65.
Beda banget karo sing dirasakne Rangga lan
Marga sing rumangsane nganti suwe banget anggone wis jejagongan karo Ki Darim
ing Alam Batin, sing dirasakane Gima sakancane ing alam wadhag mung rumangsa
ditinggal turu klawan sendhen watu dening Rangga lan Marga sing suwene watara
sapanginang. Pancen lumakune wektu ing alam pangimpen kuwi beda karo sing
lumaku ing alaming melek. Yen ing alam melek utawa ing alam kang nyata,
lumakuning wektu pancen tumata kanthi ajeg. Beda karo ing alaming pangimpen,
sok ing alaming pangimpen mung krasa sakedheping netra nanging jebul neng alam
nyata mbutuhne wektu sing suwe, kaya upamane wong sing turu sewengi wutuh
nanging rumangsane sing turu bareng nglilir rasane mung sedhela anggone turu.
Kosok baline wong turu sing mung sedhela, bisa ngimpi sing rumangsane wis
pirang-pirang dina suwene. Kaya sing lagi wae dialami dening Rangga lan Marga
iki mau, sanadyan anggone ninggalne alam datullah utawa alam kang nyata mung
watara sapanginang, nanging ing alam sipatollah utawa alaming batin bisa
jejagongan karo Ki Darim sing suwe banget. Nanging Rangga lan Marga uga ora
gumun babar pisan, jalaran wis kulina nemoni lelakon sing mangkono iku, yaiku
rikalane padha nampa piwulang saka Ki Tanparupa lan Guru-guru liyane ing alam
Sipatollah.
"Wong-wong iki mathuke banjur
dikapakne Kakang?" Marga mbukani rembug, sawuse sawantara wektu padha
meneng-menengan.
"Becike ditakoni lan diajak rembugan
sing becik-becik dhisik Dhi, nek kena ditata ya ditata dene ora kena ditata ya
wis, ditinggal ana kene wae, kareben ora kasepen mengko digolekne gegremetan
bangsane klabang lan kala jengking dilebokne neng waliking sandhangane"
wangsulane Rangga sajak ayem "lan mengko rak ya bakal konangan Kunthara
sing bakal nyampurnakne patine, merga dianggep wis ora ana gunane ngingu wong
papat iki".
Gima sing nadyan ora bisa obah lan ora
bisa kumecap, nanging isih bisa ngrungokne olehe rembugan nom-noman loro kuwi
sakala mengkorog githoke, atine krasa miris karo sing diomongne Rangga sing
keri dhewe kuwi. Wong wong papat kuwi, Gima, Gena mButhil, Penthet karo Jagul
padha nggambar sajroning angen-angene, kaya ngapa sengsarane yen nganti sing
dikandhakne Rangga sing keri dhewe kuwi bener-bener ditindakne? sajroning ora
bisa apa-apa bakal ngrasakne dikrubut gegremetan sing mawa wisa ing entupe. Ora
kalah mirise, mengko yen nganti kepethuk karo Kunthara, kaya sing diomongne
Rangga, Kunthara mesthi nesu sing banjur nibakne pidana pati kaya sing kulina
ditindakne marang kanca-kancane sing dianggep gagal anggone nyambut gawe. Ora
krasa kringet anyep kumucur saka ragane wong papat sing wiwit kedher campur
ngewel kaya wong sing katisen kena dayane bedhidhing mangsa ketiga.
"Yen ngono, ya tak bukake dhisik tali
suwarane ben keneng dijak rembugan" kandhane Marga karo ngadeg nglolos
pecute. Wong papat sing ana ngarepe kuwi mung bisa nyawang karo ati sing ora
karu-karuwan rasane.
"Dher........." Marga nyeblakne
pecute menyang awang-awang. Gima, Jagul, Penthet lan Gena mButhil sing maune
ora bisa ngobahne awake lan ora bisa guneman apa-apa, kaget krungu suwara
pecute Marga kuwi. Ora krasa padha ngobahne tangane dhewe-dhewe kanggo nutupi
kupinge, lan padha mbengok, merga saking kagete.
"Wis Kakang" kandhane Marga
sabanjure "tangan lan lambene wis padha bisa digunakne maneh, nanging
tetep durung padha bisa alihan saka papane dhewe-dhewe. Dadi yen Kakang arep
ngajak rembugan wis ora kangelan maneh".
Wong papat kuwi lagi padha krasa, yen wis
padha bisa ngobahne tangane lan bisa omong kaya lumrahe. Wong papat kuwi padha
inget-ingetan karo kancane. Rangga gumuyu nyawang wong papat sing katon lucu
kuwi. Banjur ngadeg nyedhaki wong papat kuwi.
"He Gima karo kowe Penthet, Jagul lan
Genambuthil, padha rungokna lan mengko wangsulana pitakonku" pitakone
Rangga marang wong papat kuwi sawuse rampung anggone ngguyu.
"Nggih" wong papat kuwi semaur
bareng, merga wedi yen ora enggal semaur kuwatir tangan utawa sikile sing takon
sing genti omong.
"Kowe wong papat wis sajroning
pangwasaku, aku bisa tumindak apa wae marang kowe kabeh" kandhane Marga
sabanjure "nanging olehku tumindak mengko gumantung marang unine
wangsulanmu marang pitakonku. Sadurunge perlu tak kandhakne marang kowe, akiu
wis ngerti jenengmu lan ngendi papan asalmu sarta apa sing arep padha kok
tindakne ing Kedhungtuwung, jalaran aku uga wis ngerti sambung rapetmu kabeh karo
Kunthara".
"Nggih Den" wong papat bali
wangsulan bareng.
"Saiki kowe wong papat arep tak gawa
menyang ngarsane Ki Demang Kedhungtuwung, kowe kabeh gelem apa ora?"
Rangga takon .
Wong papat kuwi dadi gumun, ya gene ngono
wae Rangga ndadak nganggo takon barang ? Merga kudune gelem ora gelem, Rangga
bisa wae meksa wong papat kuwi kudu manut dheweke.
"Nek gelem ya wangsulana gelem, lan
aja pisan-pisan wani ngapusi aku. Ngaku gelem bareng tekan ndalan mengko banjur
mlayu? Nek kuwi kok tindakne, kowe kabeh bakal ngalami pasiksan sing selawase
durung tau kok gambarne mungguh sengsarane. Ngerti ?" Rangga takon karo
mencereng.
"Nggih Denmas, ngertos" wong
papat kuwi wangsulan karo suwara gugup saking wedine.
"Nek kowe ora gelem ya omonga nek ora
gelem, aku ora bakal meksa kowe!" kandhane Rangga sabanjure. Suwarane
Rangga kepenak dirungokne. Nanging Gima sakancane ya isih kelingan karo sing
diomongne Rangga marang Marga sadurunge Marga nyeblakne pecut sing ndadekne
wong papat kuwi bali bisa ngucap lan bisa ngobahne tangane. Mula sanajan Rangga
kandha yen ora arep meksa, wong papat kuwi luwih wedi yen nganti digolekne
bangsane kala jengking karo klabang banjur dilebokne neng waliking sandhangane.
"Inggih Denmas, kula purun, kula
ndherek Denmas" wong papat padha wangsulan.
"Tenan?" Rangga nggenahne
pitakone.
"Nggih saestu Denmas" wong papat
ngantebne wangsulane.
"Yen ngono saiki, ayo bareng karo aku
menyang Kademangan ngadhep ing ngarsane Ki Demang" wangsulane Rangga .
Wong papat padha pating clinguk sawang-sawangan
padha kancane, jalaran sanajan wis bali
padha bisa ngomong lan ngobahne tangane, nanging durung padha bisa
ngadeg luwih-luwih mlaku.
Marga ngguyu banter weruh wong papat sing
padha kabingungan kuwi. Bingung campur wedi. Marga tumuli nyeblakne pecute
kanggo ngluwari lan mbukak sarap-sarap sing ketutup ing ragane wong papat mau.
Sailange suwara jumedhering pecut, wong papat kuwi bebarengan bisa ngadeg lan
bisa ngobahne kabeh anggotaning ragane. Awake padha krasa entheng lan kepenak,
wong papat sedhela ngrasakne seneng atine, nanging ora suwe bali rasa wedi mencok ing sajroning atine,
wedi yen nganti nom-noman loro kuwi tumindak gawe cilakaning awake.
"Matur nuwun Raden" kanggo
njagani supaya nom-noman loro kuwi ora aweh panyikara, Gima sing minangka dadi
pengarep luwih dhisik kandha sadurunge Rangga lan Marga omong apa-apa
"kula sakanca sampun saged lan kiyat mlampah, mangga suwawi kula
dipunlarapaken ing ngarsanipun Ki Demang".
"Bagus!" Rangga wangsulan lan
ngalembana marang Gima "saiki ayo budhal, padha ngetutna lakuku".
"Mangga kula dherekaken" wangsulane
Gima lan kanca-kancane bebarengan.
Rangga banjur mlaku ditutne wong papat, Marga mlaku neng mburi dhewe.
ana candhake.