Total Tayangan Halaman

Rabu, 09 Juni 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (27)

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

27

Ki Guru Sukirna radi kaget manahipun mireng menawi Bebau Dasa meh kemawon suduk-sudukan kaliyan Ki Sukirdi, Demang Wakil, ingkang ugi rayinipun Ki Guru piyambak. Kamangka adat ing sampun Ki Sukirdi punika boten gampil panas baran, langkung-langkung ngantos kerengan kaliyan tiyang sanes, awit Ki Sukirdi punika ngugemi sipating sodagar ingkang ngaosi sesamining tiyang jalaran nggadhahi petang bilih duka mangke wancinipun mesthi badhe ngajak petang kaliyan piyambakipun sarta badhe nyukani bebathen, menawi ngantos pethal anggenipun kekadangan ateges sami kaliyan ngirangi rejekinipun piyambak. Nanging Ki Guru Sukirna ugi boten kesesa mastani bilih mbokmenawi anggenipun wicanten Ki Bebau ing Ngantang punika sampun kesangeten, pramila lajeng pitaken :

"Mangke rumiyin Ki  Bau, Sukirdi punika adhi kula piyambak, dados kula sampun apal kaliyan teku lan sipatipun, dados kula inggih radi gumun semu kirang pitados menawi ngantos antawisipun andika kaliyan Sukirdi meh kemawon adu siyungipun Bethara Kala. Punika larah-larahipun kados pundi?".

"Inggih Ki Guru" wangsulanipun Ki Bebau Dasa "mbok menawi wekdal niku, kula sampun kesangeten anggen kula matur temah ndadosaken Ki Demang Wakil duka yayah sinipi, nanging menawi kula piyambak ingkang matur mbok menawi kirang trep, kula mesthi ngrencangi awak kula piyambak, cobi Ki Guru ndangu dhateng Ki Suyudi ingkang ugi pirsa kawitan ngantos pungkasan anggen kula badhe kerengan kaliyan Ki Demang Wakil punika".

Ki Guru Sukirna mesem, nyata yen Ki Bebau punika inggih radi julik, tata gelar boten purun mastani menawi ingkang lepat punika Ki Sukirdi, lajeng badhe ngginakaken pamanggihipun tiyang sanes, nanging tiyang sanes punika harak sampun cetha bilih sapamanggih kaliyan piyambakipun?. Ewa samanten, Ki Guru Sukirna inggih nglegani panedhanipun Bebau ing Ngantang kasebat.

"Kados pundi ta Ki Suyudi, larah-larahipun? kok ngantos meh kedadosan ingkang makaten kala wau?" Ki Guru Sukirna nunten pitaken dhateng Ki Suyudi.

Ki Suyudi nggleges, ngertos pikajengipun Ki Bebau ing Ngantang, ugi sumerep menawi Ki Guru Sukirna namung badhe nglegani manahipun Ki Dasa.

"Estunipun rak makaten ta Ki Guru" Ki Suyudi wicanten sareh "kados ingkang kula lan Ki Bebau lampahi dinten punika sowan lan nyuwun Kalidamar dhateng Ki Guru, nalika samanten kula kaliyan Ki Bebau sowan Ki Demang Wakil, nyariyosaken prekawis ingkang nembe kemawon kula lan Ki Bau aturaken dhateng Ki Guru. Waunipun Ki Demang Wakil ugi nanggapi kanthi sae lan ngendika bilih panjenenganipun ugi ndherek prihatos kaliyan gagaripun anggen kula kaliyan Ki Bebau bebesanan, nanging sareng Ki Bebau nyuwun pengadilan, liripun nyuwun supados Ki Demang Wakil nimbali Raden Sentani sarta kapurih ndhawuhi Raden Sentani ngendheg anggenipun ngremeni para nem-neman jaler ing Jatipethuk, Ki Demang Wakil boten kersa minangkani panyuwunipun Ki Bebau kala wau".

"Salajengipun?" Ki Guru Sukirna pitaken malih, awit Ki Suyudi kendel anggenipun wicanten.

"Lha pawadanipun Ki Demang Wakil, prakawis anggenipun Raden Sentani suka ngremeni para nem-neman jaler, punika prakawis ingkang boten wonten sambung rapetipun kaliyan lumampahing paprentahan ing Kademanangan Jatipethuk. Ugi boten damel kapitunanipun ingkang sami nglampahi, jalaran kanyatanipun para nem-neman jaler ingkang sampun dipun remeni dening Raden Sentani ugi katingal remen manahipun malah kepara langkung kopen. Punapa malih miturut kabar ingkang dipun tampi dening Ki Demang Wakil, para nem-neman jaler ingkang manggen ing griyanipun Raden Sentani punika, boten namung kinarya rencang tilem ing salebeting senthong, nanging ugi sampun sinengkakaken dados siswanipun Raden Sentani ing reh Kanuragan lan kebatosan, supados ing tembe saged kinarya bebentenging Kademanngan" Ki Suyudi kendel malih anggenipun wicanten.

"Punika criyosipun Sukirdi, anggenipun mbelani Kadang puponipun?" Ki Guru Sukirna pitaken malih.

"Inggih Ki Guru" wangsulanipun Ki Suyudi ingkang lajeng kalajengaken "lajeng Ki Bebau matur semu tutur dhateng Ki Demang Wakil, Ki Demang Wakil sampun gampil kabalithuk tembung manis saking Raden Sentani, awit sampun nyata bilih awit tumindakipun Raden Sentani punika damel tunanipun Ki Bebau sarta kulawarga kula. Lajeng Ki Bebau ugi mewahi bukti malih, bilih kanthi rawuhipun Raden Sentani ing Jatipethuk lajeng katambahan duginipun rencang-rencangipun Raden Sentani ingkang ngaken Prajurit Trah Majapahit punika sampun ngewahi cara gesangipun titiyang ing Jatipethuk dados bibrah, kathah ingkang sami katularan tiyang-tiyang boten cetha ingkang mbekta nami Prajurit Trah Majapahit, ingkang remen kasukan ngabotohan tuwin ndem-ndeman ciu, arak lan tuak ugi ing Jatipethuk sampun wonten wande kangge madat lan nyeret nedha apyun ingkang kabesmi. Sadaya punika manawi dipun umbar tartamtu badhe boten sae kedadosanipun tumrap dinten ngajengipun Jatipethuk".

"Mila leres ingkang dipun kuwatiraken Ki Bebau punika......." Ki Guru Sukirna sumela rembag.

"Nanging mugi kauningan Ki Guru" Ki Suyudi wicanten malih "Ki Demang Wakil anggenipun paring wangsulan dhumateng aturipun Ki Bebau punika , malah ngabritaken kuping".

"Liripun?"

"Kaliyan gumujeng, Ki Demang Wakil mastani bilih Ki Bebau punika boten saged ngreksa lan mituturi yoganipun piyambak, nanging malah nglepataken tiyang sanes ingkang nggadhahi cara gesang ingkang benten kaliyan Ki Bebau. Ciu, arak, tuak, candu lan sanes-sanesipun punika dangu saderengipun Ki Demang Wakil lahir, punika sampun wonten. Titiyang ingkang suka ngabotohan dolanan Dhadhu, ngaben ayam, menda utawi maesa, punika ugi sampun kaprah katindakaken dening manungsa wiwit jaman kina makina. Dados Ki bebau boten sisah kagetan utawi gumunan. Titiyang suka ngabotohan, mendem lan nyeret, punika boten badhe damel kapitunanipun tiyang sanes ingkang boten remen lan boten purun nglampahi . Menawi ta wonten ingkang nggadhahi pamanggih bilih ngabotohan punika murugaken mlarat, rak inggih mlarat-mlaratipun piyambak? pancen namine seneng punika awis reginipun, kalebet seneng main, lan boten namung seneng main lan ngabotohan kemawon ingkang murugaken tiyang dados mlarat. Menawi ndem-ndeman sarta madat punika murugaken risaking raga, punika rak inggih raga-raganipun piyambak ? Kenging punapa Ki Bebau ngajak Ki Demang Wakil dahwen pati open, nyampuri ingkang dede prekawisipun?"

"Hm.........." boten kraos Ki Guru Sukirna ngedalaken suwanten nggereng. Ki Suyudi nunten nglajengaken anggenipun wicanten :

"Ki Bebau lajeng matur malih, nguwatosaken menawi ewah-ewahan ing Jatipethuk punika kapireng dening Punggawa Mataram, minggahipun kapireng dening Kanjeng Panembahan Senapati Ing Ngalaga utawi Patih Mandaraka, ingkang boten remen menawi kawulanipun dados bibrah awit kayungyun dhateng ngabotohan lan ndem-ndeman, nunten ndhawahaken putusan njabel kalenggahan Demang Wakil sarta netepaken kangge nata murih pagesanganing kawula ing Jatipethuk kangge sauntara paprentahan ing Jatipethuk kaasta Lurahing Prajurit ingkang pinilih dening Patih Mandaraka".

"Inggih punika ugi saged kaleksanan saestu Ki Suyudi" Ki Guru Sukirna numpangi rembag "yen ngantos kedadosan makaten, para kawula rinten dalu tansah dipun awasi dening Prajurit Mataram kados ing laladan paprangan. Mendah susahipun?".

"Lha Ki Demang Wakil lajeng kaliyan semu duka, ndhawahaken pandakwa bilih Ki Bebau badhe ngunjukaken palapuran menggah kawontenan Jatipethuk punika dhateng Mataram. Mesthi kemawon angsal pandakwa ingkang makaten Ki Bebau lajeng duka, Ki Demang Wakil boten kepareng njabel pandakwanipun. Lajeng tiyang kekalih sami tantang-tantangan, ngaben tosing balung wuleting kulit ing plataran Kademangan. Lajeng kula madeg minangka sespuhing Mancakaki, kekalihipun nunten kula pisah. Sanaosa makaten, dugi sapriki prakawis antawisipun Ki Bebau, Kula lan Ki Demang Wakil dereng rampung, malah saya ndadra, ngambra-ambra".

"Kok saged makaten Ki Suyudi?".

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (26)

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

26

Tamu cacah sekawan, utawi kalih jodho punika sajak boten jenjem anggenipun sami lenggah. Ki Guru Sukirna ugi boten enggal nakeni menggah kersanipun para tamu, malah ngajak rembagan entheng-enthengan bab anggenipun sami ulah tetanen. Sareng para tamu sok kirang tanggap kaliyan ingkang dipun rembag, wasana Ki Guru Sukirna nunten wiwit pitaken :

"Nggih nuwun sewu kemawon Ki Suyudi sekaliyan saha Ki bebau sekaliyan, nyuwun pangapunten sajakipun anggenipun sami rawuh ing padhepokan mriki, punika boten namung dhapur tetinjo utawi ameng-ameng kemawon, mbok bilih badhe wonten dhawuh kangge kula? mangga kula aturi ngendikan kanthi mardika"

"Mila leres Ki Guru" Ki Suyudi miwiti wicanten sasampunipun pikantuk sasmita saking Bebau Ngantang, Ki Dasa supados wicanten langkung rumiyin "inggih labet saking jibeg, kodheng sarta bingunging manah ingkang sami, kula dalasan semah kula miwah Ki lan Nyai Bebau Ngantang , kula sowan dhateng Padhepokan mriki badhe nyuwun Kalidamar dhateng Ki Guru".

"Kalidamar Ki ?" Ki Guru Sukirna nyela wuwus.

"Inggih Ki Guru" gantos Ki Bebau ing Ngantang ingkang nerusaken wicanten "estunipun antawisipun Kula kalih semah kula kaliyan Ki lan Nyi Suyudi punika rak sampun sarembag badhe bebesanan, njodhokaken yoga kula jaler pun pun Singgah kaliyan yoganipun Ki Suyudi pun Westhi, lare kekalih ugi sampun sami remenipun".

"Inggih Ki Bau" Ki Guru Sukirna numpangi rembag "kula sampun nate mireng babagan punika, malah kabar ingkang sampun kula pireng anggenipun ndhaupaken inggih ing wulan punika. Punapa Ki Bebau lan Ki Suyudi rawuh mriki ngersakaken murih kula ndherek rencang, nganam Bleketheple, nata tarub? Sampun kuwatos Ki, kula mesthi badhe bidhal nyengkuyung anggen andika sami badhe kagungan kersa, nadyanta namung saklungsu kula mesthi ndherek udhu".

Mireng wicantenipun Ki Guru ingkang makaten punika, Ki Suyudi lan Ki Bebau Dasa malah sareng-sareng ngedalaken suwanten panggresah ugi sami narik napas landhung.

"Prakawisipun boten mapan ing babagan Tarub utawi ubarampe kangge mantu Ki Guru" Ki Suyudi wicanten "nanging, anggen kula kaliyan Ki Bebau badhe besanan punika mangke ketingalipun badhe gagar sarta jugar".

"Gagar lan jugar kadospundi Ki?" Ki Guru Sukirna pitaken.

"Boten namung niku Ki Guru" Ki Bebau Dasa numpangi rembag "malah menawi wonten kirang bejanipun badan, kula badhe kecalan anak jaler".

Ki Guru Sukirna ngraos gumun kaliyan rembagipun Ki Suyudi miwah Ki Bebau Dasa makaten punika, lajeng wicantenipun :

"Sakedhap Ki, tulung ndika jlentrehaken menggah lelampahan ingkang sampun dumados, ngantos andika kekalih ngendika ingkang makaten kala wau".

"Cariyosaken makaten Ki Guru" Ki Suyudi miwiti nyariyosaken lelampahan ingkang dipun lampahi "suwaunipun sedaya lumampah kanthi sae, boten wonten pepalang ingkang dados pambeng niyat kula kekalih bebesanan punika. Nanging sareng Ki Sentani, ingkang samangke ngagem sesebatan Raden Sentani punika dugi saking anggenipun kesah sarta nggadhahi pandherek ingkang kathah ingkang ngaken Prajurit Trah Majapahit, punika ingkang dados jalaran wurungipun anggen kula badhe bebesanan kaliyan Ki Bebau ing Ngantang, tuwin ingkang badhe ndadosaken Ki Bebau Dasa kecalan yoga jaler".

Anggenipun sami rembagan kendel awit wonten cantrik ingkang minggah ing pendhapa, ngladosaken pasegahan rupi pisang kepok ingkang dipun godhog kawadhahan rege, kaliyan benteran kopi ing cangkir bumbung, tuwin Gendhis Klapa minangka adunipun wedang ingkang winadhahan ing layah alit.

"Mangga sami katuran angedhapi sawontenipun Ki, mangga Nyi" Ki Guru Sukirna ngacarani tamunipun murih angedhapi paegahan ingkang dipun ladosaken dening Cantrikipun "Pisang niki asil tanemanipun para Cantrik ingkang marsudi ulah tetanen, makaten ugi kopinipun ugi anggenipun methik ing pategilanipun padhepokan, gendhis klapa punika yasanipun para cantrik piyambak".

"Inggih matur nuwun sanget Ki Guru" wangsulanipun Ki Suyudi sinambi nyandhak bumbungipun kopi "saking padhepokan Banyugurih mriki mangke badhe nglahiraken para mudha ingkang trampil ing kardi jumbuh kaliyan ingkang dipun persudi".

"Tur ugi tangguh ing reh Kanuragan, anoraga ing reh kebatosan" Ki Bebau Ngantang mewahi rembag.

"Inggih mugi-mugi pangestu andika sami kinabulaken dening Gusti Ingkang Maha Asih Ki" wangsulanipun Ki Guru Sukirna kaliyan nyruput kopinipun.

Sasampunipun sami ngunjuk tuwin dhahar pasegahan ingkang linadosaken, Ki Suyudi nunten nglajengaken anggenipun wicanten :

"Pranyata Ki Sentani ingkang gantos asma dados Raden Sentani punika sampun ewah benten kaliyan Ki Sentani saderengipun kesah rumiyin. Samangke Raden Sentani remen nglempakaken nem-neman ingkang bagus-bagus kapurih manggen ing griyanipun. Kalebet pun Singgah, calon mantu kula punika".

"Punika limrah Ki Suyudi, awit para nem-neman punika badhe dipun siagakaken kangge nyengkuyung gegayuhanipun Si Sentani" Ki Guru Sukirna nigas rembag.

"Punika boten leres Ki Guru" Ki bebau ing Ngantang wicanten klawan suwanten ingkang radi inggil "nanging kangge ngrisak dinten wingkingipun para nem-neman punika".

"Ki Bau kok saged ngendika makaten?" Ki Guru Sukirna pitaken.

"Inggih" Ki Bebau Dasa njlentrehaken ingkang sampun dumados "gandheng wekdal anggenipun badhe dados manten sampun sansaya caket, yoga kula Singgah kula celuk murih wangsul".

"Lha lajeng? dening Sentani dipun penging?" Ki Guru Sulkirna pitaken.

"Boten" wangsulanipun Ki Bebau Dasa "Singgah ugi wangsul, nanging dugi griya lajeng criyos dhateng kula miwah biyungipun  bilih piyambakipun boten sagah malih dipun jodhokaken kaliyan Gendhuk Westi. Awit piyambakipun samangke sampun kapundhut dados Selir dening Raden Sentani".

"Selir?"

"Leres Ki Guru" Ki Suyudi mewahi rembag "lan meh sedaya nem-neman ingkang bagus-bagus punika, samangke sampun kapundhut dados seliripun Raden Sentani sedaya".

"Punika napa boten nami tiyang edan ingkang ngrisak tatanan Ki Guru?" suwantenipun Ki Bebau inggil malih.

"Menawi wonten nem-neman ingkang boten purun nuruti pikajengipun Raden Sentani, nem-neman kala wau dipun damel sengsara gesangipun, kados lare ingkang dipun alami Tanaya lare anakipun tanggi kula, piyambakipun ajrih nglampahi dados seliripun Raden Sentani, samangke dados lare ingkang kados ewah pikiripun, asring bengok-bengok ajrih, awit saben-saben dipun dhatengi sawer ageng, inggih ing patilemanipun, sok-sok sawer punika ngetingal sampun nggremeti badanipun" Ki Suyudi njangkepi cariyosipun Ki Bebau.

Ki Guru Sukirna mendel, ing angen-angenipun wangsul emut dhateng cariyosipun Ki Sukirdi ingkang nyariyosaken lelampahan saha ngilmu ingkang dipun gilut dening Sentani.

"Inggih awit sedaya kala wau Ki Guru" Ki Suyudi nglajengaken anggenipun wicanten "sowan kula tiyang sekawan punika badhe nyuwun pitulungan saha Kalidamar murih pepeteng ingkang kula lan Ki Bebau sandhang punika saged enggal sumilak nebih. Kula nggadhahi pamanggih, menawi prakawis punika dipun umbar tan wurunga badhe ndugekaken Dukaning Para Dewa, punika menawi miturut kapitayan kula, menawi miturut kapitayanipun Ki Guru inggih badhe nuwuhaken dukanipun Gusti Allah, jalaran lampahipun Raden Sentani punika estu sampun cengkah kaliyan piwucaling sadaya agami".

"Estunipun Ki Guru" gantos Ki Bebau ingkang wicanten "saderengipun kula sowan Ki Guru punika, kula sampun matur dhateng Ki Sukirdi minangka Demang Wakil ing Jatipethuk punika. Nanging malah antawisipun Ki Sukirdi kaliyan kula meh kemawon dados pasulayan saupami boten kapisah dening Ki Suyudi duka kula, duka Ki Suyudi ingkang pejah. Awit nalika samanten kula kaliyan ki Sukirdi sami-sami sampun nyepeng Dhuwung Pusaka".

 

ana Candhake.

 


Selasa, 08 Juni 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (25)

 



kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

25

Let sewulan saking anggenipun kadugenan Ki Sukirdi, Ki Guru Sukirna sengaja bidhal nganglang Kademangan, manggihi para Mancakaki lan para Bebau sarta para mudha, pados sisik melik ingkang magepokan kaliyan cariyosipun Ki Sukirdi nalika sanja dhateng Padhepokan. Pranyata maksih kathah para Bebau lan para Mancakaki ingkang boten nyarujuki menggah lekasipun Sentani ingkang samangke ngagem sesebatan Raden Sentani. Sanaosa para Mancakaki lan para Bebau punika sampun wongsal-wangsul sumerep anggenipun Raden Sentani ngatingalaken pangeram-eram, nedahaken kasekten saha kalangkunganipun, nanging racak-racak sami gadhah pamanggih bilih ing Mataram tiyang ingkang nggadhahi kasekten lan kalangkungan ngungkuli Raden Sentani sakalangkung kathah, dados boten saukuripun dumeh sampun nggadhahi kasekten badhe madeg kraman mengsah Mataram. Makaten ugi babagan wadya bala miwah prajurit, sanadyan Raden Sentani kasengkuyung ingkang ngaken Prajurit Trah Majapahit, nanging yen katandhing kaliyan prajurit Mataram tartamtu boten wonten sakpra seketipun.Menawi saestu Raden Sentani madeg kraman sami kaliyan nglalu ajak-ajak. Awit inggih badhe nemahi lelampahan kados dene sulung mlebet ing geni.

"Lha banjur tumanggape Sentani kepriye klawan panemu ndika iku?" Ki Guru Sukirna nakeni Ki Sugiyana salah setunggaling Bebau ing Jatipethuk ingkang boten nyarujuki lekasipun Sentani, mawi pawadan kados kasebat wau.

"Raden Sentani namung  ngendika : kowe durung ngerti kekuwatane Trah Majapahit sawutuhe lan kesusu sulap krungu kekuwatane Mataram. Nanging ya ora apa-apa, yen klakon panggayuh iki kaleksanan ya aja meri lamun kancamu dadi Tumenggung lan kowe tetep dadi Bebau sing uripe mung njagakne wetune bumi bengkok lan palungguh sing mung cukup dipangan saben dinane. Kula inggih lajeng mendel, boten wangsulan, ajrih menawi dados paben awit salah tampi" wangsulanipun Ki Sugiyana dhateng Ki Guru Sukirna.

Benten malih kaliyan Ki Praya, Bebau ing Bunguran, inggih punika padhusunan kidul piyambak saking Kademangan Jatipethuk. Ki Praya nyariyosaken bilih nembe kemawon dipun dugeni dening tepanganipun ingkang dados Bebau ing Kademangan Kalikebo. Bebau tepanganipun Ki Praya wau ngabaraken bilih ing Kademangan Kalikebo samangke kathah kedadosan griyanipun titiyang sugih sami kedhatengan kampak ingkang ngrebut bandha donyanipun. Naminipun Kampak inggih kejem tur boten wigah-wigih natoni utawi mejahi ingkang dipun kampak menawi boten purun masrahaken bandhanipun. Ugi ing margi - margi ingkang sepen, asring para warga Kalikebo kepanggih begal ingkang nedha kanthi meksa bandha-bandha pangaji ingkang dipun agem utawi dipun bekta. Namung kemawon wonten kaelokan, nalika wonten tiyang Kalikebo ingkang saged memanuki playunipun para Begal lan Kampak kalawau sasampunipun pikantuk mangsan, jebul dhateng Kademangan Jatipethuk.

"Sareng kula dhedhepi pranyata Begal lan para durjana ingkang damel kisruh ing Kademangan Kalikebo punika jebul para Prajurit Trah Majapahit ingkang dipun lurahi Ki Sugali" makaten criyosipun Ki Praya dhateng Ki Guru Sukirna.

"Banjur apa sing ndika tindakne sawuse ngawruhi kedadeyan kang kaya mangkono iku mau?" Ki Guru Sukirna pitaken dhateng Ki Bebau ing Bunguran.

"Kula akeni Ki Guru, suwaunipun kula inggih nyengkuyung lekasipun Raden Sentani" wangsulanipun Bebau Bunguran "pramila kula inggih lajeng madulaken trekahipun para Prajurit Trah Majapahit ingkang kados makaten kala wau, ing pangangkah Raden Sentani kersa ngendheg lampah nasar ingkang dipun lampahi para Prajurit kala wau".

"Mesthine sawuse ndika wadulake marang Sentani banjur ora ana maneh kabar wong kampakan utawa wong dibegal ing Kademanngan Kalikebo?" Ki Guru Sukirna nyelani rembug mawi pitakenan.

"Niku nek Raden Sentani kersa ndhahar atur kula?" suwantenipun Ki Praya kepireng cuwa.

"Lha banjur?"

"Kula malah nampi deduka saking Raden Sentani, wadulan kula dipun anggep crita ngayawara, kula lajeng dipun giri-giri badhe kadhawahan pidana ingkang awrat menawi ngantos wadulan kula kala wau kula criyosaken dhateng tiyang sanes. Dalunipun kula dipun dhatengi Ki Lurah Sugali, kula dipun pisakit ing ngajenge anak lan semah kula, lajeng kula ugi dipun incim menawi ngantos kula ngambali ndhedhepi lampahipun Para Prajurit kala wau, kula badhe dipun damel cacad ing selawasipun, semah kula badhe dipun prawasa ing ngajeng kula lan anak kula badhe dipun pejahi. Sampun Ki Guru, borong anggen badhe andika mastani, kula Praya bebau ing Bunguran, angur kula minggat saking Jatipethuk tinimbang kula kedah nyengkuyung lekasipun Raden Sentani" Bebau Bunguran mungkasi anggenipun cariyos, kaliyan praupan ingkang katingal gela lan cuwa.

Ki Guru Sukirna boten mangsuli punapa-punapa dhateng Ki Bebau ing Bunguran, namung kaliyan kesah pundhakipun Ki Praya dipun puk-puk minangka tandha bilih Ki Bebau kadhawuhan murih langkung sabar ngadhepi kawontenan.

Nalika lampahipun Ki Guru Sukirna nglangkungi satunggaling wande, Ki Sukirna kendel sakedhap. Suwaunipun badhe mlebet dhateng wande punika, ambok bilih saged pikantuk warta kathah, nanging lajeng kawurungaken. Awit kathah tiyang ingkang ngaken Prajurit Trah Majapahit sami jejagongan ing wande mriku, campur kaliyan tiyang-tiyang Jatipethuk. Ingkang murugaken Ki Guru murungaken anggenipun badhe lumebet wande jalaran Ki Guru boten wentala mireng wicantenipun para tiyang ingkang ngaken Prajurit Trah Majapahit ingkang rerembagan kaliyan tiyang-tiyang jatipethuk, kanthi suwanten kasar mawi basa ingkang lekoh lan saru, ingkang boten pantes kaucapaken dening tiyang ingkang nggadhahi budaya. Awit asring kapireng titiyang wau nyebat peranganing badan ingkang wados, sinambi gumujeng lakak-lakak.  Lan saking katebihan ketingal sedaya ingkang wonten mriku sami ngongasaken kekiyatan anggenipun saged nelasaken kathah unjukan-unjukan ingkang saged damel wuru, kamangka kawontenanipun inggih nembe sami mendem. Kadosipun wekdal samangke, ingkang makaten-makaten punika sampun dipun anggep limrah ing wande punika. Awit saking boten kiyatipun ngentep raosing manah nyumerepi sesawangan makaten kala wau, Ki Guru nunten nilaraken papan punika, nedya wangsul dhateng Banyugurih.

Dumugi ing Padhepokan, jebul Ki Guru Sukirna sampun dipun entosi dening tamu, ingkang ngrantos ing regol jejagongan kaliyan cantrik ingkang jagi.  Ki Guru Sukirna radi gumun awit tamu ingkang nengga ing regol wau, nuwun inggih Ki Suyudi tetuwaning Mancakaki sekaliyan semahipun, ugi wonten Ki Bebau ing Ngantang, nenggih Ki Dasa ugi sekaliyan sisihanipun. Nalika sami sumerep Ki Guru Sukirna sampun wangsul, titiyang kasebat sami ngadeg asung kurmat.

"Nyuwun pangapunten kula ingkang sowan Ki Guru" Ki Suyudi wicanten kaliyan nangkubaken tanganipun ing dhadha asikep sembah kalbu.

"Samanten ugi kula Ki Guru, bekti kula mugi katur" Ki Dasa kanthi sikep ingkang sami ugi wicanten dhateng Ki Guru ingkang nembe dugi.

"Kula ingkang nyuwun pangapunten" Ki Guru Sukirna wangsulan kaliyan mesem semanak "awit boten ngertos menawi badhe karawuhan tamu, malah kula katrem leledhang dhateng jawi radi dangu, punika kala wau. Mangga lenggah dhateng Pendhapa mrika supados radi sekeca anggenipun jejagongan".

Ki Guru Sukirna nunten minggah dhateng pendhapa, salah satunggal saking cantrik ingkang jagi regol ngrumiyini, lajeng nggelar klasa nam-namaning mendhong kangge lenggahipun Ki Guru Sukirna miwah tamunipun ingkang cacah sekawan, ing jogan satengahing pendhapa.

"Tulung digawekne unjukan kagem tamu" Ki Guru Sukirna aweh prentah dhateng cantrik ingkang nembe kemawon nggelar klasa "karo aku jupukna wedang sere sing ana kendhi"

"Inggih Bapa" wangsulanipun Cantrik kalawau nunten mlampah dhateng wingking.

"Harak inggih sami kasugengan ta Ki Suyudi miwah Ki Bau?" Ki Guru Sukirna mbagekaken tamunipun, sasmpunipun sami lenggah ing gelaran.

"Inggih awit saking pangestunipun Ki Guru, lampah kula tiyang sekawan punika sami kepanggih kawilujengan" Ki Suyudi makili rencang-rencangipun mangsuli pambagenipun Ki Guru Sukirna.

 

ana candhake.


SENDAHANG MUSTIKANING WARIH III (24)

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

24

Nyumurupi gedhening tekad saka Ki Trenggilingwesi samurid-muride kabeh, jujur wae atiku banget mongkog. Panyengkuyung mungguhing gegayuhanku kang luhur iki sansaya gedhe, maune saka para trahe Raden Kumbina sing mencar tekan ngendi-endi sing dening Lodana arep diklumpukne, saiki ketambahan saka Padhepokan Grojogan Kaligedhe, malah isih arep ketambahan wadya bala Bacingah sing arep diimpun dening Ki Trenggilingwesi awit saka pamrayogane Rama Nagaburik ing Grojogan Jambe Telu. Nanging bareng ngelingi kahananku sing mung pas-pasan, aku dadi mikir kepiye carane aweh pangan marang wong-wong kuwi mengko. Mula aku banjur njegreg rada sauntara.

Jebul apa sing ngebot-eboti pikiranku kuwi uga dipikir dening Ki Trenggilingwesi, ketitik Ki Trenggilingwesi tumuli kandha marang aku :

"Gusti Raden Sentani sampun menggalih ingkang remeh-remeh, kados upaminipun menggalihaken tedhanipun para pandherek, punika sampun ngantos dados penggalihanipun Gusti Raden Sentani".

"Inggih Ki" wangsulanku "nanging punika kabetahan ingkang kedah wonten, lajeng menawi dede kula ingkang mikiraken lajeng sinten ingkang badhe mikir? Kamangka sadaya para pandherek punika sampun masrahaken pejah gesangipun, sampun boten mikir kabetahanipun piyambak malih, sadaya sami masrahaken jiwa lan raganipun kangge wangsulipun Kamulyaning Majapahit".

Ki Trenggilingwesi gumuyu ngakak, banjur kandhane :

"Mugi kauningan Gusti, estunipun ing ngandhaping pendhapa punika sampun kathah brana picis ingkang dipun singgahaken dening Sugali sakanca-kancanipun, inggih celengan wohipun nyambut damel ingkang sampunh langkung saking sedasa tahun. Sadaya barang celengan punika mangke badhe kaboyong dhateng Jatipethuk lan kaaturaken dhumateng Gusti kula Raden Sentani kangge sanguning lelabuhan. Kajawi saking punika, sadangunipun dereng wonten perang brubuh antawisipun Trah Majapahit mengsah Mataram, sedaya lare saking Grojogan Kaligedhe badhe mencar nyambut damel pados wewahing bandha kangge wragat lelabuhan punika, kula pitados ingkang dipun lampahi dening kadang-kadang Trah Raden Kumbina boten benhten kaliyan ingkang dipun lampahi dening Sugaloi sakancanipun, Gusti".  

"Punapa punika Ki?" aku takon merga durung mudheng karo sing dikandhakne Ki Trenggilingwesi.

"Makaten Gusti" Ki Trenggilingwesi aweh wangsulan "estunipun sedaya kemawon nyiriki lampah nistha, ngrebat gadhahaning ngasanes, nanging gandheng kaliyan kawontenan para Trah Majapahit punika sami sesingidan menawi ngantos kadenangan ingkang nembe nyepeng panguwaos tartamtu badhe dipun tumpes, pramila para Trah Majapahit sami nindakaken perang sesingidan, liripun badhe mengsahi sok sintena ingkang purun manunggal kaliyan mengsahipun Sinuwun Brawijaya Pamungkas, inggih Gusti Girindrawadana. Inggih naminipun mengsah, menawi sampun kawon bandhanipun limrah menawi dados gadhahanipun ingkang mimpang, Gusti".

Tak rasa-rasakake apa sing dingendikakne Ki Trenggilingwesi kuwi ana benere. Mula aku ya banjur meneng lan nampa apa sing dadi ature.

"Makaten cariyosipun Kang Mas Sentani dhateng kula Kangmas"  Ki Sukirdi mungkasi anggenipun nerokaken criyosipun Sentani.

Mireng cariyosipun Ki Sukirdi ingkang makaten kala wau, Ki Guru Sukirna lajeng pitaken dhateng rayinipun ingkang kajibah ngayahi jejibahan minangka Demang Wakil ing Jatipethuk :

"Yen mangkono, Sentani wis niyat arep madeg kraman mungsuh Mataram Dhimas?".

"Ancasipun kangmas Sentani mila makaten Kangmas, nanging wekdal punika taksih nata kekiyatan lan ugi ngempalaken para panyengkuyung kalebet badhe nyuwun panyengkuyungipun sadaya mancakaki lan kawula ing Jatipethuk sedaya kalebet kula lan Kangmas Guru" wangsulanipun Ki Sukirdi.

"Lha mungguh panemune si Adhi, apa lekase Sentani iki pantes sinengkuyung apa ora? lan apa si Adhi uga wis sumurup kepiye mungguh sikep lan panemune para Mancakaki sarta para kawula ing Jatipethuk?" Ki Guru Sukirna pitaken malih.

Ki Sukirdi wongsal wangsul ambegan landhung, sareng sampun radi dangu nunten wicanten :

"Kadospundi inggih Kangmas? kenging kawastanan ewuh oya ing pambudi tumraping kula, badhea kados punapa kula punika sampun kaserat ing Kutha Gedhe Mataram minangka kawula lan abdi Mataram, ingkang sampun kadhawuhan ngayahi jejibahan minangka Demang Wakil ing Jatipethuk mriki. Kamangka prasetyaning awakipun piyambak rak inggih badhe setya dhateng Nagari Mataram ta Kang Mas?. Malah kalih dinten kapengker kanthi sesidheman, wonten utusan saking Mataram mundhut pirsa dhateng kula punapa ing Jatipethuk wonten warga enggal ingkang nggadhahi sikep ingkang aneh?. punapa kula kadhatengan tamu ingkang ngajak mbangkang parentahing ratu? punapa wonten tiyang neneka ingkang ngaken badhe mangsulaken kawibawan Majapahit, lan taksih kathah malih pamundhut pirsanipun. Kula inggih kapeksa dora sembada awit kula kuwatos bilih ingkang dipun kersakaken punggawa Mataram punika Kangmas Sentani. Nanging, menawi ngemuti bilih awakipun piyambak punika Trah Majapahit, mesthinipun kedah anyengkuyung lekasipun Kangmas Sentani punika. Awit kanyatanipun dhuking kina, nalika Majapahit taksih wonten Tanah Jawi punika nate dados punjering paprentahan ingkang mbawahi nagari-nagari manca, sareng paprentahan kaasta titiyang ingkang ngrasuk agaminipun tiyang manca, wontenipun ing paprentahan namung rebat panguwaos, paten pinaten sesamining sedherek, Bagus Mukmin mejahi Surawiyata, Penangsang mejahi Bagus Mukmin, Karebet numpes Penangsang, Sutawijaya mengsah Karebet  makaten bebasan boten wonten kendelipun. Menawi Kangmas Guru kados pundi?".

Kyai Guru Sukirna mesem midhanget wicantenipun Ki Sukirdi ingkang makaten kalawau. Lan Ki Guru Sukirna sampun saged mendhet dudutan bilih estunipun ingkang rayi punika langkung condhong dhateng lekasipun Raden Sentani. Sanaosa makaten Ki Guru Sukirna ugi boten kaget utawi ngleresaken punapa dene nglepataken pamanggihipun Ki Sukirdi.Pramila nalika katakenan menggah pamanggihipun , Ki Guru Sukirna inggih lajeng paring wangsulan :

"Ngene ya Dhi, mula bener apa sing kok kandhakake ing ngarep, awake dhewe iki manggon ewuh oya ing pambudi, milu edan ora tahan, yen tan milu anglakoni, baya keduman melik, kaliren wekasanipun. Nanging andilalah kersa Allah sak begja-begjane wong sing lali isih begja sing eling lawan waspada. Jaman biyen,wong tuwane dhewe yaiku  Bapa Demang wis nelakake yen Jatipethuk iki peranganing nagara Demak Bintara, banjur dadi Kademangan awit saka pambiyantune Gusti Arya Penangsang ing Jipang. Bareng Jipang ilang, Demak ngalih nyang Pajang Bapa Demang uga ngakoni yen yen Kademangan Jatipethuk iki perangane Kasultanan Pajang, samono uga nalika punjering paprentahan ngalih menyang Mataram lan nganti tekan saiki Jatipethuk kuwi kademangan kang kaereh dening Mataram. Mula yen si adhi wis bisa nglakoni dora sembada wani muni ora ngerti karo apa sing ditakokke Punggawa Mataram marang si Adhi, tak kira aku ya bisa sembada marang Sentani, lire aku ora arep ngalang-alangi nggone arep nggayuh kamukten, nanging aku ya ora wani nyidrani janji mbalik wani karo Kanjeng Panembahan Senapati ing Alaga. Sabanjure Dhi, yen si adhi ngrembug Trah Majapahit satemene sing nyekel panguwasa kuwi wiwit biyen ya Trah Majapahit kabeh. Awit Sultan Demak kuwi genah nek putra dalem Kanjeng Sinuwun Sri Brawijaya Kalima sing kendhang saka praja awit Majapahit kabedhah dening Sinuwun Brawijaya Pamungkas, sing maune Adipati Kedhiri. Pawadan anggone wani ngraman, Sinuwun Girindrawarna jarene males ukum awit leluhure Ya Arya Ardaraja disingkirake dening Raja Majapahit kapisan. Lan wiwit madege Majapahit kuwi satemene paten pinaten antarane sedulur kuwi kaya-kaya wis jeneng lumrah, sababe kabeh-kabeh kepengin mangwasani siji lan sijine. Luwih nemen sing ndadekne Majapahit surem kuwi sawuse kedadeyan Perang Pareg-reg, antarane padha-padha putra Kanjeng Sinuwun Prabu Hayamwuruk. Dadi sing ndadekne Majapahit sansaya surem pamore kuwi ya mung merga kabeh-kabeh padha rumangsa bener dhewe, liyane dianggep salah nek perlu kudu disirnakne. Yaiku sing diarani panguja hawa nafsu. Aku ora bisa ngarani endi sing bener endi sing luput. Nanging sing baku anane dahuru kang gawe sengsarane kawula alit kuwi ora sabab Trah sing beda luwih-luwih agama sing ora padha, nanging sing dadi sabab ora liya ya anane nafsu sing diumbar ngandar-andar temah nuwuhake kasangsaran lan kasangsayane liyan".

Kathah-kathah anggenipun kojah Ki Guru Sukirna dhateng ingkang rayi. Nanging inggih boten wonten dudutan bilih tiyang kalih punika badhe ambala dhateng sinten menawi ngantos Sentani saestu mbalela nglawan paprentahaning Nagari Mataram.

 

ana candhake.


Senin, 07 Juni 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (23)


kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

23

Jebul aku karo Ki Trenggilingwesi mau wis tlingsingan beda dalan. Nalika aku metu saka Grojogan Jambe Telu, Ki Trenggilingwesi mlebu liwat dalan sing beda. Dening Rama Nagaburik Ki Trenggilingwesi dijarwani yen aku arep mampir padhepokane. Nalika aku ngetokne pangeram-eram ing ngarepe Sugali sakancane mau, mbarengi tekane Ki Trenggilingwesi teka.

"Dadi  aran kabeneran" kandhane Ki Trenggilingwesi ing sela-selane crita "upama aku ora enggal bali, embuh dadine karo Sugali sakancane mau, merga Sugali kuwi nduweni sipat nekad nadyanta kudu lebur dadi glepung adate suthik nyidrani pagurone".

"Makaten inggih Bapa?" aku nanggapi karo mesem.

"Iya pancen mangkono" wangsulane Ki Trenggilingwesi "nanging sajake Dewa isih ngeman Padhepokan Grojogan Kaligedhe kene, temah tekaku ora kasep".

Sugali sing uga ana ing pendhapa kuwi katon manggut-manggut sajak eram karo sing dingendikakne gurune, banjur sumela atur :

"Estunipun kala wau kula rak boten ngertos menawi Bapa Guru jengkar saking Padhepokan ta Bapa? Awit kula kinten anggenipun Bapa Guru dhawuh bilih badhe manggihi Ki Nagaburik  punika taksih benjing-benjing".

"Maune pancen ngono Sugali, nanging bareng tak gagas-gagas kurang prayoga yen sowanku menyang Grojogan Jambe Telu kuwi tak endhe-endhe, awit mbok menawa wae ora mokal yen saka Mataram banjur teka prajurit sagelar sepapan ngrabasa Padhepokan sing dianggep thukulaning satru merga ora sudi ngakoni Si Sutawijaya kuwi Wewakiling Hyang Agung sing marentah Tanah Jawa" wangsulane Ki Trenggilingwesi.

"Nuwun sewu Ki" aku nyela rembug, takon "kok nyebat-nyebat Mataram ugi Sutawijaya, punika punapa sambetipun kaliyan Padhepokan Grojogan Kaligedhe Ki?".

Ki Trenggilingwesi meneng sedhela, banjur wangsulan :

"Kira-kira sepasar kepungkur, Grojogan Kaligedhe ketekan wong sing ngaku jeneng Raden Singasari, ngakune jare utusan saka Mataram sing ngabarake lamun Padhepokan Grojogan Kaligedhe iki isih klebu reh-rehan Mataram, mula aku banjur diprentah supaya saben setahun kudu melu seba ing adicara paseban tumbuk yuswa, yaiku ing wanci rembulan purnama sasi katelu. Gandheng ing tahun iki wis kliwat, mula lagi tahun ngarep aku kudu miwiti seba".

"Lha lajeng kok Ki Trenggilingwesi lajeng manggihi Rama Nagaburik, punika sambetipun kados pundi?" aku takon maneh.

"Kuwi ngene" Wangsulane Ki Trenggilingwesi "nadyan aku wis nyaguhi prentahe, Raden Singasari durung trima, banjur njaluk supaya aku aweh tandha bukti yen temen-temen  Padhepokan Grojogan Kaligedhe iki wis ngakoni yen peranganing Mataram sing ora kena dipisahake".

"Lha lajeng?"

"Satemene anggonku nyaguhi gelem melu seba kuwi mung lamis lan aku ora bakal sudi teka ngadhep Sutawijaya ing Mataram, nggonku nyaguhi iki mung ben ora dadi pasulalayan antarane aku karo si Singasari, sebab aku ngrumangsani yen Grojogan Kaligedhe iki durung kuwat ngadhepi yen nganti dirabasa dening prajurit sagelar sepapan saka Mataram. Mula bareng dijaluki tandha bukti kasetyanku marang Mataram, aku banjur mojar yen dina iki durung bisa, nanging paling suwe sajroning sesasi aku bakal marak menyang Mataram ngaturake tandha kasetyan kuwi, nanging sepisan maneh iki ya mung lamis wae. Singasari ya banjur bali, nanging aku kuwatir yen dheweke bakal teka maneh karo nggawa wadya bala, merga aku wis dianggep cidra ing janji.  Mula aku banjur sowan Ki Nagaburik, nyuwun rerigen murih becike" wangsulane Ki Trenggilingwesi.

"Lha lajeng dhawuhipun Rama Nagaburik kados pundi?" aku takon maneh.

"Miturut Ki Nagaburik, ora suwe maneh Majapahit bakal bali  madeg. Lha sing bakal mandhegani madege Majapahit mengko ora ana liya kajaba trah Prabu Brawijaya Pamungkas turasing Raden Kumala lan Raden Bintulu kang wus nyawiji, sing sesilih Raden Sentani. Mula dening Ki Nagaburik aku diprayogakake manunggal karo Raden Sentani. mBaka sethithik kabeh cantrik ing Grojogan Kaligedhe kene bakal nyawiji nusul menyang Kademangan Jatipethuk lan dadi prajurit Trah Majapahit sing ngawula marang Raden Sentani. Dening Ki Nagaburik aku uga kadhawuhan kajaba mikuwati para prajurit Trah Majapahit ing Kalipethuk, uga kadhawuhan ngumpulake para Bacingah, yaiku para prayangan sing isih rupa manungsa lan duwe badan wadhag (setengah manungsa setengah siluman -pen)  saloring bengawan lan diajak mikuwati Prajurit Trah Majapahit ing Jatipethuk. Kanggo sing keri iki, aku diprayogakake mapan ing Kedhaton Jambe Telu kumpul lan Ki Nagaburik".

"Dados mangke Padhepokan Grojogan Kaligedhe badhe dipun suwungaken Ki?" aku takon maneh.

"Kanggo sawantara kena diarani iya, nanging satemene ora. Jalaran, satemene ing waliking Grojogan Kaligedhe, Guruku ya sesembahanku sing asmane tak waris iki lagi semedi tapa brata ing kono, klawan wujude sing asli yaiku rupa Trenggiling sing gedhene telung prangkulane manungsa lumrah. Guru lan sesembahanku sing jejuluk Kyai Trenggilingwesi bakal bali ngatonake salirane maneh ing alam wadhag lamun Majapahit wis klakon madeg maneh"

"Manawi makaten kula saestu ngaturaken genging panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng andika Ki Trenggilingwesi, ingkang sampun nyengkuyung lampah kula kangge mangsulaken kawibawaning Majapahit punika" aku matur kanthi tulusing ati.

"Ora ana sing kudu antuk panuwun Ngger, awit iki dudu kanggo sapa-sapa nanging kabeh mau mung kanggo balining kawibawan Majapahit sing ateges kamulyane kabeh para-para kang darbe kasetyan marang Gusti Prabu Brawijaya Pamungkas" wangsulane Ki Trenggilingwesi sing banjur diterusne noleh marang para cantrike karo ngendika :

"Saiki padha rungokna, kowe kabeh tak prentahne supaya manunggal karo pepundhenmu Raden Sentani iki ing Jatipethuk, mung wae anggonmu budhal aja bebarengan murih ora ngawistarani. Aku dhewe,  padha rungokna lan seksenana bakal ngucapne prasetyaku marang Raden Sentani"

Rampung muni ngono kuwi, dumadakan Ki Trenggilingwesi banjur sujud karo nyembah marang aku, tumuli ngucap :

"Raden Sentani mugi sineksenan jagad saisinipun, wiwit dinten punika kula Sugiwang ingkang maris asma Ki Trenggilingwesi masrahaken jiwa lan raga kula kunjuk ing ngarsa paduka Raden Sentani, mugi kaginakna kangge srana nggayuh wangsulipun kawibawan Majapahit. Bebasan putung kinarya bebalang, lebur kinarya sawur,  boten badhe kula kawratan".

Prasetyane Ki Trenggilingwesi sing jebul jeneng asline Sugiwang, banjur diterokne kabeh cantrike sing uga banjur sujud lan ngucapne prasetyane dhewe-dhewe. Dumadakan ana suwara kaya suwara suling saka wuwunganing pendhapa, sinusul ana angin sumilir nggawa ganda arum mangambar-ambar kaya gandane kembang kanthil putih.

"Jagad Dewa Bathara" Ki Trenggilingwesi banjur jengkeng lan sikep sembah kalbu "ngaturaken genging panuwun saha nyuwun tambahing pangestu Guru, mugi Dewa Ingkang Maha Kawasa paring kasembadan sedya mulya punika".

Sepisan maneh sikep lan ucape Ki Trenggilingwesi diterokne dening para muride. Aku dadi mrinding weruh lan krungu kang kaya mangkono iku.

"Gusti kula Raden Sentani" Ki Trenggilingwesi kandha karo nyawang aku "suwanten suling saha gandanipun sekar kanthil pethak ingkang ngambar-ambar punika kala wau, estunipun sasmita saking Guru saha sesembahan kula inggih Rama Kyai Trenggilingwesi, ingkang paring panyengkuyung dhumateng lekas saha ancas kula sadaya".

"Inggih Ki" wangsulanku,banjur tak terusake masang sikep kaya sing lagi wae ditindakne Ki Trenggilingwesi lan murid-muride mau. Yaiku atur panuwun lan nyuwun pangestu marang Ki Trenggilingwesi sing wis asung sasmita becik marang aku lan wong-wong ing Grojogan Kaligedhe.

 

ana candhake


SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (22)

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

22

Jumbuh karo pawelinge Rama Nagaburik, saka Padhukuhan Ngancar aku banjur mlaku ngalor ngetan, arep mampir menyang Padhepokan Grojogan Kaligedhe sing dipandhegani dening Ki Trenggilingwesi. Padha karo nalika nggoleki papane padhukuhan Ngancar, aku nggunakne sipat kiandel Sampur peparinge Rama Nagaburik. Nalika miturut pituduhe Sampur wasiyat kuwi kira-kira sewu jangkah maneh aku bakal tekan ing Grojogan Kaligedhe, dumadakan lakuku diendheg dening wong sing cacahe kira-kira selawe, kabeh ketok keker-keker awake, nyandhang nganggone sarwa prasaja, praupan lan slagane katon kasar banget.

"He... mandheg dhisik Kisanak" tetuwane wong kasar kuwi omong karo ngadeg neng ngarepku. Aku ora wangsulan mung nyawang wong-wong kuwi genti-genten siji-siji. Kabeh nggawa gegaman sing wis diliga. Ana sing nyekel golok, bendho, wedhung lan pedhang.

"Kowe wong lima sajake lagi sepisan iki ngambah laladan iki ya?" wong kuwi takon.

"Iya Kisanak" aku wangsulan "pancen bener lagi sepisan iki aku liwat kene. Ana parigawe apa Kisanak ngendheg lakuku?".

"Ngetiya Kisanak" wong kuwi semaur "dalan sing ana iki kabeh sing gawe aku sakancaku. Sing oleh ngliwati ya mung aku sakancaku, dadi kowe sakancamu kabeh kudu mbalik ora kena ngliwati dalan kene, tak ancer-anceri wae, sewu jangkah saka kene ngarah marang kiblat papat kuwi laladan sing ora kena diambah luwih-luwih diliwati dening sapa wae, kajaba wong sing wis tak ngerteni mungguh kelakuwane, mbebayani tumrap kulawarga padhepokan apa ora".

"O, dadi ndika iki kulawarga padhepokan Grojogan Kaligedhe?" aku nlemak mawa pitakonan marang wong kuwi.

"Bener" wong kuwi wangsulan cekak.

"Yen ngono tiba kebeneran Kisanak" aku ngomong karo mesem "aku karo kancaku lima iki pancen arep sowan Ki Trenggilingwesi ing Grojogan Kaligedhe, dadi mesisan aku nyuwun tulung marang ndika larapna sowanku ing ngarsane Ki Trenggilingwesi".

Tetuwane wong-wong kuwi ora enggal semaur, malah banjur noleh memburi nyawang kanca-kiancane. Wong kuwi padha pating klesik omong dhewe karo kancane. Klawan sabar aku ngenteni anggone wong-wong kuwi rampung omongan. Sauntara iku tak lirik Jedeng, Anggada, Yadim, Jadhug lan Sogle wis ngliga pedhange dhewe-dhewe, siaga ngadhepi bebaya. Sajake gladhen keprajuritan wis dilestarekne dening wong tuwane diwulangne marang anak-anake.

"Ora bisa kisanak" bareng wis sauntara wong kuwi aweh wangsulan marang aku "kowe sakancamu kudu bali, ora ana pilihan liya. Iki pelingku marang kowe, dening Ki Trenggilingwesi aku pancen ora dikeparengake tumindak kasar marang wong sing kena dielingne, nanging yen kowe nekad, ya kapeksa aku bakal tumindak kasar".

"Mengko dhisik Kisanak" aku nyoba ngajak rembugan "yen ndika ora gelem nglarapne sowanku, tulung aturna marang Ki Trenggilingwesi, Aku Raden Sentani putra mantune Ki Nagaburik ing Grojogan Jambe Telu, kepengin sowan ing ngarsane Ki Trenggilingwesi, ngono wae".

"Piye?" Wong kuwi ketok muntab kanepsone "Kowe Raden? dadi tunggale wong Mataram wingenane kae. Yen ngono saiki uga tak prentahne cepet minggata saka papan kene sadurunge bathangmu dadi pakane asu ajak ing alas kene!"

"Sabar dhisik Kisanak, aku dudu wong Mataram, nanging ........." aku nyoba nggenahake.

"Cukup!" wong kuwi nggetak santak, banjur prentahe marang andhahane : "ayo ca, iki tunggale Raden Singasari wingenane, sajake arep mbaleni gawe gendra. Ayo diranjab bareng-bareng mumpung durung kebacut".

"Nggiiiiih......." wangsulane andhahane bebarengan, disusul padha pating pencolot mapanake dhiri ngepung aku lan kanca-kancaku sing saka Ngancar mau.

Satemene aku rumangsa eman, yen kudu kerengan karo murid-murid Grojogan Kaligedhe iki. KIurang-kurang bejane yen nganti klakon kerengan, bakal nuwuhake kurban. mBuh salah siji saka kancaku wong lima saka Ngancar kuwi, mbuh saka murid-muride Grojogan Kaligedhe. Kamangka tekaku iki mau arep nambah kekuwatan kanggo mungsuh sing nyekel panguwasa. Nanging sajake murid-murid Grojogan Kaligedhe kuwi wis ora bisa diajak rembugan maneh. Aku banjur mikir, perlu ngetokne pangeram-eram kareben wong-wong kuwi gelem diajak rembugan. Aku banjur triwikrama, ngrapal aji peparinge Rama Nagaburik.  Guluku modot dadi dawa, praupanku uga wis salin dadi praupan Ula Gedhe  sing ngisis siyung,  tanganku loro kabeh nyekeli gegaman, sing tengen wis tak ngge nggegem ukirane Keris Kyai Luwuk, sing kiwa tak ngge nyekeli landheyane Tumbak Pusaka Kyai Tundhungnyawa. Sengaja aku ngeses banter, ngetokne upas nanging ora tak semburne menyang pernahe wong-wong Grojogan Kaligedhe, malah tak semburne menyang gegodhongan ing sacedhakku, sing ndadekne godhong-godhong kuwi dadi alum sakala kaya disiram nganggo banyu sing umub.

Weruh kahananku wong-wong dadi mandheg, ora sida maju ngrubut. Sajake padha miris ndulu rerupanku sing isa malih dadi manungsa setengah ula ngono kuwi. Dumadakan ana suwara gumuyu sing renyah, banjur disusul guneman sing alus sing ditujokne marang aku :

"Cukup, wis cukup Ngger Raden Sentani, rucaten nggonmu Triwikrama mundhak meden-medeni bocah cilik" saka pucuking wit sing dhuwur kumleyang wong mencolot mudhun sajak kaya wong mabur, banjur ngadeg ing antarane aku karo wong-wong Grojogan Kaligedhe.

"Bapa Guru......." wong-wong Kaligtedhe padha alok semu gumun.

Aku banjuur ngrucat wewujudan sing nggegilani mau bali marang wujudku sakawit. Karo aweh kurmat aku nyoba takon marang sing lagi teka :

"Pangabekti kula Bapa, punapa kula nembe ngadhep Ki Trenggilingwesi Dhanyang Padhepokan Grojogan Kaligedhe?".

"Ora kleru ngger Sentani" wangsulane Ki Trenggilingwesi karo mesem "sing gedhe pangapuramu  yen ana lupute Sugali lan kanca-kancane. Iya awit saka kahanan  keri-keri iki sing ndadekne Sugali kudu muwuhi kawaspadan anggone ngreksa Padhepokan Grojogan Kaligedhe".

"Inggih Bapa boten dados punapa, lakar inggih awit saking kawontenan, prayogi ngati-ati katimbang getun ing wingkingipun" wangsulanku.

"Sugali...." Ki Trenggiling wesi ngundang Sugali "kene nyedhak kene".

"Inggih Bapa Guru" Sugali nyedhak karo ndhingkluk sajak wedi.

"Sumurupa Sugali" Ki Trenggilingwesi nerusake ngendikane "sing meh wae kerengan karo kowe sakancamu iki pepundhenmu dhewe, ya iki wayah canggahe Sang Prabu Brawijaya Pamungkas, wayah buyute Raden Kumala,  asmane Raden Sentani, sing bakal mangarsani Trah Majapahit mbalekne kawibawan Majapahit".

"Inggih" Sugali wangsulan, banjur karo nyawang aku Sugali nyembah karo muwus "Nyuwun  pangapunten Gusti, kala wau kula dereng mangertos".

"Ya, ya ora dadi apa Sugali" wangsulanku karo mesem.

"Pangabekti kula kunjuk, Gusti" Sugali ngaturakie bekti.

"Ya tak tampa gawe bombonging rasaku Sugali".

"Angger Sentani" Ki Trenggilingwesi ngendika "ora becik rembugan kok ana ratan, ayo saiki tak dherekne menyang pendhapa, neng kana bisa luwih kepenak yen angger ngersakne jejagongan karo aku lan murid-murid Padhepokan Grojogan Kaligedhe".

"Mangga suwawi kula dherekaken Bapa" wangsulanku karo aweh sasmita marang kanca-kanca saka Ngancar supaya ngetutne laku.

Jebul Pendhapa Padhepokan iki gedhe tur jembar, latare uga katon jembar resik ora ana suket siji-sijia sing thukul, dadi katon mundhak bawera.  Ing kiwa tengene regol ana tanduran Pelem sing nedheng kembang, ndadi nganti kaya ilang gegodhongane ketutup kembang pelem sing sumunar semu kuning rupane.

Ing joganing pendhapa wis ginelaran klasa pandhan sing putih rupane. Ing kono Ki Trenggilingwesi nemoni lan nampa tekaku.

 

Ana candhake.


Minggu, 06 Juni 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (21)

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

21

Ing angen-angenku kegambar mendah kaya apa rasane adoh karo bojo lan kaya apa rekasane uripku yen nganti aku nganti slingkuh karo wanita liya. Nanging sajake Rama Nagaburik babar pisan ora migatekne owah-owahan ing praupanku sing nggambarake bab-bab mau. Malah panjenengane mbacutakie nggone paring pituduh :

"Kowe ora kudu madeg dadi Demang kanggo dadi pangareping kawula ing Jatipethuk nggone arep ngrebut panguwasa. Awit kowe wis duwe kalungguhan sing sakdhuwure Demang. Dene sranane, lumawata ing Padhukuhan Ngancar. Neng kana ana sisa-sisa trahing para Prajurit pandhereke Prabu Girindrawardana sing ora sudi teluk marang Trah Kartawijaya. Kabarana marang wong-wong kuwi yen sira isih trahe Prabu Brawijaya Pamungkas, padha ajaken supaya menunggalake laku karo kowe. Uga mampira menyang Pundhen Grojogan Kaligedhe, sowana marang Ki Trenggilingwesi, nyuwuna bebantu prajurit lan critakna sapa sejatine sira".

"Kawula nuwun sendika Rama" ora ana atur saka aku marang Rama Nagaburik liyane nyaguhi apa sing dadi dhawuhe.

"Kangmas Sentani" Sisihanku Nagadewi   melu urun rembug sawuse Rama Nagaburik rampung pangandikane "Kakangmas aja was sumelang merga kanggo sawantara kudu pisah karo aku, merga aku sajroning wektu selapan dina bisa nisihake wektu sedina kanggo nemoni Kangmas Sentani ing Jatipethuk, mesthi wae ora bakal ana sing bisa meruhi tekaku ing kana kajaba Kangmas Sentani dhewe. Kajaba saka iku, Kakang wewaler saka Rama Nagaburik kang lelandhesan kukuming Kraton Grojogan Jambe Telu, Kangmas Sentani ora kena pisan-pisan gepok senggol karo wanita, sepisan maneh karo wanita, dadi liyane karo wanita ora ana larangane".

Sanadyan aku durung ngerti apa sing dikarepne sisihanku kuwi, nanging aku ya wangsulan karo ngaturne panuwun marang Nagadewi lan Rama Nagaburik.

Dina kuwi uga aku pangkat budhal nindakne dhawuhing Rama Nagaburik, ninggalake Kadhaton Grojogan Jambe Telu, bali ngambah alam kawadhagan, ya jagading titah kasar. Nalika tak toleh kraton Grojogan Jambe Telu, wujude dudu kraton maneh, nanging wujud Banyu sing gumrojog metu saka sela-selaning watu, kinayoman wit jambe jejer telu. Ing cedhake banyu kang gumrojog, katon ula welang nggubet pang, mripate ora kedhep ngulati sakiwa tengene grojogan. Ngerti yen tak ulati, ula welang kuwi ngangkat sirahe karo nyuwara kanthi kekuwatan batin sing dumeling ing batinku :

"Sembah kula ingkang ndherekaken jengkar Andika Raden Sentani, mugi-mugi sageda lebda ing karya. Kula Welangkuning, abdi ingkang jagi regol mriki".

"Banget ing panarimaku awit pamujimu Welangkuning" wangsulanku "wis, saiki aku budhal". Aku banjur mlaku nasak keteling alas, arep lumawat menyang Padhukuhan Ngancar luwih dhisik.

Sing diarani Padhukuhan Ngancar kuwi jebul mung wujud gubug-gubug prasaja sing cacahe ora luwih limalas iji. Manggon ing sela-selaning gegrumbulan. Gubug-gubug kuwi dikupengi dhapuran pring ori sing rapet, dadi ora gampang bisa dingerteni dening wong, yen neng kono ana padhukuhan sing isine gubug-gubug cacah limalasan. Tujune aku wis digawani sipat kandel sampure Rama Nagaburik, dadi aku ora kangelan nggoleki papan sing diarani Padhukuhan Ngancar iki.

Dhisik dhewe sing tak weruhi sawise aku bisa mlebu liwat brobosaning barongan pring ori yaiku sawijining wanita sing lagi tapen beras ing mburine sawijining gubug. Wong wadon kuwi katon kaget bareng ngerti tekaku. Ora ngomong apa-apa, tampah sing kanggo napeni beras diselehne, banjur mak klepat mlebu gubuge. Ora suwe aku krungu suwara mbengung kaya suwarane tawon gung  sapirang-pirang miber bareng ngiteri gubug-gubug ing padhukuhan kuwi. Ora suwe saka waliking grumbul, mecungul wong lanang-lanang sing siaga gegaman ing tangane dhewe-dhewe, ngepung papanku ngadeg.

Kaya welinge Rama Nagaburik sadurunge aku budhal mau, panji kuning kanthi sulaman benang biru gambar cakra tak wetokake saka kampilku, banjur tak klebat-klebatake, tak ubengake ngarah keblat papat. Weruh panji cakra biru kuwi, wong-wong sing padha ngepung aku sajak kaget, banjur mbengok-bengok sajak seneng atine, mara nyedhaki papanku.

"Ngaturaken kasugengan sarawuhipun ing papan mriki Gusti" pambengoke wong-wong kuwi. Lan sawuse cedhak banjur padha ndheprok karo nyembah.

"Apa aku wis tekan Padhukuhan Ngancar?" aku pitakon karo suwara sing banter.

"Leres Gusti" wong sing tuwa dhewe saka wong-wong kuwi semaur "nyuwun pangaksami, kula pun Lodana sarta para abdi ing mriki dereng ngertos menawi Gusti kula rawuh ing papan pandhelikan punika".

"Aja kaduk ati bela panampa Kakang Lodana" wangsulanku "ditepungake wae, aku Raden Sentani wayahe Kanjeng Eyang Raden Kumala, tekaku ing papan kene ngayahi wajib arep nglumpukake sarta nyawijekake Trah Majapahit sapandhereke".

"Ngaturaken Genging Panuwun Gusti" Lodana sing sajake tetuwane wong-wong kuwi bali wangsulan "murih gamblanging dhawuh, suwawi mangga kula dherekaken Gusti kula Raden Sentani pinarak ing salebeting gubug rumiyin".

Aku banjur mlebu gubug sing ditudingi Lodana ditutne wong lanang-lanang kuwi. Tak etung kabeh cacah seket lima, karo ana wong pitu sing wis tuwa thuyuk-thuyuk. Ing kono aku banjur dijarwani yen wong pitu sing wis tuwa-tuwa kuwi kabeh anak-anake prajurit pandhereke Raden Kumbina sing gugur lumawan prajurit saka Demak lan Pengging jaman perang pungkasan sing ndadekne Sri Brawijaya Pamungkas gugur ing tangane Kebo Kanigara putrane Pangeran Handayaningrat. Wong tuwa-tuwa kuwi jaman diajak mlayu dening wong tuwane dhewe-dhewe isih bocah lan cacahe iya akeh, nanging saiki kari pitu kuwi. Anak turune para prajurit sing keplayu ing papan kono kuwi satemene wis dadi akeh, nanging wis akeh sing padha sumebar ing ngendi-ngendi golek papan kanggo urip sarta papan pandhelikan murih ora kadenangan dening anak turuning mungsuh sing saiki lagi nyekel panguwasa ing Tanah Jawa.

"Dados sepisan malih kula ambali Gusti" wuwuse Lodana sawise rampung anggone ngrungokne sesorahku gegayutan karo kuwajiban sing tak emban kanggo baline kawibawan Majapahit, uga sawuse rampung ngrungokne critane Ki Sakethi, salah sijine wong tuwa, anake Prajurit pandhereke Raden Kumbina putra dalem Prabu Girindrawardana "para trah prajurit Majapahit ingkang keplajar ing papan mriki niki, ngantos benjang punapa kemawon boten badhe sudi teluk tumusing batin dhateng Panguwaos Nagari ingkang asalipun mambet Demak lan utawi Pengging. Sawanci-wanci wonten timbalaning Gusti kula Raden Sentani kangge bidhal perang murih wangsulipun kawibawan Majapahit, kula sakanca tansah siaga ing dhiri sarta sawega ing gati".

"Aku ngaturake nedha nrima Kakang, awit kasetyaning kabeh sedulurku marang Majapahit" wangsulanku tak banjurne aweh prentah "mengko tak jaluk ana wong lima sing ngancani aku bali menyang Kademangan Jatipethuk, perlune bisa dadi utusan sawayah-wayah aku mbutuhake sedulur sing ana kene. Kajaba saka iku, Kakang Lodana tak jaluk supaya klawan sesidheman murih ora gampang kadenangan ing mungsuh, supaya ngabari para sedulur sing wis kebacut mencar ing papan liya, murih bisa enggal manunggal tumuju balining Kawibawan Majapahit".

"Kawula nuwun sendika ngestokaken dhawuh" wangsulane Lodana.

Dina iku uga aku pamitan ninggalne Padhukuhan Ngancar, lungaku dikancani bocah lima sing pinilih, yaiku Jedeng, Sogle, Yadim, Jadhug lan Anggada.

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...