Total Tayangan Halaman

Rabu, 01 September 2021

TEMBANG CEMPLANG 45

 

dening: IMMIR

 

45.

Ngerti nek Andhik karo Marsana mlebu Mur mandheg sedhela, nanging ora omong apa-apa, banjur nerusne olehe mlaku arep menyang papan anggone jagongan para bendarane. Saklebatan Mur weruh mripate Andhik sing owah dadi mencereng, nanging Mur ora ngerti sing dadi sebabe. Najan mangkonowa, ing atine Mur banjur tuwuh rasa sing ora kepenak, nanging banjur ketutup karo mikirne gaweyane, yaiku ngaturi Bu Kardiman yen olehe tata dhahar wis rampung. Mengko wae, nek karo mangan bareng, Mur arep nakoni Andhik ya gene Andhik mliliki dheweke iki mau, ben ora ndedawa panyakrabawa sing ala.

"Lha awakmu karo bocah-bocah apa ya wis padha maem?"  Bu Kardiman takon, nalika Mur bubar atur uninga yen anggone tata dhahar wis rampung.

"Ingkang sampun mlebet nembe Mas Andhik kaliyan Mas Marsana" wangsulane Mur "inggih sakedhap malih rak mlempak sedaya lajeng sami nedha sesarengan".

"Yen ngono, awakmu karo mBok Ti maeme bareng karo Budhe Narti wae, kana mBok Ti kandhanana" Bu Kardiman dumadakan prentah sing tumrape Mur prentah sing aneh, ora kaya padatane. Mula Mur ora enggal ngalih, kaya-kaya ora percaya karo sing dikandhakne majikane.

"Dikandhani kok ora ndang dilakoni ta Mur? kok malah plenggang-plenggong kaya sapi ompong?" Bu Kardiman ngelokne Mur "kana ndang budhal, nek piringe kurang nyangking pisan".

"Inggih Buk-e" Mur wangsulan banjur ngalih mbalik nyang panggonane mBok Ti sing lagi lungguh awor karo wong-wong liyane.

mBok Ti, Marsana, Andhik, Sadi karo Singgih wis padha mapan lungguh neng kursine dhewe-dhewe. Ngerti Mur wis teka, Sadirun banjur arep nyandhak enthong nyidhuk sega.

"nDang ta Mur, dienteni kok suwe temen?" Singgih alok menyang Mur karo mesem.

"Iya Mas Singgih, disekecakne dhisik olehe olehe padha dhahar" Mur wangsulan banjur kandha marang mBok Ti "mBok, nyang Ibuk-e didhawuhi ndherekne Budhe Narti dhahar neng ruang makan".

"Apa? aku didhawuhi maem neng kana?" mBok Ti takon semu ora percaya "awakmu ki guyon apa klecon?".

"Iya, ayo. Sing didhawuhi sampean karo aku" Mur negesne omonge.

mBok Ti ora sida imbuh sega, banjur ngadeg arep mara menyang ruang makane Bu Kardiman ditutne Mur sing mlaku ana mburine.

"Rumangsaku dina iki mau kok beda banget karo dina-dina liyane ta?" bareng Mur karo mBok Ti wis ngalih, Marsana karo imbuh sega ngomongne rasa gumune.

"Pancen iya kok Mas" Andhik nyauti cluluke Marsana "wiwit esuk mau, aku weruh Mur telepon nganggo hapene Bosse, banjur Bosse ya melu omong neng telepon kuwi mau. Gek ketoke bar telepon bosse ketok nek seneng, banjur sampean weruh saiki driji manise Mur wis ana ali-aline lho?!? Atake.......".

"Atake apa Bro?" Singgih nyaut tembunge Andhik sing ora dirampungne "Mur telepon nganggo hapene Bosse ki sing ditelepon sapa? omong apa?".

"Aku ya ora ngerti" Andhik wangsulan "wong weruhku ki mung saka kadohan, aku neng lawang garasi, gek Mur karo Bosse neng ngarep lawang butulan sing mburi kae, dadi aku ya ora krungu".

"Lha bar telepon apa Mur ora nyoba kok takoni?" Marsana takon.

"Ora kober mas" wangsulane Andhik "wong bar Mur telepon mau banjur Budhe Narti karo Mas Sujud teka mau, dadi Mur ya terus ora bisa dicedhaki wong banjur repot karo gaweyane, banjur aku nusul sampean nyang gerdhu mau apa?".

"Terus saiki Mur karo mBok Ti malah dikongkon mangan bareng karo Bosse?" Sadirun sing maune mung meneng genti melu omong.

"Lha iya? eneng apa ya iki mau? sing rada dadi pikiran ki malah saiki Mur wis nganggo ali-ali kuwi lho?" Andhik mangsuli sajak ora seneng atine.

"Lha mau sampean ngomong atake ta? atake apa Bro?" Singgih takon.

"Atake tanpa awake dhewe weruh Penjahir ngarepan kuwi wis nembung dhewe nyang Boss wedok? Merga dhek emben kae Boss wedok tau omong sajake Tanta ki kepencut karo Mur, gek Boss wedok ki ya padha karo mBok Ti, olehe ngalembana wong ngarepan saanake ki nganti sundhul langit ngana kae. Atake ali-ali sing dienggo Mur kae olehe menehi Tanta, ketitik dienggo neng driji manis sisih kiwa, nek wis gelem nganggo barang pawehe wong lanang, tegese Mur wis nampa katresnane wong sing menehi barang kuwi. Dadi sasuwene iki Mur blas ora nggatekne kabecikan saka awake dhewe" kandhane Andhik ketok nek lagi gela.

Wong-wong ora ana sing semaur maneh, malah banjur padha telap-telep anggone mangan. nDhog  kamal asin sing kudune jatahe mBok Ti karo jatahe Mur dening Sadirun karo Singgih disikat pisan. Mung Andhik sing mangane sethithik, malah piring sing adate resik, awan kuwi isih ana sisa sega sing ora dipangan.

Sauntara kuwi sing neng ruang makan jero, Bu Narti ora leren-leren anggone ngalembana Mur sing masakane sing jarene ngalahne masakane koki hotel bintang lima. Sing dialem mung meneng ora semaur apa-apa. Bu Kardiman sing saben dina mangan olah-olahane Mur, tiru-tiru Bu Narti melu ngalembana Mur pisan.

"Sing dingendikakne Budhe Narti kiuwi tenan Mur" kandhane Bu Kardiman "olah-olahanmu kuwi bener-bener kena dirasakne. Nanging ya kuwi, awakmu ya kudu ngerti sirikane supaya masakanmu panggah enak lan kena dirasakne".

"Sirikanipun punapa Buk-e?" bareng sing omong Bu Kardiman Mur wani takon.

"Sirikanmu awakmu aja olah panganan yen atimu lagi ora kepenak, sedhih, gela, bingung lan sapiturute. Nek atimu lagi seneng panganan sing kok olah mesthi mirasa, sansaya seneng atimu sansaya enak rasane panganan sing kok olah" Bu Kardiman ngandhani Mur murih enake panganan sing diolah.

"Layak ta?" dumadakan mBok Ti melu cluluk.

"Layak apane mBok?" Bu Kardiman takon.

"Kala emben nika olah-olahanipun Mur kraos cemplang boten wonten raosipun, sareng Ibuk-e ngendikan kula nembe kemutan, kala emben nika Mur nembe mawon muring-muring kaliyan kanca-kanca" wangsulane mBok Ti karo mesem.

Mur mleruk karo nglirik mBok Ti. Bu Kardiman ngguyu. Bu Narti ba njur melu mbumboni :

"Ya mbesuk nek wis omah-omah, kakunge kudu dikandhani nek kepengin mangan panganan sing enak rasane, aja nganti cilik gawe gela gedhene gawe sedhihe Nak Mur".

"Lha ingkang kadhawuhan ngandhani sinten Budhe?" mBok Ti takon karo rada ngguyu.

"Ya Ibune ta mBok" Bu Kardiman sing mangsuli karo ngguyu.

"Oh iya, Mur iki mau Budhe Narti meling nyang Ibuk, supaya ngandhani awakmu" dumadakan Bu Kardiman omong bab liya.

"Punapa Ibuk-e?" Mur takon.

"Paring dhawuh piyambak punapa siyos kula wakili mBakyu?"  Bu Kardiman genti nakoni mBakyune Ipe.

"Panjenengan dhawuhne wae ta Dhik" wangsulane Bu Narti "merga aku ki nek omong sok kamisosolen, angel ditampa".

"Inggih sampun" Bu Kardiman kandha kanthi sareh "wiwit dina iki,  Budhe Narti luwih remen yen kok aturi Ibu, Mur, ora Ibuk-e, tinimbang kok aturi nganggo tembung Budhe. Dadi awakmu nek ngaturi Ibuk-e, kuwi tegese nyebut aku, ning nek nyebut Ibu, kuwi marang Budhe Narti. Ngerti?"

"Inggih, ngestokaken dhawuh Buk-e" Mur wangsulan. Tumrape Mur apa sing diprentahne bendarane waton ora cengkah karo paugeraning urip kuwi ora kena dibantah, wajib dilakoni.

 

ana candhake.

TEMBANG CEMPLANG 44

 

dening: IMMIR

 

44.

Bu Kardiman nyawang Bu Narti sedhela banjur genti nyawang Sujud, saka praupane wong loro kuwi kena disawang yen padha nggembol rasa kuwatir. Bu Kardiman bisa ngrasakne rasaning atine wong loro kuwi, amarga wong loro kuwimesthine babar pisan ora tau duwe panyana yen bakal kepethuk kanyatan kaya sing diadhepi saiki iki, kira-kira malah padha "mandhakne" marang sing arep dituju. Ya mandhak mung Mur arep ngarah Mur sing mung drajate rewang wae kok, mangsa angela . Ngono pikirane Bu Kardiman nalika weruh owah-owahaning praupane mBakyune Ipe lan Ponakane kuwi. Mesthi wae Bu Kardiman ya ora kepengin rasa kuwatire wong loro kuwi yen ora enggal ilang saka atine, mula Bu Kardiman banjur nerusne anggone kandha :

"Nalika kula takeni, Nita boten ngaken menawi sampun angsal mBakyu. Nanging sareng kala wau enjing Mur kula kengken telepon simboke, nangkletaken punapa leres mBoke Mur ngengken Mur wangsul benjing riyadin punika, ing ngriku lajeng kasumerepan menawi Nita sampun  boten bares kaliyan kula".

"Lire ora bares kepiye Dhik?" Bu Narti nyela takon.

"Sepisan, mBokne Mur boten nate nedhi tulung dhateng Nita supados madosaken bojo anake, anggenipun Nita madosaken calon bojo dhateng Mur niku inggih saking kajengipun piyambak. Nuwun sewu, panginten kula, ketingale wonten tiyang ingkang kepencut kaliyan Mur lajeng ngengken Nita ngrigenaken murih tiyang wau saged ngepek Mur, lha petangipun inggih kados menawi wonten tiyang betah rewang lajeng ngengken Nita madosaken ngaten nika, sepisan malih nuwun sewu niku namung panginten kula" Bu Kardiman aweh wangsulan marang pitakone Bu Narti.

"Lha ingkang kaping kalih punapa Bulik? niku wau rak ingkang kapisan?" Sujud genti takon.

"Iya, sing nomer loro, mBokne Mur anggone ngongkon mulih anake wedok kuwi merga, arep ditari gelem orane upama dijodhokne karo wong lanang sing ditawakne Nita. Nanging sajake mBoke Mur durung pati seneng karo wong lanang sing diomongne  Nita, malah jarene mau klebu Ibune Nita dhewe sing uga duwe sesambungan sing raket karo simbokne Mur, uga melu meling supaya Mur ora gampang kepencut karo gebyaring bandha utawa kumrincinging ringgit. Nek ndelok kuwi kira-kira sing ditawakne Nita kuwi wong sing sugih nanging mungguhing mBokne Mur lan Ibune Nita ora cocog nek digathukne karo Mur".

"Lha banjur Nak Mur wis ditari wangsulane kepiye Dhik?" Bu Narti takon rasa kuwatire wiwit suda.

"Dereng dipun tari mBakyu, amargi mBokne Mur criyos kajawi kangge ngrembag punika, boten cekap dirembag liwat telepon" Bu Kardiman aweh wangsulan.

"Dados benjing riyadin Dhik Mur badhe wangsul dhateng ndhusun Bulik?" Sujud takon.

"Sidane ora sida bali Mas"

"Lho kok makaten Bulik?"

"Iya amerga aku melu cawe-cawe, melu nyampuri urusane Mur karo mBok-e iku" Bu Kardiman aweh katrangan "olehku ngono kuwi merga aku ora lila yen nganti Mur bocah sing lugu lan isih polos kuwi nganti nemu lelakon sing bisa digetuni ing tembe mburine. Mula aku banjur omong marang mBokne Mur supaya mBokne Mur wae sing menyang Jakarta ngrembug perkara sing digawa Nita, karo anake wedok, asile rembugan bisa dienggo aweh wangsulan marang Nita sing arep tilik omahe Ibune suk riyaya kuwi".

"Simbok-e Nak Mur gelem?" Bu Narti takon.

"Purun mBakyu, amergi kangge tumbas karcis sepur utawi bus sakiing mrika dumugi mriki kula sagahi badhe kula transfer mangke. kajawi saking punika kula inggih badhe blaka dhateng mBakyu lan Mas Sujud....".

"Punapa punika Bulik?" Sujud nyelani rembug.

"Iya Mas, nalika Bulik krungu suwarane mBokne Mur neng telepon mau, Bulik rumangsa wis akrab banget karo suwara kuwi, ya carane omong, ya dialek sing dienggo, nanging Bulik lali, kuwi suwarane sapa? sing cetha suwara kuwi biyen wis aweh kabegjan marang Bulik, mula Bulik banjur ngeyel kepengin ngerti mBokne Mur. Dadi saupama mBokne Mur kukuh ngongkon Mur tilik omah, kira-kira Bulik  malah arep melu. Tujune mBokne Mur gelem mrene dadi ya sokur alkamdulillah".

"Saiki mbalik menyang pokoke rembugan Dhik" sawuse dianggep critane Bu Kardiman rampung, Bu Narti bali ngajak ngrembug sing dadi pokoke rembugan.

"Ingkang pudni mBakyu?" Bu Kardiman takon sajak durung mudheng karo sing dikarepake Bu Narti, merga mungguhing Bu Kardiman kabeh sing wis diomong iki mau klebu pokok rembugan.

"Ya sing paling wigati bab Nak Mur karo anakmu Sujud" wangsulane Bu Narti nggenahne karepe.

"Oh, kersanipun mBakyu supados Mur enggal-enggal kula takeni , pripun saupami dipun kersakaken Mas Sujud ngaten?" Bu Kardiman wangsulan karo mesem.

"Lha inggih no Bulik" sing mangsuli malah Sujud "mangke kaselak Dhik Mur nampi tiyang ingkang dipun criyosaken sinten? Nita? kala wau?".

"Utawa salah siji saka kancane Nak Mur sing uga jare nyambut gawe neng kene banjur nekad nembung marang Nak Mur dhewe ? Apa sapa? sing Penjahit mau? ndhisiki nembung ? Aku rak sida kapiran kapirun, gaga ora matun, kebo ora nuntun, bojo ora rukun no?" Bu Narti ngimbuhi sing diomongne Sujud.

Bu Kardiman ngguyu krungu tembunge Bu Narti sing ndadak nganggo purwa kanthi guru suwara barang kuwi.

"Ngaten mBakyu" bubar ngguyu Bu Kardiman banjur kandha suwarane ketara nek sareh "kula sampun gadhah cara, mangke menawi mBokne Mur sampun dumugi mriki, kajawi badhe nakeni Mur kula nggih badhe nembung pisan dhateng simbokipun menawi Mur badhe kula jodhokaken kaliyan anak kula piyambak inggih Mas Sujud punika. Kados pundi manawi makaten?".

"Lha simboke Nak Mur kuwi olehe arep teka kene suk kapan?" Bu Narti takon.

"Boten dangu malih kok mbakyu" Bu Kardiman aweh katrangan "menawi boten kalih dinten inggih tigang dinten malih tiyange bidhal saking mrika. Sokur menawi mangke mBakyu kaliyan Mas Sujud ugi ndherek manggihi pisan, rak sae ta?".

Bu Narti karo Sujud ketok sumilak bingar praupane. Bu Narti nyawang Sujud karo mesem, Sujud melu mesem atine krasa nyicil lega. Atine Mur ya krasa lega, nalika mBok Ti ora meri marang Mur sing diparingi ali-ali mas patlikuran telung gram dening Bu Narti, merga mBok Ti ya wis diparingi dhompet rega larang sing jerone ana dhuwite barang.

"Wis jam setengah rolas lho Mur" kandhane mBok Ti marang Mur sing wis rampung tata dhahar neng meja makane Bu Kardiman. Pasugatane meh padha karo menune pas mangan awan neng Leuwiliang dhek emben kae.

"Iya mBok, wis rampung kabeh kok" wangsulane Mur "kari nata sing kanggo awake dhewe karo wong-wong".

"Nek sing kuwi gampang, kari ngusungi wae, wong kabeh wis mateng" mBok Ti banjur ngandhani supaya Mur matur Bu Kardiman nek dhahar siang wis ditata "Ibuke ndang diaturi pisan kana".

"Iya mBok, tak aturane saiki" wangsulane Mur karo ngadeg arep mlaku nggoleki majikane. Nalika Mur mlaku, saka ngarep Andhik karo Marsana mlebu. Andhik kaget, mripate sing awas weruh neng drijin manise Mur wis ana ali-aline. Ing angen-angene Andhik dumadakan liwat wewayangane Tanta sing lagi ngguyu, nyawang dheweke sajak ngece.

 

ana candhake.

 

TEMBANG CEMPLANG 43

 

dening: IMMIR

 

43.

Mur pancen wis kulina ngladekne suguhan marang tamu-tamune Pak Kardiman utawa Bu Kardiman, dadi anggone ngladekne ya bisa cak-cek, cepet nanging ora ninggal tata krama. Kegawa luwih dhisik ana rasa seneng sadurunge, Bu Narti lan Sujud padha ngalembana ing sajroning atine marang cak-cakane Mur laden. Mau Mur wis dikandhani mBok Ti nek tamune ngersakne kopi tanpa gula, nanging Mur angone nggawe wedang, tetep nganggo gula mung wae ora dicampur karo wedange, gula sing jarene iklan televisi ora marakne lara Nguyuh legi (kencing manis) sing diwadhahi ing kertas cilik-cilik, dening Mur diselehne ing cawane kopi, ora dibukak. Kajaba iku uga saben kopi secangkir dikantheni omben banyu mineral sing diwadhahi botol cilik.

"Dipun unjuk Budhe, Mas"  bubar ngladekne Mur ngacarani sing disuguhi.

"Iki guloa sing ora marahi penyakit ya Nak Mur?" Bu Narti takon karo nudingi gula wadhahan sing tumumpang ing cawan neng sisihe sendhok lan cangkir.

"Inggih Budhe" wangsulane Mur .

"Iya, mengko tak enggone, aku ya gelem kok nganggo gula ngene iki" Bu Narti omong maneh.

"Inggih Budhe" Mur banjur arep mundur.

"Mengko dhisik Nak Mur" Bu Narti kandha nyandhet Mur sing arep lunga "iki mau Ibu nggawa oleh-oleh kanggo mBok Ti karo Nak Mur, sing kanggo mBok Ti wis diparingne mau, iki sing kanggo Nak Mur".

Bu Narti njupuk buntelan cilik saka njero tas cangkinge, banjur diulungne menyang Mur.

"Ngaturaken genging panuwun Budhe" karo nampani buntelan sing diulungne Mur ngaturne panuwun.

"Ya tiba sepadha-padha" wangsulane Bu Narti "aja didelok pira ajine lho, iki mung wujud rasa tresnane Ibu marang Nak Mur".

"Inggih Budhe, matur nuwun sanget" panyaute Mur "kepareng Mur badhe dhateng pawon rumiyin".

"Iya, iya" bu Narti wangsulan sajak marem rasaning atine.

mBok Ti sing wiwit mau ngrasakne ana bab sing aneh ing tangkepe Bu Narti, menang-meneng ngetutne Mur nganti tumekan lawang sing anjog ruang tengah kuwi. Saka waliking lawang mBok Ti inceng-inceng karo nguping apa sing dikandhakne Bu Narti marang Mur. Sepisan maneh mBok Ti kaget, Bu Narti olehe mbsakne Mur marang awake nganggo tembung Ibu, ora Budhe. Aneh. Apa kira-kira Bu Narti duwe karep arep........... 

"Ah, mokal" mBok Ti mbantah batine dhewe, banjur diwangsuli dhewe "nanging upama tenan, ya pancen bejane Mur"

"Ana apa mBok?" Mur kaget merga ora ngira nek mBok Ti amping-amping ing mburi lawang.

"Ora ana apa-apa kok" karo suwara groyok mBok Ti wangsulan "suwaramu ketok nek kaget Mur, awakmu mau karo nglamun ya?".

"Ora thik!" Mur wangsulan karo terus mlaku menyang pawon. Mbok Ti banjur ngetutne neng mburine.

"Aku mau oleh dhompet apik rega larang, lha awakmu diparingi apa Mur?" lagi wae Mur nyelehne baki neng papane, mBok Ti mburu karo pitakonan.

"Ya durung ngerti ta mBok" wangsulane Mur sareh "genah nek durung tak bukak ngene".

"nDang dibukak ta, sapa ngerti isine gelang apa kalung mas sing larang" mBok Ti ngomongi Mur supaya mbukak oleh-oleh saka Bu Narti mau.

Ora semaur Mur mapan lungguh neng dhingklik dawa, mBok Ti nusul njejeri. Kanthi ngati-ati Mur mbukak buntelan kertas kuwi.

"mBok........?" Mur mlengak karo nyawang mBok Ti.

"Apa Mur isine?" mBok Ti takon melu kaget.

"Iki lho !" Mur nuduhne isine buntelan kertas kuwi marang mBok Ti. Ali-ali mas. mBuh disengaja, embuh merga Bu Narti lali, neng kanthong cilik sing dibuntel kertas kuwi, kajaba ana ali-ali iya katutan layang nota saka toko mas sing nuduhne bobote ali-ali telung gram mas pat likuran.

"Pancen nasibmu apik Mur" sawuse rada suwe kamitenggengen mBok Ti banjur omong "kuwi ali-ali dandanan ngono lho, coba ana tulisane apa kuwi?".

"Tulisane jenengku mBok" Mur semaur karo ngiling-ilingi tulisan saka iring jero ali-ali.

mBok Ti meneng ora semaur, angen-angen sing lagi wae dibantah lan diwangsuli dhewe mau liwat maneh neng angen-angene. Nanging mBok Ti ora ngandhakne isine angen-angen mau marang Mur. Malah mBokti banjur kandha :

"Wis, layange ndang disimpen kana. Ali-aline ndang dienggo wae, sing maringi kareben luwih seneng".

Mur nyoba nganggo ali-ali kuwi neng driji jenthike, lodho. Banjur dilebokne neng driji manise, pas. mBok Ti melu marem lan melu seneng weruh drijine Mur sing adate resik, kuwi saiki wis ana rerenggane. ketok dadi lan manise.

"Kanggo mangan awan wong-wong dimasakne apa mBok?" Mur kelingan karo gaweyane.

"Ora sah digagas" mBok Ti semaur karo ngguyu "bocah-bocah karo awake dhewe wis tak cepaki gudheg, kari manasi, karo ndhog asin turahan wingi. Saiki malah awakmu ndang nata sing arep kok olahne kanggo Budhe Narti jare pesen jangan asem?".

"Iya" Mur wangsulan karo nglebokne layange ali-ali menyang wadhahe, ali-aline tetep dienggo.

Bu Kardiman unjal ambegan landhung, panyawange genti genten tumuju marang mBakyune Ipe lan ponakane lanang.

"Ya ngono kuwi mau Dhik, dadi apa sing diaturne anakmu kuwi padha karo sing dirembug karo aku" Bu Narti nambahi rembug, sawuse rada suwe Bu Kardiman ora enggal nanggapi kandhane Sujud "saiki mangga kabeh kari nyang Panjenengan".

"Ngaten nggih mBakyu" Bu Kardiman kandhane bisik-bisik nanging isih bisa dirungokne Bu Narti karo Sujud "sanajan namung kados makaten wujud lan kawontenanipun, Mur niku kathah ingkang ngajengaken, nanging sedaya inggih dereng wonten tembungipun, nembe mandheg ing reraosan".

"Lha Nak Mur kepiye? apa wis ana sing sajake dicocogi?" Bu Narti mangsuli karo suwara lirih nanging ketara ana rasa kuwatire.

"Rahayunipun Mur dereng ngertos mBakyu" Bu Kardiman wangsulan.

"Lha kok saged makaten Bulik?" Sujud genti sing takon.

"Aku dhewe ki ya ora pati ndugamana Mas" Bu Kardiman nggenahne rembuge "Mur ki rak bocah lugu sing ora tau srawung kejaba karo sine omah iki? ya sok-sok metu blanja neng lapake baku sayur kulon kono, kuwi wae ya arang merga rak sing ajeg blanja kuwi mBok Ti?. Lha wong ngarepan sing ana papan namane Penjahit Sempulur kuwi, jenenge Bu Kristin kuwi kepencut pengin ngepek mantu Mur arep diolehne anake lanang, ndelalah anake aing nyambut gawe dadi mekanik kuwi ya seneng karo Mur. Kuwi dikandhankne menyang mBok Ti, merga saben dina Bu Kristin ki blanja bareng mBok Ti. Nanging mBok Ti ya durung nari Mur, mung wae Bu Kristintau sethithik nyenggol bab iki karo aku pas nuju telpon urusan liya. Lha jarene mBok Ti, bocah-bocah kene kuwi ya ana sing rumangsa cuwa lan gela, ya cemburu lah, nalika ngerti Mur kuwi tetepungan karo Bu Kristin. Nanging, pas aku arep budhal menyang kebun Leuwiliang dhek emben kae, neng mobil Mur tak jajagi apa kira-kira gelem upama dipek mantu Bu Kristin, wangsulane panggah kaya sing diomongne Mur marang mBok Ti lan bocah-bocah liyane : Mur isih kepengin urip ijen merga isih kepengin ngepenakne mBok-e sing neng ndesa".

"Makaten inggih Bulik?" Sujud nyela takon.

"Isih ana tunggale, biyen sing nggawa Mur nrene kuwi rak Nita? wong sing tukang nyalurne Rewang saka ndesa menyang ibu-ibu neng Jakarta kene. Lha durung suwe iki, Nita nemoni aku, ngabari nek suk riyaya kuwi Mur dening simboke dijaluk bisaa bali tilik omah, Nita ya crita nek simboke Mur kuwi meling supaya Nita gelem ngrewangti nggolekne bojo Mur" Bu Kardiman nutugne critane.

"Lha banjur kepiye Dhik? Nita kuwi wis oleh calone Nak Mur ngono pa piye?" Bu Narti takon kanthi suwara sing ketara ngemu rasa kuwatir.

 

ana candhake.

Selasa, 31 Agustus 2021

TEMBANG CEMPLANG 42

 

dening: IMMIR

 

42.

Bu Kardiman lagi ngerti nek ana dhayoh sing teka bareng keprungu suwara bel tamu ditutul. Mur tanggap sanadyan ora diprentah, gage-gage mlaku arep ndelok sapa tamu sing teka kuwi. Liwat kacane cendhela Mur ngerti yen sing teka kuwi Bu Narti karo Sujud. Wurung anggone arep mbukakne lawang, malah klepat setengah mlayu nggoleki majikane. Mur ngerti lungguhing unggah-ungguh, kanggo mapag tamune iki, luwih prayoga lan luwih becik yen sing mbukakne lawang dudu dheweke, nanging  Bu Kardiman dhewe, amarga Mur ngerti sepira bektine Majikane kuwi marang mbakyune ipe.

"Budhe Narti sampun rawuh Buk-e" kandhane Mur sawuse tekan ngarepe majikane.

"Iya?" Bu Kardiman kaget semu seneng "Wis kok aturi mlebu apa durung?"

"Dereng Buk-e" wangsulane Mur "wau kula sumerep saking nglebet ketingal menawi ingkang rawuh Budhe Narti".

Bu Kardiman ora semaur maneh, daya-daya mlaku arep mbukakne lawang kanggo dhayohe sing wis rada suwe diantu-antu tekane. Kaya padatan ngana kae, Bu Kardiman bubar salaman klawan ngambung tangane Bu Narti, wong loro kuwi banjur padha rerangkulan, cipika-cipiki. Bubar kuwi lagi Sujud sing genti ngaturake bekti marang ibune cilik. Bu Kardiman banjur ngajak Bu Narti lan Sujud bablas mlebu menyang ruang keluarga, ora neng ruang tamu. Mur, nyedhak ngaturne bekti marang Bu Narti, dening Bu Narti Mur banjur dirangkul keket, tangkepe Bu Narti jan babar pisan ora kaya tangkepe bendara marang abdine. kang mangkono kuwi ndadekne mBok Ti sing ngingeti saka kadohan, ya kuwi saka waliking lawang butulan, dadi kaget kaworan gumun. Mur uga ngaturake bekti marang Sujud, nanging cukup karo salaman lan ngambung tangan, ora nganggo cipika-cipiki. Bubar kuwi Mur ya banjur pamitan mundur bali menyang panggonane nyambut gawe maneh.

"Iki Nak Mur, karo Masmu digawakne sayuran  lagi olehe methik saka kebone, tulung dirawati" Bu Narti ngongkon Mur nampani lan ngrawti oleh-oleh sing digawa Sujud.

"Sing diolah kanggo sayur asem pesenane Budhe kuwi wae Mur" Bu Kardiman numpangi omong.

"Inggih" wangsulane Mur marang wong loro kuwi "kepareng kula beta dhateng wingking rumiyin".

"Iya, nanging olehe masak mengko wae, nek saiki isih kesuken" Budhe Narti aweh wangsulan.

mBok Ti sing melu nguping saka waliking lawang, ngerti Mur arep menyang pawon ngrawati oleh-oleh gawane Sujud, cepet-cepetan ndhisiki mlayu menyang pawon. Teka kono banjur ethok-ethok nyerbeti meja babragan. Bareng Mur wis tekan pawon lan arep nyelehne sing digawa menyang meja, mBok Ti gageyan nakoni Mur .

"Mur" kandhane mBok Ti alon-alon nanging cetha.

"Iya mBok?" Mur semaur karo nyelehne sing digawa, mBok Ti ditoleh.

"Budhe Narti ki nek nyang awakmu saiki kok malih ya?" mBok Ti takon.

"Pancen saiki Budhe Narti kuwi wis owah kok mBok" wangsulane Mur kanthi suwara lumrah.

"Owah piye ta? genah ya sehat ngono kok? sembrana kowe kuwi, ngarani sedulure bendarane kok owah?" mBok Ti semaur karo suwara rada sereng.

"Ora owah pikire mBok" Mur nggenahne karepe "owah sing tegese berubah sikap ngono lho".

"Oalaah, sing lumrah wong diarani owah kuwi ngene" mBok Ti mesem karo nyelehne driji penudinge neng bathuk "nek bocah cilik diarani owah kuwi otote ana sing onya".

"Ora owah nanging berubah" Mur semaur karo ngguyu.

"Berubah piye?" mBok Ti takon.

"Ya kaya iki mau, nek nimbali sapa-sapa wis ora njangkar maneh, nyang Mas Andhik ya nganggo Mas, nyang aku malah nganggo tambahan Nak, aku ki sok-sok ya dadi pekewuh dhewe, mosok drajate babu kok diceluk Nak Mur, piye njajal?" Mur omong karo mesam-mesem .

"Iya ki? mau malah olehe mbasakne kowe nyang putrane kae mau nganggo tembung masmu, iya ta?"

"Iya ketoke"

"Aneh ya?"

"Ngono kuwi wiwit aku didhawuhi ibuk-e ndherek menyang Gunung Putri pas slametane Pakdhe Sakun biyen kae lho mBok" Mur ngandhani mBok Ti wiwite Bu Narti duwe sikep sing ngono mau "Wis mBok Ti ndang mbagekne kana, ngiras matur Budhe Narti karo Mas Sujud ngersakne ngunjuk apa, selak didukani ibuk-e mengko".

"Ya" mBok Ti banjur ngalih arep mbagekne tekane Budhe Narti. Pancen neng omahe Pak Kardiman kono kuwi, nek enek dhayoh sing dhayoh mau isih kulawarga dhewe, para rewang sing kabeneran ana omah dening Bu Kardiman dikongkon padha melu mbagekne. Mur banjur ndhudhahi sayuran gawane Sujud mau, arep dipethiki kanggo disayur jangan asem mengkko nek wayahe mangan awan.

Ora pati suwe mBok Ti sing mbagekne Bu Narti, wis bali maneh menyang pawon methuki Mur maneh.

"Wis mBok?" Mur takon.

"Wis" mBok Ti wangsulan  "padha Budhe Narti karo Mas Sujud  ngersakne ngunjuke kopi pahitan tanpa gula, karo sing didhawuhi nggawe karo nggawa mrana kowe".

"Lhah mBok Ti ki kok ya ngono lho?" Mur wangsulan karo mesem sepa "mandhak arep ngongkon ngono wae kok ndadak nganggo ngarang barang".

"Ora ngarang Mur" mBok Ti wangsulan "iki dhawuhe Budhe Narti, ketoke mau Budhe Narti supe maringne hadiah nyang kowe, iki lho hadiah saka Budhe Narti nyang aku".

"Hadhiyahe apa mBok? ndelok" Mur takon.

"Dhompet, sik tak deloke enek isine apa ora? dhompete apik lho Mur" mBok Ti mbukak dhompet olehe maringi Bu Narti neng ngarepe Mur "enek isine Mur, rong lembar, kamdulillah".

Mur ngguyu, banjur tumandang arep nggawe kopi kanggo dhayohe .

Sauntara Mur lagi katrem omong-omongan karo mBok Ti neng Pawon, sing ana jero omah uga lagi rembugan sing rada wigati.

"Perkara sing dirembug awake dhewe dhek emben kae, Sujud wis tak takoni Dhik" Bu Narti miwiti rembugan.

"Inggih kados pundi mBakyu?" Bu Kardiman nanggapi klawan pitakonan.

"Saiki Sujud ya enek, becike ben matur dhewe wae marang panjenengan" Bu Narti wangsulan karo noleh menyang Sujud.

"Piye Mas?" Bu Kardiman genti nakoni Sujud.

"Inggih Bulik" Sujud wangsulan karo suwara sing sajak dingati-ati "Ibuk sampun paring dhawuh jangkep dhateng kula bab Dhik Mur, inggih wiwit ingkang namung drajatipun Rewang ngantos namung dugi kelas gangsal minggah kelas nem sekolahipun, sedaya punika tumrap kula boten kalebet cacad lan kula inggih sampun matur Ibuk supados Ibuk mundhut tulung  Bulik  ndangu Dhik Mur, kinten-kinten kula dipun tampi punapa boten menawi badhe ngarah piyambakipun dados semah".

"Sik-sik, sik tak selani" durung nganti Bu Kardikman nanggapi kandhane Sujud, dumadakan Bu Narti sumela gunem, padune Bu Narti weruh yen saka lawang butulan Mur mlebu karo nyangga baki arep ngladekne kopi.

"Inggih mangga mBakyu" Bu Kardiman mesem rada kecut.

"Wiwit mau Bapake Doni kok ora ketok ki nyang ngendi?" Budhe Narti takon.

"Oh, anu mBakyu nyuwun pangapunten, ing padamelanipun Bapakipun lare-lare nembe radi repot, nembe wonten damelan enggal ingkang mbetahaken kawigatosan mirunggan, niki wau wiwit enjing jam gangsal wau sampun bidhal dhateng padamelanipun, nglembur" Bu Kardiman nggenahne bab repote kakunge.

Mur teka, bakine diselehne meja, banjur kopine diangkat siji-siji diladekne marang dhayohe.

 

ana candhake.

 

TEMBANG CEMPLANG 41

 

dening  IMMIR

41.

Yang Yem nampani Hapene Bu Mandhor, banjur diseleh neng meja, genti tangane njupuk krepekan saka kanthongane. Hape dicandhak karo wiwit nutul angka sing ana jerone krepekan. Nomere Bu Kardiman sing selawase durung tau dikirimi pesen luwih-luwih ditelepon. Mula Yang Yem isih ragi-ragu sida wani kirim pesen  apa ora? Nek nganti sida diwanekne kirim peswen  dianggep degsura apa ora karo sing duwe nomer? Nanging nek ora taren marang Majikane Mur, banjur dheweke nelpon anake kuwi, iki genah nek laku sing luwih degsura, bisa-bisa sing kena duka malah anake dhewe.

"Nomere Mur wis tak simpen neng njero hape Yem" weruh Yang Yem katon tidha-tidha aro bola-bali maspadakne tulisan neng kertas sing dicekeli, Bu Mandhyor ngira nek sing ditutul Yang Yem kuwi nomere Mur.

"Nggih, niki nomere Majikane kok Bu, sir kula ajeng taren riyin dipun parengaken napa boten menawi kula badhe nelpon Mur" Yang Yem wangsulan "kuwatos kula mengke pas Mur repot kula telepon, sareng ditampi lajeng didukani majikane?".

"Iya bener kuwi" Bu mandhor mbenerne Yang Yem "pancen kudune ngono Yem, wong Mur ki saiki pati uripe ana tangane Majikane, nek nganggo caramu kuwi ateges awakmu ora wani degsura karo majikane anakmu. Ya wis ndang dikirm, nanging mengko dhisik unine pesenmu wacanen dhisik sing banter, mbok menawa ana sing perlu dibenerne ukarane".

"Inggih" Yang Yem wangsulan "kula waca nggih? Lepat nyuwun pangapunten ingkang kathah, kula Yang Yem, simbokipun Mur Bu. Menawi Mur nuju radi lodhang, punapa kula dipun keparengaken menawi badhe telpon Mur? matur nuwun lan nyuwun pangapunten. Pripun Bu?"

"Wis, wis apik ndang kirimen, muga-muga Majikane Mur gelem maca" Bu Mandhor mangsuli pitakone Yang Yem.

Pesen wis kekirim. Hape banjur dibalekne maneh marang Bu Mandhor, karo ngenteni wangsulan saka sing dikirimi pesen. Dumadakan Hapene Bu Mandhor kuwi muni, ana telepon mlebu. Ketoke sing telepon nomer sing lagi wae dikirimi pesen Yang Yem.

"Tampanana Yem, wonge malah telepon iki lho" kandhane Bu Mandhor karo ngelungne hapene menyang Yang Yem.

"Halo....." Yang Yem nampa telepon kuwi.

"Leres niki simbokipun Murjiyati nggih?" suwara saka telepon keprungu takon.

"Inggih Bu, kula simbokipun Mur, nyuwun pangapunten Bu, kula sampun kumawantun ngganggu Ibu kaliyan kintun pesen" Yang Yem wangsulan karo suwara ndhredheg.

"Boten napa-napa mBok" sing telepon nyauri tembunge Yang Yem karo suwara sing empuk, sareh "mengke rumiyin, ketoke aku tau ngerti suwara panjenengan tau akrab banget karo sing duwe suwara ngene iki, panjenengan sapa ta jane?"

"Nyuwun pangapunten Bu, kula Yang Yem simbokipun Mur" Yang Yen suwarane sansaya ndhredheg "kula nembe sepisan punika matur dhateng Ibu".

"Mengko dhisik ta, bener pancen lagi sepisan iki liwat telepon, nanging aku krasa ketoke aku wis tau ngerti suwara lan logat ngene iki, nanging sapa aku lali lan neng ngendi? ketoke wis rada suwe suwara ngene iki olehe aku ora krungu" Bu Kardiman liwat telepone ngeyeli tembunge Mak Yem.

"Inggih nyuwun pangapunten, rumaos kula sadangunipun punika, kula dereng nate kepanggih kaliyan Ibu, saha mila kula inggih dereng sumerep pasuryanipun Ibu, ugi kagunganipun asma Ibu, kula kula saestu dereng nate sumerep" Yang Yem wangsulan nggenahne wangsulane.

"Ya wis ora apa-apa, mengko wae tak eling-elinge, merga rak ana unen-unen "panglinga wonge ora  bakal pangling karo suwarane" . Iki Mur wis teka neng sandhingku, mangga menawi panjenengan badhe ngendikan kaliyan Mur".

"Inggih Bu, matur nuwun" Yang Yem aweh wangsulan.

"Maaaak" Mur nyeluk simboke liwat telepone majikane "ana apa Mak? Mak rak ya ora apa-apa ta? seger kuwarasan?".

"Iya nDhuk" Yang Yenm semaur kanthi suwara keprungu yen lagi seneng "Make waras, anu ndhuk Make arep omong".

"Iya, arep omong apa Mak? apa bener Mak-e njaluk tulung Bulik Nita supaya aku dipamitne menyang Ibuk-e kene suk riyaya kongkon bali? ana apa ta Mak jane? Apa Mak wis kangen tenanan karo aku? Sing sabar ya Mak?" Mur mbrondong pitakonan marang Yang Yem.

"Ora nDhuk, Mak-e ora njaluk tulung Bulik Nita kok, mung Mak-e omong nek Mak-e ora bisa aweh putusan dhewe karo sing diomongne Bulik Nita, merga sing arep nglakoni mbesuke rak kowe? dudu Mak-e!, mula Mak-e banjur omong nyang Bulik Nita aku kepengin ngerti panemumu luwih dhisik, lan suk riyaya nek awakmu bisa bali tilik omah, kowe arep tak takoni dhewe" Yang Yem mangsuli pitakone anake wedok.

"Lha sak jane Mak-e diomongi apa dening Bulik Nita ? Aku dadi bingung Mak" Mur takon .

"Jarene Bulik Nita, kowe wis digolekne jodho lan ya wis oleh, lha apa kowe durung diomongi? Kamangka, nek miturut panemune Mak-e uga panemune Bu Mandhor barang, calon sing diomongne Bulik Nita kuwi Mak-e ngrasa durung sreg. Mula Bu Mandhor mau pesen, supaya Mak-e ngandhani kowe, golek jodho kuwi sing ngati-ati, aja gampang kepencut mubyare bandha lan kumrincinge suwara ringgit wae".

"Wadhuh, aku dadi sansaya bingung karo sing diomongne Mak-e iki Mak" Mur wangsulan karo suwara keprungu rada anyel.

"Pancen ngrembug perkara iki ora bisa nek liwat telepon kok nDhuk, kudu pethuk dhewe adhep-adhepan lam mbutuhne wektu sing mirunggan, mula kuwi aku arep matur Ibuk-mu supaya suk riyaya kowe dikeparengake bali tilik omah".

"Oo, dados bakunipun panjenengan ngengken Mur wangsul benjing riyadin badhe dijak rembagan bab punika wau?" Yang Yem kaget sing semaur dudu Mur maneh nanging malah Majikane.

"Inggih Bu" YangYem banjur wangsulan.

"Upami ngaten pripun?" Bu Kardiman genti takon nari Yang Yem.

"Pripun, kados pundi Bu?" Yang Yem takon.

"Kula estube nggih boten napa-napa Mur wangsul tilik griya, nanging menawi pajenengan kangen lan kepengin ngajak Mur rembagan kanthi aben ajeng, upami panjenengan ingkang tindak Jakarta pripun?" Bu Kardiman nggenahne panarine.

"Pripun nggih Buk?" Yang Yem durung mudheng karo sing dikarepne Bu Kardiman.

"Boten sah nunggu riyadin, sawanci-wanci panjenengan saged tindak Jakarta kepanggih Mur, menawi kersa mangke kangge tumbas tiket kereta napa Bus, kula ingkang madosaken" Bu Kardiman nggenahne karepe "niku kula kinten langkung sae, mengke saupami Nita benjing riyadin panggih panjenengan, panjenengan sampun kagungan jawaban ingkang sampun mateng".

Yang yem, meneng sedhela banjur nyawang Bu Mandhor sing uga melu ngrungokne anggone padha teleponan. Bu Mandhor banjur ngethungne jempole marang Yang Yem, minangka sasmita nek Bu Mandhor luwih mathuk karo eguhe Bu Kardiman.

"Pripun mBok?" bareng rada suwe Yang Yem ora ora semaur Bu Kardiman takon maneh.

"Inggih Bu, kula ndherek, lan matur nuwun awit semanten agenging kawigatosanipun Ibu dhumateng kula lan anak kula pun Mur" Yang Yem semaur nek nyaguhi apa karo sing dikarepake Bu Kardiman.

"Inggih kula nggih matur nuwun" Bu Kardiman wangsulan "mangke kangge tumbas tiket kula transfer dhateng rekening ingkang adate ditransferi Mur nika nggih? dene panjenengan tindake dhateng Jakarta saged sawanci-wanci, ingkang baken saderngipun bidhal ngabari Mur langkung rumiyin, kersanipun gampil anggneipun mapag".

"Inggih Bu matur nuwun".

Ora suwe anggone padha telponan banjur diuwisi. Pipine Yang Yem teles merga luh sing ora kena dibendung mili saka mripate. Bu mandhor sing weruh melu krasa trenyuh, ora sadar mripate melu kekembeng luh. Beda karo Bu Kardiman sing wis rumangsa lega, bisa aweh rerigen marang Makne Mur sing lagi bingung atine. Saking ketungkule teleponan mau, nagnti Bu Kardiman lan Mur ora ngerti yen ana mobil mlebu pekarangane, mobile Sujud sing uga nggawa Bu Narti wis teka, anggone arep sanja.

 

ana candhake.

 

 

 

Senin, 30 Agustus 2021

TEMBANG CEMPLANG 40

 

dening: IMMIR

 

40.

Dina Ahad esuk, Bu Narti wis dandan rapi ngenteni tekane anake kuwalon sing arep ngampiri banjur bareng sanja menyang omahe adhine ipe. Sedhela-sedhela priyayi setengah tua kuwi nyawang jam sing nemplek neng tembok, sedhela-sedhela nglirik jam sing ana lengene. Pancen wektune isih esuk, nanging saka rumangsane Bu Narti lakune pandom jam ora pati cepet kaya padatane. Saben-saben ana suwara mobil sing liwat neng ratan ngarep omahe Bu Narti merlokne ngungak liwat lawang, karo ngarep-arep kuwi mobile Sujud sing teka. Nanging nganti jam pitu sing diarep-arep panggah durung ketok irunge. Bu Narti dadi rada uring-uringan dhewe, nganggep Sujud olehe arep sanja menyang Jakarta kuwi geleme ora-ora. Lagi bareng wektu wis nuduhne jam setengah wolu, Sujud teka sing banjur ngaturne bekti marang Bu Narti kaya adate, salaman klawan ngambung tangane ibune kuwalon sing wis dianggep ibune dhewe kuwi.

"Apa mau ndadak mampir-mampir ta Nang? kok yah mene lagi teka kene ki?" sawise Sujud mapan lungguh neng kursi Bu Narti takon.

"Boten niku Bu?" wangsulane Sujud karo ndelok jam sing dienggo neng tangane sing kiwa "pancen kula bidhal saking griya wau sampun jam pitu kirang seprapat".

"Tiwas Ibu jam nem wis lungguh neng ngarep lawang ngenteni awakmu" Bu Narti numpangi rembug.

"Lha kados pundi? bidhal sak niki napa mangke sekedhap malih?" Sujud banjur nari Ibune kuwalon.

"Ya ndang budhal wae no, mengko-mengko ki ngek arep ngenteni apa maneh?" wangsulane Bu Narti ngajak budhal saiki "iki Bulikmu apa ora wis ngarep-arep tekane awake dhewe?".

"Inggih, mangga menawi makaten" Sujud wangsulan ngajak budhal, karo batine rada ngguyu sikepe ibune sing daya-daya selak kepengin pethuk Bu Kardiman. Sak jane Sujud dhewe ya wis kepengin enggal teka nggone Bulike, ora merga selak kepengin ketemu Bulik utawa Paklike, nanging merga ing atine ana rasa aneh sing ora leren-leren ngranuhi jero dhadhane. Malah mau bengi olehe bisa turu kepara wis rada wengi, ing angen-angene wira-wiri wewayangane Mur klawan solah bawane sing tansah gawe sengsem atine.

"Ibu sakjane arep takon marang awakmu lho Nang" neng jero mobil sing wiwit mlaku neng ratan gedhe Bu Narti wiwit mbukak rembugan.

"Inggih Buk? Ibu badhe mundhut pira punapa?" karo nyetir Sujud genti takon.

"Jan-jane olehe Ibu arep takon kuwi wis rada suwe, pase kae wektu slametane Bapakmu" Bu Narti wangsulan nanging durung njawab sing ditakokne Sujud.

"Lha menawi makaten rak inggih sampun radi dangu? Kok Ibu mendel mawon? boten ndangu-ndangu Sujud?" Sujud melehne ibune kuwalon.

"Iya, amarga Ibu isih rada tidha-tidha, ibu kuwatir gek-gek pitakone Ibu gawe ora senenge atimu?".

"Walah, Ibu punika lho? punapa sadangunipun Sujud dados putrane Ibu punika nate Sujud boten remen kaliyan punapa mingkang Ibu dhawuhaken?" Sujud melehne ibune maneh.

"Jane ya durung tau, nanging embuh bareng arep nakokne bab iki Ibu kok dadi rada mikir-mikir" Bu Narti sing lungguhe jejer karo Sujud kuwi mesem.

"Lha samangke mangga, mumpung wonten kalodhangan, punapa ingkang badhe dipun pundhutaken pirsa dhateng Sujud?"

"Ngene lho Nang" Bu Narti omonge digawe sareh lan ketara ngati-ati "sawise awakmu wiwit ngalih nyang Leuwiliang kae, miturut pamawase Ibu, awakmu kuwi mbutuhake kanca urip sing bisa aweh kawigaten marang awakmu, dadi ana sing kasarane melu ngopeni ragamu. Ngerti sing ibu kersakne?".

"Ibu ngersakaken kula pados semah supados wonten ingkang ngopeni ngaten ta?" Sujud wangsulan karo mesem.

"Bener" Bu Narti nyauti rembug "lha sing arep Ibu takokne, apa awakmu durung mikir arep omah-omah maneh? apa durung ana bocah wedok sing sakirane cocog karo angen-angenmu?".

Sujud suwe ora wangsulan. Wewayangane Mur ngaton maneh neng angen-angene.

"Piye Nang? Kok meneng wae ki?" Bu Narti mbaleni pitakone.

Sujud rada nggragap banjur wangsulan :

"Rumiyin kula rak sampun matur Ibu, menawi kula sampun kepanggih kaliyan ingkang nocogi manah, lan larene ugi purun kaliyan kula, nembe kula badhe ngajak lare wau sowan Ibu supados Ibu pirsani cocog lan botenipun kalih kula miturut pamanggihipun Ibu?"

"Iya, kuwi aku isih eling. Sing tak takokne ki awakmu wis kepethuk sing nocogi atimu apa durung?"

"Inggih, sak jane kula sampun kepanggih kaliyan lare ingkang kula cocogi, namung kemawon dereng kula tarosi purun kaliyan kula punapa boten? lan kula inggih tidha-tidha saupami larenipun purun kalih kula, Ibu saged nampi punapa boten? Inggih jalaran kula kuwatis menawi Ibu boten saged nampi niku ingkang murugaken kula dereng wantun narosi larenipun, mengke kadhung larenipun purun ndelalah Ibu boten remen? rak mesakaken?" Sujud wangsulan ngati-ati banget .

"Nek ngono padha karo sing dirasakne Ibu" Bu Narti mesem, batine nggagas dikarepne Sujud mesthi Mur. Bu Narti banjur kelingan yen nate omong marang Sujud yen sakjane wis nemokne bocah wedok sing arep dijodhokne karo Sujud, nanging wektu kuwi dening Bu Kardiman isih dipenging, kanthi pawadan strata sosial sing njomplang antarane Sujud karo bocah kuwi. Bu Narti ya isih kelingan nek Sujud ya wis mratelakne yen bedane ing pendidikan ora dadi prinsip tumrape Sujud.

"Sami kados pundi Buk?" Sujud takon.

"Wis saiki Ibu arep terus terang" Bu Narti mangsuli teges "blaka wae, jane Ibu kuwi kepengin njodhokne awakmu karo rewange Bulikmu sing jeneng Mur kae, nek awakmu ora gelem ya ora apa-apa, nanging nek awakmu gelem, ndang matura Ibu, perlune Ibu banjur omong marang Bulikmu ben nari Nak Mur. Piye?".

Sujud mesem, dhadhane krasa longgar banget. Katon ana kembang sing mekar ngrenggani sajroning dhadhane.

"Inggih Buk" Sujud kandha karo suwara sing cetha "mila ingkang kula aturaken Ibu pancen Dhik Mur niku kok. Kula remen menawi Ibu mangke ndhawuhi Bulik supados nangkleti Dhik Mur bab purun punapa botenipun menawi kula ajak gesang sesarengan".

Padha karo Sujud, Bu Narti dadi luwih seneng atine. Bu Narti wis manteb olehe percaya karo petung nalare, yen Mur kuwi cocog yen dadi bojone Sujud. Ora ana tembung salah siji sing diuntungake, nanging loro-lorone bakal luwih apik dadine yen loro-lorone klakon nyawiji urip salakirabi.

"Ya yen mangkono, mengko melu rungokna Ibu tak kandha marang Bulikmu, sokur yen awakmu bisa luwih mantebne rembug, dadi Bulikmu ora tidha-tidha maneh olehe nakoni Nak Mur" wangsulane Bu Narti wekasane.

Yen karo mlaku Bu Narti rembugan karo Sujud bab olehe arep ngarah Mur, sing neng Kedunggalar Yang Yem saka eguh pratikel lan rerigene Bu Mandhor dina kuwi wis niyat arep nelpon anake wedok sing neng Jakarta. Pancen nadyan Nita kuwi anak kuwalon sing wis dianggep anake dhewe, nanging Bu Mandhor ora nyarujuki karepe Nita sing duwe niyat arep ndadekne Mur dadi bojo siri-ne wong Pengusaha sugih sing kabeneran isih adhine Bosse Nita.

"Saiki ngene wae Yem" Bu Mandhor ngandhani Mak Yem "iki mumpung dinane Minggu, anakmu telponen nganggo hape ku. Omongana karo sing diomongne Nita marang awakmu. Nek bisa anakmu kandhanana pisan, aja sulap karo gebyaring bandha, aja gampang gumun karo kumrincinging ringgit. Lakonku, lakonmu, lakone sawargi Mak Jah bisa kok critakne marang Mur. Urip iki mung sedhela, bandha donya kuwi durung mesthi ndadekne wong dadi mulya, malah kurang-kurang bejane kedanan bandha bisa ndadekne manungsa dadi wong sing cilaka lan urip sengsara".

"Nggih Bu, mengke Mur kula kandhanane" wangsulane Yang Yem. Bu Mandhor banjur ngadeg njupuk hapene.

 

 

ana candhake.

 

TEMBANG CEMPLANG 39

 

dening: IMMIR

 

39.

Karo nyerbeti lan manasi mobil pikirane Andhik nglambrang tekan ngendi-endi. Eling wong tuwane sing ana desa, kelingan desane sing asri lan durung pati mambu polusi, kelingan kanca-kancane guyon lan dolanan sing saiki bisane omong-omongan mung liwat hape kanthi wektu sing winates. Andhik banjur unjal ambegan landhung, dumadakan rasa kangen kuwi ngrenggani sajroning dhadha. Iya, pancen wis meh rong tahun Andhik ora bali tilik omah, dhek riyaya niyat ora bali merga kepengin ngerteni rasane badan ana paran. Dhek riyaya kepungkur pancen ya ana siji loro kancane sing padha-padha urip ngumbara neng Jakarta, sambang menyang mes panginepane, nanging rasane beda adoh karo riyayan neng desane. Mau lagi wae Andhik krungu olehe omong-omongan antarane Mur karo mBok Ti sing ngrembug anggone Mur arep tilik omah ngepasi suk riyaya, sing kari kurang ora ana rong sasi iki. Andhik mesem dhewe neng atine ana gagasan sing sajake apik upama bisa dicakne.

Olehe ngresiki lam manasi Mobil wis rampung, Andhik banjur metu saka garasi, karo nunggu dhawuh saka juragan Andhik arep lungguhan  neng Gerdhu Satpam, ngancani Singgih.

"Ora ana acara metu ta Bro?" lagi wae Andhik mapan linggih neng dhingklik ngarep gerdhu wis dipapag pitakonan  dening jaga.

"Embuh, durung ana dhawuh kok" wangsulane Andhik karo ngetokne hapene saka sak "upama metu paling ya sedhela maneh, wong saiki gaweyane Bosse akeh sing cukup diliwatne Hape".

"Lha iya, wong aweyan kari aba lan prentah anak buwah wae" Singgih nyauri omongane Andhik "beda nek karo Boss lanang, kabeh gaweyan kudu liwat kantor, dadi saben dina ya kudu ngantor".

"Iya" Andhik nyauti rembug "eh, omong-omong liyane Mas. Suk riyaya kuwi sampean ana rencana tilik ndesa pa gak?".

Singgih meneng sedhela, banjur wangsulane :

"Jane ya ana gagasan kanggo bali, nanging embuh mengko, sida bali apa ora".

"Lha piye ta?" Andhik takon.

"Bali nyang desa kuwi mbutuhne sangu lho Bro" Singgih wangsulan "masiya neng kene awake dhewe ki buruh sing blas ora kajen, nanging nek pas bali teka ndesa kana ngana kae, wong-wong ki nganggep awake dhewe kuwi Boss, dikra dhuwite akeh, dikira nek nglumpukne dhuwit neng Jakarta kuwi gampang. Ya pa ra?. Gek keri-keri iki dhuwitku sing tak kirim mulih kanggo mbantu sekolahe adhikku ya lumayan akeh, dadi sing neng simpenan kari ora sepiroa akehe".

Andhi meneng krungu wangsulane Singgih ngono kuwi, pancen Andhik ya weruh nek Singgih kuwi duwe adhik sing isih sekolah, lan kanggo nyuda rekasane wong tuwane sing mung dadi Tukang Batu, Singgih kudu gelem aweh bebantu kanthi ngirimi adhine dhuwit. Andhik ya ngerti, wong neng ndesane kuwi ya meh padha karo sing diomongne Singgih, wong sing teka saka kutha kuwi dikira dhuwite akeh, merga wong sing saka Kutha adate ya ana rasa isin nek diarani olehe nyambut gawe neng kutha asile padha wae karo nyambut gawe neng ndesa, dadi upama pethuk kanca lan kenalan kudu bisa nuduhne nek olehe nyambut gawe wis kasil, kanrhi cara yen pethuk kanca kudu duwe rokok gilig sing regane muni, serep-serep. Upama metu kudu siap dadi Boss, nraktir jajan marang kanca-kancane.

"Lha sampean apa duwe rencana yen arep tilik omah?" genti Singgih sing nakoni Andhik.

"Sirku ya ngono, wong dhek riyaya kae aku ora tilik omah, dadi kangen rasane karo bocah-bocah kanca dolan jaman semana" wangsulane Andhik .

"Aku jane ya ana rasa kapang ngono kuwi, nanging embuh mengko. Sapa ngerti kajaba THR karo Bosse ditambahi hadiah liyane" Singgih ngegongi wangsulane Andhik.

"Aku duwe rencana ngene lho Mas" Andhik omong maneh "sirku ben ora suk-sukan golek antri tiket bus utawa Kereta, tak pikir luwih kepenak ngrental mobil wae saka kene".

"Lha kuwi ya sansaya akeh wragate? Isih mbayar sewan mobil, nukokne bensin barang" Singgih nyaut .

"Ngene no, upama lho iki, aku sampean, Mas Marsana karo Om Sadi kuwi rak sak jurusan? Mengko sewan mobil karo bensine  ditanggung bareng-bareng, lha sopire cukup aku dadi ora mbutuhne mbayar sopir. Piye upama ngono?".

"Waah, kuwi ketoke ya mathuk Bro" Singgih wangsulan "kari wong-wong liyane piye?"

"Durung tak takoni" wangsulane Andhik "kira-kira ya padha mathuk mesthine, malah nek kepener bisa-bisa Mur ya gelem kok nek dijak bareng pisan".

"Apa? Lha Mur apa ya arep tilik omah?" Singgih takon karo suwara sing rada dhuwur.

"Kira-kira ngono, aku mau lagi wae krungu, Mur rasan-rasan karo mBok Ti jare simboke sing neng ndesa wis kangen, merga wis telung riyaya Mur ora  bali" Andhik wangsulan karo suwara sing sareh wae.

"O ngono?"

"Iya, malah  nek Mur gelem bareng awake dhewe, aku saguh nanggung bageyan sean mobil karo bensine Mur" Andhik nutugne omonge.

"Waaa, nek kuwi aku sing ora setuju, tak kira Mas Marsana ya ora mathuk" Singgih wangsulan.

"Iki ora nambah tanggunganne wong-wong Mas, Mur ya mbayar nanging sing nanggung aku, ora nganggo dhuwite sapa-sapa" Andhik nggenahne karepe.

"Iya, aku wis ngerti kuwi" Singgih nyauti rembug "nanging kuwi padha karo sampean nggunakne kesempatan jroning kesempitan, malah keneng diarani sampean ngajak bersaing sing ora sehat".

"Bener kuwi Mas Singgih" dumadakan Sadirun sing lagi wae nusul lungguhan neng dhingklik kuwi melu omong "nek pancen arep mbantu Mur, ya ayo dibantu bareng-bareng, Mur ben melu rombongan nanging ora dikongkon urun apa-apa. Kuwi jareku sing paling mathuk".

Andhik karo Singgih bebarengan noleh menyang pernahe Sadirun. Banjur Andhik sing rumangsa panemune ora disetujoni wong loro kuwi, banjur semaur karo mesem :

"Tak kira ngono ya luwih becik, aku ya malah kebeneran, ora akeh-akeh olehku ngetokne dhuwit".

Muni ngono kuwi Andhik karo mikir, wong mengkone sing nyekel setire mobil kuwi dheweke, dadi bisa wae olehe arep narik kawigatene Mur ben ngerti yen dheweke kuwi aong lanang sing bregas, mengko pas riyaya bisa wae dheweke dolan menyang omahe Mur banjur ngajak metu karo nggawa mobil rentalane. Mur mesthi bakal kebukak atine gelem migatekake marang dheweke sing temen-temen tresna marang Mur.

"Lha Mur wis ditari apa durung? gelem apa ora?" Singgih takon.

"Durung, wong gagasan arep ngrental mobil ki ya lagi esuk iki mau kok" Andhik mangsuli pitakone Singgih.

"Lha kuwi?" Sadirun nyuwara rada njengek.

"Lha kuwi piye Om?" Singgih takon.

"Nek ndelok watak, wantu, lagak lagon lan lageyane, kira-kira Mur kae kok ora gelem ta upama ora dikongkon melu nyangga wragat nyewa mobil sak bensine kuwi" Sadirun semaur nggenahne panemune.

"Malah bisa-bisa Mur ora sida bali, tilik ndesa" Singgih genti ngimbuhi.

"Bisa uga mangkono" Sadirun nambahi rembug "merga Mur ki wis bola-bali omong nek bocah kae ki ora arep mikir golek seneng dhisik, sing baku dheweke ki arep nyambut gawe luwih dhisik, nglumpukne dhuwik, perkara seneng kuwi gampang janjine dhuwite wis akeh".

Andhik meneng ora semaur, panemune Sadirun kuwi ya klebu nalar yen digathukne karo sipate Mur  sing wis kulina dingerteni saben dinane.

 

ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...