Total Tayangan Halaman

Jumat, 11 Juni 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (30)

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

30

Estunipun tiyang estri ingkang nembe andon napsu kaliyan Singgah punika Nagadewi semahipun Raden Sentani. Dados piyambakipun punika sawer siluman anakipun Ki Nagaburik. Lan pancen karemenanipun Sawer estri setunggal punika andon tresna kaliyan para nem-neman bagus ingkang dipun selir dening semahipun. Mila estu mesakaken para nem-neman ingkang dipun pundhut selir dening Raden Sentani, awit ing kala mangsa kedah ngladosi napsunipun Raden Sentani, nanging ing kala mangsa sanes kedah nuruti brantanipun Siluman Nagadewi. Ewa samanten racak-racak para enm-neman punika boten rumaos menawi namung kinarya papan panyuntaking nafsu, kepara malah remen, inggih awit dayaning aji pangasihan ingkang ndhawahi jiwa lan raganipun.

"Miturut pangirane Kakang Singgah, ya gene omah iki suwung?" pitakenipun Nagadewi dhateng Singgah ing sela-selaning andon katresnan.

"Awit Bapa Bebau netrepi kesaguhane lunga menyang Banyugurih nindakne dhawuh saka Gusti Raden Sentani lumantar aku, supaya mungkasi uripe klawan nglalu. Merga Bapa ora kepengin anake lanang iki dipakakne Ula ingon-ingone Gusti Raden Sentani" wangsulanipun Singgah tanpa nguwali anggenipun ngruket Nagadewi.

"Kuwi sing sepisan Kakang" Nagadewi wangsulan "sing kapindho lan sing satemene sing luwih pas tinimbang wangsulanmu sing kapisan kuwi, apa hara?".

"Sing kapindho? luwih pas? apa ya?" Singgah boten saged  suka wangsulan "aku durung ngerti, wong ayu".

"Jalaran Ki Bebau kepengin omah iki sepi, merga anake lanang arep nginep neng omah kene karo apane, hara?"

"Karo..... karo.... woding atine"

"Kowe pancen pinter tenan Kakang" Nagadewi wicanten ngalem "dadi bengi iki, awake dhewe bisa tutug neng omah kene, lagi sesuk mbarengi bang-bang wetan ngaton, nusul menyang Padhepokan Banyugurih".

"Iya, Wong ayu" wangsulanipun Singgah "nanging aku wedi"

"Wedi apa kakang? Kangmas Sentani ora arep migatekne awake dhewe, merga lagi kasengsem ulah tresna karo selir liyane".

"Iya, kuwi aku weruh" Singgah wangsulan "nanging aku wedi yen nganti sesuk Bapakku ora netepi janjine banjur aku kudu nampa pidana dipakakne Ula Siluman sing dadi klangenane Gusti Raden Sentani. Mendah kaya apa rasane? hm..........".

Nagadewi gumujeng kenes, lajeng mangsuli wicantenipun Singgah :

"Kuwi aja dipikir Kakangku wong Bagus, lha wong Kakang Singgah kuwi wis bola-bali ngrasakne  mangan lan dipangan Ula kuwi ngono lho? kok ndadak takon kaya apa rasane, lho?!?".

Singgah mesem, kekalihipun nunten netagaken anggenipun ngunggar hardhaning nafsu ing griya ingkang tinilar Ki Bebau Dasa niku.

Sawatawis punika, ing Padhepokan Banyugurih Nyi Bebau Dasa sampun kempal kaliyan para Mentrik (cantrik wadon) ing paleremanipun. Ki Bebau ing Ngantang nembe rerembagan kaliyan Ki Guru Sukirna. Ingkang dipun rembag inggih punapa ingkang badhe katindakaken benjing enjing dening Ki Bebau saha Ki Guru Sukirna gegayutan kaliyan anggenipun Ki Bebau ingkang sampun sanggem dhateng anakipun jaler, badhe nglalu, pejah ngendhat dhiri ing panging sawo plataran Padhepokan Banyugurih. Ki Guru Sukirna ngedalaken tampar ingkang kadamel saking lulup waru, panjangipun antawis kalih dhepa, lajeng dipun ulungaken dhateng Ki Bebau ing Ngantang, sarwi wicanten :

"Punika dhadhungipun Ki Bau".

"Lho? dados kula benjing punika siyos ngendhat saestu Ki Guru?" Bebau Ngantang pitaken kaliyan praupan pucet, dereng mangertos punapa ingkang dipun kajengaken dening Ki Guru Sukirna.

Cantrik-cantrik ingkang ndherek lenggah ing pendhapa sami mesem sumerep ewah-ewahaning praupanipun Bebau Ngantang ingkang ketingal ajrih ngaten punika.

"Leres Ki Bebau" Ki Guru Sukirna wicanten kaliyan sareh.

"Lho kados pundi ta Ki Guru? menawi makaten benjing kula rak siyos pejah saestu? pejah siya-siya awit nglalu? kamangka Ki Guru nate paring dhawuh supados pikajengipun Sentani boten dipun turuti? lha kok kula malah kaparingan tampar lulup kangge ngendhat punika kersanipun ki Guru pripun?".

"Sabar Ki Bau" Ki Guru Sukirna wicanten taksih kanthisuwanten sareh "leres, pikajeng degsuranipun Sentani boten angsal dipun turuti. Nanging, Ki Bebau kula suwun netepi pangandikanipun dhateng Si Singgah, bilih ing dinten Jumuah Kliwon benjing Ki Bebau badhe ngendhat dhiri ing pang sawo Plataran Padhepokan".

"Lan Singgah badhe nyumerepi Bapakipun pejah ing gantungan, makaten punapa?".

"Mangke rumiyin ta?" Ki Guru Sukirna wicanten radi santak "Ki Bebau pitados dhateng kula punapa boten? Menawi pitados, kula sampun janji badhe mbudidaya murih Ki Beau boten badhe pejah ing kendhatan, nanging menawi boten pitados inggih sampun, mangga sakersa ndika badhe punapa?".

Bebau Ngantang, mendel boten saged kumecap. Ki Guru Sukirna ugi boten wicanten malih, malah ketingal badhe ngadeg nilaraken pendhapa.

"Nyuwun pangapunten Ki Guru" dumadakan Ki Bebau wicanten "kula pitados lan manut punapa dhawuhipun Ki Guru".

"Lha rak makaten" ki Guru Sukirna wangsulan kaliyan mesem "dhadhung punika supados dipun rawati, benjing menawi Si Singgah lan sekabatipun Sentani dumugi mriki, Ki Bebau lajeng menek Wit Sawo ngajengan punika, milih Pang ingkang ngandhap piyambak lajeng damel kala mawi dhadhung punika lan nagsulaken dhadhung dhateng panging sawo, nembe Ki Bau lon-lonan nguwali pang ingkang dipun pidaki. Ing mriku mangke Ki bau badhe sumerep kados pundi Gusti Allah badhe paring wilujeng lumantar kawulanipun".

Sanaosa taksih dereng mudheng ingkang dipun pikajengaken dening Ki Guru Sukirna, nanging Ki Bebau ing Ngantang boten wicanten malih. Tampar lulup ingkang agengipun sadriji lajeng dipun gulung dipun lebetaken ing rasukanipun. Boten dangu lajeng sami bibar, sami leren ing gothakanipun piyambak-piyambak.

Anyarengi pletheking surya, Singgah kaliyan Nagadewi dumugi ing regol ngajeng. Nalika samanten Ki Bebau sampun sumadiya dhadhung ingkang sampun dipun damel kala, dipun kalungaken ing gulu. Salah satunggaling cantrik mendhet andha dipun sendhekaken ing witing sawo, kangge menek Ki Bebau nggayuh pang papanipun nangsulaken tampar. Sampun katangsulaken, lan siaga badhe ngendhat dhiri, Ki Bebau ing Ngantang wicanten dhateng Singgah, anakipun jaler ingkang ngadeg ing plataraning Padhepokan :

"Singgah seksenana dina iki aku wong tuwamu, krana ngeman kowe ben ora dipakakne dhemit Ula ingon-ingone Setan Sentani, tak lilakne aku mati nglalu ing wit sawo iki. Sapungkurku aku meling supaya aja pisan-pisan kowe cedhak karo simbokmu, merga yen nganti kowe cedhak karo simbokmu, tan wurunga mbuh kapan dinane mesthi ya bakal kok kongkon nglalu kaya bapakmu iki. Siji sing perlu kok ngerteni, kowe digawe seneng dening Setan Sentani kuwi ora suwe, mengko yen Setan kuwi nemu nom-noman liya sing bagus-bagus, kowe lan selir-selire Setan Sentani kae kabeh mesthi bakal disingkirne nganggo carane Iblis sing ora weruh kabecikan kae. Dadi mbok menawa wis dadi kodrating jagat ya mbuh dosa apa sing tau tak lakoni aku ora ngerti, aku oleh walating Jagad patiku lan patine anakku nganggo dalan sing ora lumrah lan aku ya ora ngerti mbuh Yamani ngendi sing arep tak pannggoni sawise aku tumekeng pati".

Boten wonten ingkang nyana lan boten wonten ingkang nginten saderengipun, Singgah ingkang gagah prakosa punika, dupi mireng wicantenipun Ki Bebau ingkang makaten kala wau , dumadakan ndhawahaken badanipun ing siti, ndheprok. Lan kaliyan suwanten ingkang pedhot-pedhot Singgah wicanten dhateng Ki Bebau ing Ngantang, inggih tiyang sepuhipun :

"Bapak, sewu kaluputanku aku njaluk pangapura. Saiki aku ngerti, Bapak sing bener lan aku sing luput, mula Bapak tak jaluk Bapak murungne anggone arep nglalu. Mudhuna ya Pak, buwangen tampar sing kalane ana gulune Bapak kuwi. Aku saiki wis eling, yen ana dukane Gusti Raden Sentani merga aku ora nuhoni dhawuhe, aku ya wis pasrah. Luwih becik aku mati dadi mangsane Ula klangenane Gusti Raden Sentani tinimbang kabeh kulawargane dhewe bakal nemoni mati nistha lan aluse bakal dadi isen-isening Yamani".

Ingkang sami mireng wicantenipun saha sikepipun Singgah ingkang makaten kala wau sadaya sami kaget, kalebet wanita ayu ingkang duginipun sareng Singgah kala wau.

 

ana candhake.

 


Kamis, 10 Juni 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (29)

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

29

Sang Kala inggih wanci tansah lumampah majeng boten nate kendel, Ki Suyudi ingkang tinenggan dening cantrik-cantrik saking Banyugurih sampun boten dipun ganggu malih dening para titiyang ingkang ngaken minangka Prajurit Trah Majapahit, sanosa inggih taksih asring titiyang kasebat memanuki saking katebihan, nanging boten nate manggihi Ki Suyudi. Ki Suyudi piyambak ugi ngatingalaken sikep boten migatosaken titiyang kala wau. Benten kaliyan cariyosipun Ki Bebau ing Ngantang, anakipun jaler meh saben dinten tilik griya lan ngemutaken dhateng tiyang sepuhipun bab anggenipun nglalu ing dinten ingkang sampun dipun tamtokaken. Ingkang makaten kala wau, awit Singgah piyambak ugi tansah dipun prentah dening Sentani kapurih tansah ngemutakentiyang sepuhipun, menawi ngantos Ki Bebau ing Ngantang boten netepi punapa ingkang sampun dipun ucapaken, mangka Singgah ingkang badhe dipun dadosaken gantosipun, inggih punika badhe kadadosaken tedhanipun Sawer Siluman ingah-ingahanipun Raden Sentani.

"Kowe aja was lan sumelang Thole" Ki Bebau ing Ngantang nyriyosi anakipun jaler "bapakmu iki wis tuwa, oraa nglalu paling suwe selawe tahun maneh ya mati, dadi yen aku kudu mati saiki ya ora apa-apa. Bab sing tau tak kandhakne mesthi bakal tak wujudi, mula kareben lega atimu lan lega atine si Sentani, mengko yen wancine aku nglalu padha seksenana, yaiku ing dina Sukra Kasih (Jumuah Kliwon) aku arep mati ngendhat dhiri ing wit Sawo sing mapan ing platarane Padhepokan Banyugurih".

"Bapak kuwi nek nyebut asmane Raden Sentani kok seneng njangkar ta?" Singgah nyendhu tiyang sepuhipun "arepa kaya apa Raden Sentani kuwi Trahing Kusuma Rembesing madu, Turasing Narendragung binathara ing Nagara Majapahit, kok mung dijangkar nganggo sebutan Si, kok mung dipadhakne nyebut wong pidak pejarakan wae".

"Bapakmu iki luwih ngerti tinimbang awakmu ya Ngger?" Ki Dasa wangsulan "nek nganggo nalar sing genep, upama dipek drajat, drajate Bebau ing Ngantang iki luwih cetha tinimbang drajate Sentani. Awit Bapakmu iki luwih cetha sapa sing nganakake, yaiku Simbahmu sing biyen dadi tetuwane wong sing babat alas sing saiki dadi Bebaon Ngantang iki. Lha nek Sentani? kae mbuh anake kere, mbuh anake wong edan, ora cetha. Kuwi biyen bayi sing ditemu wong Jatipethuk ing dalan prapatan, upama ora dirawati karo Ki Demang ing Jatipethuk terus dipupu, kira-kira mbuh apa dadine. Ngerti?"

"Bapak!" Singgah menthelengi tiyang sepuhipun "Bapak kuwi nek omong mbok sing ngati-ati, nek kepireng Raden Sentani bisa mbilaeni".

Ki Dasa lajeng gumujeng nyumerepi dhateng anakipun jaler ingkang makaten kala wau. Wangsulanipun :

"mBilaeni sing kepiye? genah nek Bapakmu wis didadekne apes merga kelakuwane Sentani sing dumeh duwe kaluwihan kuwi ngono kok? arep bilai sing kepiye maneh? isih kurang apa? dheweke ngangkon aku mati nglalu ya wis tak saguhi? banjur arep dicilakakne sing piye maneh? Karone, lha wong kanyatane ya kaya mangkono kok, Sentani kuwi ora cetha asal-usule, upama ora diopeni Ki Demang, kira-kira malah wis mati biyen-biyene".

Singgah boten saged mangsuli wicantenipun Ki Bebau Dasa malih. Lare nem niku inggih namung mecucu, pleja-pleju boten cetha. manahipun ajrih, menawi awit pangucaping tiyang sepuhipun ndadosaken piyambakipun katut cilaka.

"Tak kandhani ya Le" Ki Dasa nglajengaken anggenipun wicanten "Sentani kuwi menungsa sing ora tata wiwit biyen. Genah nek Ki Demang Sudiya isih meger-meger, lha kok ditembung arep diwaris kalenggahane? apa ngono kuwi menungsa duwe tata? Bareng dikandhani yen dheweke kuwi mung anak pupon sing miturut paugeran ora bisa nggenteni kalungguhan Demang ing Jatipethuk kene, lha kok malah minggat tanpa pamit. Saiki bareng Ki Demang wis ora ana banjur bali nggawa kanca sapirang-pirang sing tekune ora cetha, ngaku nek Trah Majapahit. Gek kuwi Majapahite wong ngendi ngono lho?. Sing aku dadi gumun kuwi, wis cetha kaya ngono, lha kok ya ana sing gelem percaya? malah anggone percaya nganti kebacut. Lha wong bocah ora cetha kok malah disembah-sembah nganggo sebutan Gusti Raden. Lha nek aku, tinimbang nggusti nyang Sentani ya angur nggusti menyang mBokmu kuwi, sing saben dina genah ngedangne sega aku".

Singgah boten wangsulan lajeng ngadeg badhe nilar griya, awit kuwatos menawi anggenipun wicanten tiyang sepuhipun sansaya ndadra, dugi pundi-pundi.

"Singgah!" Ki Dasa nyandhet anakipun jaler "kowe arep menyang ngendi maneh he?".

"Arep bali menyang Kasatriyan" wangsulanipun Singgah, mila titiyang mriku menawi mastani griyanipun Sentani punika mawi sebatan Kasatriyan "mung ngelingne wae Pak, iki wis dina Rebo Pon dadi kari sesuk lan sesuke, bapak kudu netepi omongane".

"Ya, iya" Ki Dasa semaur kaliyan gumujeng sajak sampun boten mikir punapa-punapa "aja kuwatir, sesuk sore aku budhal menyang Banyugurih, nginep sewengi neng kana, jumuah esuk aku ngendhat dhiri, kowe karo Sentani utawa wonge Sentani nunggonana, ben ngerti nek Ki Dasa iki Satriya sing bawa leksana, netepi omongane, merga Ki Dasa iki trahe Ki Rebo dhanyang ya cikal bakal sing mbakali Padhukuhan Ngantang he he he".

Singgah sampun boten wangsulan malih, lajeng medal badhe wangsul dhateng griyanipun Raden Sentani, atur palapuran dhateng bendaranipun, ngengingi anggenipun badhe nglalu ngendhat tiyang sepuhipun.

Dinten Kemis Wage sonten, ngajengaken wanci serap surya Singgah murugi griyanipun Ki  Dasa inggih tiyang sepuhipun, boten piyambakan nanging dipun kancani satunggaling pawestri ingkang sakalangkung ayu semu semok wujudipun.

Nanging Singgah lan tiyang estri kala wau manggihi griya sampun kancingan korinipun saking njawi. Punika nandhakaken bilih ingkang gadhah griya boten wonten.

"Ketingalipun bapak kaliyan Simbok boten wonten griya Kusuma Dewi" Singgah wicanten dhateng tiyang estri kala wau kanthi basa ingkang alus tur angaosi sanget.

"mBok nek neng jaba tur ngepasi Raden Sentani ora ana kuwi aja ngaturi aku Kusuma Dewi ta Kakang Singgah, gek ya aja nganggo basa ngono kuwi barang, marahi aku kepenak wae lho?!?" tiyang estri wau boten nanggapi ingkang dipun ucapaken Singgah, malah wicanten anggenipun Singgah ngginakaken sebutan lan caranipun wicanten dhateng piyambakipun.

"Lha kados pundi anggen kula ngaturi?" Singgah pitaken kaliyan mesem "andika punika harak sesembahan kula?".

"Sesembahan ya sesembahan, nanging kuwi rak nek ana sandhinge Raden Sentani? Nek neng njaba utawa ngepasi sing ana mung aku karo Kakang Singgah ngene iki, mesthine Kakang Singgah ya ngerti dhewe ta?"  Tiyang estri wau semaur lajeng kaliyan njiwit lengenipun Singgah piyambakipun wicanten "kakang iki kok seneng banget marahi aku gemes lho?".

"Adhuh... adhuh......" Singgah rewa-rewa sakit nanging lambenipun malah mesem "uwis-uwis wong ayu, aja njiwiti ngene iki, lara tak kandhani".

"Lara kok malah mesem, lara apa lara?" tiyang estri wau mrengut, angujiwat.

"Lara ya lara, lha mesem kuwi merga sing njiwit pepujaning atine kok" Singgah wangsulan kaliyan tanganipun dipun tumpangaken ing pundhakipun tiyang estri wau.

"Ya wis, yen ngono, ben larane suda tak tambanane" tiyang estri wau wangsulan, lan tanpa mawi rikah-rikuh, Singgah dikekep lajeng lajeng dipun arasi.

"St...st....." Singgah wicanten alon "nek disawang uwong lho?".

"Aja kuwatir Kakang, sing weruh mung aku karo Kakang thok iki" tiyang estri wau wangsulan lan Singgah lajeng dipun ruket kaliyan lambenipun dipuncecepi.

Sawatawis dangu tiyang kalih jaler estri niku reruketan ing emperan griyanipun Ki Bebau Dasa, ingkang dipun tilar ingkang kagungan griya dhateng Banyugurih.

 

ana candhake.

 


Rabu, 09 Juni 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (28)

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

28

Ki Suyudi nyruput unjukaipun, kangge nelesi gorokan. Lajeng ngalihaken panyawangipun dhateng Ki Bebau Dasa, ingkang lajeng nganthukaken sirahipun, tandha menawi Ki Dasa nyarujuki kaliyan ingkang badhe kaucapaken dening Ki Suyudi.  Ki Suyudi lajeng wicanten malih nglajengaken anggenipun cariyos :

"Sasampunipun kula pisah lan kula ajak lenggah malih, Ki Bebau lan Ki Demang Wakil ketingalipun ugi sampun sami sarujuk kaliyan pamanggih kula, bilih kerengan makaten punika namung pantes dipun lampahi dening tiyang ingkang cekak nalaripun. Gandheng dereng wonten rembag ingkang anjog ing dudutan  manunggaling pamanggih, kula mrayogekaken murih rembagan punika dipun kendeli rumiyin benjing menawi sampun asrep saged kasambet malih. Ki Demang Wakil lan Ki Bebau ing Ngantang, angrujuki. Boten dangu salajengipun, kula lan Ki Dasa lajeng pamitan wangsul. Ki Demang Wakil nguntabaken ngantos dumugi Regol. Kula gadhah dudutan bilih prakawis anggenipun benten pamanggih antawisipun Ki Bebau lan Ki Demang Wakil sanaosa dereng rampung, nanging boten badhe ndadosaken kerengan malih, ketitik Ki Demang Wakil sampun nguntabaken wangsul kula lan Ki Bebau kaliyan tembung ingkang grapyak sumanak.Pramila kaliyan mlampah wangsul kula tansah caos pitutur dhumateng Ki Bau murih benjing-benjing sampun gampil nuruti kebrananging manah.  Nanging pranyata dudutan kula kala wau lepat, Ki Guru".

"Lepat kados pundi Ki Suyudi?" Ki Guru Sukirna pitaken awit gumun.

"Wekdal dalunipun, griya kula dipun krutugi mawi sela krikil dening tiyang saking petengan. Mesthi kemawon anak lan semah kula sami ajrih, sedalu boten saged tilem" Ki Suyudi mangsuli pitakenipun Ki Guru Sukirna mawi cariyos "enjingipun Ki Bebau ing Ngantang , taksih enjing sampun dumugi ing griya kula criyos menawi kala dalu griyanipun ugi dipun krutugi krikil tiyang. Bentenipun Ki Bebau saged nitik sinten ingkang tumindak makaten kala wau, miturut paningalipun Ki Bebau inggih punika titiyang ingkang sami ngaken Prajurit Trah Majapahit. Ki Bebau nggandhengaken prakawis punika kaliyan anggenipun sampun rebat leres kaliyan Ki Demang Wakil" Ki Suyudi kendel sakedhap anggenipun wicanten.

"Lha punapa anggenipun kagungan panginten makaten punika kala wau wonten leresipun punapa boten Ki, kuwatosipun gek mangke wonten ingkang badhe njedu antawisipun Ki Suyudi lan Ki Bebau kaliyan Si Sukirdi?" Ki Guru Kirna pitaken lan nelakaken pamanggihipun.

"Kula dereng mangertos bab leres utawi klentunipun dudutan ingkang dipun pundhut Ki Bebau punika Ki Guru" Ki Suyudi wangsulan malih "nanging dalunipun griya kula ugi griyanipun Ki Bebau dipun krutugi malih. Mila anak kula estri lajeng kula ungsekaken dhateng Kademangan Dalon, kula titipaken Simbahipun. Sasampunipun anak kula estri kula ungsekaken, dalu candhakipun kula kedhatengan Tamu, inggih punika Ki Sugali ingkang kaprah sinebat Ki Lurah Prajurit Trah Majapahit. Ki Sugali ngaken menawi ngemban dhawuhipun Raden Sentani, supados nuturi kula murih medhot anggen kula kekadangan kaliyan Ki Bebau ing Ngantang. Menawi kula boten nuruti prentahipun punika Raden Sentani boten tanggel kaliyan kaslametaning kulawarga kula".

Ki Guru Sukirna ngraos aneh kaliyan lelampahan ingkang dipun alami dening Ki Suyudi.

"Benten malih kaliyan ingkang kula tampi Ki Guru" Ki Bebau Dasa gantos ingkang wicanten.

"Bentenipun pripun Ki Bau?" Ki Guru Sukirna pitaken.

"Menawi ingkang ndugeni Ki Suyudi punika Sugali, ingkang manggihi kula malah anak kula piyambak pun Singgah, Singgah ngaken dikengken Si Setan Sentani supados ngengken kula nglalu, menawi ngantos kula boten purun nglalu, Singgah badhe dipun pakakaken Sawer Siluman ingah-ingahanipun si Setan Sentani ingkang dumugi ing mriku saben selapan sepisan. Panyuwunipun Singgah kula sagahi menawi punika kangge kasaenan gesangipun Si Singgah, nanging kula criyos bilih anggen kula nglalu boten ing griya utawi pekarangan kula mindhak damel ajrihipun titiyang ing Ngantang. Kula criyos bilih ing dinten Sukra Kasih nyarengi weton kula , kulka badhe pejah ngendhat ing kukuban Padhepokan Banyugurih. Kamangka anggen kula criyos niku dinten Soma Palguna, dados inggih taksih wonten wekdal kangge gesang setunggal wulan"

Ki Guru Sukirna sakala njegreg, tri pandurat boten saged ngucap, mireng wicantenipun Ki Suyudi miwah Ki Dasa ingkang makaten punika.

"Makaten punika sedaya lelampahan ingkang kula panggihi Ki Guru" Ki Bebau ing Ngantang nutugaken wicantenipun "samangke kula nyuwun pitedah saha Kalidamar dhateng andika Ki Guru, punapa ingkang prayogi kula lampahi saderengipun dinten Jumuah Kliwon dumugi. Dene menawi kaparengaken, kula ndherek titip semah kula supados mapan ing Padhepokan mriki murih boten sansaya peteng manahipun".

"Samanten ugi kula Ki Guru" Ki Suyudi ugi lajeng waleh kaliyan kersanipun "kula boten badhe tega lan wentala menawi ngantos nyumerepi Ki Bebau ing Ngantang punika ngantos pejah nglalu nuruti pakenipun Raden Sentani, mbok menawi kula benten kaliyan Ki Bebau. Ki Bebau ngrilakaken pejah sauger yoganipun  wilujeng. Nanging kula boten, kula boten lila menawi Ki Bebau ngantos pejah awit bodhonipun calon mantu kula punika. Kula nyuwun dhumateng Ki Guru pareng utawi boten kula badhe nekad, ndherek ngaup ing Padhepokan mriki ngantos Jatipethuk pikantuk pitulunganipun Ingkang  Nitahaken Jagad".

Kawontenan Pendhapa dados sepen, boten wonten ingkang wicanten. Namung suwantenipun napas ingkang mlebet saha medal sok kapireng  radi cetha.  Sareng sampun dangu mendel, wasana Ki Guru Sukirna manggih gagasan ingkang ketingalipun saged dipun cakaken kangge ngudhari reruwet ing Jatipethuk, mliginipun ingkang magepokankaliyan ingkang dipun alami dening Ki Suyudi miwah Ki Bebau Dasa.

"Sak niki ngeten mawon Ki Bau saha Ki Suyudi" Ki Guru Sukirna wiwit nggelar pamanggihipun "sipat degsuranipun si Sentani boten kengin dipun umbar, boten kenging dipun turuti, awit menawi dipun umbar badhe sansaya nasar, menawi dipun turuti sansaya ngadi-adi. nanging kedah dipun adhepi. Kula nggadhahi pamanggih Ki Suyudi sampun ngantos pedhot sambet kekadangan kaliyan Ki Bebau ing Ngantang. Menawi Sentani criyos badhe nanggel kawilujenganipun Ki Suyudi sabatih, punika leres awit wiwit Sentani dereng lahir ingkang saged naggel kawilujenganipun Ki Suyudi sabrayat punika namung Gusti Ingkang Nitahaken Jagad saisinipun punika. Namung kemawon, mangke kinarya srana mbudidaya karahayoning Ki Suyudi sabatih, kula badhe kanthi sesidheman kengkenan  Cantrik - cantrik ing mriki supados tumut njagi Ki Suyudi sa batih menawi-menawi wonten ingkang badhe angganggu damel. Dene prekawis pangengkenipun Sentani dhateng Singgah murih Ki Bebau nglalu, punika ugi boten kenging dipun lampahi. Anggenipun Ki Bebau semados punika sampun leres, nanging kedah boten dipun tetepi. Mangke badhe wonten cara kangge nylametaken Singgah saking pangincimipun Sentani".

"Lajeng punapa ingkang kedah kula lampahi Ki Guru?" Ki Suyudi pitaken.

"Mangke prayogi Ki Suyudi mangke kundur dhateng dalem, mangke badhe wonten Cantrik Banyugurih ingkang ndherek ngreksa dalemipun Ki Suyudi. Dene Ki Bebau ugi langkung sae kundur malih dhateng dalem, ugi supados melingaken dhateng Singgah supados ngemutaken menawi dinten Sukra Kasih badhe dumugi, sedinten saderengipun dinten Jumuah Kliwon prayogi Singgah kaajak tindak mriki, menawi perlu sa Sentaninipun, kanthi pawadan murih saged nenggani anggeni[un Ki Bebau badhe nglalu. Mangke menawi sampun dumugi titi wancinipun, kula ingkang badhe ngadhepi Sentani. Sanadyan kula boten gadhah kasekten, nanging kula gadhah Gusti Allah Ingkang Boten wonten ingkang saged ngasoraken Kasektenipun".

 

Ana candhake.

 


SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (27)

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

27

Ki Guru Sukirna radi kaget manahipun mireng menawi Bebau Dasa meh kemawon suduk-sudukan kaliyan Ki Sukirdi, Demang Wakil, ingkang ugi rayinipun Ki Guru piyambak. Kamangka adat ing sampun Ki Sukirdi punika boten gampil panas baran, langkung-langkung ngantos kerengan kaliyan tiyang sanes, awit Ki Sukirdi punika ngugemi sipating sodagar ingkang ngaosi sesamining tiyang jalaran nggadhahi petang bilih duka mangke wancinipun mesthi badhe ngajak petang kaliyan piyambakipun sarta badhe nyukani bebathen, menawi ngantos pethal anggenipun kekadangan ateges sami kaliyan ngirangi rejekinipun piyambak. Nanging Ki Guru Sukirna ugi boten kesesa mastani bilih mbokmenawi anggenipun wicanten Ki Bebau ing Ngantang punika sampun kesangeten, pramila lajeng pitaken :

"Mangke rumiyin Ki  Bau, Sukirdi punika adhi kula piyambak, dados kula sampun apal kaliyan teku lan sipatipun, dados kula inggih radi gumun semu kirang pitados menawi ngantos antawisipun andika kaliyan Sukirdi meh kemawon adu siyungipun Bethara Kala. Punika larah-larahipun kados pundi?".

"Inggih Ki Guru" wangsulanipun Ki Bebau Dasa "mbok menawi wekdal niku, kula sampun kesangeten anggen kula matur temah ndadosaken Ki Demang Wakil duka yayah sinipi, nanging menawi kula piyambak ingkang matur mbok menawi kirang trep, kula mesthi ngrencangi awak kula piyambak, cobi Ki Guru ndangu dhateng Ki Suyudi ingkang ugi pirsa kawitan ngantos pungkasan anggen kula badhe kerengan kaliyan Ki Demang Wakil punika".

Ki Guru Sukirna mesem, nyata yen Ki Bebau punika inggih radi julik, tata gelar boten purun mastani menawi ingkang lepat punika Ki Sukirdi, lajeng badhe ngginakaken pamanggihipun tiyang sanes, nanging tiyang sanes punika harak sampun cetha bilih sapamanggih kaliyan piyambakipun?. Ewa samanten, Ki Guru Sukirna inggih nglegani panedhanipun Bebau ing Ngantang kasebat.

"Kados pundi ta Ki Suyudi, larah-larahipun? kok ngantos meh kedadosan ingkang makaten kala wau?" Ki Guru Sukirna nunten pitaken dhateng Ki Suyudi.

Ki Suyudi nggleges, ngertos pikajengipun Ki Bebau ing Ngantang, ugi sumerep menawi Ki Guru Sukirna namung badhe nglegani manahipun Ki Dasa.

"Estunipun rak makaten ta Ki Guru" Ki Suyudi wicanten sareh "kados ingkang kula lan Ki Bebau lampahi dinten punika sowan lan nyuwun Kalidamar dhateng Ki Guru, nalika samanten kula kaliyan Ki Bebau sowan Ki Demang Wakil, nyariyosaken prekawis ingkang nembe kemawon kula lan Ki Bau aturaken dhateng Ki Guru. Waunipun Ki Demang Wakil ugi nanggapi kanthi sae lan ngendika bilih panjenenganipun ugi ndherek prihatos kaliyan gagaripun anggen kula kaliyan Ki Bebau bebesanan, nanging sareng Ki Bebau nyuwun pengadilan, liripun nyuwun supados Ki Demang Wakil nimbali Raden Sentani sarta kapurih ndhawuhi Raden Sentani ngendheg anggenipun ngremeni para nem-neman jaler ing Jatipethuk, Ki Demang Wakil boten kersa minangkani panyuwunipun Ki Bebau kala wau".

"Salajengipun?" Ki Guru Sukirna pitaken malih, awit Ki Suyudi kendel anggenipun wicanten.

"Lha pawadanipun Ki Demang Wakil, prakawis anggenipun Raden Sentani suka ngremeni para nem-neman jaler, punika prakawis ingkang boten wonten sambung rapetipun kaliyan lumampahing paprentahan ing Kademanangan Jatipethuk. Ugi boten damel kapitunanipun ingkang sami nglampahi, jalaran kanyatanipun para nem-neman jaler ingkang sampun dipun remeni dening Raden Sentani ugi katingal remen manahipun malah kepara langkung kopen. Punapa malih miturut kabar ingkang dipun tampi dening Ki Demang Wakil, para nem-neman jaler ingkang manggen ing griyanipun Raden Sentani punika, boten namung kinarya rencang tilem ing salebeting senthong, nanging ugi sampun sinengkakaken dados siswanipun Raden Sentani ing reh Kanuragan lan kebatosan, supados ing tembe saged kinarya bebentenging Kademanngan" Ki Suyudi kendel malih anggenipun wicanten.

"Punika criyosipun Sukirdi, anggenipun mbelani Kadang puponipun?" Ki Guru Sukirna pitaken malih.

"Inggih Ki Guru" wangsulanipun Ki Suyudi ingkang lajeng kalajengaken "lajeng Ki Bebau matur semu tutur dhateng Ki Demang Wakil, Ki Demang Wakil sampun gampil kabalithuk tembung manis saking Raden Sentani, awit sampun nyata bilih awit tumindakipun Raden Sentani punika damel tunanipun Ki Bebau sarta kulawarga kula. Lajeng Ki Bebau ugi mewahi bukti malih, bilih kanthi rawuhipun Raden Sentani ing Jatipethuk lajeng katambahan duginipun rencang-rencangipun Raden Sentani ingkang ngaken Prajurit Trah Majapahit punika sampun ngewahi cara gesangipun titiyang ing Jatipethuk dados bibrah, kathah ingkang sami katularan tiyang-tiyang boten cetha ingkang mbekta nami Prajurit Trah Majapahit, ingkang remen kasukan ngabotohan tuwin ndem-ndeman ciu, arak lan tuak ugi ing Jatipethuk sampun wonten wande kangge madat lan nyeret nedha apyun ingkang kabesmi. Sadaya punika manawi dipun umbar tartamtu badhe boten sae kedadosanipun tumrap dinten ngajengipun Jatipethuk".

"Mila leres ingkang dipun kuwatiraken Ki Bebau punika......." Ki Guru Sukirna sumela rembag.

"Nanging mugi kauningan Ki Guru" Ki Suyudi wicanten malih "Ki Demang Wakil anggenipun paring wangsulan dhumateng aturipun Ki Bebau punika , malah ngabritaken kuping".

"Liripun?"

"Kaliyan gumujeng, Ki Demang Wakil mastani bilih Ki Bebau punika boten saged ngreksa lan mituturi yoganipun piyambak, nanging malah nglepataken tiyang sanes ingkang nggadhahi cara gesang ingkang benten kaliyan Ki Bebau. Ciu, arak, tuak, candu lan sanes-sanesipun punika dangu saderengipun Ki Demang Wakil lahir, punika sampun wonten. Titiyang ingkang suka ngabotohan dolanan Dhadhu, ngaben ayam, menda utawi maesa, punika ugi sampun kaprah katindakaken dening manungsa wiwit jaman kina makina. Dados Ki bebau boten sisah kagetan utawi gumunan. Titiyang suka ngabotohan, mendem lan nyeret, punika boten badhe damel kapitunanipun tiyang sanes ingkang boten remen lan boten purun nglampahi . Menawi ta wonten ingkang nggadhahi pamanggih bilih ngabotohan punika murugaken mlarat, rak inggih mlarat-mlaratipun piyambak? pancen namine seneng punika awis reginipun, kalebet seneng main, lan boten namung seneng main lan ngabotohan kemawon ingkang murugaken tiyang dados mlarat. Menawi ndem-ndeman sarta madat punika murugaken risaking raga, punika rak inggih raga-raganipun piyambak ? Kenging punapa Ki Bebau ngajak Ki Demang Wakil dahwen pati open, nyampuri ingkang dede prekawisipun?"

"Hm.........." boten kraos Ki Guru Sukirna ngedalaken suwanten nggereng. Ki Suyudi nunten nglajengaken anggenipun wicanten :

"Ki Bebau lajeng matur malih, nguwatosaken menawi ewah-ewahan ing Jatipethuk punika kapireng dening Punggawa Mataram, minggahipun kapireng dening Kanjeng Panembahan Senapati Ing Ngalaga utawi Patih Mandaraka, ingkang boten remen menawi kawulanipun dados bibrah awit kayungyun dhateng ngabotohan lan ndem-ndeman, nunten ndhawahaken putusan njabel kalenggahan Demang Wakil sarta netepaken kangge nata murih pagesanganing kawula ing Jatipethuk kangge sauntara paprentahan ing Jatipethuk kaasta Lurahing Prajurit ingkang pinilih dening Patih Mandaraka".

"Inggih punika ugi saged kaleksanan saestu Ki Suyudi" Ki Guru Sukirna numpangi rembag "yen ngantos kedadosan makaten, para kawula rinten dalu tansah dipun awasi dening Prajurit Mataram kados ing laladan paprangan. Mendah susahipun?".

"Lha Ki Demang Wakil lajeng kaliyan semu duka, ndhawahaken pandakwa bilih Ki Bebau badhe ngunjukaken palapuran menggah kawontenan Jatipethuk punika dhateng Mataram. Mesthi kemawon angsal pandakwa ingkang makaten Ki Bebau lajeng duka, Ki Demang Wakil boten kepareng njabel pandakwanipun. Lajeng tiyang kekalih sami tantang-tantangan, ngaben tosing balung wuleting kulit ing plataran Kademangan. Lajeng kula madeg minangka sespuhing Mancakaki, kekalihipun nunten kula pisah. Sanaosa makaten, dugi sapriki prakawis antawisipun Ki Bebau, Kula lan Ki Demang Wakil dereng rampung, malah saya ndadra, ngambra-ambra".

"Kok saged makaten Ki Suyudi?".

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (26)

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

26

Tamu cacah sekawan, utawi kalih jodho punika sajak boten jenjem anggenipun sami lenggah. Ki Guru Sukirna ugi boten enggal nakeni menggah kersanipun para tamu, malah ngajak rembagan entheng-enthengan bab anggenipun sami ulah tetanen. Sareng para tamu sok kirang tanggap kaliyan ingkang dipun rembag, wasana Ki Guru Sukirna nunten wiwit pitaken :

"Nggih nuwun sewu kemawon Ki Suyudi sekaliyan saha Ki bebau sekaliyan, nyuwun pangapunten sajakipun anggenipun sami rawuh ing padhepokan mriki, punika boten namung dhapur tetinjo utawi ameng-ameng kemawon, mbok bilih badhe wonten dhawuh kangge kula? mangga kula aturi ngendikan kanthi mardika"

"Mila leres Ki Guru" Ki Suyudi miwiti wicanten sasampunipun pikantuk sasmita saking Bebau Ngantang, Ki Dasa supados wicanten langkung rumiyin "inggih labet saking jibeg, kodheng sarta bingunging manah ingkang sami, kula dalasan semah kula miwah Ki lan Nyai Bebau Ngantang , kula sowan dhateng Padhepokan mriki badhe nyuwun Kalidamar dhateng Ki Guru".

"Kalidamar Ki ?" Ki Guru Sukirna nyela wuwus.

"Inggih Ki Guru" gantos Ki Bebau ing Ngantang ingkang nerusaken wicanten "estunipun antawisipun Kula kalih semah kula kaliyan Ki lan Nyi Suyudi punika rak sampun sarembag badhe bebesanan, njodhokaken yoga kula jaler pun pun Singgah kaliyan yoganipun Ki Suyudi pun Westhi, lare kekalih ugi sampun sami remenipun".

"Inggih Ki Bau" Ki Guru Sukirna numpangi rembag "kula sampun nate mireng babagan punika, malah kabar ingkang sampun kula pireng anggenipun ndhaupaken inggih ing wulan punika. Punapa Ki Bebau lan Ki Suyudi rawuh mriki ngersakaken murih kula ndherek rencang, nganam Bleketheple, nata tarub? Sampun kuwatos Ki, kula mesthi badhe bidhal nyengkuyung anggen andika sami badhe kagungan kersa, nadyanta namung saklungsu kula mesthi ndherek udhu".

Mireng wicantenipun Ki Guru ingkang makaten punika, Ki Suyudi lan Ki Bebau Dasa malah sareng-sareng ngedalaken suwanten panggresah ugi sami narik napas landhung.

"Prakawisipun boten mapan ing babagan Tarub utawi ubarampe kangge mantu Ki Guru" Ki Suyudi wicanten "nanging, anggen kula kaliyan Ki Bebau badhe besanan punika mangke ketingalipun badhe gagar sarta jugar".

"Gagar lan jugar kadospundi Ki?" Ki Guru Sukirna pitaken.

"Boten namung niku Ki Guru" Ki Bebau Dasa numpangi rembag "malah menawi wonten kirang bejanipun badan, kula badhe kecalan anak jaler".

Ki Guru Sukirna ngraos gumun kaliyan rembagipun Ki Suyudi miwah Ki Bebau Dasa makaten punika, lajeng wicantenipun :

"Sakedhap Ki, tulung ndika jlentrehaken menggah lelampahan ingkang sampun dumados, ngantos andika kekalih ngendika ingkang makaten kala wau".

"Cariyosaken makaten Ki Guru" Ki Suyudi miwiti nyariyosaken lelampahan ingkang dipun lampahi "suwaunipun sedaya lumampah kanthi sae, boten wonten pepalang ingkang dados pambeng niyat kula kekalih bebesanan punika. Nanging sareng Ki Sentani, ingkang samangke ngagem sesebatan Raden Sentani punika dugi saking anggenipun kesah sarta nggadhahi pandherek ingkang kathah ingkang ngaken Prajurit Trah Majapahit, punika ingkang dados jalaran wurungipun anggen kula badhe bebesanan kaliyan Ki Bebau ing Ngantang, tuwin ingkang badhe ndadosaken Ki Bebau Dasa kecalan yoga jaler".

Anggenipun sami rembagan kendel awit wonten cantrik ingkang minggah ing pendhapa, ngladosaken pasegahan rupi pisang kepok ingkang dipun godhog kawadhahan rege, kaliyan benteran kopi ing cangkir bumbung, tuwin Gendhis Klapa minangka adunipun wedang ingkang winadhahan ing layah alit.

"Mangga sami katuran angedhapi sawontenipun Ki, mangga Nyi" Ki Guru Sukirna ngacarani tamunipun murih angedhapi paegahan ingkang dipun ladosaken dening Cantrikipun "Pisang niki asil tanemanipun para Cantrik ingkang marsudi ulah tetanen, makaten ugi kopinipun ugi anggenipun methik ing pategilanipun padhepokan, gendhis klapa punika yasanipun para cantrik piyambak".

"Inggih matur nuwun sanget Ki Guru" wangsulanipun Ki Suyudi sinambi nyandhak bumbungipun kopi "saking padhepokan Banyugurih mriki mangke badhe nglahiraken para mudha ingkang trampil ing kardi jumbuh kaliyan ingkang dipun persudi".

"Tur ugi tangguh ing reh Kanuragan, anoraga ing reh kebatosan" Ki Bebau Ngantang mewahi rembag.

"Inggih mugi-mugi pangestu andika sami kinabulaken dening Gusti Ingkang Maha Asih Ki" wangsulanipun Ki Guru Sukirna kaliyan nyruput kopinipun.

Sasampunipun sami ngunjuk tuwin dhahar pasegahan ingkang linadosaken, Ki Suyudi nunten nglajengaken anggenipun wicanten :

"Pranyata Ki Sentani ingkang gantos asma dados Raden Sentani punika sampun ewah benten kaliyan Ki Sentani saderengipun kesah rumiyin. Samangke Raden Sentani remen nglempakaken nem-neman ingkang bagus-bagus kapurih manggen ing griyanipun. Kalebet pun Singgah, calon mantu kula punika".

"Punika limrah Ki Suyudi, awit para nem-neman punika badhe dipun siagakaken kangge nyengkuyung gegayuhanipun Si Sentani" Ki Guru Sukirna nigas rembag.

"Punika boten leres Ki Guru" Ki bebau ing Ngantang wicanten klawan suwanten ingkang radi inggil "nanging kangge ngrisak dinten wingkingipun para nem-neman punika".

"Ki Bau kok saged ngendika makaten?" Ki Guru Sukirna pitaken.

"Inggih" Ki Bebau Dasa njlentrehaken ingkang sampun dumados "gandheng wekdal anggenipun badhe dados manten sampun sansaya caket, yoga kula Singgah kula celuk murih wangsul".

"Lha lajeng? dening Sentani dipun penging?" Ki Guru Sulkirna pitaken.

"Boten" wangsulanipun Ki Bebau Dasa "Singgah ugi wangsul, nanging dugi griya lajeng criyos dhateng kula miwah biyungipun  bilih piyambakipun boten sagah malih dipun jodhokaken kaliyan Gendhuk Westi. Awit piyambakipun samangke sampun kapundhut dados Selir dening Raden Sentani".

"Selir?"

"Leres Ki Guru" Ki Suyudi mewahi rembag "lan meh sedaya nem-neman ingkang bagus-bagus punika, samangke sampun kapundhut dados seliripun Raden Sentani sedaya".

"Punika napa boten nami tiyang edan ingkang ngrisak tatanan Ki Guru?" suwantenipun Ki Bebau inggil malih.

"Menawi wonten nem-neman ingkang boten purun nuruti pikajengipun Raden Sentani, nem-neman kala wau dipun damel sengsara gesangipun, kados lare ingkang dipun alami Tanaya lare anakipun tanggi kula, piyambakipun ajrih nglampahi dados seliripun Raden Sentani, samangke dados lare ingkang kados ewah pikiripun, asring bengok-bengok ajrih, awit saben-saben dipun dhatengi sawer ageng, inggih ing patilemanipun, sok-sok sawer punika ngetingal sampun nggremeti badanipun" Ki Suyudi njangkepi cariyosipun Ki Bebau.

Ki Guru Sukirna mendel, ing angen-angenipun wangsul emut dhateng cariyosipun Ki Sukirdi ingkang nyariyosaken lelampahan saha ngilmu ingkang dipun gilut dening Sentani.

"Inggih awit sedaya kala wau Ki Guru" Ki Suyudi nglajengaken anggenipun wicanten "sowan kula tiyang sekawan punika badhe nyuwun pitulungan saha Kalidamar murih pepeteng ingkang kula lan Ki Bebau sandhang punika saged enggal sumilak nebih. Kula nggadhahi pamanggih, menawi prakawis punika dipun umbar tan wurunga badhe ndugekaken Dukaning Para Dewa, punika menawi miturut kapitayan kula, menawi miturut kapitayanipun Ki Guru inggih badhe nuwuhaken dukanipun Gusti Allah, jalaran lampahipun Raden Sentani punika estu sampun cengkah kaliyan piwucaling sadaya agami".

"Estunipun Ki Guru" gantos Ki Bebau ingkang wicanten "saderengipun kula sowan Ki Guru punika, kula sampun matur dhateng Ki Sukirdi minangka Demang Wakil ing Jatipethuk punika. Nanging malah antawisipun Ki Sukirdi kaliyan kula meh kemawon dados pasulayan saupami boten kapisah dening Ki Suyudi duka kula, duka Ki Suyudi ingkang pejah. Awit nalika samanten kula kaliyan ki Sukirdi sami-sami sampun nyepeng Dhuwung Pusaka".

 

ana Candhake.

 


Selasa, 08 Juni 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH III (25)

 



kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

25

Let sewulan saking anggenipun kadugenan Ki Sukirdi, Ki Guru Sukirna sengaja bidhal nganglang Kademangan, manggihi para Mancakaki lan para Bebau sarta para mudha, pados sisik melik ingkang magepokan kaliyan cariyosipun Ki Sukirdi nalika sanja dhateng Padhepokan. Pranyata maksih kathah para Bebau lan para Mancakaki ingkang boten nyarujuki menggah lekasipun Sentani ingkang samangke ngagem sesebatan Raden Sentani. Sanaosa para Mancakaki lan para Bebau punika sampun wongsal-wangsul sumerep anggenipun Raden Sentani ngatingalaken pangeram-eram, nedahaken kasekten saha kalangkunganipun, nanging racak-racak sami gadhah pamanggih bilih ing Mataram tiyang ingkang nggadhahi kasekten lan kalangkungan ngungkuli Raden Sentani sakalangkung kathah, dados boten saukuripun dumeh sampun nggadhahi kasekten badhe madeg kraman mengsah Mataram. Makaten ugi babagan wadya bala miwah prajurit, sanadyan Raden Sentani kasengkuyung ingkang ngaken Prajurit Trah Majapahit, nanging yen katandhing kaliyan prajurit Mataram tartamtu boten wonten sakpra seketipun.Menawi saestu Raden Sentani madeg kraman sami kaliyan nglalu ajak-ajak. Awit inggih badhe nemahi lelampahan kados dene sulung mlebet ing geni.

"Lha banjur tumanggape Sentani kepriye klawan panemu ndika iku?" Ki Guru Sukirna nakeni Ki Sugiyana salah setunggaling Bebau ing Jatipethuk ingkang boten nyarujuki lekasipun Sentani, mawi pawadan kados kasebat wau.

"Raden Sentani namung  ngendika : kowe durung ngerti kekuwatane Trah Majapahit sawutuhe lan kesusu sulap krungu kekuwatane Mataram. Nanging ya ora apa-apa, yen klakon panggayuh iki kaleksanan ya aja meri lamun kancamu dadi Tumenggung lan kowe tetep dadi Bebau sing uripe mung njagakne wetune bumi bengkok lan palungguh sing mung cukup dipangan saben dinane. Kula inggih lajeng mendel, boten wangsulan, ajrih menawi dados paben awit salah tampi" wangsulanipun Ki Sugiyana dhateng Ki Guru Sukirna.

Benten malih kaliyan Ki Praya, Bebau ing Bunguran, inggih punika padhusunan kidul piyambak saking Kademangan Jatipethuk. Ki Praya nyariyosaken bilih nembe kemawon dipun dugeni dening tepanganipun ingkang dados Bebau ing Kademangan Kalikebo. Bebau tepanganipun Ki Praya wau ngabaraken bilih ing Kademangan Kalikebo samangke kathah kedadosan griyanipun titiyang sugih sami kedhatengan kampak ingkang ngrebut bandha donyanipun. Naminipun Kampak inggih kejem tur boten wigah-wigih natoni utawi mejahi ingkang dipun kampak menawi boten purun masrahaken bandhanipun. Ugi ing margi - margi ingkang sepen, asring para warga Kalikebo kepanggih begal ingkang nedha kanthi meksa bandha-bandha pangaji ingkang dipun agem utawi dipun bekta. Namung kemawon wonten kaelokan, nalika wonten tiyang Kalikebo ingkang saged memanuki playunipun para Begal lan Kampak kalawau sasampunipun pikantuk mangsan, jebul dhateng Kademangan Jatipethuk.

"Sareng kula dhedhepi pranyata Begal lan para durjana ingkang damel kisruh ing Kademangan Kalikebo punika jebul para Prajurit Trah Majapahit ingkang dipun lurahi Ki Sugali" makaten criyosipun Ki Praya dhateng Ki Guru Sukirna.

"Banjur apa sing ndika tindakne sawuse ngawruhi kedadeyan kang kaya mangkono iku mau?" Ki Guru Sukirna pitaken dhateng Ki Bebau ing Bunguran.

"Kula akeni Ki Guru, suwaunipun kula inggih nyengkuyung lekasipun Raden Sentani" wangsulanipun Bebau Bunguran "pramila kula inggih lajeng madulaken trekahipun para Prajurit Trah Majapahit ingkang kados makaten kala wau, ing pangangkah Raden Sentani kersa ngendheg lampah nasar ingkang dipun lampahi para Prajurit kala wau".

"Mesthine sawuse ndika wadulake marang Sentani banjur ora ana maneh kabar wong kampakan utawa wong dibegal ing Kademanngan Kalikebo?" Ki Guru Sukirna nyelani rembug mawi pitakenan.

"Niku nek Raden Sentani kersa ndhahar atur kula?" suwantenipun Ki Praya kepireng cuwa.

"Lha banjur?"

"Kula malah nampi deduka saking Raden Sentani, wadulan kula dipun anggep crita ngayawara, kula lajeng dipun giri-giri badhe kadhawahan pidana ingkang awrat menawi ngantos wadulan kula kala wau kula criyosaken dhateng tiyang sanes. Dalunipun kula dipun dhatengi Ki Lurah Sugali, kula dipun pisakit ing ngajenge anak lan semah kula, lajeng kula ugi dipun incim menawi ngantos kula ngambali ndhedhepi lampahipun Para Prajurit kala wau, kula badhe dipun damel cacad ing selawasipun, semah kula badhe dipun prawasa ing ngajeng kula lan anak kula badhe dipun pejahi. Sampun Ki Guru, borong anggen badhe andika mastani, kula Praya bebau ing Bunguran, angur kula minggat saking Jatipethuk tinimbang kula kedah nyengkuyung lekasipun Raden Sentani" Bebau Bunguran mungkasi anggenipun cariyos, kaliyan praupan ingkang katingal gela lan cuwa.

Ki Guru Sukirna boten mangsuli punapa-punapa dhateng Ki Bebau ing Bunguran, namung kaliyan kesah pundhakipun Ki Praya dipun puk-puk minangka tandha bilih Ki Bebau kadhawuhan murih langkung sabar ngadhepi kawontenan.

Nalika lampahipun Ki Guru Sukirna nglangkungi satunggaling wande, Ki Sukirna kendel sakedhap. Suwaunipun badhe mlebet dhateng wande punika, ambok bilih saged pikantuk warta kathah, nanging lajeng kawurungaken. Awit kathah tiyang ingkang ngaken Prajurit Trah Majapahit sami jejagongan ing wande mriku, campur kaliyan tiyang-tiyang Jatipethuk. Ingkang murugaken Ki Guru murungaken anggenipun badhe lumebet wande jalaran Ki Guru boten wentala mireng wicantenipun para tiyang ingkang ngaken Prajurit Trah Majapahit ingkang rerembagan kaliyan tiyang-tiyang jatipethuk, kanthi suwanten kasar mawi basa ingkang lekoh lan saru, ingkang boten pantes kaucapaken dening tiyang ingkang nggadhahi budaya. Awit asring kapireng titiyang wau nyebat peranganing badan ingkang wados, sinambi gumujeng lakak-lakak.  Lan saking katebihan ketingal sedaya ingkang wonten mriku sami ngongasaken kekiyatan anggenipun saged nelasaken kathah unjukan-unjukan ingkang saged damel wuru, kamangka kawontenanipun inggih nembe sami mendem. Kadosipun wekdal samangke, ingkang makaten-makaten punika sampun dipun anggep limrah ing wande punika. Awit saking boten kiyatipun ngentep raosing manah nyumerepi sesawangan makaten kala wau, Ki Guru nunten nilaraken papan punika, nedya wangsul dhateng Banyugurih.

Dumugi ing Padhepokan, jebul Ki Guru Sukirna sampun dipun entosi dening tamu, ingkang ngrantos ing regol jejagongan kaliyan cantrik ingkang jagi.  Ki Guru Sukirna radi gumun awit tamu ingkang nengga ing regol wau, nuwun inggih Ki Suyudi tetuwaning Mancakaki sekaliyan semahipun, ugi wonten Ki Bebau ing Ngantang, nenggih Ki Dasa ugi sekaliyan sisihanipun. Nalika sami sumerep Ki Guru Sukirna sampun wangsul, titiyang kasebat sami ngadeg asung kurmat.

"Nyuwun pangapunten kula ingkang sowan Ki Guru" Ki Suyudi wicanten kaliyan nangkubaken tanganipun ing dhadha asikep sembah kalbu.

"Samanten ugi kula Ki Guru, bekti kula mugi katur" Ki Dasa kanthi sikep ingkang sami ugi wicanten dhateng Ki Guru ingkang nembe dugi.

"Kula ingkang nyuwun pangapunten" Ki Guru Sukirna wangsulan kaliyan mesem semanak "awit boten ngertos menawi badhe karawuhan tamu, malah kula katrem leledhang dhateng jawi radi dangu, punika kala wau. Mangga lenggah dhateng Pendhapa mrika supados radi sekeca anggenipun jejagongan".

Ki Guru Sukirna nunten minggah dhateng pendhapa, salah satunggal saking cantrik ingkang jagi regol ngrumiyini, lajeng nggelar klasa nam-namaning mendhong kangge lenggahipun Ki Guru Sukirna miwah tamunipun ingkang cacah sekawan, ing jogan satengahing pendhapa.

"Tulung digawekne unjukan kagem tamu" Ki Guru Sukirna aweh prentah dhateng cantrik ingkang nembe kemawon nggelar klasa "karo aku jupukna wedang sere sing ana kendhi"

"Inggih Bapa" wangsulanipun Cantrik kalawau nunten mlampah dhateng wingking.

"Harak inggih sami kasugengan ta Ki Suyudi miwah Ki Bau?" Ki Guru Sukirna mbagekaken tamunipun, sasmpunipun sami lenggah ing gelaran.

"Inggih awit saking pangestunipun Ki Guru, lampah kula tiyang sekawan punika sami kepanggih kawilujengan" Ki Suyudi makili rencang-rencangipun mangsuli pambagenipun Ki Guru Sukirna.

 

ana candhake.


SENDAHANG MUSTIKANING WARIH III (24)

 

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

24

Nyumurupi gedhening tekad saka Ki Trenggilingwesi samurid-muride kabeh, jujur wae atiku banget mongkog. Panyengkuyung mungguhing gegayuhanku kang luhur iki sansaya gedhe, maune saka para trahe Raden Kumbina sing mencar tekan ngendi-endi sing dening Lodana arep diklumpukne, saiki ketambahan saka Padhepokan Grojogan Kaligedhe, malah isih arep ketambahan wadya bala Bacingah sing arep diimpun dening Ki Trenggilingwesi awit saka pamrayogane Rama Nagaburik ing Grojogan Jambe Telu. Nanging bareng ngelingi kahananku sing mung pas-pasan, aku dadi mikir kepiye carane aweh pangan marang wong-wong kuwi mengko. Mula aku banjur njegreg rada sauntara.

Jebul apa sing ngebot-eboti pikiranku kuwi uga dipikir dening Ki Trenggilingwesi, ketitik Ki Trenggilingwesi tumuli kandha marang aku :

"Gusti Raden Sentani sampun menggalih ingkang remeh-remeh, kados upaminipun menggalihaken tedhanipun para pandherek, punika sampun ngantos dados penggalihanipun Gusti Raden Sentani".

"Inggih Ki" wangsulanku "nanging punika kabetahan ingkang kedah wonten, lajeng menawi dede kula ingkang mikiraken lajeng sinten ingkang badhe mikir? Kamangka sadaya para pandherek punika sampun masrahaken pejah gesangipun, sampun boten mikir kabetahanipun piyambak malih, sadaya sami masrahaken jiwa lan raganipun kangge wangsulipun Kamulyaning Majapahit".

Ki Trenggilingwesi gumuyu ngakak, banjur kandhane :

"Mugi kauningan Gusti, estunipun ing ngandhaping pendhapa punika sampun kathah brana picis ingkang dipun singgahaken dening Sugali sakanca-kancanipun, inggih celengan wohipun nyambut damel ingkang sampunh langkung saking sedasa tahun. Sadaya barang celengan punika mangke badhe kaboyong dhateng Jatipethuk lan kaaturaken dhumateng Gusti kula Raden Sentani kangge sanguning lelabuhan. Kajawi saking punika, sadangunipun dereng wonten perang brubuh antawisipun Trah Majapahit mengsah Mataram, sedaya lare saking Grojogan Kaligedhe badhe mencar nyambut damel pados wewahing bandha kangge wragat lelabuhan punika, kula pitados ingkang dipun lampahi dening kadang-kadang Trah Raden Kumbina boten benhten kaliyan ingkang dipun lampahi dening Sugaloi sakancanipun, Gusti".  

"Punapa punika Ki?" aku takon merga durung mudheng karo sing dikandhakne Ki Trenggilingwesi.

"Makaten Gusti" Ki Trenggilingwesi aweh wangsulan "estunipun sedaya kemawon nyiriki lampah nistha, ngrebat gadhahaning ngasanes, nanging gandheng kaliyan kawontenan para Trah Majapahit punika sami sesingidan menawi ngantos kadenangan ingkang nembe nyepeng panguwaos tartamtu badhe dipun tumpes, pramila para Trah Majapahit sami nindakaken perang sesingidan, liripun badhe mengsahi sok sintena ingkang purun manunggal kaliyan mengsahipun Sinuwun Brawijaya Pamungkas, inggih Gusti Girindrawadana. Inggih naminipun mengsah, menawi sampun kawon bandhanipun limrah menawi dados gadhahanipun ingkang mimpang, Gusti".

Tak rasa-rasakake apa sing dingendikakne Ki Trenggilingwesi kuwi ana benere. Mula aku ya banjur meneng lan nampa apa sing dadi ature.

"Makaten cariyosipun Kang Mas Sentani dhateng kula Kangmas"  Ki Sukirdi mungkasi anggenipun nerokaken criyosipun Sentani.

Mireng cariyosipun Ki Sukirdi ingkang makaten kala wau, Ki Guru Sukirna lajeng pitaken dhateng rayinipun ingkang kajibah ngayahi jejibahan minangka Demang Wakil ing Jatipethuk :

"Yen mangkono, Sentani wis niyat arep madeg kraman mungsuh Mataram Dhimas?".

"Ancasipun kangmas Sentani mila makaten Kangmas, nanging wekdal punika taksih nata kekiyatan lan ugi ngempalaken para panyengkuyung kalebet badhe nyuwun panyengkuyungipun sadaya mancakaki lan kawula ing Jatipethuk sedaya kalebet kula lan Kangmas Guru" wangsulanipun Ki Sukirdi.

"Lha mungguh panemune si Adhi, apa lekase Sentani iki pantes sinengkuyung apa ora? lan apa si Adhi uga wis sumurup kepiye mungguh sikep lan panemune para Mancakaki sarta para kawula ing Jatipethuk?" Ki Guru Sukirna pitaken malih.

Ki Sukirdi wongsal wangsul ambegan landhung, sareng sampun radi dangu nunten wicanten :

"Kadospundi inggih Kangmas? kenging kawastanan ewuh oya ing pambudi tumraping kula, badhea kados punapa kula punika sampun kaserat ing Kutha Gedhe Mataram minangka kawula lan abdi Mataram, ingkang sampun kadhawuhan ngayahi jejibahan minangka Demang Wakil ing Jatipethuk mriki. Kamangka prasetyaning awakipun piyambak rak inggih badhe setya dhateng Nagari Mataram ta Kang Mas?. Malah kalih dinten kapengker kanthi sesidheman, wonten utusan saking Mataram mundhut pirsa dhateng kula punapa ing Jatipethuk wonten warga enggal ingkang nggadhahi sikep ingkang aneh?. punapa kula kadhatengan tamu ingkang ngajak mbangkang parentahing ratu? punapa wonten tiyang neneka ingkang ngaken badhe mangsulaken kawibawan Majapahit, lan taksih kathah malih pamundhut pirsanipun. Kula inggih kapeksa dora sembada awit kula kuwatos bilih ingkang dipun kersakaken punggawa Mataram punika Kangmas Sentani. Nanging, menawi ngemuti bilih awakipun piyambak punika Trah Majapahit, mesthinipun kedah anyengkuyung lekasipun Kangmas Sentani punika. Awit kanyatanipun dhuking kina, nalika Majapahit taksih wonten Tanah Jawi punika nate dados punjering paprentahan ingkang mbawahi nagari-nagari manca, sareng paprentahan kaasta titiyang ingkang ngrasuk agaminipun tiyang manca, wontenipun ing paprentahan namung rebat panguwaos, paten pinaten sesamining sedherek, Bagus Mukmin mejahi Surawiyata, Penangsang mejahi Bagus Mukmin, Karebet numpes Penangsang, Sutawijaya mengsah Karebet  makaten bebasan boten wonten kendelipun. Menawi Kangmas Guru kados pundi?".

Kyai Guru Sukirna mesem midhanget wicantenipun Ki Sukirdi ingkang makaten kalawau. Lan Ki Guru Sukirna sampun saged mendhet dudutan bilih estunipun ingkang rayi punika langkung condhong dhateng lekasipun Raden Sentani. Sanaosa makaten Ki Guru Sukirna ugi boten kaget utawi ngleresaken punapa dene nglepataken pamanggihipun Ki Sukirdi.Pramila nalika katakenan menggah pamanggihipun , Ki Guru Sukirna inggih lajeng paring wangsulan :

"Ngene ya Dhi, mula bener apa sing kok kandhakake ing ngarep, awake dhewe iki manggon ewuh oya ing pambudi, milu edan ora tahan, yen tan milu anglakoni, baya keduman melik, kaliren wekasanipun. Nanging andilalah kersa Allah sak begja-begjane wong sing lali isih begja sing eling lawan waspada. Jaman biyen,wong tuwane dhewe yaiku  Bapa Demang wis nelakake yen Jatipethuk iki peranganing nagara Demak Bintara, banjur dadi Kademangan awit saka pambiyantune Gusti Arya Penangsang ing Jipang. Bareng Jipang ilang, Demak ngalih nyang Pajang Bapa Demang uga ngakoni yen yen Kademangan Jatipethuk iki perangane Kasultanan Pajang, samono uga nalika punjering paprentahan ngalih menyang Mataram lan nganti tekan saiki Jatipethuk kuwi kademangan kang kaereh dening Mataram. Mula yen si adhi wis bisa nglakoni dora sembada wani muni ora ngerti karo apa sing ditakokke Punggawa Mataram marang si Adhi, tak kira aku ya bisa sembada marang Sentani, lire aku ora arep ngalang-alangi nggone arep nggayuh kamukten, nanging aku ya ora wani nyidrani janji mbalik wani karo Kanjeng Panembahan Senapati ing Alaga. Sabanjure Dhi, yen si adhi ngrembug Trah Majapahit satemene sing nyekel panguwasa kuwi wiwit biyen ya Trah Majapahit kabeh. Awit Sultan Demak kuwi genah nek putra dalem Kanjeng Sinuwun Sri Brawijaya Kalima sing kendhang saka praja awit Majapahit kabedhah dening Sinuwun Brawijaya Pamungkas, sing maune Adipati Kedhiri. Pawadan anggone wani ngraman, Sinuwun Girindrawarna jarene males ukum awit leluhure Ya Arya Ardaraja disingkirake dening Raja Majapahit kapisan. Lan wiwit madege Majapahit kuwi satemene paten pinaten antarane sedulur kuwi kaya-kaya wis jeneng lumrah, sababe kabeh-kabeh kepengin mangwasani siji lan sijine. Luwih nemen sing ndadekne Majapahit surem kuwi sawuse kedadeyan Perang Pareg-reg, antarane padha-padha putra Kanjeng Sinuwun Prabu Hayamwuruk. Dadi sing ndadekne Majapahit sansaya surem pamore kuwi ya mung merga kabeh-kabeh padha rumangsa bener dhewe, liyane dianggep salah nek perlu kudu disirnakne. Yaiku sing diarani panguja hawa nafsu. Aku ora bisa ngarani endi sing bener endi sing luput. Nanging sing baku anane dahuru kang gawe sengsarane kawula alit kuwi ora sabab Trah sing beda luwih-luwih agama sing ora padha, nanging sing dadi sabab ora liya ya anane nafsu sing diumbar ngandar-andar temah nuwuhake kasangsaran lan kasangsayane liyan".

Kathah-kathah anggenipun kojah Ki Guru Sukirna dhateng ingkang rayi. Nanging inggih boten wonten dudutan bilih tiyang kalih punika badhe ambala dhateng sinten menawi ngantos Sentani saestu mbalela nglawan paprentahaning Nagari Mataram.

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...