Total Tayangan Halaman

Minggu, 16 Mei 2021

ABANG-ABANG KEMBANG KERTAS (11)

dening : immir


11.

Saiki Darmun rumangsa ewuh oya nggone arep mangsuli WA ne Dhita. Nek diwangsuli mengko Dhita dadi kegedhen rumangsa, nek ora diwangsuli mengko bisa-bisa dheweke diarani wong sombong lan angkuh, lan kanyatane Darmun ya butuh. Ora butuh marang Dhita, nanging butuh arep melu Kejar Paket C. Malah wekasane Darmun ya ngguyu awake dhewe, rumangsa wis kegedhen rumangsan, wong satemene Dhita kuwi duwe rasa sir utawa ora marang dheweke Darmun ya ora weruh, wong Darmun dhewe durung tau krungu rembuge Dhita sing nelakake yen seneng marang dheweke. Suwe Darmun mesam-mesem dhewekan, karo mikir carane mbalesi WA sing dikirim Dhita kuwi mau.


"Lho kowe mau wis teka ta Le?" ora ngerti tekane, weruh-weruh Simboke wis lungguh neng Kursi sandhinge karo takon.


"O alaah mBok ta? kaget aku" Ora semaur apa mesthine Darmun malah nelakne rasa kagete.


"Mulane nek dhong nyekel Ha Pe ki, aja mentheleng terus nganti eneng wong teka barang ya ora weruh" wangsulane mBok Tumin ya simboke Darmun diterusne karo takon "olehmu teka mau apa wis suwe?".


"He-eh, durung kok mBok" wangsulane Darmun karo nyelehne hape ne neng meja ngarepe "Lha mBok mau saka ngendi ta? kok tak ungak neng kamar gak eneng, neng pawon ya gak eneng ki?"


"Mau aku ki rak tuku Obat Nyamuk neng warunge mBak Yah kono" mBok Tumin wangsulan nyritakne olehe wis metu saka omah "terus pethuk Bulik Narsi, aku dipeksa-peksa dijak mampir nyang omahe. Oh, iya dhek esuk enek sing nggoleki awakmu lho Mun".


"Simbok mampir nyang omahe Bulik Narsi ? . Lha sing nggoleki aku dhek esuk sapa? Pa gak ngerti nek aku iki nek esuk tekan awan ngudang doran neng sawahe uwong?" Darmun takon.


"Anu jare kancamu Cah Lor Nggawan" wangsulane mBok Tumin.


"Adoh temen? sapa kuwi? Apa kanca sekolah biyen? merga biyen kancaku sekolah sing omahe lor Bengawan ki ya akeh" Darmun nerusne olehe takon.


"Jenenge Dhita Rahayu, bocahe ayu tur grapyak semanak, tregal-tregel nggemesne. malah ngancani aku nyang Pawon barang. Nanging bareng olehku olah-olah wis rampung malah pamitan mulih. Bocahe ya tak warah nek kowe kerja macul neng Dunggalar ngono, jarene kapan-kapan bocahe arep mrene maneh, terus tak peseni becike nek mrene tak kon sore-sore wae, merga nek esuk nganti awan awakmu ki kerja".


"Dhita Rahayu?" Darmun mlenggong. Hape ne dijupuk WA saka Dhhita bali didelok, diiling-ilingi wektu kirime Jam 15.00. Dadi sadurunge Dhita kirim WA mau wis luwih dhisik mara menyang omah lan ketemu simboke.


"He eh" mBok Tumin semaur "bocah kok olehe ayu kaya ngana, tregal-tregel nyenengne ati, malah olehe grapyak ya ora karuwan, wong nek nyeluk aku ki ya mBak-mBok kaya nyang simboke dhewe, lha kowe kuwi lho Dar, duwe kanca kaya ngana kok ora tau ngomongi mBokmu?".


Darmun dadi blangkemen krungu omongane simboke sing kaya ngono kuwi. Sajake Simboke wis kadhung kasengsem marang solah bawa lan slagane Dhita. Gawat, ngono batine.


"Malah jarene Dhita Rahayu mau, kowe ya wis tepung apik karo Pake-cilik sing saiki dadi Kamituwa barang? Ngono lho, andene mBok ne malah ora tau dijak omong ki piye?". mBok Tumin kaya nutuh marang anake. 


Darmun dadi sansaya judheg olehe arep wangsulan.


"He eh mBok, bocah kae kelase priyayi saka kulawarga sugih mblegedhu" Darmun wiwit nyauri.


"Senajan Priyayia, Senajan sugiha, wong nyatane bocahe ya apik ngono lho, ora dhemen ngremehne liyan, karo Simbok ya ngajeni banget, malah ya gelem ngrewangi Simbok neng pawon, tandange ya cag-ceg trengginas lan trampil. Dadi uwong kuwi aja seneng nggebyah uyah, bangsa priyayi jaman saiki kuwi sing pinter srawung lan nguwongne wong ndesa sing ora duwe luwih akeh cacahe tinimbang priyayi sing kemlanda-landa kaya jaman biyen" mBok Tumin wiwit nuturi anake lanang. 


Sing dituturi kentekan apalan kanggo mbantah.


"He-eh mBok" blekak-blekuk Darmun wangsulan "nanging anu.........."


"Anu piye?" mBok Tumin nugel mrembuge Darmun sing mandheg neng tembung anu.


"Anu, Dhita kae wis Randha.......".


"Simbok ya wis ngerti, wong bocahe mau ya kober crita nek olehe omah-omah kapeksa bubar, bocahe ngrumangsani nek biyen olehe omah-omah karo tilasane kuwi mung merga keblithuk gebyar, nuruti hawa seneng sing ora dinalar dawa, oleh-olehane ya banjur bubar. Wong Dhita Rahayu ya gemang nek digawe lara ati, kanthi sesidheman tilasane kuwi isih nerusake anggone senengan karo pacare sing biyen. Mula sadurunge kebacut-bacut Dhita njur ngajokne Pasah nyang nggone Hakim Agama, ndelalah Pak Hakime ya ngerti apa sing wis kedaden, mula ora nganti telung sasi pasahe Dhita ya banjur ditampa lan dikabulake".


Darmun sansaya rumangsa kangelan olehe arep nyritakne sapa sejatine Dhita kuwi. Lan nek dhek mau dheweke kober rumangsa kegedhen rumangsan, saiki malah simboke sing sajak wis kemecer selak kepengin ngepek mantu Dhita. Ah, isih ana sing bisa diseselne ngge mbantah kandhane simboke, ngono batine.


"Mau Dhita kudhungan jilbab rapet ya mBok?" Dimun arep nggunakne jurus serangane. Merga Dimun tau krungu, nek simboke kuwi paling sengit nek weruh wong wedok sing rambute disemir abang utawa coklat. Jarene wong wedok sing rambute disemir kuwi padha karo wong sing ora duwe rasa tarima kasih marang Gusti Allah, wis diparingi rupa rambut sing becik malah diubrah-ubrah saksenenge dhewe.


"He-eh, rapet tur jilbabe gedhe kaya jilbabe wong Pondhok Kathikan ngana kae" Simboke wangsulan.


"Simbok takon pa gak Nyang apa Dhita kok Kudhungan ngono kuwi?" Darmun takon karo mesem, atine nyicil seneng.


"Ora" wangsulane Simboke "lha wong bocahe crita dhewe kok".


"Crita piye mBok?"


"Jare pacare bojone kuwi rambute dicet abang kaya rambut jaran, ning jare bojone rambut dicet abang ngono kuwi nambahi ayu. Mula ben bojone luwih trisna menyang dheweke, sadurunge pegatan kae Dhita nyemir rambute nganggo semir sing rupane kaya rambut jagung. Pamrihe si Dhita supaya bojone bisa nglalekne pacare lan luwih tresna marang dheweke, nanging pranyata pambudidayane Dhita ngono kuwi gagar. Wis direwangi nyemir rambut sing sak jane dheweke luwih seneng rupa rambut asline sing ireng, nanging bojone panggah wae isih mbacut olehe senengan karo tilas pacare. Mula getune si Dhita kepati-pati, kanggo nutupi rasa getun merga wis ngowahi rupa rambute, sirahe banjur ditutup rapet nganggo jilbab gedhe ngono kuwi".


Krungu wangsulan lan critane Simboke ngono kuwi mau, Darmun dadi lemes. Najan mung sedhela kepethuk, pranyata Dhita wis bisa nelukne atine mBok Tumin dadi kasengsem marang dheweke. Lan kanggo ngowahi gambarane mBok Tumin marang Dhita sing ngono kuwi, genah nek ora gampang. mButuhne kesabaran, ketlatenan lan bukti yen mBok Tumin wis kleru anggone aweh pambiji marang Dhita Rahayu sing rumangsane babar pisan ora duwe cacad ngono kuwi.


Ana candhake, 

ABANG-ABANG KEMBANG KERTAS (10)

 dening : immir


10.

Ngarepne surup Darmun wis tekan omah, atine dadi rada ora kepenak, adate sakwayah-wayah dheweke teka Simboke mesthi mapagne, nanging sore iki ora. Malah sajake wonge ora ana omah. Kamar lawange simboke dibukak, suwung. Banjur bablas menyang pawon, simboke panggah ora ketemu. Darmun lingak-linguk, banjur menyang jedhing mbok menawa simboke neng kono, lawang jedhing bukakan, simboke ya ora ana. Darmun bali mlebu omah, terus mapan lungguh kursi ngadhep meja. Ngrogoh sak ndelok ha-pe ne, ana pesen mlebu ing aplikasi WhatsApp cacah telu, banjur wiwit diwaca siji-siji.


Sing dhisik dhewe WA saka Juragan Pardi : "Kang Darmun,  mergawe neng ngendi? Suk Rebo wiwit ngrewangi aku mopok karo ngebyaki singkalan traktor, sawah kulon omah, bisa? Selasa lagi arep ditraktor Lempok".


Darmun meneng sedhela, gaweyan neng nggone Darma Sagi wis rampung, lan durung ana wong ngongkon maneh. Iki mau dinane Senen, dadi nek nyanggupi pakone Juragan Pardi sesuk bisa leren sedina. Mula banjur ngetik neng hapene aweh wangsulan :


"Saged Pak, tiyang niki wau mredamel nggene Pakdhe Darma Dunggalar nggih mpun rampung kok".


Kapinujon Juragan Pardi lagi online, mula banjur mangsuli WA ne Darmun :


"Kebeneran nek ngono, wiwit sesuk wae ngewangana Tamping pisan".


Alhamdulillah ora sida leren, batine Darmun. 


"Nggih Pak" wangsulane liwat WA.


Banjur genti mbukak WA sing nomer loro, saka Danang, kanca sekolahe neng SMP, sing saiki dadi Polisi neng Tulungagung : 


"Assalamu'alaikum, piye kabare Sekarputih Mun? Suwe awake dhewe ora ketemu ya? jane aku kangen, kepengin guyon karo jagongan kaya jaman semana he he he"


Darmun mesem, Danang kuwi pancen kanca kenthel jaman semanane, anake wong sugih mblegedhu omahe ya Kedunggalar, nanging ora gumedhe seneng nulung kancane sing lagi mbutuhake. Jaman sekolah biyen, kerep wae Darmun dijajakne, malah sing marahi Darmun bisa numpak pit montor ki ya Danang iki. Sawise pisah saka SMP, Darmun leren ora sekolah, Danang nerusne Sekolah nyang Madiun. Bareng wis dadi Polisi, sikepe Danang panggah ora owah. Yen wektu cuti utawa pas bali nyang Kedunggalar, ajeg mampir Sekarputih. Darmun uga nganggep yen Danang iki dudu mung mandheg neng kanca, nanging wis dadi sedulur, merga wiwit latihan nganti tekan disyahne dadi Warga Persaudaraan SH Terate, Darmun lan Danang tansah bebarengan. Darmun ya kelingan, pas arep syah-syahan biyen dheweke ora duwe apa-apa kanggo golek uba rampene, kajaba Jago Wiring Kuning sing diingu wiwit cilik, kabeh uba rampene syah-syahan dicukupi dening Danang.


Karo mesem dhewe, Darmun banjur nulis wangsulan :

"Waalaikumussalam, Kabar Sekarputih tekan Dunggalar aman dan terkendhali Guys. Ya padha aku ya wis kangen banget, nanging ya arep piye maneh? Ketoke Covid-19 ya durung gelem minggat ngene, dadi ya sing sabar dhisik. Muga-muga Corona ndang ilang, tetap laksanakan 5 M, he he he".


Pesen wis kekirim, kuciwa Danang ora online, centhange wis loro, nanging durung biru.


Pesen sing nomer telu saka Dhita, Randha teles ponakane Kamituwa Endra. Maune Darmun aras-arasen arep mbukak WA saka Dhita iki, merga ana tengara yen Dhita kuwi kepengin luwih raket karo dheweke, kamangka miturut panemune Darmun dheweke akeh ora cocoge nek raket-raket karo Ponakane Kamituwa sing kabare duwe simpenan neng Bank pirang-pirang Milyar kuwi. Pancen Dhita kuwi klebu bocah wedok sing gaul banget, omah-omah durung nganti genep setahun wis ngajokne gugat cerai neng Pengadilan Agama. Seneng dolan lan ora pati njawa gaweyan, rambute sing dawa dicet abang, kaya rambut jaran. Sak jane bocahe klebu ayu, pakulitane kuning tur resik, pawakane ora kuru ya ora lemu, singset, bocahe ya ketok energik. Nanging merga sing jarene Darmun Dhita kuwi cewek kebacut modern milenial, Darmun dadi wedi yen nganti cedhak-cedhak bocah ngono kuwi, pawadane klasik : ngrumangsani nek mung kelase buruh tani.

Sawuse sauntara dinengne, wekasan WA saka Dhita ya dibukak :


"Assalamu'alaikum Mas Darmun, aku mau ketemu Pak Parwita Dikbud, jare neng Kedunggalar arep dibukak Kejar Paket C. Jare dhek emben Panjenengan rasan-rasan kepengin melu Kejar Paket C ? Piye upama tak dhaftarne pisan bareng aku?".


Darmun kelingan, jaman arep Pemilu tahun 2019 kae, dheweke nate ketemu Kamituwa Endra. Darmun ditawani supaya gelem dadi caleg saka salah sijine Partai Politik sing duwe dhana akeh, sing gelem lan kepilih dadi caleg-e Partai mau arep diwenehi dhuwit sing lumayan akeh.


"Iki dienggo athuk apleng wae Mas Darmun" kandhane Kamituwa Endra nalika samana "ora dadi ya ora masalah, sing penting wis oleh dhuwit. Luwih-luwih nek ana begjane awak, ndelalah Mas Darmun oleh suwara sing akeh, terus dadi anggota Dewan rak ya malah apik? Apik tumrap panguripane sampean dhewe, ya apik tumrape masyarakat, awit angel lho golek anggota dewan ki sing jujur lan gelem mikirne rakyate".


"Walaah, lha wong tukang macul kok ditawani kados ngoten ta Pak Wa? sing pinter-pinter mawon turah-turah lha kok Panjenengan niku nawani kula?" wangsulane Darmun.


"Uwis ta, aja ndadak nganggo alasan neka-neka, sing baku sampean saguh ngono wae, mengko kabeh persyaratane dibantu karo DPC" Kamituwa Endra ndheseg supaya Darmun gelem dicalegne.


"Upami saged kula niku nggih puran-puruna mawon Pak Kasun" Darmun wangsulan alus "kula nggih percados, Pak Wa niku seneng lan sae kalih kula wiwit siyen, dados mokal nek ajeng njlomprongne kula. Nanging ajeng pripun melih? kula niki boten gadhah Ijazah SMA. Sekolah kula mandheg lulus SMP thok. Dados nggih boten saged nyaleg, lha wong ajeng ndhaftar dados Bayan napa Uceng mawon, kula niki nggih boten saged, merga nggih niku wau, boten gadhah ijazah". 


Kamituwa Endra meneng sedhela, banjur kandhane :


"Oo jebule ngono ta? gampang sampean melu Paket C wae, ben entuk Ijazah Setingkat SMA".


"Lha nek sak niki nggih mpun boten nutut no Pak Wa? wong sinau teng Kejar Paket C niku nggih mbetahne wekdal paling boten nggih tigang tahun".


"Ya ora kanggo saiki, kanggo mbesuk Pemilu suk embene, utawa bisa uga keneng sampean gawe ndaftarne nek eneng lowongan perangkat" 


Kamituwa Endra aweh tutur.


"Nggih, nek enten bukakan Kejar Paket C kula tak ndhaftarne" wangsulane Darmun ngenaki rembug.


Ya awit rembugane karo Kamituwa Endra jaman semana kuwi sajake sing ndadekne saiki Dhita nawani Darmun supaya melu mlebu ing Kejar Paket C. 


Satemene Darmun dhewe sing ngrumangsani mung tamatan SMP mbutuhake tambahan ngilmu sing ora sethithik kanggo sangu urip ing masyarakat. Luwih-luwih jamane sansaya seser ubenge, sansaya banter playune. Yen dheweke ora ngudi supaya tambah kawruhe tan wurunga bakal kagiles dening rodhaning jaman, bakal kasingsal ditinggal playuning kahanan. 


Gawanggawang ing angen-angene, biyen nalika jaman sekolah tau nampa wejangan saka Pak Istijono, gurune. Sing aweh pituduh :


"Urip neng ngalam donya iki prasasat mlaku neng tengah ratan gedhe, mandheg ateges mati, alon bakal digiles liyane, mung sing kebat lan cukat sing bisa tekan enggon sing dituju".


Ana Candhake.

ABANG-ABANG KEMBANG KERTAS (9)

 dening : immir

9.


Saka buntaran Darma Sagi keplok-keplok nganggo tangan. Darmun gageyan noleh, merga ngira nek olehe Pakdhene Keplok-keplok kuwi nyeluk dheweke. Lan tenan, Darma Sagi ngangkat tangane aweh sasmita yen kirimane wis teka. Wis wayahe sing padha nyambut gawe leren sarapan. Darmun manthuk, banjur wisuh. Bar kuwi banjur ngomongi Yung Warti :


"Sarapane mpun dugi Yung, leren riyin".


"Iya dhisika, adate nggone Lik Darma ki nggawe bancakan, ingkunge wutuh digawa saka omah. Kana ndhisika ingkunge pothengana pisan" wangsulane Yung Warti karo nerusne tandur, nanging sedhela wae ya terus mentas, mlaku mengisor marani kanca-kancane, banjur diomongi supaya padha leren dhisik.


Karo mlaku Yung Warti kober nggagas anggone lagi wae omong-omongan karo Darmun mau. Neng angen-angene Babok Tandur sing wis rada akeh umure kuwi, ketoke upama Darmun gelem lan Iroh mathuk, bocah loro kuwi cocog upama dijodhokne. Iroh bocahe ayu lan Darmun ya bagus. Kekarone padha sregepe, padha pethele nyambut gawe. Mungguhe Yung Warti saupama bisa dadi Dhandhan lan kasil njodhokne bocah loro sing padha dene nduweni kaluwihan kuwi, padha wae nindakne kutamaning urip. Wis akeh Yung Warti kasil njodhok-njodhokne tangga teparone lan wekasane dadi kulawarga sing uripe tentrem, lestari ora pisahan nganti tuwa. Mula mengko Darmun arep ditakoni sepisan maneh, kepiye upama dijodhokne karo Iroh. Lha nek wis oleh jawaban sing sajake mathuk, lagi Iroh ditakoni, bar kuwi lagi nemoni Pak Bagong, ngabarne nek sajake ana wong lanang sing ngayunake anake wedok.


"Mentas dhisik Caaaaa......." Yung Warti mbengoki kanca-kancane "kirimane wis teka, ayo ndang padha sarapan selak maah-e kumat mengko".


"Nggiiiiiiih....... " sing padha lagi tandur wangsulan saur manuk .


"Kemajuan, Yung-e saiki ngerti Maah barang" Yu Katemi nylebung dhewe.


"Lha ya, ya?" Yu Sepi nyauri "kamangka Maah wonge neng nJakarta".


Sing padha krungu padhya ngguyu. Yu Saikem nyahut :

"Gek neng nJakarta Maah kumat apane neh? wong bocahe neng kana keceh dhuwit ora kurang enthong ora kurang irus?".


"Kumat samurate, merga kakehan mangan enak" Yu Sireng sing wiwit mau meneng melu urun rembug guyonan.


"Wis, gak sah geger" Yung Warti semaur saka dhuwur galengan "ndang padha mentas, kirimane selak didhisiki semut geni mengko".


Wong-wong ya banjur padha mentas lan wisuh neng kalen buwangan banyu.


Sarapan neng sawah kuwi pancen krasa luwih enak lan luwih seger. Kajaba dhasar wetenge wis padha krasa ngelih, uga merga kancane akeh. Sarapan sega kulub sambel klapa dilalapi lempeng goreng, rasane bisa ngalah-ngalahne panganan mewah weton restoran gedhe. Darmun mubeng dundum cuwilan ingkung. Dening sing didumi cuwilan iwak pitik kuwi ora padha dipangan, nanging disisihne, banjur diwor brekat sing arep digawa mulih. Racak-racak wong-wong kuwi padhya kelingan anak utawa batihe sing ana omah. Darmun dhewe kebagean brutu,sirah tanpa gulu, karo ceker loro tanpa pupu, banjur dienggo lawuh sarapan.


"Bedane wong wedok karo wong lanang ki ngene iki lho!" karo muluk segane Darmun ngomong.


"Bedane apa Pak Lik?" Yu Saikem nyauti omongan karo takon.


"Nek wong wedok oleh bageyan iwak sethithik mesthi ora dipangan dhewe, ning digawa mulih ngge anake. Beda karo wong lanang, oleh bageyan sepira-pira ya diulu dhewe, kaya aku ngene iki" wangsulane Darmun sadurunge ngemplok segane.


"Ya ora peh ngono dhing" Yu Sini nyauri omongane Darmun "wong lanang nek kondangan ngana kae, brekate ya digawa mulih kabeh kok".


"Alaaah, Kang Darmun bisa ngomong ngono kuwi merga rak durung ana sing ngarep-arep brekate" Yu Saikem mbumboni rembug "Nyatane Pakne Dodik ki saiki saben mulih saka basan ndhaut ajeg brekate digawa mulih".


"Njajal neh, suk emben nek wis duwe bojo, Kang Darmun kolu pa gak karo bojone?" Yu Sireng melu ngruyuk.


Rumangsa dikruyuk wong wedok pirang-pirang Darmun mung bisa cengar-cengir, ora wangsulan.


"Mulane ta Kang, ndang rabi ben enek sing digawakne brekat" Yu Warni nuturi.


"Ya suk emben Yu, aku tak rabi" Darmun wangsulan karo mesem.


"Suk emben kapan? selak kiyamat ora sida weruh rasane wong duwe bojo mengko" Yu Warni semaur.


"Ya suk emben nekwis eneng sing ngarepi, he he he......" Darmun ngguyu.


Karo sarapan lan ngomong ngono kuwi, bola-bali Darmun karo nglirik Iroh, sing ndadekne Darmun luwih kepencut. Iroh nyata ayu tenan, wis ayu manis tur ya ora kemayu, sapolahe ketok luwes, wong lagi yen mangan wae ya ketok nek njaga tata trapsilane. Kuciwa sing dilirik ora ngerti, dadi ya ora weruh nek ana jejaka sing ngunandika jroning atine : mendah mareme upama bisa mengku dheweke.


Iroh malah kelingan karo adhine sing ragil, sing saiki digawa pak cilike, disekolahne neng SD kutha kon ngancani anake pak cilike. Catur Prakosa sing ora tau ngrasakne panganan sing digawa saka anggone buruh tandur, Catur bocah sing bagus tur duwe utek sing encer, ketitik saka sekolahe sing ajeg kecathet dadi bocah pinter dhewe ing kelase.


"Ah, Catur oraa melu mangan brekate mBak, ning neng nggone Bulik mesthyi luwih kopen samubarange" Iroh mupus dhewe.


Bubar olehe padha sarapan, ora suwe kabeh bali nyemplung kedhokan, nyandhak gaweyane dhewe-dhewe. Darmun nambahi tempahan kanggo wong-wong sing tandur nganti mengisor oleh patang kedhok. Banjur karo mlaku munggah nyang arah tulakan dikoberne pamit :


"Nek maju pa mundur sethithik sing sabar nggih Yu, kula tak minggah nempahi angsale nanemi sepingan".


"Ya Kang, ndang ngancani Yung Warti kana" Yu Sireng sing nyauri "sing sabar nek ngladeni Yung-e, nek wonge mengko kalegan atine sampean rak direwang-rewangi golek bojo sing ayu tur sregep".


Karepe Yu Sireng muni ngono kuwi jane ya mung geguyonan. Nanging mungguhe Darmun, kuwi minangka sasmita saka Sing Kuwasa, sing wis kepareng ngobahne lambene Yu Sireng.


"Beres Yu" Darmun wangsulan karo ngempet guyu.


Sauntara iku mbaleni crita sing dhek wingi, tekan omah lan ngaturake kabeh sing perlu diaturake marang Bapak lan Ibune, gegayutan karo anggone diutus niliki sawah lan nemoni Pak Kandar, bengine Setya merlokne nemoni Ibune kanthi mirunggan.


"Ana apa ta Bas sajak arep ana sing kok aturke Ibu Ki?" Bu Muh ndangu putrane sing nadyan wis suntara lungguh neng cedhake nanging ora kawetu-wetu omongane.


"Inggih Bu, namung badhe matur yen Bas badhe shalat Istikharah rumiyin" wangsulane Setya alon.


"Lho, kok arep istikharah ki ana apa ta Bas?" Bu Muh takon karo mesem. Ing atine tuwuh rasa seneng, sajake anake lagi wae ketemu bocah wedok sing narik kawigatene. 


"Inggih Bu, Bas kala wingi kepanggih lare Dunggalar, ingkang radi benten kaliyan lare - lare sanesipun" Setya wangsulan.


"Alhamdulillah" ora krasa Bu Muh muji syukur nyang Pangeran "bocah wedok ta? syukur ta nek ngono, Cah Dunggalar, jenenge sapa? putrane sapa?"


"Mangke mawon Bu nek Bas sampun istikharah tak matur Ibu sing komplit, sak niki Bas nyuwun pangestu mugi-mugi pilihane Bas boten klentu".


ana candhake.

Sabtu, 15 Mei 2021

ABANGT-ABANG KEMBANG KERTAS (8)

 dening : immir

8.


Kaya padatan, bubar subuhan Iroh wis lungguh lincak neng emper, nyegat Yu Sireng sing saben dina mesthi ngampiri anggone arep budhal tandur. Pancen sarapan kanggo Bapak lan adhi-adhine wis dicawisake  neng babragan pawon. Esuk kuwi olehe tandur neng sawah sinderan garapane Darma Sagi, dadi ora ana sing nggawa pit motor, cukup mlaku wae merga papane ora adoh. Ora suwe lungguhan, Yu Sireng teka sing terus marani papane Iroh lungguhan.


"Rung eneng sing budhal ta Roh?" pitakone Yu Sireng karo melu mapan lungguh neng lincak.


"Durung Lik" wangsulane Iroh "paling lagi padha tangi, wong sawahe cedhak wae dadi ya ora kesusu".


"He eh, iya jane nek budhale esuk ngono, mengko bisa mentas ora awan nemen lho Ya?"


"Sak jane iya, nanging wong kaceke ya ora akeh wae, dadi wong-wong pilih budhal ora mruput".


"Eh, rukuh saka nggone Yu Kandar wingi wis kok jajal Roh? Rukuhku tak anyari pas subuhan mau, apik Roh, seneng aku. Nek Klambi karo sarunge nyang Pake lagi dijajal, klambine rada kegedhen sethithik" Yu Sireng wiwit crita.


"Rukuhku tak wenehne Depi, sarung karo klambine dicoba Bapak jarene pas" wangsulane Iroh.


"Piye Roh? Mas Setya wis kirim WA pa rung? mesthi diterusne telpon, ya ra? ngobrol apa wae Roh? mesthi olehe telepon disuwek-suwekne iya ta?" Yu Sireng ngalihne rembug.


"Ora ki Lik? Ora ana WA ora ana telepon mlebu neng Ha Pe ku liyane saka Grup Tandur kok" Iroh wangsulan karo mesem.


"Aja ngapusi lho Roh, ora apa-apa kok, dadi ora usah isan-isin biasa ngono kuwi, wong aku biyen ya tau dadi wong nom kok".


"Kandhani kok ora percaya lho" Iroh wangsulan karo ngadeg "Kae lho wong-wong wis teka, gemrudug saka wetan kae, ayo ndang budhal!".


Yu Sireng karo Iroh banjur mlaku menyang ratan, ngetutne kanca-kancane budhal menyang sawah.


Tekan sawah, winihe wis akeh sing dadi tempahan. Sing tempah  Darmun bocah saka Sekarputih, isih kaprenah ponakan karo bojone Darma Sagi. Bocahe sregep tur pethel ing samubarang gawe, mula saben wayahe ana gaweyan sawah, Darmun mesthi diceluk dening Darma Sagi , dikongkon ngrewangi nggarap sawahe. Padatan nek ayahan nggone Darma Sagi wis rampung, Darmun mesthi genti dikongkon nyambut gawe nggone wong liyane sing durung rampung garapane. Ngono kuwi merga wong-wong padha ngerti yen nyambut gawene Darmun keneng dijagakne butuh, ora sakepenake seneng angon wektu, butuhe esuk budhal sore mulih. ora. Dadi Darmun kuwi akeh sing seneng, lan ndadekne Darmun ora tau leren, ora nyambut gawe. Biyen Darmun mesthi nginep neng omahe Darma Sagi, nanging sakjege duwe pit motor, Darmun luwih akeh nglaju saka Sekarputih. Sanajan mengkonowa, Darmun ora tau kawanen teka nggon nyambut gawene.


"Kedhokan Sepingan ajeng kula tempahi lho Dhe....." Darmun ngomongi sing lagi padha tandur "Sinten sing ajeng nanemi? Ngga kula tempahane sakniki".


"Aku wae" Yung Warti sing nyauri "tak mrana saiki".


Darmun ora nyauti, terus mlaku menyang tulakan dhuwur, arep nempahi kedhokan sepingan sing ora bisa kejidhar. Yung Warti ya banjur nututi.


"Ketingale sepeken melih bulak mriki mpun tutup tanem danten nggih Yung?" karo nempahi winih Darmun ngajak omong Yung Warti.


"Ketoke ya ngono" wangsulane Yung Warti karo tandur "wong suk Rebo Wage kuwi aku ya wis wiwit kon tandur nyang cedhak omahmu kana".


"O enggih Yung ? Sing mBoregi tesih Lik Yono?"


"Isih, lha arep sapa maneh? nanging jare wong-wong mengko nora diangkut nganggo truck, arep ditumpakne Colt Ikrak, jarene Mas Yono nggenteni Colte Ikrak-e wong Kawis" wangsulane Yung Warti.


"Enggih nggenteni gadhahane Yunus Banyumeneng sing sakniki njurag gabah teng Kawis".


"Iya"


"Mengke rombongane Yunge tumut danten Yung?" Darmun takon.


"Iya neh, tambah Sinem sing saiki melu rombongane Yu Timah, suda Iroh sing ora gelem mulih bengi-bengi" wangsulane Yung Warti.


"Iroh niku sing pundi ta Yung, tiyange? kok kula kadose dereng nate wanuh?" Darmun takon maneh.


"Kae lho sing mau jejer Sireng, clanane biru, kudhunge ya biru. Kuwi pancen lagi melu tandur tahun iki, wong maune isih sekolah" Yung Warti nggenahne.


"Ooooo, lare sing ayu nika wau ta? Eman.........". 


"Iya, ngapa thik eman?" Yung Warti genti takon.


"nGGih eman mawon, upama Iroh tumut sing tempah dadi mundhak sregep" wangsulane Darmun karo ngguyu "Panase srengenge malih dados kaya padhang mbulan".

Yung Warti melu ngguyu krungu wangsulane Darmun sing bares kuwi. 


"Marahi Iroh ki durung tau tandur mbara kaya liyane, sok-sok bar ngisak lagi tekan omah, dadi bocahe wawang, mula pilih ora melu rombonganku" kandhane Yung Warti sabanjure.


"Iroh nika dereng gadhah semah nggih Yung?" Darmun takon sajak serius.


"Durung" wangsulane Yung Warti "isih prawan thing-thing kae, wong lagi wae lulus sekolah nyang Ngawi kok. Padha karo awakmu, padha olehe durung duwe bojo".


Darmun mesem, pancen wiwit weruh Iroh pisanan mau, atine Darmun ana rasa seneng lan tansah kepengin nyawang bocah tandur sing sajake anyaran kuwi. Darmun cepet ngerti, nek tenane dheweke wiwit kepencut marang bocah wadon sing rupane ayu kuwi. Saka rumangsane Darmun, wiwit teka terus nyemplung neng kedhokan tandur, sing jenenge Iroh kuwi ketok nek bocah sing apik. Pas tempahan neng mburine perlu diundur, ya ora bengak-bengok ngongkon sing tempah supaya ngunduri, pas tempahane butuh maju, si Iroh ora kabotan ngranggeh dhewe tempahan sing ana mburine, beda karo wong tandur liyane sing pilih prentah supaya winihe diajoni. Disawang Darmun, mripate Iroh ya ora jlalatan nyang ngendi-endi, bocah kuwi nyata yen ayu imbuh manis, pawakan lencir, kulite kuning ngemu giring, praupane resik ketok sumunar. Darmun bener-benerkepencut. Semangate Darmun sansaya dhuwur bareng krungu omonge Yung Warti nek Iroh kuwi isih legan, isih prawan.


Darmun dhewe satemene wis rada kasep yen dibandhingne karo kanca-kancane tunggal desa kono. Umure wis ngancik nem likur tahun, rupane ya ora pati nguciwani. Urip mung karo simboke sing wis randha rada tuwa. Senajan mung rong pathok ya duwe sawah, tinggalan saka jenate Bapakne. Saking pethele bocah, sawahe dhewe cukup digarap dadi samben, yen mulih saka nyambut gawe neng sawahe wong liya, parandene garapan sawahe tansah katon becik lan asile ajeg luwih dhuwur tinimbang sawah kiwa tengene. Dadi bocah nom sing urip neng padesan, Darmun ora katut katut kasempyok tekane budaya anyar sing jarene tekane saka kutha. Ora gelem ubyak-ubyuk kaya bocah nom liyane sing seneng mbraeni pit montore, dinggo kebut-kebutan ora ngerti wayah ngana kae. Ora seneng melu klayaban sing ora genah tujuwane. Ora kasengsem ambyok ing jagad maya, katrem ing You Tube, Facebook lan sapiturute. Nanging kabeh-kabeh mau mung diliwati klawan sapantese. Sanajan ya tau lungguh cangkrukan neng Warung Angkringan, nanging ya ora dadi panggaotan. Senajan ya seneng Pit Montor nanging ya dijumbuhne klawan kabutuhane. Senajan seneng  tayuban, nanging ya cukup bisa ngumpuli kancane. Ora seneng main apa maneh ngabotohan, nyiriki omben-omben sing marakne awak rusak lan aras-arasen nyambut gawe. Ora doyan ngrokok, sing jarene ora bisa weruh ing ngendi papan enake rokok kuwi mau. Najan mangkonowa, Darmun ora tau alok gething marang kanca-kancane sing dhemen kebut-kebutan, dhemen mendem-mendeman, dhemen ngrokok lan seneng rina wengi cangkrukaan neng warung. Awit Darmun ya ngrumangsani, kawruh lan kapinterane isih cethek ora sabandhing karo kawruh lan kapinterane kanca-kancane. Wong pancen Darmun kuwi mung tamatan SMP.


Ana Candhake.

Jumat, 14 Mei 2021

ABANG-ABANG KEMBANG KERTAS (7)

dening : immir


7.

Awan panas, langite kemu mendhung, Setya Basuki nggelak mobile ngliwati dalan-dalan padesan. Pancen disengaja olehe arep bali menyang Demangan ora liwat dalan gedhe. Beda karo pas budhal mau, mung sedhela wis tekan nggon sing dituju, merga liwat Tol mudhun Ngawi, diterusne liwat dalan aspalan. Baline iki, Setya pilih liwat dalan-dalan desa sing saiki wis akeh sing pavingan. Setya kepengin nyoba ngliwati dalan sing kerep dicritakne Bapakne, yen jarene biyen kerep nek arep nyekar Eyang Buyute sing sumare neng Ngarengan, direwangi numpak pit saka Madiun, liwat dalan-dalan padesan. Pranyata, bener sanadyan kahanane wis beda adoh karo jaman nom-nomane Bapakne, ngliwati dalan desa kuwi pancen ana "seni tersendiri" sing nengsemake. Kajaba ora kudu akeh sesimpangan, nyelip utawa diselip mobil-mobil liyane, sesawangan padesan lan pasawahan bisa nuwuhake rasa ayem sajroning ati. luwih-luwih tumrap Setya sing lagi wae ketaman rasa aneh sing nggremet ing jero dhadhane. Rasa sing nggugah ati lanange tangi, sawuse sawantara wektu sengaja disingkur dening pikir, murih meneng ora obah.


"Ya kudu diadhepi klawan sabar Bas" pituture Ibune telung tahun kepungkur bali dumeling ing angen-angene "pancen wenanging titah kuwi mung tekan ikhtiyar, dene sing kudu dumadi kabeh kudu nurut garising pesthi".


"Inggih Bu" wangsulane Setya wektu kuwi, yaiku sawise bali saka kuburan Cangkring, ngeterne Siti Asih, pacangane. Siti Asih prawan asli Badung, Denpasar sing jeneng asline Ni Made Siti Asih, sing lagi umur rolikur tahun kuwi pinesthi kudu marak ing ngarsane Gusti Allah, kanthi liwat dalan merga kasrempet mobile wong sing lagi mendem Miras, ngepasi Siti Asih numpak sepedha ing ratan cedhak omahe.

Kamangka nalika semana, rembug bocah padha bocah wis dadi, sajroning tahun kuwi bocah loro sing padha dene tresnane kuwi arep miwiti urip bebarengan. Panglamare Pak Muh marang wong tuwane Siti Asih ya wis ditampa klawan senenging ati. Malah wis padha mathuke, nem sasi sawuse lamaran bocah loro kuwi bakal dijodhokne klawan resmi, nut lan tuntunananing agama lan aturane negara. Nanging, kanyatane : siji pesthi, loro jodho, telu wahyu, papat drajat, lima nugraha kuwi kabeh wis tinulis ing layang Jangkaning Jagad, ya Serat Jitabsara kang dadi sengkeraning Gusti, utawa basa liyane wis sinerat ing taqdiring Allah kang kamot ing Lauh Mahfudz.


Sanadyan ing gelar wujud, Setya katon tatag santosa teguh timbul padha padatane. Nanging satemene atine suwek rowak-rawek, kaya dijejuwing. Malah rasaning atine Setya kaya-kaya urip iki wis tanpa ana gunane babar pisan, wong sing wis dadi lesaning katresnane wis ora ana. Tumrap Setya, jagad iki wis kelangan wanita sing bisa nampa katresnane. Mula ora aneh yen Setya banjur milih nyingkur marang kabutuhaning jiwa lanang sing kudune merlokake kawigatening wong wadon. Mung rahayune, wiwit cilik Setya ginulawenthah dening wong tuwane kanthi kebak rasa tresna. Mula playuning katresnane Setya ora banjur anjog mung nuruti hardhaning hawa, ora banjur nyemplung jagad peteng sing tundhone mung ngrusak jiwa lan ragane. Nanging katresnane Setya disuntak lan disebar kanthi dhasar kamanungsan. Lumantar profesine sing dadi guru neng SMA, Setya Basuki kaya-kaya wis ora duwe kabutuhan liya kajaba mung arep nularake ilmu sing didarbeni lan minterake murid-muride. 


Ibune sing satemene ngerti apa sing wis dumadi sajroning jiwane Setya, ngrasakne nelangsa sajroning atine. Bu Muh, sing uga sawijining Guru Senior duwe wawasan sanadyan tata gelar anake lanang kuwi anggone nindakne kuwajiban katon tenanan malah kepara sok luwih saka tenanan, nanging Bu Muh uga weruh yen kuwi ora murni tuwuh saka prenthuling ati suci sing iklas saka anake lanang, nanging luwih dominan tuwuh saka rasa konpensasi. Lan adhakane kang mangkono niku ora bisa langgeng. 


Mula Bu Muh banjur mbudidaya nggolek-nggolekne jodho anake lanang, istingarah bisa mbalekne Setya Basuki marang jatidhirine sing asli. 


Wis ping telu Bu Muh api-api njaluk tulung Setya ngeterake sanja ing omahe guru yunior ing sekolahane Bu Muh. Guru senior sing ayu rupane, alus bebudene, tur duwe jiwa patriotik sajroning nindakne kuwajibane. Bu Muh duwe pangarep-arep supaya anake lanang bisa kegugah ati lanange lan ora nganggep yen wanita sing keneng ditresnani kuwi ora mung Siti Asih thok. Nanging kanyatane, atine Setya panggah adhem, kukuh ora obah, angker kaya tugu waja sinukarta.


"Wis ta Bu" Pak Muh aweh pitutur marang bojone nalika Bu Muh wadul perkarane anake lanang "ati kuwi pancen bisa mobah mosik awit saka karepe sing duwe ati, nanging uga ana kalane mobah mosiking atine kawula iku awit diobahake dening Dzat Sing Wenang Murba lan Masesa atining titah. Dadi mbok manawa wae mengko yen wis teka titi wancine anakmu lanang mesthi bakal bali marang kapribadene dhewe, awit saka sih rahmating Allah. Saiki padha disawang wae, menyang ngendi pangumbaraning atine anakmu lanang, waton anggone dolan ora neng papan sing mbebayani tumrap awake lan bebrayan ya ditogne wae, mengko yen wancine bali harak ya bali dhewe".


Lakuning kendharaan sing digelak Setya wis tekan Desa Tempuran, yaiku ing pinggir rel sepur Dhusun Melikan. Neng ngisore wit Trembesi pinggir ratan sing ngrembuyung godhone, Setya leren. Mobile diendhegne. Ora adoh saka kono katon wong-wong nyambut gawe neng sawah sing ora perduli karo panasing srengenge sing sasat ngobong awake. Setya mesem, ngguyu cubluking pikire sing sasuwene iki duwe gegambaran yen wong-wong tukang tandur, macul kuwi mung wong desa sing cedhak watu adoh ratu, ngertine mung lendhut karo rengkek, kebatan pirantine wong tani. Nanging dina iki mau Setya wis diwelehake dening Gusti Allah, yen pranyata gegambaran sing ana pikirane sasuwene iki kleru. 


Mau, dheweke weruh dhewe ana wong tandur sing yen ing papan liya nduweni kaluwihan sing luwih onjo tinimbang kanca-kancane. Ya, Koiroh aktivis Rohis sing kritiis, pinter dhebat lan bawa rasa. Aktivis Pramuka sing trengginas lan trampil. Koiroh sing kalem, seneng tetulung marang kanca rowange sing mbutuhake. Koiroh sing kulina ora grogi ngadhepi anake wong sugih, ora gumedhe ngadhepi kanca-kanca sing anake wong ora duwe. Koiroh sing praupan, solah bawane, omongane ............ mirip banget karo sawargi Ni Made Siti Asih.


"Hm..............."  ora krasa Setya unjal ambegan, dheweke ora bisa ngendheg lakuning angen-angene, wiwit mau weruh Koiroh sing katon dudu Tukang Tandur modhel KW. Nganti banjur takon-takon menyang Pak Kandar lan Bu Kandar sing gegayutan sapa satemene Koiroh kuwi, nganti takon nokmer hape ne barang. Nganti gawe crita marang Pak lan Bu Kandar yen Perusahaane Bapakne mbutuhne tenaga anyar. Nganti ora bisa diampet anggone kepengin weruh omahe Koiroh lan ngerteni isen-isene.


"Hm............" Setya Basuki mesem dhewe. Mesin mobile diurupne, dheweke kepengin enggal tekan omah. Mobile mbalik, tekan kuburan Melikan menggok nyabrang rel nurut dalan sing ora adoh maneh bakal anjog dalan gedhe tumuju Madiun.


ana candhake.

Kamis, 13 Mei 2021

ABANG-ABANG KEMBANG KERTAS (6)

                                                                   dening : immir


6.

Kaya padatan nek mulih saka tandur, Iroh ya bablas menyang pawon luwih dhisik. Depi nek ngerti mbakyune wis teka ya terus gita-gita mapagne. Brekatan saka olehe tandur nggone Sigit ditampani Depi banjur sega lan lawuhane dipisah, segane diumplek neng cething, lawuhane ditata neng piring.

"Lha kuwi apa mBak?" pitakone Depi nalika weruh tas kresek gedhe sing uga diselehne neng meja.

"Brekatan saka nggone Pakdhe Kandar, brekatan modhel kutha, mbuh apa isine" wangsulane Iroh "delokana dhisik, aku tak adus karo nggirahi salin".

Iroh banjur mlaku menyang sumur, Depi ya banjur ndhudhahi isine tas kresek sing jare brekatan cara kutha kuwi mau.  Berase disok diworne beras sing ana padaringan,bumbon, bawang, brambang lsp didokok neng pragen, sarden, gula, teh, kopi bubuk instan, susu kaleng, sirup didokokne neng panggonane dhewe-dhewe. Mung kari sarung, klambi koko, sajadah lan rukuh sing isih ana dhuwur meja kono, ditunggoni Depi karo bola-bali diiling-ilingi sajak seneng marang barang-barang kuwi.

Bubar adus lan ngumbahi sandhangane, Iroh bali marani adhine neng pawon, wis salin panganggo sing resik.

"Isine apa Dhik?" karo mapan lungguh Iroh takon.

"Pepak mBak, apa-apa enek" wangsulane Depi karo mesem "kaya bingkisan lebaran wae. Beras, bumbon, sarden, gula, teh, kopi, sirup malah eneng sarung, klambi koko, sajadah lan rukuh barang. Pakdhe Kandar thik loman temen ya mBak? gek entek pirang juta no ngge mbrekati wong-wong sing tandur kuwi?".

"Jare mBokdhe kandar mau, kuwi brekatan sing maringi Pak Muh putu buyute ndara Naib Kutha sing kagungan sawah sing digarap Pakdhe Kandar" wangsulane Iroh nggenahne "dadi niyate kira-kira ya karo sedhekah, andum begja marang wong-wong ora duwe kaya awake dhewe ngene iki".

"Oh, iya nganti lali aku" dumadakan Depi njelih alon. Iroh rada kaget,

"lali? ana apa?" pitakone.

"Anu, mau eneng wong mrene" wangsulane Depi "takon, apa bener nek kene iki omahmu, ngono".

"Sapa? lanang apa wedok? wis tuwa apa isih nom-noman?" Iroh genti mbrondong pitakonan. Depi ngguya-ngguyu.

"Nek karo awake dhewe ya rada tuwa sethithik, wong lanang, asmane Pak Setya, omahe Demangan, Madiun, jarene kenal mBak Iroh merga wonge mulang neng SMADA Ngawi" wangsulane Depi.

Ana rasa geter sethithik neng atine Iroh. Satemene, mau pas sarapan neng sawahe mau Pak Kandar mau, Iroh wis mbatin, nek sing teka neng sawah didherekne Pak Kandar mau , nadyan dheweke durung tau diwulang neng jero kelas, nanging kuwi klebu gurune, merga wong kuwi ya mulang neng SMA loro, sekolahane. Nanging, Iroh ora wani nyapa, kajaba ngelingi kalungguhane sing mung buruh tandur, uga kuwatir nek pangirane luput, mung wong sing madha rupa lan mirip asma. Pancen satemene, antarane Iroh karo Setya kuwi wis rada tepung apik. Iroh sing sregep melu kegiatan ROHIS kerep ketemu karo Setya sing uga kerep dadi nara sumber ing kegiatan mau, aktipe Iroh sing kerep takon lan uga sikep kritise Iroh, wis narik kawigatene Setya, najan mung dipendhem neng jero batine dhewe. Uga Iroh sing seneng neng kegiatan Pramuka, kerep ketemu karo Setya sing kabeneran uga jejer minangka salah sijine Pembina sing aktif.

Dumadakan Iroh mesem kecut, Pak Setya nate rada nesu karo dheweke merga pas ditakoni Pak Setya, wangsulane dianggep kleconan.

"Kegiatannya di rumah mBak Iroh itu apa?" pitakone Pak Setya ing sawijining kalodhangan mirunggan.

"mBantu tiyang sepuh Pak" wangsulane Iroh wektu kuwi nganggo basa jawa krama.

"Lha Bapak Ibu neng dalem ngastane apa ta? Wiraswasta ya?" Pak Setya genti nganggo basa jawa uga anggone takon.

"Bapak kula satunggaling Nelayan Pak" wangsulane Iroh.

"Apa? Nelayan? Awakmu kuwi kok seneng klecon lho? ditakoni serius kok wangsulane guyon!" suwarane Pak Setya keprungu nek ora seneng marang wangsulane Iroh sing ngono kuwi. Luwih-luwih bateng Iroh ngguyu, dilirik pasuryane Pak Setya ketok nek muring.

"Leres lho Pak" wangsulane Iroh karo ngempet guyune "Bapak kula niku boten saged tani, tiyang boten gadhah sabin, boten saged dagang, tiyang boten gadhah toko, boten gadhah kantor, ning gadhah walesan kalih pancing, damelane Bapak niku pados ulam dhateng Benawi Solo, angsa-angsalane disade damel nyekapi kabetahan sedinten-dintenipun, tiyang Bapak niku statusipun ngrangkep, dados Bapak ngiras dados Ibu. Lha kanca-kanca nek nyenggaki kula, criyose kula niku anake nelayan, kula nggih boten isin kok dados anake Bapak, mila atur kula wau Bapak kula niku satunggaling Nelayan, kersane radi keren sakedhik tinimbang dados Tukang Mancing".

"Ohhhhh......." Pak Setya katon nglenggana "aku sing luput nek ngono, ya sepurane wae ya mBak? Lha sedulure mBak Iroh ki kabeh pira ?".

"Inggih Bapak" wangsulane Iroh alus "boten dados punapa. Kula gadhah Mas setunggal, adhik kalih, Bapak".

"Thik malah nglamun ta mBak?" Depi nyuwara rada banter, lamunane Iroh buyar.

"Heh, ora kok" wangsulane Iroh karo ngguyu "lha wonge mrene Pak Setya duwe kersa apa?"

"Jare ya mung pengin ngerti omahe mBak Iroh thok, nek ana wektu longgar jare nek dolan mrene wis weruh panggonanane" wangsulane Depi "malah mau wonge ya crita, yen lagi wae kepethuk mBak Iroh, ning mBak Iroh ethok-ethok ora kenal. Mesthi wae tak bantah, nek critane kuwi crita khayal lan ora mungkin, wong mBak Iroh lagi buruh tandur kok kepethuk Pak Setya, rak ora mungkin ta? Nanging wonge malah ngguyu, jare mengko nek mBak wis mulih aku kon takon dhewe. Jane piye ta mBak genahe?".

Iroh mesem amba, banjur wangsulan :

"Ngene lho critane, kowe ngerti sak jane kajaba Guruku, Pak Setya ki sapa ?".

"Lha sapa? pacare mBak ya? waow..... kereeeen, seneng aku nek duwe Mas Pak Setya sing gantheng ngana kae" Depi nigas gunem karo ngguyu banter.

"Hus" Iroh mrengut "aja ngawur, diguyu tengu kapok kowe mengko!".

"Lha sapa mBak?"

"Pak Setya Basuki kuwi, putrane Pak Muh, Pak Muh kuwi wayah buyute nDara Naib Kutha sing kagungan sawah garapane Pakdhe Kandar kae, mau Pak Setya niliki sawahe Bapakne, dadi ya kepethuk aku neng sawah kana. Anane aku ora nyapa, merga aku ya ora wani ta neh? wong aku ki mung buruh tukang tandur mosok arep degsura nglorohi majikane juragan? kajaba saka iku aku ya ora ngira nek Pak Setya ki putrane Pak Muh, tak kiira ya mung wong madha rupa wae. Aku lagi ngerti bareng dicritani mBokdhe Kandar pas ngampiri brekatan kuwi mau".

"Oooooooo" Depi mlongo.

"Bunder!" Iroh mrengut.

 

ana candhake.

Selasa, 11 Mei 2021

ABANG-ABANG KEMBANG KERTAS (5)

 

dening : immir

5.

 

Jam loro awan lagi mentas saka sawahe Sigit, wong-wong sing butuh nindakne sembahyang padha wudlu neng sumur sawah kono, banjur golek enggon dhewe-dhewe kanggo nindakne shalat, nadyan neng ara-ara Yung Warti ngajak olehe shalat kanthi jamaah. Pawadane, nadyan ta wis rada telat wektune nanging bisa ditambeli nganggo jama'ah, dadi ora pati nglirwakne dhawuhe Gusti Allah. Lagi bareng wis rampung nggone padha shalat , banjur padha mlaku menyang ratan nyedhaki pit motore dhewe-dhewe.

"Yung Warti" Yu Sireng ngomongi Baboke Tandur sadurunge nyetater motore "Bojone Pak Kandar kirimana WA ben brekatane dicepakne".

 

"Walah ndadak di-WA barang neh? wong jare mau wis disiapne ngono lho? mengko nek awake dhewe teka kana rak ya uwis" wangsulane Yung Warti.

 

"Ya wis nek ngono" Yu Sireng ora ngeyel kaya adate.

 

Iring-iringane wong mulih saka tandur kuwi menggok nyang platarane Pak Kandar sing jembar, wong-wong kuwi padha markir kendaraane dhewe-dhewe. Lawang omahe Pak Kandar mung mbukak separo. Nanging kuwi wis dadi pratandha yen sing duwe ana omah, ora lunga.

 

"Roh, kowe sing isih nom dhewe, uluka salam kana" Yung Warti prentah marang Iroh. Ora semaur Iroh mlaku ngunggahi tlundhakan emper, banjur nyedhak lawang.

 

"Assalamu'alaikum" Iroh uluk salam, suwarane mlebu omah keprungu tekan omah mburi.

 

"Wa'alaikum salam" keprungu suwara wangsulan, disusul Bojone Pak Kandar mecungul saka lawang omah  mburi, ngerti nek sing uluk salam Iroh, gage bojone Pak Kandar takon "Oh, Lha kancane endi Roh?"

 

"Nika taksih teng latar nika" wangsulane Iroh karo ngawe kanca-kancane supaya nyedhak.

 

"Beneran nek ngono Roh" Bojone Kandar ngomongi Iroh sadurunge kanca-kancane nyedhak "mengko aja mulih dhisik, aku karo pakmu gedhe arep ngajak omongan kowe sethithik".

 

Iroh rada gumun, jroning atine tuwuh pitakon, apa ana sing ora pas anggone melu tandur iki mau?, jeneh wis kondhang nek bojone Kandar kuwi senengane maido wong sing nyambut gawe neng sawahe.  Nanging Iroh ora semaur apa-apa kajaba mung ngiyani.

 

"Kanca-kancane jaken mlebu Roh, tak jupukne brekatane" kandhane Bojone Kandar omong karo menyat arep njupuk brekatan .

 

"Teng emper mawon mBokdhe, niki taksih sami teles lan  dereng resik kok" wangsulane Iroh.

 

Wong-wong padha nusul Iroh munggah nyang emper, mung Yu Sireng sing panggah mbegagah linggih neng pit motore.

 

"Brekatanku cangkingna pisan Roh" Yu Sireng mbengoki Iroh saka motore.

 

Iroh manthuk, ora semaur.

 

Bojone kandar metu maneh karo nyangking tas kresek pirangt-pirang, kiwa tengen. Wong-wong sing ana emper kuwi didumi siji-siji nganti rata.

 

"Lha kowe ki thik gak mrene ngapa ta Reng?" Bojone Kandar nakoni Yu Sireng sing isih lungguh neng motore.

 

"Jik reget kabeh Yu, ndhak ngregeti keramik" wangsulane Yu Sireng "bageyanku titipna Iroh wae Yu".

 

"Iya" wangsulane Bojone Kandar "nanging dienteni sedhela ya? Iroh jik arep dijak rembugan Pakdhene sedhela" banjur kandhane marang Iroh "kana Roh ndang mlebu kana Pakdhemu wis ngenteni neng kursi kae lho!".

 

Iroh mlebu banjur nemoni Pak Kandar sing lungguh kursi ruang tamu.

 

Bubar nampani brekatan wong-wong banjur padha pamitan, mung Yu Sireng sing kepeksa keri, merga ngenteni Iroh sing isih dijak jagongan Pak Kandar karo bojone ana jero omah.

 

Bareng wis sauntara suwe anggone Yu Sireng ngenteni, wekasan Iroh metu diuntapne Pak Kandar karo bojone nganti tekan emper.

 

"Ya nek anu, dirembug karo Bapak dhisik ta Roh!" keprungu Pak Kandar ngandhani Iroh "kowe ya bisa langsung matur dhewe nyang Mas Setya, nomer hape ne ya sing mau".

 

"Nggih Pakdhe" wangsulane Iroh ya bisa dirungokne Yu Sireng barang "boten badhe wantun kula ngrumiyini telpon utawi WA dhateng Pak Bas, saderenge kula ditimbali langkung rumiyin".

 

"Iya-iya bener kuwi Roh" Bojone Pak Kandar mbenerne Iroh "Paling mengko sedhela engkas, wonge rak telpon, wong nomermu ya wis tak kirimne kok".

 

"Nggih empun Dhe, matur nuwun, kula tak wangsul rumiyin" Iroh pamitan maneh.

 

"Iya, iya sing ngati-ati".

 

Yu Sireng nyetater montore karo mbengok pamitan :

 

"Suwun lho Yu, tak balik dhisik" kandhane.

 

"Ya, ngati-ati" wangsulane sing dipamiti karo ngangkat tangane.

Alon-alon Yu Sireng ninggalne platarane Pak Kandar, kanca-kancane wis adoh ninggalne dheweke karo Iroh. Nanging Yu Sireng ya ora ngresula, malah kepara seneng merga kajaba brekatan sing padha karo kancane, Iroh karo Yu Sireng isih diimbuhi jajan karo bojone Pak Kandar, diwadhahi kresek liyane.

 

"Thik suwi temen mau dijak ngomong apa wae lho Roh?" karo nyetir motore Yu Sireng nakoni Iroh, lumrah wong kuwi pancen senengane pengin ngerti urusan sing tenane dudu urusane.

 

"Diomongi nek enek Lowongan Pekerjaan neng Perusahaane Pak Muh" wangsulane Iroh blaka "lha nyang Pakdhe Kandar nek gelem aku dikon njajal nglebokne lamaran".

 

"Lha pormasine pa cocok? gajege Perusahaane Pak Muh ki urusane bangsane tegel, keramik, beton kraton ngono kuwi ki? kok kowe sing ditawani?" Yu Sireng nakoni maneh.

 

"Embuh Lik" wangsulane Iroh " aku ya durung ngerti genahe kok. Nanging aku mau ya mung nyauri enggih ngono".

 

"Lha mau gajege Yu Kandar omong nek nomermu wis dikirimne nyang Pak Bas, Pak Bas ki sapa maneh ta Roh?".

 

"O alah kuwi ta?" Iroh ngguyu "Pak Bas ki putrane Pak Muh sing mau ndelok awake dhewe tandur, jarene Dhe Kandar sing ngabari nek Perusahaane Pak Muh ana lowongan ya Pak Bas kuwi, terus jare Pak Bas ngersakne nomer Hapeku ngono".

 

"Oooo, mesthi Mas Bas mau wis jatuh cinta pada pada pandangan pertama nyang kowe Roh" Yu Sireng semaur.

 

"Heleeeh" Iroh njiwit pundhake Yu Sireng "kowe kok dadi ketularan duwe angen-angen kaya Yung Warti dhek esuk ta Lik?".

 

"Beda Roh, wis ta titenana wae, mbuh mengko utawa sesuk Mas Bas rak kirim WA nyang kowe"

 

"Iya kirim WA ngabari formasi sing ditawakne neng Perusahaane Bapakne" Iroh wangsulan.

 

"Kuwi wiwitane, sebagai pembuka pintu, selanjutnya terserah Anda ha ha ha".

 

"Lhah, kowe kuwi kok senengane marahi wong ngumbar angen-angen suwung lho Lik".

 

"Kandhani kok, titenana omongane Likmu iki".

 

Iroh wis ora semaur merga wis tekan ngarep omahe. Brekatane Yu Sireng sing maune digawakne, banjur diselehne neng cantholan ngarep.

 

"Gak mampir dhisik Lik?"  Iroh tawa-tawa ngampirne.

 

"Ora, nek ngganggu olehmu maca WA" wangsulane Yu Sireng karo ngguyu diterusne nglakokne montore.

 

Ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...