Total Tayangan Halaman

Minggu, 30 Mei 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (10)

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

10

Ki Guru Sukirna tumuli ngawe sing lagi padha teka supaya maju nyedhak. Wukir , Kurantil lan Dhukut aweh kurmat banjur mara lan mapan lungguh ing klasa sing wis dicawisake.  Rangga lan Marga nginger lungguhe, dadi ora ngedhang-edhangi lungguhe wong telu sing lagi teka mau.

"Wong telu ora tak timbali padha munggah pendhapa, sajake ana perkara wigati sing arep padha dikandhakne marang aku ya?" Ki Banyugurih nakoni cantrik-cantrike kuwi.

"Inggih Bapa" wangsulane Wukir "badhe njangkepi atur magepokan kaliyan anggen kula lumawat dhateng Grojogan Jambe Kembar, kala wingi".

"Apa isih ana sing kliwatan durung kok aturake?" Ki Banyugurih takon.

"Inggih Bapa" wangsulane Wukir sing banjur nyritakne anggone wis arep dicapok ula gedhe, sing kulite ula kuwi saiki dipenthang arep diawetake. Ora kliwatan Wukir uga nggandhengake lelakone karo crita sing ditampa saka Singsim mau.

"Kula lajeng dados radi samar, menawi ngantos anggen kula ngrawati wacucalipun sawer punika lajeng kaanggep lepat nunten tampi walat saking Ki Nagaburik, Bapa" ature Wukir sawuse rampung critane.

Ki Banyugurih gumuyu lirih, Rangga lan Marga padha mesem amba, krungu rembuge Wukir sing keri dhewe iki mau.

"Sajake rasa samar lan kuwatire Lurah Sugali saandhahane mau wis nular marang kowe, Wukir?" Kandhane Ki Banyugurih isih karo gumuyu lirih. Wukir ora semaur, nanging malah ndhingkluk karo mesem, neng atine ana rasa isin sethithik merga wis digeguyu karo gurune.

"Nanging ya ora dadi apa" Ki Banyugurih nerusne kandha "jenenge rasa samar merga durung mudheng lan durung cetha apa sing dikuwatirake kuwi lumrah, Sumurupa ya Ki Wukir, Kurantil lan Dhukut, satemene Jagat sing gumelar iki dicawisake dening Sing Nitahake kanggo nyukupi kabutuhane manungsa, kajaba ana siji loro sing ora dikeparengake, kabeh kena digunakake waton olehe nggunakake klawan bener lan ora klawan nganiaya marang apa sing digunakne.Upamane : awake dhewe ora dikeparengake mangan Babi utawa Celeng, nanging dikeparengake mangan kewan liyane waton anggone mangan kuwi nganggo cara sing bener, ora kena nganggo cara sing nganiaya marang kewan mau. Kowe uga kena wae, murih kulite Ula gedhe sing dipateni Angger Rangga kuwi, nanging anggonmu njupuk kulite nganggo cara sing bener, ora ulane isih urip banjur kok kuliti warasan. kuwi ora kena. Lha upama Ula sing mati kuwi isih ana sambung rapete karo Ki Nagaburik, banjur Ki Nagaburik ora nrimakake, kuwi ya lumrah. Nanging kowe ora sah was, ora perlu sumelang, awit neng kene ana aku, ana Angger Rangga, ana Angger Marga sing uga ora bakal lila lan meneng wae saupama ana sapa utawa apa wae sing arep degsiya marang kowe".

"Inggih ngaturaken genging panuwun Bapa" Wukir ngaturake panuwun, praupane katon sumringah mratandhani wis ilang rasa was lan kuwatire.

"Estunipun Bapa" genti Dhukut sing munjuk atur "suwaunipun ingkang kula sumelangaken punika kajawi teluhipun Ki Nagaburik, kula inggih nguwatosaken menawi Raden Sentani lan prajurit trah Majapahit ingkang boten narimahaken, lajeng soroh amuk dhateng Padhepokan mriki, kados pundi punika Bapa?"

"Lha nek kuwi seje maneh" Ki Banyugurih wangsulan "upama Sentani ora trima merga matine Ula mau, sing dienggo wewaton ora trima apa? Sentani kudu bisa nuduhne bukti yen ula sing mati kuwi temen-temen Ula sing sekti sing dadi sesembahane. Lha nek nyata ula sing sekti sing wis kulina diaji-aji lan disembah dening menungsa, mesthine ya ora galak lan cluthak wani arep nyaplok menungsa sing dudu pepancene ngono kuwi, lan uga mesthi ora gampang dipateni. Malah saupama kuwi ula sing suci tur sekti, aja maneh kok jaman uripe nadyan wis mati pisan bangkene isih sok malati. Nyatane Wukir lan Kurantil babar pisan ora kangelan nguliti ula kuwi, kuwi nandhakne yen ula lumrah, dadi ora ana dhasare yen Sentani arep ora nrimakake".

Dhukut manggut-manggut krungu pitutur sing diucapne gurune mangkono iku mau. Mangkono uga karo Wukir lan Kurantil sing sansaya ilang rasa samar ing atine.

"Nuwun Sewu Bapa Guru" sawuse sauntara meneng, Rangga kandha.

"Inggih badhe paring dhawuh punapa Angger Rangga?" Ki Banyugurih wangsulan .

"Wiwit kala wingi kula kula wongsal-wangsul mireng nami Raden Sentani dipun sebat-sebat, kok kadosipun tiyang ingkang nami Raden Sentani punika priyantun luhur ingkang tiyangt-tiyang kathah ingkang sami ajrih kaliyan piyambakipun. Malah Lurah Sugali piyambak ugi nyebat bilih Raden Sentani punikia nggadhahi panguwaos tumrap Kademangan Jatipethuk saisinipun. Kula lajeng kepengin ngertos Bapa, Raden Sentani punika sinten lan punapa sambung rapetipun kaliyan Kademangan Jatipethuk tuwin Padhepokan Banyugurih  ?"

"Inggih Bapa" durung nganti Ki Banyugurih wangsulan Marga nambahi pitakonan "menawi boten klentu pamireng kula, ketingalipun Raden Sentani punika satunggaling senapati perang ingkang mbawahi prajurit kathah, inggih tetunggulipun para prajurit Trah Majapahit, lha ing mriku kula dados boten mudheng, sangertos kula sasampunipun Majapahit ngalih dhateng Demak, nunten Demak ngalih dhateng Pajang lan samangke ngalih dhateng Mataram, nami Majapahit punika sasat sampun boten kocap. Dumadakan ing mriki kula mireng wonten Prajurit Trah Majapahit salah setunggal lurahipun nama Ki Lurah Sugali ingkang sampun kula tepangi kala wau punika. Punika cethanipun kados pundi Bapa?".

Ki Banyugurih njengkerutne bathuke, sajak lagi ngeling-eling lan nata ukara kanggo mangsuli pitakone Rangga lan Marga. Ora mung Rangga lan Marga sing ngenteni wangsulan sarta katrangane Ki Guru Sukirna, nadyan Wukir, Kurantil lan Dhukut uga kepengin weruh sapa sejatine Raden Sentani kuwi lan apa sing dikarepake karo sebutan Trah Majapahit.

"Angger Rangga lan Angger Marga" Ki Banyugurih banjur kandha "estunipun wangsulan saking pamundhutipun pirsa angger kekalih punika boten saged kapisahaken kaliyan anggen kula badhe nyuwun pitulungan saha bebantu saking Angger kekalih punika, awit wangsulan kula mangke inggih wujud pedhut peteng ingkang samangke anglimputi Kademangan Jatipethuk saha Padhepokan Banyugurih punika".

Ki Banyugurih leren sedhela anggone omong, ana cantrik munggah npendhapa ngladekne kopi lan jahe anyar sing isih kumebul pegane. Uga ngladekne mbothe bakaran sing isih anget manget-manget sing diseleh ana layah dilemeki godhong gedhang.

"Dipun unjuk rumiyin Ngger, mumpung taksih anget" Ki Banyugurih ngacarani dhayohe, banjur kandhane marang Wukir, Kurantil lan Dhukut "ayo padha dirahabi kareben sing nyuguhi ora cuwa atine".

"Matur nuwun Bapa" bebarengan Rangga lan Marga wangsulan karo ngangkat cangkir bathok isi wedang kopi sing isih panas kuwi.

"Inggih Bapa" Wukir sakancane uga wangsulan lan terus padha nyandhak cangkire dhewe-dhewe.

"Estunipun kenging dipun wastani antawisipun Sentani kaliyan kula punika" Ki Banyugurih nerusne critane sawuse nyruput kopi saka cangkire "kenging dipun wastani kadang katut, awit meh saben tiyang mastani, kula punika sedherekipun Sentani. Sanaosa, estunipun kula lan Sentani punika tiyang sanes, liripun boten wonten sambetipun rah antawisipun kula lan piyambakipun".

"Kok saged makaten Bapa?" karo nyandhak mbothe bakar, Marga nugel wuwus.

"Inggih Ngger, murih cethanipun, samangke prayogi Angger kekalih kendel sawatawis, kula badhe nyariyosaken lelampahan ing Jatipethuk saking kawitan" Ki Guru Sukirna muwus alon.

Rangga lan Marga wis  siyaga ngrungokne crita.

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (9)

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

9

Ing tegal mburi cedhake papan kanggo gladhen para cantrik, Wukir lan Kurantil ngresiki kulit ula sing digawa saka Grojogan Jambe Kembar. Kulit sing wis mambu pating klenyit kuwi dipenthang lan dibeber, kulit sing bagean jero wis diborehi nganggo bubukan kayu Klayu ben ora mambu lan enggal bisa garing. Para cantrik sing weruh yen wong loro kuwi padha ngupakara kulit ula, banjur padha nyedhak lan takon ngenani kulit ula sing samono amba lan dawane kuwi.

"Kowe kok oleh kulit ula samono kuwi saka ngendi lho Kang?" pitakone Gatra cantrik sing mau awan kajibah jaga regol.

"Gek gedhene ula sepira no kuwi? kulite wae ambane samono, dawane meh telung dhepa. Saiba nggegirisi ulane kuwi jaman uripe" Cantrik liyane melu omong, nuduhne eraming atine.

"Kok bisa oleh ula samono kuwi olehmu nyekel karo sapa wae no Dhi? tak kira neng mung wong sepuluh wae, mokal bisa nyekel jinis ula ngene iki" Dhukut Cantrik sing luwih tuwa melu takon.

"Lha dagine ula iki neng ngendi Kang? Daging ula ngene iki enak banget yen diolah dadi dhendheng, biyen aku tau ngrasakne pas Ki Bebau nggonku karo wong-wong kasil mateni Ula ngene iki, merga ulane bola-bali nguntal cempe sing dingon neng pinggir alas, ning ketoke ulane ora gedhe banget kaya ula sing kulite ndika openi iki"  Singsim, anake Lurah Ngepringan sing melu nyantrik neng kono,  takon lan nyritakne kawruhe bab ula.

"Olehku kulit ula iki tak tebus nganggo rasa kaget kaworan miris, nganti aku karo Kurantil ora bisa obah, ora kuwat ngglawat saking wedi lan kagete"  Wukir mangsuli pitakone kanca-kancane.

"Meh wae, aku karo KIang Wukir diulu warasan dening ula iki, neng Grojogan Jambe Kembar, nalika nindakne dhwuhe Bapa Guru" Kurantil melu mbumboni critane Wukir. Banjur wong loro gentenan nyritakne lelakon wingi sore sing wekasane bisa kepethuk karo Pangumbara loro sing isih Jaka Kumala-kala.

"Dadi tanpa rowang, ora butuh wektu sing suwe Ki Rangga mateni Ula iki ya Dhi?" pitakone Dhukut sawise Wukir lan Kurantil rampung anggone crita.

"Ya ngono kuwi mau Kakang critane, pancen Ki Rangga lan Ki Marga kae temen-temen Wong utawa malah keneng diarani Bocah sing duwe kasekten sing tanpa tandhing, Kang Dhukut mesthi bisa nggambarake, aja maneh kok mung ula sing ora duwe nalar, jeneh Lurah Sugali karo andhahane sing cacah pitulas kanthi gegaman jangkep wae, ora nganti sapanginang wis klakon digawe lumpuh tanpa daya dening Ki Marga lan Ki Rangga, kok" Kurantil wangsulan karo nambahi critane.

"Lho jare mau Ki Lurah Sugali sakancane olehe matur Ki Guru, tekane kene nyuwun pitulungan sawise kuwalat karo mBah Jenggotarang, Dhanyang Sendhang Teleng? Saiki kok nDika crita nek  Lurah Sugali sakancane dilumpuhne Ki Marga karo Ki Rangga? Genahe piye kuwi Dhi?" Dhukut rumangsa bingung ngrungokne critane Kurantil.

Wukir lan Kurantil mesem.

"Kuwi rada dawa Kang critane, mengko wae nek wis ana wektu mirunggan tak critani genahe" kandhane Wukir sabanjure.

"Mengko dhisik Kang" Singsim sing mau nakokne daging ula nyela rembug "dadi Ki Lurah sabalane kae ora ngerti nek Ki Rangga wis mateni ula iki Kang?"

"Ya ora ngerti ta Dhi, wong olehe kepethuk wong-wong kuwi lagi mau esuk kok. Ana apa ta?" Kurantil wangsulan.

"Aku tau krungu Bapa Guru kuwi tau crita karo Wong Tuwaku, nek neng Grojogan Jambe Telu sing manggone kapernah kulone Grojogan Jambe Kembar kira-kira rong atus jangkah, neng kono ana Guwa sing dadi Kratone Ula Siluman sing jeneng Ki Nagaburik. Lha Raden Sentani kuwi kabare olehe bisa sekti mandraguna kae, merga meguru lan manembah marang Ula Siluman ya Ki Nagaburik kuwi. Atake Ula sing kulite ndika penthang iki isih kaprenah bala utawa sapukawate Ki Nagaburik Kang?" Singsim nyritakne sethithik crita sing tau ditampa.

"Lha kuwi aku sing ora mudheng" Wukir wangsulan "sing cetha ula iki mati dening Ki Rangga merga arep nguntal aku karo Kurantil, banjur nyerang Ki Rangga mula banjur dening Ki Rangga dithuthuk sirahe dadi lan patine kaya sing tak omongne mau. Dadi upama Ula mau isih mambu kulawarga karo Ki Nagaburik, Ki Rangga ora kena dianggep luput, merga ula iki dhewe sing njarag malah nek bisa kira-kira arep nguntal Ki Rangga jare".

"Iya Dhi" Dhukut urun rembug "sanajana mangkono, gegayutan karo sing dicritakne Adhi Singsim lan gandheng cenenge karo Ula sing kulite ndika penthang iki, tak kira luwih prayoga yen nDika aturne marang Bapa Guru, mbok menawa wae ana guna lan paedahe".

"Iya Kakang" wangsulane Wukir "tak kira sing ndika kandhakne kuwi akeh benere, mengko aku arep ngaturake kabeh kedadeyan sing tak temoni sajroning nindakne dhawuhe Bapa Guru iki".

Sauntara Wukir lan Kurantil lagi rerembugan neng tegal mburi karo kanca-kancane, wektu kuwi ing Pendhapa Ki Guru Sukirna lagi ketungkul jagongan karo Rangga lan Marga. Wong telu kuwi lungguh neng klasa sing digelar neng jogan, karo ngupengi dhampar cilik, ing dhuwur dhampar wis cumawis wedang jahe neng cangkir bathok klapa gadhing cacah telu, sumandhing karo layah isi sukun dang-dangan sing dikrawu karo klapa parutan.

"Nuwun sewu ngger" kandhane Ki Banyugurih "estunipun anggen kula kengkenan lare kula pun Wukir lan Kurantil ngadhang tindakipun angger kekalih punika rak amargi kula nyupena ta ngger?".

"Bapa Banyugurih nyupena punapa?, gajegipun saderengipun punika kula lan Bapa Guru dereng nate kepanggih?" pitakone Rangga nanggapi kandhane Ki Banyugurih.

"Mila leres dhawuhipun Angger Rangga, awakipun piyambak babar pisan dereng nate tepang saderengipun punika" Ki Banyugurih aweh katrangan "inggih ing salebeting manah ingkang nembe susah, kula meh saben dalu nindakaken lampah maneges nyuwun palimirmaning Hyang Agung, murih pedhut peteng ingkang anglimputi Padhepokan Banyugurih minggahipun Kademangan ing Jatikerep punika enggal sirna. Ing ngriku kula lajeng nampi sasmita wujud pasupenan, inggih punika kula karawuhan satunggaling priyantun ingkang ngaken asma Ki Tanparupa".

"Ki Tanparupa Bapa?" Marga sumela takon.

"Inggih Ngger, punapa angger sampun tepang kaliyan Ki Tanparupa?" Ki Banyugurih genti takon.

Marga unjal ambegan landhung, banjur kandhane :

"Dipun wastani tepang, nyatanipun inggih dereng nate kepanggih, dipun wastani boten tepang nyatanipun Bapa Tanparupa punika asring paring tuntunan dhateng kula miwah Kakang kula punika ing pasupenan Bapa" .

"Manawi makaten meh sami kaliyan ingkang kula alami Ngger?" Ki Banyugurih mesem "kaotipun, menawi angger sampun wongsal wangsul, malah sampun kadhaku siswa dening Ki Tanparupa, menawi kula, inggih nembe sepisan punika panggih ing pasupenan, Ki Tanparupa paring dhawuh bilih pepeteng ingkang kula panggihi punika badhe ical menawi kula purun nyuwun tulung dhumateng Angger kekalih dene srananipun kula saged kepanggih kaliyan Angger kekalih, kula kedah ngengken lare kula nyegat tindakipun Angger kekalih ing caketing Grojogan Jambe Kembar".

"Makaten inggih Bapa?"

"Inggih Ngger, kamangka estunipun kula radi kuwatos kengkenan lare kalih kala wau".

"Ingkang dipun kuwatosaken punapa Bapa?" Rangga takon.

"Kula kuwatos menawi ngantos lare ingkang kula kengken wau sasar margi, awit ing sakiilenipun Grojogan Jambe Kembar punika ugi wonten grojogan sanes, ingkang nama Grojogan Jambe Telu. Ing Grojogan Jambe Telu punika kathah sawer ageng ingkang manggen ing guwa sacaketipun grojogan, malah ujaring ngakathah inggih ing mriku ngedhaton Rajaning Sawer Siluman ingkang nama Ki Nagaburik. Kathah titiyang ingkang sami memule, maguru lan manembah dhateng Ki Nagaburik punika, Ngger".

Anggone padha rembugan wong telu kuwi leren sedhela, Wukir lan Kurantil ditutne Dhukut munggah pendhapa, njaluk idin arep marak ing ngarsane gurune.

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (8)

 


kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

8

Saka Sendhang Teleng kuwi katon gumrudug lakune wong selikur mlaku mengidul tumuju menyang Kademangan Jatipethuk, ana papat sing gentenan karo kancane mikul tandhu sing kanggo ngglethak Lurah Sugali sing durung eling saka semapute. Para andhahane Sugali tenane padha nyumelangake keslametane lurahe sing kaya ngono kuwi. Kabeh rumangsa kuwatir yen nganti Sugali pecat nyawane sadurunge tekan ing Banyugurih. Marga banjur aweh weruh lan panglipur marang wong-wong mau klawan tembung sing alus lan manteb :

"Aja padha samar, Ki Lurah kuwi mung semaput lan ora bakal tumekeng pati, aku ngerti merga sing ndadekne Lurah Sugali kantaka kuwi mau merga  kena duganganku, lan dugangan sing tak tibakne ing lambunge Lurah Sugali kuwi pancen tak sengaja mung gawe semapute ora bakal mbebayani tumrap nyawane, karo mlaku titenana sedhela engkas Ki Lurah rak banjur bali eling, yen wis keprungu sambate lerena sedhela banjur wenehana ngombe nganggo banyu iki, dimen cepet pulih tenagane" Marga ngelungne banyu ana kanthong kulit marang salah sijine sing kajibah mikul tandhu.

Oleh katrangan saka Marga ngono kuwi, wong-wong ya banjur ayem. Tenan. Kira-kira anggone padha mlaku oleh telung pambalang, saka tandhu keprungu suwarane Lurah Sugali sing sambat-sambat :

"Adhuh, krasa ilang otot bayuku, aku iki neng ngendi lan ya gene aku dipikul kaya mayit arep digawa nyang kuburan ?"

Krungu lurahe sambat ngono kuwi, sing mikul tandhu banjur mandheg. Tandhu alon-alon diselehne neng lemah, salah sijine sing mikul banjur aweh wangsulan marang lurahe :

"Kauningana Ki Lurah, awakipun piyambak niki wau nembe kemawon tampi walat saha sesiku saking mBah Jenggotararang ingkang mbaureksa Sendhang Teleng, sakniki niki kanca-kanca sedaya badhe pados usada murih saged lepas saking bebendu saha sesikunipun mBah Jenggotarang, jumbuh kaliyan dhawuh ingkang katampi saking wayahipun mBah Jenggotarang kala wau. Lha Ki Lurah kados pundi? tumut lekasing kanca-kanca napa gadhah pilihan sanes?"

"Aku wis ora bisa apa-apa, aku pasrah lan manut marang kanca-kanca kabeh, arep digawa menyang ngendi lan arep dikapakne wae, mongsa bodhowa kanca-kanca, sing baku aku ya kepengin banget bisa lepas saka bebendu lan sesikune mBah Jenggotarang" wangsulane Lurah Sugali pasrah bongkokan.

Banjur dening andhahane Lurah Sugali diombeni banyu bening olehe menehi Marga mau. Bubar ngombe Sugali ngrasakne awake rada kepenak, kekuwatane alon-alon nggremet ing sakujuring awake. Tandhu bali diangkat, wong-wong nerusne anggone mlaku.

Ing dhuwur tandhu karo ngrasakne rasaning awake, Sugali banjur ngeling-eling kedadeyan sadurunge dheweke ora eling. Sugali wiwit kelingan, mau lagi wae kerengan karo bocah nom sing jeneng Marga, banjur diganggu suwaraning Wukir lan Kurantil sing bengok-bengok nyebut-nyebut jenenge mBah Jenggotarang. Iya, mau dheweke wis niyat arep nebas cengele Wukir lan Kurantil nganggo pedhange, banjur keprungu suwara jumedhor kaya bledheg, pedhange disabet nganggo pecute Marga, lambunge didugang banter lan banjur dheweke lali lan ora ngerti kedadeyan sateruse.

"Mau aku kena dugangane Marga nganti aku semaput" Sugandhi omong neng jero ati "apa bener sing dikandhakne Rangga lan Marga mau? Bocah loro kuwi putune mBah Jenggotarang Dhanyang Sendhang Teleng? Aneh!. Mosok tumon ana Lelembut duwe putu menungsa?. Nanging kanyatane saiki aku kaya ngene, wong-wong kuwi kabeh sajake wis manut miturut karo Rangga lan Marga. Banjur aku iki arep digawa menyang ngendi? jarene arep golek usada murih luwar saka sesiku lan bebendune mBah Jenggotarang............" Lurah Sugali dadi bingung karo kabeh lelakon sing lagi wae ditemoni. Gandheng bingung lan ora oleh wangsulan, wekasan Lurah Prajurit kuwi bali keturon neng dhuwuring Tandhu.

Nalika srengenge wis mlaku mudhun ing cakrawala imbang kulon, lakune Rangga lan Marga sing ditutne Wukir lan Kurantil sarta wong pitulas sing nggotong Lurah Sugali wis tekan Padhepokan Banyugurih. Dening Cantrik sing lagi oleh jaga regol, kabeh dipapakne ana pendhapa,digelarne klasa mendhong sing ambane saambane jogan pendhapa, banjur Cantrik mau rembugan sedhela karo Wukir lan Kurantil, mungguh apa kepriye murih becike. Wukir lan Kurantil sing rumangsa nampa dhawuh saka Ki Guru Sukirna lan saiki arep atur palapuran mungguh asiling dinuta, banjur njaluk idin arep menyang paleremane Ki Guru Sukirna. Cantrik sing lagi jaga uga nayogyani.

Ora suwe Wukir lan Kurantil wis menyang Pendhapa karo ndherekne Kyai Guru Sukirna sing banjur mapan lungguh ing ngisor blandar sisih mburi, manggon neng tengah dijejeri Wukir lan Kurantil sarta para tetuwaning para cantrik sing tekane meh bareng karo Ki Banyugurih.

"Ngaturaken kasugengan sarawuhipun ing Padhepokan Banyugurih mriki Angger Rangga miwah Angger Marga" Ki Banyugurih gupuh mbagekne Rangga lan Marga.

"Inggih awit pikantuk berkah pangestunipun Bapa Guru, rahayu sowan kula boten langkung pangabekti kula kekalih mugi katur ing ngarsanipun Bapa Guru" Rangga wangsulan alus manuhara.

"Matur sewu gunging panuwun dhumateng angger kekalih ingkang sampun kepareng minangkani panyuwun kula murih rawuh ing Padhepokan mriki. Gandheng wancinipun sampun ndungkap anyaketi suruping surya, kaparenga angger kekalih reresik salira langkung rumiyin, sarta sakedhap angleremaken salira, mangke dalu kemawon kula aturaken sadaya panyuwun kula dhateng Angger kekalih" Ki Guru Banyugurih wangsulan, banjur aweh prentah marang salah siji saka tetuwaning Cantrik sing ana kono "Ki Banjangan, tulung dherekna Angger Rangga lan Angger Marga menyang pancuran dimen padha reresik salira, yen wis banjur aturana lenggah ing gothakan sing wis dicepakne kanggo paleremane Angger Rangga lan Angger Marga".

"Nuwun Inggih sendika ngestokaken dhawuh Guru" wangtsulane Cantrik Branjangan, banjur kandhane marang Rangga lan Marga "mangga adhi kula dherekaken".

"Matur nuwun Bapa Guru, kepareng badhe lengser rumiyin" Rangga lan Marga pamitan marang Ki Banyugurih, banjur wangsulan marang Cantrik Branjangan "Iya kakang, mangga".

Rangga lan Marga mudhun saka Pendhapa ditutne Ki Branjangan arep dituduhne panggonan kanggo adus lan reresik awak sarta gothakan kanggo leren.

Ki Banyugurih genti rembugan karo Lurah Sugali sing wis bisa lungguh karo kabeh andhahane sing cacah pitulas. Lurah Sugali durung bisa omong klawan cetha kagawa saka kahanan ragane sing durung pulih, mula banjur matah salah siji saka andhahane supaya omong minangka dadi talanging basa.

"Lajeng kersanipun Ki Lurah rawuh mriki kaliyan para prajurit punika punapa?" Ki Banyugurih nakoni mungguh sing dadi sedyane wong-wong kuwi.

"Ngaten Kyai" sing dipatah dadi talanging basa dening Lurah Sugali aweh wangsulan "estunipun kula sakanca punika nembe kabendon dening mBah Jenggotarang temah sampun nampi sesikunipun".

"Kabendon kados pundi? punapa andika sampun ngganggu katentremanipun Ingkang mBaureksa Sendhang Teleng ?" Ki Banyugurih takon semu gumun.

"Leres Kyai, awit kula sakanca babar pisan boten mangertos bilih Raden Rangga lan Raden Marga punika wayahipun mBah Jenggotabang" wong kuwi wangsulan banjur nyritakne yen mau esuk wis padha nukari Marga lan Rangga neng cedhake Sendhang Teleng. Wong-wong kuwi ngrumangsani yen kuwalat, klebu Lurah Sugali sing rada nemen kuwalate. Wong kuwi uga nyritakne kabeh srana sing dikandhakne Marga murih bisa lepas lan luwar saka sesikune mBah Jenggotarang.

Ki Banyugurih klawan tekun ngrungokne apa sing dadi critane wong-wong kuwi. Lagi sawuse rampung critane, Ki Banyugurih banjur omong :

"Menawi makaten Ki Lurah lan sedherek sedaya, kula badhe mbudidaya ngleksanakaken punapa ingkang kadhawuhaken Angger Marga dhateng andika kala wau, samangke mumpung surya dereng serap, prayogi andika langkung rumiyin sesuci ing pancuran langkung rumiyin, lajeng samia lerem ing gandhok sisih wetan punika. Benjing enjing badhe kula aturaken punapa ingkang kedah andika tindakaken murih enggal luwar saking sesiku punika".

 

ana candhake.



Sabtu, 29 Mei 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (7)

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

7

Wukir lan Kurantil sing ora ngerti yen pedhange Lurah Sugali mung kari sekilan saka githoke, babar pisan ora ngrasa wedi. Beda karo wong sanga andhahane Sugali sing weruh tandange Lurahe, wong-wong kuwi sansaya krasa miris. Ora miris merga bakal weruh getih mblambang saka ragane wong loro sing ketebas pedhang, nanging miris yen nganti mBah Jenggotabang nibakake bebendu merga ana menungsa sing wis ngganggu putu-putune sarta gawe rereget ing Sendhang Teleng, klawan ngutahne getih lan gawe pepati ing kono. Nanging wong sanga kuwi bali digawe cingak lan kaya ora bisa nampa karo asiling panyawange. mBarengi kagete Sugali sing babar pisan ora nyipta tekaning bilahi. Nalika pedhang sing dibabatne menyang githoke Wukir lan Kurantil kurang sanyari, dumadakan ana suwara jumedhor kaya gludhug, disusul panjerite Lurah Sugali sing mencelat telung dhepa adohe, nggeblag neng lemah ora eling purwa duksina, semaput. Pranyata Margta luwih prayitna, Pecute luwih cepet obahe tinimbang pedhange Sugali, pucuking pecut namplek iringane pedhang, ndadekne pedhang mencelat ucul saka gegemane Sugali. Disusul sikile Marga njejak lambung, ndadekne Sugali mencelat. Suwara pambledhose pecut sing disusul jerite Sugali lan suwara gumebrug awit ragane Sugali sing rubuh neng bumi, uga ngagetne Wukir lan Kurantil. Wong loro kuwi noleh memburi. Weruh Sugaloi ngathangt-athang ora obah, Wukir lan Kurantil, keplok-keplok karo ngguyu. Babar pisan ora ngerti yen meh wae sirahe pisah karo gembunge ketiban landheping pedhange wong sing ngaku dadi Lurahing Prajurit Trah Majapahit kuwi.

Beda karo wong sanga andhahane Sugali, sing dhasare wis keweden luwih dhisik, ngerti Lelurahe njebabah neng lemah, wong sanga bareng mbuwang gegamane banjur ndheprok, tangane ngapurancang neng lemah, wuwuse bebarengan :

"Kula kapok saestu Raden, kula ngakeni lepat lan kula teluk sarta pasrah pejah gesang dhateng nDika Raden kekalih".

Marga lan Rangga nyedhaki wong sanga sing wis teluk kuwi. Banjur Rangga wiwit takon :

"Saiki kowe kabeh arep apa? nerusne nggonmu gawe reget neng Sendhang Teleng iki? Apa arep kepiye?"

"Boten Raden, kula ngrumaosi lepat sampun katut manut tiyang ingkang badhe ngganggu damel ing dalemipun mBah Jenggotarang punika. Kula nyuwun gesang Raden" wangsulane wong sanga kuwi karo ndhingkluk wedi.

"Yen ngono takonana kanca-kancamu sing isih klekaran neng lemah kuwi, apa karepe?" Rangga takon maneh.

Wong wolu sing isih padha ngglethak neng lemah merga  arep ngringkus Rangga lan Marga kuwi kaget bareng disebut dening Rangga. Sakala padha gumregah tangi mapan lungguh karo ngempet lara, kabeh padha wangsulan :

"Nyadhong sih kawlasan Raden, kula sedaya ngrumaosi lepat lan nyuwun gesang Raden".

Rangga ngawe Wukir lan Kurantil supaya nyedhak. Sing diawe gage-gage mara, karo cadhong dhawuh.

"Wonten dhawuh kangge kula Ki?" Kurantil sing makili omong.

"Tulung ndika tiliki Lurah Sugali kae, yen isih duwe ambegan ndika gotong mrene!" Rangga aweh prentah. Wukir karo Kurantil ora semaur maneh, banjur ndelok kahanane Lurah Sugali sing isih njebabah neng dhuwur lemah.

Wong loro kuwi banjur nyandhak ragane Sugali, dipondhong digawa menyang ngarepe Rangga lan Marga, diworne karo andhahane sing padha lungguh marikelu nyawangi lemah.

"Taksih gesang kok Ki" Wukir nglapurne kahanane Sugali "namung lambene ketingal nembe mawon kliwatan rah cemeng sing medal saking nglebet tutuk".

"Ya wis saiki ndika rene, aku arep omong karo sing jarene prajurit-prajurit Trah Majapahit iki, ndika tak jaluk melu ngrungokne!" wangsulane Rangga karo mrintah supaya Wukir lan Kurantil ngalih menyang sisihe. Rangga banjur aweh sasmita marang Marga supaya genti omong. Marga tanggap banjur maju sajangkah tumuli wiwit omong marang wong sing wis padha teluk kuwi :

"Kisanak kabeh wae, padha rungokna, perkara kowe wis teluk lan ngakoni luput, kabeh wis tak tampa. Uga panjalukmu supaya diwenehi urip, oraa kok jaluk nyatane kowe kabeh ya durung padha mati lan ora ana niyat ing atiku kanggo mateni kowe kabeh".

"Inggih matur nuwun Raden" wong pitulas semaur bareng.

"Nanging" Marga nerusne rembuge "aku karo sedulurku ora ngerti apa kowe kabeh kepengin ngresiki sesiku saka mBah Jenggotarang, awit nggonmu padha tumindak luput ing kukubane Sendhang Teleng iki, apa ora?. Yen ora, prayogane kowe kabeh enggal oncat saka papan kene, karo lurahmu iki gawanen pisan".

Wong pitulas kuwi ora enggal semaur, nanging banjur padha inget-ingetan karo kancane. Sawuse sauntara ngono kuwi, banjur salah siji saka wong pitulas kuwi ngomong :

"Nyuwun sih kawlasan malih Raden, estunipun kula sakanca kepengin sanget reresik supados sedaya sesiku ingkang nemplek ing jiwa raga kula sakanca saged ical. Mugi Raden kepareng paring pepajar, punapa ingkang kedah kula lampahi ? menawi ta kedah liwat margi nampi pidana, kula sakanca kanthi rila legawaning manah badhe nglampahi punapa wujuding pidana?".

Marga meneng banjur nyedhakne lambene menyang kupinge Rangga. Rangga mesem karo manthuk-manthuk tandha nyarujuki apa sing arep dikandhakne Marga marang wong-wong sing wis teluk lan pasrah bongkokan kuwi.

"Yen mangkono sedulur kabeh" Marga banjur bali omong marang wong pitulas andhahane Lurah Sugali "kanggo luwar saka sesiku sing kok sandhang, sadurunge srengenge surup, kowe kabeh kudu wis bisa ngadhep marang Ki Guru Sukirna ing Padhepokan Banyugurih. Amerga, sing kagungan srana kanggto reresik kuwi ora ana liya kajaba mung Ki Banyugurih, dene srana liyane, sajroning patang puluh dina, kowe duwe kuwajiban melu ngreksa kasugengan lan kawibawane Ki Guru Sukirna lan padhepokan Banyugurih. Yen wis patang puluh dina, sesiku sing tumemplek ing jiwa ragamu kabeh bakal ilang. Nanging, yen sesiku iku ora kok resiki, mangka paling suwe patang puluh dina saka dina iki, kiowe kabeh mbuh bareng mbuh gentenan kowe bakal ngundhuh wohing pakarti, temah dadi wadal lan rabuke taman kraton Sendhang Teleng kene".

Wong pitulas kuwi banjur padha pating greneng omong padha kanca, rembugan piye carane supaya enggal bisa nglakoni apa sing dikandhakne Marga kiuwi mau.  Kira-kira wektu sapanginang anggone padha rembugan padha kanca, salah siji saka wong pitulas kuwi  banjur takon marang Marga :

"Kanca-kanca sami nyuwun pirsa malih Raden, kados pundi kaliyan Ki Lurah ingkang taksih kados makaten punika? dipun tilar ing mriki punapa kados pundi, awit kanca-kanca dereng mangertos kersanipun Ki Lurah, milih ndherek reresik jiwa raga dhateng Padhepokan Banyugurih punapa milih dados wadal sawuring kraton Sendhang Teleng punika".

"Murih becike, Ki Lurah Sugali gawanen pisan menyang Banyugurih, dene mengko yen wis tekan kana, pranyata Ki Lurah ora mbutuhne reresik jiwa ragane, ya wis kareben, kuwi ora dadi sesanggemmu kabeh. Lan murih gangsaring laku, kowe kabeh bisa ngetutne lakune Kakang Wukir lan Kakang KIurantil sing wis ngajak aku lan kakangku sowan Ki Guru Sukirna ing Padhepokan Banyugurih" Marga wangsuloan lan aweh pituduh marang wong-wong kuwi murih becike.

Ora suwe wong-wong kuwi nuli tata-tata yasa tandhu kanggo nggotong Ki Lurah Sugali sing durung bisa tangi.

 

Ana Candhake.

 


SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (6)

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

6

Gandheng wis kadenangan yen tekane ora ijen, Lurah Sugali banjur ngawe andhahane supaya nyedhak kabeh. Sing diawe gage padha nyedhak kanthi sikep sing padha yaiku ngepung Rangga lan kanca-kancane. Lurah Sugali mlintir brengose sing ketel lan dawa, banjur karo suwara anteb kandha marang Rangga :

"Pancen sajake kowe ora gelem nguwongne aku ya Gus? Tujune wektu iki atiku lagi seneng, dadi ora bakal aku aweh pidana marang kowe. Nanging kowe aja banjur sakepenakmu, dina iki kowe bocah loro kudu manut tak gawa menyang Jatipethuk tak sowanake marang Raden Sentani.Ngerti?"

"Ki Lurah" dumadakan Marga nyauti rembug "omongan ndika kuwi thik kaya omongane wong mendem kecubung? Sing luput kuwi ndika sakanca ndika kabeh, ndika wis teka tanpa kula nuwun ing laladan panguwasane Simbahku, saiki malah arep nggawa putune lunga. Satemene ndika kuwi bisa mikir nganggo polo apa ora?".

"Eh, Bocah bagus, kowe yen ngomong aja mung angger muni ya?" Sugali wiwit panas krungu rembuge Marga sing ngarani dheweke kaya wong mendem "wiwit mau aku nyoba sabar lan tumindak alus marang kowe bocah loro sing embuh pinangkane, nanging sansaya suwe, sikepmu sansaya nrucak ora kena disanak. Tak elingne apik-apikan, nek kowe kena dak eman manuta, ayo bareng salakuku tak jak sowan ing ngarsane Raden Sentani. Aja kuwatir, ora-ora yen kowe nganti disiya-siya kaya lumrahe wong dadi bandan, malah kepara yen kowe manut, kowe bakal nemu kamukten, bakal diuja apa sing dadi karepmu".

"Lurah Sugali" Rangga nyaut rembug "sing nrucak kuwi kowe, dudu aku utawa adhiku. Saiki mumpung aku ya durung nesu, becik kowe sakkancamu enggal lunga saka papan kene, selak nyepet-nyepeti panduluku".

Sugali muntab sakala, nanging dheweke isih eling yen duwe karep marang bocah loro kuwi, mula banjur aweh sasmita marang rowange supaya maju lan ngringkus Rangga lan Marga. Ana wong wolu sing bareng maju arep nyekel lan ngringkus Rangga lan Marga, wong papat kejatah ngringkus bocah siji, ngebyuk bareng. Sugali dhewe banjur minggir rada ngadoh, nyawang saka kadohan, karo ngenteni bocah loro kuwi bengok-bengok sambat njaluk diluwari.

Nanging, sepira kagete Sugali lan wong liyane, sadurunge klakon bisa ngringkus Rangga lan Marga wong wolu sing maju bareng kuwi padha tiba glangsaran gulung koming ana lemah. Nadyan ora padha, Rangga lan Marga tumindak bareng. Rangga nggunakne sikile sing tengen disadhukne mengarep kena dhadhane salah siji wong sing arep ngrubut dheweke, sing ketiban sadhuk kontal limang jangkah banjur nggeblak klojotan neng lemah, disusul sikil kuwi mubeng cepet kaya kitiran nyapu wong telu liyane sing uga banjur padha rubuh neng lemah gulung koming polahe. Beda karo Marga, bocah kuwi milih nggunakne tangane, musuh sing teka, disaut banjuur disendhal tangane, tiba krungkeb banjur dicandak sikil loro-lorone, digeret mendhuwur, klawan entheng diangkat diobat-abitne kanggo nyampluk wong telu liyane sing uga padha mencelat rada adoh, klumah neng lemah, banjur sing dicekeli kuwi disawatne menyang sing padha klumah. Dadi ora nganti sapanginang, andhahane Sugali wis kalong wolu, sanadyan ora ana sing nganti mati, nanging wis padha kanji ora wani nyedhak maneh marang bocah loro sing dikira ora bisa apa-apa kuwi.

Andhahane Sugali liyane sing cacah sanga, bareng ngliga gamane dhewe-dhewe siaga ngrangsang marang Rangga lan Marga, kari nunggu prentah saka lurahe. Sugali dhewe ora kober aweh prentah, kesusu mencolot maju, nyedhaki Marga karo ngirimne kepelan sing meh sak klapa srumbatan gedhene, ngener ngarah wetenge Marga. Nanging Marga ora lagi turu, kepelane Sugali diniyati ora arep diendhani, nanging malah diedu karo sikute sing ditekuk, klawan sikil sing tetep kukuh kuda-kudane. Ngerti yen serangane ditangkis nganggo sikut, Sugali njola kaget, nanging wis ora bisa narik tangane kanggo ngendhani sikute Marga. Ana kekuwatan tempuk, antarane kepelan sing nanggor sikut. Sugali kontal memburi nganti pitung jangkah, banjur mandheg klawan sempoyongan. Marga uga kesurung mundur rong jangkah, kuda-kudane rada owah.

"Setan" bareng wis bisa nata adege, Sugali misuh, ndudut pedhang saka wrangkane, banjur prentah marang andhahane "ora usah dieman, gunakna gamanmu kanggo ngringkus setan loro kuwi, urip utawa mati".

Wong sanga sing nampa prentah kuwi banjur maju mengarep sing uga banjur dipapagne dening Rangga kang uga wis nyekel teken bongkotan pring kuning sing sajempolan sikil gedhene lima kilan dawane. Weruh andhahane wis wiwit maju, Sugali banjur nyedhaki Marga karo muter pedhange sing dawa tur gedhe. Neng tangane Sugali pedhang kuwi ketok entheng, kaya wilah sing dicekel bocah cilik, kanggo dolanan perang-perangan.

"Mengke rumiyin, tengga sekedhap Ki Lurah" dumadakan saka papane Wukir mbengok ngendheg Sugali sing sansaya cedhak karo Marga.

Sugali mandheg, banjur semaur santak, karo mripat murup abang angatirah : "Mengko giliranmu keri, yen bocah loro iki wis rampung, ngerti?"

"Boten perkawis niku" Wukir semaur ayem "nanging kula namung ajeng omong, yen kula boten tumut-tumut anggen ndika tukaran kaliyan Ki Rangga lan Ki Marga niku, dados mengke nek wonten dukane mBah Jenggotabang, kula boten tumut-tumut".

"Mingkem!!!" Sugali nggetak karo menthelengi Wukir. Nanging Wukir sajak ora ngrewes, malah banjur bengok-bengok karo noleh menyang prenahe wit Preh :

"mBah Jenggotabang, bumi kalih langit nekseni, kula boten tumut-tumut tiyang-tiyang niku kabeh, kula ajrih kalih panjenengan kula boten ajeng wani kalih putu ndika kalih niku".

"Wong edan" Sugali sansaya nesu, banjur mbengok "nek kowe ora gelekm mingkem, klakon tak kekrek cangkemu nganggo pedhangku iki mengko".

Nanging Wukir malah sansaya banter anggone mbengok : "Estu mBah, kula boten tumut-tumut".

Disauti karo pambengoke Kurantil sing uga padha : "Kula nggih boten tumut-tumut lho mBah Jenggotireng, kula kalih kakang kula dede kancane tiyang sing ajeng nukari putu panjenengan......".

Wong sanga andhahane Sugali sing wis maju klawan gamane dhewe-dhewe, bareng nyumurupi trekahe Wukir lan Kurantil sing mbengok-mbengok sajak keweden marang mBah Jenggotabang kuwi, dadi padha mikir lan ketularan rasa wedi. Wiwit percaya yen Rangga lan Marga kuwi tenane dudu manungsa, nanging bangsa alus, putune mBah Jenggotabang tenan, sing lagi memba-memba dadi manungsa. Mula banjur kandheg anggone padha maju, pedhang sing padha dicekeli padha ndhengkluk, luruh mangisor pucuke ngarah lemah, sing nyekeli padha ndhingkluk kanthi praupan pucet, ketok wedi. Olehe wong sanga kuwi padha percaya yen sing diadhepi jebul bangsa alus, merga wong-wong kuwi uga nitik tandange bocah nom loro sing nyata katon nggegirisi, kancane cacah wolu wis pating blasah neng lemah karo gereng-gereng merga kelaran. Malah wong-wong iku ya weruh Lelurahe sing selawase yen perang ora tau bisa dikalahne, dina iki nadyan durung kalah nanging wis katon bisa kontal mundur nganti adoh merga adu kekuwatan karo bocah sing durung ilang pupuk lempuyange. Kang mangkono mau wis bisa ndadekne wong sanga kuwi njupuk dudutan yen sing diadhepi dudu manungsa wantah.

Beda karo Sugali, ngerti Wukir lan Kuranti mbengok-mbengok nyebut jenenge mBah Jenggotabang, atine dadi mundhak kebranang, Marga ditinggalne, ngalih genti marani Wukir lan Kurantil. Pedhange diangkat dhuwur, banjur dibabatne ngarah githoke wong loro siswa Padhepokan Banyugurih kuwi.

ana candhake.

 


Jumat, 28 Mei 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (5)

 

Kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

5

Rangga lan Marga nerusake olehe ethok-ethok ora ngerti klawan tekane wong wolulas sing lelurahe mlaku nyaketi papane leren. Sinoman loro kuwi malah ngajak Wukir lan Kurantil ndelok lan ngomongne iwak-iwak sing padha slira-sliri saba ing sajroning sendhang sing bening kuwi. Ing Sendhang kuwi pancen akeh iwake, ora mung jinise wader lan iwak-iwak cilik sing ngaton ngambang, sanadyan iwak sing gedhe-gedhe jinising tambra lan gurameh uga kerep ngaton, nyabeg ing lumahing banyu sendhang. Ora mung Rangga lan Marga sing seneng nyawang asrining iwak sing padha saba, nadyan Wukir lan Kurantil uga kasengsem nyawang maneka iwak sing padha nglangi klawan ati mardika kuwi.

Lurahe wong sing ngupengi papan kuwi anggone mlaku wis cedhak karo papane wong papat sing lagi kasengsem nyawang iwak-iwak sendhang. Nanging ora ana sing migatekake, mula wong kuwi banjur omong banter takon semu rada nggetak :

"He, kok padha neng kene iki arep padha ngapa he?. Aja padha sembarangan, ngganggu ingon-ingone mBah Jenggotarang, nek nganti kesiku bisa mbilaeni.Ngerti?".

Wong papat sing mau padha nyawang iwak neng jero sendhang, kabeh bareng ndengngek, nyawang asale suwara. Bareng wis ngerti sapa sing takon karo nggetak kuwi. Wukir gage wangsulan :

"Boten kok Ki Lurah Sugali, kula namung ningali ulam-ulam niku kok, boten badhe ganggu damel".

"Ya wis, kowe rak wong Banyugurih ta? Wayah mene kok wis teka kene, arep menyang ngendi kowe?" Lurah Sugali takon maneh sajak ngemu sujana.

"Wau enjing, nyarengi kula dhateng pancuran, kula kalih Kang Wukir sumerep peksi kutut lan mireng suwantenipun sakalangkung sae. Peksi wau ketingale kok kuthuk sanget, mila lajeng badhe kula cepeng lan kula ingah, nanging saben kula tubruk kaliyan Kakang Wukir ajeg mleset, boten kenging, mabur radi tebih lajeng mandhap malih, makaten ngantos wongsal-wangsul, boten kraos anggen kula nguber plajenge peksi ngantos dumugi mriki, peksi ambyok lan ical ing sendhang punika. Lha Ki Sugali piyambak kok inggih sampun dumugi mriki? badhe tindak pundi?" Kurantil wangsulan lan dipungkasi genti takon.

Rangga lan Marga sing ngerti yen anggone wangsulan Kurantil kuwi dora, banjur duwe dudutan yen wong sing diarani Lurah Sugali kuwi dudu kancane Wukir lan Kurantil, lan nitik carane omong sarta slagane ketara yen wong kuwi seneng ngongasne panguwasa lan kekuwatane. Mula Rangga lan Marga ya ora ngucap apa-apa.

"Kok lancang temen ucapmu he?" dumadakan Lurah Sugali nggetak "wani-wanine kowe takon aku arep nyang endi? arep ngapa kowe? sasenengku aku arep nyang ngendi kuwi dudu perkaramu. Ngerti?".

"Nyuwun pangapunten Ki Lurah" Kurantil wangsulan njaluk pangapura, sajak wedi.

"Kowe kok ora blaka marang aku?" Sugali takon karo mlilik "mau kowe kandha nguber manuk mung karo sedulurmu sing jeneng Wukir kuwi, lha kok sing ana kene wong papat? Lha sing loro kuwi sapa?".

"Estu Ki Lurah, kula boten wani dora kaliyan ndika, sing disanjangne adhi kula Kurantil niku wau, leres. Nembe sareng dugi mriki, kula kepanggih piyantun kalih niki. Cobi nDika takeni piyambak" Wukir wangsulan, Wukir ngerti yen Rangga lan Marga kuwi dudu bocah nom lumrah, nanging nduweni kaluwihan sing pinunjul, banjur arep diadhepne karo Lurah Prajurit andhahane Raden Sentani sing seneng mara tangan milara wong sing dianggep luput marang dheweke kuwi.

Lurah Sugali genti nyawang marang Rangga lan Marga, banjuur takon nganggo basa sing luwih alus :

"O dadi sliramu bocah loro kuwi dudu bocah Banyugurih ya Gus?".

"Aku pancen dudu bocah Banyugurih Ki Lurah, nanging kepengin menyang Banyugurih" sing wangsulan Rangga karo mesem .

"Lha sliramu bocah ngendi Gus, sapa jenengmu lan ya gene kepengin menyang Banyugurih?" Sugali bali takon suwarane panggah sareh.

"Aku Rangga Ki Lurah lan iki adhiku Marga, aku bocah loro iki isih putune Simbah Jenggotarang kene, sing seje bapa biyung, aku karo adhiku kepengin menyang Banyugurih merga kepengin puruita, necep kawruh marang Ki Guru Sukirna" Rangga wangsulan.

Krungu wangsulane Rangga mangkono iku, wong sing jeneng Sugali kuwi njengkerutne bathuke, ketok nek ora seneng krungu rembuge bocah nom sing bagus rupane kuwi.

"He Bocah Bagus" Sugali bali omong nadyan ora kasar nanging suwarane ora alus kaya sadurunge "sliramu kuwi duwe rupa bagus, duwe slaga sing alus, nanging sethithik duwe cacad, yaiku sliramu kaya durung ngerti lagi rembugan karo sapa, ngertiya ya Gus sing kok ajak rembugan iki Lurah Prajurit Trah Majapahit piyandele Raden Sentani sing saiki kena diarani mangwasani Kademangan Jatipethuk. Dadi aja kok anggep wong lumrah utawa wong sepele sing kena kok ajak geguyonan sakarepmu dhewe. Aku takon sliramu kuwi bocah ngendi? wangsulana klawan sing sabenere".

Rangga ngguyu nyekakak krungu rembuge Sugali ngono kuwi, banjur bareng wis mandheg anggone ngguyu banjur aweh wangsulan :

"Sing gedhe pangapuramu Ki Lurah Prajurit Trah Majapahit, mesthine ndika ngerti nek kene iki wis ora kebawah Kademangan Jatipethuk sing jare ndika sajroning pangwasane sesembahan ndika Raden Sentani kuwi. Mula aku ya ora klebu kawula Jatipethuk, beda karo priyayi loro kuwi. Aku wis nyoba ngajeni marang ndika nganggo caraku, ndika takon wis tak wangsuli. Kuciwane wangsulanku ora padha karo sing ndika kersakne, kamangka sing duwe wangsulan kuwi aku dudu ndika, dadi nek wangsulan sing ndika butuhne kuwi kudu jumbuh lan kang ndika kersakne, ya aja takon nyang aku. Takona marang dhiri ndika dhewe. Wangsulanku ora owah, aku karo adhiku iki putune Simbah Jenggotarang sing nguwasani sakupenge sendhang Teleng kene, klebu sing ndika npidaki lan dinggo leren andhahan ndika cacah pitulas sing ndika prentah ngupengi Sendhang Teleng iki".

Satemene ora mung Sugali sing kaget krungu wangsulane Rangga sing terang trawaca ngono mau, nanging klebu Wukir lan Kurantil uga melu kaget. Kaget semu gumun, pranyata kajaba duwe panyawang sing luwih awas, nganti ngerti yen tekane Sugali ora ijen nanging ditutne andhahane cacah pitulas sing wis ngupengi Sendhang lan ngepung Rangga sakancane, Rangga uga wasis nganggit crita kanthi ngaku yen isih putune mBah Jenggotarang sing nadyan wong-wong akeh durung tau weruh wujude nanging padha percaya yen mBah Jenggotabang kuwi sing nguwasani Sendhang Teleng sakupengane. Nalika Kurantil nglirik Marga, Marga genti nglirik karo mesem.

Samono uga andhahane Sugali sing uga ngrungokne anggone Lurahe rembugan karo Rangga, uga padha kaget. Ana sing kaget merga nyumurupi ana bocah isih nom sing nadyan keker awake, nanging slagane alus, mratandhani durung pati akeh ngerti rasane wong kerengan, nanging wis wani rembugan klecon semu nyepelekne marang Lurah Sugali sing kondhang duwe sewu kaluwihan lan sekti mandraguna. Ana maneh sing kaget banjur kimbuhan rasa wedi, merga sithik akeh ana rasa percaya yen Rangga lan Marga kuwi temen-temen putune mBah Jenggotabang lelembut sing mbaureksa Sendhang.

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (4)

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

4

 

Byar padhang wong papat budhal saka Grojogan Jambe Kembar tumuju Padhepokan Banyugurih. Sadawaning dalan wong papat kuwi karo rembugan bab alas lan thethukulan sing diliwati, jenenge wit-witan utawa woh-wohan sing arang ditemoni. Babar pisan ora ngrembug kahanan ing Banyugurih utawa ing Jatipethuk sing wis marahi Ki Banyugurih kongkonan cantrike nyegat pangumbara ing cedhak Grojogan Jambe Kembar saperlu dijaluki pitulungan murih bali tentreme Banyugurih lan Jatipethuk. Miturut kandhane Wukir lan Kurantil, saka Grojogan jambe Kembar takan Banyugurih kuwi lakon setengah ari punjul sathithik. Mula Rangga mrayogakne olehe mlaku ora perlu kesusu, dadi dikira-kira sore mengko sadurunge surup wis tekan.

Nalika lakune srengenge oleh seprapating langit ing sisih wetan, lakune wong papat kuwi kepethuk sawijining Sendhang sing banyune bening nyarong, kinayoman wit preh sing gedhe lan ngrembuyung. Marga ngajak kanca-kancane mandheg, leren anggone mlaku, wangune Rangga kepengin nyedhaki sendhang sing sajak nengsemake pandulu kuwi.

"Sendhang punika sinebat Sendhang Teleng, Ki Rangga" Wukir aweh weruh jenenge Sendhang marang Rangga sing ora kedhep-kedhep namatne sesawangan asri ing sakiwa tengene sendhang "sanadyan tebih saking padhusunan, nanging sok wonten ingkang ndugeni papan punika".

"Oo, pantes, gisiking Sendhang katon resik. Lha wong sing teka mrene kuwi mung arep ngenggar-enggar ati apa duwe karep liyane?" Rangga takon.

"Inggih, Sendhang Teleng punika kondhang wingitipun, resiking kawontenan boten awit dipun resiki titiyang ingkang saba mriki, nanging awit perbawaning Sendhang piyambak. Cobi ndika pirsani rak boten wonten ron utawi sanesipun ingkang nyebloki sendhang lan sakupengipun, sadaya barang ingkang dhumawah badhe nisih. Punika awit ingkang mbaureksa Sendhang punika ingkang ngersakaken. Titiyang ingkang ndugeni sendhang punika kathah-kathah sami ngalap berkahipun mBah Jenggotarang, inggtih ingkang mbaureksa sendhang Teleng punika" Wukir aweh katrangan ngenani sendhang sing asri kuwi.

"O ngono?" wangsulane Rangga sajak wis ngerti karo sing dicritakne Wukir.

"Lha mBah Jenggotarang kuwi omahe ing sisih ngendi?" Marga genti sing takon "awake dhewe kudune luwih dhisik kula nuwun neng daleme, merga arep leren ing papan sing dadi rereksane.Supaya ora nuwuhake panyakrabawa ala marang awake dhewe. Rak ya ngono ta Kakang?"

Muni ngono kuwi Marga karo noleh nyawang Rangga, njaluk tetimbangan.

"Iya bener kuwi Dhi" wangsulane Rangga sing banjur mbaleni pitakone Marga mau marang Wukir lan Kurantil "ayo Kang Wukir, aku tuduhna daleme mBah Jenggotaarang, tak kula nuwun, ora kepenak atiku yen nganti diarani bocah nom sing ora weruh ing tatakrama. Nek mBah Jenggotarang dhewe kira-kira ora apa-apa, nanging rewang utawa kulawargane bisa rada ora kepenak marang awake dhewe".

Wukir lan Kurantil ngguyu, banjur Kurantil omong alon-alon nanging cetha :

"Kula kaliyan Kang Wukir niki, estunipun inggih dereng nate kepanggih kaliyan mBah Jenggotarang niku Ki. Awit mBah Jenggotarang punika wujud badan alus, ingkang mapanipun ing wit Preh niku. Criyosipun menawi wonten ingkang ngalap berkah ing mriki, saratipun caos dhahar dhateng mBah Jenggotarang sarta mbesmi dupa ing ngandhaping wit preh. Mangke menawi mBah Jenggotarang kepareng ngersakaken manggihi tiyang wau, mBah Jenggotarang badhe ngetingalaken wujudipun".

"Dadi sing ngalap berkah neng kene durung mesthi bisa weruh wujude mBah Jenggotarang?" Marga takon.

"Leres Ki Marga" Wukir wangsulan "sok ngotena, liripun nadyan boten dipun panggihi boten ateges panyuwunipun boten dipun kabulaken. Criyosipun ngakathah, kathah ingkang dereng sami nkepanggih nanging nyatanipun panyuwunipun sami dipun kabulaken".

"Lha sing disuwunke marang mBah Jenggotarang kuwi apa wae?" Rangga gtenti sing takon.

"Inggih gumantung ingkang dipun betahaken punapa?" Wukir wangsulan "wonten ingkang nyuwun supados anggenipun laku dagang saged laris, wonten ingkang nyuwun supados anggenipun tetanen saged kathah wedalipun sarta dipun tebihaken saking ama, wonten ingkang nyuwun enggal kaparingan momongan sasampunipun dangu nggenipun emah-emah nanging dereng gadhah anak, wonten ingkang dipun caketaken jodhonipun, wonten ingkang nyuwun supados tiyang estri ingkang dipun tresnani saged kepencut dhateng piyambakipun, ugi wonten ingkang nyuwun kaparingan awet nom lan taksih kathah malih".

"Lha Kang Wukir lan Kang Kurantil tau nyuwun apa marang mBah Jenggotarang?" Marga takon karo mesem.

"Kula boten badhe nyuwun utawi ngalap berkah mriki Ki" Kurantil wangsulan manteb.

"Lho kena apa?"

"Awit sinten ingkang ngalap berkah ing mriki, benjing menawi sampun titiwancinipun pejah, alusipun kedah netepi prajanjen, inggih punika kedah ndherek dados rewangipun mBah Jenggotarang. Kamangka dhawuhipun Bapa Guru Ki Sukirna, sak apes-apesipun tiyang punika ingkang benjang sasampunipun pejah boten saged wangsul dhateng Gustinipun. Lan kula ajrih menawi ngantos awit dados rewangipun mBah Jenggotarang  ndadosaken kula boten saged wangsul dhumateng Gusti" Kurantil nggenahne omonge.

"Sanaosa makaten Ki" Wukir nambahi katrangane Kurantil "Bapa Guru Ki Sukirna ugi paring weling dhumateng kula lan sadaya cantrik mentrik ing padhepokan Banyugurih, boten dipun parengaken memada langkung-langkung ganggu damel dhateng sok sintena ingkang remen ngalap berkah dhateng papan-papan wingit sarta nyenyuwun dhateng ingkang mBaureksa papan kala wau. Bakenipun Bapa Guru namung dhawuh dhateng Cantrik lan Mentrik supados namung nyenyuwun dhumateng Gusti ingkang yasa lan mbaureksa jagad saisinipun punika".

Saking katreme anggone padha rerembugan Wukir lan Kurantil padha ora ngerti, mung Rangga lan Marga sing weruh, nanging ora dikandhakne, yen wong papat mau wis dikupengi wong wolulas sing ana sacedhake sendhang. Tetuwane wong sing ngupengi kuwi wong papat kuwi bisik-bisik karo salah sijine andhahane, ngrasani wong papat sing lagi katrem jejagongan. Nadyan mung bisik-bisik sing kancane dhewe wae akeh sing ora krungu, nanging Marga lan Rangga, bisa klawan cetha nangkep omongan klesak-klesik kuwi.

"Genah kuwi wong-wong Banyugurih ngono lho Trot?" sing dadi pangarepe wong-wong kuwi nakoni andhahane.

"Sing kalih, pancen nggih Lurahe" wangsulane sing ditakoni "nanging cobi ndika pirsani sing kalih tasih nem-nem niku?".

"Iya-iya, mripatmu pancen awas Trot, dedeg piyadege bocah loro kae pancen bisa gawe ngilere sing weruh, pakulitane kuning ngemu giring, resik lan alus, kathik rupane ya bagus pisan, aja samar kowe mengko mesthi nampa bebungah akeh dhewe, nanging ya nek wis bocah loro kae klakon dikersakne Raden Sentani" sing diarani Lurahe dening sing diceluk Trot kuwi wangsulan.

"Lha nek Gusti Raden Sentani boten kepranan?" Sontrot takon.

"Kowe tetep oleh bebungah, ora saka Raden Sentani nanging saka aku, nek Raden Sentani ora ngersakne, kuwi jenenge rejeki kanggo aku? aku dhewe sing arep ngopeni hapsara loro kae" Lurahe wangsulan karo cengar-cengir sajak seneng atine. Sontrot mesam-mesem melu seneng, ing pikirane wis ketok bakal tampa redana sing ora sethithik, bisa kanggo pista Tuak lan Arak ing warunge Badra Klentreng apese ana sepasar.

Lurahe banjur aweh sasmita marang andhahane supaya waspada, wong kuwi banjur lon-lonan mlaku nyaketi papane sing lagi padhya katrem jejagongan.

 

ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...