dening: IMMIR
48.
Kaya
gudel ucul saka cancangan mapag tekane babone sing lagi bubar kanggo mluku, Bu
Kardiman marani Yung Yem dirangkul kenceng, karo diambungi, karo mripate
mbanjir luh saka tangis kang ora kawetu suwarane. Yang Yem dhewe ora bisa
apa-apa kajaba ngimbangi ngrangkul Bu Kardiman uga karo mbrebes mili. Mur sing
ora ngerti alang-ujure perkara, plenggang-plenggong ora dhong, mung bisa
nyawang ora bisa ngucap apa-apa. Bu Kardiman banjur nuntun Yang Yem digawa
mlebu ruang keluarga banjur dilungguhne neng kursi dawa, Bu Kardiman uga banjur
lungguh njejeri Yang Yem karo isih luh sing dleweran nelesi pipine. Mur
nyelehne gawane, banjur nututi mlebu lungguh neng ngisor sacedhake simboke.
"Kupingku
ora bisa diapusi" kandhane Bu Kardiman bareng wis sauntara meneng
"wiwit wingenane kae, aku wis ngerti nek sing duwe suwara kuwi genah Bu
Daryana, mung wae aku durung percaya yen durung weruh wonge. Pranyata bener,
kupingku isih apik pangrungune. Bu Daryana, kenging punapa kala wingi boten
blaka kaliyan kula?".
"Nuwun
sewu" Yang Yem semaur klawan suwara sing sajak isih tidha-tidha
"punapa panjenengan Dhik Sri Subekti pulunanipun Bu RT nika?".
"Leres
Bu, kula Bekti ingkang sampun utang nyawa dhateng Panjenengan jaman
semanten" wangsulane Bu Kardiman "Bu Daryana dhateng pundi kemawon
sadangunipun punika? Let setahun sasampunipun kula dipun boyong Bapakne
lare-lare rumiyin, kula nate tilik dhusun, niliki Pakdhe lan Budhe, nanging
dugi dhusun dipun criyosi Budhe menawi Pak Dar sampun seda, Bu Dar sampun
kagungan putra, nanging lajeng jengkar nilar Watuleter boten kantenan
purugipun".
Pak
Kardiman metu saka kamar, niyate arep budhal menyang kantore, bareng weruh
bojone lagi jagongan karo Yang Yem sing ditunggoni Mur, Pak Kardiman dadi rada
kaget.
"Nuwun
sewu punika rak Bu Daryana ta?" Pak Kardiman mara karo ngethungne tangan
ngajak salaman.
"Iya
Pa" Sing nyauri malah Bu Kardiman "babar pisan ora ngira, jebul Mur
iki putrane Bu Daryana, sing lahir neng Watuleter nggone Pakdhe Slamet sing tak
dhereki biyen".
"Iya,
iya" pak Kardiman wangsulan karo ngeculne tangane saka salamane Yang Yem,
banjur kandha marang Yang Yem "kula dangu pados sisik melik dhateng
Sragen, ugi dhateng Sala madosi Panjenengan lho Bu, nanging gagar wigar tanpa
angsal damel. Estunipun Bu Daryana sakniki lenggahipun dhateng pundi?".
"Kula
dhateng Kedunggalar, dhusunipun Kedhungmileng Dhik" Yang Yem wangsulan.
"Kedhungmileng,
Kedunggalar niku tumut Kabupaten pundi Bu?" Pak Kardiman takon maneh.
"Tumut
Ngawi Dhik, dados sampun mlebet Jawi wetan" wangsulane Yang Yem aweh
katrangan.
"Inggih,
inggih Jawi wetan ingkang kilen piyambak" Pak Kardiman manthuk-manthuk.
Mur
sing krungu lan meruhi anggone jagongan simbok-e karo Majikane lanang wedok
dadi sansaya bingung lan gumun. Kok Bu Kardiman karo Pak Kardiman nganggo basa
krama sing alus marang Mak-e? Kok olehe nyebut jenenge Mak-e ora Yang Yem,
nanging Bu Daryana? Apa Daryana kuwi jenenge Bapake? Kok Mak-e mau ngundang
bendarane kanthi sebutan Dhik? lan isih akeh maneh pitakon sing Mur ora ngerti
wangsulane. Mur mung bisa plompang-plompong kaya sapi ompong.
"Mur"
dumadakan Bu Kardiman ngundang jenenge.
"Inggih
Buk-e?" gragapan Mur wangsulan.
"Saiki,
tas karo sing diasta Mak-mu, eh Ibumu
lebokna Kamar Tamu sisihe kamar sing diagem Budhe Narti kae. Ibumu
dherekna mrana, nek ngersakne siram lan leren dhisik" Bu Kardiman aweh
prentah marang Mur sing diterusne kandha marang Yang Yem "Bu Dar, samangke
mangga kagem siram rumiyin lan kendel sakedhap, mangke dipun sambet malih
anggenipun awake piyambak kangen-kangenan".
"Inggih
Dhik, eh Bu" Yang Yem wangsulan alon.
"Sampun
ngewah-ewahi adat ta Bu, kalih kula nggih boten sisah mawi basa, kados rumiyin
nika lho?" Bu Kardiman nyauti tembunge Yang Yem sing ngowahi pangundange
saka Dhik arep diganti Bu. Banjur kandhane maneh marang Mur :
"Mur,
mengko gaweyan liyane ben ditandangi mBok Ti, awakmu tak dhawuhi ngancani Ibumu
nek Ibumu ngersakne apa-apa sing ladenana sing becik, awakmu kudu bekti karo
wong tuwa".
Sadurunge
Yang Yem mangsuli kandhane bojone, Pak Kardiman ngadeg karo pamitan :
"Nyuwun
pangapunten Bu Dar, niki kula tilar rumiyin, badhe glidhig. Bu Dar sampun
daya-daya kondur, kondur benjang menawi sampun sewulan napa kalih wulan dhateng
mriki".
Sawuse
Yang Yem mlebu kamar dikancani Mur, Pak Kardiman budhal menyang kantor, Bu
Kardiman banjur nggoleki mBok Ti sing lagi kelut-kelut neng cedhak garasi.
"mBok
tulung mengko gaweyane Mur sampenen pisan, banjur esuk iki olaha sarapan sing
enak, sarapan cara desa wae, sega pecel karo ayam goreng, gajege kajaba njahit
Bu Kristin ngarepan kuwi ya nyambi dodol sambel pecel Madiun ta? Ayame bisa kok
pesenke nggone Warung SERBA AYAM KAMPUNG ngiras kowe golek sayuran neng
prapatan kulon kae" Bu Kardiman aweh prentah marang mBok Ti sing durung
pati mudheng karo kedadeyan sawuse Mur karo Mak-e teka saka Stasiun esuk iki
mau.
"Inggih
Buk-e" mBok Ti wangsulan cekak.
"Mengko
wae tak critani, jebul aku wis dosa gedhe marang Mur lan Mak-e, ya saka ora
ngertiku sapa satemene Murjiyati kuwi" kandhane Bu Kardiman maneh.
"Inggih
Buk-e" mBok Ti mung bisa wangsulan cekak karo ngrampungne nggone
kelut-kelut.
Sauntara
kuwi, Yang Yem wis rampung olehe adus lan reresik awak. Rasane dadi seger
sawuse sewengi utuh lungguh neng kursi kayu neng gerbonge Sepur Tatarmaja. Neng
meja kamar sing dienggoni wis cemawis kopi panas sing dicepakne Mur pas Yang
Yem adus mau. Gandheng ora kulina, nadyan neng kamar kono wis cemawis meja lan
kursi, Yang Yem malah milih lungguh neng jogan sing digelari karpet babud karo
nylonjorne sikil.
"Kok
lungguh neng ngisor ta Mak?" Mur nakoni Mak-e karo mapan lungguh neng
ngarepe "Kopine tak dhukne ya?".
"Ora
sah nDhuk, mengko wae tak ombene nek wis adhem" wangsulane Yang Yem
"wong neng omah Mak-e ora kulina ngombe kopi kok. Oh, iya neng kerdhus
kuwi Mak-e nggawa jadah ketan ireng, karo wajik sing nggawani Bu Mandhor ngge
oleh-oleh kowe, ya nek anu didumne kanca-kancane kana ta, arep tak aturne Dhik
Bekti, Mak-e ora wani, wong kuwi panganane wong ndesa".
"Dhik
Bekti ki sapa Mak? Nek Ibuk-e ki seneng banget lho karo sing jenenge Jadah apa
wajik ngene iki" Mur mbukaki isine kerdhus.
"Asmane
Ibukmu kuwi sing asli rak Sri Subekti? Ya sokur ta nek Ibukmu mengko
kersa".
"Iya,
tak gawane neng pawon dhisik ya Mak? tak irisane neng kana, Mak-e neng kene wae
dhisik ya?" Mur arep ngangkat gawane Mak-e kuwi menyang pawon.
Durung
nganti Yang Yem wangsulan, dumadakan lawang kamar dithothok saka njaba. Mur
ngadeg, mbukak lawang arep ndelok sapa sing teka.
"Oh,
Ibu? Mangga Bu pinarak nglebet" kandhane Mur, jebul sing nothok lawang
kuwi mau Bu Narti sing wingenane ngongkon Mur supaya yen ngundang ora Budhe
nanging Ibu.
"Iya
Nak Mur, Ibu kepengin sowan Ibuk-e Nak Mur ngiras tepungan" wangsulane Bu
Narti karo mesem. Mur bener-bener sansaya gumun, ingatase Bu Narti kok olehe
muni "arep sowan" marang Mak-e sing mung babune Bu Mandhor sing omahe
mung mondhok neng lemahe Desa.
"Inggih
Bu mangga" Mur nisih aweh dalan marang Bu Narti, banjur oomong marang
Mak-e "Mak, iki lho Ibu sing daleme Gunung Putri, mBakyune Ibuk-e".
"Mangga-mangga
Bu pinarak nglebet mriki" Yang Yem, ngadeg mapagne Bu Narti sing isih
ngadeg ana ngarep lawang.
ana
candhake