Total Tayangan Halaman

Selasa, 31 Agustus 2021

TEMBANG CEMPLANG 41

 

dening  IMMIR

41.

Yang Yem nampani Hapene Bu Mandhor, banjur diseleh neng meja, genti tangane njupuk krepekan saka kanthongane. Hape dicandhak karo wiwit nutul angka sing ana jerone krepekan. Nomere Bu Kardiman sing selawase durung tau dikirimi pesen luwih-luwih ditelepon. Mula Yang Yem isih ragi-ragu sida wani kirim pesen  apa ora? Nek nganti sida diwanekne kirim peswen  dianggep degsura apa ora karo sing duwe nomer? Nanging nek ora taren marang Majikane Mur, banjur dheweke nelpon anake kuwi, iki genah nek laku sing luwih degsura, bisa-bisa sing kena duka malah anake dhewe.

"Nomere Mur wis tak simpen neng njero hape Yem" weruh Yang Yem katon tidha-tidha aro bola-bali maspadakne tulisan neng kertas sing dicekeli, Bu Mandhyor ngira nek sing ditutul Yang Yem kuwi nomere Mur.

"Nggih, niki nomere Majikane kok Bu, sir kula ajeng taren riyin dipun parengaken napa boten menawi kula badhe nelpon Mur" Yang Yem wangsulan "kuwatos kula mengke pas Mur repot kula telepon, sareng ditampi lajeng didukani majikane?".

"Iya bener kuwi" Bu mandhor mbenerne Yang Yem "pancen kudune ngono Yem, wong Mur ki saiki pati uripe ana tangane Majikane, nek nganggo caramu kuwi ateges awakmu ora wani degsura karo majikane anakmu. Ya wis ndang dikirm, nanging mengko dhisik unine pesenmu wacanen dhisik sing banter, mbok menawa ana sing perlu dibenerne ukarane".

"Inggih" Yang Yem wangsulan "kula waca nggih? Lepat nyuwun pangapunten ingkang kathah, kula Yang Yem, simbokipun Mur Bu. Menawi Mur nuju radi lodhang, punapa kula dipun keparengaken menawi badhe telpon Mur? matur nuwun lan nyuwun pangapunten. Pripun Bu?"

"Wis, wis apik ndang kirimen, muga-muga Majikane Mur gelem maca" Bu Mandhor mangsuli pitakone Yang Yem.

Pesen wis kekirim. Hape banjur dibalekne maneh marang Bu Mandhor, karo ngenteni wangsulan saka sing dikirimi pesen. Dumadakan Hapene Bu Mandhor kuwi muni, ana telepon mlebu. Ketoke sing telepon nomer sing lagi wae dikirimi pesen Yang Yem.

"Tampanana Yem, wonge malah telepon iki lho" kandhane Bu Mandhor karo ngelungne hapene menyang Yang Yem.

"Halo....." Yang Yem nampa telepon kuwi.

"Leres niki simbokipun Murjiyati nggih?" suwara saka telepon keprungu takon.

"Inggih Bu, kula simbokipun Mur, nyuwun pangapunten Bu, kula sampun kumawantun ngganggu Ibu kaliyan kintun pesen" Yang Yem wangsulan karo suwara ndhredheg.

"Boten napa-napa mBok" sing telepon nyauri tembunge Yang Yem karo suwara sing empuk, sareh "mengke rumiyin, ketoke aku tau ngerti suwara panjenengan tau akrab banget karo sing duwe suwara ngene iki, panjenengan sapa ta jane?"

"Nyuwun pangapunten Bu, kula Yang Yem simbokipun Mur" Yang Yen suwarane sansaya ndhredheg "kula nembe sepisan punika matur dhateng Ibu".

"Mengko dhisik ta, bener pancen lagi sepisan iki liwat telepon, nanging aku krasa ketoke aku wis tau ngerti suwara lan logat ngene iki, nanging sapa aku lali lan neng ngendi? ketoke wis rada suwe suwara ngene iki olehe aku ora krungu" Bu Kardiman liwat telepone ngeyeli tembunge Mak Yem.

"Inggih nyuwun pangapunten, rumaos kula sadangunipun punika, kula dereng nate kepanggih kaliyan Ibu, saha mila kula inggih dereng sumerep pasuryanipun Ibu, ugi kagunganipun asma Ibu, kula kula saestu dereng nate sumerep" Yang Yem wangsulan nggenahne wangsulane.

"Ya wis ora apa-apa, mengko wae tak eling-elinge, merga rak ana unen-unen "panglinga wonge ora  bakal pangling karo suwarane" . Iki Mur wis teka neng sandhingku, mangga menawi panjenengan badhe ngendikan kaliyan Mur".

"Inggih Bu, matur nuwun" Yang Yem aweh wangsulan.

"Maaaak" Mur nyeluk simboke liwat telepone majikane "ana apa Mak? Mak rak ya ora apa-apa ta? seger kuwarasan?".

"Iya nDhuk" Yang Yenm semaur kanthi suwara keprungu yen lagi seneng "Make waras, anu ndhuk Make arep omong".

"Iya, arep omong apa Mak? apa bener Mak-e njaluk tulung Bulik Nita supaya aku dipamitne menyang Ibuk-e kene suk riyaya kongkon bali? ana apa ta Mak jane? Apa Mak wis kangen tenanan karo aku? Sing sabar ya Mak?" Mur mbrondong pitakonan marang Yang Yem.

"Ora nDhuk, Mak-e ora njaluk tulung Bulik Nita kok, mung Mak-e omong nek Mak-e ora bisa aweh putusan dhewe karo sing diomongne Bulik Nita, merga sing arep nglakoni mbesuke rak kowe? dudu Mak-e!, mula Mak-e banjur omong nyang Bulik Nita aku kepengin ngerti panemumu luwih dhisik, lan suk riyaya nek awakmu bisa bali tilik omah, kowe arep tak takoni dhewe" Yang Yem mangsuli pitakone anake wedok.

"Lha sak jane Mak-e diomongi apa dening Bulik Nita ? Aku dadi bingung Mak" Mur takon .

"Jarene Bulik Nita, kowe wis digolekne jodho lan ya wis oleh, lha apa kowe durung diomongi? Kamangka, nek miturut panemune Mak-e uga panemune Bu Mandhor barang, calon sing diomongne Bulik Nita kuwi Mak-e ngrasa durung sreg. Mula Bu Mandhor mau pesen, supaya Mak-e ngandhani kowe, golek jodho kuwi sing ngati-ati, aja gampang kepencut mubyare bandha lan kumrincinge suwara ringgit wae".

"Wadhuh, aku dadi sansaya bingung karo sing diomongne Mak-e iki Mak" Mur wangsulan karo suwara keprungu rada anyel.

"Pancen ngrembug perkara iki ora bisa nek liwat telepon kok nDhuk, kudu pethuk dhewe adhep-adhepan lam mbutuhne wektu sing mirunggan, mula kuwi aku arep matur Ibuk-mu supaya suk riyaya kowe dikeparengake bali tilik omah".

"Oo, dados bakunipun panjenengan ngengken Mur wangsul benjing riyadin badhe dijak rembagan bab punika wau?" Yang Yem kaget sing semaur dudu Mur maneh nanging malah Majikane.

"Inggih Bu" YangYem banjur wangsulan.

"Upami ngaten pripun?" Bu Kardiman genti takon nari Yang Yem.

"Pripun, kados pundi Bu?" Yang Yem takon.

"Kula estube nggih boten napa-napa Mur wangsul tilik griya, nanging menawi pajenengan kangen lan kepengin ngajak Mur rembagan kanthi aben ajeng, upami panjenengan ingkang tindak Jakarta pripun?" Bu Kardiman nggenahne panarine.

"Pripun nggih Buk?" Yang Yem durung mudheng karo sing dikarepne Bu Kardiman.

"Boten sah nunggu riyadin, sawanci-wanci panjenengan saged tindak Jakarta kepanggih Mur, menawi kersa mangke kangge tumbas tiket kereta napa Bus, kula ingkang madosaken" Bu Kardiman nggenahne karepe "niku kula kinten langkung sae, mengke saupami Nita benjing riyadin panggih panjenengan, panjenengan sampun kagungan jawaban ingkang sampun mateng".

Yang yem, meneng sedhela banjur nyawang Bu Mandhor sing uga melu ngrungokne anggone padha teleponan. Bu Mandhor banjur ngethungne jempole marang Yang Yem, minangka sasmita nek Bu Mandhor luwih mathuk karo eguhe Bu Kardiman.

"Pripun mBok?" bareng rada suwe Yang Yem ora ora semaur Bu Kardiman takon maneh.

"Inggih Bu, kula ndherek, lan matur nuwun awit semanten agenging kawigatosanipun Ibu dhumateng kula lan anak kula pun Mur" Yang Yem semaur nek nyaguhi apa karo sing dikarepake Bu Kardiman.

"Inggih kula nggih matur nuwun" Bu Kardiman wangsulan "mangke kangge tumbas tiket kula transfer dhateng rekening ingkang adate ditransferi Mur nika nggih? dene panjenengan tindake dhateng Jakarta saged sawanci-wanci, ingkang baken saderngipun bidhal ngabari Mur langkung rumiyin, kersanipun gampil anggneipun mapag".

"Inggih Bu matur nuwun".

Ora suwe anggone padha telponan banjur diuwisi. Pipine Yang Yem teles merga luh sing ora kena dibendung mili saka mripate. Bu mandhor sing weruh melu krasa trenyuh, ora sadar mripate melu kekembeng luh. Beda karo Bu Kardiman sing wis rumangsa lega, bisa aweh rerigen marang Makne Mur sing lagi bingung atine. Saking ketungkule teleponan mau, nagnti Bu Kardiman lan Mur ora ngerti yen ana mobil mlebu pekarangane, mobile Sujud sing uga nggawa Bu Narti wis teka, anggone arep sanja.

 

ana candhake.

 

 

 

Senin, 30 Agustus 2021

TEMBANG CEMPLANG 40

 

dening: IMMIR

 

40.

Dina Ahad esuk, Bu Narti wis dandan rapi ngenteni tekane anake kuwalon sing arep ngampiri banjur bareng sanja menyang omahe adhine ipe. Sedhela-sedhela priyayi setengah tua kuwi nyawang jam sing nemplek neng tembok, sedhela-sedhela nglirik jam sing ana lengene. Pancen wektune isih esuk, nanging saka rumangsane Bu Narti lakune pandom jam ora pati cepet kaya padatane. Saben-saben ana suwara mobil sing liwat neng ratan ngarep omahe Bu Narti merlokne ngungak liwat lawang, karo ngarep-arep kuwi mobile Sujud sing teka. Nanging nganti jam pitu sing diarep-arep panggah durung ketok irunge. Bu Narti dadi rada uring-uringan dhewe, nganggep Sujud olehe arep sanja menyang Jakarta kuwi geleme ora-ora. Lagi bareng wektu wis nuduhne jam setengah wolu, Sujud teka sing banjur ngaturne bekti marang Bu Narti kaya adate, salaman klawan ngambung tangane ibune kuwalon sing wis dianggep ibune dhewe kuwi.

"Apa mau ndadak mampir-mampir ta Nang? kok yah mene lagi teka kene ki?" sawise Sujud mapan lungguh neng kursi Bu Narti takon.

"Boten niku Bu?" wangsulane Sujud karo ndelok jam sing dienggo neng tangane sing kiwa "pancen kula bidhal saking griya wau sampun jam pitu kirang seprapat".

"Tiwas Ibu jam nem wis lungguh neng ngarep lawang ngenteni awakmu" Bu Narti numpangi rembug.

"Lha kados pundi? bidhal sak niki napa mangke sekedhap malih?" Sujud banjur nari Ibune kuwalon.

"Ya ndang budhal wae no, mengko-mengko ki ngek arep ngenteni apa maneh?" wangsulane Bu Narti ngajak budhal saiki "iki Bulikmu apa ora wis ngarep-arep tekane awake dhewe?".

"Inggih, mangga menawi makaten" Sujud wangsulan ngajak budhal, karo batine rada ngguyu sikepe ibune sing daya-daya selak kepengin pethuk Bu Kardiman. Sak jane Sujud dhewe ya wis kepengin enggal teka nggone Bulike, ora merga selak kepengin ketemu Bulik utawa Paklike, nanging merga ing atine ana rasa aneh sing ora leren-leren ngranuhi jero dhadhane. Malah mau bengi olehe bisa turu kepara wis rada wengi, ing angen-angene wira-wiri wewayangane Mur klawan solah bawane sing tansah gawe sengsem atine.

"Ibu sakjane arep takon marang awakmu lho Nang" neng jero mobil sing wiwit mlaku neng ratan gedhe Bu Narti wiwit mbukak rembugan.

"Inggih Buk? Ibu badhe mundhut pira punapa?" karo nyetir Sujud genti takon.

"Jan-jane olehe Ibu arep takon kuwi wis rada suwe, pase kae wektu slametane Bapakmu" Bu Narti wangsulan nanging durung njawab sing ditakokne Sujud.

"Lha menawi makaten rak inggih sampun radi dangu? Kok Ibu mendel mawon? boten ndangu-ndangu Sujud?" Sujud melehne ibune kuwalon.

"Iya, amarga Ibu isih rada tidha-tidha, ibu kuwatir gek-gek pitakone Ibu gawe ora senenge atimu?".

"Walah, Ibu punika lho? punapa sadangunipun Sujud dados putrane Ibu punika nate Sujud boten remen kaliyan punapa mingkang Ibu dhawuhaken?" Sujud melehne ibune maneh.

"Jane ya durung tau, nanging embuh bareng arep nakokne bab iki Ibu kok dadi rada mikir-mikir" Bu Narti sing lungguhe jejer karo Sujud kuwi mesem.

"Lha samangke mangga, mumpung wonten kalodhangan, punapa ingkang badhe dipun pundhutaken pirsa dhateng Sujud?"

"Ngene lho Nang" Bu Narti omonge digawe sareh lan ketara ngati-ati "sawise awakmu wiwit ngalih nyang Leuwiliang kae, miturut pamawase Ibu, awakmu kuwi mbutuhake kanca urip sing bisa aweh kawigaten marang awakmu, dadi ana sing kasarane melu ngopeni ragamu. Ngerti sing ibu kersakne?".

"Ibu ngersakaken kula pados semah supados wonten ingkang ngopeni ngaten ta?" Sujud wangsulan karo mesem.

"Bener" Bu Narti nyauti rembug "lha sing arep Ibu takokne, apa awakmu durung mikir arep omah-omah maneh? apa durung ana bocah wedok sing sakirane cocog karo angen-angenmu?".

Sujud suwe ora wangsulan. Wewayangane Mur ngaton maneh neng angen-angene.

"Piye Nang? Kok meneng wae ki?" Bu Narti mbaleni pitakone.

Sujud rada nggragap banjur wangsulan :

"Rumiyin kula rak sampun matur Ibu, menawi kula sampun kepanggih kaliyan ingkang nocogi manah, lan larene ugi purun kaliyan kula, nembe kula badhe ngajak lare wau sowan Ibu supados Ibu pirsani cocog lan botenipun kalih kula miturut pamanggihipun Ibu?"

"Iya, kuwi aku isih eling. Sing tak takokne ki awakmu wis kepethuk sing nocogi atimu apa durung?"

"Inggih, sak jane kula sampun kepanggih kaliyan lare ingkang kula cocogi, namung kemawon dereng kula tarosi purun kaliyan kula punapa boten? lan kula inggih tidha-tidha saupami larenipun purun kalih kula, Ibu saged nampi punapa boten? Inggih jalaran kula kuwatis menawi Ibu boten saged nampi niku ingkang murugaken kula dereng wantun narosi larenipun, mengke kadhung larenipun purun ndelalah Ibu boten remen? rak mesakaken?" Sujud wangsulan ngati-ati banget .

"Nek ngono padha karo sing dirasakne Ibu" Bu Narti mesem, batine nggagas dikarepne Sujud mesthi Mur. Bu Narti banjur kelingan yen nate omong marang Sujud yen sakjane wis nemokne bocah wedok sing arep dijodhokne karo Sujud, nanging wektu kuwi dening Bu Kardiman isih dipenging, kanthi pawadan strata sosial sing njomplang antarane Sujud karo bocah kuwi. Bu Narti ya isih kelingan nek Sujud ya wis mratelakne yen bedane ing pendidikan ora dadi prinsip tumrape Sujud.

"Sami kados pundi Buk?" Sujud takon.

"Wis saiki Ibu arep terus terang" Bu Narti mangsuli teges "blaka wae, jane Ibu kuwi kepengin njodhokne awakmu karo rewange Bulikmu sing jeneng Mur kae, nek awakmu ora gelem ya ora apa-apa, nanging nek awakmu gelem, ndang matura Ibu, perlune Ibu banjur omong marang Bulikmu ben nari Nak Mur. Piye?".

Sujud mesem, dhadhane krasa longgar banget. Katon ana kembang sing mekar ngrenggani sajroning dhadhane.

"Inggih Buk" Sujud kandha karo suwara sing cetha "mila ingkang kula aturaken Ibu pancen Dhik Mur niku kok. Kula remen menawi Ibu mangke ndhawuhi Bulik supados nangkleti Dhik Mur bab purun punapa botenipun menawi kula ajak gesang sesarengan".

Padha karo Sujud, Bu Narti dadi luwih seneng atine. Bu Narti wis manteb olehe percaya karo petung nalare, yen Mur kuwi cocog yen dadi bojone Sujud. Ora ana tembung salah siji sing diuntungake, nanging loro-lorone bakal luwih apik dadine yen loro-lorone klakon nyawiji urip salakirabi.

"Ya yen mangkono, mengko melu rungokna Ibu tak kandha marang Bulikmu, sokur yen awakmu bisa luwih mantebne rembug, dadi Bulikmu ora tidha-tidha maneh olehe nakoni Nak Mur" wangsulane Bu Narti wekasane.

Yen karo mlaku Bu Narti rembugan karo Sujud bab olehe arep ngarah Mur, sing neng Kedunggalar Yang Yem saka eguh pratikel lan rerigene Bu Mandhor dina kuwi wis niyat arep nelpon anake wedok sing neng Jakarta. Pancen nadyan Nita kuwi anak kuwalon sing wis dianggep anake dhewe, nanging Bu Mandhor ora nyarujuki karepe Nita sing duwe niyat arep ndadekne Mur dadi bojo siri-ne wong Pengusaha sugih sing kabeneran isih adhine Bosse Nita.

"Saiki ngene wae Yem" Bu Mandhor ngandhani Mak Yem "iki mumpung dinane Minggu, anakmu telponen nganggo hape ku. Omongana karo sing diomongne Nita marang awakmu. Nek bisa anakmu kandhanana pisan, aja sulap karo gebyaring bandha, aja gampang gumun karo kumrincinging ringgit. Lakonku, lakonmu, lakone sawargi Mak Jah bisa kok critakne marang Mur. Urip iki mung sedhela, bandha donya kuwi durung mesthi ndadekne wong dadi mulya, malah kurang-kurang bejane kedanan bandha bisa ndadekne manungsa dadi wong sing cilaka lan urip sengsara".

"Nggih Bu, mengke Mur kula kandhanane" wangsulane Yang Yem. Bu Mandhor banjur ngadeg njupuk hapene.

 

 

ana candhake.

 

TEMBANG CEMPLANG 39

 

dening: IMMIR

 

39.

Karo nyerbeti lan manasi mobil pikirane Andhik nglambrang tekan ngendi-endi. Eling wong tuwane sing ana desa, kelingan desane sing asri lan durung pati mambu polusi, kelingan kanca-kancane guyon lan dolanan sing saiki bisane omong-omongan mung liwat hape kanthi wektu sing winates. Andhik banjur unjal ambegan landhung, dumadakan rasa kangen kuwi ngrenggani sajroning dhadha. Iya, pancen wis meh rong tahun Andhik ora bali tilik omah, dhek riyaya niyat ora bali merga kepengin ngerteni rasane badan ana paran. Dhek riyaya kepungkur pancen ya ana siji loro kancane sing padha-padha urip ngumbara neng Jakarta, sambang menyang mes panginepane, nanging rasane beda adoh karo riyayan neng desane. Mau lagi wae Andhik krungu olehe omong-omongan antarane Mur karo mBok Ti sing ngrembug anggone Mur arep tilik omah ngepasi suk riyaya, sing kari kurang ora ana rong sasi iki. Andhik mesem dhewe neng atine ana gagasan sing sajake apik upama bisa dicakne.

Olehe ngresiki lam manasi Mobil wis rampung, Andhik banjur metu saka garasi, karo nunggu dhawuh saka juragan Andhik arep lungguhan  neng Gerdhu Satpam, ngancani Singgih.

"Ora ana acara metu ta Bro?" lagi wae Andhik mapan linggih neng dhingklik ngarep gerdhu wis dipapag pitakonan  dening jaga.

"Embuh, durung ana dhawuh kok" wangsulane Andhik karo ngetokne hapene saka sak "upama metu paling ya sedhela maneh, wong saiki gaweyane Bosse akeh sing cukup diliwatne Hape".

"Lha iya, wong aweyan kari aba lan prentah anak buwah wae" Singgih nyauri omongane Andhik "beda nek karo Boss lanang, kabeh gaweyan kudu liwat kantor, dadi saben dina ya kudu ngantor".

"Iya" Andhik nyauti rembug "eh, omong-omong liyane Mas. Suk riyaya kuwi sampean ana rencana tilik ndesa pa gak?".

Singgih meneng sedhela, banjur wangsulane :

"Jane ya ana gagasan kanggo bali, nanging embuh mengko, sida bali apa ora".

"Lha piye ta?" Andhik takon.

"Bali nyang desa kuwi mbutuhne sangu lho Bro" Singgih wangsulan "masiya neng kene awake dhewe ki buruh sing blas ora kajen, nanging nek pas bali teka ndesa kana ngana kae, wong-wong ki nganggep awake dhewe kuwi Boss, dikra dhuwite akeh, dikira nek nglumpukne dhuwit neng Jakarta kuwi gampang. Ya pa ra?. Gek keri-keri iki dhuwitku sing tak kirim mulih kanggo mbantu sekolahe adhikku ya lumayan akeh, dadi sing neng simpenan kari ora sepiroa akehe".

Andhi meneng krungu wangsulane Singgih ngono kuwi, pancen Andhik ya weruh nek Singgih kuwi duwe adhik sing isih sekolah, lan kanggo nyuda rekasane wong tuwane sing mung dadi Tukang Batu, Singgih kudu gelem aweh bebantu kanthi ngirimi adhine dhuwit. Andhik ya ngerti, wong neng ndesane kuwi ya meh padha karo sing diomongne Singgih, wong sing teka saka kutha kuwi dikira dhuwite akeh, merga wong sing saka Kutha adate ya ana rasa isin nek diarani olehe nyambut gawe neng kutha asile padha wae karo nyambut gawe neng ndesa, dadi upama pethuk kanca lan kenalan kudu bisa nuduhne nek olehe nyambut gawe wis kasil, kanrhi cara yen pethuk kanca kudu duwe rokok gilig sing regane muni, serep-serep. Upama metu kudu siap dadi Boss, nraktir jajan marang kanca-kancane.

"Lha sampean apa duwe rencana yen arep tilik omah?" genti Singgih sing nakoni Andhik.

"Sirku ya ngono, wong dhek riyaya kae aku ora tilik omah, dadi kangen rasane karo bocah-bocah kanca dolan jaman semana" wangsulane Andhik .

"Aku jane ya ana rasa kapang ngono kuwi, nanging embuh mengko. Sapa ngerti kajaba THR karo Bosse ditambahi hadiah liyane" Singgih ngegongi wangsulane Andhik.

"Aku duwe rencana ngene lho Mas" Andhik omong maneh "sirku ben ora suk-sukan golek antri tiket bus utawa Kereta, tak pikir luwih kepenak ngrental mobil wae saka kene".

"Lha kuwi ya sansaya akeh wragate? Isih mbayar sewan mobil, nukokne bensin barang" Singgih nyaut .

"Ngene no, upama lho iki, aku sampean, Mas Marsana karo Om Sadi kuwi rak sak jurusan? Mengko sewan mobil karo bensine  ditanggung bareng-bareng, lha sopire cukup aku dadi ora mbutuhne mbayar sopir. Piye upama ngono?".

"Waah, kuwi ketoke ya mathuk Bro" Singgih wangsulan "kari wong-wong liyane piye?"

"Durung tak takoni" wangsulane Andhik "kira-kira ya padha mathuk mesthine, malah nek kepener bisa-bisa Mur ya gelem kok nek dijak bareng pisan".

"Apa? Lha Mur apa ya arep tilik omah?" Singgih takon karo suwara sing rada dhuwur.

"Kira-kira ngono, aku mau lagi wae krungu, Mur rasan-rasan karo mBok Ti jare simboke sing neng ndesa wis kangen, merga wis telung riyaya Mur ora  bali" Andhik wangsulan karo suwara sing sareh wae.

"O ngono?"

"Iya, malah  nek Mur gelem bareng awake dhewe, aku saguh nanggung bageyan sean mobil karo bensine Mur" Andhik nutugne omonge.

"Waaa, nek kuwi aku sing ora setuju, tak kira Mas Marsana ya ora mathuk" Singgih wangsulan.

"Iki ora nambah tanggunganne wong-wong Mas, Mur ya mbayar nanging sing nanggung aku, ora nganggo dhuwite sapa-sapa" Andhik nggenahne karepe.

"Iya, aku wis ngerti kuwi" Singgih nyauti rembug "nanging kuwi padha karo sampean nggunakne kesempatan jroning kesempitan, malah keneng diarani sampean ngajak bersaing sing ora sehat".

"Bener kuwi Mas Singgih" dumadakan Sadirun sing lagi wae nusul lungguhan neng dhingklik kuwi melu omong "nek pancen arep mbantu Mur, ya ayo dibantu bareng-bareng, Mur ben melu rombongan nanging ora dikongkon urun apa-apa. Kuwi jareku sing paling mathuk".

Andhik karo Singgih bebarengan noleh menyang pernahe Sadirun. Banjur Andhik sing rumangsa panemune ora disetujoni wong loro kuwi, banjur semaur karo mesem :

"Tak kira ngono ya luwih becik, aku ya malah kebeneran, ora akeh-akeh olehku ngetokne dhuwit".

Muni ngono kuwi Andhik karo mikir, wong mengkone sing nyekel setire mobil kuwi dheweke, dadi bisa wae olehe arep narik kawigatene Mur ben ngerti yen dheweke kuwi aong lanang sing bregas, mengko pas riyaya bisa wae dheweke dolan menyang omahe Mur banjur ngajak metu karo nggawa mobil rentalane. Mur mesthi bakal kebukak atine gelem migatekake marang dheweke sing temen-temen tresna marang Mur.

"Lha Mur wis ditari apa durung? gelem apa ora?" Singgih takon.

"Durung, wong gagasan arep ngrental mobil ki ya lagi esuk iki mau kok" Andhik mangsuli pitakone Singgih.

"Lha kuwi?" Sadirun nyuwara rada njengek.

"Lha kuwi piye Om?" Singgih takon.

"Nek ndelok watak, wantu, lagak lagon lan lageyane, kira-kira Mur kae kok ora gelem ta upama ora dikongkon melu nyangga wragat nyewa mobil sak bensine kuwi" Sadirun semaur nggenahne panemune.

"Malah bisa-bisa Mur ora sida bali, tilik ndesa" Singgih genti ngimbuhi.

"Bisa uga mangkono" Sadirun nambahi rembug "merga Mur ki wis bola-bali omong nek bocah kae ki ora arep mikir golek seneng dhisik, sing baku dheweke ki arep nyambut gawe luwih dhisik, nglumpukne dhuwik, perkara seneng kuwi gampang janjine dhuwite wis akeh".

Andhik meneng ora semaur, panemune Sadirun kuwi ya klebu nalar yen digathukne karo sipate Mur  sing wis kulina dingerteni saben dinane.

 

ana candhake.

Minggu, 29 Agustus 2021

TEMBANG CEMPLANG 38

 dening: IMMIR

 

38.

Kaya sing wis dikandhankne marang Nita, dina esuke Bu Kardiman sida nyeluk Mur. Amerga nek nganti Mur sida njupuk cuti lebaran, Bu Kardiman kudu tata-tata golek rewang warnen sing nggenteni gaweyane Mur sasuwene Mur tilik simboke neng ndesa kuwi. Kajaba saka iku, Bu Kardiman sing wis rumangsa seneng marang Mur merga gaweyane sing tansah gawe legane atine, uga arep genti mbales gawe senenging atine rewange kuwi, mengko arep digolekne apa-apa ben dingge oleh-oleh kanggo wong tuwane, uga nggolekne tiket kendaraan mbuh sepur mbuh bus sing bisa njamin keslametane Mur neng dalan luwih becik.

Diceluk juragane, gaweyan diselehne ditinggal mara nyedhak juragane sing lagi lungguh neng kursi, nyadhong dhawuh.

"Linggiha kursi kene Mur" kandhane Bu Kardiman "aku arep omong".

Atine Mur dadi dheg-dhegan, juragane olehe omong ora nganggo esem, kathik dheweke dikongkon lungguh kursi pisan. Mur wis nggagas nek arep nampa srengen saka juragane, srengen merga kaluputan sing kepetung kaluputan gedhe, merga nek mung kaluputan lumrah ora nganti ndadak dikongkon lungguh ngono kuwi. Karo ora saulu apa-apa Mur mapan lungguh karo ndhingkluk.

"Ora sah wedi" Bu Kardiman dumadakan ngguyu banjur omong ngandhani supaya Mur ora wedi "awakmu ora arep tak srengeni kok, mung arep tak takoni sethithik".

"Inggih Buk-e" wangsulane Mur karo ndengengek, rasa wedine wiwit suda. Ora ilang  blas, merga arep ditakoni. Ditakoni bab apa?. Apa merga dheweke ditelepon Bu Narti wingi gek dheweke durung omong marang juragane? "Inggih kula kala wingi badhe matur Buk-e ndelalah supe?"

"Lali? arep omong bab apa?" Bu Kardiman malah katut omongane Mur.

"Telepon saking Budhe Narti, bilih benjing Ahad badhe tindak mriki" wangsulane Mur ngati-ati.

"Banjur awakmu dipeseni supaya nggawekne jangan asem kaya pas neng Leuwiliang kae ta?" Bu Kardiman wangsulan karo takon.

"Inggih, ibuk-e sampun pirsa ta?" Mur mlenggong.

"Ya uwis, wong sadurunge Telepon awakmu, Budhe Narti telepon aku dhisik" wangsulane Bu Kardiman karo mesem "wonge ora marem nek durung omong awakmu dhewe, najan pamundhute supaya digaekne jangan asem ya wis tak saguhi, banjur Budhe Narti mundhut nomer hapemu kae".

"Inggih, nyuwun pangapunten Buk-e, pas telepon boten kula angkat, nembe sasampunipun kintun pesen bilih nomer ingkang ngebel punika nomeripun Budhe Narti, kula purun nampi" Mur gawe pawadan mbok menawa Budhe Narti wadul bendrane nek olehe telpon sing sepisanan ora diangkat.

"Iya kuwi ora sah dirembug dhisik" Bu Kardiman mbalik menyang niyate sakawit "iki ana bab liya sing perlu tak takokne marang awakmu".

"Dheg!" dhadhane Mur bali dhegt-dhegan maneh.

"Awakmu ngeri ta wingi Nita mrene kae?" Bu Kardiman nerusne rembuge.

"Inggih" wangsulane Mur, batine : genah aku wingi ya diceluk ngono kok, ndadak ditakoni maneh.

"Wingi Nita njalukne idin awakimu"

"Idin punapa Buk-e?" Mur nugel rembug merga kaget.

"Idin njupuk cuti riyaya" Bu Kardiman wangsulan.

"Lha kok Bulik Nita ingkang matur Buk-e niku, cethanipun kados pundi? Tiyang kula nggih boten nate rembagan kaliyan Bulik Nita perkawis punika, saupami kula niyat badhe tilik griya punapa dikinten kula boten saged matur piyambak dhateng Ibuk-e?" Mur genti takon kanthi suwara sing rada beda.

"Mengko dhisik ta, awakmu kuwi aja kesusu nesu dhisik" Bu Kardiman kandha karo mesem.

"Nyuwun pangapunten Buk-e" Mur suwarane groyok, nrgumangsani nek mau olehe omong wis ninggal suba sita "boten nesu kok, namung gumun kaliyan Bulik Nita".

"Ora perlu gumun" Bu Kardiman ngandhani klawan suwara sing alus "jarene Nita, Makmu njaluk tulung marang Nita supaya suk riyaya kuwi awakmu bisa tilik omah. Lha saiki aku arep takon nyang awakmu, awakmu wis dikandhani Makmu apa durung?".

"Dikandhani murih benjing riyadin punika wangsul?" Mur takon.

"Lha iya ta, arep dikandhani apa maneh? dikandhani nek wis digolekne calon bojo? ngono pa piye?" Bu Kardiman nggenahne rembuge karo mesem.

"Ah, ibuke niku kok" Mur melu mesem "dereng Buk-e, malah antawis tigang peken kapengker pas kula telepon Make liwat hapene Bu Mandhor. Make sanjang menawi boten napa-napa kula dereng saged tilik griya, sauger sadaya sami kaparingan wilujeng, criyose Make kangenipun sampun mantun sauger kula purun telepon. Pas nika kula rak inggih lajeng matur Buk-e ta?".

"Iya, merga aku kelingan karo sing kok critakne kae, aku dadi rada gumun semu ora ngandel karo sing dikandhakne Nita" Bu Kardiman wangsulan "ya gene Makmu kok ndadak ngongkon Nita ngono kuwi? nek pancen kepengin awakmu tilik omah rak ya bisa njaluk tulung nyang majikane supaya kirim pesen marang awakmu supaya telpon, iya ta?".

"Mesthinipun makaten Buk-e" wangsulane Mur.

"Atake ana barang sing anyar Mur?" Bu Kardiman takon .

"Barang enggal napa ta Buk-e?" Mur mbalekne pitakon.

"Awakmu arep dirabekne? merga wingi Nita ya omong nek neng ndesa sak aakmu kuwi mesthi wis dirabekne lho?".

"Menawi ngaten kajenge Make, malah kula boten badhe wangsul tilik griya rumiyin, Buk-e" Mur wangsulan, terus nggreneng dhewe "gampange arep ngrabekne uwong, rumangsane ki apa gampang nocogne ati kuwi?".

Bu Kardiman ngguyu rada suwe krungu grenengane Mur ngono kuwi.

"Ya wis yen ngono" wusanane Bu Kardiman ngendheg olehe rembugan "mbuh sida tilik omah, mbuh ora sesuk-sesuk bisa dirembug maneh, iki sasi jawa lagi sasi ruwah tanggal lima, dadi isih ana wektu sesasi luwih kanggo mikirne bab kuwi. Ya wis kana nek arep tandang gawe, aku ya arep nerusne gaweyanku kok".

"Inggih Ibuk-e"

Mur banjur mundur, bali menyang panggonane tandang gawe maneh. Durung wae nganti nyandhak gaweyan sing mau ditinggal, mBok Ti mara nyela-nyela takon :

"Suk Riyaya awakmu arep njupuk cuti lebaran Mur?"

"Ora ngono kuwi mBok" wangsulane Mur nggenahne pitakone mBok Ti sing olehe takon ngono kuwi merga sithik-sithik krungu sing lagi wae dirembug karo juragane  "wong Ibuk-e ki olehe pirsa saka Bulik Nita, gek Bulik Nita ki wonge ya ngana kae, sok sak karepe dhewe".

"Lha yen pancen karo Makmu kon tilik omah ya dituruti ta Mur" mBok Ti nerusne kandhane "jenenge wong tuwek ki neng ngendi-endi ya padha wae, sok kepengin dina bada bisa kumpul karo anake barang, gek kamangka wis telung bada awakmu ora bisa ngancani Makmu badan".

"Embuh, apa jare mengko, mBok" wangsulane Mur karo suwara sareh "wong riyayane isih suwe wae kok, isih akeh wektu kanggo mikir tilik omah apa ora mbesuk".

Muni ngono Mur karo mlaku ngalih arep nyandhak gaweyan sing mau ditinggal. mBok Ti ya wis ora omong maneh. Wong loro kuwi ora ngerti, yen sanadyan ora nguping ana kuping loro sing melu ngrungokne olehe padha rembugan. Lan merga krungu karo apa sing diomong Mur karo mBo Ti ngono kuwi, ndadekne atine sing duwe kuping banjur ngongkon uteke supaya mikir, mikir kanggo murih ati bisa seneng, kanthi golek cara supaya yen Mur sida bali tilik omah bsa dimanpangatake kanggo nuduhne yen dheweke pantes nresnani lan ditresnani dening Murjiyati.

 

ana candhake.

TEMBANG CEMPLANG 37

 

dening: IMMIR

 

37.

Sore kuwi Nita sida mara neng omahe Bu Kardiman, diemoni neng emperan mburi sing neng kono hawane isis, merga siliring angin sore. Tekane Nita mrono mung dhewekan, numpak taksi, ora ana kancane. Jarene sing lanang isih kerja, mau wis kencan nek Nita arep dipapag neng Mall kira-kira bar maghriban, merga rancangane bubar saka nggone Bu Kardiman arep blanja pisan. Gandheng tekane Nita mrono kuwi butuh karo Bu Kardiman, Mur ya mung nemoni sedhela banjur bali nandangi gaweyan-gaweyane sing durung rampung. Kajaba saka kuwi sak jane Mur kuwi ya rada aras-arasen nek jagongan karo Nita merga jarene Mur, Nita kuwi nek kadhung omong kaya radio ora ana menenge gek sing diomongne sok ora pati dingerteni dening Mur.

"Lha awakmu ki piye ta Mur? diparani Bulik-e kok malah ditinggal nyandhak setlika lho?" mBok Ti weruh Mur nerusne olehe nyetlika banjur takon.

"Sapa mBok? Bulik Nita ta? kae ngono dudu Bulikku ya? kae anake majikane Mak-ku sing neng ndesa, mung wae aku nek nyeluk ya Bulik, wong wiwit cilik olehe mbasakne ya Bulik" wangsulane Mur karo nutugne olehe nyambut gawe.

"Sok ngonowa, rak ya isih mambu-mambu nek karo awakmu? kok malah kok tinggal?" mBok Ti takon maneh.

"Mau aku wis nemoni kok" wangsulane Mur "banjur aku pamitan mrene, merga Bulik Nita ki olehe rene rak ora merga aku? nanging merga butuh kepengin ketemu Ibuk-e".

mBok Ti ora semaur maneh, banjur lunga ninggalne Mur nyandhak gaweyane dhewe neng pawon.

Sauntara kuwi,  Bu Kardiman sing jagongan karo Nita keprungu gayeng, sedhela-sedhela saka kadohan sok keprungu suwara guyune.

"Dos pundi Buk? Mur rak nggih boten nguciwani ta nyambut damele? Nanging nggih niku kados atur kula ingkang rumiyin nika kedah nuntuni lan asring ngelikne" kandhane Nita nakokne nyambut gawene Mur.

"Apik kok Nit" wangsulane Bu Kardiman "ora rugi aku mbayari awakmu merga wis nggolekne rewang aku, Mur bocahe sregep temen tur ya ora seneng neka-neka".

"Pancen kula niki nek madosne PRT kagem Ibu-ibu mesthi kula saring rumiyin kok Bu" Nita mongkog atine "boten kok angger lare, nanging kula pilihi sing saged nyambut damel saestu. Pripun punapa Ibu ngersakaken tambahan rewang malih? Mangke kula padosaken teng dhusun, bayaran blanjanipun boten larang, tandang gawene saged dijagakine saestu. Napa mbok menawi wonten ibu-ibu sanes, mitranipun Ibu ingkang ngersakaken ? mangke saged nimbali kula".

"Nek aku ya durung ta Nit? genah wis eneng mBok Ti karo Mur ngono? ya mbesuk wae nek Mur wis oleh jodho terus dadi manten, aku golekna gantine" Bu Kardiman semaur karo mesem.

"Lha ketingale Mur napa mpun wonten ingkang ngirik-iriki ta Bu?" Nita takon karo rada ngguyu.

"Ngirik-iriki, kok padhakne wong arep mikat manuk kutut wae. kowe kuwi" Bu Kardiman melu ngguyu .

Karo ngguyu Nita banjur wangsulan :

"Nggih niku lho, lare jaler ingkang ngesir piyambake?".

"Nek kuwi aku ya ora ngerti, wong Mur dhewe ya ora tau crita bab kuwi karo aku" Bu Kardiman wangsulan alon "kira-kira sing kepencut ya akeh, wong Mur ki saiki rupane dadi ayu merak ati. Nanging Mur dhewe pas tak coba tak jajagi atine, jarene wegah mikir bocah lanang dhisik, isih kepengin nerusne ngrewangi aku kok".

"O makaten? dados Ibu sak jane nggih sampun mancing-mancing Mur nggih Buk?"

"Iya" Bu kardiman wangsulan cetha "merga bares wae, neng kene iki ana salah sawijining Ibu sing uripe kalebu cukup, wong kakunge Pegawai Negeri terus Ibuk mau ya dadi Penjahit sing laris, putrane mung siji wis nyambut gawe mapan dadi mekanik neng dealer gedhe, ibu mau kandha nyang aku nek kepengin ngepek Mur dadi mantune, anake jare ya wis seneng".

"Nanging Mur boten remen kalih larene niku?" Nita genti takon.

"Ora ngono" Bu Kardiman wangsulan "Mur ki ora omong nek ora seneng, merga ora seneng kuwi rak ana sing ora disenengi sing ana ing awake sing ora disenengi, mbuh rupane, mbuh tingkah lakune, mbuh ap-ane ngono. Mur kandha nek bocah sing tak omong kuwi jarene ya apik, baguse ya  bagus, sregepe ya sregep, unggah-ungguhe ya apik, grapyak semanak lan ora gumedhe. nanging ya kuwi mau, mBuh merga apa Mur wangsulan durung arep mikir sing ngono-ngono kuwi luwih dhisik. Sing baku saiki bocahe isih kepengin nglumpukne dhuwit kanggo pawitan mbesuk. Kowe ngerti nganti saiki iki dhuwit balanjane Mur durung tau dijupuk, kabeh dititipne aku, banjur tak simpen  neng Bank, hebat ora bocah kuwi?".

"Inggih Bu" Nita manggut-manggut "lha tepangipun Mur kalih Ibu lan putrane niku teng pundi?"

"Ya ora neng ngendi-endi, wong omahe ora adoh saka kene. Pethuke Mur ya ngepasi Mur blanja sayur nek esuk neng nggone sayur seger prapatan kulon kono kuwi".

"Nanging anu Bu" dumadakan Nita kaya arep ngomong bab liya.

"Anu piye?" Bu Kardiman takon.

"Make Mur sing teng dhusun niku telpon kula, meling supados Mur dipadosne bojo, mula kula nggih lajeng miling-miling madosaken lare jaler sing sajake pantes kaliyan Mur punika" Nita wiwit omong goroh marang Bu Kardiman.

"Arepa Mak-e Mur kepengin anake enggal oleh jodho nek Mur dhewe durung karep rak ya tiwas tuwas ta Nit?" Bu Kardiman wangsulan ngiras takon.

"Mula niku Bu" Nita semaur kanthi suwara nglendheh "Mak-e Mur lajeng ngomongi kula, supados benjing riyadin niku, Mur purun endhang griya.Ketingale kalih Mak-e ajeng dikandhani perkawis niki. Dados niki kula nggih matur pisan dhateng Ibu, bilih benjing riyadin supados Mur dipun keparengaken tilik griya dhateng dhusun".

Bu Kardiman meneng sedhela, ketoke lagi mikir apa sing lagi diomongne dhayohe kuwi mau. Bareng wis sauntara lagi kandha marang tamune :

"Perkara nek arep tilik omah suk riyaya kuwi ya ora apa-apa, wong Mur ki wis telung tahun ngrewangi aku durung tau endhang omah".

"Makaten nggih Bu? Matur nuwun" Nita nyauti rembug.

"Nanging kok Mur durung tau omong aku nek Mak-e kepengin ditiliki ya?" Bu Kardiman kaya nakoni awake dhewe.

"mBok menawi Make Mur pancen dereng nyriyosi yogane niku Bu" Nita mangsuli pitakone  Bu Kardiman.

"Embuh nek ngono" wusana Bu Kardiman nyuwara sareh "ya mengko apa sesuk Mur ben telepon Mak-e, apa kangene Mak-e nyang Mur wis nemen tenan".

"Nanging anu lho Bu" Nita sajak rada ora kepenak.

"Anu piye?" Bu Kardiman mesem.

"Mur sampun dicriyosi nek kula padosaken calon bojo lho".

"Ora" Bu Kardiman wangsulan karo ngguyu "Lha apa olehmu nggolekne wis oleh?".

"Jane nggih dereng" wangsulane Nita karo mesem.

Wayah ngarepaken surup srengenge, mbarengi suwara Toa Masjid ngumandhangne suwarane wong maca Kitab, Nita pamitan bali. Dening Bu Kardiman Mur diceluk, dikandhani nek dhayoh sing isih ana sambung tangga karo Mur neng ndesa kuwi arep bali. Mur banjur nguntabne bali Nita nganti tekan regol ngarep.

ana candhake

Sabtu, 28 Agustus 2021

TEMBANG CEMPLANG 36

 

dening: IMMIR

 

36.

Kaya padatan esuk kuwi mBok Ti wis mangkat golek sayuran seger neng nggone Pak Bakir, Mur ora diajak . Tekan panggonane Pak Bakir jebul neng kono wis ana Bu Kristin sing milihi sayuran. Batine mBok Ti rada ndhengarekake, jalaran adate Bu Kristin ki nek blanja sayur rada awan, malah kerep wae pas mBok Ti mulih ngana kae simpangan neng dalan. mBok Ti banjur nyedhak melu milih sayuran sing arep dituku. Bareng ngerti nek mBok Ti wis teka kono, Bu Kristin banjur loroh-loroh kanthi praupan sing grapyak semanak.

"Kadhingaren iki mau kok rada awan mBak? adate ki nek sampean wis bali lagi aku genti sing budhal?".

"Jane niki wau kula nggih ajeng ndhengarekne panjenengan lho Bu" wangsulane mBok Ti karo ngguyu.

"Merga aku sing kisuken ngono ya?"  Bu Kristin melu ngguyu banter "Iya mBak soale iki mau gaweyan omah wis rampung kabeh, dadi bisa blanja esuk. Lha ponakane kok ora dijak ?".

"Mboten" wangsulane mBok Ti karo milihi sing arep dituku "larene radi kekeselen, amargi kala wingi kesah ngantos sonten nembe dugi nggriya, lha dalune boten enggal saged leren amargi nandangi damelan ingkang dereng rampung".

"Lunga? apa duwe sedulur sing ana kene?" Bu Kristin takon.

"Boten, kesah ndherekne Ibuk-e dhateng Bogor, tuwi pulunanipunj Ibuk-e ingkang wonten mrika".

"Oo, lunga karo Bu Kardiman ta?"

"Inggih, tiyang Mur niku kesahe nggih nek pas didhawuhi ndherekne Ibuk-e ngoten niku thok kok Bu" mBok Ti wangsulan.

"Jane aku ki kepengin lho bisa ngobrol-ngobrol karo Nak Mur ki, aku wingi pas telepon  Bu Kardiman ngabari acara arisan kae, aku ya wis matur nek kepengin omong-omongan karo Nak Mur, Bu Kardiman ya wis marengne. Nanging ya kuwi lho, wektune sing ora enek".

"Inggih Bu".

"Lha sampean wis tau njajagi atine Nak Mur apa durung mBak?" Bu Kristin dumadakan takon bab liya.

mBok Ti meneng sedhela banjur wangsulan kanthi ngati-ati :

"Lare niku sajake boten sengaja saking griya rumiyin sampun katutan raos sakit ingkang angel dipun tambani Bu".

"Piye ta? lara apa? aku ora pati mudheng karo singsampean dhawuhne" Bu Kristin njengkerutne bathuke tandha yen rung mudheng.

"Lare niku wiwit alit rak gesangipun sengsara" mBok Ti aweh katrangan "lair cenger sampun boten ketunggon bapak, lajeng simbokipun inggih gesangipun kesrakat, kangge nyambung gesang inggih namung kanthi berah-berah sakwontenipun, malah kangge ngiyub kemawon inggih kedah mondhok-mondhok dhateng griyanipun tiang. Pamila lare wau nggadhahi raos sakiting manah dados tiyang kesrakat wiwit alit, pramila nalika kula jajagi menawi piyambake punika sampun wancine mikir calon bojo, wangsulanipun radi banter : aku ora arep mikir ngono-ngono kuwi dhisik Mak, tak empete rasa kepenginku dhisik, mbesuk wae nek aku wis bisa ngepenakne uripe Makku, lagi aku arep mikir kepenginan liyane. Ngoten niku Bu wangsulanipun Mur dhateng kula".

"Walah nek ngono ya angel ngono mBak? gek olehe bisa mujudne tekade kuwi nganti suk kapan rak ora jelas?" Bu Kristin wangsulan sajak rada cuwa.

"Nggih mangke menawi lodhang kula kandhanane bilih mujudne tekade niku saged dilampahi kalih mlampah, sokur menawi wonten wekdal Bu Kristin paring rerigen dhateng lare niku, mesakaken lho Bu" mBok Ti nimbangi wangsulane Bu Kristin.

"Ya kapan-kapan tak telpone, mBak" Bu Kristin aweh wangsulan.

Pas mBok Ti jagongan karo Bu Kristin kuwi, neng Pos Satpam dalem Kardimanan, Marsana lagi teka arep nggenteni Singgih sing wis jaga wiwit dhek wingi. Tekane Marsana bareng karo Andhik, wong  budhale saka pondhokan ya bareng. Andhik ora bablas menyang garasi, merga mobile wis diresiki wingi nalika bali saka Leuwiliang, dadi kari manasi wae. Nanging leren dhisik lungguhan neng Gerdhu ngancani Marsana.

"Bosse wis budhal Bro?" Andhik nakoni Singgih sing sanadyan sing arep nggenteni jaga wis teka nanging isih durung tata-tata arep bali menyang pondhokan.

"Wis rada peteng mau" wangsulane Singgih karo arep nyumet rokoke "sing mapag Pak Kus".

"Ya wis, dadi aku bisa rada santai" kandhane Andhik maneh.

"Lha wingi kae nang ndi ta nDhik ? Budhal isih esuk baline wis sore ki?" Marsana genti takon.

"Nyang Kebune Mas Sujud, Leuwiliang Mas" wangsulane Andhik karo mesem "nanging mampir dhisik nyang Gunung Putri, ngampiri Bu Narti".

"Wah, awakmu wingi sedina utuh karo bareng Mur terus no? padha wae karo pacaran" Singgih takon karo mesem .

"Nek pacaran ya ora, wong aku karo Mur ya ora ngapa-apa" Andhik mesem nuduhne senenge "nanging pas Mur dikongkon lungguh neng kursi ngarep jejer aku, merga kursi tengah dienggoni Bosse karo Bu Narti, bocahe ketoke seneng banget".

"Sing seneng ki awakmu apa Mur?" Marsana nyaut rembug.

Andhik ngguyu, banjur semaur :

"Ketoke Mur ya seneng Mas, nek aku genah nek senenge".

"Aku dhek bengi ya seneng kok Mas" Singgih genti pamer "sing ngeterne kopi mrene sing adate mBok Ti, dhek bengi kuwi sing ngeterne Mur. Terus bocahe tak tanggap saka olehe lunga nyang Leuwiliang, banjur bocahe crita akeh-akeh jarene atine ya seneng, ora seneng merga wis lungguh jejer sampean, nanging seneng merga wis weruh tanduran sing ledhung-ledhung. Neng kene bocahe leren rada suwi kok".

Andhik mesem nyengir, Marsana ngguyu ngakak, ngguyu omongane Singgih sing ngarani olehe seneng Mur ora merga bisa lungguh jejer karo Andhik. Singgih banjur tata-tata arep bali menyang pondhokan nglerekne awak. Andhik ya terus ngalih, arep manasi mobile.

Pas Andhik karo Singgih metu saka Gerdhu, kepethuk mBok Ti sing lagi bali saka blanja. Singgih mandheg sedhela karo ngluruhi mBok Ti :

"Kok dhewekan mBok? Lha Mur kok ngak melu blanja?"

"Wonge tak jak ora gelem" wangsulane mBok Ti "wedi nek enek sing ndakwa neka-neka, tiwas wonge nesu maneh, jarene".

Singgih meneng, ora takon maneh. Andhik sing melu krungu wangsulane mBok Ti ngono kuwi, mrengut rumangsa nek wis disemoni karo mBok Ti. Andhik ya banjur mlaku menyang garasi arep manasi mobil. Tekan garasi weruh Mur lagi nyekeli hape sajake lagi teleponan. Mur sing weruh klebate Andhik neng garasi ya banjur ngalih ngadoh, karo hapene tetep dicedhakne kupinge. Atine Andhik sing lagi rada gela merga bubar disemoni mBok Ti, saiki malih dadi panas. Andhik wis ngira yen Mur lagi telpon-telponan karo Bu Kristin, nek ora malah karo anake lanang sing jeneng Tanta kae.

"Injih Budhe, Injih" lamat-lamat Andhik isih krungu suwarane Mur sing omong karo Hape ne, sopire Bu Kardiman kuwi dadi takon-takon menyang atine "kok Budhe? apa sing telpon kuwi Budhe Narti?".

Tenane sing lagi wae telponan karo Mur kuwi pancen Bu Narti, ngabari yen suk dina Ahad, Bu Narti karo Sujud arep sanja menyang daleme Bu Kardiman. Bu Narti meling supaya suk Ahad kuwi dimasakne sayur asem kaya sing dimasak Mur pas neng Leuwiliang kae.

 

ana candhake.

TEMBANG CEMPLANG 35

 

dening: IMMIR

 

35.

Neng jero mobil wiwit budhal saka Leuwiliang nganti tekan Gunung Putri ora ana sing omong apa-apa. Sajake wis padha kesel sawuse mlaku-mlaku turut kebonane Sujud, malah Bu Kardiman karo Bu Narti sing lungguhe jejer neng jok tengah, padha turu karo sendhen. Mur sing manggon neng ngarep nadyan ora turu nanging uga ora omong apa-apa, katrem ngrungokne unine lagu sing diputer neng mobil kuwi. Andhik sing nyetiri mobil isih kober nyambi nglirak-nglirik sing lungguh ana jejere, nanging sing dilirik babar pisan ora aweh tanggapan, suwe-suwe Andhik ya bosen dhewe. Banjur milih fokus nyawang dalan ing ngarepe sing arep diliwati mobile. Merga ora ana sing omong-omongan lakune mobil luwih banter tinimbang pas budhal mau. Ora krasa ngerti-ngerti wis menggok menyang plataran omahe Bu Narti neng Gunung Putri.

Tanpa ana sing nggugah sing padha keturon padha tangi dhewe-dhewe.

"Jebul aku mau turu ta?" Bu Narti grenengan dhewe "ngerti-ngerti wis tekan omah".

"Sami mBakyu" Bu Kardiman nanggapi grenengane Bu Narti "kula nggih keturon kok".

Bu Narti mbukak lawang banjur mudhun, ditutune Bu Kardiman karo Mur.

"Piye saiki ngersakne lenggah leren dhisik, apa bablas kondur nyang Jakarta Dhik?" bareng wis padha tekan ngisor Bu Narti nari, nakoni adhine ipe.

"Kula tak bablas wangsul mawon nggih mBakyu?" Bu Kardiman mangsuli pitakone  Bu Narti "Mengke saged kedalon menawi ndadak kendel rumiyin".

"Ya wis nek ngono, sing ngati-ati" Bu Narti banjur nyalami adhine ipe, kaya adate wong loro banjur cipika-cipiki. Bubar kuwi Mur ya melu pamitan :

"Kula wangsul rumiyin nggih Budhe? Nyuwun tambahing pangestu" Mur banjur ngambung tangane Bu Narti. Ora kaya padatan, Bu Narti mbales Mur dirangkul kenceng karo dielus-elus rambute.

"Iya sing ngati-ati ya Nak Mur, dongane Ibuk wae sing geterne, muga-muga Gusti Allah paring slamet".

"Inggih Budhe Matur nuwun"

Bu Kardiman banjur munggah mobil, genti ngenggoni sing mau dilungguhi Mur. Mur ya banjur munggah ngenggoni kursi sisih tengah. Andhik banjur nglakokne mobile maneh.

"Mau aku thik ora kok gugah ta Mur? keturon wiwit Leuwiliang nganti tekan kene mau". Bu Kardiman ngajak omong Mur.

"Kula boten tega Buk-e" wangsulane Mur "Ibuk-e ketingal sayah sanget".

"Jane ya ora nek kekeselen" Bu Kardiman nyelaki kesele "kira-kira merga olehku mangan mau rada kakehan, dadi weteng kuwaregen, ngantuk terus turu".

"Inggih ta Buk-e?" Mur nanggapi ayem.

"Iya soale olehku mangan krasa seger banjur lali ora gelem mandheg ngati wareg, lha nek neng omah awakmu ngerti dhewe, paling mung mangan sak pucuk enthong, sing akeh malah mangan buwahe" Bu Kardiman nerusne omonge.

"Wau Budhe Narti ketingale inggih eca anggenipun dhahar" Mur genti ngrasani Bu Narti.

"Iya aku ya ngerti, mulane aku banjur katut ketularan melu mangan akeh. Budhe Narti kae nek atine lagi seneng dhahare akeh, nek saben dinane ya padha karo aku".

"Lha murugaken wau Budhe narti karenan penggalihipun awit pirsa putranipun sehat lan pakebonanipun subur" Mur nimbangi rembuge juragane.

"Mas Sujud nika piyantune sae inggih Buk?" najan ora dijak omong Andhik melu nyela wuwus.

"Iya, Andhik kuwi wiwit biyen mula ya ngana kae prasaja ora gumedhe" Bu Kardiman mangsuli tembunge Andhik.

"Inggih, wau pas kula tilem teng Mobil, dipun gugah dijak maem" Andhik omong maneh "malah tangkepipun kaliyan abdi nggih sae, menawi ndangu kula nggih boten njangkar".

"Iya, nek kuwi ketoke wong loro kae, Budhe Narti karo Sujud padha olehe ana owah-owahan, mau Budhe Narti ngundang awakmu rak ya Mas ngono ta?" Bu Kardiman semaur karo mbenerne omonganane sopire.

"Inggih Buk" wangsulane Andhik "dhateng Mur nggih ewah, Mas Sujud menawi ngundang Mur mawi tambahan Dhik, malah Budhe Narti kula mireng wau ngangge tambahan Nak. Jan, sae saestu ingatase Mas Sujud niku priyantun sukses, Sarjana ingkang dados Petani Sugih, kok nyeluk kula Mas ngundang Mur mawi Dhik, kamangka kula mawon nek nyeluk Mur nggih namung Mur ngoten mawon".

 Bu Kardiman mesem, sajake Andhik durung ngerti nek Sujud lan Bu Narti padha-padha olehe lagi kasengsem marang Mur.

"Lha arep kok owahi apa piye? wiwit saiki awakmu nek nyeluk Mur kok tambahi Dhik ya malah apik" Bu Kardiman omong karo rada ngguyu.

"Boten Buk" Andhik melu ngguyu "mengke kula celuk Dhik, kula kuwatos Mur dados kemayu mengke".

"Aja Mas, aja nyeluk aku Dhik ndhak kecokot ilatmu mengko" karo nggtuyu Mur nrambul gunem "malah nek gelem nyeluk naku nDhuk utawa Yu, kira-kira malah mathuk. Wong padha-padh abdine kok nyeluk Dhik?".

"Lha bareng diceluk Dhik karo Mas Sujud thik kowe meneng wae neh?" Andhik takon karo ngguyu.

"Arep menging aku ya ora wani ta? mosok aku arep mbantah pulunane Ibuk-e? ngono kuwi jenenge ya nrucak. Ya pa ra?".

Bu Kardiman sing krungu wangsulane Mur marang Andhik ngono kuwi dadi lega. Jebul Mur ora kegedhen rumangsan merga tangkepe Andhik sing ngono mau.  Meh wae  Bu Kardiman arep duwe niyat yen mengko bengi Mur arep dibocori wewadi yen sejatine Sujud wis kepengin mengku Mur dadi bojone lan Bu Narti uga wis kebelet kepengin supaya Mur bisa dadi mantune. Nanging Bu Kardiman banjur eling nek mau wis kandha marang Bu Narti yen olehe arep nari Mur ngenteni yen wis ana keputusan saka Sujud lan Bu Narti luwih dhisik. Nanging dumadakan ing angen-angene Bu Kardiman banjur ana pitakonan sing liwat : apa kira-kira Mur gelem dipek Sujud ?. Bu Kardiman ya wis apal banget nek Mur kuwi beda karo bocah wadon umume. nek ndelok kapribadene Mur kuwi genah ora gampang kengguh dening gebyaring rupa, ora gampang kepencut karo gagah lan bagusing rupa.

Dumadakan Bu Kardiman dikagetne karo suwara hapene sing muni merga ana sing lagi telepon.

"Halo" Bu Kardiman ngangkat hapene dicedhakne neng kuping "Oh Nita ta? Iya ana apa Nit? Iki aku karo Mur lagi bali saka Bogor. Ana apa?".

Bu Kardiman ndudul Hapene suwarane digawe banter dadi ora usah ndadak nyedhakne neng kuping.

"Oh nembe rekreasi ta Buk? Inggih menawi Ibuk longgar benjing enjing kula badhe sowan Ibuk ing dalem" wangsulane sing nelpon sing jebule Nita.

"Iya, bisa , esuk apa sore?"

:Sonten Buk"

"Iya bisa, aku sore ya ora ana acara apa-apa kok".

"Inggih Buk Matur njuwun".

Bu Kardimanh nutup hape ne banjur kandha marang Mur :

"Bulikmu sesuk arep nyang omah Mur".

"Inggih Buk-e, Bulik Nita nika senes Bulik kula Buk-e, nanging putrane Majikanipun Mak kula" wangsulane Mur.

"Iya awakmu wis bola-bali kandha ngono kuwi, nanging kanggo nggampangne omong wae tak celuk kae Bulikmu" Bu Kardiman mangsuli "arep ngapa ya?".

"Kula boten ngertos Buk-e" wangsulane Mur cekak.

 

ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...