Total Tayangan Halaman

Sabtu, 09 Oktober 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 70

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih.

 

70.

Ditinggal Marga lan Prajurit Kademangan, Gima banjur miwit nandangi apa sing diprentahne Marga, yaiku mbanyoni bubukan tamba nganggo banyu banjur ditambakne menyang sikile Kartagentho karo sikile Jayaglegek . Kartagentho wiwit kegugah atine, ora ana gunane mbeguguk makutha waton nuruti prasetyane marang Paguron sing nyatane gampang banget aweh pepati marang andhahane dhewe sing wis kecekel dening mungsuhe. Kabeh andhahane dianggep ora bisa nyimpen wewadi mula kudu dipateni. Beda adoh karo sing dilakokne Demang Kedhungtuwung sing jarene wong sing wis tegel karo sedulure dhewe, nanging kanyatane nadyan dheweke wis cetha yen mungsuh sing wis tumindak luput, ewa dene isih diopeni kanthi becik, keslametane isih dijaga. Malah saka lambene Marga Kartagentho ya melu ngrungokne rembug marang Jayaglegek, yen kira-kira ora bakal Demang Kedhungtuwung nibakne pidana pati marang Jayaglegek waton gelem kandha kanthi blaka.

"Tak pikir pancen bener panemumu kok Kang" kandhane Kartagentho marang Jayaglegek.

"Panemu sing endi Dhi?" Jayaglegek takon.

"Upama awake dhewe iki ora digawa mrene dening Rangga lan Marga kira-kira malah wis mati neng Guwa Klumpit" wangsulane Kartagentho.

"Iya Dhi, kuwi keneng dipesthekne" wangsulane Jayaglegek "mbuh mati merga dikereg kewan galak, mbuh mati kaliren, mbuh mati merga dipateni sing jarene kancane dhewe. Sing cetha mati sing siya-siya, coba saupama ora ana wong Kedhungtuwung sapa sing gelem ngrukti utawa mendhem mayite wong-wong sing mati disawat peso dening Panembahan Timur kae? ".

"Aku  suwe-suwe ya bisa ngrasakne, wong Kedhungtuwung kuwi ora kaya sing dicritakne Panembahan Timur utawa Ki Kahastha marang awake dhewe kae, yaiku Demang sing merga kepengin urip mukti wibawa nanging ancik-ancik kasangsarane wong liya sarta duwe sipat tegel gawe panandhange wong cilik" kandhane Kartagentho sabanjure.

"Iya Dhi" wangsulane Jayaglegek "satemene wiwit awake dhewe digotong neng tandhu banjur diajak leren ana pinggir kali, banjur katekan brandhal Gurawa sakancane sing ndadekne Gurawa sakancane banjur dadi bandan kae, aku wis krasa".

"Krasa kepiye Kang?" Kartagentho genti takon.

"Krasa yen wong wong Kedhungtuwung kuwi ora seneng nyiksa lan nyikara marang wong liya, sanajan marang mungsuhe pisan. Nyatane, awake dhewe iki sanajan wis ora bisa apa-apa ya isih diopeni apa mesthine, ora bisa obah malah mangan barang ya didulang. Banjur sawise Gurawa klakon dikalahne, ya ora banjur disikara nanging malah tatu-tatune padha ditambani, iya apa ora?".

"Bener kandhamu Kang" wangsulane Kartagentho "nanging, maune aku isih durung percaya sawutuhe, awit aku eling karo sumpah sing tak ucapne ing ngarepe Panembahan Timur nalika samana. Nanging bareng aku ngerti critane Prajurit loro mau, sing jarene Kunthara nate mbudidaya arep gawe patine awake dhewe sawise awake dhewe dikrangkeng ana gothakan iki, aku banjur mikir, yen ora ana gunane ngugemi sumpah marang wong sing mung arep ndadekne awake dhewe dadi alate, yaiku alat kanggo nggayuh kamukten,lan alat kuwi sawayah-wayah gampang wae anggone nyingkirake".

"Lha banjur si Adhi arep kepiye?" Jayaglegek takon kaya nanting tekade kancane.

"Sanajan isih bingung, aku arep manut karo si kakang wae" wangsulane Kartagentho.

"Isih bingung? Bingung kepiye ta Dhi?" Jayaglegek takon.

"Kakang ngerti dhewe ta? aku iki neng omah ninggal kokoh, anakku isih cilik" wangsulane Kartagentho karo mripate nyawang mendhuwur sajak tumlawung "biyen Ki Janggan Kumala nate kandha sawuse aku ngucapne sumpah setya marang Paguron, yen nganti aku mati sajroning ngayahi jejibahane Paguron, mangka anak bojoku bakal diopeni dening Paguron nganti sakgedhene anakku. Lha nek iki mengko saupama aku dikunjara dening Demang Kedhungtuwung, sajrone aku dikunjara kuwi sapa sing bakal menehi pangan marang anak bojoku?".

Jayaglegek unjal ambegan dawa, sawuse meneng sedhela nuli wangsulan,olehe omong ketok ngati-ati banget :

"Padha wae Dhi, anakku neng omah ya ana papat isih durung bisa apa-apa kabeh. Nek sadurunge kedadeyan ing Guwa Klumpit wingenane kae, aku isih padha karo si adhi yaiku percaya banget karo kabeh sing dikandhakne sedulur tuwa sapaguron klebu Ki Janggan Kumala, ya kuwi nek aku nganti mati sajrone nindakne wajib, jarene anak bojoku bakal diramut, dicukupi sandhang pangane. Nanging bareng aku ngerti dhewe apa sing ditindakne Panembahan Timur marang wong-wong sing ngeterne kurban kae, jujur wae Dhi, aku babar pisan malih ora percaya marang kabeh omongane wong Paguron, ora mung omongane Ki Janggan Kumala utawa Panembahan Timur, sanajan omongane Panembahan Sekarjati pisan ora bakal aku gelem percaya. Apa si adhi isih percaya karo janji sing dikandhakne Janggan Kumala marang   si Adhi?".

Diwalik nganggo pitakonan ngono kuwi Kartagentho meneng ora bisa wangsulan, amerga satemene pikirane Kartagentho wis ora beda adoh karo lakuning pikirane Jayaglegek. Wong loro kuwi banjur padha meneng, ora ana sing omong. Pikirane padha tumlawung adoh miyaki lelakon sing wis kawuri, sing wekasane mung nguwohne rasa getun lan rasa keduwung sing nyata ora ana gunane. Gawang-gawang neng mripat batine, sing sasuwene iki ora tau mampir ing angen-angene, tangise bocah cilik sing sambat kadhemen merga ora duwe sandhangan kanggo salin, jerite bocah-bocah sing merga kaliren lan ora ana panganan sing bisa dipangan.  Gima sakancane sing maune mung meneng karo ngrungokne apa sing dirembug wong loro kuwi, pikirane dadi melu kuwur sing ora karu-karuwan, jalaran wong papat kuwi uga padha duwe anak sing isih cilik-cilik lan wong papat kuwi uga padha ora ngerti nasib apa sing bakal ditemoni anak-anake yen dheweke padha ora bisa bali jalaran kudu nglakoni urip ana ing pakunjaran.

Dumadakan lawang gothakan kuwi obah, dibukak saka njaba. Ora suwe ana prajurit loro mlebu marani panggonane Kartagentho karo Jayaglegek. Dudu prajurit sing mau ngancani Marga, nanging prajurit liya.

"He, kowe wong loro Jaya karo Karta, ayo padha melu aku, ditimbali Ki Demang neng Pendhapa!" salah siji saka Prajurit kuwi kandha.

Jayaglegek karo Kartagentho mung manthuk ora semaur apa-apa.

"Wis bisa mlaku dhewe apa durung ?" Parjurit sing sijine genti sing nakoni "yen durung bisa ben digotong kanca-kanca".

"Alon-alon wis bisa Kisanak" sing wangsulan Jaya Glegek.

"Ya wis, nek ngono ayo alon-alon wae".

Alon-alon lan sajak ngati-ati Jayaglegek lan Kartagentho ngadeg, banjur mlaku arep metu ngetutne prajurit sing mau omong dhisik sing wis ndhisiki mlaku metu, sauntara prajurit sing takon keri mau, ngetutne saka mburi klawan tangane nyekeli gagang pedhang sing wis ligan.

Gima karo kanca-kancane mung bisa nyawang lan ora kumecap apa-apa nganti lawange gothakan bali ditutup lan dikancing saka njaba.

"Bareng neng kene Kartagentho sing kondhang galak lan menangan dhewe kae ya banjur ketok nglumpruk tanpa daya ya Kang?" Genambuthil guneman marang Gima.

"Wong kuwi nek wis dadi bandan kaya awake dhewe ngene iki padha wae Na" wangsulane Gima "merga jenenge wae wis kalah, dadi ya ora ana maneh sing arep diendel-endelne. Luwih-luwih mengko nek wis teka ngarepe Ki Demang, nek nganti kleru olehe guneman gulu totohane".

Genambuthil ora semaur maneh, atine dadi cilik, merga eling yen dheweke sedhela maneh bakal diadili kanggo nampa pidana.

 

ana candhake.


Jumat, 08 Oktober 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 69

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih.

 

69.

Marga mlebu gothakan ditutne prajurit loro sing mau mbukakne lawang, sauntara Rangga ana jaba jagongan karo prajurit-prajurit liyane. Jayaglegek, Karta Gentho karo Gima sakancane sing maune padha jagongan padha meneng bareng. Kabeh ngulatne tekane Marga sing sajak ora ngawaki, banjur ngetokne bumbung isi gerusan gegodhongan lan oyot-oyotan arep kanggo nambani Kartagentho karo Jayaglegek.

"Kepiye kahanane tau ndika Paman?" karo mapan lungguh Marga nakoni Kartagentho lan Jayaglegek.

"Ya ngono kuwi deloken dhewe" wangsulane Kartagentho sajak ora pati mbutuhi.

Gima sakancane sing krungu wangsulane Kartagentho ngono kuwi padha pating plengak gumun. Ya ora maido wong pancen Kartagentho kuwi kondhang wong sing duwe sipat kaku ngendelne dumeh wis dhuwur genderane. Nanging, wektu iki rak kahanane ora beda karo kahanane Gima, Penthet, Jagul lan Genambuthil ? malah kena diarani luwih nemen, wong nyatane arep mlaku wae Kartagentho kuwi isih ngrekasa. Nanging kok ya panggah isih dhuwur rasa gumendhunge, isih gedhe sipat kumalungkunge?.

Marga dhewe ora pati nggagas karo wangsulane Kartagentho sing mangkono mau, jalaran anggone takon mau mung kanggo nguripne kahanan kareben ora krasa kaku. Mula Marga ya ora nanggapi, karo guneman, malah Marga uga banjur mbukak bumbung tambane lan nyepak-nyepakne sing arep kanggo nambani sikile wong loro sing dadi tawanane kuwi.

"Wis rada apik kok Ngger" bareng Marga ora guneman aweh tanggapan marang wangsulane Kartagentho, Jayaglegek sing banjur semaur kanthi sareh "wis keneng dienggo ngadeg lan mlaku, nanging isih krasa lara. Nek mung dienggo slonjor ngene iki ya ora krasa lara maneh".

Marga ndengengek nyawang Jayaglegek sing slagane wis wiwit owah, ketok wiwit  semanak. Ora kaya Kartagentho sing panggah ketok yen durung bisa ngilangne rasa memungsuhane.

"Ya kudu tlaten Paman" wangsulane Marga "mengko sore tak kira wis suda larane, merga balung-balunge wis wiwit tumata maneh".

Muni ngono kuwi Marga karo nyelehne bumbung wadhah banyu karo buntelen cilik-cilik isi gerusan tamba neng cedhake wong loro kuwi.

"Bubukan iki bisa dienggo bola-bali Paman, dibobokne neng papan sing lara, dicarub karo banyu neng bumbung iki" kandhane Marga nggenahne carane nambani, banjur Marga genti kandha marang Gima  "Kisanak Gima, tulung ndika sing awake waras, bubukan iki campuren ngangge banyu banjur blonyohna menyang tatu-tatu neng sikile Paman Karta karo Paman Jaya iki".

"Nggih Den" wangsulane Gima.

"Aku nedha nrima banget lho ngger, muga-muga aku enggal bisa waras" Jayaglegek numpangi rembug.

"Iya paman" wangsulane Marga "mbok menawa ana sing arep dikandhakne marang aku sadurunge tak tinggal?".

"Aku mung arep takon" Kartagentho sing semaur dhisik.

"Takon apa Paman?" Marga takon karo suwara sing sareh.

"Kapan aku kabeh anggone nggantung neng lapangan banjur disuraki dening wong sadesa?"

Marga nyawang praupane Kartagentho rada suwe, karo sorot mripat sing sabar.

"Paman Karta kepengin dipatrapi pidana gantung neng lapangan?" pitakone. Kartagentho ora semaur, lambene mecucu. Marga banjur nyambung rembuge "nek pancen sing ndika pengini dipidana gantung, ya sing rada sabar dhisik, mengko tak matur marang Ki Demang nek ndika wis kepengin ngrasakne mati srana dijiret gulune nganggo tampar banjur digantung ana lapangan ben dadi tontonane wong sakademangan kene".

Kartagentho ora semaur maneh, banjur Marga genti nakoni wong liyane :

"Liyane Paman Kartagentho sapa maneh sing ngersakne dijiret gulune banjur digantung neng lapangan?".

"Aku njaluk pangapura ngger" Jayaglegek semaur alon "saupama aku kudu dipatrapi pidana sarana digantung, aku ya ora bakal suwala, nanging upama bisa aku kepengin sadurunge digantung kersaa Ki Demang lan wong-wong ing Kedhungtuwung kene kabeh aweh pangapura marang kabeh luputku, murih sukaku bisa rada tentrem neng kanane".

"Aja samar paman" wangsulane Marga "kira-kira ndika ora bakal nampa pidana kaya sing dipengini Paman Kartagentho kuwi mau, sanadyan mbok menawa kudu ngliwati dadi wong ukuman mbuh pirang sasi suwene, sing cetha waton ndika ora gawe kaluputan maneh, ndika ora bakal dianiaya lan bakal luwar dadi wong mardika maneh".

"Ya yen pancen mangkono aku banget ngaturake panuwun Ngger" wangsulane Jayaglegek.

Marga ngadeg banjur mlaku metu, prajurit loro sing mau ngetutne isih keri ora melu metu. Bareng wis sauntara meneng-menengan, salah siji saka prajurit kuwi banjur kandha marang Jayaglegek lan Kartagentho :

"nDika wong loro, mengko rada awan sethithik bakal diadhepne ing  ngarsane Ki Demang lan para bebau. Ndika sakloron bakal ditakoni sing magepokan karo sing wis ndika tindakne, mula aku mung meling murih Ki Demang ora sansaya duka, ndika kudu gelem wangsulan kanthi apa anane, aja nganti gawe crita ngayawara luwih-luwih nganti ngapusi. Ngerti?"

"Iya aku ngerti kisanak" Jayaglegek sing mangsuli.

"Awit, yen ndelok karo sing arep ditindakne Kunthara wingenane kae, ketoke akeh wewadi sing ndika weruhi" Prajurit kuwi nutugne rembuge.

"Lho? Apa sing ditindakne Kunthara Kisanak?" Jayaglegek takon semu gumun.

"Dadi ndika durung ngerti?" prajurit kuwi mbalik takon "Kunthara nedya gawe pati ndika wong sakloron ing jerone gothakan iki, tujune kedhisikan konangan Adhi Rangga karo Adhi Marga, upama ora, kira-kira ndika wong loro wis dadi bathang kena warangane Kunthara. Mula wiwit kedadeyan kuwi, panggonan ndika iki banjur ditunggu dening prajurit sing luwih akeh, murih keslametan ndika bisa kareksa kanthi sabecik-becike".

Kartagentho karo Jayaglegek ora semaur, mung sirahe manthuk-manthuk, pikirane nglambrang nggambarake praupane Kunthara, wong sing banget diajeni lan dipercaya kabeh omongane.

"Dadi ndika kabeh kudu ngerti, yen Kunthara kuwi arepa kaya ngapa panggah ora duwe rasa percaya marang sapa wae, kalebu marang ndika kabeh" kandhane prajurit kuwi sabanjure.

"Nggih Kisanak" Gima ketrucut semaur "kula empun ngertos niku, waune kula kinten sing Kunthara niku namung tega mejahi andhahan sing andhap-andhap kados kula niki, nanging sareng kula ngertos Gurit kemawon inggih dipejahi kangge nutupi wewadose kula lajeng mikir. Sansaya malih sareng ndika criyos menawi Ki Karta kalih Ki Jaya sing genderane mpun dhuwur kemlebete mawon ugi badhe dipejahi, kula sansaya tambah ajrih, kula estu kapok nyambut damel kalih tiyang Bulakbadher niku".

"Bener Kisanak" wangsulane Prajurit Kademangan kuwi "mumpung isih ana wektu, luwih becik ndika lereni wae gaweyan ndika sing nerjang sarak nyingkiri bebener kuwi".

"Inggih Kisanak" wangsulane Gima.

"Iya Kisanak" genti Jayaglegek sing banjur wangsulan "aturna marang Ki Demang, ditimbali sawayah-wayah aku ora kabotan lan kabeh pandangune Ki Demang bakal tak wangsuli kanthi sakjujur-jujure. Kanthi mangkono sokur yen bisa dadi sarana pangentheng-entheng pidana sing bakal tak tampa, saora-orane muga-muga bisa ngurangi dosa-dosaku marang Sing Maha Kuwasa".

"Matur nuwun Kisanak" wangsulane Prajurit kuwi karo ngadeg "saiki disekecakne dhisik anggon ndika padha leren, ndika ora perlu sumelang, kaslametan ndika direksa dening prajurit Kademangan sing cacahe luwih akeh. Saiki arep tak tinggal metu dhisik".

Prajurit loro kuwi banjur mlaku metu ninggalne Jayaglegek lan wong liyane. Lawang gothakan pakunjaran kuwi bali dikancing saka jaba.

 

ana candhake.

 

 


SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 68

 


68.

Jaya Glegek karo Kartagentho wis bisa tangi, nadyan rada ngrekasa nanging ya wis bisa mlaku, tatu-tatu sing ana kulit wis padha garing kabeh.  Saiki wong loro kuwi kudu andum papan karo Gima sakancane sing dening Ki Demang dipapanke awor karo Kartagentho lan Jayaglegek. Maune wong loro kuwi padha ora ngerti sapa wong papat sing dilebokne tunggal sagothakan karo dheweke kuwi, lagi bareng wektune wis awan lan Kartagentho nyetitekne maneh sapa wae wong papat mau, Kartagentho lagi ngerti yen salah siji saka wong papat kuwi ana sing wis ditepungi. Nanging Kartagentho ya meneng wae, isih ethok-ethok ora ngerti.

Satemene Gima ya padha karo Kartagentho, wiwit gothakan wis ora peteng mau Gima ngerti yen sing manggon neng Gothakan kuwi luwih dhisik, sadurunge dheweke sakancane disusulne Kartagentho karo Jayaglegek. Mung Gima rada gumun ya gene Kartagentho karo Jayagelegek sing kondhang duwe kasekten madal sakehing gegaman kuwi, karo-karone padha gumlethak sing jarene Prajurit Jaga mau kekarone lagi nandhang tatu sing rada abot lan isih sajroning pangupakarane Marga.

"Nuwun sewu Kyaine" Gima nyoba nyedhaki wong loro sing lagi padha lungguh sendhen karo sikil dislonjorne kuwi, karo takon "kok Kyaine kekalih wonten mriki? lan punapa estu nek Kyaine kekalih niki nembe sakit?".

"Kowe isih eling karo aku Gima?" Kartagentho sing mangsuli "lha kowe karo bocah telu kuwi kok ya dikrangkeng ana kene salahmu apa?".

Gima rada cuwa, durung nganti olehe takon diwangsuli malah genti ditakoni. Nanging Gima ora wani mbantah omongane Kartagentho, merga Gima ngerti yen ing jagade para brandhal duwe gendera sing wis dhuwur banget kumlebete.

"Kula boten lepat kok Kyaine" wangsulane Gima.

"Ora luput kok dikrangkeng neng kene?" Kartagentho mentheleng.

"Niki kangge ngayomi kula saking pangincimipun Kunthara" Gima wangsulan ayem.

"Kowe diincim arep dikapakne dening Kunthara? ya gene kowe malah njaluk pangayoman neng kene?" Kartagentho takon maneh.

"Kunthara dereng mungel napa-napa, nanging kula mpun ngertos kalih sipating Kunthara,  tiyang sadrajating kula niki , nek mpun dianggep rampung gaweyane mesthi terus dipateni kersane boten ngentek-enteki jatah. Sampun malih kok namung sak kula lha tiyang sing genderane mpun dhuwur kados Gurit mawon nggih sidane manggih pejah kanthi siya-siya ngoten kok"

"Nanging ya gene kowe golek pangayoman kok neng panggonane mungsuhmu?" Kartagentho takon maneh.

"Musuh kula niku sinten ta Kyaine? Kula niki sanajan tiyang brandhalan nanging nggih gadhah manah. Kula kalih lare-lare niki rak nggih sami nasibe kalih Gurit, pas nglakoni pakone Kunthara jebul manggih apes, kecepeng dening nem-neman kalih sing namine Rangga kalih Marga nika. Ndika mpun pirsa nem-neman kalih niku napa dereng?"

Kartagentho nggereng, wangsulane :

"Wis, ya bocah loro kuwi sing ndadekne aku karo Kakang Jayaglegek kaya ngene iki, banjur ya bocah loro kuwi sing banjur ngrangkeng aku karo Kakang Jayaglegek ana kene iki......".

"Lha teng mriku niku bentene Kyaine" Gima nugel rembuge Kartagentho karo ngguyu.

"Neng kono kepiye karepmu?" Kartagentho mentheleng, ning ya mung bisa mentheleng merga sikile isih lara lan durung bisa kanggo apa-apa.

"Nek ndika kalih Kyaine Jayaglegek didamel tatu dening Rangga lan Marga, lajeng dikrangkeng dhateng mriki. Menawi kula kalih lare tiga niku boten ngoten, entene kula dibeta mriki merga kula ajeng nugel gulune nem-neman kalih niku, nanging boten kasil malah kula kenging ditlikung temah ical kekiyatan kula lajeng kula dibeta mriki diajengne teng ngarepe Ki Demang. Saupami kula boten kepengin nugel gulune nem-neman kalih niku mesthi kula boten ngantos ditlikung lan dibeta mriki. Lha sareng mpun didhepne Demange, kula ditakoni neka-neka kula nggih ngaku napa entene, jebul kula boten dinapak-napakne blas. Malah Jagabayane wau nguwatosaken keslametan kula, mula dening Demange kula didhelikne teng mriki murih slamet".

Kartagentho nggereng, nanging ora omong apa-apa maneh. Genti Jayaglegek sing wiwit mau mung meneng karo ngeremne mripat, sing banjur kandha alon-alon lan ora keprungu nek lagi nesu:

"Tak nalar-nalar omonganmu ki ya ana benere Gima".

"Pripun ta Kyaine? lha nek boten leres omongan kula niki lepate teng pundi?" Gima genti takon.

"Bareng aku krungu sing kok kandhakne marang Adhi Karta mau, aku lagi krasa nek wis kaping pindho dislametne dening Nom-noman loro sing jeneng Marga karo Rangga kae" wangsulane Jayaglegek.

"Kok saged ngoten?" Gima takon maneh.

"Iya, saupama wingenane aku ora digawe remuk balung sikilku dening Rangga karo Marga, kira-kira nasibku karo nasibe Adhi Karta padha karo nasibe wong-wong sing ngeterne kurban menyang Guwa Klumpit sing kabeh mati kena pesone Panembahan Timur. Merga dianggep kakehan cacah tanpa paedah, kamangka wong-wong sing ngeterne kurban kuwi wis nguras tenagane kanggo nandangi gaweyan sing diprentahne dening Paguron. Nanging bareng ana apese, merga wong-wong kae kabeh digawe ora kuwat ngglawat dening Rangga lan Marga, tekane Panembahan Timur ora aweh pitulungan marang andhahane, nanging malah andhahane dhewe dipateni kabeh, dianggep ora bisa nyambut gawe. Aku karo Adhi Karta saupama konangan lagi ngathang-athang kira-kira ya wis katut dipateni pisan. Tujune aku karo Adhi Karta wektu kuwi dening Rangga lan Marga digawe remuk balung garesku banjur diglethakne ora awor wong-wong sing nggawa kurban kuwi, dadi ora kadenangan dening Panembahan Timur. Sabanjure kanthi ngrekasa aku karo adhi Karta dipikul digawa mrene iki, coba upama sing jejer dadi Rangga lan Marga kuwi ki aku karo Adhi Karta, apa kira-kira ora milih ninggal mungsuhe sing wis remuk iki neng cedhak guwa klumpit kana ben ora nambahi repot?"

Gima manthuk-manthuk, ing angen-angene nggambarne kahanane Kartagentho karo Jayaglegek wektu dipikul lan digawa mrene kuwi.

"Awake dhewe kudu ngerti Kang Jaya" Kartagentho genti sing gunemen marang Jayaglegek "anane Rangga lan Marga gelem repot mikul awake dhewe saka Guwa Klumpit nganti tekan kene kuwi, merga duwe karep liyane ora mung merga kepengin nylametne awake dhewe thok".

"Kuwi aku ngerti Dhi" Jayaglegek semaur "awake dhewe arep diperes getihe supaya crita kaya Gima mau. Nek gelem crita apa anane ya ora apa-apa kaya Gima sakancane kuwi, nek ora ngaku mesthine ya dipilara lan disiksa supaya awake dhewe gelem ngaku. Nanging, upama mung butuh arep meres katrangan, mesthine Rangga karo Marga uga Demang Kedhungtuwung kuwi ya bisa wae nganggo carane awakedhewe nek meres katrangan saka para tawanan ngana kae. Pas awake dhewe setengah sekarat banjur ditakoni karo disiksa nganti ngaku, nek wis ya banjur dipateni. Lha nek sikepe Rangga lan Marga marang awake dhewe iki? sasuwene iki babar pisan durung ditakoni apa-apa, kajaba wingi ditakoni jeneng thok dening Ki Demang. Ora nganggo disiksa, malah awake dhewe saben dina ditambani dening Marga murih enggal bisa waras".

"Apa mengko nek wis waras awake dhewe ora banjur diukum gantung neng lapangan Kakang?" Kartagentho takon karo suwara sing isih keprungu rada sengol.

"Prekara kuwi ketemu mburi Dhi" wangsulane Jayaglegek "sing luwih baku wektu iki awake dhewe ora ditambahi rasa sengsarane nanging ditambani lara-larane, kuwi sing uga kudu dipikirake".

Kartagentho ora semaur, merga Kartagentho weruh lawange gothakan obah-obah tandha yen arep dibukak saka njaba.

 

ana candhake.


Kamis, 07 Oktober 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 67

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih.

 

67.

Wong sak pendhapa padha kaget nanging ora ana sing kumecap, kabeh uga padha eram marang Marga sing luwih cepet tumandang nyegah tumindake Jagabaya Sumpring. Gima uga banjur meneng olehe crita dadi mandheg, atine nratab lan dheg-dhegan ora karuwan, upama Marga ora cepet nggone obah dheweke mesthi wis gumlethak dadi bathang adus getih merga kebabat pedhange Jagabaya Sumpring. Genambuthil, Jagul lan Penthet kabeh uga padha ngewel kaweden. Bareng wis sauntara kahanan dadi sepi, kabeh padha meneng dhewe-dhewe. Rangga aweh sasmita marang Gima supaya nutugne critane.

"Saderengipun bidhal nglampahi padamelan punika kula ugi dipun sanjangi dening Ki Kunthara menggah wekdalipun kangge miwiti nglampahi parentah wau. Inggih punika ngentosi sasmita saking Kunthara utawi tiyang sanesipun" Gima nutugne anggone crita.

"Kok Tiyang sanesipun? yen ngono Kunthara ana kancane maneh?" Demang Kedhungtuwung takon.

"Inggih, Ki Demang" wangsulane Gima "kajawi kengkenan kula, Ki Kunthara ugi ngengken tiyang-tiyang saking Genengan, namine sinten kula dereng ngertos. Tiyang-tiyang Genengan punika ingkang kaprentah damel kosek rumiyin kanthi mlebet dhateng Gupit, mangke menawi tiyang-tiyang Kedhungtuwung sami kepancing nguber tiyang Genengan, kula sakanca nembe angsal mlebet dhateng Ngablak ndhatengi griyanipun Juragan Wangsa. Murih boten wonten seling-surup lan salah tampi antawisipun kula sakanca kalih tiyang Genengan wau, dening Ki Kunthara kaprentah pepanggihan ing sangandhaping wit Widara ingkang kondhang angker caket Tegal Bera kilen mrika nika".

Gima meneng sedhela, ngulu idu kanggo nelesi gorokane sing garing. Bebau Krajan tanggap, nyandhak kendhi banjur disrogne neng ngarepe Gima, dikongkon ngombe.

"Matur nuwun Ki Bau" kandhane Gima karo nyandhak kendhi lan nglangga banyune.

"Sabanjure?" Kandhane Demang Kedhungtuwung sawuse Gima nyelehne kendhi neng klasa.

"Kaleresan, anggenipun dumugi ing ngandhap Widara langkung rumiyin kula sakanca tinimbang tiyang-tiyang Genengan. Kula lajeng ngentosi ing mriku kaliyan nyanjangi kanca-kanca damelan punapa ingkang dados prentahipun Ki Kunthara, jalaran mila saderengipun kanca-kanca dereng mangertos, namung bidhal ngaten kemawon sasampunipun kula ajak" wangsulane Gima nyambung anggone crita "sareng sampun rampung anggen kula nyanjangi kanca-kanca, dumadakan Raden-Raden kekalih punika dumugi nyaketi kula lan criyos bilih piyambakipun kekalih punika tiyang  Genengan ingkang nembe kula rantos.  Waunipun kula boten pitados, awit Raden kekalih niku boten wangsulan nalika kula takeni mawi sandi basa, nanging kula lajeng dados pitados sareng kekalihipun  nyebut nami kula sakanca,  lan mangertosi sedaya rancangan ingkang kula cariyosaken dhateng kanca-kanca".

"Lha dening Anakmas Rangga lan Anakmas Marga kowe dikandhani apa?" Demang Kedhungtuwung nyelani nganggo pitakonan.

"Kekalihipun criyos menawi rancanganipun dipun ewahi dening Lurah Kunthara, jalaran criyose Raden-raden niku, Juragan Wangsa sakbrayat nembe nyipeng dhateng Kademangan, mas berleyanipun dibeta sedaya. Lajeng kula sakanca dikandhani, najan boten siyos ngampak dhateng griyane Juragan Wangsa nanging wonten damelan sanes ingkang langkung sae malih" Gima mangsuli pitakone Demang Kedhungtuwung.

"Gaweyan sing luwih apik? mungguhmu ?. Gaweyan apa kuwi?" pitakone Demang Kedhungtuwung maneh karo mesem. Demang kuwi mbatin rumangsa eram karo kapinterane Rangga lan Marga.

"Boten dicethakne" Gima wangsulan "malah kula diajak dhateng Lepen Tuwung, sanginggiling sabrangan, criyose, Lurah Kunthara sampun nengga ing mrika. Kula sakanca inggih lajeng manut. Nanging sareng dumugi panggenan ingkang dipun criyosaken wau, dumadakan kula mireng tengara sasmita suwantenipun peksi Kedasih ingkang ngasih-asih wongsal-wangsul, kula apal sanget bilih punika tengara saking Ki Kunthara utawi tiyang-tiyang Genengan, ingkang ngabari menawi sampun dumugi ing ngandhap Widara. Jalaran nalika kula sakanca dumugi ing ngandhap widara wau kula ugi nyukani sumerep bilih kula sakanca sampun dumugi lan kula pikantuk wangsulan supados nengga sakedhap, nanging jebul suwanten peksi Tuhu ingkang dados sasmita murih kula nengga sakedhap punika suwantenipun Raden kekalih niku".

"Lha kowe bareng wis ngono kowe banjur kepriye?" Demang Kedhungtuwung nyelani critane Gima.

"Kula nembe kraos bilih kula sampun kapusan, diapusi dening nem-neman kalih ingkang ngakenipun tiyang Genengan kala wau. Mesthi kemawon kula lajeng muring, boten trimah dene sampun wonten tiyang ingkang wantun njarag kula sakanca. Nem-neman kalih niku badhe kula pilara nek prelu nggih kula pejahi pisan. Nanging, jebul Raden kekalih niku sakalangkung digdaya, boten ngantos sapanginang kula sakanca sampun kadamel lumpuh tanpa daya, malah badhe guneman mawon ugi boten saged. Kula tiyang sekawan niki kados reca dipun tata ditumpangne sela ageng ing tengah lepen, lajeng nem-neman kalih niku criyos menawi badhe ditilar sakedhap. Jebul nem-neman kalih niku malah mapan tilem kanthi linggih sendhen sela ing pinggiring lepen. Sareng sawatawis tilem, lajeng nglilir kula sakanca nunten diajak mriki criyose badhe dipun pasrahaken Ki Demang murih dipun adili" Gima mungkasi critane, banjur nyandhak kendhi maneh arep nelesi gorokane.

"Mung kuwi critane?" Demang Kedhungtuwung takon sawuse Gima rampung olehe ngombe.

"Inggih sampun kula aturaken sedaya Ki Demang" wangsulane Gima sing banjur nglirik Rangga aweh sasmita yen dheweke wis nuruti apa sing dikarepne Rangga.

"Gajege isih ana sing kliwatan Gima?" Rangga numpangi rembug.

"Ingkang pundi Raden?" Gima takon karo ngeling-eling apa sing durung dikandhakne.

"Sapa sing kok rembug karo kanca-kancamu sadurunge aku nemoni kowe neng ngisor Widara mau? Sing jaremu kapeksa dirampungi jalaran dianggep gagal anggone nindakne prentahe lurahmu mau?" Rangga ngenahne sing dadi pitakone.

"Inggih, inggih kula pancen criyos dhateng kanca-kanca kula menawi nyambut damel kaliyan Lurah Kunthara punika kedah kasil, menawi ngantos boten kasil saged nampi paukuman awrat, malah menawi ngantos boten kasilipun punika saged ndadosaken konangane utawi mbikak wewadinipun Lurahe, saged dipun pejahi kangge mbuwang tilas, kados ingkang nembe kemawon dipun alami dening Gurit, Durjana sekti mandraguna ingkang kedah pejah ing tanganipun Lurahe Kunthara kala wingenane nika" Gima nambahi critane awit saka pitakone Rangga.

"Gurit? Sapa maneh kuwi?" Bebau Krajan sing maune meneng ngrungokne critane Gima ketrucut melu nrambul gunem.

"Gurit niku Benggol Kecu ingkang kondhang saged mabur lan saged ngilang niku lho Ki Bau" wangsulane Gima "piyambake dipejahi Kunthara jalaran anggenipun mbradhat prawan ingkang nami Liyem konangan tiyang Kedhungtuwung lan malah saged dipun pikut lan dipun rangket dados bandan, ingkang lajeng dipun suduk pedhang jantungipun dening Kunthara".

"Oooooo" Wong sapendhapa kabeh bareng muni.

"Makaten punika salah satunggal asilipun anggen kula kalih adhi kula dolan dhateng Lepen Tuwung dalu niki Ki Demang" kandhane Rangga sawuse rada sauntara padha meneng "asil sanesipun benjing badhe kula aturaken mligi kagem Ki Demang piyambak".

"Inggih, inggih Anakmas" wangsulane Demang Kedhungtuwung, sing banjur ditutugne guneman marang Bebau Krajan, Kedhungori, Kaliumprik lan Jagabaya Sekayu "saiki aku njaluk panemu ndika kabeh magepokan karo wong papat iki. Kepiye?".

wekdal niki salebeting bebaya, jalaran wonten ingkang kuwatos menawi ngantos wewadinipun kawiyak lumantar cariyosipun Gima sakancanipun punika Ki Demang".

"Kuwi bener Baune" wangsulane Demang Kedhungtuwung "murih becike banjur kepiye?"

"Inggih kedah dipun ayomi gesangipun Ki Demang" Jagabaya Sekayu sing semaur "kados pangayoman ingkang dipun paringaken dhateng Jayaglegek kaliyan Kartagentho nika".

"Yen ngono, ndika ngajak bocah-bocah prajurit sacukupe, kareben Gima sakancane iki bisa leren kanthi ayem ndika worne karo Jayaglegek lan Kartagentho wae" Demang Kedhungtuwung banjur aweh prentah marang  Jagabaya Sekayu.

"Nuwun sewu Ki Demang" Bebau Krajan guneman maneh "punika kula tingali Adhi Jagabaya Sumpring ketingal nembe kirang sekeca badanipun, kados pundi punika Ki Demang?".

"Oh, ya tulung Baune, ndika aturi Ki Jagabaya Slumpring leren ing gothakan mburi pringgitan lan murih ora ana sing ngganggu, mengko lawange ndika kancing saka jaba wae" wangsulane Demang Kedhungtuwung.

Ora suwe keprungu suwara MIJIL :

jago kluruk sing ngganter tan sarenti,

ana jroning kombong,

sesahutan arame swarane,

mratandhani wis meh wanci enjing,

wengi meh gumanti,

kasalinan esuk.

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 66

 


66.

Nalika Rangga lan Marga sarta Gima sakancane teka Kademangan wektune wis lingsir wengi. Nanging ing Regol panjagan isih akeh prajurit Kademangan sing siaga ing jurit klawan sikep gegaman. Malah Ki Demang isih katon lelenggahan ing pendhapa jagongan karo Bebau Krajan, Kedhungori lan Kaliumprik, ing kono uga ana jagabaya loro. Rangga lan Marga mandheg sedhela ing regol omong-omongan karo prajurit sing lagi jaga, banjur mlaku tumuju pendhapa Gima lan kanca-kancane dikanthi munggah pendhapa, arep dijak nemoni Ki Demang. Gima sakancane kuwi padha gumun, awit sikepe Rangga lan Marga sarta para Prajurit Kademangan sing ora kaya anyikepi marang durjana sing wis kepikut. Malah nalika Gima manthukne sirah aweh kurmat marang para prajurit sing ana regol, prajurit-prajurit kuwi padha nanggapi karo mesem semanak. Gima sakancane ora ngerti yen olehe Para prajurit duwe sikep kang kaya mangkono kuwi amerga padha ngira yen Gima sakancane kuwi kancane Marga lan Rangga.

"Mangga, mangga mriki Anakmas" Demang Kedhungtuwung gurawalan mbagekne tekane Rangga lan Marga sing ditutne wong papat sing durung ditepungi kuwi.

"Matur nuwun Ki Demang" wangsulane Rangga karo mapan lungguh ing sisihe Ki Kaliumprik "nyuwun pangapunten awit, kula radi kedangon gegojegan kaliyan tiyang-tiyang punika ing Lepen Tuwung, temah nembe wangsul. Wonten pawartos lan kedadosan punapa nalika kula tilar wau Ki Demang?".

Demang Kedhungtuwung manggut-manggut, karo mesem banjur wangsulan :

"Boten wonten kedadosan ingkang ageng, namung ing Gupit wau dipun gegeraken dening durjana ingkang sliweran, nanging dereng kasil mendhet punapa-punapa kaselak kadenangan tiyang rondha, nanging eman sanget durjana kala wau boten saged kapikut. Kula kinten punika wau namung maling limrah Anakmas".

"Inggih, inggih" Rangga nanggapi kandhane Demang Kedhungtuwung karo manggut-manggut sajak ngerti.

"Nuwun sewu Ki Demang" genti Marga sing guneman.

"Inggih anak mas ?"

"Menawi ing Ngablak boten wonten kedadosan punapa-punapa ta?" Marga takon "awit sok durjana punika nggadhahi cara ingkang julig, ngetingal damel kosek ing satunggaling dhusun namung kangge mancing lan mecah kekiyataning warga, lajeng kancanipun ingkang nindakaken kadurjanan ing dhukuh sanesipun utawi sacaketipun".

"Leres punika Anakmas" wangsulane Demang Kedhungtuwung "kala wau ing Ngablak mila wonten Durjana ingkang mlebet nanging enggal kadenangan dening Kunthara ingkang nembe ngangklang lajeng dening Kunthara badhe dipun cepeng, sapisan malih emanipun durjana-durjana wau kesit sangtet temah saged lolos saking pambujungipun Kunthara ingkang namung ijen".

"Estunipun upami boten konangan Ki Kunthara malah kaleresan Ki Demang" Jagabaya Sekayu nrambul gunem .

"Kaleresan sing kepiye Ki Sekayu?" Demang Kedhungtuwung genti sing takon.

"Inggih awit kala wau, pas tiyang-tiyang sami opyak ing Gupit,  dening Baune Krajan malah kula kapurih ngiyati panjagen ing Ngablak mila kula inggih lajeng ngirit lare-lare kula dhateng Ngablak, sedaya kula prentah nindakken baris pendhem ing pekaranganipun Ki Wangsa Semi. Awit miturut petang kula boten wonten inceran sanes tumrap para durjana kajawi namung griyanipun Ki Wangsa. Jebul durjananipun malah dipun oyak dening Ki Kunthara, dados inggih boteh siyos kaleresan. Sanaosa makaten wekdal punika lare-lare inggih panggah kula prentah murih tetep baris pendhem ing mrika, Ki Demang" wangsulane Jagabaya Sekayu.

"Prentahmu marang bocah-bocah prajurit mangkono kuwi wis bener Ki Sekayu" Demang Kedhungtuwung mbenerake kawicaksanane Jagabaya Sekayu.

"Sae punika Ki Jagabaya" dumadakan Rangga melu urun rembug "nanging miturut panginten kula, dalu niki griyanipun Ki Wangsa boten badhe kalebetan durjana".

"Makaten nggih Adhi?" Bebau Krajan nyauti urun rembuge Rangga.

"Inggih Ki Bau" wangsulane Rangga jalaran kula mireng piyambak "grambyanganipun para Durjana ingkang kala wau boten kapikut".

"Lho Kados pundi ta Anakmas? Kula kok malah kirang mudheng?" Demang Kedhungtuwung genti sing nakoni Rangga.

"Murih cethanipun, ing mriki kula mbeta kancanipun Durjana ingkang kala wau diuber dening Ki Kunthara. Cobi Ki Demang midhangetaken kados pundi aluring cariyos, tiyange kula kengkenipun wicanten piyambak".

Rangga nginger lungguhe genti mandhep menyang Gima sakancane, banjur kandha :

"Gima, Genambuthil, Jagul lan Penthet, saiki padha critaa dhewe-dhewe lelakonmu wiwit sadurunge kowe budhal saka omah tumeka nggonmu leren ing ngisore Wit Widara cedhak Tegal Bera, banjur ngalih menyang Kali Tuwung nganti tekan papan kene iki".

"Apa sing dadi ucapmu iki mengko sing bakal nemtokne nasibmu" sadurunge Gima wangsulan, Marga numpangi rembug "yen sing kok kandhakne kuwi kanyatan sing satemene, kowe wong papat bakal slamet. Kososk baline, yen nganti cilike ana sing kok tutup-tutupi gedhene kowe wani ngapusi, kowe ora bakal nampa pidana apa-apa kajaba mung kaya sing dikandhakne Kakang Rangga neng pinggir Kali mau".

"Nggih Den" Gima cepet wangsulan "kula badhe cariyos sak nyatane".

"Iya" Rangga sing semaur "gage critakna!".

"Niku ngeten Ki Demang lan Ki Bau sedaya" Gima miwiti critane "saderenge kula nggih njaluk ngapura, kula boten saged basa sing alus".

"Iya ora dadi apa Kisanak" Ki Demang mangsuli kandhane Gima.

"Nami kula Gima, griya kula ing Lemah Garing mrika, lajeng tiyang tiga niki kabeh kanca kula, Jagul, Penthet kaliyan Genambuthil. Kanca kula tiga niki sedaya boten ngerti napa-napa, mergi namung kula ajak murih ngrencangi anggen kula badhe nyambut damel nindakne prentahe Lurah Kunthara, yogane Ki Kahastha saking Bulakbadher".

"Dadi kowe wong papat iki kabeh kena diarani andhahane Kunthara?" Demang Kedhungtuwung motong rembug.

"Leres Ki Demang" wangsulane Gima.

"Banjur kowe diprentah apa dening Lurahmu si KIunthara kuwi?" Demang Kedhungtuwung pitakon maneh.

"Kula dikengken supados ngrampok utawi ngampak griyanipun Juragan Wangsa, mendhet mas sarta barleyan daganganipun Juragan Wangsa, tuwin mbradhat anakipun estri ingkang nami Rinem tuwin mlajengaken semahipun Juragan Wangsa ingkang nami Semi" wangsulane Gima kanthi suwara sing cetha.

"Keparat" dumadakan Jagabaya Slumpring sing wiwit mau meneng ing cedhake Jagabaya Sekayu misuh karo ngadeg, tangane sigap nggeret pedhang saka wrangkane sing cemanthel ing lempenge kiwa  "dadi sing mbradhat prawan-prawan Kedhungtuwung ki klebu kowe. Saiki rasakna iki ganjaranmu".

Karo muni ngono kuwi Jagabaya Sumpring mlaku nyedhaki Gima sakancane karo pedhange diangkat arep dibabatne Gima sakancane. Nanging sadurunge pedhange Jagabaya Sumpring kuwi ngenani Gima, dumadakan ........

"Cring.........."

Pedhange Jagabaya Sumpring ucul saka gegemane mencelat rada adoh tumiba ing jogan pendhapa Kademangan. Sakala Jagabaya Sumpring kaget, nanging durung nganti ngerti apa sing nyebabne pedhange ucul saka gegeman, kaselak balung igane krasa kaya putung kesampe tangane Marga sing ngerti-ngerti wis ngadeg ing cedhake. Jagabaya Sumpring tiba neng lemah gulungkoming karo mbengok seru, sambat lara. Marga ora aweh kalodhangan babar pisan, Jagabaya Sumpring sing lagi gulungkoming, dicandhak tangane loro pisan banjur dipluntir memburi . Jagabaya Sumpring wis ora bisa bangga, dening Marga dipeksa dilungguhne, karo dikandhani suwarane keprungu alus nanging nglarani kuping :

"Nuwun sewu katuran lenggah rumiyin Ki Jagabaya, mangga sami dipun mirengne anggenipun cariyos Gima dereng rampung".

Jagabaya Sunpring arep semaur nanging ora bisa, merga Marga wis luwih dhisik nuthuk saraping gunem Jagabaya sing kondhang duwe watak brangasan lan mentalan kuwi.

 

ana candhake.


Rabu, 06 Oktober 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 65

 


65.

Beda banget karo sing dirasakne Rangga lan Marga sing rumangsane nganti suwe banget anggone wis jejagongan karo Ki Darim ing Alam Batin, sing dirasakane Gima sakancane ing alam wadhag mung rumangsa ditinggal turu klawan sendhen watu dening Rangga lan Marga sing suwene watara sapanginang. Pancen lumakune wektu ing alam pangimpen kuwi beda karo sing lumaku ing alaming melek. Yen ing alam melek utawa ing alam kang nyata, lumakuning wektu pancen tumata kanthi ajeg. Beda karo ing alaming pangimpen, sok ing alaming pangimpen mung krasa sakedheping netra nanging jebul neng alam nyata mbutuhne wektu sing suwe, kaya upamane wong sing turu sewengi wutuh nanging rumangsane sing turu bareng nglilir rasane mung sedhela anggone turu. Kosok baline wong turu sing mung sedhela, bisa ngimpi sing rumangsane wis pirang-pirang dina suwene. Kaya sing lagi wae dialami dening Rangga lan Marga iki mau, sanadyan anggone ninggalne alam datullah utawa alam kang nyata mung watara sapanginang, nanging ing alam sipatollah utawa alaming batin bisa jejagongan karo Ki Darim sing suwe banget. Nanging Rangga lan Marga uga ora gumun babar pisan, jalaran wis kulina nemoni lelakon sing mangkono iku, yaiku rikalane padha nampa piwulang saka Ki Tanparupa lan Guru-guru liyane ing alam Sipatollah.

"Wong-wong iki mathuke banjur dikapakne Kakang?" Marga mbukani rembug, sawuse sawantara wektu padha meneng-menengan.

"Becike ditakoni lan diajak rembugan sing becik-becik dhisik Dhi, nek kena ditata ya ditata dene ora kena ditata ya wis, ditinggal ana kene wae, kareben ora kasepen mengko digolekne gegremetan bangsane klabang lan kala jengking dilebokne neng waliking sandhangane" wangsulane Rangga sajak ayem "lan mengko rak ya bakal konangan Kunthara sing bakal nyampurnakne patine, merga dianggep wis ora ana gunane ngingu wong papat iki".

Gima sing nadyan ora bisa obah lan ora bisa kumecap, nanging isih bisa ngrungokne olehe rembugan nom-noman loro kuwi sakala mengkorog githoke, atine krasa miris karo sing diomongne Rangga sing keri dhewe kuwi. Wong wong papat kuwi, Gima, Gena mButhil, Penthet karo Jagul padha nggambar sajroning angen-angene, kaya ngapa sengsarane yen nganti sing dikandhakne Rangga sing keri dhewe kuwi bener-bener ditindakne? sajroning ora bisa apa-apa bakal ngrasakne dikrubut gegremetan sing mawa wisa ing entupe. Ora kalah mirise, mengko yen nganti kepethuk karo Kunthara, kaya sing diomongne Rangga, Kunthara mesthi nesu sing banjur nibakne pidana pati kaya sing kulina ditindakne marang kanca-kancane sing dianggep gagal anggone nyambut gawe. Ora krasa kringet anyep kumucur saka ragane wong papat sing wiwit kedher campur ngewel kaya wong sing katisen kena dayane bedhidhing mangsa ketiga.

"Yen ngono, ya tak bukake dhisik tali suwarane ben keneng dijak rembugan" kandhane Marga karo ngadeg nglolos pecute. Wong papat sing ana ngarepe kuwi mung bisa nyawang karo ati sing ora karu-karuwan rasane.

"Dher........." Marga nyeblakne pecute menyang awang-awang. Gima, Jagul, Penthet lan Gena mButhil sing maune ora bisa ngobahne awake lan ora bisa guneman apa-apa, kaget krungu suwara pecute Marga kuwi. Ora krasa padha ngobahne tangane dhewe-dhewe kanggo nutupi kupinge, lan padha mbengok, merga saking kagete.

"Wis Kakang" kandhane Marga sabanjure "tangan lan lambene wis padha bisa digunakne maneh, nanging tetep durung padha bisa alihan saka papane dhewe-dhewe. Dadi yen Kakang arep ngajak rembugan wis ora kangelan maneh".

Wong papat kuwi lagi padha krasa, yen wis padha bisa ngobahne tangane lan bisa omong kaya lumrahe. Wong papat kuwi padha inget-ingetan karo kancane. Rangga gumuyu nyawang wong papat sing katon lucu kuwi. Banjur ngadeg nyedhaki wong papat kuwi.

"He Gima karo kowe Penthet, Jagul lan Genambuthil, padha rungokna lan mengko wangsulana pitakonku" pitakone Rangga marang wong papat kuwi sawuse rampung anggone ngguyu.

"Nggih" wong papat kuwi semaur bareng, merga wedi yen ora enggal semaur kuwatir tangan utawa sikile sing takon sing genti omong.

"Kowe wong papat wis sajroning pangwasaku, aku bisa tumindak apa wae marang kowe kabeh" kandhane Marga sabanjure "nanging olehku tumindak mengko gumantung marang unine wangsulanmu marang pitakonku. Sadurunge perlu tak kandhakne marang kowe, akiu wis ngerti jenengmu lan ngendi papan asalmu sarta apa sing arep padha kok tindakne ing Kedhungtuwung, jalaran aku uga wis ngerti sambung rapetmu kabeh karo Kunthara".

"Nggih Den" wong papat bali wangsulan bareng.

"Saiki kowe wong papat arep tak gawa menyang ngarsane Ki Demang Kedhungtuwung, kowe kabeh gelem apa ora?" Rangga takon .

Wong papat kuwi dadi gumun, ya gene ngono wae Rangga ndadak nganggo takon barang ? Merga kudune gelem ora gelem, Rangga bisa wae meksa wong papat kuwi kudu manut dheweke.

"Nek gelem ya wangsulana gelem, lan aja pisan-pisan wani ngapusi aku. Ngaku gelem bareng tekan ndalan mengko banjur mlayu? Nek kuwi kok tindakne, kowe kabeh bakal ngalami pasiksan sing selawase durung tau kok gambarne mungguh sengsarane. Ngerti ?" Rangga takon karo mencereng.

"Nggih Denmas, ngertos" wong papat kuwi wangsulan karo suwara gugup saking wedine.

"Nek kowe ora gelem ya omonga nek ora gelem, aku ora bakal meksa kowe!" kandhane Rangga sabanjure. Suwarane Rangga kepenak dirungokne. Nanging Gima sakancane ya isih kelingan karo sing diomongne Rangga marang Marga sadurunge Marga nyeblakne pecut sing ndadekne wong papat kuwi bali bisa ngucap lan bisa ngobahne tangane. Mula sanajan Rangga kandha yen ora arep meksa, wong papat kuwi luwih wedi yen nganti digolekne bangsane kala jengking karo klabang banjur dilebokne neng waliking sandhangane.

"Inggih Denmas, kula purun, kula ndherek Denmas" wong papat padha wangsulan.

"Tenan?" Rangga nggenahne pitakone.

"Nggih saestu Denmas" wong papat ngantebne wangsulane.

"Yen ngono saiki, ayo bareng karo aku menyang Kademangan ngadhep ing ngarsane Ki Demang" wangsulane Rangga .

Wong papat padha pating clinguk sawang-sawangan padha kancane, jalaran sanajan wis bali  padha bisa ngomong lan ngobahne tangane, nanging durung padha bisa ngadeg luwih-luwih mlaku.

Marga ngguyu banter weruh wong papat sing padha kabingungan kuwi. Bingung campur wedi. Marga tumuli nyeblakne pecute kanggo ngluwari lan mbukak sarap-sarap sing ketutup ing ragane wong papat mau. Sailange suwara jumedhering pecut, wong papat kuwi bebarengan bisa ngadeg lan bisa ngobahne kabeh anggotaning ragane. Awake padha krasa entheng lan kepenak, wong papat sedhela ngrasakne seneng atine, nanging ora suwe  bali rasa wedi mencok ing sajroning atine, wedi yen nganti nom-noman loro kuwi tumindak gawe cilakaning awake.

"Matur nuwun Raden" kanggo njagani supaya nom-noman loro kuwi ora aweh panyikara, Gima sing minangka dadi pengarep luwih dhisik kandha sadurunge Rangga lan Marga omong apa-apa "kula sakanca sampun saged lan kiyat mlampah, mangga suwawi kula dipunlarapaken ing ngarsanipun Ki Demang".

"Bagus!" Rangga wangsulan lan ngalembana marang Gima "saiki ayo budhal, padha ngetutna lakuku".

"Mangga kula dherekaken" wangsulane Gima lan kanca-kancane bebarengan.

Rangga banjur mlaku ditutne wong papat,  Marga  mlaku neng mburi dhewe.

 

ana candhake.

 

 


SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 64

 


64.

"Bawane kalah cacah lan kalah gegaman" Ki Pragosawulung nglajengaken cariyosipun "wong-wong ing Kademangan kasoran yudane. Demang Kartika lan sedulur-sedulure yaiku para cikal bakal sakulawargane klakon kena ditumpes dening Tumenggung Darumurti lan wadya balane".

"Banjur sing nyekel panguwasa Kademangan sapa Ki ?" Darim nyelani pitaken.

"Sanadyan para Cikal Bakal sakulawargane wis bisa ditumpes, nanging paprangan durung rampung" Ki Pragosawulung nglajengaken anggenipun cariyos "wong-wong sing manggon neng Kademangan kono padha ora gelem nungkul, kamangka sing akeh warga anyar sing olehe teka neng kene jaman sing dadi isih Ki Demang Anggara biyen. Carane perang beda, ora wani adu arep nanging nglimpe golek lenane mungsuh. Anggone tumandang nek wektune wis sepi bocah utawa wayah tengah wengi dadi angel dingerteni sapa wong-wongane. Awit wong-wong skuwi yen wayah awan nindakne kuwajibane urip nyambut gawe neng tegal lan sawahe, kaya-kaya ora mikir anane paprangan nanging nek bengi padha budhal dadi prajurit sing mungsuhi Tumenggung Darumurti sakancane. Wekasane, kesabarane Tumenggung Darumurti entek, niyate mbuh luput mbuh ora, wong Kedhungtuwung arep ditumpes kabeh utawa arep dikunjara dadi wong ukuman".

"Wadhuh, mendah sansaya rekasane wong-wong ing Kedhungtuwung kene ?" Darim nyela pitaken malih.

"Nanging nalika lekase Tumenggung Darumurti kuwi arep doleksanakne, yaiku nalika kabeh wong lanang sing umure rolas tahunj munggah kaparentah kumpul ing lapangan Kademangan, dumadakan ana prajurit sagelar sepapan sing teka kene".

"Prajurit saka ngendi maneh kuwi Ki?" Darim pitaken malih.

"Prajurit Kasultanan sing ditindhihi dening Gusti Pangeran Benawa dhewe. Rawuhe Putra Pajang kuwi jebul lagi nguber Prajurit Pajang sing mbalela lan sumingkir saka Pajang arep gawe kisruhing negara. Jebul Prajurit sing dipandhegani Tumenggung Darumurti iki kalebu sing diarani Prajurit sing mbalela lan nedya gawe kisruh kuwi mau. Klakon Darumurti sakancane dirangket lan digawa menyang Pajang arep diadili. Sabanjure Pangeran Benawa masrahake Kademangan Kedhungtuwung iki marang para warga maneh. Gandheng para Cikal bakal lan kulawargane wis entek, Pangeran Benawa banjur nganakne rembugan karo warga Kedhungtuwung kanggo ngangkat Demang anyar. Klakon, asiling rerembugan netepake Ki Pawaka kajumenengake dadi Demang ing Kedhungtuwung lan wiwit kuwi Kademangan Kedhungtuwung kebawah dening Kasultanan Pajang".

"Lha Ki Pawaka kuwi asale saka ngendi Ki?" Darim pitaken.

"Ki Pawaka kuwi tekane ing Kedhungtuwung kene jaman Ki Lampit sing dadi Demang, dene asale saka laladan Gunung Kendheng. Priyayine duwe wawasan sing jembar, baud ulah sasrawungan, sajroning nindakne kuwajiban dadi Demang, tata panguripane kawula ing Kedhungtuwung dadi sansaya becik lan tumata. Nanging wis jamak lan lumrahe, ing ngendi wae kuwi mesthi ana wong sing rumangsa luwih wenang nglungguhi palungguhan Demang. Ki Pandaya, wong sing tekane ing kene jaman anayaran Ki Kartika dadi Demang, ngaku yen asale padha karo asale Para Cikal Bakal yaiku saka Gunung Bancak, sing dening Ki Demang Pawaka diangkat dadi Sesepuhing para Bebau, malah mbalela. Kepangin ngrebut panguwasa. Nanging bisa dikalahake sing wekasane nyingkir menyang Alas Kluwihan lan madeg Paguron ana kana. Wiwit kuwi, antarane Paguron Kluwihan karo Kademangan Kedhungtuwung tansah memungsuhan sing ora ana enteke nganti saiki".

"Dadi sing nyekel panguwasa Kademangan Kedhungtuwung wektu iki isih turune Ki Pawaka ya Ki?" Darim pitaken.

"Bener, yen ora kleru Demang sing saikii isih kapernah anake Ki Pawaka jenenge Ki Demang Sada Subrastha. Priyayine becik lan sregep, kuciwane ora marem duwe bojo siji. Ki Demang Sada Subrastha kuwi bojone telu,  bojo sing kapisan duwe anak siji wadon jenenge Wara Westhi kapundhut dadi selire Sultan Pajang, sing kapindho duwe anak lanang dijenengne Panjer lan bojo sing nomer telu duwe anak lanang siji dijenengne Pujud".

Sareng Ki Pragosawulung sampun rampung anggenipun cariyos, Darim lajeng kawangsulaken  dhateng Alam ingkang kasatmata  malih. Sanadyan ingkang nyepeng panguwaos ing Kedhungtuwung sampun tiyang sanes, nanging Darim rumaos iklas lan lila, jalaran bumi asil yayasanipun saged murakabi pagesanganipun tiyang kathah. Darim lajeng pados papan kangge nglampahi patobatan, ing sambikalning lodhang Darim ugi taksih tumut ngawat-awati kawontenaning Kademangan lan ndherek ngrumeksa murih boten risak.

"Punika kala wau sedaya lelampahan kula magepokan kaliyan kawontenanipun Kademangan ing Kedhungtuwung mriki punika Raden" Darim ya wong tuwa sing lungguh neng watu tengah kali kuwi mungkasi critane marang Rangga lan Marga.

Rangga lan Marga manthuk-manthuk rumangsa kasengsem karo kabeh critane wong tuwa sing rambute wis putih kabeh kuwi. Nom-noman loro wis wiwit ngerti ya gene Paguron Kluwihan karo Kademangan Kedhungtuwung dadi memungsuhan.

"Lajeng menawi Paguron Bulak Badher miwah Paguron Banjar Semanggi punika cariyosipun kados pundi Ki?" Rangga genti nakokne paguron loro liyane sing uga ana sambung rapete karo Kademangan Kedhungtuwung.

"Jaman wadya balanipun Pangeran Benawa ngrangket Tumenggung Darumurti sakancanipun, wonten prajuritipun Darumurti ingkang saged lolos mlajar Raden, salah satunggalipun inggih ingkang lajeng yasa Paguron ing Bulakbadher punika. Dene menawi Padhepokan Banjar Semanggi punika yasanipun Lurah Prajurit andhahanipun Gusti Pangeran Benawa ingkang nama Sengkali. Lurah Sengkali katanem dening Pangeran Benawa murih ngawat-awati Kademangan Kedhungtuwung kanthi sesidheman" Ki Darim aweh katrangan .

"Dados antawisipun Banjarsemanggi  kaliyan Kadipaten Pajang punika taksih wonten sambetipun inggih Kyai?" Marga genti sing takon.

"Boten Ngger" Ki Darim wangsulan "sambetipun Banjarsemanggi punika kaliyan Pangeran Benawa, daos rikala Pangeran Benawa jumeneng Adipati ing Jipang Panolan, sambetipun Padhepokan Banjarsemanggi ugi kaliyan Jipang Panolan".

"Lha sasampunipun Paman Pangeran Benawa surud ing kasedan jati sambetipun Padhepokan Banjarsemanggi kaliyan sinten Kyai?" Rangga takon maneh.

"Miturut pawartos ingkang kula tampi, sambetipun Padhepokan Banjarsemanggi saderengipun Gusti Pangeran Benawa seda,  sampun masrahaken prakawis punika kaliyan Ngersa Dalem Kanjeng Panembahan Senapati Ing Alaga piyambak" wangsulane Darim sing banjur ndhangak nyawang langit.

"Sampun Raden boten sae menawi sedaya wewadi kedah kula cariyosaken dhateng Raden" dumadakan Ki Darim kandha "sampun kedangon andika kekalih mapan ing Alam Sipatollah, mindhak boten sae mangke kedadosane, kula minangka tiyang sepuh ngaturaken genging panuwun dhumateng Raden kekalih ingkang migatosaken Kademangan Kedhungtuwung punika. Kula pitados Raden Rangga miwah Angger Marga badhe saged asung pepadhang dhateng Kedhungtuwung, awit kula sampun kaparingan wartos dening Ki Tanparupa ingkang ngrawuhi nalikanipun kula samadhi nyuwun nyuwun dhumateng Gusti murih Kedhungtuwung tumuli tentrem. Dhawuhipun Ki Tanparupa makaten :

"Heh Darim aja susah atimu, ora suwe maneh siswa-siswaku yaiku Rangga sing sejatine Anake Sutawijaya lan Marga sing sejatine isih muride Benawa, sajroning pangumbarane bakal liwat lan mampir ing Kedhungtuwung kene. Muga-muga kanthi timbule bocah loro kuwi bisa dadi lantaran bali tentreme Kademangan Kedhungtuwung".

Rampung anggone kandha Ki Darim, mbarengi ana pedhut peteng nutupi kahanan ing kono. Bareng karo sirnane pedhut, Rangga lan Marga lagi krasa yen jebul dheweke mau wis kaseret manjing Alam Sipatollah dening Ki Darim lan saiki wis bali ing Alam Kang kasat mata. Rangga lan Marga bali lungguh ing pinggir kali, ing ngarepe katon wong papat Gima sakancane lagi padha lungguh ora bisa obah ana watu sing ana tengah kali.

 

ANA CANDHAKE


SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...