Total Tayangan Halaman

Minggu, 29 Agustus 2021

TEMBANG CEMPLANG 38

 dening: IMMIR

 

38.

Kaya sing wis dikandhankne marang Nita, dina esuke Bu Kardiman sida nyeluk Mur. Amerga nek nganti Mur sida njupuk cuti lebaran, Bu Kardiman kudu tata-tata golek rewang warnen sing nggenteni gaweyane Mur sasuwene Mur tilik simboke neng ndesa kuwi. Kajaba saka iku, Bu Kardiman sing wis rumangsa seneng marang Mur merga gaweyane sing tansah gawe legane atine, uga arep genti mbales gawe senenging atine rewange kuwi, mengko arep digolekne apa-apa ben dingge oleh-oleh kanggo wong tuwane, uga nggolekne tiket kendaraan mbuh sepur mbuh bus sing bisa njamin keslametane Mur neng dalan luwih becik.

Diceluk juragane, gaweyan diselehne ditinggal mara nyedhak juragane sing lagi lungguh neng kursi, nyadhong dhawuh.

"Linggiha kursi kene Mur" kandhane Bu Kardiman "aku arep omong".

Atine Mur dadi dheg-dhegan, juragane olehe omong ora nganggo esem, kathik dheweke dikongkon lungguh kursi pisan. Mur wis nggagas nek arep nampa srengen saka juragane, srengen merga kaluputan sing kepetung kaluputan gedhe, merga nek mung kaluputan lumrah ora nganti ndadak dikongkon lungguh ngono kuwi. Karo ora saulu apa-apa Mur mapan lungguh karo ndhingkluk.

"Ora sah wedi" Bu Kardiman dumadakan ngguyu banjur omong ngandhani supaya Mur ora wedi "awakmu ora arep tak srengeni kok, mung arep tak takoni sethithik".

"Inggih Buk-e" wangsulane Mur karo ndengengek, rasa wedine wiwit suda. Ora ilang  blas, merga arep ditakoni. Ditakoni bab apa?. Apa merga dheweke ditelepon Bu Narti wingi gek dheweke durung omong marang juragane? "Inggih kula kala wingi badhe matur Buk-e ndelalah supe?"

"Lali? arep omong bab apa?" Bu Kardiman malah katut omongane Mur.

"Telepon saking Budhe Narti, bilih benjing Ahad badhe tindak mriki" wangsulane Mur ngati-ati.

"Banjur awakmu dipeseni supaya nggawekne jangan asem kaya pas neng Leuwiliang kae ta?" Bu Kardiman wangsulan karo takon.

"Inggih, ibuk-e sampun pirsa ta?" Mur mlenggong.

"Ya uwis, wong sadurunge Telepon awakmu, Budhe Narti telepon aku dhisik" wangsulane Bu Kardiman karo mesem "wonge ora marem nek durung omong awakmu dhewe, najan pamundhute supaya digaekne jangan asem ya wis tak saguhi, banjur Budhe Narti mundhut nomer hapemu kae".

"Inggih, nyuwun pangapunten Buk-e, pas telepon boten kula angkat, nembe sasampunipun kintun pesen bilih nomer ingkang ngebel punika nomeripun Budhe Narti, kula purun nampi" Mur gawe pawadan mbok menawa Budhe Narti wadul bendrane nek olehe telpon sing sepisanan ora diangkat.

"Iya kuwi ora sah dirembug dhisik" Bu Kardiman mbalik menyang niyate sakawit "iki ana bab liya sing perlu tak takokne marang awakmu".

"Dheg!" dhadhane Mur bali dhegt-dhegan maneh.

"Awakmu ngeri ta wingi Nita mrene kae?" Bu Kardiman nerusne rembuge.

"Inggih" wangsulane Mur, batine : genah aku wingi ya diceluk ngono kok, ndadak ditakoni maneh.

"Wingi Nita njalukne idin awakimu"

"Idin punapa Buk-e?" Mur nugel rembug merga kaget.

"Idin njupuk cuti riyaya" Bu Kardiman wangsulan.

"Lha kok Bulik Nita ingkang matur Buk-e niku, cethanipun kados pundi? Tiyang kula nggih boten nate rembagan kaliyan Bulik Nita perkawis punika, saupami kula niyat badhe tilik griya punapa dikinten kula boten saged matur piyambak dhateng Ibuk-e?" Mur genti takon kanthi suwara sing rada beda.

"Mengko dhisik ta, awakmu kuwi aja kesusu nesu dhisik" Bu Kardiman kandha karo mesem.

"Nyuwun pangapunten Buk-e" Mur suwarane groyok, nrgumangsani nek mau olehe omong wis ninggal suba sita "boten nesu kok, namung gumun kaliyan Bulik Nita".

"Ora perlu gumun" Bu Kardiman ngandhani klawan suwara sing alus "jarene Nita, Makmu njaluk tulung marang Nita supaya suk riyaya kuwi awakmu bisa tilik omah. Lha saiki aku arep takon nyang awakmu, awakmu wis dikandhani Makmu apa durung?".

"Dikandhani murih benjing riyadin punika wangsul?" Mur takon.

"Lha iya ta, arep dikandhani apa maneh? dikandhani nek wis digolekne calon bojo? ngono pa piye?" Bu Kardiman nggenahne rembuge karo mesem.

"Ah, ibuke niku kok" Mur melu mesem "dereng Buk-e, malah antawis tigang peken kapengker pas kula telepon Make liwat hapene Bu Mandhor. Make sanjang menawi boten napa-napa kula dereng saged tilik griya, sauger sadaya sami kaparingan wilujeng, criyose Make kangenipun sampun mantun sauger kula purun telepon. Pas nika kula rak inggih lajeng matur Buk-e ta?".

"Iya, merga aku kelingan karo sing kok critakne kae, aku dadi rada gumun semu ora ngandel karo sing dikandhakne Nita" Bu Kardiman wangsulan "ya gene Makmu kok ndadak ngongkon Nita ngono kuwi? nek pancen kepengin awakmu tilik omah rak ya bisa njaluk tulung nyang majikane supaya kirim pesen marang awakmu supaya telpon, iya ta?".

"Mesthinipun makaten Buk-e" wangsulane Mur.

"Atake ana barang sing anyar Mur?" Bu Kardiman takon .

"Barang enggal napa ta Buk-e?" Mur mbalekne pitakon.

"Awakmu arep dirabekne? merga wingi Nita ya omong nek neng ndesa sak aakmu kuwi mesthi wis dirabekne lho?".

"Menawi ngaten kajenge Make, malah kula boten badhe wangsul tilik griya rumiyin, Buk-e" Mur wangsulan, terus nggreneng dhewe "gampange arep ngrabekne uwong, rumangsane ki apa gampang nocogne ati kuwi?".

Bu Kardiman ngguyu rada suwe krungu grenengane Mur ngono kuwi.

"Ya wis yen ngono" wusanane Bu Kardiman ngendheg olehe rembugan "mbuh sida tilik omah, mbuh ora sesuk-sesuk bisa dirembug maneh, iki sasi jawa lagi sasi ruwah tanggal lima, dadi isih ana wektu sesasi luwih kanggo mikirne bab kuwi. Ya wis kana nek arep tandang gawe, aku ya arep nerusne gaweyanku kok".

"Inggih Ibuk-e"

Mur banjur mundur, bali menyang panggonane tandang gawe maneh. Durung wae nganti nyandhak gaweyan sing mau ditinggal, mBok Ti mara nyela-nyela takon :

"Suk Riyaya awakmu arep njupuk cuti lebaran Mur?"

"Ora ngono kuwi mBok" wangsulane Mur nggenahne pitakone mBok Ti sing olehe takon ngono kuwi merga sithik-sithik krungu sing lagi wae dirembug karo juragane  "wong Ibuk-e ki olehe pirsa saka Bulik Nita, gek Bulik Nita ki wonge ya ngana kae, sok sak karepe dhewe".

"Lha yen pancen karo Makmu kon tilik omah ya dituruti ta Mur" mBok Ti nerusne kandhane "jenenge wong tuwek ki neng ngendi-endi ya padha wae, sok kepengin dina bada bisa kumpul karo anake barang, gek kamangka wis telung bada awakmu ora bisa ngancani Makmu badan".

"Embuh, apa jare mengko, mBok" wangsulane Mur karo suwara sareh "wong riyayane isih suwe wae kok, isih akeh wektu kanggo mikir tilik omah apa ora mbesuk".

Muni ngono Mur karo mlaku ngalih arep nyandhak gaweyan sing mau ditinggal. mBok Ti ya wis ora omong maneh. Wong loro kuwi ora ngerti, yen sanadyan ora nguping ana kuping loro sing melu ngrungokne olehe padha rembugan. Lan merga krungu karo apa sing diomong Mur karo mBo Ti ngono kuwi, ndadekne atine sing duwe kuping banjur ngongkon uteke supaya mikir, mikir kanggo murih ati bisa seneng, kanthi golek cara supaya yen Mur sida bali tilik omah bsa dimanpangatake kanggo nuduhne yen dheweke pantes nresnani lan ditresnani dening Murjiyati.

 

ana candhake.

TEMBANG CEMPLANG 37

 

dening: IMMIR

 

37.

Sore kuwi Nita sida mara neng omahe Bu Kardiman, diemoni neng emperan mburi sing neng kono hawane isis, merga siliring angin sore. Tekane Nita mrono mung dhewekan, numpak taksi, ora ana kancane. Jarene sing lanang isih kerja, mau wis kencan nek Nita arep dipapag neng Mall kira-kira bar maghriban, merga rancangane bubar saka nggone Bu Kardiman arep blanja pisan. Gandheng tekane Nita mrono kuwi butuh karo Bu Kardiman, Mur ya mung nemoni sedhela banjur bali nandangi gaweyan-gaweyane sing durung rampung. Kajaba saka kuwi sak jane Mur kuwi ya rada aras-arasen nek jagongan karo Nita merga jarene Mur, Nita kuwi nek kadhung omong kaya radio ora ana menenge gek sing diomongne sok ora pati dingerteni dening Mur.

"Lha awakmu ki piye ta Mur? diparani Bulik-e kok malah ditinggal nyandhak setlika lho?" mBok Ti weruh Mur nerusne olehe nyetlika banjur takon.

"Sapa mBok? Bulik Nita ta? kae ngono dudu Bulikku ya? kae anake majikane Mak-ku sing neng ndesa, mung wae aku nek nyeluk ya Bulik, wong wiwit cilik olehe mbasakne ya Bulik" wangsulane Mur karo nutugne olehe nyambut gawe.

"Sok ngonowa, rak ya isih mambu-mambu nek karo awakmu? kok malah kok tinggal?" mBok Ti takon maneh.

"Mau aku wis nemoni kok" wangsulane Mur "banjur aku pamitan mrene, merga Bulik Nita ki olehe rene rak ora merga aku? nanging merga butuh kepengin ketemu Ibuk-e".

mBok Ti ora semaur maneh, banjur lunga ninggalne Mur nyandhak gaweyane dhewe neng pawon.

Sauntara kuwi,  Bu Kardiman sing jagongan karo Nita keprungu gayeng, sedhela-sedhela saka kadohan sok keprungu suwara guyune.

"Dos pundi Buk? Mur rak nggih boten nguciwani ta nyambut damele? Nanging nggih niku kados atur kula ingkang rumiyin nika kedah nuntuni lan asring ngelikne" kandhane Nita nakokne nyambut gawene Mur.

"Apik kok Nit" wangsulane Bu Kardiman "ora rugi aku mbayari awakmu merga wis nggolekne rewang aku, Mur bocahe sregep temen tur ya ora seneng neka-neka".

"Pancen kula niki nek madosne PRT kagem Ibu-ibu mesthi kula saring rumiyin kok Bu" Nita mongkog atine "boten kok angger lare, nanging kula pilihi sing saged nyambut damel saestu. Pripun punapa Ibu ngersakaken tambahan rewang malih? Mangke kula padosaken teng dhusun, bayaran blanjanipun boten larang, tandang gawene saged dijagakine saestu. Napa mbok menawi wonten ibu-ibu sanes, mitranipun Ibu ingkang ngersakaken ? mangke saged nimbali kula".

"Nek aku ya durung ta Nit? genah wis eneng mBok Ti karo Mur ngono? ya mbesuk wae nek Mur wis oleh jodho terus dadi manten, aku golekna gantine" Bu Kardiman semaur karo mesem.

"Lha ketingale Mur napa mpun wonten ingkang ngirik-iriki ta Bu?" Nita takon karo rada ngguyu.

"Ngirik-iriki, kok padhakne wong arep mikat manuk kutut wae. kowe kuwi" Bu Kardiman melu ngguyu .

Karo ngguyu Nita banjur wangsulan :

"Nggih niku lho, lare jaler ingkang ngesir piyambake?".

"Nek kuwi aku ya ora ngerti, wong Mur dhewe ya ora tau crita bab kuwi karo aku" Bu Kardiman wangsulan alon "kira-kira sing kepencut ya akeh, wong Mur ki saiki rupane dadi ayu merak ati. Nanging Mur dhewe pas tak coba tak jajagi atine, jarene wegah mikir bocah lanang dhisik, isih kepengin nerusne ngrewangi aku kok".

"O makaten? dados Ibu sak jane nggih sampun mancing-mancing Mur nggih Buk?"

"Iya" Bu kardiman wangsulan cetha "merga bares wae, neng kene iki ana salah sawijining Ibu sing uripe kalebu cukup, wong kakunge Pegawai Negeri terus Ibuk mau ya dadi Penjahit sing laris, putrane mung siji wis nyambut gawe mapan dadi mekanik neng dealer gedhe, ibu mau kandha nyang aku nek kepengin ngepek Mur dadi mantune, anake jare ya wis seneng".

"Nanging Mur boten remen kalih larene niku?" Nita genti takon.

"Ora ngono" Bu Kardiman wangsulan "Mur ki ora omong nek ora seneng, merga ora seneng kuwi rak ana sing ora disenengi sing ana ing awake sing ora disenengi, mbuh rupane, mbuh tingkah lakune, mbuh ap-ane ngono. Mur kandha nek bocah sing tak omong kuwi jarene ya apik, baguse ya  bagus, sregepe ya sregep, unggah-ungguhe ya apik, grapyak semanak lan ora gumedhe. nanging ya kuwi mau, mBuh merga apa Mur wangsulan durung arep mikir sing ngono-ngono kuwi luwih dhisik. Sing baku saiki bocahe isih kepengin nglumpukne dhuwit kanggo pawitan mbesuk. Kowe ngerti nganti saiki iki dhuwit balanjane Mur durung tau dijupuk, kabeh dititipne aku, banjur tak simpen  neng Bank, hebat ora bocah kuwi?".

"Inggih Bu" Nita manggut-manggut "lha tepangipun Mur kalih Ibu lan putrane niku teng pundi?"

"Ya ora neng ngendi-endi, wong omahe ora adoh saka kene. Pethuke Mur ya ngepasi Mur blanja sayur nek esuk neng nggone sayur seger prapatan kulon kono kuwi".

"Nanging anu Bu" dumadakan Nita kaya arep ngomong bab liya.

"Anu piye?" Bu Kardiman takon.

"Make Mur sing teng dhusun niku telpon kula, meling supados Mur dipadosne bojo, mula kula nggih lajeng miling-miling madosaken lare jaler sing sajake pantes kaliyan Mur punika" Nita wiwit omong goroh marang Bu Kardiman.

"Arepa Mak-e Mur kepengin anake enggal oleh jodho nek Mur dhewe durung karep rak ya tiwas tuwas ta Nit?" Bu Kardiman wangsulan ngiras takon.

"Mula niku Bu" Nita semaur kanthi suwara nglendheh "Mak-e Mur lajeng ngomongi kula, supados benjing riyadin niku, Mur purun endhang griya.Ketingale kalih Mak-e ajeng dikandhani perkawis niki. Dados niki kula nggih matur pisan dhateng Ibu, bilih benjing riyadin supados Mur dipun keparengaken tilik griya dhateng dhusun".

Bu Kardiman meneng sedhela, ketoke lagi mikir apa sing lagi diomongne dhayohe kuwi mau. Bareng wis sauntara lagi kandha marang tamune :

"Perkara nek arep tilik omah suk riyaya kuwi ya ora apa-apa, wong Mur ki wis telung tahun ngrewangi aku durung tau endhang omah".

"Makaten nggih Bu? Matur nuwun" Nita nyauti rembug.

"Nanging kok Mur durung tau omong aku nek Mak-e kepengin ditiliki ya?" Bu Kardiman kaya nakoni awake dhewe.

"mBok menawi Make Mur pancen dereng nyriyosi yogane niku Bu" Nita mangsuli pitakone  Bu Kardiman.

"Embuh nek ngono" wusana Bu Kardiman nyuwara sareh "ya mengko apa sesuk Mur ben telepon Mak-e, apa kangene Mak-e nyang Mur wis nemen tenan".

"Nanging anu lho Bu" Nita sajak rada ora kepenak.

"Anu piye?" Bu Kardiman mesem.

"Mur sampun dicriyosi nek kula padosaken calon bojo lho".

"Ora" Bu Kardiman wangsulan karo ngguyu "Lha apa olehmu nggolekne wis oleh?".

"Jane nggih dereng" wangsulane Nita karo mesem.

Wayah ngarepaken surup srengenge, mbarengi suwara Toa Masjid ngumandhangne suwarane wong maca Kitab, Nita pamitan bali. Dening Bu Kardiman Mur diceluk, dikandhani nek dhayoh sing isih ana sambung tangga karo Mur neng ndesa kuwi arep bali. Mur banjur nguntabne bali Nita nganti tekan regol ngarep.

ana candhake

Sabtu, 28 Agustus 2021

TEMBANG CEMPLANG 36

 

dening: IMMIR

 

36.

Kaya padatan esuk kuwi mBok Ti wis mangkat golek sayuran seger neng nggone Pak Bakir, Mur ora diajak . Tekan panggonane Pak Bakir jebul neng kono wis ana Bu Kristin sing milihi sayuran. Batine mBok Ti rada ndhengarekake, jalaran adate Bu Kristin ki nek blanja sayur rada awan, malah kerep wae pas mBok Ti mulih ngana kae simpangan neng dalan. mBok Ti banjur nyedhak melu milih sayuran sing arep dituku. Bareng ngerti nek mBok Ti wis teka kono, Bu Kristin banjur loroh-loroh kanthi praupan sing grapyak semanak.

"Kadhingaren iki mau kok rada awan mBak? adate ki nek sampean wis bali lagi aku genti sing budhal?".

"Jane niki wau kula nggih ajeng ndhengarekne panjenengan lho Bu" wangsulane mBok Ti karo ngguyu.

"Merga aku sing kisuken ngono ya?"  Bu Kristin melu ngguyu banter "Iya mBak soale iki mau gaweyan omah wis rampung kabeh, dadi bisa blanja esuk. Lha ponakane kok ora dijak ?".

"Mboten" wangsulane mBok Ti karo milihi sing arep dituku "larene radi kekeselen, amargi kala wingi kesah ngantos sonten nembe dugi nggriya, lha dalune boten enggal saged leren amargi nandangi damelan ingkang dereng rampung".

"Lunga? apa duwe sedulur sing ana kene?" Bu Kristin takon.

"Boten, kesah ndherekne Ibuk-e dhateng Bogor, tuwi pulunanipunj Ibuk-e ingkang wonten mrika".

"Oo, lunga karo Bu Kardiman ta?"

"Inggih, tiyang Mur niku kesahe nggih nek pas didhawuhi ndherekne Ibuk-e ngoten niku thok kok Bu" mBok Ti wangsulan.

"Jane aku ki kepengin lho bisa ngobrol-ngobrol karo Nak Mur ki, aku wingi pas telepon  Bu Kardiman ngabari acara arisan kae, aku ya wis matur nek kepengin omong-omongan karo Nak Mur, Bu Kardiman ya wis marengne. Nanging ya kuwi lho, wektune sing ora enek".

"Inggih Bu".

"Lha sampean wis tau njajagi atine Nak Mur apa durung mBak?" Bu Kristin dumadakan takon bab liya.

mBok Ti meneng sedhela banjur wangsulan kanthi ngati-ati :

"Lare niku sajake boten sengaja saking griya rumiyin sampun katutan raos sakit ingkang angel dipun tambani Bu".

"Piye ta? lara apa? aku ora pati mudheng karo singsampean dhawuhne" Bu Kristin njengkerutne bathuke tandha yen rung mudheng.

"Lare niku wiwit alit rak gesangipun sengsara" mBok Ti aweh katrangan "lair cenger sampun boten ketunggon bapak, lajeng simbokipun inggih gesangipun kesrakat, kangge nyambung gesang inggih namung kanthi berah-berah sakwontenipun, malah kangge ngiyub kemawon inggih kedah mondhok-mondhok dhateng griyanipun tiang. Pamila lare wau nggadhahi raos sakiting manah dados tiyang kesrakat wiwit alit, pramila nalika kula jajagi menawi piyambake punika sampun wancine mikir calon bojo, wangsulanipun radi banter : aku ora arep mikir ngono-ngono kuwi dhisik Mak, tak empete rasa kepenginku dhisik, mbesuk wae nek aku wis bisa ngepenakne uripe Makku, lagi aku arep mikir kepenginan liyane. Ngoten niku Bu wangsulanipun Mur dhateng kula".

"Walah nek ngono ya angel ngono mBak? gek olehe bisa mujudne tekade kuwi nganti suk kapan rak ora jelas?" Bu Kristin wangsulan sajak rada cuwa.

"Nggih mangke menawi lodhang kula kandhanane bilih mujudne tekade niku saged dilampahi kalih mlampah, sokur menawi wonten wekdal Bu Kristin paring rerigen dhateng lare niku, mesakaken lho Bu" mBok Ti nimbangi wangsulane Bu Kristin.

"Ya kapan-kapan tak telpone, mBak" Bu Kristin aweh wangsulan.

Pas mBok Ti jagongan karo Bu Kristin kuwi, neng Pos Satpam dalem Kardimanan, Marsana lagi teka arep nggenteni Singgih sing wis jaga wiwit dhek wingi. Tekane Marsana bareng karo Andhik, wong  budhale saka pondhokan ya bareng. Andhik ora bablas menyang garasi, merga mobile wis diresiki wingi nalika bali saka Leuwiliang, dadi kari manasi wae. Nanging leren dhisik lungguhan neng Gerdhu ngancani Marsana.

"Bosse wis budhal Bro?" Andhik nakoni Singgih sing sanadyan sing arep nggenteni jaga wis teka nanging isih durung tata-tata arep bali menyang pondhokan.

"Wis rada peteng mau" wangsulane Singgih karo arep nyumet rokoke "sing mapag Pak Kus".

"Ya wis, dadi aku bisa rada santai" kandhane Andhik maneh.

"Lha wingi kae nang ndi ta nDhik ? Budhal isih esuk baline wis sore ki?" Marsana genti takon.

"Nyang Kebune Mas Sujud, Leuwiliang Mas" wangsulane Andhik karo mesem "nanging mampir dhisik nyang Gunung Putri, ngampiri Bu Narti".

"Wah, awakmu wingi sedina utuh karo bareng Mur terus no? padha wae karo pacaran" Singgih takon karo mesem .

"Nek pacaran ya ora, wong aku karo Mur ya ora ngapa-apa" Andhik mesem nuduhne senenge "nanging pas Mur dikongkon lungguh neng kursi ngarep jejer aku, merga kursi tengah dienggoni Bosse karo Bu Narti, bocahe ketoke seneng banget".

"Sing seneng ki awakmu apa Mur?" Marsana nyaut rembug.

Andhik ngguyu, banjur semaur :

"Ketoke Mur ya seneng Mas, nek aku genah nek senenge".

"Aku dhek bengi ya seneng kok Mas" Singgih genti pamer "sing ngeterne kopi mrene sing adate mBok Ti, dhek bengi kuwi sing ngeterne Mur. Terus bocahe tak tanggap saka olehe lunga nyang Leuwiliang, banjur bocahe crita akeh-akeh jarene atine ya seneng, ora seneng merga wis lungguh jejer sampean, nanging seneng merga wis weruh tanduran sing ledhung-ledhung. Neng kene bocahe leren rada suwi kok".

Andhik mesem nyengir, Marsana ngguyu ngakak, ngguyu omongane Singgih sing ngarani olehe seneng Mur ora merga bisa lungguh jejer karo Andhik. Singgih banjur tata-tata arep bali menyang pondhokan nglerekne awak. Andhik ya terus ngalih, arep manasi mobile.

Pas Andhik karo Singgih metu saka Gerdhu, kepethuk mBok Ti sing lagi bali saka blanja. Singgih mandheg sedhela karo ngluruhi mBok Ti :

"Kok dhewekan mBok? Lha Mur kok ngak melu blanja?"

"Wonge tak jak ora gelem" wangsulane mBok Ti "wedi nek enek sing ndakwa neka-neka, tiwas wonge nesu maneh, jarene".

Singgih meneng, ora takon maneh. Andhik sing melu krungu wangsulane mBok Ti ngono kuwi, mrengut rumangsa nek wis disemoni karo mBok Ti. Andhik ya banjur mlaku menyang garasi arep manasi mobil. Tekan garasi weruh Mur lagi nyekeli hape sajake lagi teleponan. Mur sing weruh klebate Andhik neng garasi ya banjur ngalih ngadoh, karo hapene tetep dicedhakne kupinge. Atine Andhik sing lagi rada gela merga bubar disemoni mBok Ti, saiki malih dadi panas. Andhik wis ngira yen Mur lagi telpon-telponan karo Bu Kristin, nek ora malah karo anake lanang sing jeneng Tanta kae.

"Injih Budhe, Injih" lamat-lamat Andhik isih krungu suwarane Mur sing omong karo Hape ne, sopire Bu Kardiman kuwi dadi takon-takon menyang atine "kok Budhe? apa sing telpon kuwi Budhe Narti?".

Tenane sing lagi wae telponan karo Mur kuwi pancen Bu Narti, ngabari yen suk dina Ahad, Bu Narti karo Sujud arep sanja menyang daleme Bu Kardiman. Bu Narti meling supaya suk Ahad kuwi dimasakne sayur asem kaya sing dimasak Mur pas neng Leuwiliang kae.

 

ana candhake.

TEMBANG CEMPLANG 35

 

dening: IMMIR

 

35.

Neng jero mobil wiwit budhal saka Leuwiliang nganti tekan Gunung Putri ora ana sing omong apa-apa. Sajake wis padha kesel sawuse mlaku-mlaku turut kebonane Sujud, malah Bu Kardiman karo Bu Narti sing lungguhe jejer neng jok tengah, padha turu karo sendhen. Mur sing manggon neng ngarep nadyan ora turu nanging uga ora omong apa-apa, katrem ngrungokne unine lagu sing diputer neng mobil kuwi. Andhik sing nyetiri mobil isih kober nyambi nglirak-nglirik sing lungguh ana jejere, nanging sing dilirik babar pisan ora aweh tanggapan, suwe-suwe Andhik ya bosen dhewe. Banjur milih fokus nyawang dalan ing ngarepe sing arep diliwati mobile. Merga ora ana sing omong-omongan lakune mobil luwih banter tinimbang pas budhal mau. Ora krasa ngerti-ngerti wis menggok menyang plataran omahe Bu Narti neng Gunung Putri.

Tanpa ana sing nggugah sing padha keturon padha tangi dhewe-dhewe.

"Jebul aku mau turu ta?" Bu Narti grenengan dhewe "ngerti-ngerti wis tekan omah".

"Sami mBakyu" Bu Kardiman nanggapi grenengane Bu Narti "kula nggih keturon kok".

Bu Narti mbukak lawang banjur mudhun, ditutune Bu Kardiman karo Mur.

"Piye saiki ngersakne lenggah leren dhisik, apa bablas kondur nyang Jakarta Dhik?" bareng wis padha tekan ngisor Bu Narti nari, nakoni adhine ipe.

"Kula tak bablas wangsul mawon nggih mBakyu?" Bu Kardiman mangsuli pitakone  Bu Narti "Mengke saged kedalon menawi ndadak kendel rumiyin".

"Ya wis nek ngono, sing ngati-ati" Bu Narti banjur nyalami adhine ipe, kaya adate wong loro banjur cipika-cipiki. Bubar kuwi Mur ya melu pamitan :

"Kula wangsul rumiyin nggih Budhe? Nyuwun tambahing pangestu" Mur banjur ngambung tangane Bu Narti. Ora kaya padatan, Bu Narti mbales Mur dirangkul kenceng karo dielus-elus rambute.

"Iya sing ngati-ati ya Nak Mur, dongane Ibuk wae sing geterne, muga-muga Gusti Allah paring slamet".

"Inggih Budhe Matur nuwun"

Bu Kardiman banjur munggah mobil, genti ngenggoni sing mau dilungguhi Mur. Mur ya banjur munggah ngenggoni kursi sisih tengah. Andhik banjur nglakokne mobile maneh.

"Mau aku thik ora kok gugah ta Mur? keturon wiwit Leuwiliang nganti tekan kene mau". Bu Kardiman ngajak omong Mur.

"Kula boten tega Buk-e" wangsulane Mur "Ibuk-e ketingal sayah sanget".

"Jane ya ora nek kekeselen" Bu Kardiman nyelaki kesele "kira-kira merga olehku mangan mau rada kakehan, dadi weteng kuwaregen, ngantuk terus turu".

"Inggih ta Buk-e?" Mur nanggapi ayem.

"Iya soale olehku mangan krasa seger banjur lali ora gelem mandheg ngati wareg, lha nek neng omah awakmu ngerti dhewe, paling mung mangan sak pucuk enthong, sing akeh malah mangan buwahe" Bu Kardiman nerusne omonge.

"Wau Budhe Narti ketingale inggih eca anggenipun dhahar" Mur genti ngrasani Bu Narti.

"Iya aku ya ngerti, mulane aku banjur katut ketularan melu mangan akeh. Budhe Narti kae nek atine lagi seneng dhahare akeh, nek saben dinane ya padha karo aku".

"Lha murugaken wau Budhe narti karenan penggalihipun awit pirsa putranipun sehat lan pakebonanipun subur" Mur nimbangi rembuge juragane.

"Mas Sujud nika piyantune sae inggih Buk?" najan ora dijak omong Andhik melu nyela wuwus.

"Iya, Andhik kuwi wiwit biyen mula ya ngana kae prasaja ora gumedhe" Bu Kardiman mangsuli tembunge Andhik.

"Inggih, wau pas kula tilem teng Mobil, dipun gugah dijak maem" Andhik omong maneh "malah tangkepipun kaliyan abdi nggih sae, menawi ndangu kula nggih boten njangkar".

"Iya, nek kuwi ketoke wong loro kae, Budhe Narti karo Sujud padha olehe ana owah-owahan, mau Budhe Narti ngundang awakmu rak ya Mas ngono ta?" Bu Kardiman semaur karo mbenerne omonganane sopire.

"Inggih Buk" wangsulane Andhik "dhateng Mur nggih ewah, Mas Sujud menawi ngundang Mur mawi tambahan Dhik, malah Budhe Narti kula mireng wau ngangge tambahan Nak. Jan, sae saestu ingatase Mas Sujud niku priyantun sukses, Sarjana ingkang dados Petani Sugih, kok nyeluk kula Mas ngundang Mur mawi Dhik, kamangka kula mawon nek nyeluk Mur nggih namung Mur ngoten mawon".

 Bu Kardiman mesem, sajake Andhik durung ngerti nek Sujud lan Bu Narti padha-padha olehe lagi kasengsem marang Mur.

"Lha arep kok owahi apa piye? wiwit saiki awakmu nek nyeluk Mur kok tambahi Dhik ya malah apik" Bu Kardiman omong karo rada ngguyu.

"Boten Buk" Andhik melu ngguyu "mengke kula celuk Dhik, kula kuwatos Mur dados kemayu mengke".

"Aja Mas, aja nyeluk aku Dhik ndhak kecokot ilatmu mengko" karo nggtuyu Mur nrambul gunem "malah nek gelem nyeluk naku nDhuk utawa Yu, kira-kira malah mathuk. Wong padha-padh abdine kok nyeluk Dhik?".

"Lha bareng diceluk Dhik karo Mas Sujud thik kowe meneng wae neh?" Andhik takon karo ngguyu.

"Arep menging aku ya ora wani ta? mosok aku arep mbantah pulunane Ibuk-e? ngono kuwi jenenge ya nrucak. Ya pa ra?".

Bu Kardiman sing krungu wangsulane Mur marang Andhik ngono kuwi dadi lega. Jebul Mur ora kegedhen rumangsan merga tangkepe Andhik sing ngono mau.  Meh wae  Bu Kardiman arep duwe niyat yen mengko bengi Mur arep dibocori wewadi yen sejatine Sujud wis kepengin mengku Mur dadi bojone lan Bu Narti uga wis kebelet kepengin supaya Mur bisa dadi mantune. Nanging Bu Kardiman banjur eling nek mau wis kandha marang Bu Narti yen olehe arep nari Mur ngenteni yen wis ana keputusan saka Sujud lan Bu Narti luwih dhisik. Nanging dumadakan ing angen-angene Bu Kardiman banjur ana pitakonan sing liwat : apa kira-kira Mur gelem dipek Sujud ?. Bu Kardiman ya wis apal banget nek Mur kuwi beda karo bocah wadon umume. nek ndelok kapribadene Mur kuwi genah ora gampang kengguh dening gebyaring rupa, ora gampang kepencut karo gagah lan bagusing rupa.

Dumadakan Bu Kardiman dikagetne karo suwara hapene sing muni merga ana sing lagi telepon.

"Halo" Bu Kardiman ngangkat hapene dicedhakne neng kuping "Oh Nita ta? Iya ana apa Nit? Iki aku karo Mur lagi bali saka Bogor. Ana apa?".

Bu Kardiman ndudul Hapene suwarane digawe banter dadi ora usah ndadak nyedhakne neng kuping.

"Oh nembe rekreasi ta Buk? Inggih menawi Ibuk longgar benjing enjing kula badhe sowan Ibuk ing dalem" wangsulane sing nelpon sing jebule Nita.

"Iya, bisa , esuk apa sore?"

:Sonten Buk"

"Iya bisa, aku sore ya ora ana acara apa-apa kok".

"Inggih Buk Matur njuwun".

Bu Kardimanh nutup hape ne banjur kandha marang Mur :

"Bulikmu sesuk arep nyang omah Mur".

"Inggih Buk-e, Bulik Nita nika senes Bulik kula Buk-e, nanging putrane Majikanipun Mak kula" wangsulane Mur.

"Iya awakmu wis bola-bali kandha ngono kuwi, nanging kanggo nggampangne omong wae tak celuk kae Bulikmu" Bu Kardiman mangsuli "arep ngapa ya?".

"Kula boten ngertos Buk-e" wangsulane Mur cekak.

 

ana candhake.

Jumat, 27 Agustus 2021

TEMBANG CEMPLANG 34

 

dening: IMMIR

 

34.

Jebul Sujud dina wingi wis duwe rancangan kanggo nyugata Ibu kuwalon lan Bulike sing arep dolan menyang omahe. Sujud wis pesen kanggo mangan awan marang warung ayam goreng ora adoh saka omahe. mBarengi olehe masak sayur asem Mur mateng, pesenane Sujud wis teka, komplit kanggo porsine wong nem, segane diwadhahi wakul . Dadi menu mangan awan kuwi Jangan Asem karo ayam goreng nganggo sambel sak lalapane pisan. Dening Mur wis ditata kanggo mangane Bu Narti, Bu Kardiman karo Sujud. jatahe dhewe karo jatahe Andhik didhewekne neng mburi, dadi  Mur pancen niyat ora arep wani mangan bareng ngancani wong-wong sing dianggep duwe drajat sing beda karo dheweke.

Bubar tata dhahar, Mur kelingan nek Andhik mau isih ana mobil ora awor wong liyane, mula banjur metu arep ngomongi sopire Bu Kardiman kuwi yen wis wayahe mangan awan.

"Wis rampung ta Mur olehmu tata dhahar?" lagi wae tekan panggonane jagongan Bu Narti, Bu Kardiman karo Sujud, Mur wis ditakoni juragane "lha kok arep metu arep menyang ngendi?".

"Sampun Buk-e" wangsulane Mur "badhe nyriyosi Mas Andhik".

"Oh, iya ya? Andhik mau omong nek keri neng mobil arep mbenerke kipas, layak mau tak eling-eling kok kancane kurang siji?  jebul si Andhik sing durung katon. Ya wis ndang omongana, paling bocahe turu neng mobil" Bu Kardiman nyauti wangsulane Mur.

"Tak paranane wae Dhik" Sujud omong karo ngadeg "Dhik Mur ndherekne Ibu karo Bulik dhisik wae menyang ruang makan".

Sidane sing marani Andhik Sujud, Mur bali memburi,lali karo prentahe Sujud sing ngongkon ngeterne Bu Narti karo Bu Kardiman nyang ruang makan. Bu Narti mesem karo mbalang liring menyang Bu Kardiman, wong wadon setengah tuwa kuwi nggagas yen sajake Sujud ora pati lila nek Mur nek marani Andhik. Sing dilirik melu mesem, mung wae beda panampane, sing digagas Bu Kardiman malah mung sepele, yaiku mbarengi weteng krasa luwe, panganane wis dicepakne. Bu Narti banjur ngajak Bu Kardiman mara menyang panggonan mangan luwih dhisik.

Ora suwe Sujud nusul ditutne Andhik.

"Lha piringe kok mung telu ta Dhik?" karo mapan lungguh Sujud nakoni Mur sing isih ana pawon "Lha piringmu karo piringe Mas Andhik kok durung ana ?".

"Inggih Mas" Mur mara banjur wangsulan "maeme Mas Andhik sampun kula tata dhateng pawon, kalih kula".

"Ora" Sujud nyaut wangsulane Mur "kene kabeh lungguh kene, mangan bareng ben luwih seger".

"Iya Nak Mur, maem awor karo Ibuk kene pisan, ben luwuh krasa enak, Ibuk ya wis selak kepengin ngincipi jangan asemmu kok" Bu Narti numpangi rembuge Sujud, banjur kandhane marang Andhik sing isih ngadeg neng sisihe meja "lenggah kene pisan Mas Andhik, piringe ben dijupukne nak Mur".

Nadyan semune ketok nek rada rikuh, wekasane Andhik karo Mur banjur melu mangan bareng awor lan para sing dianggep juragan kuwi.

"Kula niki asring lho Bulik" karo nyendhok segane Sujud ngomongi Bu Kardiman "ngajak kanca-kanca ingkang nyambut damel dhateng tegil nika maem sareng ing griya mriki".

"Iya ta Mas? ben mundhak raket ya?" Bu Kardiman nanggapi.

"Inggih Bulik, waune tiyang-tiyang nika ngih sami pekewet, nanging dangu-dangu nggih lajeng biasa mawon, lha kula niki paling boten remen lho menawi diwastani Majikan, lajeng menawi maem boten kedah miyambak boten awor kalih pekerja. Rak nggih botenh sekeca ta Bulik ngoten niku?" Sujud mbacutne omonge.

"Ngono kuwi ya apik-apik wae Nang" Bu Narti melu numpangi rembug "nanging ya ing wektu-wektu tartamtu wae, ora kok saben dina kudu ngono. Padhane dina iki Mas Andhik karo Nak Mur sing adate nek maem ora bareng karo Bulikmu, dina iki pancen ya kudu gelem olehe dhahar bareng Bulikmu. Lha mengko nek wis teka Jakarta, Bulikmu olehe dhahar ya ben bareng karo Paklik, Nak Mur karo Mas Andhik bareng-bareng karo mBok Ti lan kanca-kanca liyane kaya padatan".

"Inggih Buk" Sujud wangsulan cekak.

Bu Narti banjur ngendika maneh :

"Ayo Nak Mur, karo Mas Andhik ora sah ndadak nganggo rikah-rikuh, sing biasa ngono wae lho!, nek padha rikah-rikuh mengko rak ora sida wareg lan ora krasa seger. Jangan asem gaweyane nak Mur iki jan cocog banget aku, krasa tenan neng ilat".

"Pancen tangane Mur niku adhem kok mBakyu" Bu Kardiman nrambul gunem "rumaos kula teng griya nika, Mur masak punapa kemawon kraos mirasa, Bapakne Doni nggih remen lan cocog".

"Masak bisa mirasa ngene iki biyen ana sing muruki ya Dhik?" Sujud genti nakoni Mur sing wiwit mau mung meneng.

"Inggih, kula rumiyin sagedipun namung damel sambel Mas" Mur wangsulan "sareng ndherek Ibuk-e lajeng dipun paringi warah, resep-resepipun masak. Andilalah kok kula saged, ngecakaken piwucalipun Ibuk-e".

"Iya percaya aku" Bu Narti numpangi rembug "pancen Ibuk-mu kuwi pancen apa-apa sarwa bisa kok, mula aku ya seneng banget duwe sedulur wedok kaya ibuk-mu iki".

"mBakyu niku kok nggih ngegongi Mur mawon lho" Bu Kardiman mangsuli tembunge mbakyune ipe "Mur niku, sauger ditakeni tiyang kok saged ngaten, ingkang dipun damel pawadan mesthi anggen kula muruki".

"Lha inggih pancen makaten lho Buk-e" Mur genti wangsulan "rumiyin kula namung ngertos caranipun ngasag kalih berah dhateng sabin, malah basa kemawon nggih sok kuwalik-walik, sareng ndherek Ibuk-e dhateng Jakarta lajeng saged radi ngertos. Mila kula lajeng kraos ndherek Ibuk-e".

Bu kardiman ora semaur, nanging neng jero atine ana rasa seneng lan mongkog, neng ngarepe mbakyune ipe lan Sujud, Mur wis nuduhne yen Bu Kardiman kuwi dadi Majikan ora mung ngalap tenagane Mur wae, nanging uga wis aweh kawruh sing migunani marang rewang-rewange. Nek sing digagas Bu Narti beda maneh, Bu Narti ngarani nek Mur kuwi bocah sing ora seneng mamerne kawruh lan kapinterane, malah seneng nuduhne kaluwihane bendarane. Meh padha karo sing digagas Bu Narti, Sujud duwe panemu Mur pancen duwe kapribaden becik, ora keminter lan isih rumangsa butuh tambahan kawruh lan bocah wadon sing ngene iki sing cocog dadi ibu rumah tangga sing ora seneng nggoleki cacade wong liya klebu bojone dhewe.  Mung Andhik sing duwe gagasan seje dhewe, batine Andhik ngguyu omongane wong-wong kuwi kabeh, mandhak mung kaya ngono wae didadekne bahan rembugan. Kamangka rumangsane Andhik kaluwihane Mur kuwi ya mung merga duwe rupa sing rada nggambar lan ndelalah nek nyandhang nganggo sarwa patut. kuwi wae.

Kira-kira jam loro awan, Bu Narti ngajak bali, amarga jarene mengko sore ana rapat Ibu-ibu ing RT ne. Bu Kardiman ya mung kari manut, nuruti apa sing dadi karepe mBakyune. Mung sajake sing arep ditinggal bali krasa abot rasane. Rumangsa durung tutug anggone bisa cecedhakan karo wanita sing wis nggugah ati lanange. Nalika salaman pas Mur pamitan, tangane Mur digegem kenceng kaya ora arep diuculake. Nanging Sujud durung duwe wewenang apa-apa kanggo nyandhet lungane Mur sing kudu bali ndherekne majikane.

 

ana candhake.

TEMBANG CEMPLANG 33

 

dening: IMMIR

 

33.

Bu Narti apa dene Bu Kardiman uga weruh Mur sing rupane dadi abang ireng merga kepanasen kuwi, nanging priyayi loro kuwi rumangsa seneng, Mur pancen bocah sing trampil lan gathekan ing samubarang gawe. Olehe tandang Mur ngono kuwi miturut pambijine Bu Kardiman apa dene Bu Narti merga wis dadi sipat lan watak wantune Mur sing ora seneng meneng nganggur. Kajaba meruhi kahanane Mur, Bu Narti uga ora leren anggone ngulati anake kuwalon, sing wiwit mau ketok kasengsem marang solah bawane Mur. Ketok nek duwe rasa seneng marang kapribadene Mur sing tanpa pamrih apa-apa melu cag-ceg melu tumandang gawe.

Bu Kardiman nglirik jam tangan sing ana lengene, banjur grenengan dhewe :

"Lho jebule pancen wis awan ta? layak panase kaya mlethekne sirah".

"Jam pira ta Dhik?" Bu Narti nyauti grenengane adhine ipe.

"Sampun meh jam sewelas mBakyu" wangsulane Bu Kardiman sing banjur kongkon marang Mur "kana Mur, ndang wijik dhisik banjur ayo ndang mbalik neng daleme Mas Sujud. Mau sing kok wadhahi kerdhus gawan saka omah, wis kok udhunke apa isih neng mobil?".

"Sampun kula andhapaken sedaya kok Buk, kula paringne meja wingking, nanging dereng kula dhudhahi" wangsulane Mur.

"Ayo Dhik, nek arep wijik tak tuduhne nggone, neng kalen wetan gubug kono kuwi lho!" Sujud ngomong marang Mur.

"Mangga Mas, kula dherekaken" Mur wangsulan alon. Jroning atine ana rasa "mak sir" ngono, merga bola-bali Sujud yen ngundang dheweke nganggo sebutan "dhik". Ora mung Mur dhewe sing neng atine ana rasa aneh nalika Sujud nyebut Mur Dhik, neng atine Bu Narti uga ana rasa kaya sing dirasakne Mur. Mung bedane nek rasa neng atine Mur rasa nggumun marang Sujud sing ingngatase Sarjana sing wis  bisa urip mandhiri nanging isih gelem ngajeni drajating babu sing kaprah diceluk Yu utawa dijangkar ngono wae. Nek rasa sing ana atine Bu Narti beda maneh, Bu Narti duwe panemu yen kanthi sebutan dhik ngono kuwi ateges Sujud sansaya wuwuh rasa kasengseme marang Mur sing duwe rupa memper karo jenate Vera, bojone.

Sujud banjur mlaku dhisik menyang kalen, Mur luwih ndhisik mbalekne alat sing mau dijupuk saka gubug, lagi banjur nututi Sujud. Bu narti karo Bu Kardiman ngenteni wong loro sing menyang kalen kuwi, lungguh lincak saka pring sing ana gubug kono.

"Wiwit Mur teka neng Gunung Putri mau saka rumangsaku kok saya mantep ta Dhik olehku kepengin njodhokne karo si Sujud?" Bu Narti miwiti omong marang adhine ipe.

"Nggih makaten punika mBakyu kawontenanipun Mur, borong anggenipun badhe mastani" wangsulane Bu Kardiman ayem.

"Lha Dhik Kardiman wis ngabari Mur perkara iki apa durung? saora-orane wis mlambangi luwih dhisik?" Bu Narti takon.

"Babar pisan dereng mBakyu" wangsulane Bu Kardiman "kula nengga kabar saking mBakyu lan Sujud rumiyin, kula mbadhe ngabari Mur niku radi kuwatos, mengke kadhung kula tari purun, jebul mBakyu pirsa kekiranganipun Mur utawi Sujud boten sios ngajengaken, rak mesakaken si Mur?".

"Kuwi bener Dhik" Bu Narti nyauri pawadane Bu Kardiman "nanging, saka rumangsaku Mur kuwi kurange ora pati ana kok, upama ana ya gampang dibenerke. Nek Sujud dhewe, kajaba kaya sing tak critakne sampean neng telepon kae, wiwit awake dhewe teka mau rak ya ketok lan bisa diwaca ta sing digagas Sujud marang Mur? Mau neh wiwit Mur nembung arep nganggo caping banjur ditambahi weruh Mur melu tandang gawe wong loro kae mau? Sampean ya krungu ta Sujud yen ngundang Mur wis wani nganggo sebutan Dhik barang?".

Bu Kardiman mesem krungu omonge Bu Narti ngono kuwi, batine pancen ya mbenerake nanging ora nemen kaya Bu Narti ngono kuwi. Mula ya banjur wangsulan :

"Nggih kula ngrantos mawon, pripun tangkepe Sujud dhateng Mur salajengipun, menawi sampun saestu mantep mangke Mur kula kandhanane".

Sauntara iku olehe reresik Mur karo Sujud wis rampung. Karo mlaku dumadakan Sujud takon :

"Dhik Mur bisa masak sayur asem?"

"Nggih saged Mas, wonten punapa ta?" Mur genti takon.

"Nek  bisa aku arep njaluk tulung, tak kon masakne. Saiki aku tak apek kacang panjang kae dhisik" karo mangsuli ngono kuwi Sujud nudingi tanduran kacang panjang sing wohe ndadi.

"Oh, inggih Mas, mangga kula rencangi ramban" wangsulane Mur sajak seneng.

Wong loro banjur apek kacang sing wis wayahe dirambani kuwi, ora akeh mung cukup disayur ngono wae.

"Mengko sore, bakule kacang lagi arep teka ngepeki dhewe neng kebun" kandhane Sujud karo ngulungne kacang olehe methik marang Mur "banjur bengine digawa menyang pasar sayur, nek wis payu lagi aku diwenehi dhuwite, adate ya karo apek maneh wonge menehi dhuwit sing dhek wingine".

"Dados kados candhak kulak nggih Mas?" Mur takon karo nampani kacang sing diulungne Sujud.

"Iya, lumayan lho asile nandur Kacang ngene iki Dhik" Sujud nyauti guneme Mur.

"Inggih Mas, meh saben dinten panen" wangsulane Mur.

Ora suwe ramban wong loro banjur mbalik marani Bu Narti karo Bu Kardiman sing wis sauntara ngenteni neng Gubug.

"Lha awakmu kuwi nggawa apa maneh Mur?" durung nganti Mur tekan ngenggon Bu Kardiman ndhisiki takon.

"Kacang panjang Bulik" sing wangsulan malah Sujud "mengke badhe kula ken ndamelne sayur asem, kalih mangke disukani ron mlinjo mengke kula pendhetne ing latar ngajeng wau ketingale kathah ingkang nem-nem".

"Cocok kuwi Nang" Bu Narti melu nrambul gunem "awan-awan panas ngene iki, mangan karo sayur asem pancen ketoke seger".

"Ingih Bu" wangtsulane Sujud.

Wong papat kuwi banjur padha mlaku arep bali menyang omahe Sujud maneh. tekan omah Sujud ora nganggo mandheg bablas methiki godhong mlinjo sing isih nom neng latare. Bu Kardiman karo Bu Narti banjur mlebu omah, leren lungguh neng kursi. Mur sing bablas menyang pawon, dumadakan diceluk juragane supaya nyedhak.

"Inggih Buk-e?" Mur cadhong dhawuh.

"Lha olehmu nggawa sega sak lawuhe saka omah mau banjur arep dienggo apa nek awakmu malah dikongkon nggawe sayur asem?" Bu Kardiman takon.

"Lha inggih kados pundi saenipun Buk-e?" Mur genti males takon.

"Ya mengko ben turah neh" durung nganti Bu Kardiman wangsulan Bu Narti ndhisiki semaur. Bu Kardiman meneng wae.

"Pripun Buk upami dipun paringaken Mak-mak ingkang nyambut damel ing Kebun wau? mangke kula terne" Mur ngusulne panemune.

"Tak kira ngono ya luwih becik, timbang mengko dibuwang" wangsulane Bu Kardiman .

"Nak Mur ki pancen cepet kok nek mikir, seneng aku" Bu Narti ngomong karo mesem seneng.

Sujud mlebu omah karo tangane nekem godhong mlinjo satekem gedhe.Ngeeti nek Sujud mlebu omah, Bu Narti gageyan kandha karo mrentah anake kuwalon :

"Kana ndang diselehne dhisik sing digawa kuwi, banjur Nak Mur tulung terna bali menyang Kebun".

"Wangsul teng kebun? napa wonten ingkang kantun?" Sujud takon.

"Ora, iki mau Bulikmu rak ngasta sega sak lawuhane saka Jakarta, merga dikira awakmu durung masak. Lha tinimbang panganan kuwi mengko turah ora kepangan, jarene Nak Mur luwih becik diwenehne Mak-mak sing nyambut gawe mau, upama ora kepangan rak ya kena dienggo makani ingon-ingone neng omah mbuh pitike, mbuh menthoke" Bu Narti mangsuli karo nggenahne olehe prentah.

"Oh, inggih Buk, matur nuwun Bulik" Sujud wangsulan banjur bablas mlaku memburi arep nyelehne godhonge mlinjo.

 

ana candhake.

Kamis, 26 Agustus 2021

TEMBANG CEMPLANG (32)

 

dening: IMMIR

 

32.

Amarga Bu Narti karo Bu Kardiman ujube arep ndelok-ndelok tanduran lan kebune Sujud, mula dening Sujud banjur diajak menyang Kebun sing gandheng karo omahe. Sujud njupuk payung telu banjur diulungne marang Ibune kuwalon, Bulike lan Mur. Pancen srengengene lagi ora ana sing ngaling-alingi, aja maneh kok mendhung nadyan mega tipis wae ora ana. Mula nadyan isih durung pati awan, panase wis sumelet. Bu Narti karo Bu Kardiman uga banjur ngegarne payunge, kanggo nadhahi tumi bane sunar srengenge. Mur ora tiru-tiru juragane, payunge diselehne neng papane sakawit, banjur nyaut caping sing nyanthel neng cagak emper.

"Kula tak ngampil capinge niki mawon nggih Mas?" sadurunge caping dienggo Mur iswih kober taren marang sing duwe.

"Neng kebun kuwi panas lho Dhik?" Sujud ngelikne "nek mangsa ngene iki arang ana mendhung sing nutupi srengengene".

"Inggih Mas" wangsulane Mur "nanging kula sampun kulina saba ing ara-ara kok, menawi ngangge payung damel ebah kirang sekeca".

Sujud ora semaur maneh. Wong telu papat Sujud banjur budhal ndelok-ndelok sayur sing ditandur Sujud. Mung Andhik sing ora melu menyang kebun, pawadane arep mbenakne kipas mobil sing jarene mau rada seret.

Beda karo para juragane sing lakune alon, karo sedhela-sedhela namatne tanduran kanthi dijingglengi, Mur wis adoh olehe mlaku ing sela-selane tanduran. Bocah sing asline saka ndesa kuwi rumangsa seneng bisa mlaku-mlaku neng kebun, entrane ngono pancen satemene tanpa dirasakne Mur kuwi ya duwe rasa kangen marang pasawahan sing biyen disaba saben dina.

Jebul neng kebun kono ana sing nyambut gawe ngrewangi Sujud, wong lanang siji karo wong wedok loro, umure kira-kira ya seketan tahun. Wong telu kuwi lagi padha nandangi gaweyane dhewe-dhewe. Sing lanang klawan gegaman pacul lagi ndandani dalan banyu sing diilekne saka kalen, wong wadon loro lagi padha ketungkul ngresiki suket sing thukul ngrubung tanduran. Mur noleh ngiwa, noleh nengen, weruh gubug cilik sing kulina dienggo leren wong sing padha nyambut gawe, ngiras kanggo nyimpen alat-alat tetanen kaya dene Pacul, arit, wangkil lan liya-liyane. Mur marani gubug kuwi, tekan gubug sandhale dicopot banjur clanane dilinting mendhuwur. Njupuk wangkil karo jugil banjur marani wong wedok loro sing lagi matun tanduran kuwi, melu matun kaya sing ditindakne wong loro kuwi.

"Loh mBak?" salah siji saka wa]ong loro kuwi ngluruhi Mur sing teka-teka banjur melu tandang gawe. Mur ora semaur mung mesem karo manthuk.

"mBak jangan ikut-ikutan kami, nanti kotor lho? mBak ini orang kota pegang-pegang wangkil begitu bisa bahaya lho?" wong sijine genti omong rada dawa, ngandhani Mur sing lagi arep ngobahne wangkile. Wong loro kuwi sajake dudu wong Jawa, dadi olehe omong ya ora nganggo basa jawa.

"Tidak apa-apa Mak" Mur wangsulan karo mesem "saya sudah terbiasa bekerja seperti ini, saya ini juga orang desa kok".

"Ah, masak sih mBak? Orang desa kok cantik? kulitnya halus, pakaiannya bagus?" sing ngluruhi pisanan mau genti omong karo ngulati Mur sing mesam-mesem ramah, wong kuwi ketok nek ora percaya marang omongane Mur sing ngakune wong desa.

"Memangnya orang desa tidak boleh cantik ya Mak?" Mur wangsulan karo ngguyu "malah sebaliknya gadis desa itu lebih banyak yang cantik-cantik. Saya ini aslinya orang desa, jauh di Jawa Timur sana Mak, dulu pekerjaan saya ya buruh-buruh di sawah dan ladang orang, baru kira-kira tiga tahun yang lalu saya datang di Jakarta".

Karo wangsulan ngono kuwi Mur banjur tumandang nyolahne wangkile ngresiki suket sing arep ngrebut pangane tanduran.  Wong loro kuwi banjur padha ngulati tandang gawene Mur. Wong loro kuwi gumun setengah ora percaya karo apa sing disawang. Bocah kutha kuwi tangane trampil nyolahne alate wong tani, malah sajake ora kalah karo trampile wong loro kuwi. Nanging wong loro kuwi ya ora wani guneman apa-apa, mula ya banjur nerusne gaweyane ndhangiri guludan sing diadhepi dhewe-dhewe.  Tenane ngono anggone Mur melu tumandang ngono kuwi amarga Mur kepencut weruh lemah sing begur lan tanduran kang subur, banjur kepengin tumandang kaya jaman isih ana desa biyen, sapisan maneh alam "bawah sadare" Mur lagi kangen-kangenan karo uripe jaman sing kawuri.

Bu Narti karo Bu Kardiman sing olehe menyang Kebune Sujud kuwi sakjane ora mung sak dolan lan kepengin weruh tandurane Sujud, nanging duwe karep aweh kalodhangan Sujud supaya luwih cetha anggone ngulati Mur. Ngulati rupane, ngulati kelakuwane, ngulati solah bawane ya ngulati sipat-sipate. Wong loro kuwi maune rada anyel merga Mur ora mbarengi juragane, kamangka Sujud tansah ngetutne lan mandhu Ibu Kuwalon karo Bulike. Nek ngene iki dadine, Sujud rak ora sida bisa nyemak kahanane Mur kaya apa asline.

"Lha Mur mau terus neng ndi? thik ujug-ujug ilang iki mau?" Bu Kardiman grenengan dhewe.

"Lho lha iya ta?" Bu Narti nyaut grenengane adhine ipe "aku thik ya ora ngerti nek Nak Mur mau wis ngalih enggon ora awor awake dhewe?".

Wong loro kuwi banjur tolah-toleh, panyawange ngubengi saindenging kebun. Sujud melu ngulat-ulati, nggoleki sing digoleki Ibu kuwalone karo Bulike.

"O alah lha nika napa?" sawise sauntara noleh ngiwa noleh nengen Sujud banjur kandha.

"Endi ta Nang?" Bu Narti takon.

"Nika lho Bu, ing kidul gubug, awor kaliyan tiyang matun" Sujud nudingi arah pernahe Mur.

"Gek neng kana kae lagi ngapa bocah kae?" Bu Kardiman grenengan maneh.

"Mangga ta dipun celaki Bulik, mangga Bu" Sujud ajak-ajak nyedhak "napa kula celuke mawon supoados mriki malih?".

"Awake dhewe sing mrana wae, Ibu ya kepengin  ngerti nggon kana kok" Bu Narti wangsulan.

Wong telu kuwi banjur mlaku marani papane Mur sing lagi katungkul nyolahne wangkil jalaran kasengsem marang lemah sing kepyur mawur mratandhani yen lemah sing subur. Bareng wis tekan sacedhake sing diparani, wong telu kuwi kabeh padha digawe ndomblong. Tandang gawene Mur sing ora kalah trampil karo wong loro sing nyambut gawe ngrewangi Sujud. Ora ana sing ngira yen pranyata Mur bisa nandangi gaweyan ngono kuwi, malah yen nonton tilase, asil gaweyane Mur sethithik luwih rapi lan luwih cepet timbang wong loro kuwi, sing iki miturut panyawange Sujud.

"Mur awakmu kuwi lagi ngapa?" Bu Kardiman muni karo suwara rada  banter nakoni Mur. Sing ditakoni kaget, banjur ndengengek, karo rada wedi banjur semaur :

"Ibuke wau madosi kula? nyuwun pangapunten Buk-e, kula wau nyobi wangkil, ndelalah lajeng kebacut kasengsem. mBoten ngertos menawi didangu Buk-e".

Bu Kardiman mesem, banjur wangsulan :

"Ora apa-apa. Aku ora nggoleki kok, mung Budhe Narti mau kejot kok dumadakan awakmu lunga tanpa pamit. Jebul neng kene, gek olehmu tandang gawe kuwi ngrusakne taningan apa ora?".

Sepisan maneh Mur dadi klicutan semu wedi, banjur kandhane marang Sujud :

"Nyuwun pangapunten Mas Sujud, niki wau kula suket-sukete bakda diwangkil lajeng kula tanem, kula urugi siti kados nek kula matun teng nDhusun rumiyin".

"Sing bener pancen ya ngono kuwi kok Dhik" wangsulane Sujud "awakmu pinter, gaweyane ketok luwih rapi lan nyenengake. Matur nuwun lho, nanging awakmu rak dadi reged kabeh keneng lemah".

"Boten napa-napa kok Mas, niki wau ketang kepengin tiru-tiru Mak-mak niku" wangsulane Mur karo mesem.

Eseme Mur rumangsane Sujud katon luwih manis maneh. Mur sing merga keneng panase srengenge kringete dleweran rupane dadi abang ireng, miturut panyawange Sujud dadi sansaya ayu.

 

ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...