuhaken Ki Lurah kala wau mawi panyengkuyung ingkang sawetahipun, liripun menawi wonten ingkang badhe memalangi dhawuhipun Ki Lurah ingkang makaten menika kala wau, sedaya sampun siyaga ing dhiri badhe amapaki.

        “Sabanjure” Ki Lurah ngendika malih “gandheng karo anane prekara iki, tak jaluk marang ndika kabeh supaya padha ngabarake marang para warga menawa kanthi pasarujukan ing Rembug Desa iki, kabeh warga Pangapitan diwajibake setya marang sumpahe pare leluhur sing setya marang parentah dalem Gusti Panembahan Senapati Ing Alaga kang jumeneng ana Mataram lan sing ora gelem supaya tumuli ninggalake Pangapitan. Kaping pindho, warga lan mligine para Pamong lan Sapukawating Desa, ora dikeparengake meguru utawa ngangsu kaweruh marang wong sing ana sambunge karo Padhepokan Nagalanang lan sing wis kebacut kudu bali lan nglereni anggone meguru, yen isih nekad ora gelem nglereni nggone maguru mangka padha wae nantang pranatan Pangapitan mangka kudu lunga ninggalake Desane dhewe iki. Kaping telune tak jaluk marang Para Kadang Bebau lan Jagabaya supaya marentahake marang para sapukawate dhewe-dhewe, murih luwih prayitna bisaa samekta sawayah-wayah ngadhepi pancabayaning desa”.

        “Sendika ngestokaken dhawuh Ki Lurah” atur wangsulanipun sedaya ingkang wonten pendhapa sesarengan, sasat ambata rubuh saking linggan suwantenipun.

        Boten dangu parepatan Rembag Dhusun inggih lajeng dipun pungkasi. Para Bebau lan Pamong ugi lajeng sami nilaraken Pendhapa. Kalihan mlampah dhateng papaning kapalipun ingkang dipun cancang, lamat-lamat kapireng wonten ingkang sami reraosan, ngrasani Bebau Sumber lan Kawisan.

        Samangke ingkang wonten ing Pendhapa kantun, Ki Lurah, Ki Palir lan Sukmana. Ki Lurah lajeng ngajak rayi lan putranipun jaler menika ngalih dhateng Pringgitan, murih Pendhapa tumunten dipun resiki dening para rewang.

        “Jebul anggonku tledhor wis akeh” ngendikanipun Ki Lurah sasampunipun lenggah ing Pringgitan kaadhep dening Ki Palir lan Sukmana “ingatase aku iki Lurah, Desaku klebon bebaya nganti ora ngerti babar pisan, gek kaya apa wirange awakku marang para leluhur sing wis ngudhokne jiwa lan ragane nganti Pangapitan iki maujud dadi desa?”

        “Sedaya tiyang saged kemawon lepat Bapa” Sukmana atur wangsulan “lan saksae-saenipun tiyang lepat inggih menika ndandosi kalepatanipun. Lan kula sumerep dalu menika Bapa sampun ndandosi kalepatan ingkang Bapa raosaken, kula kinten para Leluhur lan cikal bakal Pangapitan boten badhe sungkawa malih saupami pirsa menapa ingkang Bapa dhawuhaken ing parepatan kala wau.”

        “Muga-muga mangkono Sukmana” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah “sanajanta satemene pangarep-arep iki mung kanggo nglelipur ati wae, awit aku ngerti nek dosa iki panggah bakal tak sandhang sadurunge Pangapitan bali tentrem kaya sing uwis.”

        “Nuwun sewu Kakang” Ki Palir matur dhateng Ki Lurah.

        “Iya piye Dhi?” Ki Lurah gentos ndangu dhateng Ki Palir.

        “Murih tumunten saged padhang malih kawontenan ing Pangapitan menika, kula kinten langkung prayogi menawi Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal tumuli kadhawuhan kesah nilaraken Pangapitan lan boten kaparengaken midak Bumi Pangapitan malih, lajeng saenipun benjang menapa Kakang Dungkul saha tiyang-tiyang Brendhilan menika kadhawuhan kesah Kakang?” atur wangsulanipun Ki Palir ingkang wujud panyuwunan pirsa benjing menapa Ki Dungkul lan rencang-rencangipun dipun tundhung saking Pangapitan.

        Nembe mawon Ki Lurah badhe paring wangsulan dumadakan dados kandheg, awit saking pendhapa kepireng suwantening gentha ingkang dados sasmita menawi wonten tiyang ingkang kepengin ngadhep sowan Ki Lurah.

        “Sukmana, metua menyang Pendhapa” Ki Lurah lajeng dhawuh dhateng Sukmana “deloken sapa sing ngunekne gentha kae, yen sakirane wonge dhewe, ajaken mlebu mrene. Nek wong liya kandhanana supaya ngenteni sedhela!”

        “Inggih Bapa” Sukmana atur wangsulan lajeng ngadeg, menyat dhateng Pendhapa.

        Boten dangu Sukmana sampun wangsul dhateng Pringgitan malih dipun tutaken dening Bebau Peleman, Bebau Pilang lan Bebau Pethek.

        “Sajake ana sing arep padha ndika kandhakne marang aku Baune?” pandangunipun Ki Lurah sasampunipun Bebau tiga menika sami linggih.

        “Inggih Ki Lurah” Bebau Peleman ingkang atur wangsulan sasampunipun kedhep-kedhepan kalihan Bebau Pilang lan Bebau Pethek “Bebau Kawisan tetela sampun cetha menawi badhe mbondhan tanpa ratu, wantun dhateng paugeraning Dhusun Pangapitan mriki. Kula kinten langkung prayogi menawi Ki Lurah tumunten paring dhawuh dhateng Para Bebau lan Jagabaya, murih ngendharat Bebau Kawisan ingkang murang tata menika……”

        “Mengko dhisik Ki Peleman” Ki Lurah nigas aturipun Bebau Peleman “ana kedadeyan apa kok dumadakan ndika kandha kaya mangkono mau he?”

        “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” Bebau Peleman atur wangsulan “awit nuhoni dhawuh jengandika kala wau siyang, wiwit sonten para sapukawat piniji saking Peleman, Pilang lan Pethek sami nindakaken baris pendhem ing sakupenging Dalem Kalurahan. Inggih nalika nindakaken baris pendhem kala wau, para Sapukawat saking tigang dhukuh kasebat sami sumerep menawi wonten tiyang ingkang badhe damel kisruh ing Pangapitan mriki. Anggenipun sumerep para sapukawat kala wau, awit mireng anggenipun reraosan tiyang-tiyang menika nalika andum damel ing kuburan…..”

        “Ana wong rembugan andum gawe mapane ana kuburan? Gek kuwi wong ngendi lan arep nindakake apa?” Ki Lurah mundhut pirsa malih.

        “Inggih Ki Lurah” Bebau Peleman nglajengaken aturipun “sedaya cacahipun wonten tiyang wolu, namung lare-lare sapukawat boten tepang kalihan tiyang-tiyang menika, kajawi ingkang kalih inggih menika Sijam rayinipun Bebau Kawisan kalihan Senthun sedhereipun Ipe, kekalihipun mila sapukawat Kawisan.”

        “Iya aku wis apal karo bocah nom loro kuwi” Ki Lurah ngendika malih “lha sing nem kuwi kira-kira wong ngendi? Lan ing kuburan padha andum gawe bab apa?”

        “Lare-lare boten mangertos, nanging criyosipun tiyang nem kala wau wonten ingkang nyebat-nyebat naminipun Paguron Gendirireng lan Paguron Nagalanang, inggih kinten-kinten mawon tiyang nem menika mila saking Paguron-paguron menika” Bebau Peleman atur wangsulan lan nutugaken anggenipun matur “lha ingkang dipun rembag anggenipun kasep nyegat bidhalipun Baune Pethek kalihan Baune Pilang, kamangka kekalihipun badhe dipun krubut lan badhe dipun lunasi lajeng kapendhem ing kuburan mriku, nanging jebul sedaya kasep karumiyinan anggenipun bidhal bebau kalih menika. Mila lajeng dipun rembag, tiyang kalih menika badhe dipun cegat malih menawi wangsul saking mriki. Mila lajeng sami bidhal, Sijam kalih tiyang tiga badhe nyegat Ki Bau Pethek ing sabrangan lepen bulak Gempol lan Senthun kalih tiyang tiga sanesipun nyegat Ki Bau Pilang ing ngandhaping wit Dara Bengakan Kalibang. Mangke sasampunipun tiyang kalih wau saged dipun damel cilaka badhe dipun seret lan dipun pendhem ing kuburan mriku malih”.

        “Sabanjure kepriye?” Ki Lurah mundhut pirsa malih.

 

 

(ana candhake)

Jumat, 02 Februari 2024

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (38)


 

038.

        Bebau Kuncen kraos menawi sampun wonten raos sakedhik salah tampi antawis piyambakipun kalihan Ki Lurah lan tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pendhapa mriku. Ketitik suwantenipun Ki Lurah ingkang adhakanipun sareh, niki wau anggenipun paring pandangu kanthi suwanten ingkang radi atos. Makaten ugi para Bebau lan para Pamong ingkang wonten pendhapa mriku, sedaya sami ningali piyambakipun kanthi soroting mripat ingkang nedahaken menawi sami boten remen dhateng piyambakipun ingkang wantun matur dhateng Ki Lurah, ingkang dipun kinten menawi aturipun badhe cengkah kalihan atur ingkang sampun, ingkang kaaturaken dening Bebau Punthuk.

        “Kula sakalangkung sarujuk kalihan pamanggihipun Ki Bau ing Punthuk kala wau, Ki Lurah” Bebau Kuncen ngaturaken panyuwun pirsanipun “namung kemawon, kula kuwatos menawi ngantos lepat anggen kula badhe njangkah, jalaran kula dereng patosa mudheng kalihan sumpahipun para leluhur nalika samanten, menika ingkang kula suwunaken pirsa dhateng Ki Lurah lan kula nggadhahi panginten boten namung kula kawula ing Pangapitan menika ingkang dereng mudheng kados kula menika”.

        “Oooooo” meh sedaya ingkang wonten Pendhapa Kalurahan menika mungel sareng, nembe ngertos menapa ingkang dipun kajengaken Bebau Kuncen.

        Kalebet Ki Lurah, ugi rumaos kecelik awit sampun kagungan panyakrabawa ingkang boten leres dhateng Bebau Kuncen ingkang badhe nyuwun pirsa.

        “O, matur nuwun Ki Bau” ngendikanipun Ki Lurah kalihan mesem “lan aku ya njaluk pangapura merga mau meh wae ana salah tampa antarane aku lan ndika, jalaran mau tak kira ndika arep takon sing neka-neka. Ngene ya Ki Bau lan para sedulur kabeh, miturut crita sing tak tampa, biyen leluhure dhewe kuwi sabregada prajurit sing dadi abdine Sawargi Gusti Arya Penangsang ing Jipang. Merga Jipang kalurugan dening Kadipaten Pajang lan Gusti Pangeran Arya Penangsang gugur ing madyaning payudan ketaman Tumbak Kyai Pleret sing diasta dening Raden Sutawijaya, prajurit Jipang banjur padha mlayu sar-saran, ngungsi luru pandhelikan merga suthik teluk dadi bandaning perang. Mesthi wae, karo mlayu prajurit Jipang kuwi padha tumindak sing sakirane bisa gawe kapitunane Kadipaten Pajang sing wis madeg dadi Kasultanan. Ya merga saka kuwi, prajurit Jipang tansah dadi buroning negara.

Ana saperanganing Prajurit Jipang sing anggone mlayu ngenti tekan papan kene iki. Gandheng wis rumangsa kesel dadi buroning negara, peranganing Peajurit mau banjur leren lan sesinglon dadi wong lumrah lan arep yasa papan sing gumathok kanggo nerusne uripe. Lha pangarepe Prajurit kuwi asmane Ki Tamejana. Ya Ki Tamejana kuwi sing banjur dadi pangarep mbabat alas kanggo yasa Padhukuhan sing saiki dadi Pangapitan iki.

        Anggone mbabat alas kuwi Ki Tamejana lan kanca-kancane tanpa oleh palilah saka sing mbawahake papan kene iki, ya kuwi Kasultanan Pajang. Kabeh kudu mangerteni, Kasultanan Pajang kuwi sing nutugake Kasultanan Demak Bintara, lan Kasultanan Demak kuwi sing nutugake Keprabon Majapahit sawuse Kanjeng Sinuhun Brawijaya lolos saka praja lan mangasrama ing pucuking Gunung Lawu jalaran negara kabedhah dening Adipati Girindrawardana saka Keling.

        Durung rampung Ki Tamejana nggone mbabat alas, jebul kadenangan dening Putra angkate Kanjeng Sultan Pajang, ya Raden Dananjaya utawa Raden Sutawijaya sing wis kaparingan asma dening Kanjeng Sultan dadi Senapati Ing Alaga. Rumangsa wis tanpa daya merga kinepung wakul ambaya mangap dening para pandhereke Senapati Ing Alaga, Ki Tamejana sakancane banjur pasrah, jroning ati wis nyipta yen bakal dirangket lan dipidana jumbuh karo dosa-dosane marang negara sing ditindakne sasuwene kuwi.

        Nanging, jebul dening Senapati Ing Alaga, Ki Tamejana sakancane ora dirangket lan ora dipidana, malah banjur kaparingan palilah nutugake nggone mbabat alas, yasa papan padhukuhan lan kaparingan pambiyantu murih desa kuwi tumuli bisa dipanggoni lan bisa kanggo golek sandhang pangan lan nyukupi kabutuhane urip. Mesthi wae Ki Tamejana sakancane sing maune wis entek pangarep-arepe, banjur dadi seneng atine. Lan rumangsa wis diparingi urip dening Senapati Ing Alaga. Mula wiwit kuwi Ki Tamejana sakancane banjur sumpah yen bakal setya marang Gusti Senapati Ing Alaga wiwit dina kuwi nganti saturun-turune. Mula bareng awit saka kawicaksanane Gusti Pangeran Benawa kang miji Gusti Senapati Ing Alaga supaya nutugake Kasultanan Pajang, lan Gusti Senapati banjur jumeneng minangka Panembahan ing Mataram kanthi sebutan Panembahan Senapati Ing Alaga Ngabdul Rahman Sayidin Panatagama Kalipatullah Kang Jumeneng Ing Mataram, Ki Tamejana sing wis madeg dadi Lurah ing bumi babadan sing banjur karan Desa Pangapitan iki banjur ngajak kawula lan warga Pangapitan supaya nganyari nggone sumpah ya kuwi bakal setya minangka kawula Mataram lan setya marang Gusti Panembahan Senapati wiwit kuwi nganti saturun-turune, lan manawa ana turune wong Pangapitan sing wani marang Mataram mangka bakal sinepatan muga-muga kukud jagade.

Mangkono kuwi mau sumpahe Para Leluhur sing tak kandhakne mau Ki Bau Kuncen lan para sedulur kabeh.”

“Inggih Ki Lurah sampun cetha dhawuh pangandika jengandika, lan sepisan malih kula nyarujuki menapa ingkang dipun ngendikakaken Bapa Bebau Punthuk kala wau” Bebau Kuncen matur malih dhateng Ki Lurah lan nelakaken ingkang dados pamanggihipun.

“Kula inggih matur nuwun Ki Lurah” dumadakan Modin saking Dhukuh Sumber ngangkat tanganipun sarwi matur dhateng Ki Lurah.

“Iya Ki Modin” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah “apa ndika ya lagi ngerti iki bab sumpahe leluhure dhewe jaman semana?”.

“Boten makaten Ki Lurah” wangsulanipun Modin Sumber “nanging malah bares mawon, kula kober nggadhahi raos sujana dhateng jengandika, magepokan kalihan kasetyan dhateng sumpahipun para leluhur menika kalihan kabar ingkang kula tampi, jebul kabar kala wau boten leres.”

“nDika krungu kabar apa Ki Modin?” Ki Lurah paring pandangu.

Sedaya mripat ingkang wonten pendhapa gentos tumuju dhateng papanipun Modin Dullah saking Sumber.

“Inggih saderengipun kaparenga Ki Lurah paring pangapunten dhateng kula” Modin Sumber matur malih “jalaran kabar menika kula mirengaken saking katebihan, awit kula boten dipun ajak rembagan kalihan ingkang mbeta kabar kala wau, pramila estunipun langkung prayogi menawi Ki Lurah ndangu dhateng ingkang dipun ajak rembagan utawi malah kepara langkung prayogi malih menawi Ki Lurah ugi kepareng nimbali ingkang mbekta kabar kala wau.”

“Iya Ki Modin” Ki Lurah paring wangsulan “apa sing ndika kandhakne mau arep tak tindakne, ya iku aku arep nakoni wong loro sing rembugan perkara kabar sing ndadekne ndika sujana marang aku kuwi mau, lha mitiurut pangrungu ndika kepiye? Lan sapa wong loro sing ndika karepake kuwi mau?”

“Nyuwun Pangapunten Ki Lurah” Modin Sumber matur malih “kabar menika ingkang mbeta nuwun inggih Ki Batasigar, pruyantun saking Brendhilan ingkang dumuginipun ing Pangapitan mriki ugi sampun kapirsanan dening Ki Lurah, dene ingkang dipun paringi kabar nuwun inggih Ki Bau Sumber, ingkang dinten menika boten dugi ing parepatan menika.”

“Iya, miturut pangrungu ndika, apa sing dikandhakne Ki Batasigar marang Baune Sumber?” Ki Lurah ndangu malih.

“Miturut pamireng kula” Modin Sumber atur wangsulan “Ki Batasigar sampun kaparengaken dening Ki Lurah nyebaraken ngelmi kebatinan lan kanuragan ing Dhusun Pangapitan menika, makarya sesarengan kalihan sedherekipun Ki Lurah inggih Ki Dungkul lan Ki Dhangkal lan kabantu dening siswa-siswanipun. Dene ngelmi kebatinan saha Ngelmi Kanuragan menika, sumberipun saking Padhepokan utawi Paguron Nagalanang ingkang punjeripun ing sacaketing wana Patalan. Kula mireng bilih Ki Bau Sumber inggih lajeng criyos menawi piyambakipun badhe tumut sinau dhateng Ki Batasigar ingkang samangke asring manggen ing Dhukuh Kawisan. Lha ingkang kula gumuni menika, kula mireng kojahipun Ki Batasigar bilih Dhusun Pangapitan samangke sampun boten peranganing Nagari Dalem Kanjeng Panembahan Senapati ing Mataram malih, nanging sampun manunggal kalihan Paguron Nagalanang ingkang anyengkuyung madegipun nagari Majapahit ingkang enggal. Nanging sareng menika kala wau mireng wedharan jengandika Ki Lurah prakawis sumpahipun para leluhur Pangapitan kula lajeng mangertos menawi kabar ingkang kula mirengaken menika cetha menawi kabar ingkang ngayawara. Inggih awit saking menika, sepisan malih kula nyuwun pangaksami lan ngaturaken genging panuwun dhateng Ki Lurah lan kula inggih panggah badhe ngugemi sumpahipun pata leluhur setya dhateng Ngersa Dalem Gusti Panembahan Senapati ingkang jumeneng ing Mataram.”

Ko Lurah boten tumunten paring wangsulan dhateng Modin Sumber. Namung mustakanipun ketingal manggut-manggut, kalihan palarapanipun sakedhap-sakedhap njengkerut, mratandhani menawi nembe menggalih.

“Nuwun sewu Ki Lurah” dumadakan Jagatirta ngrangkep Pala Angon Sumber ugi wicanten kalihan ngangkat tanganipun “kula sakalangkung sarujuk kalihan panyuwunipun Ki Modin kala wau, inggih menika bab murih Ki Lurah tumunten animbali Ki Bau lan Ki Batasigar, jalaran wekdal menika kabar ingkang dipun aturaken Ko Modin kala wau ing Sumber sampun sumebar lan meh sedaya warga sampun sami mireng lan kathah ingkang kapencut dhateng pangajakipun Ki Batasigar”

 

 

(ana candhake)

Selasa, 30 Januari 2024

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (37)


 

037.

        Para Bebau inggih para pangarsaning Dhukuh, ugi sampun ketingal sami dugi. Ingkang rumiyin piyambak mesthi kemawon Bebau Krajan, inggih Ki Timbul, ingkang lajeng ngadeg ing sacaketing tlundhagan kangge minggah dhateng Pendhapa saprelu mbagekaken para pamong ingkang nembe dugi lajeng kaaturan minggah lan linggih ing pendhapa. Boten dangu, Bebau Peleman, Bebau Pethek, Bebau Pilang, Bebau Munggur, Bebau Kuncen lan Bebau Ngreca meh sareng anggenipun dugi. Sedaya inggih lajeng minggah lan mapan linggih ing Pendhapa. Para Pamong sanesipun ingkang kados dene para Kebayan, Jagatirta, Jagabaya lan sanes-sanesipun anggenipun dugi ketingal mbanyu mili. Sansaya dalu sansaya kathah ingkang sampun linggih ing joganing pendhapa lan sadaya ingkang wonten mriku, nami saha kalenggahanipun minangka pamong sampun dipun cathet dening Ki Carik ing dlancang minangka paseksen bilih sampun dugi ing parepatan rembag dhusun menika.

        Anyarengi miyosipun Ki Lurah ingkang kadherekaken dening Sukmana lan Ki Palir saking dalem wingking lan lenggah ing Pendhapa, Bebau Punthuk ugi sampun dugi sesarengan kalihan para pamong ingkang saking dhukuhipun.

        “Piye Ki Carik apa adicara wis bisa diwiwiti?” Ki Lurah paring pandangu dhateng Ki Carik.

        “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” Ki Carik atur wangsulan “atur uninga, bilih taksih wonten Bebau tiga ingkang dereng dugi, inggih menika Bebau Jambon, Bebau Sumber saha Bebau Kawisan. Makaten ugi pamong sanesipun saking tigang dhukuh menika, saking Jambon pamongipun sampun jangkep dugi sedaya lan kala wau wonten ingkang matur bilih Ki Bau Jambon boten saged dugi awit wonten pambeng, saking Sumber pamongipun ingkang dugi nembe Ki Modin Dulah lan Pala Angon Samirun, saking Kawisan babar pisan dereng wonten ingkang dugi. Menawi saking dhukuh-dhukuh sanesipun miturut paniti kula sedaya sampun jangkep. Samangke borong anggenipin Ki Lurah badhe amiwiti adicara menika.”

        “Yen pancen mangkono” Ki Lurah ketingal radi ngincangaken imbanipun, lajeng paring dhawuh wangsulan dhateng Ki Carik “ya coba dienteni sedhela, barang sapanginang, mbok menawa sing padha durung teka kene kuwi padha isih mlaku ing dalan. Lan para sing wis padha ana kene ndika aturi padha ngrahabi banyu panas lan pala kependhem sing wis diladekne bocah-bocah kalurahan kuwi.”

        “Inggih Ki” atur wangsulanipun Ki Carik ingkang lajeng wicanten dhateng sedaya ingkang wonten ing pendhapa “mangga kanca, sami dipun rahabi menapa ingkang sampun kaladosaken ing ngajeng ndika sami, sawontenipun kemawon kanthi mardika”.

        Kawontenan ing Pendhapa lajeng kepireng tumawon, awit suwantenipun para pamong ingkang sami rerembagan piyambak-piyambak kalihan rencang ingkang wonten ing caketipun.

        “Sajake Baune Kawisan kuwi pancen wis niyat arep mbalela tenan kok” kalih njawil Bebau Pethek ingkang linggihipun pas ing sisih keringipun, Bebau Pilang wicanten ing sacaketing kupingipun Bebau Pethek.

        “Ketingale mila ngoten Kakang” wangsulanipun Bebau Pethek ingkang ugi mawi suwanten lirih “nek Baune Sumber niku kirangan, mergi pamong saking Sumber rak nggih enten sing teka?”

        “Iya Dhi” Bebau Pilang suka wangsulan “nanging tekaa, ya mung Modin karo Jagatirta sing wis tuwa-tuwa ngono lho? Bayan karo Jagabayane ya padha ora teka. Kamangka mau olehe kandha marang awake dhewe rak mung rada kasep tekane ana kene, merga arep mampir pamit menyang Kawisan. Jebul saiki malah ora teka, kathik Bayan karo Jagabayane ya melu ora teka pisan. Lha nek Baune Jambon, mau wis diwarahi Adhi Sukmana ngana kae lan nyatane arepa wonge ora teka nanging pamonge teka kabeh.”

        “Ketingale Baune Kawisan kalih Baune Sumber kenging menapa ta Ki Pilang?” Bebau Ngreca ingkang ugi mireng anggenipun Bebau Pilang lan Bebau Pethek rembagan, awit linggihipun pas ing kananipun Bebau Pilang nrambul rembag pitaken.

        “Kula piyambak nggih boten mudheng kok Ki Bau” wangsulanipun Bebau Pilang “awit ingkang ngabari Baune Kawisan wau rak Ki Bau Peleman, menawi criyose Baune Peleman wau, Baune Kawisan inggih wicanten nek ajeng dugi. Lha nek Baune Sumber wau criyos menawi badhe mampir dhateng Kawisan rumiyin. Niki kalih-kalihipun inggih sami anggenipun dereng napa malah boten dugi sedanten.”

        Bebau Ngreca manggut-manggut, badhe wicanten malih, nanging boten siyos jalaran kepireng Ki Carik ngeplokaken tanganipun, asung sasmita murih sedaya sami kendel anggenipun rerembagan piyambak.

        “Dulur-dulur, gandheng wancinipun sansaya dalu, mangka sinambi ngrantos sedulur ingkang dereng dugi, menika parepatan rembag dhusun badhe dipun wiwiti mathuk menapa boten?” Ki Carik wicanten dhumateng sedaya ingkang wonten ing pendhapa.

        “Nggih, mathuk sanget Ki Carik”

        “Nggih sae niku Ki Carik”

        Tiyang-tiyang sami saur manuk, nayogyani kersanipun Ki Carik.

        “Mangke saderengipun ndika sami ngaturaken prakawis menapa ingkang kedah dipun tandangi dening Dhusun, langkung rumiyin Ki Lurah badhe paring dhawuh bab sejarah tuwin kalinggihanipun Dhusun Pangapitan menika, ingkang makaten menika murih kula lan ndika sami tansah kemutan lelabetanipun para leluhur cikal bakal ingkang ambakali Dhusun papan panggenan kula lan ndika sami pados sandhang lan pangan saha nyekapi kabetahaning gesang menika” Ki Carik wicanten malih sasampunipun kawontenan wangsul anteng “samangke kaparenga Ki Lurah medhar pangandika, nuwun”.

        “Sedulurku kabeh para pamong lan pangembating Desa Pangapitan” Ki Lurah miwiti ngendika “mesthine ndika kabeh wis padha ngrumangsani yen tenane awake dhewe iki kabeh bisa manggon lan golek sandhang pangan sarta kabutuhaning urip liyane ing papan sing jeneng Desa Pangapitan iki mung kari nemu. Ora yasa dhewe. Awake dhewe bisa nemu Desa Pangapitan iki jalaran leluhure dhewe wis ngrekasa yasa Desa iki, mula saiki aku arep takon marang ndika kabeh, minangka turun sing wis ditinggali Desa Pangapitan iki, awake dhewe kudu tansah setya marang apa sing dadi sumpahe para leluhur biyen apa kena mlaku lan tumindak sakarepe dhewe, mung wewaton marang karsa priyanggane?”

        Ki Lurah kendel anggenipun ngendika, ngentosi wangsulan saking para Bebau lan Pamong ingkang mlempak ing Pendhapa menika.  Nanging ngantos radi sawatawis dereng wonten ingkang kumecap atur wangsulan.

        “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” sasampunipun radi sawatawis sepen, Bebau Punthuk ngangkat tanganipun kalihan matur “kula minangka Bebau Punthuk, ingkang sedaya sampun pirsa menawi kula menika Bebau ingkang sepuh piyambak, keparenga atur wangsulan dhateng Ki Lurah magepokan kalihan pandangu kala wau.”

        “Iya, Ki Bau pancen umur ndika kuwi sabarakan karo aku, dadi ya bener nek ndika kuwi kalebu Bebau lan Pamong sing tuwa dhewe ing Pangapitan kene” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah kalihan mesem “saiki coba ndika kandhakne apa sing dadi wangsulan ndika.”

        “Inggih Ki Lurah” Bebau Punthuk wicanten malih “saderengipun kula nyuwun pangapunten mbok bilih mangke atur wangsulan kula lepat, kula suwun Ki Lurah menapa sedherek sanesipun ingkang wonten ing pendhapa mriki kersaa angleresaken.”

        “Iya Ki Bau, diage kandhakna apa sing dadi panemu ndika”

        “Gandheng Bumi Pangapitan menika tilaran saking para leluhur ingkang anggenipun yasa sakalangkung rekaos, nyawa ingkang dados totohanipun, pramila kula nggadhahi pamanggih sedaya ingkang purun manggen ing Pangapitan menika kedah setya dhateng sumpahipun para leluhur” Bebau Punthuk nglajengaken aturipun “lan sok sintena ingkang manggen ing Pangapitan mriki langkung remen nggega karsa priyangga, kamangka cengkah kalihan sumpahipun para leluhur, mangka tiyang menika boten pantes gesang ing Pangapitan menika.”.

        “Mangkono panemune Ki Bau Punthuk?” Ki Lurah paring wangsulan ingkang kalajengaken paring pandangu malih dhateng sedaya ingkang wonten mriku “saiki sapa sing nduweni panemu beda karo panemune Ki Bau Punthuk iki? Aja rikuh lan aja pakewuh ndika ngacung wae lan ndika kandhakne apa sing dadi panemu saka ndika?!?”

        Kawontenan dados sidhem malih, boten wonten ingkang ngacung utawi wicanten menapa-menapa. Nanging Ki Lurah boten tumunten ngendika malih, ngentosi mbok menawi wonten ingkang badhe wicanten ngaturaken pamanggihipun.

        “Nuwun sewu lan nyuwun pangapunten Ki Lurah” sareng kawontenan dados sidhem, dumadakan Bebau Kuncen ingkang umuripun taksih nem lan kenging kawastanan Bebau ingkang anem piyambak ing Pangapitan, ngacungaken tanganipun kalihan wicanten. Sedaya mripat ingkang wonten ing pendhapa lajeng sami ningali prenahipun Bebau Kuncen.

        “Iya Ki Bau Kuncen” Ki Lurah radi kejot nanging sinamudana, lajeng paring wangsulan lan pandangu “ndika duwe panemu apa?  Coba ndika kandhakne sing cetha!”.

        “Boten nggadhahi pamanggih Ki Lurah” Bebau Kuncen kebat anggenipun atur wangsulan “namung badhe nyuwun pirsa, jalaran mila kula inggih dereng mangertos saestu”.

        “nDika arep takon bab apa magepokan karo sing tak kandhakne lan panemune Ki Bau Punthuk iki mau, Ki Bau?” Ki Lurah mundhut pirsa.

 

 

(ana candhake)

 

 

 

 

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...