dening: IMMIR
49.
Bu
Narti karo Yang Yem banjur padha salaman, rerangkulan. Tumuli padha mlebu kamar
mapan lungguh neng kursi sing ana kono. Mur pamitan arep menyang Pawon, arep
ngupakara oleh-olehe Mak-e sing digawa saka ndesa, Jadah karo Wajik. Teka pawon
Mur nggoleki peso sing kulinane dienggo ngirisi lan motong roti, jadah tetelan
telung beruk kuwi banjur diirisi cilik-cilik, diwadhahi piring . Lagi kalong
saprotelon jebul wis oleh pirang-pirang piring. Turahane diungkus maneh banjur
dilebokne kerdhus. Genti nyandhak wajik, diirisi lan ditata neng piring maneh.
Karo nyambut gawe Mur ngetung-etung kancane, supaya ora ana sing kliwatan nampa
oleh-oleh saka ndesa kuwi. Sing kanggo Pak lan Bu Kardiman uga wis disisihne
dhewe. Miturut etungane Mur, sawise jadah lan wajik klethik kuwi diirisi, isih
turah rada akeh, Mur mikir bisa nggawani Bu Narti, kanggo oleh-oleh Kanthi,
rewange sing ditinggal neng Gunung Putri.
"Lha
awakmu ki kok neng kene ta Mur? Mau Ibuk-e wis dhawuh dina iki kabeh gaweyanmu
dadi tanggung jawabku merga awakmu jare didhawuhi ngancani Bu Daryana. Bu
Daryana ki sapa ta Mur?" dumadakan mBok Ti karo nggawa sayuran teka banjur
nakoni Mur.
"Aku
dhewe ki malah dadi bingung mBok" wangsulane Mur "wiwit bali saka
stasiun mau ki rumangsaku ana kedadeyan sing sarwa ora tinemu ing nalar".
"Ora
tinemu nalar piye ta?" mBok Ti nguber takon.
"Pas
aku karo Mak-ku mlebu omah mau, tekan mburi garasi kono kuwi rak kepethuk
Ibuk-e? Jebul Ibuk-e ki wis ngerti karo Mak-ku, Mak-ku terus dirangkul
diambungi karo ditangisi barang, Sampean ngerti? Ibuk-e kuwi lho karo Mak-ku
basa mlipis ngana kae, banjur Bapak ya ngono, ngerti nek Mak-ku dijak lungguh
neng kursi tengah kono kuwi karo Ibuk-e, Bapak ya terus mara nyalami Mak-ku,
mbagekne basane ya mlipis banget. Gek Mak-ku ki nek ngaturi Bapak karo Ibuk-e
ki Dhik, pas arep diganti nganggo Ibu, Ibuk-e menging, malah Mak-ku ki ora oleh
basa pisan. Mumet gak upama sampean dadi aku? Ibuk-e karo Bapak ki nek nyeluk
Mak-ku, Bu Daryana. mBok menawa wae jenenge Bapakku ki Daryana kuwi. Sampean
ngerti durung asma asline Ibuk-e?" Mur kojah akeh-akeh mangsuli pitakone
mBok Ti dipungkasi karo pitakonan.
"Durung,
ngertiku ya Bu Kardiman, ngono wae" wangsulane mBok Ti bares.
"Ibuk-e
kuwi asmane sing asli Sri Subekti" Mur omong karo ngguyu "iki mau aku
dikongkon Bu Daryana ngiris jadah karo wajik oleh-oleh saka ndesa, kagem
Ibuk-e, Bapak, Ibu Gunung Putri, Mas Sujud karo kanca-kanca kabeh".
"Nek
turah Bu Kristin bageyana ta Mur" mBok Ti ngusulne kancane blanja saben
dina "ben melu ngrasakne oleh-olehe Mak-mu".
"Iya
isih ana kok, tak seleh neng jero Kerdhus iki, karepku sing salok ben diasta
Ibu Gunung Putri ngge oleh-oleh mBak Kanthi, rewange kae, lha mengko Bu Kristin
sampean irisne dhewe ya? aku tak ngancani Mak-ku dhisik sing saiki lagi
jagongan karo Ibu Gunung Putri".
"Iya,
matur nuwun lho Mur" wangsulane mBok Ti.
Mur
banjur ngalih arep menyang kamare Mak-e, karo nggawa piring loro sing siji isi
jadah sing sijine maneh isi wajik.
Sauntara
Mur lagi omong-omongan karo mBok Ti mau, neng kamar Yang Yem uga lagi jagongan
gayeng karo Bu Narti.
"Dados
kula niki taksih kapernah mBakyu Ipe menawi kaliyan Dhik Bekti niku, Jeng"
pas Mur teka ngarep lawang kamar Bu Narti nepungne awake marang Yang Yem.
"Inggih
Buk" Yang Yem wangsulan alus "menawi nimbali kula boten usah mawi
Jeng ta Buk, kula niki tiyang dhusun nami kula Yang Yem, utawi Biyange Yem, Yem
punika nami julukanipun Mur rikala taksih alit lan saderengipun ndherek Dhik
Bekti dhateng Jakarta niki".
"Walah
sami kemawon Jeng" Bu Narti wangsulan karo mesem ramah banget "kula
niki asline nggih tiyang dhusun, pindhah dhateng Kitha niku rak amargi ngetutne
Bapakne lare-lare merdamel dhateng Bogor niku, lha Dhik Bekti niku rumiyin
nggih lare dhusun, dhusun Watuleter mrika, lajeng dipek Dhik Kardiman
kancanipun sekolah Bapakne lare-lare niku".
"Inggih
Buk" Yang Yem mung wangsulan cekak.
"Lha
nami Yang Yem niku rak nggih namung julukan ta Jeng? asmanipun asli sinten?
menawi kula Narti, Sunarti lajeng wonten ingkang nimbali Bu Sakun, awit
bapakipun niku asmane Sakun".
"Inggih
Buk" Yang Yem meneng sedhela mikir-mikir, arep ngaku jeneng Srinthil kaya
sing dienggo sasuwene dadi wong Kedunggalar iki, apa nganggo jeneng pawehe wong
tuwane, wasana timbang mengko dadi ora kepenak karo Bu Kardiman, Yung Yem
banjur ngaku "nami anggenipun maringi tiyang sepuh kula, Srimurni lajeng
sareng dipun semah kaliyan Bapakipun Mur, nami kula dados Bu Daryana, sareng
sampun ngalih dhateng Kedunggalar nami kula Srinthil, julukanipun Yang
Yem".
"Nuwun
sewu Ibu" Mur mlebu karo ngladekne piring loro menyang ngarepe Bu Narti.
"Lha
iki apa ta Nak Mur?" Bu Narti takon.
"Jajanipun
Mak-e, saking ndhusun Ibu" wangsulane Mur alus "Jadah ketos cemeng
kaliyan wajik klethik".
"Waa,
nek iki panganan klangenanku, wis suwe aku ora weruh rasane Jadah tetel ketan
ireng, luwih-luwih wajik klethik" Bu Narti mangsuli karo ngguyu seneng
"nek ngono mesisan, unjukane Ibu neng kamar jupukna ben Ibu mengko ora
sereten".
"Inggih"
Mur
ngalih arep njupukne unjukane Bu Narti neng kamare.
"Panjenengan
niku kok nggih taksih kober ngasta Jadah karo Wajik barang lho Jeng? menawi
kula sakniki sampun awang-awangen ndamele" Bu Narti kandha marang Yang
Yem.
"Lha
saged kula inggih namung damel tetedhan modhel dhusun ngaten punika, badhe
damel roti punapa kuweh sanesipun inggih boten saged" wangsulane Yang Yem
karo mesem.
Mur
mlebu karo nggawa kopi unjukane Bu Narti, diselehne neng meja pas ngarep Bu
Narti.
"punika
Ibu" kandhane Mur masrahne kopi mau.
"Lhaa,
nek ngene iki dadi enak tenan, ngobene kopi pacutane jadah ketan ireng"
kandhane Bu Narti sing banjur ngacarani sing nyuguh "mangga Jeng, diunjuk
kalih didhahar, kula selak kemecer kaliyan suguhane Nak Mur".
"Inggih
Mangga Bu" Yang Yem mangsuli karo nyandhak cangkir kopine.
"Jadahe
empuk" Bu Narti kandha "ketawis klapanipun sepuh tur kathah,
tetelanipun mateng saestu, netelipun ngangge punapa niki Jeng?".
"Inggih
mawi papah klapa gadhing ingkang sampun radi alum Bu" wangsulane Yang yem
sing uga banjur nyruput kopine.
"Nuwun
sewu inggih Ibu" dumadakan Mur nyela rembug "kasekecakna anggenipun
lelenggahan kaliyan Mak-e kula, Mur badhe dhateng pawon rumiyin, ngrencangi
mBok Ti".
"Iya,
iya kana tinggalen, Ibu tak ngobrol karo Ibumu dhisik".
Mur
mlaku metu arep menyang pawon nusul mBok Ti, pas tekan mburi garasi kepethuk
karo Andhik, sing terus takon :
"Lho
Mur, jarene kowe mau mapag Makmu? lha Makmu saiki neng ngendi? kok ora enek
ketok ki?".
"Iya
Mas, mau sidane diterne Mas Sujud, saiki Makku lagi jagongan karo Ibu Gunung
Putri neng kamare kae. Arep tepungan pa piye Mas? mengko tak omongne
Mak-e". wangsulane Mur karo mesem.
Andhi
dadi sansaya gumun, jebul dening Bu Kardiman Mak-e Mur sing jare mung wong
ndesa tur mung dadi babu kuwi dipapanke neng kamare tamu sing mewah. Pikirane
Andhik dadi ora teka yen arep mikirne.
"ya
mengko wae nek wis longgar, nek Mak-mu ngepasi metu, tak kenalan dhewe"
wekasane Andhik aweh wangsulan, suwarane keprungu lempeng-lempeng wae.
ana
candhake.