Total Tayangan Halaman

Selasa, 05 Oktober 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 63

 


63.

Darim sampun manjing salebeting Alam Sipatollah, nenggih alaming tilem utawi alaming pangimpen saraganipun pisan. Ing mriku Darim nglebeti satunggaling gubug alit ingkang mapan ing sapinggiring lepen. Jebul ing salebeting niku sampun wonten tiyang ingkang nembe linggihan ing lincak, tiyang jaler ingkang umur-umuranipun ketingal sampun radi sepuh. Ngagem seruwal cemeng rasukan cemeng, boten nganggte jarik lan ugi boten udheng-udhengan. Rambutipun ingkang panjang dipun gelung manginggil, sedaya sampun warni pethak.

"Kene Ki, linggih kene" tiyang jaler punika mbagekaken duginipun Darim "nek arep rerembugan perkara bumi babadan ndika iki pancen luwih kepenak nek neng kene iki, ora ana sing ngrusuhi".

Darim inggih lajeng mapan linggih ing saceketing tiyang wau, mripatipun boten kedhep tansah ngulati tiyang ingkang derengt dipun tepangi niku.

"Aja kaya wong sing durung tau klambrangan neng Alam Sipatollah ngono kuwi, Ki Darim" tiyang niku wicanten malih "aku sing ngajak ndika mrene mau lho. Jenengku Pragosawulung, sing biyen prajurit playon saka Blambangan, merga kleru laku banjur salin rupa dadi wujud Budheng kaya sing ndika weruhi mau".

Darim kemutan Budheng Cemeng ingkang wau linggihan ing pang Mertega. Mila sareng tiyang wau nepangaken dhirinipun, Darim inggih lajeng mangertos.Lan kepengin nedhi katrangan dhateng Ki Pragosawulung babagan kawontenan ing Kedhungtuwung ingkang sampun benten tebih kaliyan jaman saderengipun katilar rumiyin.

"Gajege ndika rak wis diparingi weruh karo Sang Hyang Ijo ta Ki Darim?" Ki Pragosawulung taken, sareng Darim dangu boten wicanten punapa-punapa.

"Diparingi weruh ing babagan apa Ki Pragosawulung?" Darim nembe nyuwanten nangkletaken ingkang dipun kajengaken dening kancanipun rembagan.

"Murih ora kaget lan ora gumun yen sumurup Kedhungtuwung wis beda adoh karo jaman sadurunge ndika tinggal ngumbara?" Ki Pragosawulung nggenahaken pitakenipun.

"Mula bener Ki" wangsulanipun Darim ngleresaken pitakenipun Pragosawulung "Bagindha Kilir pancen wis meling mangkono marang aku".

"Yen wis oleh sasmita saka Hyang Ijo, Yagene ndika isih katon clilang-clileng kaya wong sing lagi bingung? Teka ndika ing papan tilas babadan ndika iki duwe kersa arep mbaleni pagaweyan lawas, mbanjurne dhawuh timbalane Kanjeng Sultan Trenggana biyen apa arep nindakne dhawuh pungkasan sing ndika tamapa saka Bagindha Kilir?" .

Dipun tlemak kaliyan pitaken ingkang makaten kala wau, Darim lajeng unjal ambegan radi landhung. Emut bilih nate kesandhung ing warata kabentus ing tawang tuwung, ingkang lajeng kasandhangan dosa ingkang kedah katebus mawi patobatan.

"Satemene wis gilig tekadku Ki Pragosawulung" Darim wicanten mangsuli panlemakipun Ki Pragosawulung "aku bakal nindakne dhawuhe Kanjeng Bagindha Kilir, nanging aku mbutuhne papan kanggo tak panggoni sajrone aku nindakne laku patobatan iki, mula aku banjur nggoleki omahku sing biyen, uga langgar sing tau tak degne, nanging jebul kahanane wis dadi kaya mangkene, mula jeneng ora aneh yen aku kudu mikir-mikir piye carane kanggo miwiti laku nindakne dhawuhe Bagindha Kilir sing tak tampa mau".

Ki Pragosawulung gumujeng nggleges mireng wicantenipun Darim ingkang makaten kalawau. Sareng sampun sawatawis wekdal lajeng wicanten malih :

"Lelakon sing ndika alami iki ora adoh bedane lelakon sing tak alami jaman semana Ki Darim, biyen papan kene iki adoh sadurunge ndika teka kene, papan kene iki tau ana padhukuhan cilik sing tak wangun karo kanca-kancaku sing keplayu sawuse Gusti Bre Wirabumi gugur ing madyaning perang Paregreg. Nanging nalika padhukuhan iki tak tinggal ngendhangi Blambangan, ana kedadeyan sing ora tak weruhi sing ndadekne padhukuhan sing tak pasrahne kanca-kancaku nalika samana dadi bubrah lan dipanggoni wong liya sing durung tau tak tepungi. Kang mangkono iku iya awit saka luputku dhewe, jalaran nalika aku endhang menyang Blambangan aku kesandhung oyot mimang ing dalan temah ngambah dalan sing sasar kepilut kepengin duwe umur sing dawa, sing jebul wekasane malah aku salah daden dadi wujud Budheng kaya sing ndika sawang mau. Nalika aku bali tekan kene, wong neneka sing ngrebut padhukuhan babadanku saka kanca-kancaku sarana numpes kabeh kancaku kuwi padha olehe kepengin luwih kuwasa, mula banjur dadi perang karo kancane dhewe sing wekasan kabeh ora ana sing ngukub asile. Awit padha olehe sampyuh rebutan barang sing tenane dudu duweke. Banjur papan kene iki bali mbalik kaya jaman sadurunge tak babad. Maune aku kepengin ndandani padhukuhan sing wis rusak iku, nanging gandheng aku wis luwih krasan mapan ing Alam Antara ya alam Sipatollah kanggo nglakoni laku patobatan, mula tak pikir ora ana gunane aku ndandani padhukuhan yasanku kuwi. Mula nalika nDika tekan kene banjur karawuhan Bagindha Kilir jaman semana, aku ya banjur rumangsa seneng. Luwih-luwih bareng papan kene dadi sansaya reja merga tekane wong-wong Gunung Bancak kae sing banjur disusul wong-wong liyane. Nanging senenging atiku kuwi dadi owah bareng ana kedadeyan sing meh padha karo kedadeyan ing Kedhungtuwung jamanku biyen".

Anggenipun Darim mirengaken cariyosipun Ki Pragosawulung sakalangkung ing estunipun. Temah sakecap boten kober nyelani. Nembe sareng anggenipun cariyos Ki Pragosawulung kendel lan sawatawis boten dipun lajengaken, Darim nunten wicanten kaimbuhan pitakenan :

"Dadi lelakon ndika kuwi meh padha karo lelakonku Ki Pragosawulung, bumi iki biyen tau direbut dening wong-wong neneka sing banjur numpes kabeh kanca ndika sing sabanjure wong neneka sing sinung watak angkara kuwi ya banjur padha tumpes merga saka saking angkarane. Saiki sing arep tak suwunake pirsa marang nDika, banjur kadang-kadangku Cikal Bakal saka Gunung Bancak biyen saiki padha ing ngendi dununge?".

Ki Pragosawulung kendel sakedhap, lajeng mangsuli pitakenipun Darim mawi cariyos malih :

"Sing tak ngerteni biyen sing dadi Demang ing Kedhungtuwung kene, sawuse Anggara masrahake marang Parepatan Cikal Bakal jalaran wis genep limang tahun olehe ngayahi jejibahan dadi Demang, yaiku Lampit, sawuse limang tahun banjur digenteni Demang Kartika, ya ing jamane Demang Kartika kuwi Kademangan Kedhungtuwung nampa pidana saka Kanjeng Sultan ing Pajang, jalaran jaman geger Pajang - Jipang, Ki Kartika didakwa melu ndombani lan nyengkuyung Adipati Pangeran Arya Penangsang. Kamangka wektu kuwi, paprangan antarane Jipang lan Pajeng wis suwe rampung lan Kelenggahan Raja Tanah Jawa wis diregem dening Mas Karebet sing banjur jejuluk Sultan Adiwijaya lan Kedhaton kaboyong ing Pajang. Nalika samana sing nggawa printah nibakne Pidana mau priyagung Pajang sing pangkate Tumenggung jenenge Tumenggung Darumurti. Mesthi wae Ki Kartika lan wong-wong Kedhungtuwung padha ora gelem nampa pidana, merga pancen ora ngerti apa-apa nalikane kedadeyan perang antarane Jipang lan Pajang. Nanging Tumenggung Darumurti ora idhep, Tumenggung sing nggawa-nggawa jenenge wong tuwane sing aran Ki Ratasu, kuwi malah aweh pangincim yen Ki Demang Kartika ora masrahne menungsa sing jeneng Darim utawa anak turune Darim, Kademangan Kedhungtuwung arep diratakne klawan lemah. Wasanane pasulayan ora bisa diendhani maneh, kedadeyan perang rame antarane Prajurit Pajang sing dipandhegani dening Tumenggung Darumurti lumawan Prajurit Kademangan Kedhungtuwung sing dipandhegani Ki Demang Kartika".

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 62

 


62.

Darim ningali praupanipun tiyang punika lajeng tuwuh welasipun. Lajeng enget kaliyan pawelingipun Bagindha Kilir bilih woh kawis ingkang dipun panggih, ingkang suwaunipun badhe kasukakaken dhateng Rara Sumarni, supados dipun sukakaken dhateng tiyang ingkang mbetahaken. Nanging tiyang kala wau oten nyariyosaken punapa ingkang dipun pengini dening semahipun. Mila Darim inggih boten lajeng nyukakaken woh kawis cacah tiga ingkang dipun gembol punika, ngentosi wicantenipun tiyang punika punapa ingkang dipun pengini semahipun, menawi ingkang dipun pengini estu woh kawis, mangka mangke badhe kasukakaken. Manawi ingkang dipun pengini lintunipun woh kawis mangka Darim badhe mbudidaya nyukani pambiyantu.

"Estunipun ingkang dipun pengini semah kula punika inggih namung sepele Ki" tiyang wau wicanten malih "nanging ngepasi boten mangsanipun awoh".

"Dados semah ndika niku nyidham woh-wohan makaten Kisanak? woh punapa niku? pelem? manggis punapa jinising jambu?" Darim pitaken.

"Ingkang dipun pengini woh kawis ingkang dipun rucuh Ki" wangsulanipun tiyang wau "emanipun, nalika kula pados dhateng margi prapatan ingkang wonten witipun Kawis, nedheng boten wonten uwohipun, sampun malih kok ingkang sepuh sedheng pentilipun kemawon nuju boten wonten. Kamangka sangertos kula, wontenipun wit Kawis punika inggih namung ing margi prapatan kilen mrika thok. Lintunipun kula dereng nate tumon".

Darim mesem, manahipun kraos lega. Pawelingipun Kanjeng Bagindha Kilir pranyata estu boten ngayawara. Darim lajeng mendhet woh kawis cacah tiga ingkang dipun beta saking alam sipatullah kala wau, saking pethukanipun.

"Punapa ingkang dipun pengini semah ndika uwoh ingkang kados makaten punika Kisanak?" Darim nedahaken uwoh kawis punika dhateng tiyang wau.

Tiyang wau ndengengek nyawang ingkang wonten tanganipun Darim, ketingal kaget semu bingah, lajeng wicanten :

"Inggih Ki, leres owoh kawis punika ingkang kula padosi. mBok wonten rilaning penggalih ta Ki, kaparenga Kaki kersa nyade barang satunggal uwoh punika dhateng kula".

"Boten sah tumbas Kisanak" wangsulanipun Darim kaliyan mesem remen "mila woh kawis cacah tiga punika sengaja badhe kula caosaken dhateng sok sintena ingkang mbetahaken. Gandheng samangke kula sampun kepanggih kaliyan ingkang mbetahaken uwoh punika, mangka mangga kula aturi nampi woh punika kula caosaken dhateng ndika, mugi saged dados leganing manahipun semah lan yoga ndika ingkang taksih wonten ing kandhutan".

"Ngaturaken panuwun Ki" tiyang wau nampani kawis saking tanganipun Darim sarwi wicanten, mripatipun ketingal kekembeng luh ketang trenyuhipun "boten nyana boten ngimpi, bilih ing papan punika kula sampun kepanggih Titahipun Hyang Maha Agung ingkang kautus maringaken nugraha dhumateng kula lan semah kula".

"Sampun kaduk manah ingkang kados makaten Kisanak" wangsulanipun Darim "kula punika namung tiyang limrah ingkang nuju kekesahan sapurug-purug, ngetut jangkahing suku lan krenteging manah. Andilalah kemawon kula kepanggih kaliyan ndika niki wau. Sampun samangke langkung prayogi menawi ndika lajeng wangsul murih Kawis punika saged enggal dipun rucuh dening semah ndika. Kula piyambak inggih badhe nglajengaken lampah mangetan madosi Kademangan Kedhungtuwung".

"mBok Inggih kaki kepareng mampir ing gubug kula? paring pandonga basuki dhumateng semah kula mugi kaparingan wilujeng, wilujeng ingkang dipun kandhut ugi wilujeng ingkang ngandhut" tiyang punika nedhi supados Darim mampir ing griyanipun.

"Matur nuwun lan nyuwun pangapunten Kisanak" wangsulanipun Darim "kula boten saged mampir dolan ing dalem ndika, inggih mugi-mugi Gusti Ingkang Maha Gesang paringa kawilujengan dhumateng nDika sabrayat".

"Manawi makaten kula nyuwun brekahing nami kangge anak kula ingkang dipun kandhut semah kula Ki" tiyang wau wicanten nedhi nami kangge anakipun.

Darim mesem, wewayanganipun Rara Sumarni katingal liwat ing ngajengipun. Darim lajeng wicanten dhateng tiyang jaler kala wau :

"Inggih menawi nDika purun ngangge, menawi Yoga ndika mangke medal jaler kapringana nami Darim Lelana dene menawi medal estri kaparingana nami Rara Sumarni".

Tiyang jaler kala wau sakalangkung remen kaliyan nami ingkang dipun sukakaen pun Darim. Sasampunipun wongsal-wangsul ngaturaken panuwun, lajeng wangsul dhateng griyanipun ing Dhusun Sogen. Darim piyambak ugi lajeng nglajengaken anggenipun mlampah, nilar papan patilasanipun Padhepokan Sigawok ingkang samangke sampun santun nakmi dados Dhusun Gawok. Ingkang warganipun nembe ngawontenaken upacara sadranan caos dhahar dhateng mBah Waga saha mBah Raramarni, ingkang kinten-kinten nami sanes saking Ajar Pawaga lan Rara Sumarni.

Kados ingkang dipun wecakaken dening Bagindha Kilir, Darim samangke saged cecolotan antawisipun Alam Datullah, Alam Sipatollah saha Alam Apngalollah. Pramila anggenipun mlampah Darim ugi sok-sok mawi liwat margi limrah, nanging ugi asring liwat margi ingkang boten kasat ing mripat.  Sareng dumugi ing Kademangan Kedhungtuwung, Darim dados sakalangkung eramipun. Samangke Kedhungtuwung sampun sakalangkung reja. Pategilan lan Pasabinan sampun kathah lan wiyar-wiyar. Malah ing antawisipun pategilan lan pasabinan ugi sampun wonten pinten-pinten padhusunan ingkang warganipun ugi boten sakedhik. Sami gesang salebeting kacekapan, katingal saking griyanipun ingkang ageng-ageng, plataran ingkang jembar-jembar, sami ngingah raja kaya maesa punapa dene sapi. Ugi boten sakedhik ingkang ngingah jaran ingkang ageng-ageng. meh saben griya wonten lumbungipun, lumbung kangge nyimpen pantun. Sedinten wetah Darim mlampah ngiteri Kademangan. Nanging estu Darim boten kepanggih tiyang ingkang nate dipun tepangi. Nalika Darim badhe nuweni ing griyanipun para muridipun nenggih : Sambada, Lampit, Anggara, Guritna miwah Kartika, ingkang rumiyin kapasrahan minangka cikal bakaling Kademangan Kedhungtuwung, pranyata sedaya griyanipun titiyang kala wau sampun boten wonten. Miturut petanganipun Darim manawi pranatan lan paugeran ingkang dipun damel lan dipun sarujuki kaliyan Cikal Bakal gangsal rumiyin, mesthinipun ingkang jumeneng dados Demang ing Kedhungtuwung punika mesthinipun taksih salah satunggal saking Cikal Bakal cacah gangsal, tilas siswa saking Paguron Gunung Bancak . Utawi sak boten-botenipun anak utawi putunipun salah satunggal saking tiyang gangsal kala wau.  Darim gadhah grenjet kepengin manggihi Demang Kedhungtuwung, nanging ngemuti kaliyan kawontenan Darim lajeng tidha-tidha. Punapa Demang Kedhungtuwung pitados kaliyan piyambakipun punapa boten? Gek-gek mangke malah Darim dipun wastani tiyang ingkang ngawu gawar? tiyang ingkang namung apus-apus murih pikantuk tedha?.

Darim lajeng kemutan dhateng papanipun sepisanan kepanggih kaliyan Bagindha Kilir, ingkang lajeng kababad sapisanan kangge yasa padhusunan. Inggih ing mriku sepisanan Darim yasa langgar kangge papan manembah dhumateng Gusti Allah. Langgar ingkang ngadeg ing sapinggiring lepen alit,  wonten sangandhaping wit Mertega, uwit ingkang kulitipun cemeng  nanging uwohipun abrit. Darim lajeng alon-alon mlampah angulati . Sareng sampun saantawis, Darim dumugi papan ingkang dipun padosi. Griya ingkang rumiyin dipun angge lerem, samangke ugi sampun boten wonten, langgaripun ugi santun dados wewangunan alit, boten wonten gedhegipun, nanging malah dipun ubengi kaliyan pager saking banon ingkang sae. ing joganipun langgar ketingal kathah sekar-sekar ingkang sampun sami garing, tumpuk-tiumpuk kandel. Wonten tumang padupan kangge ngobong menyan. Ing sisihipun langgar kathah tilas sunduk panggang ayam ingkang dipun tancepaken ing siti ketingal kados pager.  Darim rumaos gumun semu boten mangertos punapa ingkang sampun kedadosan ing Kademangan ingkang rumiyin piyambakipun ingkang miwiti babad, labet nindakaken dhawuhipun Kanjeng Sultan Trenggana ing Demak.

Dumadakan darim ndhangak, ing panging Mertega katingal wonten budheg ireng ingkang nembe sekeca linggih sendhenan wit mertega. Darim boten pangling, budheng ireng punika ingkang rumiyin nate dipun sumerepi nalika sapisanan Darim dumugi mriku.

"Yen ndika kepengin ngerti apa sing wis dumadi, tak tunggu rawuh ndika ing Alam Sipatollah" Budheng Cemeng punika dumadakan wicanten mawi basaning batin dhateng Darim.

 

ana candhake.


Senin, 04 Oktober 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 61

 


61.

Salebeting mendel Darim ugi lajeng kemutan dhateng kasagahanipun dhateng Kanjeng Sunan Kudus murih madosi Mas Karebet lan ndherek angreksa kasugenganipun.  Piyambakipun rumaos sampun nglampahi dosa jalaran awit mbujung remening manahipun piyambak temah nyupekaken kasagahan dhateng tiyang ingkang sampun paring tuntunan temah saged manggihaken lan mangertosi sinten tiyang sepuhipun. Makaten ugi pikiranipun Darim ugi lajeng nglambrang, saupami rikala taksih bayi rumiyin boten dipun kukup dening Ki Kebo Kenanga, kados pundi kedadosan ingkang badhe dipun sandhang. Samangke putranipun Ki Kebo Kenanga sampun lola, lan piyambakipun kadhawuhan dening Gurunipun nenggih Kanjeng Sunan Kudus, murih ndherek rumeksa kasugenganipun, nanging dhawuhipun Guru punika lajeng kalirwakaken nalika Darim kesandhung ing warata kabentus ing tawang tuwung, kayungyun dhateng kasulistiyanipun Rara Sumarni. Inggih Rara Sumarni ingkang sejatosipun tiyang ingkang nate gesang jaman gangsal atus tahun kapengker. Sanadyan Bagindha Kilir paring pitedah bilih piyambakipun kawenangaken milih nglajengaken gesang kaliyan Rara Sumarni ingkang ateges kedah munduraken jamanipun, nanging Darim langkung ajrih kaliyan agenging dosa dhateng Ki Kebo Kenanga punapa dene dhateng Sunan Kudus.

"Sewu nyadhong deduka dhuh Bagindha" wasana Darim matur dhateng Bagindha Kilir ingkang taksih lenggah ing ngajengipun "menawi kawenangaken milih, kula nyuwun supados kula saged gesang ing jaman kula piyambak kemawon. Namung kemawon, kados pundi kaliyan woh Kawis cacah tiga punika?".

"Darim" Bagindha Kilir paring dhawuh "gandheng kowe wis milih urip ing jaman saiki, mangka kowe wis metu saka puseraning jaman limang atus tahun kepungkur, dadi kowe ora bakal nemokake Rara Sumarni, Ajar Pawaga apa dene Padhepokan Sigawok maneh kajaba mung wujud sisa-sisa patilasan sing wis ora wutuh. Kanggo netepi kasaguhanmu marang Rara Sumarni sing wis tau dadi sisihanmu, woh kawis cacah telu kuwi gawanen, mengko kowe bakal ketemu wong sing mbutuhake lan wenehna. Sabanjure sing prelu sira weruhi, jalaran kowe wis ngombe tirta rasa kundha nalikane kowe keplantrang ing puseraning jaman limang atus tahun kepungkur mau, kowe kudu bisa sabar jalaran banyu nkuwi ndadekne kowe kaparingan umur sing dawa banget sing nganti kowe bosen karo suwene nggonmu urip. Kaping pindho, anggonmu keplantrang mapan ana jamane Rara Sumarni sing rumangsamu mung setahun luwih kuwi, satemene wis ana lima las tahun kedadeyan ing jaman saiki. Dadi wektu iki, Karebet sing kok upadi wis kepenak uripe, malah wis kena diarani mukti wibawa, jumbuh karo sabdane Sri Brawijaya Kalima, samengko Karebet wis jumeneng dadi Ratu ing Tanah Jawa dene kedhatone mapan ing tlatah Pajang. Mula ora prelu sira goleki maneh. Yen kowe wis rumangsa luput merga nglirwakne janjimu marang Sunan Kudus lan Nyi Ageng Tingkir, murih bisa tentreming atimu lan antuk pangkasamaNe Hyang Maha Nasa, sira nglakonana laku tobat sarana ngakehne aweh pitulungan marang pepadhaning urip, baliya menyang Kedhungtuwung lan wiwitana nggonmu nindakne laku patobatan. Mung wae, aja kaget karo kahanan sing ana ing Kedhungtuwung sing beda adoh karo nalikane kok tinggal biyen. Sabanjure, awit dayane Tirta Rasa Kundha sing wis kok ombe, papanmu kanggo urip bakal cecolotan antarane Alam Datullah lan Alam Sipatollah.........".

Dereng kongsi rampung anggenipun Bagindha Kilir paring dhawuh, dumadakan bumi kraos gonjang-ganjing, saking langit tumiyup mandhap pedhut cemeng, anutupi papan ing mriku. Darim kaget, sasaged-sagedipun nunten ndedonga nyuwun pangayoman dhateng Pangwasanipun Gusti Allah. Sareng sampun sawatawis, pedhut nuli ical mbaka sakedhik, kawontenan wangsul dados padhang malih. Nanging eloking kawontenan, ing mriku sampun boten wonten taman ingkang endah kados wau, malah wit-witan sarta gegrumbulan bebondhotan ugi sampun boten wonten. Ingkang wonten Darim linggih kaliyan sendhen ing satunggaling sela ageng, ing sacaketing margi catur ing salah satunggaling padhusunan. Darim mulat nganan mulat ngering, kepengin ngicalaken raos bingung ingkang angranuhi manahipun.

"Darim, buwangen rasa bingungmu, dina iki kowe wis bali urip ing jamanmu dhewe" dumadakan kepireng suwanten ingkang mlebet ing pikiranipun Darim "ing ngarepmu ana dalan prapatan, yen kowe kepengin ora kesasar pilihen dalan sing arahe tumuju papan jumedhule srengenge, mengko bakal akeh kok temoni kedadeyan-kedadeyan sing aweh wangsulan marang pitakonan-pitakonan sing saiki isih sumimpen ana atimu".

Darim rumaos lega manahipun. Tumunten ngadeg lajeng mlampah mangetan cundhuk kaliyan pakening suwanten ingkang nembe kemawon dipun tampi. Woh Kawis cacah tiga ingkang kala wau dipun panggih, inggih lajeng kabekta kalebetaken ing pethukan betanipun. Nalika anggenipun Darikm mlampah badhe nglebeti satunggaling padhusunan, ing mriku Darim sumerep tiyang kathah, jaler estri lan lare-lare sami mbekta ambeng ingkang dipun wadhahi ancak utawi encek. Ketang kepenginipun mangertos Darim lajeng ngetutaken tiyang-tiyang kala wau. Jebul ambeng punika dipun beta dhateng sacaketing sendhang, dipun tata ing nginggiling klasa ingkang dipun gelar ing ngandhapipun wit ingkang ageng. Pranyata ing mriku ugi kagelar tontonan ringgit komplit kaliyan gamelanipun. Darim lajeng nyaketi satunggaling tiyang ingkang lenggahipun piyambak, radi tebih kaliyan tiyanhg sanes-sanesipun.

"Nuwun sewu Kisanak" Darim wicanten dhateng tiyang wau "mriki niki Dhusun pundi inggih Kisanak? Lan punika punapa nembe wonten adicara Metri Desa?".

"Oh, inggih Ki" tiyang ingkang dipun tangkleti punika mangsuli "mriki niki kalebet Dhusun Gawok. Punika dede adicara Metri Desa, nanging sadranan mengeti lan caos dhahar dhateng mBah Waga kaliyan mBah Raramarni".

"mBah Waga kalih mBah Raramarni? sinten punika Kisanak?" Darim pitaken. Salebeting manahipun kemutan dhateng Ajar Pawaga miwah Rara Sumarni.

"Niku criyosipun cikal bakal ingkang mbakali Dhusun Gawok mriki, Ki. Nanging kula piyambak inggih boten mangertos, tiyang criyosipun tiyang-tiyang sepuh mBah Waga kaliyan mBah Raramarni niku sugengipun jaman Tanah Jawi taksih dereng kathah tiyang kok".

"Oo makaten inggih? Lajeng ingkang wonten samangke kantun pasareyanipun ngaten?" Darim pitaken malih.

"Kuburanipun inggih boten wonten" tiyang wau wangsulan "miturut cariyos mBah Waga niku satunggaling Pendhita, lha mBah Raramarni niku putranipun estri. Kakungipun mBah Raramarni punika naminipun mBah Darma, ingkang ical katempuh pedhut cemeng nalika badhe madosaken woh kawis kangge mBah Raramarni ingkang nembe mbobot. Sareng kakungipun ical katempuh pedhut, mBah Raramarni lajeng sungkawa, eloking kawontenan criyosipun mBah Raramarni nunten ical malih dados sendhang niku, pramila tiyang mriki mastani sendhang niku mawi sebutan Sendhang Rara dene kucur sacaketing sendhang punika kedadosan saking putranipun mBah Raramarni ingkang taksih wonten ing kandhutan. Dene wit Soga ageng ingkang wonten pinggiring sendhang punika, criyosipun kedadosan saking mBah Waga. Niku namung dedongengan lho Ki, estu punapa botenipun kula piyambak inggih boten ngertos".

"Inggih, inggih Matur nuwun Kisanak awit paringipun dedongengan punika" wicantenipun Darim salajengipun "lha niki wau kok Kisanak boten lenggah awor kaliyan tiyang-tiyang nika?".

"Boten Ki" tiyang wau suka wangsulan "estunipun kula punika dede tiyang mriki, nanging tiyang Sogen dhusun sakidulipun Gawok mriki, niki wau namung mampir kemawon, awit badhe wangsul dhateng griya dereng wantun".

"Kok dereng wantun punapa wonten ingkang ngajrih-ajrihi Kisanak?".

"Boten Ki, namung awit kula dereng saged angsal ingkang dipun suwun semah kula ingkang nembe nyidham, ngandheg anak kula ingkang mbajeng" tiyang wau wangsulan kaliyan praupan ketingal susah.

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 60

 


 

60.

Lampahipun Darim sampun dumugi sangandhaping wit Kawis ing wana sacaketipun anggenipun dhawah ing jurang. Ing ngriku Darim sumerep wonten woh Kawis ingkang sampun gogrog cacahipun tiga, dening Darim woh wau dipun klempakaken ing poking wit, lajeng Darim mapan linggih ing satunggaling oyot ingkang ketingal, nunten sendhen wit Kawis kala wau, miwiti mangsah samadhi. Ing salebeting ciptanipun Darim meminta nugrahaning Gusti mugi anggenipun kepengin kepanggih kaliyan ingkang kagungan wit kawis ingkang wohipun badhe kaalap punika sageda enggal kasembadan.

Darim ngeremakaken mripatipun lan nata medal mlebeting napas, sarwi lambenipun amuji boten kendhat anyebut asmaning Allah. Dumadakan wonten angin sumilir ingkang kraos seger, ndugekaken ganda arum mangambar, kados gandanipun sekar melathi. Ing wiwitan sumiyuting angin lan ganda arum mangambar-ambar punika boten dipun paelu babar pisan, nanging sansaya dangu sansaya kraos andulek salebeting irung. Wasana Darim mbikak mripatipun kepengin sumerep punapa ingkang sampun kedadosan.

Saiba cingakipun Darim dupi sumerep ingkang wonten ing ngajeng, wingking lan kanan keringipun? Menawi kala wau saderengipun Darim mangsah semedi ingkang katingal inggih kekajengan ingkang ageng-ageng sarta gegrumbulan bebondhotan, samangke sedaya sampun ical. Ingkang katingal samangke Darim linggih ing babut permadani rupi ijem, ingkang ginelar ing patamanan ingkang endah, kathah manekawarni sesekaran ingkang katingal tinata kanthi sae, ing salebeting jembangan ingkang warni-warni. Sedaya sami ngedalaken sekar ingkang nuwuhaken ganda arum seger. Ing salebeting raos cingak Darim nggaagas, nginten manawi sampun manjing Alam Sipatollah. Inggih punika alam ingkang mapan ing antawisipun Alam Datullah lan Alam Apngalollah. Inggih Alam antara ingkang kathah kpanggenan dening titahing Gusti saking jinis Jim, Setan, Peri Prayangan. Ingkang inggih nggumunaken, woh kawis ingkang wau dipun klempakaken samangke taksih wetah gumlethak ing ngajengipun.

"Assalamu'alaikum...." dumadakan saking sisih kananipun Darim wonten tiyang dugi lan ngucapaken uluk salam.

"Alaikum salam" kaliyan raos kaget Darim wangsulan, lajeng ngulati sinten ingkang nembe dugi, ingkang nunten ndadosaken Darim sakalangkung remenipun.

"Pangling karo aku Darim?" tiyang ingkang nembe dugi kala wau taken kaliyan mapan lenggah ing sacaketipun Darim linggih.

"Sembah tuwin pangabekti kula mugi katur Bagindha......" Darim manembah dhateng ingkang nakeni. Jebul ingkang nembe rawuh punika Kanjeng Bagindha Kilir, ingkang rumiyin nate manggihi Darim saha paring gegaman kangge mbabad wana ing Kedhungtuwung.

"Pangabektimu wis tak tampa Darim" wangsulanipun Bagindha Kilir kaliyan mesem, kalajengaken pandangu "ya gene nganti awakmu kedarang-darang tekan kene Darim? apa sing kok upadi?".

"Nyuwun pangapunten Bagindha" Darim wangsulan kaliyan nangkebaken tanganipun ing dhadha "inggih awit saking kula tinangisan semah ingkang nembe ngandheg yoga kula, ingkang kepengin nedha wohipun Kawis ingkang miturut ngendikanipun Bapa Ajar Pawaga, wit kawis punika kedadosan saking tekenipun Brahmana Suci".

Darim lajeng nyariyosaken lelampahanipun ingkang sampun emah-emah kaliyan Rara Sumarni putranipun Ajar Pawaga ing Padhepokan Sigawok, ngantos dumugi anggenipun mapan semedi ing sangandhaping wit Kawis, ingkang nunten wonten kedadosan ingkang nggumunaken manahipun punika.

"Punapa samangke kula mapan ing alaming Sipatullah Bagindha?" sasampunipun rampung anggenipun cariyos Darim lajeng nyuwun pirsa dhateng Bagindha Kilir.

"Mesthine oraa tak blakani sliramu wis ngerti Darim" Bagindha Kilir wangsulan kaliyan esem ingkang boten ucul saking lathinipun "jalaran, awakmu wis tau lan wis nglakoni manjing ing alam sipatullah, yaiku nalikane awakmu sepisanan ketemu karo aku biyen".

"Inggih nyuwun pangapunten Bagindha" Darim matur "awit saking cubluking manah, kula dados tidha-tidah kaliyan kawontenan ingkang nembe kula panggihi".

"Ya sokur nek awakmu duwe rasa rangu-rangu, jalaran sumurupa nalikane ora ana rasa rangu-rangu ing atimu, sliramu nate keplantrang adoh banget. Ora mung adoh mungguh papane, nanging uga adoh ing mangsa kalane" Bagindha Kilir ngendika .

"Nuwun sewu Bagindha" Darim ingkang boten mangertos kaliyan pangandikanipun Bagindha Kilir ingkang nembe kaucapaken punika, nunten nyuwun pirsa "mugi Bagindha kersaa paring  dhawuh magepokan kaliyan pangandikan ingkang nembe kemawon kadhawuhaken, awit saestu Darim dereng mangertos kaliyan wosing dhawuh Paduka Sang Bagindha".

"Darim sumurupa, kawiwitan saka rasa kesel lan sayah ing atimu, merga kowe ora enggal bisa nemokne Jaka Tingkir utawa Mas Karebet banjurolehmu nggoleki iya mung waton mlaku ngono wae, iya apa ora?" Bagindha Kilir ngendika lan ndangu dhateng Darim.

Darim ingkang ngrumaosi ing lepatipun saha ngleresaken pangandikanipun Bagindha Kilir lajeng wangsulan

"Inggih Bagindha. Darim nyuwun pangaksami".

"Aja nyuwun pangapura marang aku, merga luputmu kuwi luput marang awakmu dhewe" Bagindha Kilir paring wangsulan, kalajengaken ngendika malih "iya awit saka luputmu iku sing ndadekne sira ora weruh lamun wis keplantrang adoh nggonmu lumaku. Sapisan lakumu wis adoh ninggalne laladan Demak, Pengging apa dene Tingkir nganti tekan pereng kulon Gunung Sindara. Kaping pindho sliramu wis kasedhot puseraning mangsa kala, utawa ubenging wektu. Yaiku awakmu kasedhot lan kober mandheg ing jaman kang dumadine limang atus tahun kepungkur".

Mireng dhawuh ingkang pungkasan makaten punika kala wau, Darim kaget lan bingung piyambak.

"Cethanipun kados pundi Bagindha? inggih awit saking bodhonipun Darim, Darim sepisan malih boten mangertos kaliyan dhawuhipun Bagindha" Darim matur ngrerepa ing ngarsanipun Bagindha Kilir.

"Sumurupa Darim, Padhepokan Sigawok saisine, klebu Ajar Pawaga, Rara Sumarni lan para cantrik sing ana kana kae kabeh, kuwi anane ing jaman limang atus tahun kepungkur dadi ing jaman saiki, yaiku jamane Darim urip, patilasan-patilasane Padhepokan Sigawok wae wis akeh sing ilang kapangan dening jaman. Dadi satemene, Darim wis kasedhot puseraning mangsa temah balik ing jaman sing wis kawuri limang atus tahun kepungkur. Saiki kari awakmu milih sing endi? Milih urip mbalik ing jaman limang atus tahun kepungkur kumpul bareng karo Rara Sumarni?  Apa milih urip ing jamanmu dhewe, yaiku jaman saiki iki?"

Darim lajeng dheleg-dheleg, boten mangertos kados pundi anggenipun badhe mikir lelampahan ingkang kados makaten punika.

"Yen awakmu milih tetep urip ing jamane Rara Sumarni, mangka kabeh sing tau kok lakoni sadurunge awakmu tekan ing Padhepokan Sigawok bakal ilang kabeh. Awit ing jaman semana durung ana sing diarani Kasultanan Demak, durung ana sing aran Sultan Trenggana, Sunan Kudus, Ki Ageng Pengging, Kademangan Kedhungtuwung lan liya-liyane, awit anane sing tak sebutne iku kabeh sawise limang atus tahun maneh sawuse anane Padhepokan Sigawok. Ewa samono, ing sajroning pikiranmu tetep isih kelingan karo sing tak sebutake kabeh mau, jalaran pancen kowe kuwi titah sing urip ing jaman saiki. Mula yen nganti sawijining dina kowe ketrucut nyebut sing tak sebutake mau mangka wong liyane bakal ngarani kowe wong sing wis owah pikire. Kosok baline yen Darim milih urip ing jamane dhewe, mangka lelakon sing tau kok alami karo Rara Sumarni, Ajar Pawaga lan Padhepokan Sigawok bakal dadi kaya dene lelakon sing dumadi ing swajroning impen sing banjur ilang sawise Kowe bali tangi saka anggonmu turu".

Bagindha Kilir mungkasi pangandikanipun, Darim lajeng legeg dheleg-dheleg rumaos puteg salebeting nalaripun.

 

ana candhake.


Minggu, 03 Oktober 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 59

 


59.

Ajar Pawaga ketingal sakalangkung suka penggalihipun mireng wangsulanipun Darim ingkang makaten punika. Darim piyambak inggih remen manahipun, awit mila saestu Darim emut bilih umuripun sampun wancinipun emah-emah, malah menawi kaukur kaliyan tiyang sanes mbok menawi kenging kawastanan radi kasep. Ajar Pawaga nunten nimbali Rara Sumarni ingkang pranyata anggenipun kesah boten tebih, namung ndhelik amping-amping warana sangajenging kori senthong, pramila sadaya pirembaganipun Ajar Pawaga lan Darim sampun kapireng.

"Ngger, Rara Sumarni" dhawuhipun Ajar Pawaga sasampunipun Rara Sumarni mlebet malih dhateng senthong "Anakmas Darim wis tak tari lan kersa minangkani panyuwunmu, mula murih rancaging laku saiki timbalana Cantrik Sukmana sarta Cantrik Kadima mrene, bakal Bapa dhawuhi murih anekseni , anggone Anakmas Darim nampa dhawuhing Bapa yaiku anjatukrama awakmu".

Enggaling cariyos ing dinten punika ugi kalampahan Darim kadhaupaken kaliyan Rara Sumarni. Tigang dinten candhakipun, nembe kawontenaken pahargyan prasaja kados limrahipun tiyang jejodhowan. Kabekta saking raos tresna ingkang makantar-kantar, inggih ing manahipun Darim punapa dene ing manahipun Rara Sumarni, kekalihipun nunten amangun bebrayan kanthi raos sakalangkung  ing mulyanipun . Darim sampun supe dhateng kasagahanipun dhateng Kanjeng Sunan Kudus, sampun lali kaliyan pamitipun dhateng Nyi Ageng Tingkir. Ugi sampun boten ngangen-angen malih murih enggala saged manggihaken Mas Karebet ingkang nembe lelana brata. Awit sadaya sampun katutup kaliyan katresnanipun dhateng Rara Sumarni, ingkang tuhu wanita ingkang sakalangkung bekti ing kakung.

Nalika anggenipun jejodhowan sampun ngancik setunggal tahun langkung sakedhik, anggenipun nggarbini Rara Sumarni sampun ketingal ageng lan sampun anyaketi wancinipun peputra. Mangertosi kawontenan ingkang makaten kala wau, bebasan rinten dalu datan saged ginggang sarambut antawisipun Darim kaliyan Rara Sumarni. Awit saestu Darim boten tega nilaraken semahipun ingkang sampun nyaketi wancinipun babaran. Nanging anuju satunggaling dinten, Rara Sumarni kepengin nedha uwohipun kawis ingkang witipun thukul ing wana sacaketipun papan panggenanipun Darim kapanggihaken dening Ajar Pawaga rumiyin.

"Kangmas duka kenging punapa dumadakan salebeting manah kula wonten pepenginan ingkang beneh kaliyan padatan, kadospundi punika Kangmas?" wicantenipun Rara Sumarni dhateng Darim.

"Pepenginan sing tuwuh ana atine wanita sing nembe nggarbini kuwi sok dudu saka karepe dhewe Nimas" wangsulanipun Darim "nanging awit saka panyuwune jabang bayi sing isih ana kandhutan. Mula rupane pepenginan uga beda karo padatan, mara gage kandhakna putraku sing ana kandhutanmu kepengin apa?".

"Inggih Kangkmas" Rara Sumarni wicanten "dumadakan wiwit kala dalu kula kepengin sanget nedha wohipun Kawis ingtkang witipun thukul ing wana sacaketing papan kepanggihipun Kangmas kaliyan Bapa duk rikala samanten. Kamangka kula inggih mangertos bilih woh Kawis punika boten eca dipun tedha manawi boten dhawah piyambak saking witipun. Awit saking punika Kangmas, mugi welasa dhateng kula, kula nyuwun dipun lurokaken Kawis ingkang mateng , kados ingkang kula aturaken kala wau Kangmas".

"He he he" Darim gumujeng mireng panyuwunanipun Rara Sumarni makaten punika "jebul mung sepele panyuwunane anakku. Yen mangkono, saiki aku tak budhal nggoleki woh kawis sing sira kandhakne mau Nimas".

Darim lajeng bidhal dhateng wana badhe luru woh kawis, saderengipun bidhal Darim taksih kober pamitan saha nitipaken semahipun dhateng marasepuhipun nenggih Ajar Pawaga. Nanging Darim lajeng dados gumun,  sumerep mara sepuhipun ketingal kaget sareng Darim matur bilih badhe pados woh Kawis ing wana.

"Teka aneh temen sing dijaluk Rara Sumarni kuwi?" Ajar Pawaga wicanten kados dhateng awakipun piyambak.

"Aneh kados pundi Bapa?" Darim nyuwun pirsa "tiyang namung nyuwun Woh Kawis ingkang witipun boten tebih saking mriki kemawon lho Bapa?".

"Pun Bapa kandhani ya Ngger" pangandikanipun Ajar Pawaga dhateng Darim "yen mung wujude barang sing dijaluk, kuwi pancen katone panyuwunan sing lumrah, mung jamaking woh. Nanging apa anakmas ngerti sapa sing kagungan wit Kawis sing thukul ana alas kana kae?".

"Gajegipun taneman ingkang thukul ing wana punika harak boten wonten ingkang gadhah ta Bapa?" Darim wangsulan setengahipun mancasi dhawuhipun Ajar Pawaga "menawi wonten ingkang gadhah, lajeng sinten ingkang kagungan Bapa?".

"Sumurupa Anakmas" Ajar Pawaga paring dhawuh "wit Kawis kae sanajan gedhene mung sakmana, nanging kae umure isih luwih tuwa tinimbang umure simbah-simbahku. Wit Kawis kae dumadi saka Teken sing ditancepake, yaiku tekene sawijining Brahmana Suci sing nglakoni tarak brata ing papan kono kuwi. Ujaring kandha nyaritakne Sang Brahmana Suci kuwi iya awit saka gedhening subratane banjur kaparingan nugraha bisa manjing Alam Sipatollah lan Alam Apngalollah sak ragane, gandheng anggone ngambah Alam loro mau kanthi raga wadhag sing wutuh, dadi Sang Brahmana Suci kuwi uga bisa banjur bali ing Alam Kang Kasatmata iki. Dadi yen Anakmas kepengin sumurup sapa sing kagungan wit Kawis kae, wangsulane ya mung siji sing kagungan ya sing kagungan teken sing ditancepake kuwi, yaiku Sang Brahmana Suci kuwi mau. Samengko gandheng wis cetha sapa sing kagungan, dadi yen ana wong njupuk gogrogane Kawis kae, yen nganti ana ora lilane sing kagungan, bisa nuwuhake walat sing nggegirisi".

Darim lajeng kemutan dhawuhipun Kanjeng Sunan Kudus bilih Ki Ageng Pengging rumiyin anggenipun seda inggih sarana manjing dhateng Alam Apangalollah, namung bentenipun menawi Ki Gedhe Kebo Kenanga sasampunipun manjing ing alam Apngalollah boten wonten cariyos malih bilih nate wangsul dhateng Alam ingkang kasatmata punika. Gegayutan kaliyan ingkang dados panyuwunipun Rara Sumarni, Darim lajeng gadhah tekad badhe manggihi Brahmana Suci ingkang kagungan wit Kawis punika.

"Manawi makaten Bapa" aturipun Darim dhateng Marasepuhipun "boten wonten margi sanes kangge minangkani panyuwunipun semah kula pun Rara Sumarni kajawi kedah kepanggih kaliyan Sang Brahmana Suci ingkang Tekenipun samangke dados Wit Kawis punika. Inggih awit saking punika, mugi Bapa Ajar keparenga paring pangestu, kula badhe bidhal manggihi Sang Brahmana Suci kala wau".

Ajar Pawaga unjal ambegan landhung, katandha nembe ngraosaken sekeling penggalihipun. Nanging ugi lajeng ngendika dhateng mantunipun :

"Yen pancen wis dadi antebing tekadmu awit saka gedhening rasa tresane Anakmas marang anakku si Rara Sumarni, ora ana pawadan liya tumraping bapa kajaba kudu mangestoni marang lekase Anakmas kang mangkono kuwi mau" Ajar Pawaga kendel sakedhap anggenipun ngendika, lajeng ngedalaken gebyas alit isi toya ingkang lajeng kaulungaken dhateng Darim sinartan pangandikan "sing ana jerone Gebyas iki aran Tirta Rasa Kundha mara Anakmas tampani".

Darim lajeng nampani gebyas ingkang dipun ulungaken marasepuhipun punika. Gebyas dipun sawangi.

"mBok menawa kanthi sarana ngunjuk tirta rasa kundha kuwi, Gusti bakal paring nugraha temah Anakmas bisa luwih gampang nggone arep marak ing ngarsane Sang Brahmana Suci kuwi".

Darim nunten mangertos menggah karsanipun Ajar Pawaga paring gebyas isi toya Tirta Rasa Kundha punika dhumateng piyambakipun. Mila boten gantalan wekdal, tutuping gebyas lajeng dipun bikak, toya ing salebetipun dipun langga telas tigang ceglokan. Sasampunipun rampung anggenipun ngombe Tirta Rasa Kundha, darim lajeng pamitan dhateng marasepuhipun badhe dhateng ngandhaping wit kawis ingkang kedadosanipun saking teken punika, badhe madosi Sang   Brahmana Suci.

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 58

 


58.

Dipun sendhu putranipun Ajar Pawaga boten duka malah namung mesam-mesem sajak ngece dhateng Rara Sumarni. Darim piyambak ugi radi pekewet, awit estunipun ing salebeting manahipun Darim sampun kepanduk jemparinging Sang Hyang Asmara. Darim estu kayungyun dhateng solah bawa miwah pawujudanipun Rara Sumarni ingkang rumaosipun boten wonten ingkang kirang sadaya ketingal sae ing kasampurnanipun. Langkung-langkung nalika saben-saben Darim nyobi nglirik pasuryanipun Rara Sumarni, andilalah anyarengi Rara Sumarni ugi nuju mbalang liring dhateng Darim. Temah liringing netra tempuk dados satunggal murugaken jagadipun Darim horeg, jantungipun trataban ingkang boten kantenan. Ketingalipun Ajar Pawaga ugi uninga punapa ingkang ngreridhu ing salebeting dhadhanipun Darim miwah Rara Sumarni. Pramila nalika Darim ingkang lajeng tumungkul amarikelu awit nyingidaken raos getering mananhipun, Ajar Pawaga lajeng ngandika :

"Anakmas Darim, murih Anakmas ora wuwuh ing pakewuh, sarta murih luwih rakete antarane awake dhewe, keng Bapa mundhut pangapuramu. Basaku tak jabel, lan tampanana basa ngokone pun Bapa".

"Ngaturaken sewu genging Panuwun Bapa" Darim wangsulan "mila sampun satrepipun menawi Bapa Ajar, boten sisah ngagem basa krama dhateng kula".

"Samengko pun Bapa mundhut Anakmas Darim kersaa jumeneng dadi seksi, pun Bapa arep nakoni marang anakku wedok sing ayu iki. Dadi mengko wanhgtsulane kepiye, yen ing tembe ana laliku Anakmas bisaa ngelingake" Ki Ajar Pawaga nglajengaken anggenipun ngendika.

"Ngestokaken dhawuh Bapa" sanadyan dereng mudheng punapa ingkang dipun kersakaken dening Ajar Pawaga, nanging Darim sampun anyagahi.

"Ngger putraku bocah ayu Sumarni" Ki Ajar nunten ndangu dhateng putranipun estri "saiki Keng Bapa arep mundhut pirsa, wangsulana apa anane aja nganti ing tembe mburine awakmu banjur nutuh marang pun Bapa".

"Iya Bapa arep mundhut pirsa bab apa?" Rara Sumarni ngaturi wangsulan ngiras ngaturaken pitakenan.

"Wingenane awakmu nganti suwe nggonmu ngeneng marang pun Bapa, sabab mikirake impen iya pa iya?" Ki Ajar mundhut pirsa.

"Iya, Bapa nanging saiki aku wis ora mikir bab impen kuwi maneh kok Bapa"  Rara Sumarni anggenipun wangsulan kaliyan mrengut kacarub kaliyan esem, temah ketingal ing lucunipun.

Ki Ajar ingkang sumerep polatanipun Rara Sumarni ingkang kados makaten punika lajeng mesem wiyar.

"Yen ngono ya wis, yen mengko Anakmas Darim wis pulih kekuwatane kareben nerusake laku maneh merga sajake isih akeh gaweyan sing kudu dirampungne dening Anakmas Darim iki" ngendikanipun Ajar Pawaga nanggapi wangsulanipun Rara Sumarni.

"Bapa ki kok ngono lho?" Rara Sumarni nyaut rembag kaliyan mbesengut "mau ngendikane arep mundhut pirsa,  bareng wis diwangsuli banjur ngendika ya uwis, malah Kangmas Darim sing isih sayah dingendikakne nek wis pulih tenagane. Aku emoh nek ngono kuwi Bapa".

Ki Ajat pawaga gumujeng sumerep slaganipun ingkang putra ingkang ketingal mrengguk kados lare alit ngaten punika, lajeng mundhut pirsa malih :

"Saiki sing arep tak takokne : Apa sing kok sawang sajroning impen kuwi wis kok cocogne karo kahanan ing alam kanyatan kaya sing saiki iki? lire tumindake pun Bapa iki mau wis bener apa durung? utawa malah wis adoh karo sing kok karepake? iki mumpung durung kebacut adoh nggonku jumangkah, nek pancen kleru ya tak enggal balekne neng papane, merga iki mau ana sing ora cocog karo sing tau tak rungu saka critane impenmu".

"Uwis Bapa" Rara Sumarni matur "apa sing ditindakne Bapa kanggo aku, kabeh wis trep wis bener ora ana cacade babar pisan. Mung kari siji, Bapa enggal paring dhawuh ngenani impenku marang panjenengane".

"Lho wingenane kae sing kok aturne mung supaya Bapa nggoleki neng ngendi dununge, nek bisa supaya diajak mrene? loro kuwi wis tak tindakne kabeh sing jaremu ora ana cacade? lha saiki kok malah kongkonan maneh? Sing arep nglakoni awakmu apa pun Bapa? genah wis cetha kaya ngono lho kok ndadak Bapa sing dikongkon paring dhawuh? Gajege awakmu kuwi ya wis wasis nek ngrakit ukara ngono lho? ngapa ndadak kongkonan? rak ya luwih cetha yen kowe sing kandha dhewe ta?" .

"Embuh, embuh Bapa ki mesthi nggodha terus lho, aku emoh nek ngono kuwi" wicanten makaten kala wau Rara Sumarni kaliyan nutupi praupanipun, lajeng setengah mlajar medal saking pasenthongan. Ki Ajar Pawaga namung gumujeng kemawon.

"Temene ngene Anakmas" sareng sampun kendel anggtenipun gumujeng Ajar Pawaga nunten ngendika dhateng Darim "sadurunge Anakmas tak temu ana dhasar jurang wingi kae, anakku wadon sing mung siji kuwi wis nate ketemu karo Anakmas ana ing impene. Lha sajroning impen kuwi Rara Sumarni lan keng Slira wis sarembug yen bakal mangun bebrayan. Mula bareng tangi saka anggone turu, Rara Sumarni banjur kongkonan pun Bapa lumawat menyang Kademangan Kedhungtuwung, amarga miturut impen jarene Keng Slira kuwi asale saka Kademangan Kedhungtuwung. Kamangka bares wae, sing jenenge Kademangan Kedhungtuwung kuwi mapane ana ngendi pun Bapa ya durung ngerti. Andilalah kersane Kang Gawe Crita, nalika pun Bapa nedheng-nedhenge bingung mikirake ing ngendi pernahe Kademangan Kedhungtuwung kuwi mau, sumurup Keng Slira kepleset lan kecemplung jurang. Keng bapa banjur kaya diosikake supaya aweh pitulungan marang kengslira, mbok manawa kanthi sarana andum kabecikan iki bisa dadi lantaran kabule panuwunku anggone arep ngupadi Anakmas Darim sing jarene priyayi saka Kedhungtuwung. Bareng Keng slira tak gawa bali banjur tak prentahne marang Rara Sumarni supaya nyawisake beborehan kanggo nambani tatu-tatu sing ana bebalung lan ragane Anakmas, Rara Sumarni banjur ngandhakake yen priya aran Darim saka Kademangan Kedhungtuwung kuwi ora ana liya kajaba ya Keng Slira dhewe".

"Mila leres Bapa Ajar" Darim nyelani rembag "estunipun kula punika lare Kademangan Kedhungtuwung ingkang nembe nglampahi lelana brata, pramila saking punika nalika Bapa Ajar ndangu dhateng kula, kula inggih ngaken bilih kula punika lare ingkang kleyang kabur kanginan kandhang langit kekemul mega".

"Iya, iya ora dadi baya pangapa" Ajar Pawaga lajeng ngendika malih "saiki gandheng keng slira wis weruh dhewe kahanane anakku Si Rara Sumarni, keng Bapa nyuwun rilaning penggalihmu kersaa nampa pasuwitane anakku dadiya juru-dang-e Anakmas Darim, sepisan maneh tak suwun sih welasamu Anakmas jalaran Anakku wadon wis prasetya yen kongsi ora bisa ngladeni Anakmas Darim jarene luwih becik ora weruh sorote Sang  bagaskara kanggo selawas-lawase".

Estunipun Darim mila sampun kepanduk raos tresna nalika sumerep Rara Sumarni wiwit kapisanan, lajeng kawewahan rumaos sampun utang nyawa dhateng Ki Ajar Pawaga ingkang sampun paring pitulungan nalikanipun Darim dhawah mlebet dhasaring jurang. Pramila darim lajeng atur wangsulan :

"Inggih Bapa, wujud kula inggih namung makaten punika, gadhuhan saking Gusti Ingkang Maha Nasa ingkang wenang kula ndhaku namung raga kaliyan nyawa kula. Mangka manawi Bapa Ajar angukup saha amupu kula dados putra mantu kajodhokaken kaliyan Rara Sumarni, saestu kula namung saged ngaturaken gunging panuwun".

 

ana candhake.


Sabtu, 02 Oktober 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 57

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

 

57.

Sasampunipun rampung anggenipun nindakaken siam tigang dinten, Darim pamit dhateng Sunan Kudus badhe dhateng Tingkir, saperlu madosi putranipun Ki Ageng Pengging ingkang nami Karebet. Dening Sunan Kudus Darim kaparingan pangestu miwah bidhalipun ugi kairingan pandongan wilujeng. Boten kacariyosaken kedadosan ingkang wonten ing margi, Darim sampun dumugi ing Dhusun Tingkir kanthi rahayu. Boten angel anggenipun madosi, Darim ugi sampun dumugi dalemipun Ki Ageng Tingkir. Nanging sepinten mesguling manahipun Darim, sasampunipun mlebet dalemipun Ki Ageng Tingkir lan ngaken menawi kautus dening Kanjeng Sunan Kudus. Jebul ingkang manggihi dede Ki Ageng Tingkir, nanging malah Nyi Ageng Tingkir ingkang lajeng paring dhawuh kaliyan mbrebes mili.

"Kauningana anakmas, aku banget ngaturake panuwun marang Kanjeng Sunan ing Kudus, sing nyata isih migatekne marang tinggalane Ki Ageng ing Pengging sing dititipne ing Tingkir kene. Nanging, ing titi kalungguhan iki, penere sabubare pendhak kapisane Ki Ageng Tingkir, Karebet pamitan marang aku arep lelana golek sanguning urip. Dadi wektu iki si Karebet sing uga sinebut Jaka Tingkir wis ora ana Tingkir maneh, mbuh kapan olehe arep bali aku dhewe ya ora ngerti".

"Dados wekdal samangke Ki Ageng Tingkir sampun murud ing kasedan jati? lan Dhimas Karebet tindak lelana boten kantenan purugipun Nyi Ageng?" Sepisan malih Darim nakyinaken dhawuhipun Nyi Ageng Tingkir.

"Bener mangkono iku kahanane ngger" wangsulanipun Nyi Ageng Tingkir.

"Menawi makaten Nyai, kaparenga kula nyuwun pamit saha nyuwun pangestu badhe madosi lan nusul kesahipun Adhimas Karebet, angestokaken dhawuhipun Kanjeng Sunan Kudus, nuwun inggih ndherek angreksa kasugenganipun putra tilaranipun pepundhen kula nenggih Ki Gedhe ing Pengging" sareng sampun tita lan cetha bilih Mas Karebet utawi Jaka Tingkir sampun boten wonten ing Tingkir malih, Darim nunten pamitan badhe madosi.

"Yen pancen mangkono kang dadi kersane, aku mung bisa melu anjurung donga ngger, muga-muga Gusti Allah paringa pangayoman marang sliramu. Aku ya ora bisa aweh ancer-ancer menyang ngendi parane si Karebet, nanging miturut padatan sing kulina ditindakne nalikane isih manggon neng kene, Karebet kuwi senengane teki-teki ing papan kang wingit, ngunggahi gunung nasak alas sing gawat, nindakne laku prihatin kanggo nggayuh geyonganing kayun" wangsulanipun Nyai Ageng Tingkir.

Boten gantalan wekdal, Darim ugi lajeng bidhal madosi Mas Karebet ingkang boten kantenan menggah panggenanipun. Kanthi sangu pitedah sakedhik saking Nyai Ageng Tingkir, ingkang dipun tuju Darim inggih ing papan-papan ingkang gawat lan wingit. Nanging ngantos boten kawilang menggah cacahing panggenan ingkang dipun dugeni, parandene Darim dereng saged kepanggih kaliyan tipak utawi ntilas-tilas ingkang nedahaken nate kaambah dening Mas Karebet. Ngantos pinten-pinten wulan, minggahipun pinten-pinten tahun Darim lelana, ngiteri laladan Demak Bintara bebasan ngantos tepung gelang, meksa dereng saged manggihaken ingkang dipun padosi. Ngantos nalika satunggaling dinten, nalika lampahipun Darim dumugi ing satengahing wana ingkang mapan perenging redi Sindara, awit saking sayahing raga kawewahan kirang waspadaning paningal, Darim kepleset lajeng dhawah kaplorot ing salebeting jurang ingkang sakalangkung lebet, ingkang ndadosaken Darim boten emut punapa-punapa malih. Darim ugi boten mangertos babar pisan raganipun temangsang dhateng pundi lan kados pundi kawontenanipun awit icaling kasadaraning Darim sareng kaliyan cumloroting raganipun saking lambening jurang keplorot mangandhap.

Ngertos-ngertos Darim sampun ngraosaken sukunipun dipun petegi dening tangan ingkang alus lan lembut. Lon-lonan Darim mbikak mripatipun, nglirik nganan lan nglirik ngering. Jebul Darim sampun ngglethak ing satunggaling dipan ingkang wiyar, linemekan klasa ingkang alus, kadamel saking nam-naman mendhong ingkang alus lan endah, rinengga mawi sesekaran warni-warni. Sirahing Darim sumeleh ing kajang ingkang empuk tur gandanipun arum. Darim lajeng ngemut-emut punapa ingkang sampun kedadosan dhateng badanipun. Ingkang dipun emuti dening Darim boten wonten malih kajawi kala wau sukunipun kasrimpet oyod lajeng dhawah kaplorot. Pramila Darim lajeng ngungun dene samangke sampun manggen ing satunggaling senthong ingkang jembar lan gebyoging pasenthongan karengga-rengga endah mawi sesekaran miwah sesunggingan ingkang maneka warni.

"Sampun wungu ta Kakangmas?" dumadakan Darim dipun kagetaken kaliyan suwanten ingkang alus manuhara, suwantenipun tiyang estri ingkang wau kraos ametegi sukunipun Darim. Darim badhe tangi saking anggenipun glethakan, angkahipun badhe mapan linggih.

"Sampun kagem wungu rumiyin Kangmas" tiyang estri ingkang taksih nem tur nggadhahi praupan ingkang ayu kimbuhan manis, rambutipun panjang kaore dhateng wingking rinenggan dening reroncen sekar melathi, apawakan weweg padhet, dedeg sedheng, pakulitanipun kuning ngemu giring, punika wicanten kaliyan mesem temah katingal wajanipun ingkang ricik amiji timun. nDadosaken Darim ndlongop karoban raos ingkang boten kenging kacariyosaken kaliyan ukara limrah.

"Kagem sareyan rumiyin kemawon Kangmas" priyantun estri ingkang ayunipun pindha widadari ngejawantah punika wicanten malih "Kangmas tengga sakedhap inggih? Bapa kula aturanipun tindak mriki".

Tiyang estri kala wau nunten mandhap saking dipan, mlampah nilaraken Darim. Darim namung saged nglirik ningali kaliyan glethakan, katingal sinjangipun lare estri wau kangge mlampah nyingkap sakedhik, temah kentolipun ketingal, kemanak amentil-labu dawa (warnanipun kados pentil labu nanging panjang), ndadosaken kumesaring manahipun Darim.

Sanaosa kala wau sampun dipun weling murih Darim supados boten tangi rumiyin, nanging gandheng Darim rumaos sampun kesel glethakan, mila lajeng tangi lan mapan linggih, nanging boten mandhap saking dhipanipun. Kangge linggih badanipun Darim kraos sekeca, langkung-langkung nalika kaisep hawa asrep ing pareden ingkang nyarengi tarikaning napas mlebet dumugi lebeting  dhadha, sarandhuning badanipun Darim kraos seger sumyah kados kawewahan kekiyataning tenaga.

Dumadakan wiwaraning lawang senthong kapiyak, satunggaling pawongan ingkang sampun setengah yuswa nanging katingal gagah prakosa mlebet, ing wingkingipun tut wuntat  ketingal lare estri ingkang wau nenggani anggenipun Darim tilem.

"Ngaturake kasugengan sarawuh ndika ing Padhepokan Sigawok kene Anakmas" pawongan pidegsa kala wau kanthi kurmat mbagekaken Darim. Darim inggih nimbangi kaliyan manthuk kurmat, tanganipun kekalih katangkebaken ing dhadha kanthi sembah kalbu.

"Ngaturaken genging panuwun Sang Resi" wangsulanipun Darim.

"Inggih dipun tepangaken kemawon anakmas, kula Ajar Pawaga ingkang angesuhi Padhepokan Sigawok mriki" Pawongan wau anepangaken dhiri "dene punika anak kula estri Rara Sumarni".

"Inggih Bapa Ajar, nami kula Darim lare ingkang kleyang kabur kanginan, kandhang langit kemul mega" wangsulanipun Darim kaliyan sikep sembah kalbu "lan kula nyuwun pangapunten, awit kulapiyambak boten mangertos dumadakan wonten samirana ingkang anempuh dhateng kula temah kula dumugi ing papan ingkang sakalangkung endah kados Kahyangan Tinjomaya mangejawantah punika".

"Angger Darim boten prelu mundhut pangapura dhateng kula" Ajar Pawaga wangsulan kaliyan gumujeng alon "awit rawuhipun angger Darim ing papan punika, mila kula ingkang mbeta, sasampunipun Angger Darim kasrimpet dhadhungipun Mahesa Wulung lajeng kepleset dhateng jurang. Gandheng kula tingali Angger dhawah kantaka mila nunten kula boyong dhateng pasenthongan mriki. Lan supados Angger boten wonten ingkang ngganggu damel dhateng Angger ingkang mrelokaken aso salira, kula kengkenan anak kula pun Rara Sumarni murih anenggani anggenipun Angger Darim sare. Mila kula inggih nyuwun pangapunten jebul Anak Kula Estri malah mbribeni Angger Darim temah boten siyos sare kanthi sekeca".

"Bapa iki lho" dereng ngantos Darim wangsulan sampun karumiyinan Rara Sumarni nyendhu tiyang sepuhipun "wong aku iki ora mbribeni sarene Kangmas Darim lho, mung tak sawang Kangmas Darim katon sayah banget mula banjur tak petegi sampeyane. Aku mau ora sengaja nggugah, nanging Kangmas Darim wungu saka kersane dhewe".

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...