Total Tayangan Halaman

Kamis, 22 Februari 2024

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8.(46)


 

46.

                Ki Dungkul lan Ki Batasigar ketingal ngetingalaken anggenipun migatosaken atur kula. Sanaosa makaten, kula inggih sumerep menawi kekalihipun sinambi mirengaken atur kula ugi kober ngliringaken netra kalihan mesem kasingidaken kalihan Ki Kawisan menapa dene Ki Sumber. Sami kalihan Ki Dungkul lan Ki Batasigar, Bebau Kawisan lan Bebau Sumber ugi katingal sumringah praupanipun nedahaken menawi nembe kasukan manahipun.

        “Salajengipun” kula nglajengaken atur malih “Ki Bebau Sumber ugi wicanten menawi piyambakipun lan Ki Bebau Kawisan sampun jengandika dhawuhi bilih sampun kagolongaken dhateng tiyang-tiyang ingkang nampi kabegjan saha kawilujengan kala wau. Ki Bau Sumber nunten pitaken dhateng kula, mbetahaken kabegjan lan kawilujengan kala wau menapa boten, menawi mbetahaken dening Ki Sumber kula dipun criyosi murih sowan jengandika Ki Dungkul lan Ki Batasigar, pramila sonten menika kula lajeng sowan mriki menika.”

        “Makaten inggih Ki Bau Jambon” Ki Dungkul lajeng paring dhawuh mangsuli atur kula “sedaya ingkang dipun criyosakem dening Baune Sumber kala wau mila leres, namung wonten ingkang kirang leres.”

        “Kirang leres kados pundi Ki Dungkul?” kula nyela atur, kalihan nglirik Ki Bau Sumber ingkang lajeng ngincangaken alisipun.

        “Inggih ing babagan Kabegjan lan Kawilujengan menika” Ki Dungkul paring wangsulan “ingkang kagungan kawilujengan lan kabegjan menika kala wau nuwun inggih panjenenganipun Bapa Kyai Nagalanang ingkang dipun tampi saking Pukulun Sang Hyang Wisnu, murih kaparingaken dhateng titah, boten namung ing Pangapitan kemawon, nanging dhateng sedaya titah ingkang mapan ing Tanah Jawi ingkang mbetahaken. Ingkang rumaos boten mbetahaken inggih boten badhe kaparingan, namung kemawon sampun dados kersanipun ingkang kagungan Tanah Jawi menika, menawi boten mbetahaken kabagjan inggih badhe nampi kacilakan, menawi boten mbetahaken kawilujengan inggih badhe nampi kasangsaran, raganipun badhe risak wekasan dados rabuking bumi Jawi dene sukmanipun badhe kawangsulaken ing alam sonyaluri dados kempal kalihan para lelembat menika sasampunipun dipun godhog ing kawah candradimuka inggih kawahipun redi Lawu ingkang dangunipun boten kantenan. Dene tumrap ingkang mbetahaken kabegjan lan kawilujengan inggih badhe pikantuk begja lan rahayu inggih menawi sampun netepi sarat masrut ingkang kadhawuhaken Bapa Kyai Nagalanang. Lha jejer kula lan Kyai Batasigar menika namung nindakaken dhawuh saking Bapa Kyai Nagalanang, andum kabegjan lan kawilujengan ingkang asalipun saking Sang Hyang Bathara Wisnu kala wau.”

        Mireng dhawuh wangsulanipun Ki Dungkul makaten kala wau, manah kula inggih dereng patos pitados. Namung badhe nggorohaken lan wicanten menawi kula boten mbetahaken kabegjan lan kawilujengan, ugi boten wantun lan bares kemawon manah kula kenging kawastanan tidha-tidha, boten pitados inggih boten nggorohaken. Pramila kula inggih lajeng boten tumunten wicanten. Ketingalipun Ki Dungkul lan Ki Batasigar mangertos menapa ingkang dados isining manah kula, ketitik Ki Batasigar ingkang lajeng gentos ngendika :

        “Menapa ingkang dipun dhawuhaken dening Ki Dungkul kala wau namung kabar limrah lho Ki Bau Jambon. Sedaya ingkang mireng, kenging pitados lan kenging nggorohaken. Ingkang cetha, sedaya wonten undhuh-undhuhanipun piyambak-piyambak. Kasaraning rembag, menawi wonten menapa-menapanipun badhe dipun tanggel piyambak-piyambak. Lan boten wonten malih kekadangan ingkang lahir batin antawisipun ingkang pitados lan ingkang boten pitados, Dados menawi ndika boten pitados, tumrap kula lan para-para ingkang pitados inggih boten wonten tunanipun. Lan sadaya tiyang ugi saged wicanten menawi pitados dhateng kabar menika, nanging menawi anggenipun pitados namung dumugi ing lathi, inggih tanpa pedah, awit Bapa Kyai Nagalanang saestu nguningani dhumateng ingkang samar menapa dene ingkang cetha. Sepisan malih kula ambali, ingkang kagungan lan ingkang ngregem kabegjan saha kawilujengan menika namung Bapa Kyai Nagalanang lan namung badhe kaparingaken dhateng sok sintena ingkang mbetahaken lahir trusing batos.”

        “Nyuwun pangapunten Ki Batasigar” nalika Ki Batasigar kendel anggenipun ngendika kula lajeng matur “estunipun kula minangka tiyang limrah, saestu kula kepengin ing tembenipun kula saged pikantuk kabegjan saha kawilujengan kados ingkang sampun kula criyosaken dhateng Ki Sumber kala wau enjang, lajeng menapa ingkang kedah kula wujudi minangka sarat masrut kangge saged nampi kabegjan saha kawilujengan menika?”

        “Sokur menawi makaten Ki Bau” gentos Ki Dungkul ingkang ngendika malih “mila sampun dados kodrating jagad, sanaosa kabegjan lan kawilujengan menika paribasan sampun kasebar, nanging namung titah ingkang gesang nalaripun kemawon ingkang purun ndarbeki, kalebet ndika menika. Lan mula leres ingkang ndika ngendikakaken, tumrap tiyang ingkang  ngersakaken pikantuk kabegjan lan kawilujengan menika wonten sarat masrut ingkang kedah dipun wujudi. Ingkang sepisan, kedah pitados lahir trusing batin dhumateng kabar ingkang kula aturaken kala wau, lha ndika menapa saestu sampun pitados Ki Bau?”

        “Inggih Ki Dungkul kula pitados” atur wangsulan setengah dora, jalaran estunipun kula inggih dereng pitados kanthi wetah dhateng menapa ingkang dipun dhawuhaken Ki Dungkul lan Ki Batasigar kala wau.

        “Estunipun wangsulan saking ndika dhateng pitaken kula wau boten kedah sakniki Ki Bau” Ki Dungkul suka wangsulan kalihan mesem “nanging gandheng sampun ndika ngendikakaken, inggih boten dados menapa, namung menawi kula menapa dene Kyai Batasigar sampun pitados kalihan wangsulan ndika menika, nanging benten kalihan Bapa Kyai Nagalanang ingkang ugi sampun nguningani menapa ingkang kula lan ndika rembag dalu menika, panjenenganipun Bapa Kyai Nagalanang sampun pitados dhateng wangsulan ndika wau menapa dereng, kula lan Kyai Batasigar dereng mangertos. Dados menapa ndika sampun kalebetaken dhateng golonganipun titah ingkang begja lan wilujeng kanthi pangayomaning Bapa Kyai Nagalanang menapa dereng, kula lan Kyai Batasigar inggih dereng mangertos. Murih cethanipun, ndika kula aturi mriki malih benjang dinten Budha Jenar malem Respati Palguna, ing wanci bakda seraping surya. Inggih ing wekdal lan dinten kasebat ndika mangke badhe nampi dhawuh saking Bapa Kyai Nagalanang lumantar kula utawi Kyai Batasigar, leres lan botenipun wangsulan ndika menika, lan menawi nyata-nyata leres badhe kadhawuhaken sarat masrut sanesipun ingkang kedah ndika cekapi.”  

        Sasampunipun kula sagahi menapa ingkang dados dhawuhipun Ki Dungkul menika, kula lajeng kadhawuhan wangsul rumiyin dene Ki Sumber kadhawuhan kendel rumiyin wonten Kawisan jalaran badhe wonten dhawuh dhateng piyambakipun saking Paguron Nagalanang, ingkang boten kenging kula sumerepi rumiyin. Kula inggih lajeng wangsul piyambak.

        Inggih awit kula sampun nyagahi Ki Dungkul kasebat, nalika kala wingi Adhi Sukmana sarta Baune Pilang saha Baune Pethek rawuh ing griya kula, ndumugekaken dhawuh jengandika Ki Lurah menawi adicara Parepatan Rembag Dhusun Akad Legen dipun majengaken, kapeksa kula pamit, awit badhe dhateng Kawisan kados ingkang sampun kula aturaken dhateng Adhi Sukmana kala wingi. Sanaosa makaten sedaya Pamong ing Jambon ingkang dados tanggel jawab kula, sedaya kula parentah murih dugi dhateng adicara Akad Legen ingkang dipun majengaken menika. Salajengipun nuhoni kasagahan kula dhateng Adhi Sukmana, sepisan nyuwun pangapunten dhateng Ki Lurah awit anggen kula sampun pamit kala dalu menika, dene kaping kalihipun badhe ngaturaken sedaya lelampahan menapa ingkang  kula panggihi salebetipun kula dhateng Kawisan kala dalu.” Bebau Jambon mungkasi anggenipun cariyos.

        Ki Lurah Pangapitan lan sedaya ingkang wonten Pringgitan sami manthuk-manthuk kasengsem dhateng menapa ingkang dipun criyosaken dening Bebau Jambon kala wau.

        “Iya Baune Jambon” Ki Lurah lajeng paring dhawuh “yen ndika njaluk pangapura marang aku, awit mau bengi ndika ora bisa teka ing parepatan Rembug Desa, aku ya wis aweh pangapura jaragan pancen ndika ora ana lekas kanggo wani nglirwakne kuwajiban nanging pancen ana pambeng sing luwih wigati tumrap ndika lan mbok menawa ya ana gunane kanggo Desa lan Warga Pangapitan. Sabanjure ndika mau kandha menawa arep ngandhakne lelakon sing ndika temoni nalika ndika menyang Kawisan mau bengi, mula saiki enggal ndika critakne aja nganti ana sing kliwatan, klebu ndika wis dipercaya dadi pandhereke Ki Nagalanang sing arep nampa kabegjan lan kaslametan saka dheweke kuwi apa durung?”

        “Inggih Ki Lurah” Bebau Jambon atur wangsulan “atur kula mangke badhe kula gandhengaken pisan kalihan dhawuh-dhawuh saking jengandika minangka putusaning rembag dhusun kala dalu, kados ingkang sampun kula tampi saking para Pamong saking Jambon ingkang kala dalu ndherek mirengaken wigatosing rembag dhusun.”

        “Ngono ya luwih prayoga Baune” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah “dadi ora ndadak mbaleni kandha, saiki diage ndika kandhakne.”

        Nembe kemawon Bebau Jambon badhe wicanten nyariyosaken lelampahanipun, lan sedaya ingkang wonten Pringgitan menika sampun siyaga mirengaken, dados kandheg, jalaran wonten abdi Kalurahan ingkang mlebet ing Pringgitan, badhe atur pasegahan, wedang jahe kalihan pala kapendhem ingkang dipun godhog.

 

 

(ana candhake)

Senin, 19 Februari 2024

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (45)


 

45.

        Namung ing salebeting batos kula taksih tidha-tidha dhateng wicanten lan cariyosipun Ki Bau Sumber, mliginipun ingkang pungkasan kala wau. Jalaran kula nate mireng dedongenganipun tiyang sepuh kula, bilih Bathara Wisnu ingkang kaprah kasebat ing Ringgit Beber lan Wacucal menika, rumiyin manggenipun ing Redi Empyak Jagad ingkang mapan ing Tanah Indu lan panguwaosipun inggih namung ing sakanan keringipun Tanah Indu kemawon. Boten kados ingkang dipun cariyosaken Ki Bau ing Sumber nembe kemawon menika kala wau. Nanging badhe mbantah menapa ingkang dipun criyosaken Bebau Sumber menika kula boten wantun, jalaran mila pangertosan kula babagan babading tanah Jawi menika namung sakedhik sanget.Malah kenging ugi kawastanan boten gadhah blas.

        “Bok menawa ndika durung bisa ngandel karo sing tak kandhakne iki mau, mligine sing ana sambung rapete karo jejibahane Ki Nagalanang bab anggone nindakne dhawuh saka Bathara Wisnu iki mau Ki Jambon?” sareng kula dangu boten wicanten, Bebau Sumber lajeng pitaken nodhi kula.

        “Nek diarani ora ngandel kuwi ya ora Ki Sumber” wangsulan kula “aku mung durung mudheng karo sing ndika andharake iki mau, ya sing rupa critane Tanah Jawa, madege Kraton anyar lan Dewaning Katentreman Bathara Wisnu mau. Merga nadyan mung sethithik aku ya tau krungu piwulange Agama Rasul sing saiki tak rasuk, ya kuwi ora kena ambathara marang sapa-sapa kajaba marang Gusti Allah lan sabisa-bisa kudu manembah manut piwulange Gusti Kanjeng Nabi Kang Jumeneng Rasulullah……”

        “Maune aku iki ya kaya ndika kuwi Ki Jambon” Bebau Sumber nigas wicanten kula kalih gumujeng “maune aku ya blas ora percaya marang anane Dewa sing wenang murba sakehing titah ing lumahing bumi iki, kalebu marang Bathara Wisnu sing tak kandhakne mau, merga wiwit cilik aku dikandhani dening wong tuwaku nek aku iki wis ngrasuk Agama Rasul sing piwulange kaya sing ndika kandhakne mau, nanging sawuse aku dituturi dening Ki Dungkul lan Ki Batasigar, dumadakan nalarku dadi kabukak, prasasat kaya wong mlaku ing wayah rembulan panglong, kedadak kepapag obor sewu ngana kae. Mula yen ndika pancen kepengin oleh kabegjan lan kaslametan, becike ndika sowan wae marang Ki Dungkul utawa Ki Batasigar matur yen ndika wis tak kandhani prekara iki lan ndika uga kepengin bisa nampa kabegjan lan kaslametan sing tak kandhakne mau, kang mangkono mau murih nalar lan rasa ndika bisa dibukak lan dituntun dening Ki Dungkul utawa Ki Batasigar kang anjoge marang kabegjan lan kaslametan.”

        “Mangkono ya Ki Bau?”

        “Iya Ki Jambon” wangsulanipun Ki Sumber malih “yen sajake ndika isih pakewuh sowan dhewe, aku saguh ngeterne ndika sowan marang Ki Dungkul lan Ki Batasigar. Mengko sore apa piye awake dhewe bareng-bareng menyang Kawisan.”

        “Kok menyang Kawisan ta Ki Sumber?” kula pitaken “gajege Ki Dungkul lan Ki Dhangkal karo adhine sing jeneng Ki Palir kae rak wis diyasakne omah dening Ki Lurah ing Pangapitan Krajan ta? Apa kajaba ing Krajan Ki Dungkul uga kagungan dalem ing Kawisan?”

        “Ora Ki Jambon” Ki Bau Sumber suka wangsulan “wis pirang-pirang dina iki Ki Dungkul lan Ki Batasigar luwih akeh ana ing omahe Ki Kawisan, jalaran awit saka panyuwune Ki Bau Kawisan, anggone Ki Batasigar lan Ki Dungkul nyebar kawruh kebatinan lan kanuragan murih ing Joglone Ki Kawisan sing anyar, ing kana papane luwih jembar lan luwih bawera. Nek olehe paring piwucal Ki Batasigar lan Ki Dungkul kuwi neng dalem olehe maringi Ki Lurah sing ana Pangapitan Krajan kae, katone rada rupak.”

        Saestu sontenipun kula dipun purugi dening Ki Bau Sumber malih dipun ajak dhateng Kawisan. Kaleresan nalika samanten Ki Dungkul lan Ki Batasigar nembe lenggah ing griyanipun Ki Bebau Kawisan, liripun boten ing Joglonipun ingkang enggal. Ingkang nembe jejagongan wonten ing mriku, kajawi Ki Bebau Kawisan, Ki Dungkul lan Ki Batasigar ugi wonten tiyang sanes radi kathah, ingkang dereng kula tepangi saderengipun.

        “Layak ta prenjak neng papahe klapa gadhing ngarep omah, mau sak awan ngganter olehe padha manggung” nembe kemawon kula lan Ki Sumber dumugi ngajeng pendhapa, Ki Bau Kawisan sampun ngadeg lan mapag kalihan tembung ingkang grapyak semanak  “ora ngira nek omahku arep katekan sedulurku lanang saka Dhukuh Jambon. Mangga, kene Ki Jambon lan Ki Sumber padha linggih kene pisan, kabeneran iki Kyai Batasigar lan Ki Dungkul iya lagi wae rawuh ing kene.”

        Namung wangsulan kalihan eseman, kula lan Ki Bau Sumber inggih lajeng nusul tumut linggih ing klasa ingkang dipun gelar ing jogan pendhapa menika.

        “Harak inggih sami wilujeng ta Ki Bau Sumber lan Ki Bau Jambon?” sasampunipun kula lan Bebau Sumber nyalami sedaya ingkang wonten mriku lan mapan linggih kanthi sekeca, Ki Dungkul ngendika paring pambagya dhateng kula lan Bebau Sumber.

        “Awit saking pangestu jengandika, lampah kula lan Ki Sumber tansah kaparingan wilujeng, Ki Dungkul” gandheng Ki Bau Sumber njawil kula, kula inggih ingkang lajeng atur wangsulan “inggih mugi-mugi Ki Dungkul, Ki Kawisan lan sedaya sedherek ingkang wonten mriki makatena ugi.”

        “Matur nuwun Ki Bau Jambon” Ki Dungkul suka wangsulan “mbok menawi ndika dereng nate wanuh kalihan sedherek-sedherek menika, inggih dipun tepangaken, menika ingkang wonten sisih kering kula menika, sedherek kula sepuh Ki Batasigar lan sedherek-sedherek sanesipun menika sedaya siswa-siswa saking Padhepokan Nagalanang.”

        Ki Batasigar lan tiyang sanesipun ingkang dereng kula tepangi menika sami manthuk lan mesem dhateng kula. Kula inggih lajeng mbales manthuk lan mesem, kalajengaken wicanten :

        “Inggih kula inggih matur nuwun Ki Dungkul, Ki Batasigar lan sedherek-sedherek saking Padhepokan Nagalanang, nami kula Palugon ingkang dipun sampiri jejibahan dening Ki Lurah Pangapitan lan warga dhukuh Jambon minangka Bebau ing mrika”.

        “Nuwun sewu” sasampunipun kula wicanten nepangaken dhiri, Ki Bau Kawisan lajeng wicanten “iki mau teka Ki Sumber lan Ki Jambon bisa bebarengan sarimbit kaya Prabu Baladewa lan Prabu Kresna, pancen bebarengan saka omah apa mung tiba kabeneran kapethuk ana dalan banjur mampir kene?”

        “Mula bener sing ndika ngendikakne Ki Kawisan” ingkang suka wangsulan gentos Ki Bebau Sumber “aku karo Ki Jambon pancen wis semayan sadurunge nek arep bareng sowan mrene. Lan aku mung sadrema ngeterne Ki Bau Jambon sing duwe karep kepengin sowan marang Bapa Dungkul lan Bapa Batasigar, merga ing sakawit Ki Jambon ngira manawa Bapa Dungkul lan Bapa Batasigar lenggah ana dalem sing ana Pangapitan Krajan, banjur tak warah menawa wektu iki Bapa Dungkul lan Bapa Batasigar lagi lenggah ana Kawisan kene.”

        “Ki Bebau Jambon ngersakne kepethuk aku lan Ki Batasigar, Baune Sumber?” Ki Dungkul nyelani rembag pitaken dhateng Bebau Sumber.

        “Inggih Bapa” atur wangsulanipun Ki Bau Sumber “langkung cethanipun kaparenga Bapa ndangu piyambak dhateng Ki Jambon.”

        “Menapa leres makaten Ki Bau Jambon?” Ki Dungkul gentos pitaken dhateng kula.

        “Mila leres makaten Ki Dungkul” kula atur wangsulan.

        “Lajeng kagungan kersa menapa, teka ndika madosi kula kalihan Ki Batasigar menika Ki Bau? Gajegipun ndika rak dereng tepang saderengipun kalihan Ki Batasigar?” Ki Dungkul pitaken malih.

        “Inggih Ki Dungkul” kula lajeng matur “waleh-waleh menapa, criyosipun wau rak makaten. Kala wau enjing Ki Bau Sumber sanja ing griya kula, Kajawi sanja kepengin ngabaraken kawilujengan kula sakulawarga, Ki Sumber ugi ngabaraken menawi Nyi Sumber ingkang sadangunipun menika kula sumerepi nembe kaganjar sakit sukunipun sampun pinten-pinten wulan boten saged mlampah kanthi sae, samangke sampun saras pulih kados saderengipun. Miturut kojahipun Ki Sumber, ingkang saged ngusadani sakitipun Nyi Bau Sumber kala wau, boten sanes kajawi jengandika Ki Dungkul.”

        “Mila leres Ki Bau Jambon” Ki Dungkul nyelani rembag kula kalihan mesem sumringah “dinten samangke semahipun Baune Sumber sampun saras lan boten badhe sakit malih, menika awit saking peparing lan kamirahanipun Kyai Nagalanang ingkang paring dhawuh dhateng kula murih ngicali sesakitipun Nyi Bau Sumber. Dados kula menika namung sadremi lantaran kemawon.”

        “Inggih Ki Dungkul” kula ngkajengaken atur “inggih awit sapanjang-panjangipun lurung menika taksih panjang gurung,  panjanging tiyang jejagongan, anggen kula rembagan kalihan Ki Sumber dumugi wartos, menawi estunipun rawuh jengandika Ki Dungkul ing Dhusun Pangapitan menika boten kados kabar ingkang sumebar sadangunipun menika, inggih menika mbara kerja, nanging nembe ngayahi jejibahan saking Paguron Nagalanang, saprelu andum kabagjan lan Kawilujengan dhateng Dhusun lan Kawula ing Pangapitan”.

 

 

(ana candhake)

Minggu, 18 Februari 2024

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (44)


 

44.

        Bebau Sumber ketingal menawi estu-estu anggenipun nedhi rerigen kula. Kula rumaos remen dene Bebau Sumber sakalangkung anggenipun mikiraken kabegjan lan kaslametanipun Dusun saha Kawula ing Pangapitan menika. Lan mila bares kemawon kula ugi sampun kapencut dhateng kabar ingkang dipun criyosaken Ki Bau Sumber bab kabegjan lan kaslametan menika, sanaosa kula inggih dereng mangertos menapa sarat masrut ingkang kedah dipun tetepi murih saged nampi kabegjan lan kaslametan kala wau.

        “Piye Ki Jambon? Apa sing kudu tak tindakne murih para Pamong sa Pangapitan saiyeg sapanemu bisa lan gelem nggugu marang apa sing dadi dhawuhe Ki Dungkul mau murih Desa lan kawula ing Pangapitan kene bisa oleh kabegjan lan kaslametan?” sareng kula radi dangu boten suka wangsulan, Ki Bau Sumber mangsuli anggenipun pitaken.

        “Sak jane saperangan wis ndika tindakne Ki Sumber, kari njangkepi wae” wangsulan kula kalih mesem.

        “Lha iya, apa kuwi?” Ki Bau Sumber wangsulan, suwantenipun nedahaken menawi anyel manahipun “aku kok malah bingung karo wangsulan ndika iki?”  

        “Dina iki ndika wis marani aku lan ngabari yen Ki Dungkul kagungan kersa arep andum kabegjan lan kaslametan marang aku, lan aku ya wis percaya dadi mokal menawa suk Akad Legi aku arep wani mancasi dhawuhe Ki Lurah” wangsulan kula mawi suwanten sareh “lha becike, ndika aja mung marani aku wae, Bebau ing dhukuh-dhukuh liyane uga ndika parani lan ndika kabari prakara iki. Lha nek wis ngono, mengko para bebau rak banjur padha sarujuk lan ora bakal ana sing wani nggesehi dhawuhe Ki Lurah sing wis padha karo panemu ndika lan Ki Kawisan,”

        “Bener kuwi Ki Jambon” Ki Bau Sumber wicanten kalihan mesem “saiki kanggo kabegjan lan kaslametane Desa lan kawula Pangapitan upama awake dhewe andum gawe kepiye Ki ?”

        “Andum gawe ing babagan apa Ki Sumber?”

        “Iya ing babagan iki” Ki Bau Sumber suka wangsulan “ing Pangapitan iki rak ana sawelas Dhukuh kalebu Dhukuh Krajan? Piye yen sing mara lan ngabarake bab iki menyang Peleman, Pethek, Pilang lan Krajan kuwi ndika? Mengko aku sing mara lan ngabari menyang Kuncen, Ngreca, Punthuk lan Munggur. Piye?”

        Mireng anggenipun Ki Sumber ngajak andum damel makaten menika, kula namung mesem kalihan wangsulan :

        “Becike ndika andum gawe ing bab iki aja karo aku Ki Sumber. Nanging sing bener kuwi karo Ki Kawisan, nek karo aku kuwi kurang-kurang bejane malah bisa nuwuhake kleru tampa, beda nek sing mara kuwi ndika dhewe utawa saora-orane Ki Kawisan…..”

        “Oalah Ki Jambon, mbok ndika kuwi ngelingi yen iki ora kanggo aku pribadi nanging kanggo kabutuhane Desa lan Kawula sa Pangapitan” Baune Sumber nyelani rembag kula kalihan suwanten ingkang kapireng cuwa, “ya gene ndika tak jaluki tulung ngono wae ora gelem malah ndika ngongkon aku ngajak Ki Kawisan? Kuwi padha wae ndika ngongkon aku mlaku dhewe, merga ing Paguron Nagalanang aku iki tatarane manggon ana sangisore Ki Bau Kawisan, klebu saru yen aku ngajak andum gawe kaya iki”

        “Aku njaluk pangapura Ki Sumber” wangsulan kula malih “iki prekarane Desa Pangapitan apa prakarane Paguron Nagalanang? Nek iki prakarane Paguron, ndika malah ora kapener yen ndika ngajak aku, merga antarane Paguron ndika lan aku kuwi ora ana sambung rapete apa-apa lan sangertiku antarane Desa Pangapitan karo Paguron Nagalanang kuwi iya durung ana sambunge apa-apa. Lan bares wae, aku mau uga ora ngerti nek jebule ndika karo Ki Bau Kawisan kuwi wis dadi cantrik ana Paguron Nagalanang kuwi mau”.

        Kula sukani wangsulan makaten menika kala wau, ketingal praupanipun Bebau Sumber ewah, semu mbrabak, mbok menawi ucap kula kaanggep sampun keladuk. Nanging  piyambakipun ugi boten wicanten menapa-menapa, namung sansaya dangu praupanipun nedahaken sansaya peteng. Kula dados boten sakeca, pramila kula ugi lajeng wicanten malih :

        “Mangkene lho Baune Sumber, satemene ya becik-becik wae, nek ndika minangka Ki Walidi sing kabeneran dadi Bebau ing Sumber lan uga dadi siswa ing Paguron Nagalanang kuwi, ajak-ajak kabecikan marang aku Palugon, sing ndelalah kasampiran pangkat minangka Bebau ing Jambon iki. Nanging, ndika ya kudu ngerti nek aku iki durung ngerti kanthi sacetha-cethane apa sing didhawuhne Ki Dungkul marang ndika? Ngertiku ya mung saka ndika nek Ki Dungkul kuwi ngemban dhawuh saka Pagurone kanggo andum kabegjan lan kaslametan lan merga aku ya mbutuhake kabegjan lan kaslametan mula aku ya gelem wae nek ditawani lan aku uga mrayogakne Ki Lurah lan kabeh wong ing Pangapitan kene supaya kersa nampani kabegjan lan kaslametan kuwi. Lha nek aku nganti ditakoni sarat masrut kanggo nampani kabegjan lan kaslametan sing saka Ki Dungkul kuwi apa? Aku rak ora bisa wangsulan apa-apa ta Ki Bau? Wong pancen aku ya durung ngerti tenan. Lha nek aku ora bisa wangsulan rak ora mokal wong sing tak kandhani banjur nggorohake lan dadi kleru tampa ta?”

        “nDika bener Ki Jambon” sareng kula criyosi makaten kala wau Bebau Sumber nembe nglenggana lajeng wicanten “pancen mau aku durung kandha marang ndika yen murih bisa begja lan slamet kaya sing dituturake Ki Dungkul marang aku kuwi ana sarat masrut sing kudu diwujudi, dadi ora waton gelem ngono wae, gelema nek sarat masrute ora diwujudi ya panggah ora bakal bisa nampa kabegjan lan kaslametan.”

        “Lha sarat masrute kudu mujudi apa Ki Sumber?” kula gentos pitaken.

        “Sarate ora abot lan saben wong mesthi bisa” Ki Bau Sumber suka wangsulan “ya iku kang kapisan, kudu percaya marang apa sing didhawuhake dening Kyai Nagalanang lumantar para siswa-siswane sing wis kasampiran kapercayan saka panjenengane, yen ing kene ya Ki Dungkul, Ki Dhangkal lan Ki Batasigar…..”

        “Mengko dhisik Ki Bau” kula nyela rembag, pitaken “Nagalanang kuwi sebutan jenenge Paguron apa asmane paraga?”

        “Kuwi meh padha karo aku lan ndika iki lho Ki” wangsulanipun Ki Bau Sumber kalihan mesem “merga ndika dadi Bebau ing Dhukuh Jambon, banjur wong-wong neng ngarani ndika nganggo sebutan Ki Jambon lan arang sing ngarani ndika Ki Palugon. Mung bedane, jeneng Paguron Nagalanang kuwi jalaran sing yasa asmane Kyai Nagalanang, pandhereke Sang Hyang Bathara Wisnu sing saiki aluse wis manunggal karo pangarsane Paguron Nagalanang lan samengko asmane Paguron kuwi ya Kyai Nagalanang.”

        “Teka kaya neng crita Wayang Beber wae lho Ki?” kula nyela pitaken “ana Bathara Wisnu barang kuwi? Bathara Wisnu kuwi ra Dewaning Katentreman kae ta?”

        “Pancen bener Ki Jambon” Ki Bau Sumber suka wangsulan, “Sang Hyang Bathara Wisnu kuwi Dewaning Katentreman, iya Panjenengane kuwi tenane sing kagungan Tanah Jawa iki. Awit satemene Tanah Jawa iki biyen Pulo kang mapan ing Alam Sonyaluri dadi ora kasat mata lan sing ngenggoni para lelembut sing dadi reh-rehane Sang Hyang Bathara Wisnu. Lagi bareng putrane Sang Hyang Wisnu sing jejuluk Raden Wijaya ngersakne ngereh praja, Tanah Jawa banjur dikatonake dening Sang Hyang Wisnu, para lelembute akeh sing dipuja dadi manungsa, minangka kawulane Raden Wijaya lan Tanah Jawa dadi punjere Negara gedhe sing diarani Negara Majapahit. nDika mesthi wis tau krungu kondhange Majapahit ta?”

        “Iya Ki, aku tau didongengi wong tuwaku yen sadurunge ana Kraton Mataram iki ana Kraton sing jenenge Pajang, lan sadurunge Pajang ana Kraton Demak Bintara lan sadurunge ana Kraton Demak luwih dhisik ana Kraton Majapahit” wangsulan kula.

        “Bener dedongengan sing ndika tampa kuwi” Bebau Sumber wicanten malih “ya merga anane Kraton Demak Bintara kuwi sing ndadekne Sang Hyang Wisnu duka, jalaran Demak bisa dadi kraton sawuse mbedhah Majapahit sing Ratune isih trahe Sang Hyang Wisnu. Wektu iki Sang Hyang Wisnu kepareng paring dhawuh lan purba wasesa marang abdine sing jejuluk Sang Hyang Nagalanang, iya sing saiki manunggal karo Kyai Nagalanang pangarsa Paguron Nagalanang kanggo mbalekne kamulyane Tanah Jawa ya Kraton Majapahit sarta njumenengake trah Majapahit angratoni Majapahit anyar sing ora suwe maneh bakal madeg.”

        Kula boten patos mudheng kalihan ingkang dipun cariyosaken dening Bebau Sumber kala wau. Menapa malih kalihan cariyos bab babad ingkang babar pisan kula boten mudheng, pramila kula inggih namung mendel boten guneman menapa-menapa.

 

 

(ana candhake)

 

Kamis, 15 Februari 2024

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (43)


 

43.

        Ki Lurah Pangapitan ketingal njengkerutaken palarapanipun nalika midhanget asmanipun dipun sebat dening Bebau Jambon nalika nerokaken wicantenipun Bebau Sumber. Tiyang-tiyang sanesipun kajawi Jagabaya Jambon ugi ketingal kepengin mangertos menapa ingkang dipun kajengaken kalihan dipun sebating asmanipun Ki Lurah menika kala wau.

        “Dadi Baune Sumber nyebut jenengku barang Baune Jambon?” boten sranta Ki Lurah nyelani anggenipun Bebau Jambon carios.

        “Leres Ki Lurah” atur wangsulanipun Bebau Jambon.

        “Iya tutugna nggon ndika crita” Ki Lurah paring dhawuh malih “aku sansaya kepengin ngerti tutuge crita ndika kuwi”.

        “Sareng kula takeni makaten menika kala wau, Ki Bau Sumber radi dangu anggenipun suka wangsulan” Bebau Jambon nutugaken anggenipun wicanten.

        “Iki muturut dhawuh saka Ki Dungkul lan saka Ki Batasigar lho” makaten anggenipun wangsulan Baune Sumber sasampunipun tadi sawatawis anggenipun kendel.

        “Ki Batasigar kuwi sapa Ki Sumber?” kula nusuli pitaken malih.

        “Ki Batasigar kuwi sedulur tunggal guru karo Ki Dungkul, nanging Ki Batasigar luwih tuwa ngelmune tinimbang Ki Dungkul” wangsulanipun Bebau Sumber.

        “Ooo ngono?” kula wicanten malih saha mangsuli anggen kula taken “lha banjur apa sing wis dumadi magepokan karo Ki Lurah?”

        “Ki Lurah kuwi jebul ora ngersakne kabegjan lan kaslametan sing diaturne dening Ki Dungkul lan Ki Batasigar” wangsulanipun Bebau Sumber salajengipun “malah semune Ki Lurah nggorohake utawa ora percaya marang apa sing diaturake Ki Dungkul lan Ki Batasigar, mosok ngendikane Ki Dungkul marang aku ki ngene : Ki Lurah durung bisa nampa apa sing diaturne Ki Dungkul lan Ki Batasigar jalaran Ki Lurah isih arep nglumpukne para Pamong lan Sapukawate Desa Pangapitan dhisik, nek para Pamong lan Sapukawat akeh sing gelem nggugu marang apa sing diaturne Ki Dungkul lan Ki Batasigar mau, mangka Ki Lurah lagi arep menggalih luwih jero maneh bab sing diaturne Ki Dungkul lan Ki Batasigar mau. Nanging manawa Pamong lan Sapukawat Pangapitan luwih akeh sing ora nggugu, mangka Ki Lurah ya ora bisa nuruti apa sing diaturne Ki Dungkul lan Ki Batasigar marang panjenengane kuwi mau. Nek ngono kuwi rak ya aran aneh ta Ki Jambon?”

        “Aneh piye Ki Sumber?” kula mangsulaken pitakenipun Baune Sumber.

        “Sangertiku sasuwene iki” Ki Bau Sumber wicanten nyukani wangsulan dhateng kula “ya wiwit aku durung dadi Bebau ing Sumber, nganti tekan saiki, sing tak ngerteni Ki Lurah kuwi tansah menggalih murih Desa Pangapitan iki bisa dadi Desa ngrembaka, panguripane kawula bisa luwih makmur, ayem tentrem didohi bilahi sing wujud apa wae. Nanging bareng dening Ki Dungkul sing isih sedulure dhewe, diaturi kabagyan lan kaslametan ora mung kanggo Ki Lurah pribadi, nanging uga kanggo kabeh kawula sing urip ing Pangapitan kene iki, teka Ki Lurah paring wangsulan kang kaya sing tak kandhakne neng ngarep mau. Jajal ndika nalar, kuwi aneh apa ora?”

        Blaka suta, dipun criyosi lan dipun takeni Bebau Sumber makaten menika kala wau, kula radi bingung anggen kula badhe wangsulan. Pramila kula inggih lajeng mendel boten saged ngucap menapa-menapa.

        “Piye Ki Jambon?” Ki Bau Sumber lajeng wicanten malih “ndika rak ya melu judheg ta nek mikir karo kersane Ki Lurah sing ora tumuli ndhahar ature Ki Dungkul lan Ki Batasigar kuwi mau? Merga iki magepokan karo keslametane Desa lan Warga Pangapitan. Lan sing duwe wewenang dhuwur dhewe ing Pangapitan iki ya mung Ki Lurah dhewe, wiwit biyen nganti tekan saiki ora ana tinone ana Pamong sing wani nggesehi apa sing wis dadi putusane Ki Lurah. Nanging ya gene Ki Lurah ndadak paring pawadan marang Ki Dungkul lan Ki Batasigar nek arep mundhut panemune para Pamong lan Sapukawat luwih dhisik? Lan nyatane nganti seprene awake dhewe ya ora didhawuhi apa-apa luwih-luwih didangu dening Ki Lurah magepokan karo kabegjan lan kaslametan sing diaturne Ki Dungkul lan Ki Batasigar mau. Pancen ing babagan iki Ki Dungkul uga kagungan sethithik rasa sujana marang keng rayine dhewe…..”

        “Sapa kuwi Ki Sumber? Lan apa sing ndadekne rasa sujana kuwi?” kula nyela rembag mawi pitakenan.

        “Biyen rawuhe Ki Dungkul lan Ki Dhangkal neng Pangapitan kene kuwi rak nganthi rayine sing cilik dhewe jenenge Palir ta Ki Jambon?” Ki Bau Sumber suka wangsulan “ya merga Palir kuwi sedulur wuragil, mula kabeh sedulure padha kasok tresnane marang dheweke kalebu Ki Lurah. Palir kuwi dening sedulur-sedulure prasasat diugung apa sing dadi karepe, lha merga rumangsa diasihi dening Ki Lurah kuwi Palir banjur kerep ngadi-adi. Kerep matur sing sakarepe dhewe marang Ki Lurah, lire atur sing mung mikirne bathine dhewe. Lan sing luwih ndadekne Ki Dungkul sujana, Palir kuwi biyene iya diajak melu ngangsu kawruh dening Ki Dungkul, nanging gandheng bocah ugungan wiwit cilik mula, Palir gemang nutugne anggone meguru milih misah saka pagurone lan kerep nyritakne marang wong-wong tangga teparone yen ora ana gunane ngangsu kaweruh ing paguron sing arep andum kabegjan lan kaslametan kuwi……”

        “Mengko dhisik Ki Sumber” gandheng kula menika boten remen menawi wonten tiyang nyatur awoning tiyang sanes ingkang namung dhapur pangira-ngira, kula lajeng nigas rembagipun Ki Bau Sumber.

        “Iya piye Ki Jambon?” Bebau Sumber gentos nakeni kula.

        “Nek dawa-dawa dinudut iki dadine awake dhewe malah melu-melu ngrasani Ki Palir sedulure Ki Lurah barang, nek ana ora bejane, nek nganti kapireng Ki Lurah, awake dhewe dadi ora kepenak. Dadi ing babagan sing ndika kandhakne kuwi mau, tak kira yen awake dhewe nggunakne pangira becik wae marang Ki Lurah, dadi awake dhewe ora kudu judheg dhisik” wangsulan kula.

        “Pangira becik sing kepiye Ki Jambon?” Bebau Sumber wicanten malih “ndika kudu eling, sing mbutuhne kabegjan lan kaslametan kuwi wong sadesa Pangapitan kabeh….”

        “Iya Ki Sumber, aku wis ngerti bab kuwi” wangsulan kula kalih mesem awit Ki Bau Sumber ketingal radi muring “sing tak karepake pangira becik marang Ki Lurah kuwi ngene lho, awake dhewe aja kesusu ngarani Ki Lurah ora percaya marang Ki Dungkul lan Ki Batasigar, luwih-luwih ndakwa Ki Lurah ora mbutuhne kabegjan lan kaslametane Desa lan Kawula Pangapitan. Gajege ndika mau ya wis kandha nek Ki Lurah arep ngajak rembugan para Pamong ing Pangapitan kene luwih dhisik? Kamangka wektu iki dina Akad Legi wis ora suwe maneh, ya neng adicara rembug desa Akad legen kuwi mengko tak kira Ki Lurah arep ndhawuhake apa sing diaturne Ki Dungkul lan Ki Batasigar babagan kabegjan lan kaslametan mau marang para Pamong lan Sapukawat. Lan sawuse iku banjur dhawuh marang Ki Carik supaya ditulis lan ditetepake minangka asiling rembug desa, bubar kuwi lagi Ki Lurah nimbali Ki Dungkul lan Ki Batasigar kadhawuhan menawa kanthi wewaton asil rembug desa Ki Lurah ngersakne nampa apa sing diaturne Ki Dungkul lan Ki Batasigar. Nek ngono piye Ki?”

        “Iya Ki Jambon” Ki Bau Sumber wicanten malih “nek ngrungokne dhakik-dhakike sing ndika kandhakne kuwi pancen kepenak dirungokne kuping, nanging ing parepatan Rembug Desa Akad Legen kuwi mengko, durung karuwan lho nek kabeh Pamong padha ing panemu, nek nganti ana sing duwe panemu beda karo awake dhewe bisa uga kahanan dadi rame, Ki Lurah bisa wae mutusake ora ndhahar ature Ki Dungkul lan Ki Batasigar, nek klakon mangkono apa ora mbebayani, Ki?”

        “Ki Bau aja banjur lali ngono kuwi ta?!?” kula wangsulan kalihan gumujeng lirih.

        “Lali nggon apa kuwi Ki Jambon?” Ki Bau Sumber taken.

        “Gajege mau Ki Sumber wis kandha dhewe” kula wangsulan sareh “wiwit jaman biyen, ora ana tinone ana Pamong utawa Sapukawat ing Pangapitan kene iki sing wani nggesehi karo apa sing didhawuhake Ki Lurah, yen wis ngono banjur apa maneh sing kudu dikuwatirake? Nanging ora ana alane yen Ki Sumber ngersakne jaga-jaga, lire njagani nek ana sing beda karo padatan sing banjur nuwuhake kaya sing ndika kuwatirake mau.”

        “Piye carane jaga-jaga Ki Jambon? Ndika kandhakne, mengko tak lakonane.”

 

 

(ana candhake)

Senin, 12 Februari 2024

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (42)


 

42.

        Wancinipun taksih enjing, srengenge nembe kemawon jumedhul saking langit sisih wetan. Sukmana nembe wonten ing Kandhang, ngrencangi Gamel ingkang ngopeni kapalipun, ngiras pantes nedahaken kasok tresnanipun dhateng kewan ingkang dados tungganganipun menika. Mila wiwit alit rumiyin dening tiyang sepuhipun Sukmana menika dipun gegulang murih nggadhahi watak tresna asih dhateng sesamining gesang, kalebet dhateng kewan ingkang dados ingah-ingahanipun. Boten tebih saking papanipun Sukmana, ing sajawining kandhang Ki Palir ketingal sampun kringeten gobyos, awit kasengsem ngudang wadung mecoki bulung damel kajeng obong. Nyi Lurah saha Nyi Palir ugi ketingal ibut ngrencangi para Rewang Kalurahan nyambut damel ocal-ocal tetedhan ing Pawon.

        Dumadakan saking pendhapa kepireng ungeling gentha nedahaken menawi wonten ingkang suka sasmita menawi badhe sowan ing ngarsanipun Ki Lurah Pangapitan. Sasampunipun radi sawatawis dangu lajeng kasusul suwanten kenthongan oyod deling ingkang dipun thuthuk kalih-kalih kaping kalih lajeng kasambet kathuthuk kaping tiga susun kalih, ugi saking pendhapa.

        Sukmana nilar kapalipun, lajeng medal saking Kandhang nyaketi Ki Palir, kalihan wicanten :

        “Dipun timbali Bapa dhateng Pringgitan, Paman.”

        “Inggih Ngger, kula tak wijik rumiyin” wangsulanipun Ki Palir kalihan nyelehaken wadungipun, lajeng menyat dhateng padasan.

        “Kula inggih badhe reresik rumiyin kok Paman” kalihan nututi lampahipun Ki Palir, Sukmana wicanten. Tiyang kalih menika lajeng sareng-sareng reresik lan lajeng mlampah liwat Pendhapa badhe ngadhep Ki Lurah ing Pringgitan. 

        Jebul nalika Ki Palir lan Sukmana dumugi ing Pringgitan, ing mriku sampun wonten Bebau Pilang, Bebau Pethek, Bebau Peleman saha Bebau lan Jagabaya Jambon. Sedaya sami linggih kupeng ing ngarsanipun Ki Lurah. Ki Palir saha Sukmana inggih lajeng ndherek linggih ing mriku.

        “Dhisik dhewe sing arep tak kandhakne prekara sing mau bengi ditakokne adhiku Palir”  ngendikanipun Ki Lurah sasampunipun sedaya linggih kanthi sekeca “ya iku bab Adhiku Dungkul lan Adhiku Dhangkal. Mengko yen wis rampung tak kandhakne lagi dirembug apa sing ditakokne Baune Jambon.”

        “Inggih Kakang” ingkang atur wangsulan Ki Palir, ingkang lajeng nyuwun pirsa “Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal kados pundi? Menapa sampun kaparengaken kula madosi sedherek kula kalih ingkang sampun murang tata menika?”

        “Awakmu kuwi nek dikandhani supaya nggedhekne kasabaran kok angel temen ta Dhi?” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah setengah nyendhu dhateng Ki Palir “pancen sedulurku sing satemene mung kadang katut kae, tekane ing Pangapitan bareng awakmu kae jebul wis nggawa lekas sing ora becik. Olehe kandha arep mbara kerja biyen mung kanggo nutupi lekase sing ora bener. Anggonku kandha mangkono iki mau, jalaran miturut kandhane Baune Jambon mau, jebul Batasigar sing mara mrene bareng karo wong telu liyane ngetutne Dungkul lan Dhangkal kae, wis rada sawatara suwene olehe teka ing Pangapitan, manggone neng omahe Baune Kawisan. Ora mung wong papat nanging akeh, cacahe ana kur-kuran. Lan miturut katrangane Ki Jagabaya Jambon mau, Dungkul lan Dhangkal kuwi luwih akeh olehe manggon ing omahe Bebau Kawisan tinimbang ing omah olehku nggawekne bareng karo omahmu kae. Satemene, ing Parepatan Akad Legen mau bengi, Ki Jagabaya Jambon arep ngandhakne prekara iki, nanging gandheng Ki Jagabaya durung cetha anggone namatne endi kanca endi mungsuh sing padha teka ing parepatan mau bengi kuwi, mula dening Ki Jagabaya ora dikandhakne. Sabanjure, sing weruh isine keba kaya sing dicritakne Baune Peleman mau bengi kuwi Bebau Jambon, murih saya cethane Baune Jambon kareben mbaleni critane murih Si Adhi lan Sukmana bisa melu ngrungokne.”

        “Inggih Ki Lurah” Bebau Jambon lajeng nyauti pangandikanipun Ki Lurah “nuwun  sewu Ki Palir, Adhi Sukmana lan Para Kadang Bebau sedaya. Murih cethanipun badhe kula wangsuli atur kula dhateng Ki Lurah, kawiwitan saking anggen kula meh kemawon kajeglong lampah, awit kapencut katut nggega warta ngayawara ingkang dipun bekta dening Baunipun Kawisan lan Baunipun Sumber.”

        “Iya, Ki Bau” Ki Lurah nyelani rembagipun Bebau Jambon “becik ndika critakne kabeh, aja ana sing ndika liwati murih luwih cetha sakabehane.”

        “Inggih Ki Lurah” atur wangsulanipun Bebau Jambon ingkang kasambet nglajengaken cariyos :

        “Kawitan ingkang manggihi kula menika Ki Bau Sumber ing griya kula, piyambakipun cariyos bilih semahipun ingkang sampun sawatawis dangu sakit sukunipun, boten saged mlampah, samangke sampun saras lan saged mlampah kados wau-waunipun.

        “Kamangka kaya kang ndika weruhi, wis pirang-pirang wong tuwa sing tak parani tak suwuni japa lan berkah supaya nambani sisihanku kae,  nanging kabeh ora ana sing bisa marasake larane sisihanku, nganti aku mupus lan ngira manawa bojoku kuwi ora bakal bisa mari” makaten anggenipun criyos Ki Bau Sumber sasampunipun ngabaraken menawi semahipun sampun saras.

        “Lha saiki wis klakon bisa waras kuwi jalarane apa Ki Sumber?” kula ngecani rembag, pitaken.

        “Jebul Ki Dungkul, sedulure Ki Lurah sing saka Brendhilan kae dudu wong sembarangan, Ki Jambon. Ki Dungkul kagadhuhan kaluwihan sing nggegirisi. Nalika Ki Dungkul tindak menyang omahku karo Baune Kawisan, sadurunge aku matur panjenengane wis pirsa nek sisihanku lara lan nek mlaku banget olehe ngrekasa. Ki Dungkul banjur ngersakne banyu bening sing diwadhahi bathok. Sawise tak aturi, banyu neng bathok mau didamu kaping telu karo dimantrani banjur ndhawuhi aku supaya menehake banyu mau marang bojoku supaya diombe. Eloking kahanan, sawise ngombe banyu peparinge Ki Dungkul mau, ora nganti sapanginang, bojoku sing maune mung bisa ngathang-athang ing amben karo sambat, dumadakan bisa tangi lan bisa mlaku kaya padatan sadurunge lara kae, larane bojoku waras padha sakala, nganti teka saiki babar pisan wis ora tau kumat maneh” Ki Bau Sumber nyariyosaken anggenipun saras semahipun.

        “Ya sokur ta Ki Sumber, aku mung bisa melu bungah dene Nyi Sumber wis mari anggone lara” kula nyambeti anggenipun criyos Baune Sumber “kuwi jenenge tamba kanggo Nyi Sumber sing nekani, ndika wis lunga mlayu mrana-mrene nanging durung oleh gawe, lha kok dumadakan Ki Dungkul lam Baune Kawisan rawuh ing panggonan ndika ngasta tamba”.

        “Nek ndika arani ngono ya kena-kena wae Ki Jambon” Baune Sumber wicanten malih “nanging pancen satemene olehe Ki Dungkul sakancane kae nganti tekan Pangapitan kene iki merga nindakne kuwajiban saka Gurune, ya iku nyebar kabecikan paring pitulungan marang sapepadhaning wong, andum kabegjan lan kaslametan marang sok sapa sing mbutuhake. Dadi kaya aku iki tuladhane, aku wis kaparingan pitulungan kanthi warase sisihanku, banjur aku didangu dening Ki Dungkul apa aku mbutuhake kabegjan lan kaslametan apa ora?”

        “Lha nek wong urip neng donya kuwi tak kira kabeh nadyan ora ditari lan ora ditakoni, nek karo sing jenenge kabegjan lan kaslametan ya mesthi mbutuhake ta Ki Sumber?” kula nyela rembag udhu pamanggih “aja maneh kok wong sing isih urip, jeneh wong sing wis mati wae, isih disuwunake slamet lan begja kanthi cara dislameti wiwit asur tanah nganti sewu dinane ngana kae lho?”

        “Sepisan maneh, ndika bisa lan kena duwe panemu ngono kuwi Ki Jambon” Bebau Sumber suka wangsulan kalihan mesem lajeng taken malih “dadi ndika ya isih mbutuhake kabegjan lan kaslametan kuwi apa?”

        “nDika kuwi piye ta Ki Sumber?” wangsulan kula kalih radi anyel “aku mau rak wis kandha yen kabeh wong urip kuwi mesthi butuh kabegjan lan kaslametan, kamangka aku iki isih urip? Nek aku kandha ora butuh begja lan ora butuh slamet lha harak wis wingi-wingi aku nglalu ngendhat neng pang trembesi wetan latar kuwi rak ya mati?”.

        “He… he… he… “ kula ungeli makaten menika kala wau Baune Sumber malah gumujeng lajeng wicanten “aja muring dhisik ta Ki Jambon, merga rembugku mau isih ana sambunge he … he … he…”

        “Jeneh ndika kuwi nek guneman ya mung waton muni kok” wangsulan kula radi sareh “wis genah nek aku kandha mangkono mau kok ndadak isih ditakoni butuh kaslametan lan kabegajan apa ora, upama ndika sing ditakoni apa ora malah misuh-misuh hara?”

        “Iya, iya Ki Jambon, ndika pancen bener” Bebau Sumber wangsulan kalihan mesem “anane aku mbaleni olehku takon mangkono mau, jalaran aku krungu kabar sing aneh. Arep ora ngandel marang kabar mau aku ora wani, merga kabar mau sing ngendika Ki Dungkul. Nanging arep percaya aku ya wedi, jalaran sing dikabarake kuwi Ki Lurah Pangapitan.”

        “Ana kabar apa sing magepokan karo Ki Lurah, Ki Sumber?” kula nyela pitaken.

 

(ana candhake)

 

Minggu, 11 Februari 2024

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (41)


 

41.

        Boten dangu sapengkeripun Bebau tiga kala wau, Bebau Krajan dugi. Dening Sukmana inggih lajeng dipun ajak dhateng Pringgitan, manggihi Ki Lurah ingkang taksih lelenggahan ing mriku kalihan Ki Palir.

        “Piye Ki Bau? nDika mau wis diwarah Baune Peleman apa?” Pandangunipun Ki Lurah sasampunipun Bebau Dhukuh Krajan mapan linggih.

        “Inggih Ki Lurah” atur wangsulanipun Bebau Krajan “ingkang sepisan, sedaya Sapukawat sampun kula kengken nindakaken rondha lan ngiteri Dhukuh Krajan kanthi sesidheman. Kaping kalih, ngengingi dalemipun Ki Dungkul lan Ki Dhangkal sarta dalemipun Ki Palir ingkang wiwit sonten ketingal suwung, dumadakan dereng dangu menika dipun purugi dening tiyang tiga, kanthi dhedhemitan. Miturut aturipun Sapukawat ingkang nyumerepi, tiyang tiga kala wau sami mbeta keba, isining keba menapa, Sapukawat kala wau boten mangertos, awit mila kawontenan inggih peteng. Ingkang cetha, keba-keba kalawau sedaya dipun lebetaken ing dalemipun Ki Dungkul, Ki Dhangkal lan Ki Palir liwat kori butulan wingking. Estunipun tiyang tiga kasebat ugi sampun dipun kepung rapet dening para Sapukawat, ewa samanten boten kacepeng, tetiganipun saged ngical tanpa tilas. Namung nilar suwanten sesumbar….”

        “Piye sumbare Ki Bau?” Ki Lurah nyelani aturipun Bebau Krajan kalihan pamundhut pirsa.

        “Salah satunggal saking tiyang tiga menika wicanten sora: -Heh wong Pangapitan, ajaa mung bocah rong puluh sing kaya kowe kabeh, mbok nom-noman sa Pangapitan kabeh kerigna kongkon ngrubut aku wong telu, ora bakal kowe kabeh bisa nyenggol kulitku, bisa nyekel siswa Paguron Nagalanang padha wae bisa nggraji angin. Lan elingna marang wong Pangapitan liyane, aja pisan-pisan ana sing wani nyedhak omahe Ki Dungkul lan Ki Dhangkal apa dene omahe Murid Murtad Palir kae, yen durung serep nyawane -. Makaten sumbaripun tiyang kala wau, Ki Lurah. Samangke kula nyadhong dhawuh menapa ingkang kedah kula lampahi” atur wangsulanipun Bebau Krajan ingkang kasambet nyuwun dhawuh.

        “Saiki ngene wae, Baune” Ki Lurah lajeng paring dhawuh “para nom-noman ndika dhawuhi ngendhoni nggone padha rondha, murih bisa nglerenake raga lan pikirane. Miturut pamawasku, bengi iki ora bakal ana bebaya maneh sing arep nekani Pangapitan, nadyanta mangkono aja ninggal kaprayitnaning batin.”

        “Inggih Ki Lurah, ngestokaken dhawuh” atur wangsulanipun Bebau Krajan ingkang lajeng medal nilaraken Pringgitan.

        “Tak kira awakmu ya kudu tumuli leren dhisik, Dhi” dhawuhipun Ki Lurah dhateng Ki Palir sasampunipun Bebau Krajan medal.

        “Mangke rumiyin Kakang” atur wangsulanipun Ki Palir “taksih wonten sakedhik prakawis ingkang badhe kula suwunaken pirsa.”

        “Prekara apa kuwi?” Ki Lurah paring pandangu.

        “Prakawis isinipun keba ingkang dipun seleh ing griya kula menapa dene ingkang wonten griyanipun Kakang Dhangkal lan Kakang Dungkul” atur wangsulanipun Ki Palir “mireng cariyosipun Ki Bau Krajan kala wau, kok dumadakan kula kepengin sanget nuweni griya, ningali menapa isinipun keba ingkang dipun seleh dening tiyang-tiyang Paguron Nagalanang menika.”

        “Sabar dhisik Dhi” Ki Lurah paring wangsulan “aku dhewe ora ngerti isine keba sing dikandhakne Baune Krajan mau apa. Nanging nek nitik sing dikandhakne ing sumbare wong Paguron Nagalanang marang para Sapukawat mau, sajake isine barang sing mbebayani tumrap keslametane wong. Mula becike aja saiki nek awakmu kepengin niliki omah, sesuk wae nek wayah padhang, dadi bisa nyawang kanthi cetha. Sarta aja dhewekan kudu ana sing ngancani. Lha apa Si Adhi wis bisa ngira-ira apa isine keba sing dikandhakne Baune Krajan mau?”

        “Kula inggih dereng saged nginten-nginten Kakang” aturipun Ki Palir.

        “Yen pancen mangkono, becik kaya sing tak kandhakne mau wae Dhi” Ki Lurah paring dhawuh malih “karo maneh, aku uga duwe pangira liya. Ya iku anggone omahmu diselehi keba sing embuh apa isine kuwi, mung arep dienggo mancing Si Adhi supaya ngaton. Awit ora mokal yen Dungkul karo Dhangkal lan wong-wong Paguron Nagalanang, nyimpen rasa sujana marang Si Adhi lan dianggep wis mbalela marang Paguron Nagalanang luwih-luwih kanthi anane kedadean mlayune garwamu sing kepethuk ana alas lan mbok ajak bali menyang Pangapitan wingi kuwi. Mesthine wong-wong kuwi banjur nggoleki Si Adhi, nanging nyatane teka seprene durung ana sing ngerti yen si Adhi wis bali ing Pangapitan, mula becike sesuk aja awakmu sing niliki omahmu, luwih becik Sukmana utawa aku dhewe.”

        “Nanging badhea kados menapa, boten sande tiyang-tiyang menika mesthi badhe sumerep menawi kula mapan ing dalem Kalurahan kempal kalihan jengandika Kakang” Ki Palir matur malih “malah estunipun kula badhe madosi Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal, badhe kula taker wareg awit sampun tumindak nasar ing Pangapitan sasampunipun jengandika paringi pitulungan lan jengandika dhaken minangka kadang pribadi.”

        “Iya Dhi, aku ora maido gumronjal ing sajeroning atimu, sing nuwuhake ucapmu kang kaya mangkono kuwi” kalihan suwanten ingkang sareh, Ki Lurah paring wangsulan “nanging sepisan maneh tak kandhakne, aja dhemen grusa-grusu lan aja kesusu, sabab kesusu kuwi adhakane banjur kebat kliwat, kena disanepakne kaya wong ngiseni kendhi saka timba, yen kesusu olehe ngiseni banyu satimba kutah kabeh kendhine panggah kothong. Nanging si Adhi aja kuwatir, sanadyan kudu panggah ngugemi pangati-ati, prekara antarane awake dhewe karo Dungkul lan Dhangkal iki pancen kudu tumuli dirampungake. Becike saiki awake dhewe ngedhem ati lan nalar luwih dhisik, sarana ngaso lan ndedonga marang Gusti murih kaparingan pepadhang. mBok menawa sesuk esuk awake dhewe wis oleh dalan kanggo ngrampungake prekara iki.”

        Rampung anggenipun ngendika makaten menika, Ki Lurah nunten jumeneng lan tanpa ngentosi wangsulan saking Ki Palir lajeng nilaraken Pringgitan.  Sukmana inggih lajeng ngadeg lan wicanten dhateng Ki Palir :

        “Mangga ngaso rumiyin Paman”

        “Mangga Ngger” wangsulanipun Ki Palir kalihan ngadeg lajeng mlampah mlebet dhateng dalem wingking.

        Sanaosa Sukmana ngajak ngaso, nanging piyambakipun boten lajeng mlebet dhateng senthong patilemanipun. Nanging nyelakaken dhateng regol ngajeng murugi para Sapukawat ingkang nembe jagi ing regol. Ketingal ingkang nindakaken jagi wonten tiyang sedasa. Ingkang kalih ngadeg kanthi siyaga dedamel tumbak, ing ngajeng sisih kanan lan keringing regol, ingkang kalih linggih ing lincak sangajenging regol, ingkang setunggal mlampah wira-wiri kalihan nyepengi pedhangipun ing sakupenging regol. Dene ingkang gangsal nembe ngaso kanthi ngglethak ing lincak.

        “Wonten dhawuh saking Ki Lurah ta Gus Sukmana?” Sapukawat ingkang linggih ing lincak mapag Sukmana kalihan pitakenan.

        “Ora Kakang” wangsulanipun Sukmana kalih mesem, kalajengaken pitaken “piye rak ya ora ana apa-apa ta?”

        “Pikantuk berkah saha pangestunipun Ki Lurah, boten wonten menapa-menapa Gus” wangsulanipun Sapukawat kala wau, kalihan mapan linggih malih “namung kala wau sapengkeripun Ki Bau, ing radosan ngajeng wonten segawon ingkang ketingalipun radi nyalawadi kados segawon siluman….”

        “Asu sing nyalawadi?” Sukmana nyela rembag kalihan pitaken.

        “Inggih Adhi” ingkang wangsulan gentos Sapukawat setunggalipun “segawon ajak ulesipun pethak radi ageng, boten kasumerepan sangkanipun ngertos-ngertos sampun linggih ing tengah margi, majeng dhateng regol kados-kados nembe nguwasi tiyang ingkang nembe rondha menika.”

        “Lha banjur lungane kepiye?” Sukmana pitaken malih.

        “Dipun gusah dening Jiya wongsal-wangsul boten purun kesah, lajeng kalih Dikun dipun giring kalebetaken krangkeng lan dipun papanaken ing emper griyanipun Ki Taru kilen mriku” wangsulanipun Sapukawat kala wau kalih nuding mangilen, nedahaken papanipun segawon ingkang dipun krangkeng.

        “Ya wis, sesuk esuk nek karo mangkat bali, asune ndika uculi” Sukmana lajeng suka prentah dhateng Sapukawat kala wau “muga-muga mung asu lumrah, dudu asu siluman.”

        “Menawi segawon siluman kados pundi Gus?” Sapukawat ingkang kala wau mapag Sukmana gentos taken.

        “Lha nek asu siluman, saiki mesthi wis ilang, ora ana neng jero krangkeng maneh” wangsulanipun Sukmana kalih gumujeng “coba saiki ndika tiliki, isih apa ora?”

        Sapukawat kala wau lajeng ngadeg, mlampah badhe ningali segawon ingkang dipun krangkeng lan dipun seleh ing empering griya sakilening Kalurahan. Boten watawis dangu sampun wangsul malih dhateng lincak papanipun Sukmana linggih.

        “Taksih kok Gus, nembe tilem nglepus” kalih mapan linggih Sapukawat menika wicanten dhateng Sukmana “kersanipun, benjing kula betane wangsul, ajeng kula ingah, tiyang ulese pethak mulus, kula remen.”

        Sukmana boten wangsulan, namung mesem kemawon.

 

 

(ana candhake)

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...